Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka 4, kaping 28 Pasa Wawu 1857, utawi kaping 1 April 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50, Kapacak sapisan.

Pèngêtan

II

Wangsulanipun R. M. H. Wuryaningrat

Mênggah pandangonipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, dipun lastarèkakên utawi botên, wontênipun rad nagari sapunika, kumisi amung nyumanggakakên, amargi dhêdhasaranipun rad nagari sapunika kadosdene Raad van staate utawi Raad van Indie pigunanipun dhatêng panjênêngan dalêm nata piyambak, dene ingkang dipun rêmbag dalu punika, inggih punika rad ingkang tundonipun kawula sagêda gadhah wawênang angrêmbag parluning praja, dados pancèn beda, upami rad kawula ingkang dipun rêmbag punika dipun namakakên ugi rad nagari, môngka upami kaparêng dalêm, rad nagari wujud sapunika dipun lastarèkakên, punika badhe cawuh, sajatosipun kumisi dèrèng nêtêpakên sarta dèrèng usul namènipun rad ingkang dipun rêmbag [rê...]

--- 50 ---

[...mbag] punika, amung juru sabda piyambak kèngêtan jamanipun Majapait, wontên rad ingkang ngrêmbag lampahipun kaprajuritan, ingkang dhêdhapukanipun ugi saking kawula, amargi kala samantên prasasat sadaya kawula dados prajurit, manawi botên kasupèn rad wau dipun wastani: bale agung, punapa punika kemawon dipun angge nama rad kawula Surakarta.

Mas Ngabèi Ônggapradata, mastani kumisi ingkang dipun manah amung mligi supados sampun ngantos wontên darêdahipun panjênêngan dalêm nata kalihan guprêmèn, punika kalèntu, kumisi ingkang dipun manah botên amung nyirnakakên darêdah, nanging ingkang parlu dipun manah supados cêthaning wawênangipun panjênêngan dalêm nata, samôngsa punika botên cêtha, kados wujud sapunika, tangkêpipun rad kawula badhe botên kantênan, kajawi punika têgêsipun ingkang badhe karêmbag wontên rad kawula, inggih kuwajibanipun panjênêngan dalêm nata, mila kêdah tata, dene darêdahipun kawula kalihan paprentahan, bilih sampun wontên rad kawula, sampun sagêd sirna piyambak, bab usul supados rad kawula dipun sukani wawênang Petitie kumisi rujuk, amung pamanggihipun sanadyan paosipun bôngsa Walandi saha bôngsa asing, upami botên dipun parêngakên dhatêng parentah Jawi, supados rad kawula inggih campuran, punika kumisi botên rujuk, awit lajêng botên adil, dening gadhah wawênang nanging botên gadhah kuwajiban.

Pamanggihipun R. M. Atmamarjana punika têrang sulaya kalihan pamanggihipun kumisi, manawi kumisi mastani rad kawula ingkang botên campuran, têmtu botên prayogi, amargi badhe namung cèwèng dhatêng kawula dalêm piyambak, môngka sajatosipun kawulanipun gupêrmèn ingkang wontên Surakarta, sami ngraosakên eca-paitipun ing papan wau, saha botên kenging dipun wastani ngrisak wiji anggènipun gupêrmèn maringi kuwasa dhatêng panjênêngan dalêm nata, utawi paprentahan Jawi, saugi tataning wawênang kados pamanggihipun kumisi.

Rm. Ng. Atmasumitra pitakèn wontênipun rêmbag, punika pancèn babarpisan botên têrang sahandhap sampeyan dalêm, saha pamanggihipun kumisi upami rêgèrêng botên kaparêng maringi paosipun Walandi saha bôngsa asing dhatêng parentah Jawi,

--- 51 ---

tamtonipun adêging rad kawula inggih kapêksa Jawi thok, tur amung kawula dalêm, puluh-puluh kadospundi, taksih kêdah ngalami kawontênan ingkang satêngah-satêngah.

Anggènipun Kangjêng Pangeran Adiwijaya kaparêng ngandharakên kawontênanipun sarta wawênangipun polêkrad, sarèhning ngindhaki kawruhipun para sadhèrèk, parlu dipun aturi panuwun, sarta juru sabda usul dhatêng pangrèh, pundi wawênang-wawênang ingkang ing polêkrad sampun wontên, môngka pamanggihipun kumisi dèrèng wontên, prayogi lajêng dipun tiru kemawon, dalah salampah-lampahipun, amargi sajatosipun pamanggihipun kumisi punika namung ingkang wos-wos kemawon, botên dipun princi, kajawi punika, juru sabda gadhah pêthèk, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya punika ingkang dipun waos prêtalan têmbung Walandi, mila pêtêng, manawi ingkang têmbung Jawi sampun cêtha, kajêngipun kumisi manawi badhe andhawuhakên pranatan ingkang tumrap umum, sadèrèngipun dhatêng rad, kêdah karêmbag kalihan residhèn rumiyin, kados kawontênan sapunika, sasampunipun kacondhongan, sawêg mundhut panimbangipun rad, wontênipun pranatan ingkang tumrap umum taksih kaidèkakên residhèn, pamanggihipun kumisi dening gupêrmèn taksih wajib tanggêl, sabab ambawahakên wau, mênggah pranatan ingkang botên umum, pamanggihipun kumisi pancèn botên parlu mawi idinipun wakiling rêgèrêng, mindhak malah andadosakên wisuna, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya gumun, dene kumisi gadhah pamanggih paos in en uitvoer kaaturakên ing gupêrmèn, môngka paos makatên punika ingkang wontên palabuhanipun, kumisi mastani paos in en uitvoer botên mêsthi gandhèng kalihan palabuhan, ugêr barang mêdal utawi mlêbêt ing bawahipun, môngka lajêng dipun paosakên, punika sampun nama paos in en uitvoer upaminipun nagari Luxemburg-Zwitserland punapa dupèh botên gadhah palabuhan, lajêng botên wontên paos wau, mirit dhêdhasaraning kontrak, panjênêngan dalêm nata pancèn wênang mupu paos wau, wontênipun ing ngriki botên wontên, inggih sabab dèrèng wontên pranatanipun, dados têrangipun pamanggihipun kumisi, panjênêngan dalêm nata pancèn botên dipun wênangakên mupu [mu...]

--- 52 ---

[...pu] paos bangsanipun wau, wondene bedanipun pèl pulisi saha pulisi limrah, sarèhning Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kêrêp dhatêng Batawi, prayogi nêrang kemawon dhatêng dhepartêmèn, manawi pangintênipun kumisi, kados satêngah militèr, dados kanggenipun botên amung tumrap Surakarta, mila kêdah dados wajibipun gupêrmèn, amargi babadipun pèl pulisi mirit marsose, punika militèr, dene Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya anggènipun mratelakakên bilih A. Z. punika kagolong kantoripun gupêrmèn, manawi sasumêrêpipun juru sabda, mirit pangrêmbag sakawit botên, pancènipun gupêrmèn namung mitulungi, sabab dening punika parlunipun Surakarta lêrêsipun sasampunipun rampung, utawi malah sanadyan salêbêtipun taksih nata, kêdah nama kantoripun paprentahan Jawi, kumisi ningali tindak makatên wau pancèn botên rêmên, sarta inggih makatên wau ingkang damêl balawuring kawontênan prostênlandhên, kajawi punika wêkdal punika sampun gampil, pados tiyang ingkang sampun mangrêtos ugêr kaparêng sarta nyinaokakên tamtu sagêdipun, mênggah anggènipun mastani grenjol saha botên sagêd mupu paos ingkang sanès kawulanipun, punika manawi pamanggihipun kumisi, pancèn sagêd kemawon, ugêr ingkang kagungan kuwaos inggih punika gupêrmèn amarêngakên, saha botên grenjol bilih larasanipun kados kumisi, awit sadaya punika sampun nama kawulanipun gupêrmèn, amung pangêmudhènipun tumrap Surakarta, kapasrahakên panjênêngan dalêm nata, dados têrangipun têmbung: Onderhoorig, kawiyarakên lajêng katumrapakên ugi dhatêng abdi gupêrmèn, pamanggih makatên wau, wontên ingkang nêksèni sarjana luhur, inggih punika paduka Tuwan Prof Mr. Alting mastani prayogi sarta sagêd.

Ônggapradatan taksih kêncêng usul supados rad kawula kêdah campuran, sanadyana paos bôngsa Wlandi saha asing botên katampèkakên, amargi badhe kusut bilih Jawi thok, juru sabda mangsuli, bilih kumisi botên sagêd nampi, dhêdhasaran ingkang botên adil wau, sarta kapurih ngèngêti bilih rad wau kangge tiyang kathah (kêdah lêrês) Kangjêng Adiwijaya nyondhongi dhatêng pamanggihipun juru sabda, sarta botên rujuk ingkang dhêdhasaran kados Ônggapradatan, inggih

--- 53 ---

punika saening rad namung bilih dipun lêbêti Walandi, raos makatên punika nginakakên jatêng dhatêng. bôngsa Jawi.

Sarèhning wanci sampun lungse, pangarsa lajêng nutup dhebat sarta ngaturakên panuwun.

Salakirabi

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 3.

Miturut ing nginggil punika sampun têrang bilih ingkang taksih dados santana dalêm wau dhudhaning para santana dalêm èstri ingkang garwanipun tilar anak gêsang, apês-apêsipun grad IV sarta randhaning para santana dalêm jalêr ingkang dèrèng imah-imah malih, namung ingkang parlu dados panggalihan punika, upami anggèning dados dhudha wau sarana pindhahan (pêgat gêsang) punika kadospundi, ingkang nyatitèkakên sintên. Sapunika gandhèngipun kalihan Narpawandawa lajêng kadospundi, punapa inggih lastari dados warga, lajêng nama warga darma (Donateur) wah mêsakakên, amargi lajêng mindhak bayaranipun kontribisi, tumrap warga ingkang kacingkrangan kados kula, awrat sangêt. Punapa lajêng kawêdalakên, manawi lajêng kawêdalakên, ingatasipun warga botên gadhah lêpat punapa-punapa dhatêng pakêmpalan, ing raos kadospundi, manawi kalastarèkakên taksih dados warga lajêng nama ical sipatipun pakêmpalaning putra santana dalêm, cobi rama rêdhaktur bokmanawi cêpak pamanggihipun, kadospundi.§ Pamanggih kula manawi dhudha wau saking pindhahan, kêdah dipun wêdalakên saking warga, awit sampun nama ngêmohi dhatêng santana dalêm, manawi anggèning dados dhudha wau saking seda of tilar donya garwanipun, lastari dados warga, nanging lajêng nama warga mandrawa (buiten gewone leden) Red.

Manawi caranipun pakêmpalan darah sanèsipun, warga ingkang kabêkta saking salakirabi punika namung minôngka wakiling garwanipun, dados ingkang têtêp dados warga wau inggih garwanipun, punika manawi kagalih sadlerengan inggih sampun prayogi, sarta gampil panindakipun, nanging ing raos lajêng kirang supêkêtipun, mila sarèhning bab punika botên wande tamtu karêmbag ing parêpatan agêng, panyuwun kula dhatêng para sadhèrèk warga sadaya, sami kaparênga nyinau (anggalih)

--- 54 ---

ingkang sayêktos, dados ing samasa -masa wontên wara-wara saking pangrèh, botên sami kacipuhan.§ Lêrês, kula jumurung sangêt bilih para warga sami karsa anggalih sadèrèngipun parêpatan, dados benjing têmpuking damêl botên anguciwani. Pamirêng kula parêpatanipun agêng kaangkah benjing malêm tanggal kaping 8 Sawal ngajêng punika, ngiras alal bihalal. Red.

Kaping 12 PabruariPèbruari. 1927.

Darah kasugihan.

Sêpiyun ing Kadhaton

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 3.

Pancènipun sampun kirang pêrlu kita rêdhaksi mangsuli panyaruwening tiyang ingkang kataman ing pêpêtêng, nanging kabêkta ing ngriku wontên pitakenan, dados kita nêtêpi kasusilanipun kêdah kita jawab sapêrlunipun.

Tiyang kataman samubarang ingkang botên cocog kalihan manahipun punika, adhakanipun lajêng pêtêng, pêtênging manah satêmah bawur pangupadosipun margi anggènipun badhe singlar sangking kawontênan ingkang botên cocog wau. Ananging manawi sagêd nyabarakên, kados sadaya kawontênan ingkang awon ingkang sae, ingkang namani ingkang botên punika dados piwulang agêng, sampun tamtu piwulang ing ngriku ingkang kita kajêngakên inggih piwulang sae.

Kita rêdhaksi Narpawandawa, kataman panukarta, saking Mevrouw S.C.S. ing pancajanya, ingkang parlu kita têrangakên pitakenanipun ingkang ungêlipun makatên, ingkang dados pangajêng-ajêngipun tiyang kathah lajêng kadospundi wawasan sarta tujuanipun rêdhaksi Narpawandawa anggènipun nganggêp parlu macak kabar ingkang katingal ngayawara wau wontên ing organipun, punika ingkang kasêdyakakên parlu ingkang kadospundi.

Manawi para maos anggalih sagêbyaran, pancèn inggih lêrês pamacak kula bab Radèn Ayu Bratapinilih wau sarupi ngayawara, amargi ing ngriku (organ Narpa ôngka 12) botên angêwrat pasaksèn punapa-punapa, dados nama taksih kêmêngan. Kauningana sadhèrèk, Mevr. S.C.S. wontênipun rêdhaksi manah

--- 55 ---

parlu kapacak punika, parlu wau inggih parlu ngrêksa ingkang murakabi dhatêng sakalih-kalihipun, inggih punika: 1. ngrêksa dhatêng sariranipun ingkang mitêrangakên, 2. ngrêksa dhatêng ingkang kadakwa dados sêpiyun. Dening kita rêdhaksi ugi mirêng sangking sadhèrèk ingkang dêdunung ing Tamtaman, bilih radèn ayu wau kêrêp mungêl: iki sêpiyune residhèn. Sabên mungêl makatên kanthi andumuk awakipun, botên satunggal kalih ingkang cariyos, têgêsipun kathah. Ingkang makatên wau punapa anèh bilih dipun têrangakên titisipun, punapa inggih lêrês punika sêpiyun, makatên malih suraosipun sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 9 Sèptèmbêr 1926 ôngka 1887 A/I wau, kadhawuhan amradinakên dhumatêng para putra santana dalêm, supados sami sumêrêp.

Hla punika ingkang anjingipun pangrêksa dhatêng sariranipun ingkang mitêrangakên. Sadèrèng kita rêdhaksi mungêl, botên mêngku karsa punapa-punapa, têmtu kathah ingkang anggrayangi ingkang botên- botên.

Samangke pangrêksa dhatêng ingkang kadakwa sêpiyun, sadèrèngipun organ macak punika tamtu kathah ingkang sami mastani bilih radèn ayu wau sêpiyun, kabêkta sangking ungêlipun piyambak, sarèhning katranganipun botên, kanthi pasaksèn, mila pêrlu kapacak, sagêda tiyang sumêrêp bilih dora. Pamanggihipun rêdhaksi dipun kêmêng makatên kemawon sampun sagêd nyêkapi. Dening kita rêdhaksi tansah mèngêti ungêl- ungêlan ing Jawa ênggoning sêmu.

Namung sapunika kadospundi malih, sarèhning sadhèrèk Mevr. S.C.S. mundhut katrangan, dados kula (rêdhaksi) inggih kapêksa kêdah mituruti, sakawitipun makatên.

Nalika tanggal kaping 1 Agustus 1926 kapêngkêr punika, R. Ay. Bratapinilih alias Radèn Ajêng Sêdyani wau mlêbêt ing karaton, wontên ing wiwara kênya dipun pitakèni kônca pulisi èstri ingkang jagi (amargi kaparêng dalêm sadaya tiyang ingkang sami mlêbêt ing karaton, manawi sanès adatipun malêbêt, kêdah katliti), pitakènipun abdi dalêm pulisi èstri: 1. asmanipun sintên, 2. mlêbêt badhe dhatêng pundi,

--- 56 ---

kapanggih sintên, 3. parlunipun punapa. Wangsulanipun: kula Dèn Ayu Bratapinilih sêpiyun residhenan ... (cêcêg punika wontên isinipun, ananging botên pêrlu kula pacak) mlêbêt badhe dhatêng tejarukmèn, parlu badhe nglêbêtakên sakolah anak kula. Wangsulan makatên punika lajêng dipun lapurakên dhatêng pangagênging parentah karaton, dhawuhipun kadhawuhan matitisakên rumiyin, sarêng sampun kapatitisakên, salêbêtipun dados panggalihan B.K.P.H. Adiwijaya mirêng, sarèhning kadadosan makatên punika manawi kapara nyata kagalih botên prayogi gandhèngipun karaton dalêm kalihan kangjêng guprêmèn, sarta sadèrèngipun wontên lêlampahan makatên punika pancèn sampun dangu pamirêngipun (kirang langkung wontên tiyang 10 ingkang sami matur dhatêng B.K.P.H. Adiwijaya), amila B.K.P.H. Adiwijaya lajêng enggal-enggal nêrangakên dhatêng kangjêng tuwan residhèn, dhawuh wangsulanipun kados ingkang kawrat sêrat paresidhenan, katitimasan kaping 30 Agustus 1926 ôngka 1136 (zie organ Narpa ôngka 12) kula ambali malih pangakênipun R. Ay. Bratapinilih dados sêpiyun K.T. residhèn, punika ingkang mirêng botên namung rêdhaksi piyambak, para pangrèh Narpawandawa ugi kathah ingkang mirêng. Manawi kirang pitados cobi Mevr. S.C.S. kula aturi matur pitakèn dhatêng Rm. H. Padmawinata, mangke rak dipun paringi katrangan sacêkapipun. Dene sarêng kapriksa wadana pulisi lajêng selak, punika nyumanggakakên.

Manawi para maos karsa anggalih sayêktos, ing prosès pêrbalipun wadana pulisi punika pancèn sampun wontên tatêmbunganipun ingkang lucu, pundi wontên tiyang badhe dhatêng kantor pos kemawon têka mawi criyos dhatêng karesidhenan, dupèh dununging kantor pos wau kalêbêt kampung karesidhenan, dening prênahipun cêlak, kalihan malih salami- laminipun kula kok dèrèng nate mirêng kampung karesidhenan, amargi pancèn botên wontên, ning kilap dhing bokmanawi saking rupêking jajahan kula, bok cobi sadhèrèk, dipun têrangakên watês-watêsipun kampung karesidhenan punika ingkang pundi. Lah, sapunika lajêng tuwuh panglocitaning manah kula,

--- 57 ---

punapa baya parlunipun R. Ay. Bratapinilih têka mawi kudhung walulang macan makatên punika, punapa supados dipun sigèni tiyang sa-Surakarta, kok mokal, punapa supados kenging mlêbêt dhatêng ing karaton dhatêng pundi-pundi prèi, lah tiyang sariranipun wau sampun gênah santana buyut dalêm, tur putraning prayagung kinasih, manawi pancèn botên gadhah ana-ini, sabab punapa botên kenging ngambah ing karaton, punapa supados dipun ajrihi ing tiyang, lah tiyang sampun ngajrih-ajrihi, gèk punapa karsanipun, têka mawi gêlar makatên wau, kula dèrèng andungkap.

Tutuping atur kula, manawi sadhèrèk Mevr. S.C.S. botên pitados sarta kirang marêm panggalihipun, suwawi sami sowan dhatêng ing Ngadiwijayan kemawon kalihan kula, mangke rak angsal katrangan ingkang langkung gamblang.

N.B. Pamacak kula bab sêpiyun ing kadhaton, ing organ ôngka 3 sawarni jugag, punika tamtu damêl kirang mangrêtosipun para maos, saya malih sadhèrèk Mevr. S.C.S. tamtu saya kagèt panggalihipun. Ingkang makatên wau namung saking klèntuning panata kula bab lêbêtipun kupi-kupi ing organ, botên langkung mugi sami angêgungna pangaksama.

Bab Porsêtênlandhên Karêmbag Wontên Parêpatan Rad Kawula

Wangsulanipun tuwan dhirèktur pangrèh praja, dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Kangjêng Pangeran Adiwijaya mrayogèkakên ngagêngakên panitya ingkang ngurus lênggahipun tiyang gupêrmenan wontên ing tanah kratonan (exterritorialiteitscommissie) warganipun samangke sampun wontên 9, sagêda wêwah 8 êngkas mêndhêt saking wêwakilipun kraton.

Salêbêting wangsulanipun parentah sampun kasêbutakên, mêndhêti wakil saking parentah kraton kados ingkang kausulakên kangjêng pangeran wau sakêdhik paedahipun.

Sayêktosipun wangsulan wau prayogi mungêl: wêwahan makatên punika babarpisan tanpa paedah, sabab panitya wau namung kapatah nyinau kawontênan, sagêda nyaosi rêmbag dhatêng parentah, prêlunipun supados parentah lajêng sagêda [sa...]

--- 58 ---

[...gêda] nêtêpakên kadospundi mêsthinipun. Awit saking punika parentah botên sagêd angrujuki usul Adiwijayan punika.

Panyaruwenipun prakawis tilpun sampun kapasrahakên dhatêng dhirèktur gupêrmèn bêdrèipên, supados têpang rêmbagan kalihan para residhèn ingkang sami dhawuh nindakakên padamêlan wau, miturut kêkancingan tanggal 29 Sèptèmbêr 1915 ôngka 30.

Prakawis wêwênang ngintunakên sêrat dhinês tanpa prangko, lan wêwênang nilgram, badhe karêmbag wontên ing bageyan rantaman kaping VIII.

Ing panunggilanipun pitakenan kêkalih sanèsipun, sampun dipun wangsuli ing wêwakiling parentah prakawis urusan umum.

Pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya: ingkang kaping kalih.

Tuwan pangarsa, atur kula ingkang kaping kalih punika namung dhapur botên tarimah kula dhatêng wangsulanipun wakil parentah tumrap ing apdhèling IV, botên tarimah dhatêng patrap-patrapipun mangsuli, tuwin ugi botên tarimah dhatêng isinipun wangsulan.

Pitakèn kula: punapaa botên wontên wakiling kraton ingkang katêtêpakên dados warga panitya wau, wangsulanipun parentah tumindakipun kangelan. Ing ngriku kula lajêng nêrangakên sabab-sabab ingkang murugakên sagêd tumindak, môngka punika prêlu sangêt tumraping parentah murih sagêdipun angsal piandêl, supados paprentahan tiyang siti sami sênênga ambiyantoni.

Ing wusana wangsulanipun wakil parentah ijêman: botên ngrêmbag tumindaking lampah, lajêng anggêpok lajêring pikajêng, bilih parentah botên rujuk dhatêng wontênipun wakil kraton salêbêting panitya wau. Upami wangsulanipun parentah sakawit makatên, atur kula ingkang sapisan rak mêsthi badhe sanès sangêt. Wangsulan ingkang makatên wau pamanah kula ngalor ngidul kalihan pangajêng-ajêngipun rad kawula dhatêng wakiling parentah.

Kajawi punika wakiling parentah wangsulanipun botên warni satunggal kemawon, sariranipun sampun nêtêpakên ing wêkdal punika panitya kalihan wakilipun kraton babarpisan botên sêsarêngan nyambut damêl, kajawi punika wau mêntas mangsuli Tuwan Laoh prakawis wadu aji paprentahan Jawi, mawi anggêpok prakawis tiyang gupêrmenan [gupêr...]

--- 59 ---

[...menan] ing kraton barang. Prakawis punika tumrap kraton nyêrikakên sangêt.

Wangsulan kula dhatêng wakiling parentah, ingkang rêmbagipun cêkak nanging damêl sêrik wau, ugi badhe cêkak kemawon. Kula kapêksa nêtêpakên makatên:

I. Parentah anggènipun nêtêpakên panitya kangge nyinau lênggahipun tiyang gupêrmenan ing tanah kraton, punika botên badhe purun nêtêpakên warga saking wêwakiling kraton. Môngka pamanah kula prêlu sangêt, sagêd suka pamrayogi dhatêng panitya, tuwin wakil wau sagêd sinau kadospundi tumindaking pangrèh praja.

II. Samangke sampun têrang bilih parentah botên purun nyambut damêl sêsarêngan kalihan paprentahan kraton, kados pangandikanipun wakiling parentah nalika malêm Rêbo: badhe nêtêpakên trajang salêrêsipun (Standpunt bepalen), makatên punika rak katingal mêmêngsahan sangêt, môngka mêsthinipun kêdah rukun sêsarêngan nyambut damêl ngupados putusan ingkang prayogi. Cêkakipun parentah têksih kêtawis galigapipun kados ingkang katêtêpakên taun 1921 ngrêmbag kula sadaya, botên rêmbagan kalihan kula sadaya.

Wangsulanipun tuwan dhirèktur pangrèh praja: ingkang kaping kalih.

Kangjêng pangeran sangêt botên rêna dhatêng wangsulan lumêbêtipun para nata utawi wakilipun ing panitya wau, prakawis punika badhe kula têrangakên malih. Ing ngriku ngrêmbag ngêculakên satunggaling wêwênangipun parentah. Wontênipun samangke parentah sakêdhik sangêt sêsêrêpanipun bab punika, dèrèng sagêd rêmbagan, dèrèng sagêd ngêdalakên pamanggih utawi nêtêpakên trajangipun, ingkang karêmbag kalihan parentah kraton kadospundi, cêkakipun babarpisan têksih pêtêng, botên sagêd mutusi, amila parentah lajêng dhawuh dhatêng priyantunipun piyambak makatên: prakara iku sinaunên, tumuli ngaturna palapuran, têrang- têrangna kabèh, kintên kula sampun lêrêsipun ing wêkdal punika ingkang nindakakên dhawuh wau inggih namung kêdah prayantunipun rumiyin, dèrèng kenging kalêbêtan tiyang sanès. Dene para priyantun wau, upaminipun residhèn Ngayogya, tuwin residhèn Surakarta, sawangsuling saking tampi dhawuh wau lajêng nêrangakên bab punika sarta rêmbagan kalihan para nata Jawi, punika kenging kemawon. Nanging punika rak gèsèh

--- 60 ---

sangêt kalihan prakawis parentah nêdha rêmbagipun para nata Jawi, kula wangsuli malih, samangke parentah namung dhawuh dhatêng priyantunipun piyambak supados nyinau, lan suka katrangan dhatêng parentah, dados têksih têbih kalihan badhe anggènipun nêtêpakên parentah.

Kintên kula botên wontên rêmbag mêmêngsahan, kados pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya: ngrêmbag kula, botên rêmbagan kalihan kula, punika babarpisan botên kinajêngakên.

Bab punika mosinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya makatên: amanah prêlu sangêt pangrêmbagipun prakawis tiyang gupêrmenan ing tanah karaton punika wiwit bêbukanipun inggih kêdah sampun sêsarêngan kalihan para wakiling ratu. Dados salêbêting panitya miturut kêkancingan nalika 22 April 1926 ôngka I/X wau kêdah ugi wontên tiyangipun kraton.

Rad kawula nyuwun supados tumuntên nêtêpakên warga saking wakilipun paprentahan tiyang siti wontên salêbêting panitya wau.

Mosi punika kacondhongan ing rad kawula. Ingkang condhong 33, ingkang botên mupakat namung 2.

Tuwan pangarsa, samangke kula badhe ngrêmbag prakawis tilpun ing Surakarta, bab punika kula sampun pitakèn cêkakan wontên ing apdhèling. Wangsulanipun parentah badhe kapasrahakên dhatêng pangagênging tilpun, ingkang makatên wau kula matur sangêt nuwun.

Nalika tilpun punika têksih dados gadhahaning matsêkape, ngantos dumugi taun 1913 parentah Surakarta pambayaripun namung sapalihing tarip ingkang tumindak ing ngriku, inggih punika f 5 sawulan sabên satu sêtèlipun. Nanging manawi langkung saking 5 pal saking kantor telepun, bayaranipun sawulanipun sabên 1 pal mindhak f 1,- sudaning bayaran samantên wau ingatasipun matsêkape sampun sae sangêt, sabab limrahipun matsêkape punika namung ngangkah agênging bêbathèn. Ewasamantên matsêkape wau nelakakên inggiling dhêdhasaripun, inggih punika rumaos tumut kuwajiban kêdah ambiyantu kabêtahan [kabêtah...]

--- 61 ---

[...an] umum, jêr saèstunipun priyantun pangrèh praja punika anggènipun pêrlu anggadhahi tilpun, inggih namung kangge pêrlu umum.

Pungkasaning taun 1913 nalika tilpun kapasrahakên dhatêng gupêrmèn, tarip f 10 wau kainggahakên dados f 12,-,pal-palan, f 1 wau dados f 1.50 nalika samantên parentah Jawi nyuwun supados sudaning tarip kados pranatan lami kalêstantuna, sabab tumraping kabêtahan umum sadaya ruwêt-rêntêng salêbêting praja ngriku botên sagêd pisah kalihan kabêtahaning gupêrmèn, panuwunanan wau sêtêngah kaparêngakên, inggih punika ingkang kaindhakakên punika namung tilpun sambêtan enggal, sambêtan lami kalêstantunakên, nanging rekêningipun kêdah kabayar miturut tarip enggal, salajêngipun yatra langkunganipun badhe kawangsulakên, parentah Jawi sampun sarujuk.

Taksih wontên sambêtipun.

Wajibing Narpawandawa

Salêbêtipun wulan Oktobêr kapêngkêr punika, kula tampi dhawuhing parentah lumantar kabayan kampung ing Pucangsawit (Jèbrès) suraosipun andhawuhakên kula sabarayat sami katamtokakên sowan dhatêng sêtat cacaran ingkang sampun katamtokakên dening mantri cacar. Wangsulan kula sandika, amung sadèrèngipun kula ngèstokakên dhawuh, kula nyuwun katêrangan, sarèhning bojo kula punika taksih santana dalêm grat II punapa inggih ugi katamtokakên sowan dhatêng cacaran, kabayan mangsuli badhe nêrang rumiyin, botên dangu kabayan wangsul cariyos, mirib parentahipun mantri cacar, sarèhning bab punika sumêrêp dhêdhawuhan nagari, lêrêsipun inggih kêdah kaèstokakên, kula mangsuli, sayêktosipun bilih bojo kula dipun dhawuhi tlusuran dhatêng sêtat cacaran pancèn awrat, dene kula tuwin rencang jalêr ugi badhe ngèstokakên dhatêng cacaran.

Awit saking punika murih wontên bedanipun arane santana dalêm, saha supados katingal aji sawatawis, kados langkung prayogi nagari maringi pangayoman [pangayo...]

--- 62 ---

[...man] dhatêng para wayah buyut tuwin canggah dalêm putri ingkang sampun diwasa utawi ingkang dados lakinipun para abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, samôngsa wontên modhèl dhawuh cacaran makatên wau kalilan sami botên kacacar: utawi sanadyan kacacar, mantri cacar kadhawuhana dhatêng ing griyanipun piyambak-piyambak, wah tidhak adha tempo buat dhatêng dhi rumah masing-masing.§ Botên ta yèn makatên, èngêt kula rumiyin sampun wontên dhawuh, cacaranipun santana dalêm punika wontên ing pasowanan Kapatihan, botên tumindakipun wau rêdhaksi dèrèng angsal sêsêrêpan. Red. Bab punika sampun sapatutipun tumuntên kagalih dening pakêmpalan Narpawandawa, awit nama kuwajiban, wasana amung sumôngga. § Lêrês, Narpawandawa pancèn kêdah anggalih bab punika, kadospundi prayoginipun. Red.

Urun Pamanggih Bab Kamardikan

II.

Adêg-adêg IV, panampi kula makatên: gêgayuhanipun para linangkung ing bab kamardikan jaman sapunika, dipun wastani sawêg anggayuh (kamardikaning karajan ôngka 1), nanging sampun utami, sabab kamardikan ôngka 1, punika dados êmbananipun kamardikan 2, (mardikaning manungsa), tuwin: 3 (sajatining kamardikan), manawi kaparêngipun sadhèrèk Kolot mardikaning karajan dados êmbananipun manungsa ingkang mardika awakipun (nanging raja ingkang jumênêng pribadi, sudagar botên kalêbêt), pancèn inggih mathuk, nanging manawi lajêng kêcaruk ing têmbung sudagar klêbêt kolêm 7, jègrêg. Punapa malih manawi dipun pêksa ngêmbani manungsa ingkang mardika badan budinipun, inggih punika risang maha yogi ingkang namung mandêng dhatêng têpêt sukci, punapa botên jègrêg. Langkung malih dados êmbananipun kamardikan 3 (sajatining kamardikan) ingkang dipun dangokakên dening sadhèrèk Kolot piyambak: (nanging donya ngriki punapa wontên), lah gèk punapanipun ingkang dipun êmbani, manawi ing dunya ngriki pancèn sêpên, mardikaning karajan dumunung wontên ing dunya ngriki, lajêng ngêmbani barang ingkang taksih dipun dangokakên ing dunya ngriki punapa wontên, e èh taksih jègrêg, nyuwun priksa ing pundi marginipun ingkang botên judhêg. Lêlajênganipun: (Ngungsêd [(Ngung...]

--- 63 ---

[...sêd] kamardikan 1), têgêsipun marlokakên anggayuh kawontênaning dunya ingkang watêkipun goroh, (nyambi anggayuh kamardikan tigang warni). Ingkang pundi? Punapa: (mardikaning awak + mardikaning badan budi + sajatining kamardikan?) dados mardikaning badan budi tuwin sajatining kamardikan dipun anggêp rèmèh, mila panggayuhipun amung sinambi kalaning nganggur, rèwèl. Ngêndikanipun sadhèrèk Kolot. Manawi têlatos yêktos pangungsêdipun, ingkang dipun têlatosi yêktos pangungsêdipun miturut suraos ing nginggil, harak namung pangungsêd dhatêng (kamardikaning karajan: ta, Gusti Allah mêsthi nyêmbadani - sagêd nyakup kamardikan tigang prakawis sami sanalika). Rèwèl malih, punapa kintênipun sadhèrèk Kolot kaparêng dados borg sagêd ngêndika mêsthi. Ingkang dipun lampahi andêrpati - kula ajrih mêstani: mêsthi kêcukup. Langkung malih sambèn = (ngêndi ana gusti rinèh ing kawula). Kalayan malih: (ngèlmu iku, kalakone kanthi laku, lêkase lawan kas, têgêse kas) = nyantosani. Ringkêsipun ngêndikanipun sadhèrèk Kolot punika, tumrap kula - kula anggêp: dora. Nyuwun ngapuntên. Sabab dening satunggal-tunggaling gêgayuhan anggayuh geyonganing kayun, subratanipun têtela botên kenging worsuh tuwin kaworan, kêdah manggèn ing dêdunungan saking pangancaping kawruh piyambak- piyambak.

Adêg-adêg V ... (kintên-kintên kemawon kajawi kanthi kagunan kawaspadan ugi kêdah taksih mawi kawruh: brata, sopana, yêkti, waskitha). Mêksa jègrêg, tiyang sampun nganthi waspada têka taksih kedah mawi kawruhipun waskitha. Waspada = (ora kasamaran), waskitha = ( wêruh sadurunge winarahake), sami - mawon, manawi sampun nganthi waspada, mêsthi sampun mêngku waskitha, kawruhipun mêsthi sampun kapêngkêr, (ing kaprawiran wus kapungkur = saking anggènipun sampun prawira), manawi taksih kolêg wontên ing kawruh, inggih dèrèng waskitha, dados inggih dèrèng waspada. Sadhèrèk Kolot pangintên kula slingsingan dhatêng panampinipun têmbung-têmbung wau, pancèn botên pisah-pisah makatên. Lêrêsipun gatra ukara: (kawruh brata sopana [iku], yêkti waskitha). Kanggenipun ing têtêmbungan wontên êmpan-papanipun piyambak, têgês sarta

--- 64 ---

suraosipun: (ngèlmu lan laku marang marganing pati, [iku] têmên ora kasamaran) dene suraosipun ingkang lêbêt, prayogi sami dipun olak-alik piyambak. Sagêd mêmpan dhatêng ngêndikanipun sadhèrèk Kolot ing adêg-adêg IV punapa botên, kula nyumanggakakên.§ Katêranganipun kasumanggakakên dhatêng sadhèrèk Kolot. Red.

Nuwun, borong ingkang sami kaparêng anggalih.

Sasmita.

Wara-wara

Pangrèh ngaturi uninga, ing dintên malêm Sênèn tanggal kaping 8 Sawal Wawu 1857 (kaping 10/11 April 1927) wanci jam 8 sontên, pakêmpalan Narpawandawa damêl parêpatan agêng taunan, ngiras alal bahlal lêbaran Siyam, wontên ing Kusumayudan, ingkang badhe karêmbag.

1. Nêtêpakên pèngêtan prêpatan agêng kapêngkêr (kawrat ing organ ôngka 7, 8, 10 taun 1926 sarta ôngka 2 taun 1927). 2. Nêtêpakên rêmbag palapuranipun panitya rad nagari (kawrat ing organ ôngka 3 sarta 4). 3. Maos palapuran taunan, dalah lêbêt wêdalipun arta. 4. Bab para warga ingkang sami kabêkta saking salakirabi. 5. Bab arta bôndha pasinaon (studie-fond). 6. Bab arta kuntribisi. 7. Pahargyan badhe tumbuk dalêm yuswa 64 taun. 8. Tuwin rêmbag sanès-sanèsipun.

Ingkang punika para warga sami dipun aturi marlokakên rawuh, saha kaparênga maradinakên dhatêng para warga ingkang cêlak, bokmanawi kècèr, dèrèng mirêng prasabênan punika.

Kasêrat kaping 1 April 1927.

Pangrèh.