Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 10, kaping 23 Mulud Wawu 1857, utawi kaping 1 Oktobêr 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Wiwit parêpatan agêng nalika malêm Sênèn tanggal 18/19 Rabingulakir Dal 1855 utawi malêm kaping 16/17 Dhesèmbêr 1924 dumugi parêpatan agêng ing dalu punika, kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa, kados ing ngandhap punika:

1. Damêl parêpatan pangrèh kaping 28.

2. Damêl pêpanggihan (bijeenkomst) rambah kaping 4.

3. Badhe ngadani sakolahan èstri kados karampungan parêpatan agêng kapêngkêr punika, sarta lajêng sampun damêl wara-wara sarana ngubêngakên lis, sintên ingkang badhe nglêbêtakên supados sami pratela, ananging ing sarèhning ingkang pratela badhe nglêbêtakên namung sakêdhik, dados botên saèstu sagêd dados.

4. Anyakolahakên lare 5, manggèn wontên ing Milo 3, wontên ing pamulangan calon guru èstri (Kweekschool voor Inl. Onderwijzeressen) Salatiga 1; wontên pamulangan kriya (Inl. Ambachtsschool) ing Sêmarang 1.

--- 130 ---

5. Pakêmpalan Narpawandawa darma dhumatêng kasangsaran Wanasaba kathahipun f 100 satus rupiyah, miturut karampungan parêpatan agêng kapêngkêr.

6. Tampi dhawuh saking parentah anggènipun pakêmpalan Narpawandawa nyuwun kuburan ing Ngèndhèn badhe kangge para santana dalah salakirabinipun saha anak, sampun kaparêng, ing wêgdal punika sawêg katata, ingkang kapatah manah prayoginipun R.T. Wrêksadiningrat, sapunika santun R.M. Ng. Prajamargasa, amargi R.T. Wrêksadiningrat kathah pandamêlanipun wajib, 2. R.M.P. Mangkusatyaka, 3. R. Ng. Kartaastana, dene manawi wontên para santana ingkang badhe mêtak ing ngriku sampun kenging, nanging kêdah prasabên dhatêng panitra I utawi II mawi serat, sêrat prasabênan wau manawi sampun katandhanan panitra salah satunggal, ingkang kasripahan lajêng prasabên dhatêng kaondêran ing Lawiyan, wondene panatanipun pangubur kaurutakên pundi ingkang rumiyin, inggih punika saking lèr kilèn lajêng têrus mangetan, manawi sampun dumugi watês wetan, lajêng wiwit ngandhapipun, makatên sapiturutipun.

7. Kaulêman pakêmpalan Budi Utama kaajak damêl kumite kasangsaran lindhu ing Wanasaba, kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun ing salebêtipun kitha Surakarta, wontên antawisipun 18 pakêmpalan, parlu ngwontênakên tatingalan wayang wontên schouwburg Mangkunagaran, saha tatingalan warni-warni, wontên ing Sriwêdari, angsal-angsalanipun bêbathèn resik lajêng kadarmakakên dhatêng Wanasaba, wragadipun saking urunan darmanipun para pakêmpalan ingkang sami tumut, wakil pakêmpalan Narpawandawa B.K.P.H. Suryaamijaya kapilih dados pangarsa.

8. Angwontênakên organ, para warga ingkang bayaripun ajêg sarta botên walêd sami angsal kalayan lêlahanan, wiwitipun sampun nalika wulan Januari 1925 nanging mêdalipun sawêg sabên tigang wulan sapisan, sarêng taun 1926 punika organ wau sagêd mêdal sabên wulan sapisan, sarta mawi kasade dhatêng sanèsipun warga ugi kalampahan sagêd pajêng.

9. Anindakakên rekadaya supados indhaking karukunan sarta gampiling panindakipun [panindaki...]

--- 131 ---

[...pun] pakêmpalan Narpawandawa, sarana nyêdhahi para santana ingkang sampun sami gadhah golongan, inggih punika nyêdhahi kumisi wayah buyut kaping IX, sêsêpuhipun buyut kaping V, sarta kumisi canggah kaping V.

10. Gadhah atur dhatêng nagari nyuwunakên sêsêbutan canggah dalêm ingkang sampun dados abdi dalêm, sarta santana dalêm canggah èstri ingkang sami dados ampil, lêstantuna kaparingan sêsêbutan radèn mas tuwin radèn ayu, sapriki dèrèng wontên dhawuh kaparengakên, amargi sawêg konjuk (sampun katotol sêrat).

11. Ngaturakên sêrat dhatêng nagari, pakêmpalan Narpawandawa mirêng kabar têrang prakawis paos-paosipun para kawula dalêm sami rumaos awrat, manawi têmên Narpawandawa nyuwun supados paos-paos wau kasuda. (Sapunika sampun tumindak kasuda).

12. Ngaturakên sêrat dhatêng nagari, suraosipun Narpawandawa mirêng suwaranipun para abdi dalêm kirang têntrêm bab pranatan tatananipun para abdi dalêm ingkang badhe karucat, sampun katata zie organ No. 3 kaca 23).

13. Nalika salêbêtipun wulan Bêsar Dal 1855 Narpawandawa amèngêti lêlabêtanipun Kangjêng Pangeran Arya Natapraja, tilas panitra Narpawandawa, kalihan Waduaji, saha Budi Utama, sarana nyêkar pasareyanipun.

14. Kaulêman saha andhatêngi parêpatanipun darah Mangkunagaran, Budi Utama, Yong Yapa, Yong Islamitênbon, Mukamadiyah, P.G.H. B., Kwiksêkulbon, tuwin sanès-sanèsipun.

15. Pakêmpalan Narpawandawa, lumêbêt pakêmpalan kontak kumite.

16. Angunjukakên sêrat pêpuji nalika pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tumbuk yuswa tigang dasa kalih taun, sêrat konjuk Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

17. Kawontênanipun kumisi pangadilan, sarèhning panyuwunipun sampun kaparêng lajêng kabibarakên.

18. Angenggalakên kumisi ingkang manah rad nagari, sampun angsal prasabênan ijêman sapunika sampun rampung, kintên-kintên 2 wulanan badhe parêpatan agêng malih.

--- 132 ---

19. Angenggalakên kumisi ingkang mriksa prajurit tarunakêmbang, utawi Padpindêr Suryabratan, palapuranipun kumisi anglapurakên ijêman bilih sampun nate mriksa, nanging sarèhning nalika mriksa Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata botên sagêd amanggihi, dados dèrèng sagêd anglapurakên prayogi tuwin botênipun, dumugi sapriki dèrèng mriksa malih.

20. Angenggalakên kumisi kopêrasi, sampun rambah-rambah nanging dèrèng angsal wangsulan.

21. Para pangrèh pakêmpalan Narpawandawa katimbalan dhatêng kawadanan, parlu kadhawuhan tumut angrêmbag bab badhe wontênipun kumisi ajalanipun para santana dalêm.

22. Amanah sagêdipun mayar sarta sakecaning tumindakipun lampah saha kawontênaning sakolahipun Radèn Ajêng Siti Suparti, ingkang sakolah wontên Meisjes Kweekschool Salatiga, sarana amanggihi pangagêngipun sakolahan ngriku (dhirèktris).

23. Tampi sêrat saking Radèn Mas Sarana, anglapurakên anggènipun sakolah wontên ing Milo, nalika tanggal kaping 15 wulan April 1926 kapêngkêr punika, mêdal anggènipun sakolah, jalaran piyambakipun gadhah pangintên miturut raportipun botên badhe sagêd tamat (iendexamen) sarta piyambakipun sêlak kasêsa pados pandamêlan.

24. Tampi palapuran saking Radèn Bisawarna, anggèning sakolah wontên ing Milo sampun tamat (eindexamen).

25. Kawontênanipun para warga sakawit cacahipun 322 suda mêdal 43, tilar dunya 12, wêwah ingkang lumêbêt 87, dados sapunika warganipun wontên 354 gunggung kalihan nalika parêpatan agêng kapêngkêr wêwah 32.

26. Bab bela-sungkawa (rouw) kados ingkang karêmbag ing parêpatan agêng kapêngkêr, punika pangarsa sampun angrêmbag kalihan pêpatih dalêm, kanthi ngaturakên pranatan (Rouw) ing Mangkunagaran.

27.Bab tutupipun Sriwêdari bilih wontên sedan putra putri dalêm sapanunggilanipun, punika gandhèng kalihan bab (Rouw) wau.

28. Bab griya kangge ngopèni para santana dalêm ingkang miskin sasaminipun (armenzorg)

--- 133 ---

sawêg dados panggalihanipun pangarsa.

Mênggah kawontênanipun pangrèh Narpawandawa anggènipun sami nindakakên pandamêlan pakêmpalan, salêbêtipun taun kapêngkêr punika wilujêng.

Kapèngêtan kaping 8 Juni 1926

Pangarsa W.G. Kusumayuda.

Panitra W.G. Padmawinata,

Taksih wontên sambêtipun.

Katrangan

Ing organ Narpawandawa ôngka 8 punika ngêwrat dhawuh tatanan kursèn salêbêting karaton, adêg-adêg pungkasan. Murih têrangipun ingkang sami nyumêrêpi, kula têdhak sungging kados ngandhap punika:

Wondene bilih pasamuwan utawi pasowanan ingkang botên mawi tamu bôngsa Eropah, utawi tamu bôngsa sanès ingkang ugi katampèn linggih ing kursi, punika para putra santana dalêm tuwin para abdi dalêm, sowanipun taksih lastari linggih ing ngandhap. Lampah-lampahipun ugi lastari kados adat.

Sarèhning kula dipun pundhuti katrangan, pamanggih kula piyambak makatên:

Botên manah têtêmbunganipun, namung wosing kajêng, sadaya manawi wontên pasamuwan tuwin tamu ingkang botên mawi lalênggahan kursèn, punika ingkang sami sowan kados adat.

Kados ta: tingalan dalêm pawukon, tingalanipun pramèswari dalêm taunan, jumênêngan, wontên tamu ingkang namung linggih ngandhap, ewadene prayoginipun yêktosi kemawon, wasana mugi andadosna kauninganipun sadhèrèk rêdhaktur.

Kas.

Pamardi Putri

Awit saking kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, iyasa pamulangan probêl kangge putra santana dalêm dumugi anakipun santana dalêm canggah, wiwit umur 3 dumugi 7 taun. Klasipun 4 ingkang klas I, II sarta III probêlklasê (frobelklasse) ingkang klas IV purbêrèidhênklasê [pur...]

--- 134 ---

[...bêrèidhênklasê] (voorbereidendeklasse) wêdalanipun saking pamulangan wau sagêd lajêng malêbêt dhatêng pamulangan Walandi utawi Jawi (Europeesche lagere school) utawi (Hollandsch Inlandsche school) satunggal-satunggaling klas dipun rancang isi murid kathah-kathahipun 30, pamulangan wau sawêg sagêd nampèni murid klas I watawis lare umur 3 utawi 4 taun, cacah 30 murid. Ingkang klas IV (voorbereidende) watawis lare umur 5 utawi 6 taun, ugi cacah 30 murid.

Ingkang katampi rumiyin putra dalêm, sakirangipun wayah dalêm, bilih taksih kirang, buyut dalêm, makatên sapiturutipun dumugi anakipun santana dalêm canggah, ingkang katamtokakên bayar. Manawi saklasipun botên sagêd angsal murid 30 lajêng nampèni anakipun santana dalêm ingkang katamtokakên botên bayar, dene urutipun ingkang katampèn inggih miturut kados ing nginggil, kagungan dalêm pamulangan punika kaparingan nama: Pamardi Putri, bikakipun kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 2 Sapar taun Wawu, angkaning warsa 1857 utawi kaping 12 Agustus 1926, kawontênanipun kados ing ngandhap punika:

Wanci jam 8 enjing, para murid saha tiyang sêpuhipun wiwit dhatêng ing pamulangan, sadaya wau lajêng dipun papanakên wontên kamar sisih kidul, badhe murid pangkat I manggèn kamar ôngka 3, murid pangkat IV manggèn kamar ôngka 2, ingkang mapanakên kumisi Radèn Tumênggung Arjadipura, saha para guru.

Sabên tamu dhatêng lajêng dipun papanakên kamar sisih êlèr ingkang têngah, ingkang nampèni kumisi Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, saha Bandara Pangeran Arya Adikusuma, kanthi Radèn Mas Arya Wuryaningrat saha Radèn Mas Arya Bratadipura, dados bêbau nindakakên pandamêlan ingkang kasêbut pranatan, sarta parentahipun wisesa.

Sasampunipun para tamu pêpak, kumisi, para guru, saha tiyang sêpuhipun para murid ngalêmpak dhatêng kamar ingkang sisih êlèr ingkang têngah, kasarêngan lumadosipun sampanyê, sarêng sampun waradin, wisesa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata lajêng sêsorah, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, dintên punika kaparênging karsa dalêm, Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang [Ing...]

--- 135 ---

[...kang] Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, utusan bikak iyasan dalêm pamulangan enggal kangge para putra santana dalêm.

Tumrap santana dalêm, dintên punika kenging dipun wastani dintên ingkang minulya, sarta kenging kangge pêpèngêt, dene para prayagung luhur, saha para tuwan-tuwan, punapadene para prayantun sami anjênêngi adêging pamulangan punika.

Agêng sangêt paedahipun yêyasan punika tumrap santana dalêm, inggih punika ingkang cêtha kemawon.

I. Anakipun sagêd dolanan saha sêsrawungan kalihan lare kathah, anjalari thukuling supêkêt satunggal ing satunggalipun, dolananipun mawi dipun tata, supados ngindhakakên sasêrêpan, saha dipun lantih tumindak pantês.

II. Dipun ajar basa Wlandi sawatawis, amargi ing wêkdal punika malêbêtipun dhatêng pamulangan H.I.S. sasaminipun kêdah mangêrtos basa Wlandi, langkung malih manawi badhe malêbêt ing Eropeesche Lagere school mila pancèn dipun angkah wêdalipun saking pamulangan ing ngriki sagêda lajêng malêbêt dhatêng pamulangan Walandi utawi H.I.S. kalayan botên rêkaos.

Pamulangan punika dipun wiwiti saking 2 klas, satunggal klas probêl ingkang andhap piyambak, tuwin voor berreidende klas ingkang inggil piyambak, limrahipun wiwitan adêging pamulangan inggih namung dipun wontêni 1 klas ingkang andhap piyambak, wontênipun punika dipun wontêni 2 klas, kapêndhêt ingkang andhap saha ingkang inggil piyambak, amargi kajawi kangge Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, kumisi gadhah kintên sampun sawatawis kathah anakipun para santana dalêm ingkang dhawah mrêtanggêl umuripun. Kados ta: tumrap pamulangan agêng dèrèng cêkap umuripun, nanging tumrap pamulangan probêl sampun kagêngên, makatên wau kanyataan pasêksènipun, ing voorberreidende klas mêndhêt lare ingkang umuripun langkung saking 5 taun sagêd, isi 30 ing klas ingkang wiwitan wontên 32 ingkang botên katampèn wontên 26, wondene ingkang sami katampèn wau murid ingkang botên katamtokakên bayar wontên 21. Sabên taun pangangkahipun kumisi klasipun dipun indhaki nyatunggal-nyatunggal, ngantos dumugi 4 klas,

--- 136 ---

ingkang probêl cacah 3 ingkang voorbereidende 1 klas, dados salêbêtipun 2 taun, sabên sataun-taunipun dhawah wulan Juli, sagêd nampèni lare-lare enggal kiwa-têngênipun 50, nanging salajêngipun namung sagêd nampèni watawis 30, dene cacahing guru sapunika sawêg wontên 2, satunggal nyonyah, W.F. Hilling Harnung minôngka pangagêngipun, satunggalipun Mas Rara Subini.

Sabên mindhak klasipun inggih badhe dipun indhaki guru, ngantos jangkêp ing saklas, saklas-klasipun guru satunggal, bayaranipun wêwaton pamêdalipun tiyang sêpuhipun, ingkang pamêdalipun:

[Grafik]

Wontênipun dipun tundha-tundha wau, supados sampun ngantos rêkaos. Pangajaran ingkang tumrap pamulangan punika dipun beda panindakipun kalihan Europeesche Frobelschool inggih punika ngangge basa Jawi, supados botên sangêt-sangêt sulayanipun kalihan kawontênan manawi wontên griyanipun.

Sasampunipun kula ngandharakên kawontênan wau kula namtokakên bilih para santana dalêm sami amundhi saha ngunjukakên gênging panuwun saha sêmbah sumungkêmipun konjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, saha nyuwun bêrkah pangèstu dalêm, punapadene pamujinipun ingkang sami rawuh punika, mugi-mugi pamulangan punika sagêda widada wilujêng ing sapanginggilipun botên kirang satunggal punapa.

Nyonyah W.F. Heling, saha Mas Rara Subini sanadyan kula sumêrêp bilih pandamêlan [panda...]

--- 137 ---

[...mêlan] sampeyan punika awrat, labêd dening sêsrawungan sampeyan kalihan rare-rare ingkang taksih alit sangêt, saha sawêg nama wiwitan. Tamtu kathah panata-panata ingkang kêdah katindakakên, ananging sanadyan makatêna, sampeyan tamtu nganggêp bilih punika pandamêlan ingkang mulya, samôngsa sagêd kadadosan sae, botên namung tiyang sêpuhipun kemawon ingkang suka tarimah kasih dhatêng sampeyan, nanging karaton Surakarta ugi badhe mèngêti dhatêng kacêkapipun pandamêlan sampeyan wau, makatên malih kumisi ngaturakên panuwun dhatêng tuwan van den Broeke kapala guru pamulangan siswa.

2. Dhatêng Tuwan Van den Berg kapala guru pamulangan kasatriyan. 3. Mas Ngabèi Yasawidagda, guru siswa, 4. Mas Ismusubrata, guru siswa, 5. Mas Rara Wardiyêm, guru siswa,

ingkang sami biyantu adêging pamulangan wau, punapa malih kumisi ngaturakên panuwun dhatêng Radèn Tumênggung Wrêksadiningrat, dene sampun kaslêpêg wancinipun, pandamêling griya pamulangan, sagêd rampung.

Tutuping atur sêsorah kula, kula prêlu anglairakên suka bingahing manah dhatêng para tiyang sêpuhipun lare-lare, dene sampun katingal dêrêng anggènipun nglêbêtakên sinau anakipun, beda sangêt kalihan 5 utawi 10 taun ingkang kapêngkêr, sampun malih ningali angkating anak-anakipun kalihan nangis, sawêg pêpisahan kemawon sampun rumaos awrat, ewadene sapunika sampun sagêd angipatakên raos ingkang lêpat wau, ngangge pamanggih ingkang lêrês sae. Pancèn sampun limrahipun sêdya sae punika kêdah mawi sarana dipun lampahi rêkaos, mila pungkasanipun kula ngaturi pêpèngêt dhatêng para tiyang sêpuhipun rare-rare, sanadyan dintên punika dipun patêdhani pamulangan probêl, saha dipun wontêni pamulangan kasatriyan, bokmanawi ing wingking wontên malih yayasan-yayasan utawi pamanahan ingkang tundonipun dados sarana supados anak-anak panjênêngan sagêda dados tiyang ingkang utami, nanging bilih botên mulat ing

--- 138 ---

sabên dintênipun, têgêsipun botên anjagi dhatêng anak-anak panjênêngan, dhatêng lampah kasaenan wontên ing padunungan panjênêngan piyambak-piyambak, badhe taksih matosi, bilih anak-anak panjênêngan dèrèng sagêd tumanêm lêlumban jaman kamajêngan tamtunipun ingkang kita tuju, sagêda andayani hayuning karaton sarta nagari Surakarta Adiningrat.

Ing wasana kumisi nyuwun ing Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, kaaturan bikak kagungan dalêm pamulangan probêl.

Tumuntên kasambêtan Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi ambikak pamulangan, kirang langkung makatên:

Kula nuwun, ing dintên punika kaparênging karsa dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, iyasan dalêm pamulangan probêl kabikak, sarta kapatêdhan nama pamulangan Pamardi Putri, lajêng ngunjuk wilujêngipun bikaking pamulangan, kaurmatan ungêling gôngsa Carabalèn saha sêtrik orkès, sakèndêlipun pakurmatan, kasambêtan pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda ngaturakên panuwun anggènipun santana dalêm kaparingan pamulangan probêl kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Pangarsaning komisi pamulangan Pamardi Putri, sarta Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, awit saking namaning pakêmpalan Narpawandawa, ing dintên punika kula anggêp dintên sae, dene bikakipun yasan dalêm pamulangan Pamardi Putri, pancèn sampun lami anggènipun Narpawandawa angajêng-ajêng wontênipun pamulangan kangge lare alit sadèrèngipun sagêd malêbêt pamulangan andhap, amargi manawi lare ujug-ujug lajêng malêbêt pamulangan andhap pancèn rêkaos, dados kêdah mawi kasinau sakêdhik-sakêdhik rumiyin, môngka ingatasipun jaman sapunika tumrap lare, inggih amung pasinaon ingkang kenging kula wastani margi agêng utawi dhêdhasaring panggayuh dhatêng kamajêngan, mila sarêng Narpawandawa mirêng manawi Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana iyasa pamulangan punika, kagêm putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, sarta sadaya santana dalêm kaparêng anglêbêtakên anakipun [a...]

--- 139 ---

[...nakipun] andhèrèk sinau, andadosakên bingahing manahipun para santana dalêm, dene Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana tansah anggalih ajêngipun santana dalêm, amargi ing wêkdal punika ingkang kamanah parlu botên amung para santana dalêm, nanging ugi sadaya bôngsa Jawi manah ajênging bôngsa kêdah lêlambaran pasinaon, pamujinipun Narpawandawa, mugi-mugi adêgipun pamulangan Pamardi Putri punika, kadugèna punapa ingkang sinêdya lastari botên wontên satunggal punapa, sarta mugi-mugi tansah wêwah-wêwaha wontênipun pasinaon, utawi sanès-sanèsipun sih dalêm dhatêng para santana, sagêda andayani anggampilakên gêsang sarta panggêsanganipun saha ambiyantu ngluhurakên karaton dalêm Surakarta tuwin bôngsa Jawi, minôngka pungkasaning atur kula, Narpawandawa ngaturakên gênging panuwun konjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, mênggah salajêngipun konjuk kauningan kula amborongakên Bandara Pangeran Angabèi. Lajêng kasambêtan Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya minôngka wakiling tiyang sêpuhipun lare-lare ingkang sinau, ugi ngaturakên panuwun, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Pangarsaning kumisi, sanadyan kala wau pangarsaning Narpawandawa sampun amêdharakên sabda bab bingahing pakêmpalanipun para santana dening Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun samangke kaparêng iyasa pamulangan Pamardi Putri, rèhne kula punika samangke inggih gadhah anak ingkang kula lêbêtakên pamulangan Pamardi Putri wau, bokmanawi botên kalèntu bilih kula sumêngka canthèl atur ing pangarsaning kumisi, awit saking namanipun para tiyang sêpuhipun rare-rare ingkang sami sinau ing pamulangan ngriki, ngaturakên gênging panuwun saha pamundhi anggèning Sampeyan Dalêm sampun kaparêng iyasa pamulangan rare kangge anakipun para putra santana sadaya, adêgipun pamulangan punika sakalangkung anyarêngi môngsakalanipun sayêktos, dening wêktu samangke bôngsa kita Jawi, langkung malih para putra santana dalêm sawêg sami mêmpêng -mêmpêngipun nyinaokakên para anakipun.

Kawontênan ingkang makatên punika anjalari bingahing manah kula, jalaran sampun têtela sangêt bilih kasagêdan punika prasasat sagêd andhatêngakên panguwasa, punapa malih tumrap ing jaman sapunika. Mila bôngsa kulit pêthak sapriki [sapri...]

--- 140 ---

[...ki] namung tansah kuwasa punika botên liya inggih namung saking anggènipun sami pintêr-pintêr, dene sarananing pintêr botên liya namung saking sinau, sinau makatên manawi dipun wiwiti saking alit, adatipun wohipun langkung agêng, dene pasinaonipun rare makatên sagêd dipun saranani kalayan dolanan rumiyin, dangu-dangu lajêng sagêd atul.

Pangarsa, wontên paribasan Walandi ingkang bokmanawi sae kula tandukakên sasorah kula ngriki, inggih punika: Wie het heden heeft, heeft de toekomst, Jawinipun: sing sapa bisa mêngku jaman saiki, bakal kuwasa jaman ing têmbe, mila bingahing manah kula wontênipun pamulangan Pamardi Putri punika, botên liya kajawi namung gadhah pangajêng-ajêng mugi-mugi paribasan Walandi wau sagêda tumanduk yêktos dhatêng anak-anak kita ingkang sami sinau wontên ing ngriki, minôngka tutuping atur kula mugi pangarsaning kumisi kaparênga ngaturakên panuwun pamundhinipun para bapakipun lare-lare ingkang sami sinau ing Pamardi Putri, konjuk Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Tumuntên lumadosipun jog sampanyê, sarêng sampun waradin, Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, awit saking wadananing putra santana dalêm, ngajak ngunjuk wilujêng dalêm, kaurmatan ungêlipun bom rambah kaping 11 sarta ungêling gôngsa Carabalèn saha sêtrik orkès, gêndhing pakurmatan dalêm.

Sakèndêlipun pakurmatan, wisesa lajêng ngacarani para tamu mriksani griya pamulangan, saha murid dipun irit malêbêt dhateng kamaripun piyambak-piyambak, sami kaparingan ngombe minuman, salêbêtipun mlampah-mlampah para tamu kaladosan minuman saha sês.

Sêtrik orkès lajêng kaungêlakên, sasampuning waradin anggènipun sami mirsani kamar-kamar, para tamu lajêng dipun gambar rumiyin, lajêng para murid, sawatawis para tamu lajêng bibaran.

Ôngka 8, Pranatane Pêpatih Dalêm Katitimasan Kaping 29 Marêt 1924, Ôngka 465

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, kang wus kapatêdhan panguwasa [pa...]

--- 141 ---

[...nguwasa] dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta wus sarêmbug lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki:

Pranatan panata pamêtune putra santana dalêm, kang parlu katata pamêtune jalaran saka boros, tansah katon busuke, utawa kang owah èngêtane.

Bab 1

1. Sarupane putra santana dalêm tumêka canggah, iku manawa boros, utawa tansah katon busuke, utawa owah èngêtane padha kêna katata kauripane.

2. Panyuwunan supaya katata kauripane mau kêna saka kang bakal katata kauripane dhewe utawa saka bapa biyunge sapandhuwur utawa anak putune sapangisor, mangkono uga saka sadulure saka bapa paman utawa nakdulure, saka bojone, utawa saka abdi dalêm wadana jaksa.

Bab 2

1. Panyuwunan mau katur pêpatih dalêm lumantar panggêdhe utawa wadanane kang nyuwun utawa kang disuwunake, layang paturan mau amratelakna sabab-sababe kang têrang, sarta yèn ana saksine uga pratelakna ing paturan kabèh, mangkono uga ngêmot prabot-prabot liyane kang pinikir kêna kanggo wêwaton amarêngake.

2. Pêpatih dalêm satampane paturan kaya unine bab 1 ing dhuwur, banjur amaringake marang pangadilan dalêm pradata gêdhe supaya katindakake papriksane.

3. Pangadilan dalêm pradata gêdhe satampane layang mau wajib tumuli ngrêmbug ing pasamuwan pradata, parlu amariksa apa kang kasuwunake katata mau têmên parlu katata kauripane, jalaran saka boros, tansah katon busuke, utawa owah èngêtane.

4. Saksi-saksi kang parlu didangu dhisik iku akrap kang cêdhak, sêpêne akrap lagi kêna mariksa saksi wong liya.

5. Bojone kang disuwunake ditata kauripane iku uga wajib dipriksa.

--- 142 ---

Bab 3

1. Palapurane papriksan kang kasêbut ing bab 2 iku kagawe turunan 2 iji, kang siji katur ing pêpatih dalêm, kang siji diparingake marang kang disuwunake ditata kauripane mau, sarta banjur ditarik lan dipariksa dhewe, kajaba yèn miturut papriksane saksi lan prabot liyane panyuwunan mau têtela ora pantês diparêngake. Yèn parlu kang nindakake pradata utawa kongkonane kêna têka ing omahe kang dipriksa.

2. Yèn kang disuwunake arêp katata, sawuse diparingi turunan palapuran kaya kang kasêbut adêg-adêg 1 ing dhuwur, ditimbali bakal didangu, môngka têtela amakewuh, iku prakarane kêna diputus, tanpa dipariksa.

Bab 4

1. Sawuse rampung papriksane kabèh sarta pangadilan dalêm pradata gêdhe nêtêpake panyuwunan mau pantês diparêngake, tumuli namtokake kang kapatah dadi waline kang ditata kauripane mau, sarta banjur anguwasani marang rajadarbèke kabèh.

2. Sadurunge namtokake kang dadi wali turunan karampungane pangadilan dalêm pradata mau, kudu diladèkake marang nagara dhisik.

3. Kang kapatah dadi wali iku sabisa-bisa anjupuka salah sijine akrap kang cêdhak, sarta kang sakira bisa nindakake.

4. Yèn ora ana ahli waris kang kaduga sarta nyukupi dadi wali, pradata bakal matah marang paprentahan, nindakake kuwajiban dadi wali.

5. Yèn kang kapatah dadi wali salah sawijine ahli waris, sadurunge tumindak, kajibah ananggungake omahe, utawa barang darbèke liyane kang pantês ajine.

6. Sadurunge wali kang kapatah mau nindakake wajibe kang bakal ditata kauripane mau, kudu diparingi tatêdhakaning layang karampungane dhisik.

Bab 5

1. Yèn kang disuwunake katata kauripane mau santana dalêm tumêka wayah,

--- 143 ---

utawa kang pangkat kaliwon sapêpadhane sapandhuwur, sadurunge kalakon katêtêpake, kudu mawa kasuwunake lilah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan dhisik, lumantar pêpatih dalêm.

2. Layang karampungan kang kasêbut ing bab 4 ing dhuwur, iku kudu tumuli dipacak ing layang kabar paprentahan, mawa katrangan sapa kang kapatah dadi waline.

Bab 6

1. Kang kapatah dadi wali iku kawajiban tansaha mikir paedahe kang diwalèni kayadene tumrap awake dhewe, sarta kang ditata kauripane mau banjur dumunung dadi rarêksane lan têtanggungane.

2. Pangadilan dalêm pradata gêdhe wajib tansah angulat-ulatake tumindake wali mau, kajaba iku yèn kang dadi wali salah sawijine ahli waris, nagara uga kajibah angulat-ulatake.

Bab 7

1. Kang kapatah dadi wali iku sajrone 10 dina saka titimasa pamatahe, kawajiban anulisi kamot ing layang pratelan, kabèh barang darbèke kang diwalèni sarta banjur kaladèkna marang pangadilan dalêm pradata gêdhe.

2. Kabèh pamêtune kang ditata kauripane iku kudu ditampakake marang waline, dene kang ditata kauripane bakal tômpa mung kanggo ing sacukupe uripe. Miturut rêrigêne waline.

3. Yèn kapatah dadi wali parlu angêdol salah sawijine barang darbèke kang diwalèni kanggo nyampêti pangan lan kabutuhan ing sadina-dinane, iku kudu nyuwun lilah marang pangadilan dalêm pradata dhisik.

4. Ing sabên pungkasane taun, kang kapatah dadi wali, wajib gawe palapuran marang pangadilan dalêm pradata gêdhe, bab sakèhing tindake sarta barang utawa dhuwit kang ditindakake. Mangkono uga yèn wus arep mari diwalèni, sarta banjur kawajiban masrahake barang-barang kang ditindakake mawa pratelan kang têrang, marang kang mêntas diwalèni mau.

--- 144 ---

Bab 8

Putra santana dalêm kang wus diputus ditata kauripane iku wiwit titimasa pamacake ana ing layang kabar paprentahan, ora kêna gawe prajanjian, utawa nampani pawèwèh utawa duwe sanggêman ing sadhengaha sabab lan nalare. Yèn ana wong kang mêksa anêrak gawe prajanjian, nampakake barang utawa dhuwit, utawa nampani sêsanggêman saka kang ditata kauripane sapiturute, iku prajanjian utawa sêsanggêman lan pawèwèh mau dibatalake.

Bab 9

Lawase wêwangên ditata kauripane iku tumêka yèn kira-kira wus bisa nata ing kauripane dhewe, kalakone sarana disuwun salah sawijine kang kasêbut ing bab 1 utawa waline, sadurunge pangadilan dalêm pradata marêngake, mawa papriksan kaya kang kasêbut ing bab 3 sarta uga banjur kapacak ing layang kabar paprentahan.

Bab 10

Satumapake pranatan iki, sakabèhing dhêdhawuhan sarta pranatan kang sulaya surasane kaanggêp wus kasuwak.

Bab 11

Pranatan iki tumapake ing dina candhake titimasa ênggone kaundhangake.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 29 Marêt 1924.

Utawa kaping 22 Ruwah Je.

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati W. G. Jayanagara.

Kaundhangake tanggal kaping 4 Mèi 1924.

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati W. G. Jayanagara.