Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 9, kaping 22 Sapar Wawu 1857, utawi kaping 1 Sèptèmbêr 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Ingkang nandhani nama ngandhap punika: 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda; 2. Radèn Mas Arya Wuryaningrat; 3. Radèn Mas Arya Yasadipura; 4. Radèn Tumênggung Gitadipura; 5. Radèn Mas Sudibya Purwamartana, sami warga kumisi ingkang kapatah manah kawontênanipun rad nagari ing Surakarta, nêtêpi putusanipun parêpatan agêng Narpawandawa nalika tanggal kaping 14 Bêsar Jimawal 1853 utawi kaping 28 Juli 1923 pamanggihipun kumisi kados ing ngandhap punika:

Kumisi sampun sami nyumêrêpi pranatanipun rad nagari, katitimasan kaping 27 Rêjêb Be 1840 saha 6 Rabingulawal Ehe 1844, saewah-ewahanipun kaping 23 Dulkijah Be 1848. Kumisi mastani, manawi rad wau amung kagêm kabêtahan dalêm panjênêngan dalêm nata piyambak, dumunung ngaturi panimbang-panimbang utawi pamrayogi sampun cêkap, ugêr punapa ingkang sampun kasêbut pranatan wau dipun têtêpi, [têtê...]

--- 114 ---

[...pi,] malah kumisi manah langkung prayogi malih upami sagêd dipun wontêni pamanggihanipun rad nagari kalihan ingkang sami nyêpêng paprentahan kajênêngan panjênêngan dalêm nata, angrêmbag manawi wontên sulayanipun pamanggih rad nagari kalihan ingkang nyêpêng paprentahan, babagan ingkang kagalih prêlu-prêlu. Lampah makatên wau paedah sangêt tumrap panggalihan dalêm panjênêngan nata, sagêd pratitis pangagêmipun. Ananging mirid pursêtèl saking Radèn Mas Arya Yasadipura sarta rêmbag-rêmbag ing parêpatan agêng kasêbut ing nginggil, ingkang dipun kajêngakên kadosdene rad ingkang tundonipun sagêda kawula tumut ngrêmbag prêluning praja. Manawi makatên ingkang dipun tuju, tumrap wajibing rad nagari wujud sapunika, inggih kenging dipun angge, amung kawontênan adêgipun, pamanggihipun kumisi têrang dèrèng nyêkapi, sawêga kangge wiwitan inggih taksih dèrèng samêsthinipun, kados ta: prêsidhèn kêdah botên kangjêng gusti pangeran adipati anom, kawontênanipun warga kêdah wontên wijining kawula. Wontên malih ingkang nama agêng gothangipun, inggih punika anggènipun botên Openbaar, tumrap ingkang kangge prêluning kawula kêdah Openbaar. Awit saking punika murih sagêdipun têrang pamanahanipun para warga Narpawandawa dhatêng badhe pangganthanipun kumisi tumrap rad wau, kumisi anggadhahi pamanggih prêlu katêrangakên wos-wosipun.

Adêgipun rad ingkang kangge kawula wau, limrahipun thukulipun inggih sami kabêkta saking kawontênan. Sagêd kadêrêng saking ngandhap, kados ta: wontênipun rad kawula ing Frankrijk. Sagêd kabêkta kangge sarana anêtêpakên utawi angrukunakên grêjêg, kados ta: wijining rad kawula Engeland. Sagêd ugi saking pamulangipun ing nginggil dados paprentahan bêtah. Wondene prêlunipun wontênipun rad kawula wau:

1. Paprentahan sagêd sumêrêp kawontênan utawi bêtahipun ingkang yêkti, dening mirêng swantênipun ingkang badhe katata.

2. Sagêd ngiyatakên paprentahan, amargi nama dipun bantu ing tiyang kathah.

3. Sagêd ugi angsal margi ngrukunakên, bilih wontên padudonipun ingkang dipun rèh utawi nyêrêp-nyêrêpakên ing salêrêsipun.

--- 115 ---

4. Sagêd adil tumindakipun paprentahan, utawi ingkang nyêpêng, sabab nama katiti.

5. Sagêd andadosakên pamarêmipun, dening sumêrêp têrang sarta nama anglimbang tatanan tumrap badanipun piyambak.

6. Sagêd andamêl supêkêt utawi trisna dhatêng kagarinipun,nagarinipun. dening rumaos tumut mêngkoni. Sarta inggih sampun lêrêsipun manawi gadhah kwajiban ugi gadhah wawênang, mila kawontênanipun lid rad kawula, prêlu wiji saking tiyang-tiyang ingkang dipun parentah. Sadaya rêmbag kêdah Openbaar, supados sumêbar kasumêrêpan tiyang kathah. Kawajibanipun ingkang têmtu ngrêmbag bêgrutêng saha pranatan, utawi sêsanggèn-sêsanggèn tumrap ing ngakathah. Dene wawênagnipun, limrahipun kenging ngewahi badhe pranatan, kenging gadhah usul saha nêrang ing parentah, punapadene ngurus. Wondene wawênang ingkang agêng sagêd nolak utawi ambibarakên usuling parentah. Tatanan punika sadaya pancèn sampun kajumbuhakên kalayan paedah-paedah ingkang sampun kula aturakên ing nginggil. Manawi wontên kirangipun salah satunggal, tamtu inggih wontên kapitunaning prêlu, sapunika ingkang dados pamanahan, inggih punika punapa bawah dalêm prêlu dipun wontêni rad kawula punapa botên, utawi sagêd punapa botên ngwontêni wau. Pamanggihipun kumisi pitakenan ingkang ôngka satunggal, dipun wangsuli mêsthi, awit ing Surakarta kagungan paprentahan piyambak. Sanadyan upami dèrèng wontên ebah-ebahan utawi dêrênging kawontênan, nanging sarèhning têrang punika nagari ugi kagungan paedah dados kêdah dipun angkah, malah dening wontênipun rad kawula sagêd anggigah manah rumaos dados balungsungsumipun nagari. Kajawi punika ing guprêmenan sampun wontên, mila manawi ing ngriki botên dipun tututakên, badhe sagêd adamêl kirang sakeca. Pitakenan ingkang ôngka kalih, pamanggihipun kumisi inggih sagêd anata kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, amung wiji saking kawula yêktos, dèrèng sagêd lumampah, amargi ing ngriki dèrèng wontên tatananipun pamilih (Algemeene kiesstelsel). Upami dipun wontêni sapunika nama kêdadak sagêd kagèt. Manawi dèrèng sami karaos yêktos badhe

--- 116 ---

anjugarakên panjôngka. Sayoginipun dipun wiwiti kados caranipun guprêmenan, ngwontêni rad kitha saha ranrad. kabupatèn rumiyin, ingkang milih warga rad kawula saking pamilihipun rad kitha saha rad kabupatèn wau, langkung prayogi malih bilih lajêng angwontêni rad dhusun saya enggal sangkêp. Sadèrèngipun punika wontên, kenging warga-warga wau dipun têtêpakên rumiyin, tamtunipun inggih dèrèng sagêd nama rad kawula ingkang sajati, mila wawênangipun ngurus utawi anulak usuling parentah, dèrèng sagêd katindakakên, dados adêgipun nama sawêg rad dumunung juru animbang ing nagari (Adviezeerend raad), kalayan lumampah dipun wêwah-wêwahi kados panjôngka ing nginggil. Kajawi punika wontên malih ingkang andadosakên riwiling pamanahan, inggih punika bab badhe dhêdhapukaning rad kawula, punapa amung Jawi thok utawi amung ingkang nama kawêngku paprentahan Jawi kemawon, punapa dalasan kawulanipun kangjêng guprêmèn, ugi tumrap bôngsa Wlandi Cina sasaminipun. Sajatosipun pitakenan punika botên amung tumrap rad kawula, sanadyan tumrap rad kitha utawi rad kabupatèn ugêr kangge bawah dalêm ugi andadosakên pamanahan, mila prêlu kajèrèng. Pamanggihipun kumisi kados ing ngandhap punika:

Manawi miturut wêwaton ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, inggih punika warganing rad kawula, kêdah saking pamilihipun tiyang ingkang dipun rèhakên. Dados têgêsipun upami ing ngriki wontên rad kawula, punika amung badhe tumrap kawula dalêm. Namung pangintênipun kumisi waton wau pancèn tumrap kalimrahanipun nagari ingkang madêg piyambak, botên metang nagari ingkang sampun kabawah kados kawontênanipun Surakarta paprentahanipun warni-warni, kados ta bôngsa Jawi ingkang manggèn bawah dalêm kawêngku paprentahan dalêm, ingkang manggèn wontên bawah Mangkunagaran kawêngku paprentahan kadipatèn Mangkunagaran, dene Jawi ingkang angsal balônja saking guprêmèn saha Wlandi, Cina wontêna ing pundi-pundi sami kawêngku ing kangjêng guprêmèn. Manawi tumrap Mangkunagaran botên patos pakèwêd, amargi miturut bawah taksih sagêd cêtha, balik kawulanipun kêjêngkangjêng. guprêmèn pancèn ruwêd. Upami wêwaton wau dipun lajêngakên têrang botên jumbuh kalihan kajêngipun utawi paedahipun [pa...]

--- 117 ---

[...edahipun] rad kawula, malah lajêng nama kirang adil, amargi sajatosipun gêsanging tiyang-tiyang wau sadaya sampun gandhèng-ginandhèng dados satunggal, sarta sampun sami gadhah kwajiban saha ambayar paos dhatêng paprentahanipun piyambak-piyambak, pamanggènipun sapapan. Manawi ingkang dipun wontêni rad kawula amung tiyang Jawi ingkang wontên bawah dalêm kemawon, sampun tamtu botên narimahakên. Manawi dipun wontêni piyambak ing sagolong-golonganipun, inggih badhe botên kantênan, awit sajatosipun ingkang badhe dipun manah punika namung satunggal, inggih punika kawontênan nagarinipun ingkang dipun ênggèni, môngka pangrêmbagipun kapisah-pisah, têrang amung badhe grecoh, botên sagêd angrêsikakên rêmbag, saha botên sagêd angwontênakên katêtêpan prêluning umum. Môngka umum wau ôngka satunggal kangge cacêpêngan kakiyatanipun nagari. Manawi dipun campur dados satunggal nanging botên ngewahi kawontênanipun sapunika liripun taksih warni-warni paprentahanipun, inggih botên sagêd, amargi badhe lajêng wontên kawontênan gadhah wawênang tumut ngrêmbag, nanging tanpa kuwajiban dhatêng prêlunipun wau, saha katingal anggumujêngakên, dene wontên lêlampahan angrêmbag, ingkang botên magêpokan badanipun. Mila kumisi rujuk dhatêng andharanipun juru sabda pangrèh Narpawandawa nalika parêpatan agêng kaping 28 Juli 1923 bab anduwa pêpilihanipun kawula kawrat sêtatsêblad taun 1921 ôngka 566, wosipun angintên jatining tatanan rêkaos wontên ing prostênlandhên, ugêr kawontênanipun pulitig ingkang sampun-sampun taksih kalulusakên. Wontên ingkang mastani prostênlandhên risak (= bedorven) sapanunggilanipun, nanging sanès lêpatipun ingkang nindakakên. Dening punika prêlu kawontênanipun dipun ewahi inggih punika sadaya sami kêdah nama kawulanipun kangjêng guprêmèn, amung pangêmudhinipun kaasta ing panjênêngan dalêm nata, dados Jawi, Wlandi, Cina, lajêng kabawah panjênêngan dalêm nata. Tamtunipun paosipun katampèn nagarinipun panjênêngan dalêm nata. Pamanggihipun kumisi, sampun salêrêsipun bilih tiyang manggèn wontên satunggiling nagari ambayar paos dhatêng paprentahaning nagari wau, amargi piyambakipun ngalap kawontênan paedahing panggenan ingkang dipun ênggèni.

--- 118 ---

Dhêdhapukan punika sagêd anyirnakakên raos ingkang anèh-anèh, kados ta kawujudanipun sapunika, ingkang satunggal botên rumaos kaêrèh ing satunggalipun paprentahan, sanèsipun rumaos ugi botên kaêrèh sanèsipun paprentahan, tumrap paprentahanipun rêkaos, wontên satunggiling panggenan botên mêsthi dipun aosi ingkang manggèn, môngka wajib anjagi awon saenipun, saha katingalipun sajak madêg piyambak, nanging sajatosipun botên. Kajawi punika kapêksa mawi milih ing pundi ingkang bawahipun saha pundi ingkang sanès, cêkap nunggil sapapan kawontênan sami, nanging kabeda-beda, têrang botên sagêd anjalari rukun sarta botên sagêd nyuburakên nagari. Mila ing pundi-pundi, ambeda-beda dhatêng kawulanipun sasagêd-sagêd dipun singkiri. Ing guprêmenan piyambak sarêng adêgipun rad kabupatèn Landi, Cina paprentahanipun kenging kawastanan ugi kawêngkokakên dhatêng bupati. Manawi kawontênan Surakarta sampun dipun ewahi kados pamanggihipun kumisi ing nginggil, sawêg gumolong dados satunggal angwontêni rad kawula campuran. Manawi sagêd kalampahan kados ing nginggil punika, badhe kathah paedahipun. Botên amung ngicali raos ingkang anèh-anèh, ugi ngindhaki supêkêting satunggal ing satunggalipun, nukulakên raos gêsang sêsarêngan, punapadene badhe angsal wêwaton ingkang kuwawi saha adil, dening pariksa têrang kawontênaning rêmbag satunggal ing satunggalipun. Tumrap nagari lajêng kajèn. Ajining nagari prêlu sangêt kangge lampahing paprentahan, amung taksih prêlu katêrangakên wawênang saha kwajibanipun kangjêng guprêmèn kalihan panjênêngan dalêm nata, murih priyogi tumindakipun, botên wontên corok-cinorok, ingkang lajêng nukulakên raos nyuda ing kaluhuraning salah satunggalipun, pamanggihipun kumisi sadaya paos kêdah katur panjênêngan dalêm nata. Amung sarèhning Surakarta punika kalêbêt wawêngkonipun kangjêng guprêmèn, dados guprêmèn wajib ngayomi kawontênanipun Surakarta. Mila prêlu wontên paos ingkang dipun aturakên ing kangjêng guprêmèn. Pamanggihipun kumisi paos ingkang warni in en uitvoer en monopole punika dados bêbahanipun kangjêng guprêmèn, panjênêngan dalêm nata cêkap namung

--- 119 ---

angsal prêsenan saking paos wau utawi angsal prèi bilih kraton utawi prajanipun sagêd ngangge, murih wontên têtêngêripun. Mênggah kwajibanipun dhatêng kawula ingkang kaasta panjênêngan dalêm nata, inggih punika kawontênan ingkang mligi paedahipun kangge têtiyang Surakarta, kados ta: B.O.W. pulisi, klinit, sakolahan andhap sasaminipun, dene ingkang kaasta kangjêng guprêmèn, sadaya kawontênan ingkang sagêd kaalap utawi prêlu gandhèng sajawining Surakarta, kados ta: militèr Veldpolitie sakolahan têngahan saha inggil makatên sasaminipun. Wondene bab wawênangipun panjênêngan dalêm nata, prayogi kalêstarèkakên kados wujud sapunika, amung dipun ewahi sakêdhik. Sadaya bab ingkang sampun dados kuwajibanipun kangjêng guprêmèn, kados ta: tatanan militèr Veldpolitie saha sakolahan têngahan inggil, panggaotan Monopolie kados ingkang sampun kapratelakakên, sanadyan wontên Surakarta, sadaya kapasrahakên ing guprêmèn, makatên malih tatanan ingkang pancèn dhêdhasaripun umum, kangge praja saindênging bawah jajahan Nèdêrlan sadaya, utawi ingkang gandhèng kalihan Internationale rechten, punika sadaya kenging lajêng katumrapakên Surakarta tanpa rêmbagan. Sapunika kumisi badhe mratelakakên cêthaning gambaran rad kawula kangge Surakarta.

Miturut wawasan-wawasan sarta pamanggih kasêbut ing nginggil, kawontênanipun praja Surakarta, ingkang ngêmudhèni panjênêngan dalêm nata, sadaya dhêdhawuhan prêluning umum kêdah kanthi panimbangipun rad ingkang adêgipun sawêg nama juru ngaturi pamrayogi, saha mawi dipun sumêrêpi wakilipun guprêmèn, warganing rad kawiwitan saking katetêpakên rumiyin, campuran bôngsa Jawi Wlandi asing, cacahipun pamanggihipun kumisi: 21 kalêbêt presidhèn ingkang 12 kagolong bôngsa Jawi, ingkang 8 kagolong bôngsa Eropah sarta bôngsa asing. Wontênipun cacah wau murih manawi prêlu satunggal-tunggaling apdhèling sagêda wontên wakilipun piyambak-piyambak. Wontênipun bôngsa Jawi langkung kathah katimbang bôngsa Walandi saha bôngsa asing, amargi kawujudanipun bôngsa Jawi inggih langkung kathah katimbang bôngsa sanès-sanèsipun. Wondene sapintên cacahipun bôngsa Walandi têtimbanganipun kalihan bôngsa [bông...]

--- 120 ---

[...sa] asing, punika kumisi anyumanggakakên kemawon, amung sadaya punika kêdah ingkang dèrèng nate kenging prakawis ngantos ngicalakên kaurmatan, saha ingkang sampun umur salangkungipun 21 taun. Dene presidhèn saha sèkrêtaris katêtepakên saking panjênêngan dalêm nata mawi kaparingan blônja, warganipun amung angsal dhêklarasi utawi zittings - geld sèkrêtaris botên kapetang dados warga, amargi kawajibanipun salêbêting parêpatan kathah. Sadaya wau kenging nyuwun kèndêl, utawi kakèndêlan manawi wontên prêlunipun, mênggah wawênangipun:

1. Ngrêmbag bêgrutêng dalah pêpetanganipun.

2. Ngrêmbag manawi praja badhe nyambut.

3. Ngrêmbag sadaya bab pranatan ingkang tumrap kawula, utawi ewah-ewahanipun adêging praja, makatên malih dhêdhawuhan ingkang anjalari wêwahing kuwajibanipun kawula.

4. Wênang ngaturakên pamanggih saha ngewahi pranatan.

5. Kenging nyuwun katrangan kawrat sêrat utawi nyuwun dhatêngipun pangagêng praja utawi wakilipun ingkang nêrangakên pitakenan-pitakenan saking rad kawula. Parêpatanipun kêdah Openbaar saha sadhengah tiyang kenging ningali. Nanging sagêd katutup manawi kakintên kirang prayogi kamirêngakên ing ngakathah, amung kêdah wontên pamundhutipun panjênêngan dalêm nata utawi panêdhanipun presidhèn, utawi saking warga ingkang cacahipun sakêdhik-kêdhikipun sapratiganing cacah ingkang dhatêng, ewadene inggih taksih mawi dipun putus ing parêpatan rumiyin. Apês-apêsipun ing dalêm sataun kêdah parêpatan sapisan. Panjênêngan dalêm nata utawi warga ingkang sakêdhikipun sapratiganing cacah kenging nêdha parêpatan mirunggan. Sadaya rêmbag botên sagêd dipun lajêngakên bilih ingkang dhatêng kirang sapalihing cacahing warga sadaya. Putus-putusaning rad kêdah manut suwantên ingkang kathah piyambak. Ungêlipun para warga dalah wakiling praja wontên ing parêpatan ngriku, botên kenging kasêrêg ing pangadilan, ugêr botên mêdharakên wadi ingkang karêmbag ing besloten vergadering. Kajawi punika pamanggihipun kumisi prêlu nagari maringi katrangan pundi ingkang kagêm utawi botên pamanggihipun rad wau, makatên malih ing bêbukaning pranatan prayogi kasêbut [kasê...]

--- 121 ---

[...but] karujukan utawi botên dening rad. Wondene têmbung-têmbung ingkang kangge rêmbagan wontên parêpatan, kenging cara Jawi, cara Walandi, cara Mlajêng, amung ingkang kangge dhinês kêdah cara Jawi, awit kangge prêlunipun paprentahan Jawi. Sadaya bab ingkang badhe karêmbag sadèrèngipun parêpatan agêng, prayogi karêmbag pratitisipun rumiyin, kenging kacara Volksraad dipun wontêni pamrênca, apdhèling-apdhèling cêkap kalih utawi tiga. Panjênêngan dalêm nata punapa malih wêwakilipun utawi pêpatih dalêm kêdah kenging nyumêrêpi sadaya parêpatan, utawi bilih badhe pratela punapa kemawon kêdah dipun aturi wanci, ugêr botên ambarungsinang. Sadaya pamanggihing warga ingkang kausulakên, utawi badhe ngewahi kaparêngipun nagari, murih botên sakajêng-kajêng kêdah dipun bantu utawi dipun rujuki apês-apêsipun tigang warga.

Sajatosipun kumisi anggadhahi pamanah langkung prayogi bilih sa-Surakarta punika namung rad kawula satunggal, amung kangge wêkdal punika kabêkta saking botên wontên federatie kados gampil manawi tumrap Mangkunagaran dipun wontêni piyambak awit taksih sagêd gumolong.

Sasampunipun kumisi ngaturakên pamanggih-pamanggihipun sadaya, sapunika amung nyumanggakakên kaparêngipun pangrèh. Amung kumisi gadhah usul sakêdhik, sadèrèngipun wontên putusaning pamanggihipun Narpawandawa, sarèhning sapunika prêlu kangge umum, langkung prayogi mawi kasiyarakên wontên sêrat-sêrat kabar rumiyin, bokmanawi Narpawandawa sagêd saya wêwah wawasan-wawasanipun badhe pangrêmbagipun bab punika.

Kasêrat tanggal kaping 9 Agustus 1926.

Presidhèn: Kusumayuda.

Sèkrêtaris: Yasadipura.

Warga: Wuryaningrat, Gitadipura, Purwamartana.

--- 122 ---

Wong kang limpat, yèn anyrapat saprapat bae wus tamat.

Wara-wara

Kula nuwun, anêtêpi karampunganipun rêmbag parêpatan agêng Narpawandawa kala ing dintên malêm Akat tanggal kaping 14 Bêsar Jimawal 1853 utawi kaping 28-29 Juli 1923, para panitya ingkang sami kapatah manah prayoginipun kagungan dalêm rad nagari, sapunika sampun rampung pangrêmbagipun, pinanggihing pangrêmbag kados ingkang kawrat palapuranipun para panitya kapacak ing organ punika: sadèrèngipun palapuran wau karêmbag ing parêpatan agêng mirunggan, ingkang badhe kawara-warakakên ing têmbe, sarèhning prakawis prêlu nama dados bêtahipun tiyang sapraja Surakarta, mila supados dipun sinau rumiyin dhatêng para warga Narpawandawa, ing wasana mugi andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 1 Sèptèmbêr 1926.

Pangrèh

Parlu Kawaos

Para sadhèrèk ingkang kaparêng biyantu manjurung ing organ ngriki, manawi panjurungipun dèrèng kapacak, mugi dipun sabar ing panggalih, amargi papanipun kirang amot.

Para lêngganan ingkang dèrèng maringi arta bayaranipun organ punika, lajêng kaparênga ngintunakên tumuntên, tumrap para lêngganan ing sajawining kitha badhe katagih mawi pos kuwitansi, wragadipun kasanggi ingkang lêngganan, tinimbang katagih mawi pos kuwitansi, (wragadipun kathah) prayogi lajêng ngintunakên arta bayaran wau mêdal pos wisêl, wragadipun namung sakêdhik, kauningana.

Rêdhaksi administrasi.

Pungkasan

Nuwun, kula angèngêtakên para santana dalêm ingkang anggadhahi balônja, lintu siti, sarta balônja waris, panyadhongipun balônja sampun ngantos tanggal kaping 6 kasèp-kasèpipun tanggal 7 awit salangkungipun tanggal 7 kêdah kasêtorakên, ingkang punika mugi andadosna kauningan. Sindusastra.

--- 123 ---

Pangungun

Organ Narpawandawa ingkang mêdal tanggal kaping 1 Juni 1926 ôngka 6 angêwrat panjurung katandhan Pujyarja, ingkang mawi sêsirah barang bagus jual murah, panjurung wau pamanggih kula sagêd adamêl rêngganging karukunan§ Kok gampil timên. amila kula kapêksa mangsuli, minôngka katêrangan punapa kawontênan ingkang sayêktosipun.

Adêg-adêg I anyêbutakên, adêging Narpawandawa sampun 10 taun wilujêng botên wontên sambekalanipun, paedahipun tumrap parentah sampun sawatawis kathah, dene tumrap warga dèrèng sapintêna. Pamanggih kula, panjênênganipun Pujyarja mundhut Narpawandawa kêdah kadospundi?, awit pamirêng kula Narpawandawa sampun nindakakên amitulungi waragad dhumatêng warga utawi putraning warga ingkang sami anglajêngakên pasinaonipun. 2 Anyuwunakên papan kangge pasareyanipun para santana buyut sarta canggah sagarwanipun, gandhèngipun Narpawandawa damêl pralenan. 3 Sadaya aturipun para warga, manawi kagalih lêrês, upami babagan nagari, inggih lajêng kaaturakên ing pêpatih dalêm, ingkang babagan karaton inggih lajêng kacaos unjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun, sadaya wau mawi panimbang. Manawi wontên warga ingkang taksih kacuwan sabab kadospundi, bok inggih lajêng macak atur ing pakêmpalan§ Punika lêrês sangêt, para sadhèrèk ingkang kaparêng manjurung prayogi sami angèngêtana bilih organ makatên namung maligi ngêmot samubarang ingkang gêgancêngan kalihan ingkang gadhah organ, ingkang babagan sae. Kula nacat awak kula piyambak, punika dede êmpanipun manawi kagiyar ing kathah, raosipun badhe kaèsêman ingkang mirêng, winastan tiyang ingkang botên sagêd simpên wêwadosipun piyambak. Red. punapa malih Pujyarja, amastani manawi kala masa dintên pêpanggihanipun para warga botên sagêd carup, supêkêt-sinupêkêtan, agêng sami agêng, têngahan sami têngahan, alit saya tansah gandhèng sami alit, golongan agêng punika sêmu kemawon babarpisan botên wontên antawisipun badhe rêna wanuh utawi ngaruh-aruhi sakêcap dhumatêng pun pangalit wau. Pamanggih kula punika nama mokal panggalih panjênêngan, pundi wontên prayagung luhur panjênêngan pêrdi talusuran lajêng lênggah jèjèr kalihan golongan têngahan utawi alit, iba [i...]

--- 124 ---

[...ba] anggèning saru, dene sami botên anglênggahi cara, bab aruh-aruh manawi dèrèng têpang kadospundi, coba panjênêngan sowani, manawi panjênêngan sowani lajêng adamêl rèmèh, punika têtêp botên rêna wanuh, awit mênggahing tatacara Jawi punika kêdah sumusup alit sowan ingkang agêng rumiyin, nama nêpangakên, manawi kapapag utawi sêsrawungan wontên ing pundi-pundi tamtu lajêng dipun pangandikani saking sampun têpang wau punika nama sami-sami, amargi sajatosipun sadaya para agêng sami rêmên dhumatêng para santana, saha luhur pasinaonipun, amila jêmbar panggalihanipun.§ Tumindaking tiyang punika kêdah gandhèng lair kalayan batinipun. Têgêsipun makatên, lair kita kêdah nindakakên tatakrami wontên ing pundia panggenan, têmbung sakêcap lampah satindak. Dene sasami-sami punika wontên ing raosing kabatosan, sok ugi agêng lan alit sampun sami karaosipun, punika sampun prayogi, ananging adatipun sok botên sagêd ambedakakên lair lan batin, sadèrèngipun kadumugèn. Red.

Adêg-adêg II anyêbutakên, sarêng wontên tatanan makatên, lajêng tuwuh kêmpaling golong-golongan santana dalêm, darah kaping gangsal piyambak, kaping sakawan piyambak, badhe wontên golongan pundi malih dèrèng cêtha sarta punapa ingkang dados sêdya tuwin tujunipun inggih dèrèng têrang. Wangsulan kula, lo, alon Pujyarja, sampun lajêng mangandikakakên lajêng tuwuh wontên kêmpaling golongan santana dalêm, kêdah kagalih ingkang panjang, kawawasa ingkang waspaos, awit pangandika panjênêngan pêdhês mawi wisa, punapa panjênêngan sumêlang golongan wau manawi damêl ribêt dhumatêng Narpawandawa, kula aturi inggih panjênêngan mirêngakên kanthi sabar, adêgipun golongan buyut kaping 5 punika udakawis ugi sampun 10 taun laminipun, dhumatêng Narpawandawa tumut rêrencang. Kados ta para buyut sami kapêrdi sami dados warganing Narpawandawa, kalampahan, amila samangke saya kathah, dene tujuning golongan wau, angèngêti manawi turuning panjênêngan dalêm nata, kêdah sêtya sumungkêm dhumatêng karaton dalêm, amila tansah dipun lêluri sabên taun dipun koli, dipun sadran supados anglunturana barkah sêtya sumungkêm dhumatêng karaton dalêm, sampun ngantos kados panjênêngan [panjê...]

--- 125 ---

[...nêngan] ngagêm tèrês abrit makatên, mindhak rêmên anglêbêtakên wijining gêgêthingan, dene tunggilipun golongan wau, 1. Para wayah dalêm kaping 9, 2. Para buyut dalêm kaping 9, 3. Darah Sasranagaran, 4. Darah Pringgalayan. Sadaya wau botên pisan gadhah tuju ambibrah punapadene makèwêdi pakêmpalan Narpawandawa.

Adêg-adêg III Pujyarja pamawasipun radi kêjingglêngên, amargi dakwa manawi para santana ngandhap, têngahan, nginggil, sabên wontên pajagongan sajak lirik-linirik. Sarèhning kula inggih kêrêp sangêt srawungan ing pajagongan botên nate wontên lêlampahan kados ingkang dipun cariyosakên Pujyarja, cobi katêrangna kanthi pasaksèn supados adat ingkang kirang prayogi wau sagêd ewah dados sae. Awit saking punika manawi Pujyarja trêsna saha ngeman dhumatêng Narpawandawa langkung prayogi lajêng angaturna pamanggih kadospundi kajêngipun Pujyarja tamtu lajêng katampèn kalayan rênaning panggalihipun pangrèh, nama lajêng nglênggahi tata ingkang sae, sumêrêp wajibing warga.§ Sasampunipun S.B. punika kawêdalakên, organ lajêng kula tutup, manawi wontên panjurung bab ingkang gêgancêngan kalihan rêmbagipun sadhèrèk Pujyarja, rêdhaksi nyuwun pangapuntên, panjurung wau botên badhe kapacak, kauningana. Red.

S.B.

Pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Wontên Parêpatan Rad Kawula 18 Juni 1926

(Pêthikan saking Sêdyatama)

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 8.

Pranatan wau tumrap ing Ngayogya, punapa malih ing Surakarta kathah botên sakecanipun. Prakawis punika cêkap angèngêtana sarasehanipun Radèn Wadana Dwijasewaya ing parêpatan taun 1921, suwaunipun mêntas wontên ordhonansi, sêtatsêblat 1921 ôngka 566 gupêrmèn botên mawi sarêmbag kalihan para nata Jawi, ing ngriku karampunganipun sintên ingkang kalêpatakên saking anggêr paprentahan Jawi (exterritoriaal) lan sintên dados kawulaning gupêrmèn. Ing parêpatan [parêpata...]

--- 126 ---

[...n] apdhèling wontên pitakenan: punapaa ing sêtatsêblad ngriku botên katêtêpakên pisan sintên ingkang nama kawulaning nata Jawi, wangsulanipun mêsthi kemawon sadaya tiyang ingkang botên kamot ing sêtatsêblad 1921 ôngka 566 wau, punika nama kawulaning nata Jawi, (Bijl, Hand. 2e zitting 1921 afd. IV St. 3 pag 4) wangsulanipun Radèn Wadana Dwijasewaya: punapa anêtêpakên kawulaning nata Jawi, ingkang mêdal saking suraosing sêtatsêblad wau, têka botên mawi nêdha timbangan rumiyin kalihan para nata Jawi, kangge nêtêpakên pranatan wau. (Hand. 1 Dee. 1921 pag. 321. kol. 2 al 2) wangsulanipun parentah: makatên punika botên prêlu, sabab ing ordhonansi ngriku gupêrmèn namung matêsi sintên ingkang têtêp dados kawulanipun. (Hand. pag. 369 kol. 2 onderaan)

Manawi manah mulabukanipun wontên pranatan wau, inggih punika prajanjian kalihan Raffles taun 1912 (Falet verdrag van 1 Aug. 1912 art. 8) tumrap paprentahanipun ratu sajawining tanah Jawi ingkang prajanjianipun têksih panjang, bab punika têksih kawrat ing prajanjian. Namung tumrap paprentahanipun para nata ingkang mawi prajanjian cêkak, prakawis punika kawrat ing sêtatsêblad 1919 ôngka 822. Kalihan malih anggêr tiyang sampun mangêrtos bilih pranatanipun kawula gupêrmèn ing paprentahan nata Jawi wau têgêsipun matêsi panguwasa, dados kadosdene watêsing bawah makatên. Manawi ngrêmbag punika wau sadaya kados botên anggumunakên, manawi kula matur bilih rêmbagan bab punika nalika taun 1921 botên prayogi, kangge anggayuh piandêl saking paprentahan Jawi, môngka parentah sampun gadhah gagasan, badhe maringi wêwênang samêsthinipun. Anggènipun sami narimah punika, sabab sampun botên sagêd ngewahi kawontênan wau.

Anggèn kula matur punika inggih gêgayutan kalihan prakawis punika, samangke têrang sangêt sampun dipun dandosi, katôndha wontên wangsulanipun parentah makatên:

Panitya kêdah sarêmbag kalihan paprentahanipun para nata Jawi, malah paprentahan ingkang mawi prajanjian panjang wajib ambiyantu pandamêlipun pranatan wau.

--- 127 ---

Makatên wau kaanggêp sampun mêsthinipun, tandukipun nalika taun 1921 dipun êmohi ing (gedesavaueerd), amila sêtatsêblad ingkang damêl kirang panarimah wau kenging kaajêng-ajêng badhe tumuntênipun kasuwak. Tumrapipun tanah Jawi pranatan ingkang sampun wau pangintên kula botên kenging kangge wêwaton utawi dhêdhasaripun panitya enggal.

Taksih wontên sambêtipun.

Kamardikan

Têmbung mardika, têgêsipun: miji, miji punika kenging dipun têgêsi: jumênêng pribadi.

Dene mardika utawi miji lajêng kaperang dados tigang warni. 1. Mardikaning karajan, inggih punika karajan ingkang tata botên kabawah kaprentah ing karajan sanès, pusaraning praja kaasta piyambak katindakakên sabôngsa. 2. Mardikaning manungsa, lajêng kaperang dados kalih warni. Mardikaning awak, kalihan mardikaning budi. Para raja ingkang jumênêng pribadi punika sariranipun inggih sampun mardika sangêt, kanthi kawibawan. Ananging panggalihipun inggih dèrèng mêsthi mardika, dening taksih anggalih tata-têntrêming praja, taksih marsudi jêjêging adil, tuwin taksih kagungan uwas sumêlang. Amargi manawi lêpat tumindakipun badhe kuciwa, têmah andadosakên kucêming praja. Para sudagar agêng punika bilih badanipun inggih sampun mardika, tur kanthi kamuktèn, nanging manahipun gênah cêtha yèn dèrèng mardika, dening taksih manah daganganipun ingkang wontên ing pundi-pundi, taksih ngajêng-ajêng bêbathèn, tuwin taksih sumêlang yèn kapitunan. Awit bilih lêpat panindakipun sampun tamtu dhumawah ing kasangsara sami sanalika.

Dene ingkang sagêd mardika badan budinipun, punika kintên kula amung dumunung wontên para bagawan ingkang sami ulah kapandhitan, sariranipun sampun mardika kanthi kaurmatan, panggalihipun sampun tajêm kèndêl jênjêm, amung maligi mêlêng ing kaanan jati ajêg ing pangastutinipun. Mardika ingkang kaping 3 jatining kamardikan, ingkang nama mardika yêktos, punika numunungdumunung. wontên tiyang sampun botên kaêrèh botên mangrèh. Nanging donya ngriki punapa wontên? Sumôngga.

--- 128 ---

Tumrap gêgayuhanipun para bijaksana ing bab kamardikan ing jaman sapunika, miturut kawontênan lair (ingkang sampun kacêtha wawasanipun wontên ing pakêmpalan utawi ing sêrat-sêrat kabar) sajak-sajakipun sawêg anggayuh ing bab kamardikan ôngka: 1 wau kemawon, kilap ing bab kabatosan, nanging sanadyan sawêg makatên inggih sampun utami sangêt amargi kamardikan ôngka: 1 wau pamanggih kula dados êmbananipun kamardikan ôngka: 2, 3: kêsêbut nginggil, anamung utamining utami inggih kêdah anggayuh kamardikan tigang warni wau kasambi kalihan ngungsêd kamardikan ôngka: 1; manawi talatos yêktos pangungsêtipun, insaallah Gusti Allah tamtu anêmbadani, wêkasan kamardikan tigang prakawis sagêd kacakup sadaya sami sapunika.

Wondene sarananipun sagêd anyakup kamardikan tigang warni wau kadospundi sumôngga malih. Amung kintên-kintên kemawon kajawi kanthi kagunan kawaspadan ugi kêdah taksih mawi kawruh: brata, sopana, yêkti, waskitha. Kadospundi dèn bèi wrêddha pamong, punapa inggih botên makatên§ Pancèn inggih kêdah makatên. cobi dipun sarêmi sakêdhik.

Pancènipun badhe kula panjangakên sawatawis, nanging sarèhning ngèngêti rupêking taman Narpa, dados lajêng kula cêkak samantên kemawon.§ Prayogi sanês dintên kemawon kalajênganipun. Red.

Kolot.