Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 12, kaping 25 Jumadilawal Wawu 1857, utawi kaping 1 Dhesèmbêr 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Rêdhaksi nampèni panjurung têtêdhakan sêratipun pêpatih dalêm katitimasan kaping 9 Sèptèmbêr 1926 ôngka 1887 A/1 kanthi têtêdhakan sêrat saking paresidhenan katitimasan kaping 30 Agustus 1926 ôngka 1136/S sakanthinipun, saking kawadananing putra santana dalêm kiwa, sanadyan ing sêrat sorogan mawi têmbung manawi parlu kaêmot ing organ, têgêsipun manawi rêdhaksi manah botên prayogi kapacak, inggih botên kapacak, nanging pamanahipun rêdhaksi parlu kêdah kapacak, amargi gêgancêngan kalihan pêrluning warga, cêthanipun gêpokan kalihan sariranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Rêdhaksi piyambak sampun dangu sangêt pamirêngipun, bilih ingkang kasêbut ing sêrat wau ngakên dados sêpiyunipun kangjêng tuwan residhèn, pangakên wau dipun ècèr kemawon saênggèn-ênggèn, dados anggènipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mitêrangakên, punika botên mêngku karsa punapa-punapa, dene sêrat-sêrat [sê...]

--- 162 ---

[...rat-sêrat] wau kados ing ngandhap punika:

Ôngka 1887 A/1.

Têtêdhakan

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm kiwa.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng punika têtêdhakan sêratipun kangjêng tuwan residhèn sakanthinipun, bab kabar bilih kangjêng tuwan residhèn damêl sêpiyun wontên ing kadhaton, punika salajêngipun kawradinakên dhumatêng para putra santana dalêm, bilih kangjêng tuwan residhèn botên pisan-pisan saha botên nate tuwin botên nêdya angwontênakên sêpiyun ing kadhaton, kados kasêbut sêratipun kangjêng tuwan residhèn wau, kula amborongakên.

Kasêrat tanggal kaping 9 Sèptèmbêr 1926.

Pêpatih dalêm Wg. Jayanagara.

Garapan A/1 Wg. Suradipura.

Ôngka 1136/S

Sêrat saking kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta dhumatêng pêpatih ing Surakarta.

Brief van den Resident van Soerakarta aan den Rijksbestuurder van Soerakarta.

Samampuning§ Sasampuning. kadya punika wiyosipun, Pangeran Arya Adiwijaya ngaturi uninga ing kula bilih ing salêbêtipun kadhaton wontên kabar bilih Radèn Ayu Bratapinilih miturut cariyosipun piyambak ngakên sêpiyun kula wontên ing kadhaton.

Mij is door Pangeran Ario Hadiwidjojo medegedeeld, dat in den kraton het gerucht loopt als zoude Raden Ajoe Brotopinilih volgens haar eigen mededeelingen mijn spion aldaar zijn.

Awit saking punika kula lajêng dhawuh dhumatêng tuwan asistèn residhèn ing Surakarta supados Radèn Ayu Bratapinilih wau kapriksaa paturanipun, de-

Naar aanleiding van dien gelastte ik aan den Assistent-Resident van Soerakarta die vrouw een verhoor af te nemen.

Het proces-verbaal van dat verhoor gelieve

--- 163 ---

ne prosès prêbal pikantuking papriksanipun kula kintunakên asarêng punika.

U hierbij aan te treffen.

Ing mangke ijêngandika adhêdhawuha tumuntên amradinakên ing kadhaton bilih kula botên pisan-pisan saha botên nate angwontênakên sêpiyun ing kadhaton, kajawi punika kula inggih botên nêdya badhe angwontênakên sêpiyun ing kadhaton.

Ik verzoek U beleefd in den kraton met den meesten nadruk te willen doen bekendmaken en dat wel spoedig dat ik nimmer daar een spion heb aangesteld en ook niet van voornemen ben zulks ooit te zullen doen.

Surakarta kaping 30 Agustus 1926.

Soerakarta 30 Augustus 1926

De Resident van Surakarta (Wg.) Nieuwenhuys.

Voor de vertaling ... Gezien

de Inl. translateur ... de translateur

Wg. Soehadi ... . Wg. J. W. Kilian.

Afschrift

Proces-Verbaal.

Pada hari Senen tanggal 30 Augustus 1926, saya Raden Ramelan, Wadono Politie dalem Kota Surakarta, telah periksa aturanya: Raden Ayu Bratapinilih alias Sadiani.

Maka dia telah menyaut tiap-tiap pertanyaan saya sebagaimana tersebut di bawah ini:

Pertanyaan.

1. Siapakah kamu punya nama, umur brapa taun, klairan dan berumah di mana dan pakerjaan apa?

Penyautan.

1. Raden Ayu Bratapinilih alias Sadiani, janda, umur 32 taun, klairan dan berumah di Baluwarti, Onderdistrict Pasarkliwon, District Kota Afdeeling dan Residen tie Surakarta, pakerjaan tida punya, cumah saja kadang-kadang membantu bikin karangan di Balai Pustaka di Betawi dengan mendapet upahan, yang tida temtu.

Pertanyaan.

2. Benarkah kamu menjadi spionnya Kangjeng Tuan Resident di Surakarta dengan mendapet belanja?

Penyatuan.

2. Saya tida berasa menjadi spionnya Kangjeng Tuan Resident di Surakarta dan tida

--- 164 ---

pernah mendapet wang tentang hal apa saja dari Kangjeng Tuan Resident, dan juga belum kenal pada Kangjeng Tuan Resident.

Pertanyaan.

3. Menurut ketrangan, kamu sudah bilang pada sementara orang-orang, yang kamu mengaku menjadi spionnya Kangjeng Tuan Resident.

Penyatuan.

3. Aturanya orang-orang itu justak, adanya saya oleh orang-orang dikataken spionnya Kangjeng Tuan Resident itu, kira saya saja dari sebab saya ini sering pergi ke kantoor-post perlu buat mengirimken karang- karangan yang misti saya kirimken ke Balai-Pustaka. Tiap-tiap saya pergi ke Kantoor-post itu, jika ditanyak oleh orang-orang, saya menyaut, bahwa saya akan pergi ke Karesidenan, sebab dari perasaan saya itu kantoor-post termasuk golongan kampung Karesidenan, sebab dari dekat letaknya.

Pertanyaan.

4. Apa kamu sudah pernah dateng mengadap pada Kangjeng Tuan Resident di rumah Karesidenan.

Penyatuan.

4. Belum pernah dateng mengadep.

Pertanyaan.

5. Apa kamu ada aturan lagi.

Penyatuan.

5. Ada yaitu kira-kira 3 taun sampei sekarang, saya sudah pernah mengaturken surat permohonan terhunjuk kepada Kangjeng Tuan Resident di Betawi, yang maksudnya saya mohon supaya menjadi pegawai Balai-Pustaka dengan mendapet belanja yang tetap tiap-tiap bulan. Kemudian lantas dapat balesan, tapi dari kantor Balai-Pustaka, yang menerangken jika saya mengirimkan karangan-karangan ke Balai-Pustaka akan mendapet upah (honorarium), yang mana tida dapet, yalah cuma tergantung dari karangan yang saya kirimkan.

Demikianlah proces-verbaal ini dibikin dengan sebenarnya enget di atas sumpah waktu trima pangkat oleh:

Wedono Politie Surakarta

Gezien, hebbende het verhoor in nujne tegenwoordigheid plaats gehad.

De Assistent Resident van Surakarta.

(Wg.) Ament.

Sêsunguting Kasupêkêtan

Trêsna punika wijining rukun tuwuhipun saking têpang, wanuh:§ Punapa botên saking wanuh ingkang tunggil kajêng. Red. têpang jalaranipun saking pinanggih, mila wontênipun sanak-sadhèrèk sami kadunungan katrêsnan punika [puni...]

--- 165 ---

[...ka] jalaranipun botên liya inggih amung anggènipun tansah sêsrawungan wiwit sami alitipun, sanajan dedea sanak-sadhèrèk janjinipun kêrêp sêsrawungan, sami kemawon sagêd katêtangi katrêsnanipun, namung rèhne botên tunggil naluri, katrêsnan makatên punika winastan pawong-mitran, sobat, mitra darma, manawi sampun supêkêt sayêktos, winastan sadhèrèk sinarawèdi, mila manawi sanak-sadhèrèk (familie) ngantos kathah, padununganipun tamtu sumêbar ngantos têbih, punapadene pakartinipun warni-warni ingkang anjalari botên sagêd panggih-pinanggih, katrêsnanipun satunggal lan satunggalipun tamtu inggih kirang, jalaran botên sami têpangipun.

Awit saking punika, pamanggih kula wontênipun santana dalêm wontên ingkang botên kadunungan katrêsnan punika, jalaranipun ingkang sakawit botên liya kajawi namung saking kathahipun, ngantos botên nate sagêd panggih-pinanggih, lajêng botên sami têpangipun wêkasan sirna babarpisan sipating katrêsnan. Mila sapintên kemawon bingahing manah kula dene samangke para putra santana dalêm sami ada-ada pêpanggihan apêsipun sawulan sapisan, kados ta: rêsèpsinipun putra-putri dalêm, wayah dalêm kaping sanga, buyut canggah kaping gangsal sarta sanès-sanèsipun. Ingkang minôngka têtangsulipun agêng pakêmpalan kita Narpawandawa, namung sadaya punika wontên cacadipun sakêdhik dening warganipun taksih kathah ingkang kirang dhamang dhatêng tujunipun pêpanggihan§ Inggih dèrèng têmtu, sagêd ugi namung saking sanès pikajêngan, mila sagêda nyawijèkakên tekad, nanging punapa sagêd. Red. namung kasêngguh yèn pêpanggihan makatên botên wontên paedahipun dening namung tansah gêgujêngan, botên sami pirsa manawi pêpanggihan punika namung kangge sarana kemawon sagêdipun dumugi ing sêdya (middel tot bereiking van het doel) inggih punika rukun, kadosdene idham-idhamanipun Narpawandawa ingkang sampun cinitra minôngka devies sipun eka paksa karya sakti.

Botên bèntên kalihan kalakuan, sasêrêpan utawi sasaminipun, katrêsnan punika manawi anggènipun andhasari wiwit alit, supêkêtipun tamtu langkung sangêt katimbang manawi kapanggih sampun sami sêpuhipun, jalaran raosipun langkung

--- 166 ---

lêbêt, ngantos kenging winastan: nglêka. Ewadene rèhne donya punika kawontênanipun warni-warni sangêt, bôngsa Arab mastani asnapun, tamtunipun inggih wontên satunggal kalih ingkang mlèsèt saking adat kawontênan, têgêsipun mêmitran kalaning alit, sarêng sami agêngipun malah dados sêsatron utawi pinanggih sami sêpuh sarêng sampun têpang sae lajêng dados mitra darma, mila ing basa Walandi wontên paribasan: geen regel zonder uitzondering têgêsipun kirang langkung: ora ana adat sing tanpa mlèsèt.

Miturut wawasan kasêbut nginggil, manawi anggèning sami kêmpalan punika rêsik, botên mamrihakên badan pribadi, nalaripun sagêd maringi conto anak putu kita, ing têmbenipun langkung sagêd supêkêt katimbang kita piyambak, awit saking dhêdhasaring pitêpangan sampun wiwit kalanipun sami sinau wontên ing pamulangan kasatriyan, malah wiwit wulan punika sagêd kaajêngakên sataun utawi kalih taun malih, jalaran saking wontênipun pamulangan Pamardi Putri, dados adating pêpanggihan ingkang winiwitan kalanipun lare sawêg acak gadhah kaèngêtan punika, lamining lami sagêd dados dhêdhasaring pamanahan, kadosdene ungêlipun paribasan Walandi makatên: gewoonte is een tweede natuur, Jawinipun kirang langkung: padatan iku minôngka kodrat ôngka loro, mila manawi kamanah panjang, adêgipun Pamardi Putri punika agêng sangêt paedahipun dening kajawi andhêdhêri kawruh dhatêng lare-lare ingkang sami sinau, ugi amijèni kasupêkêtan ingkang tundonipun dados karukunan, manawi sampun makatên devies Narpawandawa lajêng sampun sagêd kawahanan. Sanajan sampun kados makatên larah-larahipun, ewadene kula taksih mêwahi panuwun dhatêng para pandhèrèk santana dalêm mugi-mugi kaparênga sami mardi putra-putranipun sagêdipun ajêg lêbêtipun dhatêng pamulangan, sarta paedahipun. Kalayan gêgujêngan kemawon rumiyin dening lare-lare wau taksih sami alit, dados dèrèng sagêd tampi saupami pituturipun wau kadhapuk piwulang, punapadene saking sakêdhik kasumêrêpna dhatêng sanak, supados agêngipun sagêd kadunungan raos gêgancênganing tunggil darah ingkang saèstunipun agêng sangêt paedahipun. Ing pamuji suwunan kula punika sampun ngantos pisan-pisan [pi...]

--- 167 ---

[...san-pisan] kagalih mulang muruk dhatêng para sêpuh utawi dumunung ngungasakên kapintêran, namung kagaliha tiyang ingkang sawêg kadêrêng ngupados margining karukunanipun para santana dalêm, amargi saking rumaos manawi dayanipun santana dalêm punika wêktu samangke sawêg namung kêdah ngupados karukunan dening santana dalêm punika sarwa ringkih. Namung saèstunipun ngudi karukunan makatên kêdah tansah sêsarêngan kalihan pangingsêping kawruh, amargi rukuna kados punapa, jaman samangke manawi botên gadhah pawitan kapintêran, botên wurung inggih namung badhe dados mangsanipun liyan bôngsa kados ingkang sampun, ngèngêtana paribasan Walandi: wetenschap is macht têgêsipun: kawruh iku kuwasa, sintên ingkang kuwaos badhe sagêd nyêpêng têtangsuling kabangsan.§ Sampun sami kalintu tampi, pikajêngan rukun ing ngriki dhatêng kasaenan. Red.

Nalika bikakipun Pamardi Putri pangarsa Narpawandawa, K.P.H. Kusumayuda ngaturakên panuwun, dene pangangkahing pakêmpalan saking sakêdhik kadumugèn sarta tilas pangarsa kita Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ugi ngaturakên panuwun, awit saking namanipun para tiyang sêpuhipun lare-lare ingkang sami sinau ing ngriku, dening panjênênganipun ugi nyakolahakên putranipun, ing ngriku Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wau mawi mêdharakên paribasan Walandi: Wie het heden heeft, heeft de toekomst, Jawinipun: Sing sapa andarbèni jaman saiki, bakal mêngku jaman ing têmbe, punika kaparêngipun mêngku sarana kapintêran, sampun lêrês sangêt. Manawi pintêr punika dipun kanthèni rukun, kadosdene idham-idhamanipun Narpawandawa, bokmanawi botên wontên ingkang purun mabêni malih yèn ing ngriku marginipun luhuring santana dalêm, kajèn keringan, mirit ing jaman kina, ing ngriku badhe tumêngkaring kraton Mataram dhatêng kraton Surakarta. Saèstunipun ugi miturut kawontênaning jaman. Awit saking punika kita santana kêdah atur sèwu sêmbah nuwun dhatêng Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun anggènipun kaparêng paring pamulangan probêl dhatêng santananipun, awit ing ngriku Sampeyan Dalêm prasasat biyantu paring margi ingkang kita lampahi dhatêng ing kadhaton karukunan, sêsarêngan kalihan punika panuwun kula dhatêng kumisining pamulangan Pamardi Putri, mugi-mugi tansah kaparênga paring pitêdah dhatêng guru-gurunipun patrap sarta sarananing pamulasara dhatêng para murid, sagêdipun [sa...]

--- 168 ---

[...gêdipun] katanêman wiji trêsna asih dhatêng kraton saha nagari wutah rahipun. Dhêdhasaring lare makatên badhe lajêng dados wêwatêkanipun manawi sampun diwasa. Kas.

Nambangprana

[Pocung]

Budisadu waspada ing tindak dudu / beda budi sudra / bêndana meda ngrubêdi / sêsêndone ngêndon ngadoni rubeda //

Rukun, pancèn têmbung pêpêthingan sayêktos, layak dados idham-idhamanipun tiyang sadonya, dening sawabipun murakabi dhatêng sintên-sintêna ingkang purun mêmêtri utawi sagêd ngangge, sami-sami têmbung kalih wanda, botên wontên ingkang dayanipun agêng sangêt kados: ru + kun. Pinanggih wontên ing bêbasanipun rukun agawe santosa, Endracht maakt macht angsal-angsalipun sagêd angradin lungur dados lêbak, anambak samodra, ngêsong rêdi tunnel sayukipun wadyabala Jêpang ingkang dipun manggalani dening sang kaloka ing tribawana Jendral Nogi, sagêd ambêdhah bètèng Por Artur ingkang langkung santosa. Tumrap kewan, karukunanipun sêmut anggènipun anglur-sêlur sêmu sarèh sêsarêngan sami ngudi pangupajiwa, sêpên tindak sikara, iyêgipun botên wawang agênging balung, mêksa sarosa ingangkat binayang-bayang dumugining lèng, têtela dados pasêmon tumraping manungswa. Watêkipun tawon anggènipun gêlêng gumolong gêgulungan tunggil budi, naracak sukci ing manah, têbih saking pandamêl paracidra, pantês sinudarsana dening manungswa, sanadyan tawon kinodrat gadhah dêdamêl êntup, nanging botên pisan-pisan purun marjaya dhatêng bangsanipun piyambak, malah sami sayuk saiyêg nyambut damêl kesah dhatêng, botên ngetang sayah, tanpa kèndêl anglêmpakakên madu saking sakêdhik. Wêkasan lêga rila dados nipkahipun manungsa, botên angajêng-ajêng piwalês, samantên lêmbating piwulang ingkang sinamar kinodratakên saking mobah-mosiking bawana, botên nyana pisan-pisan bilih kewan alit-alit ingkang wujudipun sakalangkung rèmèh têka kasinungan darajading pakarti ingkang utami, sarta kadunungan pêpêthinganing watêk sae, pantês dados tuladha sasaminipun tumitah, emanipun têmbung rukun [ru...]

--- 169 ---

[...kun] wau malah tumrapipun manungsa piyambak, gampilipun amung wontên ing pangucap kalih kêcap, nanging angèl anggènipun anglampahi, punika sababipun punapa?§ Manawi botên kalintu sabab saking manungsa mawi kadunungan akal budi jangkêp, lajêng anuwuhakên watak lumuh kaungkulan, sadaya pamanggih sadaya tindak, ingkang sawêg dipun lampahi ( idaki), pangraosipun tamtu lêrês thok, mila ngantos wontên têmbung panglulu, manungsa iku titah kang ala dhewe watake.

Kosokwangsulipun botên wontên têmbung ugi kalih wanda ingkang dayanipun musibat sangêt kados: congkrah, kêcihna wontên ing bêbasanipun, congkrah agawe rusak Tweedracht breekt kracht gunggung kêmpalipun prasasat dados pangrisakipun jagad, ingkang anggumunakên punika anggènipun gampil dipun lampahi, botên susah mawi ajak-ajak, punika nalaripun kadospundi?§ Ambokmanawi inggih kabêkta saking kodrating donya risak, mila sami ingkang waspada, sampun ngantos kalêbêt ing kolêming wêwarahing donya ênggon jalomprongan.

Kula nuwun, para warga utawi sadhèrèk Narpawandawa, kauningana inggih, wontênipun pitakenan kalih bab ing nginggil punika ingkang kula suwunakên sêsêrêpan, ambokmanawi wontên ingkang kaparêng paring jawaban sarta katêrangan sabab-sababipun, atur kula saklangkung nuwun, dening prasasat paring pitêdah ancêr-ancêring margi utawi maringi pirantos kangge ambabadi rêrungguting waradinan ingkang anjog dununging pandamêl rukun, kosokwangsulipun sagêda nutup utawi ngalang-alangi radinan aspal ingkang nyimpang dumugi ing congkrah. Arjasasmita.§ Manawi manjurung malih panyêratipun kaangkaha mawi rai kiwa utawi têngên salah satunggal ingkang ciyut-ciyutipun watawis gangsal nyari. Red.

Sêrat Piwulang Pangupakaraning Jabang Bayi Dalah Sabiyungipun, Sarta Pangrêksaning Badan Amurih Kalis Dhatêng Sakathahing Sêsakit

Panggulawênthahing Wêka

Wajibing biyung

Ing nalika biyung sampun rumaos wawrat, pantês tansah angrêksaa lastarining bagas [ba...]

--- 170 ---

[...gas] kasarasanipun, sarana anjagi ajêging cêkap saha saening panggêsanganipun, tuwin anêbihna ing samukawis ingkang anjalari botên sakecaning badanipun, kados ta: nêdha pêpêdhês, durèn, wowohan mêntah sarta têtêdhan wayu utawi mambêt, ngombe ombèn-ombèn ingkang angêndêmi, punapa malih ngangge sandhangan rêgêd sarta sanès-sanèsipun.

Ing sabên dintên anindakna padamêlan ingkang sarwa mayar, kados ta: ngantih, nganam-anam, nênacah, mêmipil, dhêdhêplok, nyênyulak, nyênyulam, mlampah-mlampah, utawi sanès-sanèsipun amurih saranduning badanipun sagêd lêmês, ananging punapa ingkang katindakakên sampun pisan-pisan atilar dugi-prayogi sarta surti, langkung malih yèn malampah dhatêng sumur, padusan saha sanès-sanèsipun, wajib angatos-atos sangêt, supados botên dhawah kaplèsèt, kasandhung, utawi kajêngkêlok, punapa malih sampun pisan anjêjunjung barang ingkang awrat, anjlog, malumpat, nglêlunjak, malajêng saha ngadêg kalihan dipun kagètakên.

Sampun pisan-pisan sila utawi timpuh ngantos kadangon, awit linggih ingkang ngantos kêdangon punika anjalari rêndhêtipun lampahing êrah, ingkang tansah sumrambah ing badan sakojur, têmahan andadosakên sudaning kadayanipun (karosanipun).

Tiyang wawrat sampun pisan-pisan ngandhut manah muring-muring, utawi bingah cikrak-cikrak utawi prihatos punapadene sampun anggagas ing samukawis ingkang warninipun botên pantês, utawi giris sumêrêp ing sadhengah ingkang gêgilani.

Manawi tomtomên ing samukawis ingkang botên mungguh, lajêng manaha ing bab sanèsipun, ingkang ngantos sagêd anglindhihakên tomtomênipun wau.§ Hêm, samantên apês ingkang kasandhangakên ing manungsa, mila mugi sami kaparênga migatosakên. Red.

PangukaraningPangupakaraning. biyung sabayinipun

Sintên tiyang ingkang wawrat têbih kalihan dhukun bayi (vroedvrouw) prayogi ing samasa anggènipun wawrat wau sampun mèh dumugi lèkipun, lajêng angundanga dhukun bayi (vroedvroew)

--- 171 ---

kapurih aningali benjing punapa badhe wêdaling jabang bayi, manawi sampun kasumêrêpan têrang, prutpro kacalangana, ing dintên pamêthèkipun wau kapurih wangsul malih, supados amitulungi badhe lairipun jabang bayi sabiyungipun, utaminipun tiyang wawrat bilih sampun gangsal wulan, wiwit kapriksakna ing dhoktêr utawi prutpro, awit tiyang wawrat wiwit gangsal wulan punika gampil kêtuwuhanipun sêsakit sarta kèngsêr kandhutanipun, dene ingkang mêsthi sagêd ngicalakên sambekala wau namung dhoktêr utawi phrutpro.

Tumindaking phrutpro angupakara biyung sabayinipun botên susah karigênakên, awit sampun mêsthi ngrêtos ing bab punika, anamung manawi nêdha pitulunganipun dhukun ing padhusunan: tumindakipun kêdah karigênakên, botên suka nguyêg-uyêg wêtêng. Yèn êmbing-êmbingipun botên sagêd mêdal tumruntun kalihan bayinipun, biyungipun lajêng kapurih anyabuki ananging botên parlu singsêt-singsêt, jalaran sok sagêd ngêdalakên prabot ingkang mêsthènipun botên tumut mêdal, punapa malih tiyang ngêdalakên êmbing-êmbing punika mêsthi sampun sagêd uwat piyambak, botên beda kalihan nalika nglairakên jabang bayi.

Sasampunipun biyung dipun sabuki, nuntên talining êmbing-êmbing kapurih angêthok, panjangipun watawis tigang nyari saking wêtênging bayi, wusana biyungipun kapurih anguntal tigan ayam mêntah kalih iji, sarta angombe wedang bubuk, tuwin dipun kèn nêdha ingkang ngantos tuwuk, lajêng kapuriha tilêman sêdhêku miring kados waunipun, kalihan botên ebah-ebah.

Yèn sampun kasrantosakên sajam utawi kalih jam, môngka êmbing-êmbingipun mêksa dèrèng mêdal, prayogi lajêng kasuwuna pitulunganipun dhoktêr, awit namung punika ingkang mêsthi sagêd ngrekadaya wêdalipun, jangji ingkang kapitulungan manut ing sarèhipun dhoktêr.

Tiyang manak ingkang kapitulungan dhoktêr makatên punika, punapa ingkang pêrlu kangge sarana murih rêncangipun, têmtu dhoktêr aparing pratikêl utawi jampinipun, nanging manawi tanpa dhoktêr, sawêdalipun êmbing-êmbing biyungipun lajêng kaombenana anggur abrit ingkang sae utawi popton, sarta kauntalana tigan ayam [a...]

--- 172 ---

[...yam] mêntah satunggal utawi kalih iji. Sasampunipun makatên, adatipun dhukun Jawi lajêng kapurih adus, nanging sayêktosipun botên parlu adus, amargi sok gampil katuwuhan sêsakit bêntèr sarta kèngsêr wadhahipun bayi, prayoginipun namung kasibinga wedang kemawon, tumuntên kabobokana saha karuktia ing sapêrlunipun.

Tiyang mêntas manak prayogi ing sabên sontên ngombea anggur porêt, sarta yèn siyang ngombea bir, minôngka gêgêntosing wêjahipun, supados sae wêdaling rah, sarta bancar wêdaling toyanipun susu. Dene yèn badanipun kirang kiyat, prayogi ing sabên dintên ngombea powan lêmbu sagêndul, sarta yèn wontên ngombea anggur popton sagêlas alit, supados awakipun sagêda bagas, ananging panêdhanipun sampun pisan carobo, namung nêdhaa saha ngombea ingkang pancèn ambagasakên awakipun dalah sabayinipun, amurih têbih ing sambekala.

Taksih wontên sambêtipun.

Turunan

Ôngka 33. Pranatan dalêm katitimasan kaping 25 Nopèmbêr 1918.

Panjênêngan ingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping 10: Komandhuring Ordhê Nèdêrlansê Leyo, Grut Opisiring Ordhê ing Oranyê Nasao, Grut Krèising Ordhê ing Nagara Kamboja, Grut Krèising Krun Ordhê ing Nagara Siyêm, Grut Krèis Twèdhên Grad Pan Dhê Ordhê Pan Dhèn Dubêlêndrak ing Nagara Cina, Grut Opisiring Ordhê Leopol ing Nagara Bèlgi, Ridêr Twèdhê Klas Mèt Dhêstèr Dhèr Konênglêkê Ordhê Pan Pêrdinstên Pan Sin Migaèl ing Nagara Bèiyêrên, Ridêr Twèdhê Klas Mèt Dhêstèr Dhèr Ordhê Pan Dhên Rodhên Adhêlar ing Nagara Prèinsên, Komandhur Mèt Dhêstèr Dhèr Ordhê Pranês Yosèp ing Nagara Ostênrik, Komandhur Mèt Dhêstèr In Dhê Ordhê pan Hèndrik Dhê Leyo Pan Brinês Wèik, sarta Jendral Mayoring Wadyabalane Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nagara Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing Nagara Surakarta Adiningrat.

--- 173 ---

Sawuse anguningani unine bab 11 ing layang pranatan adêge rad nagara katitimasan kaping 23 Sasi Dulkijah ing taun Be 1848. Utawa kaping 30 Sèptèmbêr 1918 (layang kabar nagara ôngka 25).

Marmane ing samengko kaparênging karsaningsun, mupakat lan bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, andhawuhake pranatan laku-lakune rad nagara kaya ing ngisor iki.

Pranatan Laku-lakune Rad Nagara

Kuwajibane presidhèn

Bab 1

Presidhèn iku anampani sarta ambukak sakabèhing layang-layang kang marang rad nagara sarta banjur angrêmbug layang-layang mau ana ing parêpatane rad nagara kang ditamtokake dhihin dhewe sawuse nampani layang-layang mau.

Bab 2

Presidhèn anamtokake dina kang bakal kanggo parêpatan, sarta kudu nindakake ing saparlune supaya para lid apêse kurang têlung dina padha diwènèhi wêruh dina lan wayahe parêpatan, sarta bab-babe kang bakal dirêmbug.

Manawa saka panêmune presidhèn ana sababe kudu rancag, ênggone awèh wêruh ingsun lilani kurang saka wêwangên têlung dina mau.

Bab 3

Manawa ana panjaluke lid, presidhèn kudu anuduhake layang-layang kang sumimpên ana ing rad nagara marang lid mau.

Presidhèn kudu anindakake ing saparlune, supaya layang-layang kang bakal dirêmbug ing parêpatan, wiwit ing titimôngsa nalikane namtokake para lid seba ing parêpatan, disadhiyakake ana ing panggonan kanggo parêpatan, supaya para lid bisa wêruh.

Manawa ana panjaluke lid sarta, saka panêmune presidhèn pancèn parlu, para lid bakal diwènèhi turunane layang-layang mau.

Kajaba kang wus kasêbut ing dhuwur turunane layang-layang kang sumimpên ing rad nagara iku kênane diwènèhake marang lid mung yèn wus ana palilahe presidhèn kamot [ka...]

--- 174 ---

[...mot] ing layang.

Manawa mènèhake layang-layang kang sumimpên ing rad nagara marang lid uga, kudu katindakake kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

Bab 4

Presidhèn wajib rumêksa tataning parêpatan, ambukak, nuntun lan nutup parêpatan, sarta wênang angandhêgake rêmbuge lid, anglèrènake parêpatan, utawa manawa ana parlune wênang ambubarake parêpatan.

Kuwajibane pisê presidhèn.

Bab 5

Manawa presidhèn pinuju kapambêng, pagaweane katindakake denedening. pisê presidhèn.

Manawa pisê presidhèn uga kapambêng, kang anindakake pagaweane presidhèn, lid kang gêdhe dhewe pangkate.

Kuwajibane sèkrêtaris

Bab 6

Sèkrêtaris iku dadi kanthine presidhèn, anggone anindakake kuwajibane sarta kabubuhan angrumati sakabèhing layang-layang mawa diulat-ulatake dening presidhèn.

Sakabèhing layang-layang kang marang rad nagara, lan kang saka rad nagara sèkrêtaris kudu angunggahake ing buk mawa ôngka urut, sabên ing pungkasaning taun, buke mau kudu katutup, sarta angkane urut ora kêna kabanjurake.

Sèkrêtaris amèngêti apa kang karêmbug ing parêpatan, sawuse pèngêtan mau dirujuki dening parêpatan, banjur kaunggahake ing buk pèngêtan, sarta katandhanan dening presidhèn lan sèkrêtaris.

Sabên parêpatan, sèkrêtaris kudu nyadhiyakake layang pratelan kang bakal ditandhani dening para lid kang padha seba ing parêpatan, sarta kudu mèngêti para lid kang ora seba ing parêpatan.

Sabên mêntas parêpatan sèkrêtaris kudu gawe layang palapurane parêpatan mau,

--- 175 ---

angêmot jênênge kang padha seba sarta kang ora seba ing parêpatan, mawa kapratelakna pisan apa kang padha ora seba mau pamit kamot ing layang utawa ora. Layang palapuran mau ing sajrone têlung dina sawise parêpatan, kudu kaunjukake ing panjênêngan ingsun.

Bab 7

Manawa ana panyuwune rad nagara, parlu nganggo carik, pambantu carik lan kêbayan kang minôngka dadi kanthine sèkrêtaris, panyuwune mau iya bakal ingsun parêngake, dene cacahe miturut kabutuhane, sarta bakal ingsun paringi pangkat ing saprayogane.

Bocah garap rad nagara mau balanjane padha karo bocah ingsun garap ing kantor kapatihan kang padha pangkate sarta bakal kasumpah ana ngarêpe presidhèn, kudu angêkêr wêwadi.

Manawa sèkrêtaris pinuju kapambêng, pagaweane katindakake dening têtuwaning carik, sarta têtuwaning carik mau sajrone makili kudu mèlu parêpatan, parlu amèngêti apa kang dirêmbug.

Kajaba kang kasêbut ing dhuwur iki, kabèh bocah garap kang padha dadi kanthine sèkrêtaris, ora kêna mèlu parêpatan.

Bab 8

Sabên sasi rad nagara ingsun lilani ngêtokake waragad kèh-kèhe 25 rupiyah, kanggo nganakake piranti panulisan, dhuwit mau kang nyêkêl sèkrêtaris, sarta ing sabên pungkasane taun Walônda sèkrêtaris kudu ngaturake pêpetungan lêbu-wetune dhuwit mau marang nagara.

Bab parêpatan

Bab 9

Presidhèn anganakake parêpatan samôngsa-môngsa manawa ana parlune, ananging apêse sêsasi sapisan, rad nagara kudu parêpatan.

Manawa ana panjaluke lid sathithik-sathithike loro marang presidhèn, kamot ing layang mawa kapratelakake sabab-sababe, iku kudu tumuli dianakake [dia...]

--- 176 ---

[...nakake] parêpatan., ananging laku-lakune kudu miturut kang kasêbut ing bab 2.

Bab 10

Pangrêmbuge bab-bab ana ing parêpatan iku kudu kaurutake manut urute anggone nglêbokake ing cathêtane bab-bab mau.

Manawa sajrone parêpatan ana usul rêmbug kang ora kalêbu ing cathêtan, saka presidhèn utawa saka lid, pangrêmbuge usul mau kêna kaundurake ana ing parêpatan kang ditamtokake dhihin dhewe sawise parêpatan mau.

Manawa sadurunge têkan dina parêpatan, presidhèn utawa lid duwe usul, usul mau kudu kapacak ing layang, dene pangrêmbuge ana ing parêpatan kang dhihin dhewe.

Bab 11

Miturut kang kasêbut ing bab 10 ing layang pranatan ingsun, katitimasan kaping 23 sasi Dulkijah ing taun Be 1848. Utawa kaping 30 Dhesèmbêr 1918 (layang kabar nagara ôngka 25), karampungane kabèh kang karêmbug ing rad nagara iku awêwaton panêmu (swara) kang akèh dhewe.

Bab 12

Manawa ana nalar kang durung kalêbu ing pranatan iki, kudu tumuli dirampungi dening rad nagara.

Dhawuhing pangandika dalêm, ing dintên Sênèn tanggal kaping 20 wulan Sapar, ing taun Wawu, angkaning warsa 1849. Utawi kaping 25 Nopèmbêr 1918.

Cap asma dalêm.