Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka 6, kaping 30 Dulkangidah Wawu 1857, utawi kaping 1 Juni 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan

Ing dintên malêm Sênèn tanggal kaping 15 Sawal Wawu 1857 utawi kaping 17/18 April 1927 wontên ing Kusumayudan, pangrèh ingkang rawuh:

1. R.M.H. Wuryaningrat ... pangarsa mulya. 2. B.K.P.H. Kusumayuda ... pangarsa. 3. R.M.H. Padmawinata ... panitra I. 4. R. Ng. Purwasastra ... panitra II. 5. Rm. H. Suryaningrat ... artaka I. 6. Rm. H. Bratadipura ... artaka II. 7. B.K.P.H. Suryaamijaya ... panitya.

--- 82 ---

8. R.T. Tôndhawadana ... panitya.

Tamu: wakil pakêmpalan Mardiguna, 2. Trêsnapraja, 3. Waduaji, 4. Mark Wèsên, 5. Darah Mangkunagaran, 6. Pananggap Surakarta, 7. Kridhawacana, 8. K.D.O., 9. O.R.B., 10. Muhkamadiyah. 11. Yong Yapha, 12. Kadipatèn Anom, 13. Budi Utama pang Surakarta, 14. Garap Kabupatèn.

Wakil pèrs, 1. Darmakôndha, 2. Timbul.

Para warga ingkang rawuh kirang langkung 250 warga pangagêng ingkang rawuh namung sakêdhik, wanci jam 9 pangarsa miwiti amêdhar sabda, kados ing ngandhap punika:

Awit saking namanipun pangrèh Narpawandawa, kula ngaturakên wilujêng, sarta panuwun dhumatêng para sadhèrèk warga, tuwin para wakiling pakêmpalan, punapadene pèrs, ingkang sami kaparêng marlokakên rawuh parêpatan dalu punika. Wontênipun parêpatan agêng kula dhawahakên bibar bakda siyam punika parlunipun ngiras kangge pêpanggihan alal bikalal, Jawinipun: apura-ingapura, mila salêbetipun taun punika manawi wontên sisipipun pangrèh nyuwun gunging pangapuntên dhumatêng para sadhèrèk warga sadaya, sakathahing kalêpatan mugi binengkasna ing dalu punika.

Ing sadèrèngipun parêpatan kula wiwiti, kula badhe ngaturakên kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa sawatawis, mênggah kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa saya lami saya katingal majêng, ing taun punika indhakipun warga saya kathah, antawisipun pitung dasanan, gunggungipun warga sadaya: 417. Ingkang makatên wau têtela para santana dalêm sampun sami kraos saha ambêtahakên parlunipun wontên pakêmpalan.

Lêbêtipun arta kontribisi kenging dipun wastani mêntês, amila pangrèh sangêt ing bingahipun, kados pangajêng-ajêngipun pangrèh, amargi lampah saha kiyating adêgipun pakêmpalan punika sarana waragad, amila wêdaling organ ingkang ing ngajêng kawêdalakên sabên tigang wulan, sapunika sagêd mêdal sabên wulan, amung sarèhning pakêmpalan punika ugi parlu ngagêngakên kasipun, agênging kas wau sagêd andayani para warga sadaya, pamanggihing pangrèh para warga ingkang sagêd kados kaparênga ngindhaki kontribisinipun.

--- 83 ---

Mênggah anggèning Narpawandawa damêl pakêmpalan pralenan sagêd dados, dene wontênipun pralenan punika kamanah parlu, amargi manawi wontên sadhèrèk warga ingkang kakirangan, tilar donya, lajêng sagêd angsal pambiyantunipun saking pakêmpalan punika.

Sadhèrèk, kajawi ingkang sampun kula aturakên wau kula parlu matur sakêdhik inggih punika, bab kaparêng dalêm sapunika angiyasani pamulangan kangge lare alit, punika pancèn parlu sangêt, amargi kangge andhasari piwulang dhumatêng lare alit, dados tumrap kangge para santana dalêm paring dalêm pamulangan sampun kalih, 1. pamulangan kangge lare alit (Pamardi Putri), 2. pamulangan Kasatriyan, sarta sapunika ugi sampun wontên panggalihan dalêm badhe iyasa pamulangan kangge lare èstri, amila para santana dalêm wajib angunjukakên panuwun ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, dene tansah anggalih ajênging pasinaonipun para santana dalêm.

Anggèning nagari angwontêni sêtudhi pon (waragad kangge anglajêngakên dhatêng pamulangan têngahan utawi inggil) punika botên namung tumrap dhatêng anaking abdi dalêm, ugi kangge para santana dalêm, Narpawandawa ugi ngwontêni sêtudhi pon, ewasamantên dèrèng sapintêna wontên wohipun, para santana dalêm ingkang sampun sagêd rampung pasinaonipun ing pamulangan têngahan dèrèng sapintêna, saya pamulangan inggil, amila atur kula para sêpuh sami amardia dhumatêng putra ajênging pasinaonipun, èngêt sadhèrèk, jaman sapunika ingkang nama sagêd ngangge kajawi nêtêpi kalakuan sae, ugi mawang kasagêdan, manawi sakalih-kalihipun wau sêpên, tamtu botên sagêd dados, mêmêlas putra panjênêngan, ing Sêrat Wedhatama mungêl: satriya dibya sumbaga tan lyan trahing senapati, môngka sadhèrèk sadaya punika trah kasenapatèn, amila suwawi para sadhèrèk, sami amarsudia dhumatêng para putra sagêda nêtêpi kados ingkang mungêl ing Sêrat Wedhatama wau, Narpawandawa taksih kêncêng badhe angadani damêl kursus èstri, ingkang lajêng sagêd parlu kangge panggulawênthah dhumatêng putra-putranipun, gêgandhenganipun atur kula punika, Narpawandawa ugi manah parlu ajêngipun [ajêng...]

--- 84 ---

[...ipun] para putra- putranipun santana dalêm malêbêt dados padpindêr trunakêmbang, wêkdal punika para santana dalêm ingkang malêbêt dados padpindêr taksih sakêdhik sangêt, wontênipun Narpawandawa manah parlu para santana dalêm malêbêt dados padpindêr, amargi kajawi dipun gêgulang ulahraga, kaprigêlan, têtulung dhatêng kasangsaran sapanunggilanipun, ingkang langkung parlu tuntunan dhatêng kalakuan sae, sarta ambêg wêlasan dhatêng sasami.

Kula angambali atur malih, wiwit dintên punika kula angajêng-ajêng sangêt para sadhèrèk- sadhèrèk amarsudia dhatêng putranipun, sagêda nyêpêng tujuning Narpawandawa, para santana dalêm sagêda dados wiji ingkang sae, kosokwangsulipun Narpawandawa ngatingalakên bingahing manah, dene nalika wontên gegeran komunis, para santana dalêm kenging dipun wastani botên wontên ingkang katingal keguh, anelakakên pamanahanipun sampun têtêp, pancèn sanès ingkang dipun kajêngakên.

Sadhèrèk, uningaa, gegeran wau kabaripun pancèn dipun damêl gandhèng kalihan paprentahan Sopyèt ing Ruslan, Narpawandawa botên pitados bilih para tiyang-tiyang wau rumasuk yêktos dhatêng kawontênanipun komunis, anggèning kathah ingkang sami tumut, têrang namung kèlu kapulut sarta dipun ojok-ojoki, Narpawandawa nyeda sangêt dhatêng tindakipun para tiyang ingkang sami kèlu wau, sokur ing Allah, dene botên patos kathah pêpêjah, sampun sagêd sirêp.

Mênggah ingkang dipun kajêngakên saenipun adêging praja punika, tata-têntrêm, amila kadospundi sagêdipun praja kalampahan sae, pamanah kula namung parentah kalihan ingkang dipun parentah anggolong dados satunggal, sanadyan praja katingal sae, kados ta: saening margi, padhanging dilah sapanunggilanipun, nanging kawontênanipun kawula kirang têntrêm, punika dèrèng kados pangajêng-ajêngipun, mila pamujinipun Narpawandawa, mugi-mugi pinarêngna ing Gusti Allah, kawula tuwin paprentahan sagêda anggolong dados satunggal, namung kalampahanipun makatên wau inggih sarana adhêdhasar jagi-jinagi, botên namung jaman [ja...]

--- 85 ---

[...man] sapunika kemawon wontên lêlampahan kirang têntrêming praja, wiwit kina-makina risaking praja botên liya inggih saking pisahing paprentahan kalihan kawula.

Awit saking punika, kula parlu nyêbut dhêpisipun Narpawandawa, minôngka pandênganing lampah, inggih punika: eka paksa karya sakti.

Sapunika parêpatan kula wiwiti.

Taksih wontên sambêtipun.

Konggrès Basa Jawi

I

Kula nuwun, Radyapustaka sampun nampèni sêratipun pangrèh agêng Yapa insêtitut, katitimasan kaping 11 Dhesèmbêr 1926, suraos: Radyapustaka supados angwontênakên sêsorah bab: awon saenipun basa Jawi kasêrat sastra Latin, punika andadosakên bingahipun Radyapustaka, dene kapasangyogi sagêd angsal margi mêdhar pamanggihipun bab wau. Awit sajatosipun, bab basa Jawi kasêrat sastra Latin, punika katingal dados pamanahan sayêktos, wiwit wêdalipun basa Jawi kasêrat sastra Latin, lajêng dados wiraosanipun para guru, sarta para sadhèrèk sanès -sanèsipun (kathah ingkang botên condhong) langkung malih para ingkang anggatosakên kawontênan sarta kamajênganipun bôngsa Jawi tuwin rêmên dhatêng basa Jawi.

Rêraosan makatên wau ugi kêrêp kawêdhar wontên ing pêpanggihan pakêmpalan Mardi Basa ing Surakarta, emanipun rêmbag wau namung rêmbaging pêpanggihan piyambakan, môngka ingkang andhatêngi utawi warganipun ugi kathah, kawêdharipun sayêktos, ingkang lajêng kamirêngan ing akathah, punika kala Radyapustaka parêpatan agêng ngrêmbag tataning panyêrat sastra Jawi, kathah warganing panitya ingkang mrayogèkakên supados Radyapustaka manah: kadospundi sagêdipun sastra Jawi sampun ngantos sirna, mila Radyapustaka lajêng manah, bab wau sapikantukipun.

Saèstunipun sadaya sampun sagêd anggalih piyambak, wontênipun para sadhèrèk gadhah usul ingkang makatên wau dhatêng Radyapustaka, punika mêsthi wontên raosipun, kadospundi gandhèngipun kalihan sastra sarta kalihan bôngsa Jawi, [Ja...]

--- 86 ---

[...wi,] mokal sangêt manawi kawontênan prabot sipating bôngsa badhe dipun ewahi têka botên kraos, mila prêlu kawawas ingkang cêtha.

Ing waunipun Radyapustaka botên gadhah pangintên, manawi sastra Jawi badhe sirna, awit sampun pitados dhatêng panggalihanipun para ingkang ngakên badhe ngajêngakên bôngsa Jawi, nanging sarêng nyumêrêpi kawontênanipun samangke, tuwuh pangraosipun, sisip-sisip sêmbiripun, sastra Jawi sagêd sirna santun sastra Latin, awit kawontênanipun ing sakolahan Jawi langkung malih H.I.S. sêrat-sêrat piwulang sastra Jawi, sarta waosan basa Jawi kenging kawastanan botên samêsthinipun, kathah ingkang kasêrat sastra Latin, sêrat-sêrat waosan Jawi ing Balepustaka, kathah sangêt ingkang kasêrat ing sastra Latin, botên namung anggitan enggal, dalasan sêrat kina sampun wontên ingkang dipun wiwiti kasêrat sastra Latin, inggih punika sêrat rama, môngka mirit nama, Volkslectuur, lectuur tumrap volk ingkang sampun gadhah sastra piyambak.

Awit saking kawontênanipun sakolahan-sakolahan sampun dipun balêbêg piwulang sastra Latin, wontên ing Jawi waos-waosan Balepustaka sampun kathah ingkang kasêrat ing sastra Latin, saha dipun rêgèni mirah, badhe ngupados waosan ingkang taksih aksara Jawi rêkaos, dados lajêng kapêksa nêngênakên sastra Latin, rêmên sarta katrêsnanipun dhatêng sastra Jawi botên kamanah, saèstunipun dangu-dangu badhe sagêd sirna sayêktos, môngka sanadyan botên dipun angkah, bilih kawontênanipun kawula kalihan ingkang marentah punika beda, mêsthi sagêd ngewahakên kawontênan, sarèhning punika prakawis gawat, Radyapustaka prêlu nglairakên pamanggih supados dados panggalihanipun ingkang wajib, kados ta: paprentahan luhur sarta sanès-sanèsipun.

Radyapustaka botên rujuk, bilih sastra Jawi kasirnakakên kasantunan sastra Latin, dene manawi kamanah prêlu, tumrapipun ing wêkdal punika, dipun wêwahi piwulang basa Jawi sastra Latin, kenging kemawon, nanging namung dumunung wêwahan, botên kangge nyantuni jêjêripun sastra Jawi, punika kêdah taksih kalêstantunakên, mênggah sababipun kados ing ngandhap punika.

--- 87 ---

Manawi kalarasakên kalihan kamajêngan, sastra makatên ugi dados ancêr-ancêr titikaning kamajênganing bôngsa, kajênging kamajêngan, botên nyirnakakên kabudayaning bôngsa, nanging malah andandosi, têgêsipun pundi ingkang kirang sampurna dipun sampurnakakên, ingkang kirang prigêl dipun prigêlakên, kenging mêndhêt saking kawontênaning sanès, namung dumunung wêwahan kemawon. Pamanggihipun Radyapustaka, kabudayaning bôngsa ingkang botên adamêl pakèwêt dhatêng lampah sampurnaning gêsang, bilih dipun sirnakakên, ingkang kapitunan botên amung bôngsa ingkang gadhah kagunan wau, nanging ugi donya tumut kapitunan.

Lêrês bôngsa mônca wontên ingkang prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, nanging cacahipun botên kathah. Tumrapipun para marsudi sagêdipun paham saèstu dhatêng kawontênan Jawi, punika prêlu matrapakên tatacara Jawi: botên cêkap namung nyumêrêpi kemawon, têgêsipun, sintên ingkang sumêdya sinau bôngsa Jawi kêdah ngrêtos aksaranipun, manawi botên makatên inggih botên sampurna, mila botên sagêd bilih bôngsa mônca prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, tiyang bêtah makatên kêdah wragad rêkaos, botên namung ngeca-eca lajêng damêl karisakaning liyan.

Tumrapipun bôngsa Jawi piyambak, kalèntu bilih nêdya nyirnakakên sastra Jawi, amargi pancèn botên makèwêdi lampah, malah sagêd nama karisakan, awit bilih dipun larasakên mirit waton, Physiologie, sastra kalihan raos-pangraos, angên-angên, pamikir, punika wontên sêsanggitanipun, inggih punika gêgambaranipun satunggil-tunggiling aksara, sandhangan swara, dalah saungêlipun, punika sampun cumithak wontên ing raos-pangraos, malah cengkok, luking wangunanipun, punika sampun ambêkta dhêdhasaraning raos, sipat sarta wêwangunaning raos Jawi, ingkang beda kalihan raos Eropah, kados ta: bab raos wujud, upaminipun rêca, ukir-ukiran, sarta kawontênaning corak, punika sampun sami gadhah dhasar raos, utawi lêlungidan piyambak-piyambak, samôngsa dipun ewahi, lajêng ngewahakên raos-pangraos kemawon, botên prêlu kula aturakên panjang-panjang, wujud ingkang

--- 88 ---

mêdal saking pikiranipun piyambak, sampun tamtu langkung gampil punapadene sakeca cumithakipun katimbang wêwêdalan sanès.

Manawi miturut kawruh bab physiologie sastra Jawi kapêksa kasantunan sastra Latin, punika rêkaos sangêt, awit aksara Jawi wau, tumrapipun bôngsa Jawi tamtu sampun laras kalihan kawontênanipun, awit sampun pintên-pintên taun pangrasukipun bôngsa Jawi dhatêng sastranipun wau, sêlak mokal bilih sampun botên anyêkapi ing bêtah sarta mapan, makatên punika sampun samêsthinipun, kabudayan babaring budi, punika sampun prasasat dados satunggal kalihan kawontênaning bôngsa, mila ugi kenging katêmbungakên dados dhêdhasaring bôngsa, bilih badhe dipun rudapaksa dipun santuni, amutawatosi, badhe kirang prayogi kadadosanipun, amargi dèrèng tamtu sagêd nyêkapi sarta laras kalihan kawontênanipun, punapadene botên jumbuh kalihan pangraosipun.

Tumraping pêpiritan, sumôngga ta amriksanana praja agêng-agêng ingkang pancèn anggadhahi basa, sastra, tuwin kabudayan piyambak, limrahipun mêsthi dipun lêluri, botên lila manawi badhe dipun risak, kados ta: Yapan, Dhitsêlan, malah nagari Cina samangke sawêg ambangun enggal badhe mulyakakên sastra sarta basanipun, makatên pamanahan ingkang lugu ngangkah kamajêngan tuwin kamulyan ingkang sajati.

Wondene panacad- panacad dhatêng sastra Jawi ingkang sampun kawêdal wontên ing sêrat kabar utawi ginêman, pamanggihipun Balepustaka taksih rèmèh tur dèrèng pratitis, ingkang dipun manah namung gandhèngipun kalihan economie. Sanadyan kasêrat aksara Latin ugi botên kirang cacadipun, malah bokmanawi ugêr dipun petani langkung kathah, sabab dening aksara Latin kangge basa Jawi damêl-damêl. Coba kula jèrèngipun sawatawis panacad- panacad wau kados ing ngandhap punika.

1. Wontên ingkang mastani bilih basa Jawi kasêrat aksara Jawi langkung rindhik, katimbang kasêrat aksara Latin, awit sêratan Latin satêmbung sagêd amung sacorekan, botên susah anjujung tangan. Samantên anggènipun pados-pados, nanging makatên wau dèrèng têmtu: rikat sarta rindhiking panyêrat gumantung

--- 89 ---

wontên kulina sarta kaprigêlanipun ingkang nyêrat. Sumôngga kacoba nyêrat Jawi sastra Jawi katandhing panyêratipun ing sastra Latin, upaminipun: pang, pang. cuwèr, tjoewer, jamu, djamoe ... bokmanawi badhe katawis bilih aksara Jawi kathah ingkang mênang rikat, mênang ringkês.

Taksih wontên sambêtipun.

Ôngka 660. D/I.

Turunan

Bab Ôngka Jawa

Dhawuh marang ... manira nampani dhawuhing timbalan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampeyan dalêm ingkang wicaksana nguningani, para abdi dalêm manawa duwe atur ing parentah akèh kang nganggo ôngka Walônda, iku ora andadèkake kaparêng dalêm. Ing saiki kaparênging karsa dalêm, para abdi dalêm manawa duwe atur ing parentah, padha ingandikakake nganggo ôngka Jawa, iku banjur pakênira dhawuhna lan kaèstokna.

Dhawuhing parentah kaping 9 April 1927.

Pêpatih dalêm

W.G. Jayanagara.

Garapan Sèkrêtari

W.G. Siswapradata.

Punika botên namung sêrat paturan (saking ngandhap manginggil) kemawon ingkang kasêrat mawi ôngka Jawi, sanadyan sêrat-sêrat dhawuh (saking nginggil mangandhap) ugi angkanipun mawi ôngka Jawi. Red.

Bokmanawi para warganing pakêmpalan kita Narpawandawa, taksih sami kèngêtan nalika parêpatan agêng wontên ing abipraya, ngrêmbag bab suraosipun sêtatsêblat ingkang nata silah-silahipun kawula dalêm = onderhoorigheid para ratu Jawi kalihan kangjêng guprêmèn, ngantos sawatawis rame, pamanggih kula parlu ugi samangke para darah ngawuningani wêwatonipun pundi tiyang ingkang dipun wastani kawula

--- 90 ---

Nèdêrlan awêwaton saking wèti§ Anggêr Walandi punika namanipun warni-warni, kados ta: wet, koninklijk besluit, algemeene maatregel van bestuur, ordonnantie lan sapiturutipun, beda-bedanipun ing têmbe badhe kula andharakên ing organ ngriki. Red. pun pamanggih kula rèhne kita sadaya punika inggih kawula (onderdaan) Nèdêrlan, mila parlu nyumêrêpi, ugi ngiras kangge ngindhakakên sêsêrêpan, dene pranatanipun wau kasêbut ing wèt katitimasan kaping 10 Pèbruari 1910 kawrat sêtatsêblat Indhiya ôngka 296 kados ing ngandhap punika.

Bab I

Miturut wèt kang nêtêpake êndi kang diarani bôngsa Walônda, Nederlanderschap sanadyan awake dudu Walônda, ugêr nêtêpi paugêran ing ngisor iki, iku diarani kawula Nèdêrlan:

1. Sadhengaha sing lair ing Indhiya Nèdêrlan, bapa biyunge dêdunung ing kono, utawa sanadyan bapakne ora kasumurupan, ugêr biyunge dêdunung ing Indhiya.

2. Sakabèhe kang lair ing Indhiya Nèdêrlan, sanadyan ora karuwan bapa biyunge.

3. Bojo, utawa randha- (lanjar) ne kawula Nèdêrlan kasêbut perangan 1 lan 2 kang ora laki manèh.

4. Bocah kang durung rabi laire sajabaning Indhiya kang durung umur 18 taun, kang wong tuwane kawula Nèdêrlan kaya kang kasêbut bab iki.

5. Bocah kang lair sajabaning Indhiya Nèdêrlan, wong tuwane kawula Nèdêrlan kaya kang kasêbut bab iki, sing wus salakirabi utawa umur 18 taun, banjur dêdunung ing Nèdêrlan utawa Indhiya, kalêbu bojo lan anak-anake kang durung salakirabi sarta durung umur 18 taun, uga dêdunung ing Nèdêrlan utawa Indhiya.

Bab II

Mungguh ilange anggone dadi kawula Nèdêrlan kaya kang kasêbut bab siji mau:

--- 91 ---

1. Manawa dadi kawulane karajan liya naturalisatie§ Sadaya tiyang punika tamtu wontên ingkang kagungan kawula = onderdaan manawi wontên parlunipun kenging nyuwun ngalih dados kawulanipun praja sanès, upaminipun Walandi dados Inggris, Cina dados Jêpang enz. Makatên punika dipun wastani naturalisatie botên susah ngalih padunungan, namung wajib wawênangipun lajêng nêtêpi wêwatoning nagarinipun enggal. naturalisatie wau nalika pêrang agêng kathah sangêt, para tiyang dagang Jêrman ingkang sami wontên Indhiya ngriki ngalih dados kawula Nèdêrlan, parlunipun: 1. sampun ngantos katarik mantuk kadadosakên militèr lajêng tumut pêrang, 2. nyingkiri pamboikotipun tiyang Inggris. lan ora ngêmungake awake dhewe, dalah bojo sarta anak-anake kang durung umur 18 taun, uga katut.

2. Awit saka laki kalayan uwong kang ora klêbu ing bab I perangan 1, 2 utawa 5.

3. Suwita karajan liya kang ora olèh idine gupêrnur jendral.

4. Yèn dêdunung ing seje karajan, sajrone têlung sasi ora lapur marang kongsul Nèdêrlan kang§ Wakiling nagari wontên ing karajan sanès tumrap lampahing dagang, manawi gêsan babagan pulitik, ing têmbe manawi kula nganggur sarta kyai rêdhaktur nayogyani, badhe kula anturakên. (Prayogi Red.). ana nagara kono, utawa yèn gone dêdunung mau salawase, môngka ora lapur sabên taun-taune sajrone têlung sasi kawiwitaning taun.

Plapuraning wong lanang tumrap bojone, bapa tumrap anak-anake, rôndha uga tumrap anak-anake, iku kaanggêp uga tumrap awake dhewe.

Sapa-sapa kang kelangan anggone dadi kawula Nèdêrlan kaya kasêbut perangan 4 iki, môngka banjur ora bisa anêtêpi perangan 1, 2 utawa 3 iku yèn bali dêdunung ing Indhiya, uga banjur bali dadi kawula Nèdêrlan manèh.

Bab III

Wèt iki uga tumrap marang sakabèhing bawah Nèdêrlan.

--- 92 ---

Wara-wara

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan ngaturi uninga, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, badhe iyasa pamulangan kangge rare èstri, (Hollandsch-Inlandsche Meisjesschool) kangge putra santana dalêm dumugi anakipun santana dalêm canggah.

Bikakipun kaangkah benjing tanggal sapisan wulan Juli 1927 ngajêng punika. Sawêg dipun wiwiti klas 1, kathah-kathahipun murit 40.

Wondene rare ingkang badhe katampi rumiyin, sarta bayaranipun wêwatonipun sami kalihan kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri.

Awit saking punika, para putra santana dalêm ingkang badhe nyinaokakên dhatêng iyasan dalêm mèisêssêkul wau, benjing tanggal kaping 13, 14 utawi 15 wulan Juni ngajêng punika, wanci jam 10 enjing kaajêng-ajêng tindak dhatêng griya pamulangan Pamardi Putri, kalihan ingkang badhe kasinaokakên, ampilanipun pikêkah sarta sêrat pratôndha bilih sampun dipun cacar kabêktaa pisan, prêlu badhe dipun cathêti dening kumisi.

Makatên malih ing tanggal sapisan wulan Juli wau ugi ambikak voorklasse kangge rare jalêr èstri ingkang dèrèng sinau wontên Pamardi Putri ingkang umuripun benjing Juli ngajêng punika watawis 5½ taun. Sinaunipun wiwit jam 11 dumugi jam 1 siyang. Wondene waton ingkang dipun tampèni, bayaranipun sarta anggènipun anglêbêtakên tuwin sanès-sanèsipun kados ingkang kasêbut nginggil. Anggènipun nampèni para ingkang sami nglêbêtakên wau benjing tanggal kaping 13, 14 utawi 15 wulan Juni ngajêng punika, wanci jam 11 siyang, cêkap lajêng prasabên dhatêng dhirèktrising pamulangan Pamardi Putri.

Kasêrat kaping 12 Dulkangidah taun Wawu 1857.

Utawi kaping 14 Mèi 1927.

Wisesa: Kusumabrata.

Wacaka: Bratadipura.

--- 93 ---

Pangunandika

Awit saking ungêlipun sêtatsêblad taun 1925 ôngka 682 adêg-adêg g sarta h zie Narpawandawa taun 1927 ôngka 3 lajêng tuwuh pangunandikaning manah kula kados ing ngandhap punika: tumrap garwanipun santana dalêm èstri dumugi grad III punika manawi katimbang kalihan garwanipun santana dalêm jalêr grad II sarta III saking pamanggih kula rangipun kadamêl inggil garwanipun santana dalèm èstri, tandhanipun: dhudhanipun santana dalêm èstri, bilih garwanipun wau tilar anak gêsang, taksih dados grad (botên kapratelakakên sampun rabi malih utawi dèrèng)§ Hêm, mêrangi tatal panjenêngan punika, lah tiyang dhudha kok gadhah semah, soka sampun rabi malih namanipun inggih sanès dhudha. Red. sarêng randhanipun santana dalêm jalêr, manawi sampun emah-emah, sampumsampun. dede grad.

Kaplantranging pangunandika, ngantos anjog dhatêng bab sêsêbutan: saking pamirêng kula, garwanipun santana dalêm jalêr, sampun angsal sêsêbutan: radèn ngantèn§ Èngêt kula ing pranatan botên nyêbutakên, namung limrahipun sami kasêbut makatên. punapaa dene garwanipun santana dalêm èstri dèrèng,§ Inggih punika wujudipun bêbasan swarga nunut naraka katut. Red. hara ta, punapa botên nama kosèk? bab punika èngêt kula rumiyin sampun nate dados rêmbag wontên ing sêdyatama, dening sadhèrèk ingkang sêsinglon Ni Kopèk? kalihan ... mila botên langkung amung kula sumanggakakên para gêgembonging Narpawandawa.

Tuspajang.

Wara-wara

Pangrèhing Narpawandawa ngaturi uninga, wiwit sapunika pangagênging tarunakêmbang Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma anampèni para putra wayahipun santana dalêm ingkang sami sumêdya badhe sinau lampah-lampahipun padpindêr tarunakêmbang, ingkang katampi wiwit lare umur 7 dumugi 20 taun, wondene tujunipun padpindêr wau, adamêl wêwahing kasarasanipun badan, dipun saranani

--- 94 ---

olahraga: (sport en gymnastiek) sasaminipun. 2. sagêda gadhah wêwatakan (pambêgan) sinatriya, têgêsipun purun atêtulung, purun andarmakakên bausuku, sarta pamanggih dhatêng kasangsaranipun sadhengah bôngsa, kadosdene watêkipun para Pandhawa, utawi kados sasorahipun Mas Ngabèi Yasawidagda, nalika wontên pêpanggihanipun Narpawandawa wontên ing dalêm Kusumayudan, salêbêtipun taun 1925 sarta 3. sagêda kados pangandikanipun Irrêpursittêr kita Radèn Mas Arya Wuryaningrat, nalika badhe angajêngakên tarunakêmbang, inggih punika sagêda para santana sadaya sami mangrêtos lampah-lampah utawi olah kridhaning dêdamêl, parlunipun kangge anjagi badanipun piyambak, sarta sagêd nama kenging kawastanan têtêp jalêripun, punapa malih upami wontên ingkang sumêdya badhe dados abdi dalêm prajurit gampil sangêt kalêbêtipun, wondene manawi badhe anglêbêtakên supados lajêng sowan Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, sabên ing dintên Sênèn, Rêbo, sarta Saptu, wanci jam 5 dumugi jam 7 sontên wontên ing dalêmipun, saha sabên dintên kajawi dintên Jumungah saha Akat, wanci jam 9 dumugi jam 1 siyang wontên kantor pakolonelan, namung manawi dintên Kêmis sabibaring pasowanan. Ing wasana pangrèh angajêng-ajêng sagêdipun para santana sami kaparêng anglêbêtakên putra wayahipun.

Kaping 1 Januari 1927.

Pangarsa: Kusumayuda.

Panitra I: Padmawinata.

Guna + Kaya + Purun = Utama

Purun (Tanpa Guna Tanpa Kaya) Ambilaèni

[Pocung]

anggêpipun si pocung niru tumênggung / nekat ngikêt gita / tan tolih wuk tanpa dadi / pra sarjana kinira karsa ngapura //

pama limut mung têmbang myang têmbungipun / apêse ukara / karana tancêbing

--- 95 ---

batin / tinitia yakti datan durtèng cipta //

lir kêmaruk karêpe muradi têmbung / têmbung: panggêsangan / kang kasêbut ing bab kalih / ingkang munggwèng wêwaton Narpawandawa (= statuten) //

mangkya ayun angupaya asalipun / saking lingga: gêsang / nuli dèn atêr-atêri / anuswara: saha pa lan panambang: an //

rimbagipun sumôngga tuwan rêdhaktur /§ Manawi botên kalèntu, punika nama rimbag Dayawacaka. Red. de têgêsing: gêsang / yakti wontên warni-warni / beda-beda manut nêring kayakinan (= overtuiging) //

lamun nurut wêwarah raosing ngèlmu / muhung nora padha / Islam Kristên Tiyosopi / piandêle iki ngene kae ngana //

kang rumuhun amba amung arsa ngrêmbug / urip duk nèng dunya / dudu urip wusing lalis / sanènsanès. gêsang duk maksih wontên wêtêngan //

dene têmbung: panggêsangan têgêsipun / gih srananing gêsang / utawi caraning urip / uripira pra warga Narpawandawa //

damar mancung pêpucuk cinupêt cukup / cacak rèhing rasa / ing wuri ingorèh malih / lêlungide ywa dadi rupêging organ //

Surakarta kaping 13 Pèbruari 1927.

Sukisman.

Wêwaton Bôndha Pasinaon Nagari (Statuten)

1

Karsanipun nagari angwontênakên bôndha pasinaon, sasagêd-sagêd paring pitulungan arta waragad sakolah sapanunggilanipun dhatêng lare anakipun para putra santana sarta abdi dalêm, ingkang sami manggèn wontên salêbêtipun paresidhenan Surakarta, ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên pamulangan andhap, badhe nglajêngakên dhatêng pamulangan têngahan utawi pamulangan inggil, punapa- [punapa...]

--- 96 ---

[...-] dene lare ingkang sampun wontên pamulangan têngahan utawi pamulangan inggil wau.

2

Bôndha pasinaon punika saking patêdhan dalêm arta karaton sarta saking kadarmanipun nagari.

3

Ingkang nindakakên minôngka pangrèh, punika kumisi saking pamatahipun nagari, mêndhêt saking para putra santana sarta abdi dalêm, têtêpipun mawi kaparingan kêkancingan, sarta bilih kagalih parlu mawi kasumpah, dene cacahipun sakêdhik-sakêdhikipun 4 iji, sarta wontên ingkang kadadosakên pangajêng minôngka presidhèn tuwin sèkrêtaris, kajawi punika mawi bêbau sacêkapipun.

4

Ingkang kenging kaparingan pitulungan waragad bôndha pasinaon punika lare ingkang sagêd cêkap nampèni piwulang, ingkang badanipun saras, umuripun dèrèng kasèp, sarta ingkang têtela tiyang sêpuhipun kêkirangan waragad. Têtêpipun ingkang makatên wau kêdah wêwaton katrangan kados ing ngandhap punika:

a. Saking pangagênging pamulanganipun lare, bab kalantipan, kasrêgêpan, saening kalakuanipun wêkdal dados muridipun, saha tamating sinau wontên pangkat ingkang pungkasan.

b. Saking dhoktêr, bab kasarasanipun.

c. Saking pulisi ingkang bawahakên, utawi saking tiyang ingkang pinitados dening kumisi sagêd nyukani katrangan bab têmênipun kêkirangan waragad.

Taksih wontên sambêtipun.