Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 11, kaping 24 Rabingulakir Wawu 1857, utawi kaping 1 Nopèmbêr 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Wara-wara

Anusuli wara-waranipun pangrèh katitimasan kaping 1 Sèptèmbêr 1926 (ing organ ôngka 9 kaca 122) supados para warga sagêd têrang panggalihanipun dhatêng palapuranipun panitya ingkang manah kawontênanipun kagungan dalêm rad nagari, mila wêdalipun organ punika ngêwrat turunan pranatan dalêm bab kawajibanipun rad nagari, sarèhning papanipun rupak, ewah-ewahanipun pranatan dalêm wau badhe kapacak ing organ wêdalipun wulan ngajêng.

Kajawi ing nginggil, para warga ingkang sami walêd pambayaripun arta kontribisi ingkang sampun kapurugan kengkenanipun artaka marambah-rambah mêksa dèrèng maringi, lajêng badhe botên dipun caosi organ rumiyin, ing têmbe bilih sampun botên walêd tuwin ajêg pambayaripun, lajêng dipun caosi organ malih, amila para warga ingkang sami rumaos walêd, kaparênga lajêng nglunasi tumuntên, dene manawi [mana...]

--- 146 ---

[...wi] para warga ingkang sampun dangu botên dipun sowani lopêr, kaparênga maringi katrangan dhatêng artaka II kauningana.

Kaping 1 Nopèmbêr 1926.

Pangrèh.

Tatêdhakan

Ôngka 25. Pranatan dalêm katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1918.

Panjênêngan Ingsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping 10, Komandhuring Ordhê Nèdêrlansê Leyo, Grut Opisiring Ordhê ing Oranyê Nassao, Grut Krèising Ordhê ing Nagara Kamboja, Grut Krèising Krun Ordhê ing Nagara Siyêm, Grut Krèis Twèdhê Grad Pan dhê Ordhê Pan Dhèn Dhubêlêndrak ing Nagara Cina, Grut Opisiring Ordhê Leopol ing Nagara Bèlgi, Ridêr Twèdhê Klas Mèt Dhêstèr Dhèr Konênglêkê Ordhê Pan Pêrdhinstên Pan Sin Migaèl ing Nagara Bèiyêrên, Ridêr Twèdhê Klas, Mèt Dhêstèr Dhèr Ordhê Pan Dhên Rodhên Adhêlar ing Nagara Prèisên, Komandhur Mèt Dhêstèr Dhèr Ordhê Prans Yosèp ing Nagara Ustênrik, Komandhur Mèt Dhêstèr in Dhê Ordhê Pan Hèndrik, Dhê Leo Pan Trinêswèik sarta Jendral Mayoring Wadyabalane Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nagara Nèdêrlan, Ingkang Akadhaton ing Nagara Surakarta Adiningrat.

Sawuse anggalih anane rad nagara ing saiki, apa manèh panampane rad nagara kang dianggêp ing wêktu iki tumrap marang pagawean wajibe, mirit tumindake kang wus kalakon têtela durung bisa mulih lan parlune ênggone karaton ingsun ing Surakarta ingsun adêgi nagara, sarta awit saka iku parlu ambangun manèh tatananing rad nagara, apa manèh kawajiban lan wawênange, kaya kang kasêbut layang pranatan ingsun katitimasan kaping 27 Rêjêb taun Be 1840, lan kaping 6 Rabingulawal taun Ehe 1844.

Marmane ing mêngko kaparênging karsaningsun mupakat lan bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, pranatan ingsun karo pisan kasêbut ing dhuwur mau ingsun suwak, sarta ingsun andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki:

--- 147 ---

Bab 1

Ing karaton ingsun ing Surakarta ingsun adêgi rad nagara, presidhène siji, lide papat.

Bab 2

Kang dadi presidhène rad nagara iku Pangeran Adipati Anom, sadurunge ana Pangeran Adipati Anom, kang ingsun karsakake makili wadananing putra santananingsun salah sawiji saka parêng ingsun.

Para liding rad nagara iku ingsun kang anêtêpake, mupakat lan bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Kang ingsun karsakake dadi liding rad nagara iku mung putra santana sarta bocah ingsun, apadene kawulaningsun, kang wus umur 32 taun, durung tau kêna prakara kang karampungane kudu dipatrapi paukuman kang mirangake, sarta kang inganggêp wus bisa nimbang parlu-parluning nagara kalayan titi, têmên-têmên lan sucining ati, sarta bisa angunjukake pamrayoga kang wus katimbang kalawan matêng.

Salah sawijining lid bakal ingsun piji dadi pisê presidhèn.

Bab 3

Para liding rad nagara iku têtêpe ingsun wangêni: 3 taun têrusan miturut pananggalan Walônda, sapundhate wêwangên 3 taun mau rad nagara bakal ingsun têtêpi lide manèh miturut wêwaton kang kasêbut bab 1 sarta 2.

Lid-lid kang wus kabênêr lèrèn iku kêna ingsun têtêpake dadi lid manèh.

Sadurunge ganêp 3 taun, manawa ana lid kang lowong, banjur bakal ingsun têtêpi gêgêntine, nanging mung tumrap sakurange wêwangên têlung taun mau, dene ênggon ingsun nêtêpake gêgêntine mau uga miturut wêwaton kang kasêbut ing bab 2.

Bab 4

Presidhèn lan lide rad nagara, padha ingsun paringi tulah kèhe nyatus rupiyah, ing dalêm sêsasi, kajaba iku sabên milu parêpatan ingsun paringi pituwas, nglimang rupiyah, ananging pituwase mau ênggone maringake sabên têlung sasi sapisan, [sapi...]

--- 148 ---

[...san,] sarta panyadhonge kudu kamot ing layang dheklarasine rad nagara.

Bab 5

Rad nagara bakal ingsun paringi kanthi sèkrêtaris siji, têtêpe mupakat lan bapa kanjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sèkrêtaris mau ingsun pangkat panèwu, ingsun paringi balônja kawitan sêsasi 100 rupiyah, mawa undhakan 4 rambahan pêndhak rong taun sapisan, kèhe: 25 rupiyah ing dalêm sêsasi, sabanjure rong rambahan manèh pêndhak têlung taun sapisan, kèhe: 50 rupiyah, ing dalêm sêsasine, dadi pantoging balanjane sèkrêtaris mau: 300 rupiyah ing dalêm sêsasi.

Manawa balanjane wus 300 rupiyah utawa luwih ing dalêm sêsasine, sèkrêtaris mau kêna ingsun pangkat kaliwon.

Enggon ingsun maringi undhakan balônja mau amung yèn têtela sarêgêp sarta anyukupi marang pagawean wajibe.

Sabên-sabên rad nagara parêpatan, sèkrêtaris kudu milu, ananging sèkrêtaris mau ora kalêbu dadi liding rad nagara.

Bab 6

Manawa ana panyuwune dhewe utawa ana sababe kang parlu, sawuse ingsun sarêmbug lan bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, para liding rad nagara utawa sèkrêtarise iya bakal ingsun parêngake panyuwune lèrèn utawa ingsun lèrèni.

Bab 7

Layang-layang kang saka rad nagara, iku kudu mawa tandha-tangane presidhèn lan sèkrêtaris.

Bab 8

Mungguh wajibe rad nagara, iku ngunjukake panimbang lan rêmbug pamrayoga, konjuke ing panjênêngan ingsun kudu kamot ing layang.

Rad nagara wajib ngunjukake panimbange tumrap sakabèhe rèngrèng pranatan, rêrantaman lêbu-wêtune dhuwit nagara lan layang petungane wragad sarta pangasilane nagara, [naga...]

--- 149 ---

[...ra,] sarta manawa ana karsaningsun utawa bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta kang lumantar ingsun, amundhut rêmbuge rad nagara tumrap sadhengah parlu, iku rad nagara kudu angunjukake rêmbug pamrayoga.

Rad nagara ingsun paringi wawênang angunjukake rêmbug pamrayoga kang makolèhi paedahing karaton ingsun ing Surakarta.

Bab 9

Manawa panêmune parêpatan ora bisa sarujuk, iku panêmune kang gèsèh karo panêmu liyane kang kagolong akèh dhewe, iya kudu konjuk ingsun kamot ing layang.

Manawa ana pamundhut ingsun utawa bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta mêtu saka panjênêngan ingsun, iku rad nagara kudu angunjukake turunane pèngêtan kang parêpatane kalawan ganêp.

Bab 10

Panêmune presidhèn lan panêmune lid, iku kaetung padha bae, ananging saupama ana drêdahing panêmu, môngka kang drêdah mau padha kèhe, iku kang dadi wêwatone karampungan panêmu kang dirujuki presidhèn.

Manawa parêpatan, môngka kang wênang angrêmbug cacahe kurang saka têlu, iku karampungane rad nagara ora kaanggêp apsah.

Bab 11

Pranatan wêwaton tumindaking pagaweane rad nagara, iku ingsun kang nêtêpake sarêmbug lan bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Bab 12

Yèn ana parlune rad nagara ingsun lilani jaluk katrangan marang sadhengaha liyane kang dadi lid, katrangan mau kêna kamot ing layang utawa ijoan, sarta rad nagara uga ingsun lilani anjaluk têkane kang kinira bisa awèh katrangan mau supaya milu parêpatan.

Bab 13

Presidhèn lan lide rad nagara, apa manèh sèkrêtarise padha ingsun sumpah

--- 150 ---

ana ing ngarsaningsun, dene sumpahe mau kaya ing ngisor iki.

Kawula asupata, anggèn kawula kakarsakakên dados presidhèning (liding) rad nagari ing karaton dalêm Surakarta, punika botên mawi sarana kasagahan, pisungsung utawi pawèwèh, punapadene botên mawi sarana badhe nyagahi, badhe misungsung utawi badhe suka pawèwèh sadhengaha ing sêsêrêpanipun, dhumatêng sintên kemawon ingkang nindakakên paprentahan utawi botên, alantaran tiyang sanès utawi mêdal saking kawula piyambak.

Kawula asupata, salêbêtipun kawula anglampahi dados presidhèning (liding) rad nagari, kawula botên badhe nindakakên punapa-punapa ingkang sarana mawi nampèni kasagahan utawi pawèwèh saking sadhengaha, lantaran tiyang sanès utawi kawula tampèni piyambak.

Kawula asupata badhe sêtyatuhu saha sumungkêm ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Kawula asupata, badhe nglampahi wajib kawula kalayan eklasing manah suci, sagaduging manah kawula, kawula badhe nindakakên tuwin ngunjukakên panimbang sarta rêmbag pamrayogi, murih indhaking karaharjanipun karaton dalêm Surakarta.

Kawula asupata, temên-têmên angèstokakên sadaya undhang tuwin pranatan ingkang tumindak ing karaton dalêm Surakarta, sarta tumrap ing samukawis bab, kawula tansah badhe anindakakên kados punapa lêrêsipun presidhèning (liding) rad nagari ingkang utami sarta suci manahipun.

KanulaKawula. asupata, badhe angêkêr samukawis ingkang kabêkta saking nalaripun, utawi kadhawuhakên kêdah winadi.

Para liding rad nagara kang sawuse lèrèn, ingsun karsakake dadi lid manèh, iku iya ingsun sumpah manèh.

Bab 14

Sakèhing wragad kang kagawa saka adêging rad nagara, iku pêpatih ingsun sabên taun kudu anglêbokake ing rêrantaman lêbu-wêtune kagungan ingsun dhuwit nagara.

Sabên taun lat-late ing tanggal 1 Juli rad nagara kudu ngirimake rêrantaman bakal [ba...]

--- 151 ---

[...kal] waragade marang pêpatih ingsun.

Bab 15

Tumapake layang pranatan ingsun iki, ingsun tamtokake ing tanggal sapisan Januari, taun sèwu sangang atus sangalas.

Dhawuhing pangandika dalêm, ing dintên Sênèn, tanggal kaping 23 wulan Dulkijah ing taun Be angkaning warsa 1848.

Ngayawara

Manawi sagêd kangge anjêmbarakên kawruh

Prajangjianipun para nata ing Indhiya Nèdêrlan punika ingkang ngarang para residhèn ingkang ambawahakên wawêngkon karajan ngriku, mawi dipun suwunakên idi dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral. Manawi sampun kaidèn, lajêng katawèkakên dhatêng ingkang kawogan, sasampunipun dipun tapak-astani panjênêngan nata, kasaksèn para agêng sarta residhèn, manawi tumrap ing tanah Jawi adatipun: patih, bupati nayaka, kangjêng pangeran sêpuh kêkalih, lajêng dipun sahi dening gupêrnur jendral kasêksèn algêminê sèkrêtaris. Prajangjian wau kadamêl dados tiga, satunggal minôngka simpênanipun nata ingkang damêl prajangjian, satunggal kasimpên tuwan residhèn, satunggalipun katur dhatêng paduka gupêrnur jendral, tatêdhakanipun lajêng katur ministêr jajahan ing nagari Walandi. Miturut wêwaton tatanan Indhiya Nèdêrlan enggal (Indische Staatsinrichting) bab kaping 34 adêg-adêg 3 namtokakên gupêrnur jendral mratelakna dhatêng rad kawula (Volksraad) sadaya prajangjian ingkang kadamêl kalihan para ratu utawi para bôngsa (Inlandsche vorsten en volkeren) samantên wau manawi kagalih botên badhe andamêl ribêtipun Indhiya Nèdêrlan.

Sasampunipun tatêdhakan wau dhawah ministêr, ministêr lajêng ngunjuki wuninga ing sri maharaja, amargi miturut Grondwet (wêwaton baku) bab kaping 60 adêg-adêg 1 sri maharaja punika ingkang ngasta pusaraning praja Indhiya Nèdêrlan, Surinamê sarta Kurasao, ingkang inggil pyambak (Opperbestuur) sri maharaja, lajêng paring

--- 152 ---

sumêrêp dhatêng Staten Generaal kalêbêt wontên ing pratelan dalêm taunan, kados ingkang katêtêpakên ing wêwaton baku wau ugi bab kaping 60 adêg-adêg 3 sarta bab kaping 34 adêg-adêg 2 ing wêwaton tatanan Indhiya Nèdêrlan kasêbut nginggil. Makatên punika manawi kagalih botên andadosakên ribêtipun Indhiya Nèdêrlan. (... . zoodra Hij oordeelt dat het belang en de zekerheid van het Rijk en van Nederlandsch Indië zulks toelaten.)

Wontênipun Staten Generaal manawi parlu prajangjian wau karêmbag limrahipun botên karêmbag, amargi sampun dipun pitadosakên para narapraja ingkang kawogan ing Indhiya ngriki, dene ungêl-ungêlanipun prajangjian wau sanadyan botên karembag, tamtu kalêbêtakên minôngka lampiranipun pèngêtan parêpatan Staten Generaal (bijlage der Handelingen van de Staten Generaal) awit saking punika prajangjian wau dede wados.

Punapa ta sababipun dene kita tiyang Surakarta, botên nate nyumêrêpi prajangjianipun ratu pêpundhèn kita piyambak? Makatên punika botên kita tiyang Surakarta kemawon, limrahipun para têtiyang siti pancèn inggih botên sami nyumêrêpi, dene sababipun:

1. Prajangjian punika limrahipun kraton-kraton kangge wados.§ Mila kala alitan kula wontên abdi dalêm ingkang gadhah turunan prajangjian, punika botên amung kangge wados kemawon, malah dipun pundhi-pundhi pinindha jimat. Sarêng anakipun wiwit andarêgil rêmên maos sêrat-sêrat kapranggul maos sêrat-sêrat punika, kawênangan kalihan bapa, sêrat wau lajêng karêbat, tur botên lajêng kèndêl karêbat kemawon. Kajawi anakipun dipun srêngêni, sêrat wau lajêng kaaturakên dhatêng ingkang wajib sanalika ugi. Red.

2. Awit saking kita botên maos sêrat pawartos Walandi, ingkang adatipun ngêwrat sakathahing prajangjian ingkang sampun kasiyarakên dening Staten Generaal.

3. Awit saking kita botên maos pèngêtanipun parêpatan Staten Generaal. Dados saupami wontên salah satunggalipun têtiyang Jawi ingkang ajêg maos sêrat pawartos Walandi, agêngipun lêngganan pèngêtanipun parêpatan Staten Generaal sampun tamtu sagêd sumêrêp sadaya rêmbag-rêmbagipun ing ngriku, kalêbêt suraosing prajangjian-prajangjianipun para ratu ing Indhiya ngriki, kajawi punika

--- 153 ---

wontên malih sêrat ingkang ugi kenging kangge ngupadosi pamawasipun gupêrmèn Indhiya tumrapipun siti wutah rah kita, kawastanan: Koloniaal Verslag inggih punika plapuranipun taunan gupêrnur jendral, dhatêng ministêr jajahan tumrap pangastanipun pusaranipun praja ing Indhiya ngriki, nanging sêrat wau sasumêrêp kula botên nate ngêwrat prajangjian, namung bab kawontênan kados ta upaminipun ing Surakarta: surutipun panjênêngan dalêm nata, Kangjêng Gusti Mangkunagara, para putra dalêm, jumênêngan ratu, têtêpan sarta lerehan patih, kathah-kêdhikipun kadurjanan, kabêsmèn, ramening pakêmpalan-pakêmpalan, kendhangipun para agêng utawi para panuntun lan sasaminipun, punika ugi sagêd lêngganan, pamêlingipun dhatêng 'sLands depot voor Leermiddelen ing Wèltêprèdhên, pengêtan parêpatanipun staten Generaal kasêbut nginggil, ugi sagêd lêngganan, pamêlingipun dhatêng staten Generaal pyambak ing nagari Walandi.

Mangsuli bab prajangjian. Prajangjian punika warni kalih, satunggal prajangjian jumênêngan, satunggalipun prajangjian sanès-sanèsipun, kados ta: sanggêm midana sadaya tiyang ingkang ngrisak kawat tilgram (P.B. IX) masrahakên pangadilan, siti Sela sarta Gêtas Ngasinan (P.B.X) masrahakên siti Banyumas, Blora, Kêdhiri, lan sanès-sanèsipun (P.B. VII) masrahakên kajêng jati tuwin sanggêm botên ngingah prajurit langkungipun saking tiyang 1000. (P.B. IV) lan sasaminipun, wondene prajangjian jumênêngan punika adatipun ugi warni kalih, satunggal ngajêngakên jumênêng, limrahipun winastan politiek contract isinipun sêsanggêman warni-warni, satunggalipun kaasmanan wêktu jumênêng nata, limrahipun winastan acte van verband isinipun namung nyanggêmi jumênêng kalihan ngadil, ngajêngakên dagang sarta têtanèn lan sasaminipun, wiwit rumiyin dumugi sapunika sarta ing pundi-pundi ungêlipun mèh sami kemawon, dados gampilanipun acte van verband punika namung prasasat sarat kemawon, ingkang nama baku polietiek contract.

Miturut kawontênan kasêbut nginggil, bokmanawi botên susah kapratelakakên malih bilih têbanipun prajangjian-prajangjian wau wiyar sangêt, amargi kajawi prajangjian ingkang dipun asmani dening ratu ing wêktu samangke taksih jumênêng,

--- 154 ---

prajangjianipun para ratu ingkang rumiyin-rumiyin taksih gêsang, ewadene sadaya punika mêksa dèrèng sagêd mêngku sadaya kawontênan, dados têgêsipun mligi prajangjian punika dèrèng sagêd anyukani waton agêng aliting wawênangipun nata ingkang ngasmani prajangjian wau, amargi sajawinipun prajangjian punika kathah sangêt rêmbag-rêmbag utawi sêsanggêman-sêsanggêman, ingkang dumadosipun namung sarana sêrat utawi ijêman. Punapadene mêwahi, ngowahi utawi nyuwak sêsanggêman ingkang sampun kalêbêt ing prajangjian, kados ta: bab wontênipun pèlpulisi, wontênipun tatanan bab kawula (onder hoorigheden) punika namung sarana sêratan, wontênipun paduka residhèn lastantun songsongan, tuwin kapêthuk kreta manawi sowan opisil malêbêt, wiwit suwakipun payung cara narapraja Walandi (hormat Circulaire van Heutz) sêrat sarta ijêman kemawon. Mila manawi badhe nyumêrêpi sapintên jêmbaring wawênangipun para karajan Jawi punika, botên rampung maligi sumêrêp prajangjian kemawon, nanging ugi kêdah sumêrêp lêlampahan sanès-sanèsipun, punapadene mangrêtos dhatêng kawruh pangulahing pangrèh praja (staatsrecht) amargi punika kawruh ingkang nyariyosakên warni-warnining wajib wawênanging praja lan sasaminipun, awêwaton kawruh umum ing sadonya. Kas.

Pêthikan Saking Staatsblad 1926 No. 139-140

Bab 153 bis.

Tiyang ingkang nglairakên pikiranipun kalayan kamaha sarana ngangge têtêmbungan, ngangge sêratan utawi sarana kapêtha ing gambar, sanadyan suraos utawi kajêngipun botên patosa mêlok (samar) utawi ngangge têmbung pasêmon, ingkang gadhah kajêng mêmuji utawi anuwuhakên napsu kangge angribêdi tata-têntrêm, utawi ngrêbahakên punapadene anglawan paprentahan ing Nèdêrlan, utawi ing Indiya Nèdêrlan, kaukum kunjara lami-laminipun 6 taun utawi kadhêndha kathah-kathahipun f 300,-

--- 155 ---

Bab 153 ter.

Tiyang ingkang anggiyarakên sêrat utawi gambar, anêdah-nêdahakên utawi anèmplèk-nèmplèkakên ing panggenan ingkang umum supados suraosipun utawi kajêngipun sagêda sumêbar, utawi sumêbaripun wau sagêda langkung wiyar, sanadyan suraos utawi kajêngipun sêrat utawi gambar wau botên patosa mêlok (samar) utawi ngangge têmbung pasêmon, ingkang gadhah kajêng amêmuji utawi anuwuhakên napsu kangge angribêdi tata-têntrêm utawi angrêbahakên punapadene anglawan paprentahan ing Nèdêrlan, utawi ing Indhiya Nèdêrlan, kaukum kunjara lami-laminipun 5 taun, utawi kadhêndha kathah-kathahipun f 300,-

Arjasasmita, 10/8 '26.

Usul

Kula sampun maos andharanipun sadhèrèk Andaga, kawrat wontên Narpawandawa ôngka 8 taun punika, suraos mundhut ramening rêmbag bab têtêngêr tandhanipun santana dalêm, inggih punika insinyê dipun êsahakên dhumatêng parentah nagari, para santana dalêm katêmtokakên ngangge,§ Karanganipun Andaga kawaosa malih. tôndha wau botên kenging pisah sapiturutipun, parlunipun supados manawi kenging prakawis botên angèl urusanipun anggèning kalêbêt wicalaning santana dalêm, pamanggih kula inggih wontên prayoginipun, ananging kula kuwatos ambokmanawi rèbyègipun panata badhe kirang sumbut akalihan paedah utawi kanggenipun, pintên cacahipun para santana dalêm,§ Rèwèl! Pamanggih panjênêngan kapanjangna rumiyin. Samubarang panggalihan punika ingkang dipun galih kathahipun, agêngipun. Santana dalêm saya dangu saya kathah, samangke canggah dalêm kaping II taksih wontên kasusul dumugi kaping II sapunika sampun kagungan buyut. sawontênipun pranatan kados makatên lajêng sami ribut mujudakên insinyê sataun kalih taun bosên, lajêng kasinggahakên malêbêt ing simpênan§ Anggèn panjênêngan ngulur ngantos anggumujêngakên. Awit saking sampun kagungan panggalih makatên, punapa botên sagêd ngicali. Kauningana, risaking tiyang inggih manawi katrajang ama bosênan punika. sataun

--- 156 ---

kalih taun lajêng kasupèn, wêkasan ical jalaran katungkul anggènipun ambujêng panggêsangan, botên niyat anggege utawi andhandhang kenging prakawis§ Saya anggumujêngakên malih, apêsing tiyang dumunung saênggèn-ênggèn, sawanci-wanci, botên kenging kinintên-kintên. sansaya tumrapipun santana dalêm ingkang rumaos kirang sae panggêsanganipun, pancèn niyat mêndhêm kula supados botên angregoni manahipun, tamtu insinyê lajêng dhapur dados ribêd agêng ingatasipun pangupaboganipun para santana dalêm ingkang niyat mêndhêm kula utawi kaplêsit apês§ Rêribêt agêng kadospundi, insinyê kenging dipun gembol wontên kanthongan sêtagèn. ing môngka dèrèng wontên undhang-undhangingunundhang-undhangipun. panjênêngan dalêm nata kêdah paring pangayoman panggêsanganipun para santana dalêm§ Lêrês, pancèn dèrèng wontên dhawuh undhang-undhang ingkang namtokakên, panjênêngan dalêm nata kawajiban angayomi panggêsanganipun santana dalêm. punapadene dèrèng wontên anggêr-anggêr ingkang mêmalangi dhumatêng tiyang mêndhêm kula, sok ugi botên makèwêdi dhumatêng lastarining tata-têntrêm. Awit saking punika dados kula dèrèng patos anyondhongi dhatêng badhe wontênipun insinyê kangge tôndha sahing santana dalêm, dene saking pamanggih kula ingkang kaping kalih sapunika ingkang sayogi anggalih rumiyin prayoginipun tatanan tumindakipun ênggèn lêlêrês utawi pangadilan ingkang anggarap prakawisipun para santana dalêm, anggèning sariranipun manawi manggih aral kenging prakawis bingah dipun adili dening panjênêngan nata Jawi piyambak. Jalaran rumaos badhe angsal pangaji-aji tuwin adil ingkang mulya langkung saking sasaminipun tiyang Jawi ingkang sanès santana dalêm§ Prayogining tatanan upaminipun kadospundi. Red. sagêda karaton dalêm katingal, inggih sagêd damêl tatanan ingkang mêmêt sae adamêl pamarêmipun para ingkang kataman. Ananging punika sanès bageyan kula, apêsipun bageyanipun para bêstir Narpawandawa, kula namung sak mêmuji, mugi sagêda kalampahan kados makatên, angèngêtana pangadilan wajibing nata, nata ingkang ambêg ngadil utawi jêjêg adilipun, agêng ganjaranipun, wusana sumôngga. Pun Ganthol.

--- 157 ---

Ôngka 1316/11 D/3.

Tatêdhakan

Linggihane santana wayah buyut canggah dalêm.

Dhawuh marang para bupati sarta wadana, awit saka prasabêne wadananing putra santana dalêm kiwa tengên, kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lêlinggihane santana dalêm panji wayah buyut manawa seba ing karaton, jagong sapanunggalane têtunggalan karo abdi dalêm prajurit, ngênomi abdi dalêm upsir, iku banjur pakênira waratakna marang karerehan pakênira, dene lêlinggihane manawa têtunggalan karo abdi dalêm panèwu mantri, santana dalêm panji wayah buyut nuwani abdi dalêm panèwu, santana canggah ngênomi abdi dalêm mantri, dhawuh iki kapacak ing kabar paprentahan supaya para abdi dalêm padha sumurup sarta ngèstokake sapêrlune.

Dhawuhing parentah kaping 6 Agustus 1926.

Pêpatih dalêm W. G. Jayanagara.

Garap wisudha, W. G. Prajalukita.

Sampun cocog, Sindusastra

Ingkang nêdhak, Sastraprasaja.

Wara-wara

Awit saking sêratipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 19 Mèi 1924, ôngka 895/IV A/3, sarèhning suraosipun dhawuh undhang-undhang nagari katitimasan kaping 30 Jumadilawal Jimakir 1834 utawi kaping 12 Agustus 1904 ôngka 202 para santana dalêm ingkang botên ngampil pikukuh manawi wontên parlunipun badhe botên kaanggêp santana dalêm, amila para santana dalêm ingkang dèrèng sami ngampil pikukuh sarta ingkang pikukuhipun ical risak sasaminipun, tumuntêna gadhah atur nyuwun pikukuh kalihan katrangan ingkang têrang, sarta lajêng kasimpêna ingkang prayogi, supados ing sawanci-wanci wontên parlunipun, botên katêtêpakên sanès santana dalêm.

Kasêrat tanggal kaping 17 Sawal Be 1854.

Utawi kaping 22 Mèi 1924.

Wg. Kusumadiningrat

--- 158 ---

Pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Wontên Parêpatan Rad Kawula 18 Juni 1926.

(Pêthikan saking Sêdyatama).

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 9.

Sanajan kula sampun bingah ngraosakên ewahing tandukipun parentah, ewadene kula sangêt ngungun, dene dumugi sapriki niyat nêdya nyambut damêl sêsarêngan wau têka dèrèng dipun wujudi, tandhanipun dèrèng wontên wakiling parentah Jawi ingkang katêtêpakên dados warganing panitya, ingkang kêdah nyinau prakawis punika. Ing ngriku wontên saenipun kalih prakawis, punika mêsthi langkung awrat manawi katandhing kalihan kawratanipun parentah badhe nindakakên bab punika, ingkang ugi kasêbut ing wangsulaning parentah. Mênggah kasaenan kalih prakawis wau inggih punika:

1. Panitya wau badhe kathah paedahipun, bilih wiwit mulabukanipun pisan, nalika ngrêmbag sadaya kawrataning pranatan, tumuntên angsal swara saking golongan parentah Jawi, sabab punika sampun paham kawontênanipun, tinimbang rancangan ingkang sampun têtêp, ingkang sampun karêmbag matêng sawêg katêdhakakên pamanggih dhatêng parentah Jawi, rak langkung prayogi dadakan wiwit pandamêlipun pisan angsal rêmbag saking ngriku.

2. Manawi salêbêting panitya wau wontên warganipun saking parentah Jawi, parentah Jawi anggènipun nimbang rancanganing pranatan mêsthi sanès sangêt tinimbang tampi rancangan ingkang sampun rampung saking golongan sanès.

Sadaya sami ngakêni bilih parentah langkung kathah priyantunipun ingkang sagêd ngrêmbag lan mranata prakawis ingkang gawat-gawat kados bab punika, langkung kathah tinimbang priyantunipun parentah Jawi, ananging malah sabab ingkang makatên wau ingkang anjalari prêlunipun, manawi sawatawis priyantun saking parentah Jawi sami dados warganing panitya, supados sagêda tumut sinau lan mangêrtos, pundi nalar ingkang gawat-gawat, lan kadospundi rêmbag-rêmbagipun ingkang wusananipun sagêd dumugi putusan ingkang têtêp. Manawi botên makatên prakawis ingkang angèl tuwin gawatipun samantên punika mêsthi badhe nuwuhakên sêling-sêrêp tumrap para paramparanipun parentah Jawi.

--- 159 ---

Samangke kula badhe ngrêmbag kawrataning parentah anglêksanani panuwun kados pamanggih kula punika, kados ingkang kacêtha ing sêrat wangsulanipun, makatên: wakil satunggal tumrap sadaya paprentahanipun para ratu tiyang siti, ingkang kawontênanipun sami beda-beda sangêt punika tanpa têgês (tanpa pedah).

Minôngka wangsulanipun kawratan nginggil punika kula ngaturakên usul makatên:

Panitya punika warganipun 9, pangraos kula kêkathahên kangge nindakakên pandamêlanipun sarana parêpatan. Môngka warganipun sumêbar sangêt, sagêdipun parêpatan kêdah lêt sawatawis lami, ing sasêla-sêlanipun kêdah wontên panitya alit-alit, utawi bangsanipun punika. Sapunika warga saking parentah Acih saking Sumatra Wetan 1, saking Borneo 2 (wetan 1, kilèn 1), saking Sêlèbês 2 (kidul 1, lèr 1), tanah Jawi 2 (Sala 1, Ngayogya 1), dados manawi makatên inggih nyata sangêt beda-bedaning kawontênan, amila upami kaewahana dhapukanipun inggih botên badhe beda. Ing ngriku warga 9 rak sami kemawon kalihan warga 17, sami dene sagêd pakêmpalan. Warga panitya sawatawis miturut dhapukan sapunika, ingkang botên sami nglampahi piyambak sadaya lêlampahan ing paprentahan raja tiyang siti, sanajan kawruhipun bab punika inggil, mêsthi badhe angsal pitakenan ingkang botên kenging dipun selaki. Prakawis têbihipun para warga wau botên pêrlu dados kawratan. Makatên ugi upami gupêrnur Sumatra Wetan, utawi Sêlèbês dhatêng kêmpalan piyambak, punika sami kemawon kalihan manawi dhatêngipun wau ambêkta wakil saking parentah tiyang siti ngriku. Borneo lajêng badhe angsal wakil ingkang sapunika babarpisan dèrèng wontên. Tumrap ing Sêlèbês sagêd mêndhêt wakil salah satunggal ingkang wontên ngriki. Tumrap parentah Jawi babarpisan tanpa pakèwêd. Warga wolu ingkang kula usulakên punika wontên ing parêpatan sagêd ugi namung sami tumut-tumut (passief) botên sami ngêdalakên nalar piyambak, ewasamantên tumraping para warga wau, utawi tumraping panitya badhe agêng paedahipun, makatên ugi badhe agêng sangêt paedahipun tumrapipun parentah agêng. Saenipun tigang prakawis:

--- 160 ---

1. Sadaya karibêdan ingkang saya dangu saya badhe mindhak lan gampil kaprananipun, manawi lampah kados pamrayogi kula wau badhe angsal putusan ingkang makatên.

2. Paprentahaning para ratu tiyang siti lajêng sagêd ambiyantu nyambut damêl sêsarêngan.

3. Manawi panityanipun kadhapuk kados usul kula punika, parentah ngakêni, bilih prakawis sèlèhing tiyang guprêmenan ing krajanipun ratu tiyang siti punika botên namung prakawisipun guprêmèn, ugi dados urusan kabêtahanipun para ratu wau. Manawi makatên para ratu wau mêsthi badhe pulih piandêlipun.

Taksih wontên sambêtipun.

Rêdhaksi Narpawandawa sampun nampèni Sêrat Lampahan Ôntasena Rabi, mawi sêkar Macapat anggitanipun R. Ng. Sastrasutarma, pamanggihipun rêdhaksi sêrat wau pantês dados waosanipun para prayagung kakung putri, awit pangikêtipun ukara prasaja, prênesanipun kalêbêt alus, saya tumrap para ingkang sami rêmên nyinau nyêkarakên, prayogi maos sêrat wau, botên langkung rêdhaksi Narpawandawa matur nuwun.

Rêdhaksi.

Rahayu wong kang ngèstokake sarta ngabêkti ing Allah, kaya upamane marang bapa.

Sih kamurahane Gusti Allah angluwihi, mulane padha trêsnaa ing Allah ing sajroning kamuktèn lan kasusahan.

Sanadyan manungsa ginanjar bilai utawa kasusahan dening Gusti Allah, karsane mung murih bêcike.