Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka 7, kaping 1 Sura Wawu 1857, utawi kaping 1 Juli 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Katrangan

Ing organ Narpawandawa ôngka 6 wiwit kaca 89 dumugi kaca 91 katrangan beda-bedaning kawula dalêm kalihan kawulanipun kangjêng guprêmèn sapiturutipun, punika panjurungipun sadhèrèk KAS saha katrangan namaning anggêr Walandi (ingkang kaca 90) punika ugi katrangan saking sadhèrèk KAS wau, dados sanès centhanganipun rêdhaksi: kauningana.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan

I.

2. Pengêtan parêpatan agêng kapêngkêr (kasêbut ing organ Narpawandawa ôngka 7-8-10 taun 1926 sarta ôngka 1 taun 1927) katêtêpakên, lajêng dipun tandhani kalihan pangarsa.

--- 98 ---

2. Panitra I maos palapuran taunan, kados ing ngandhap punika:

Palapuranipun pakêmpalan Narpawandawa wiwit parêpatan agêng nalika ing dintên malêm Rêbo kaping 26/27 wulan Dulkangidah taun Be 1856 utawi kaping 8/9 Juni 1926 kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa, kados ing ngandhap punika:

1. Damêl parêpatan pangrèh rambah kaping 15.

2. Damêl parêpatan agêng tumrap warga pralenan sapisan, sarta lajêng anêtêpakên pangrèhipun.

3. Damêl parêpatan agêng mirunggan sapisan, ananging sarèhning para warga ingkang sami rawuh kiwa têngênipun 60 dados kirang saking cacah saprapataning warga, mila parêpatan wau lajêng botên kadadosakên, wondene ing sarèhning ingkang karêmbag parlu sangêt, pangarsa lajêng yaTidak perlu dibaca. nantunakên dhatêng para warga ingkang sami rawuh, punapa parêpatan kalajêngakên punapa botên putusanipun kalajêngakên, ananging kadadosakên pêpanggihan (bijeenkomst) kemawon.

4. Anyakolahakên anakipun warga Mas Sastrasubrata, nama Radèn Nuriman, wontên ing Milo Surakarta, namung sarêng salêbêtipun Nopèmbêr 1926 pindhah sakolahipun wontên ing Milo Madiun, jalaran bapakipun pindhah griya bawah residhènsi Madiun.

5. Anyakolahakên anakipun warga Mas Kudaprasêtya, nama radèn Rularsa, wontên ing Milo Surakarta.

6. Radèn Rara Susanti, anakipun warga Radèn Mas Sarjana, ingkang kasakolahakên wontên ing Milo ngriki, nalika salêbêtipun wulan Juli 1926 pindhah sakolahipun dhatêng Mèyêskwiksêkul Salatiga, sarêng ing salêbetipun wulan Nopèmbêr 1926, angsal grati mila bayaranipun sakolah saking Narpawandawa lajêng kasuwak, namung lajêng kapitulungan wragad ingkang parlu-parlu kaangge tumbas pirantos saha panatu salêbêtipun sinau wontên pamulangan wau, sawulanipun f 5,- rupiyah.

7. Anyakolahakên anakipun warga Radèn Panji Sindupinilih, nama Radèn Bisawarna, dhatêng A.M.S. Ngayugyakarta, wragadipun sawulan f 20,- rupiyah.

--- 99 ---

8. Anyêrêp- nyêrêpakên dhatêng rêdhaksi organ Narpawandawa, amargi anggènipun macak panjurung, wontên ingkang suraos sarupi sagêd adamêl pêcahipun para warga, utawi para santana.

9. Amanah bab kawontênanipun padpindêr trunakêmbang, ing sarèhning rêmbag ngajêng nalika badhe kaasta Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata, tujunipun Narpawandawa, para santana sagêda mindhak kasarasanipun, dipun saranani olahraga, saha mangrêtos olah kridhaning dêdamêl, parlunipun kenging kaangge jagi dhirinipun piyambak, saha nama têtêp jalêripun, pakêmpalan Narpa lajêng arêrêmbagan akalihan Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, pinanggihing rêmbag, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma ugi sampun rujuk, mila Narpawandawa lajêng damêl sêbaran wontên ing organ, namung sampun 4 utawi 5 punika dèrèng kapacak, sampun kaenggalakên saking wangsulanipun wrêda pamong, kathah sangêt ingkang sami manjurung, mila sawanci-wanci manawi wontên wara- wara saking pangrèh ingkang ngêmot suraos bab padpindêr trunakêmbang, para warganing Narpawandawa, sarta para santana ingkang sami kagungan putra wayah kakung kados ingkang kasêbut wara-wara, kaajêng-ajêng kaparênga anglêbêtakên.

10. Tampi sêrat saking dhirèktur ambasêkul Sêmarang, amratelakakên bilih Radèn Mas Sudaryan, ingkang kasakolahakên Narpawandawa kêrêp sangêt pamit botên malêbêt sakolah, sangadi sakit, ananging sarêng kapriksa katranganipun dolan dhatêng pundi-pundi, pakêmpalan lajêng utusan dhatêng Sêmarang, anitisakên dhatêng dhirèktur, saha manawi sagêd sampun ngantos botên lajêng anggènipun sinau Radèn Mas Sudaryan wau, ing wusana sarêng utusanipun Narpawandawa pinanggih kalihan dhirèkturipun, saking cariyosipun dhirèktur, bab pasinaonipun Radèn Mas Sudaryan, piyambakipun namung botên tanggêl, mila Radèn Mas Sudaryan wiwit ing wulan Januari 1927 dipun kèndêli anggèning dipun bayari pakêmpalan Narpawandawa, dene ingkang kapatah dhatêng Sêmarang, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2 Radèn Ngabèi Purwasastra, 3 bapakipun Radèn Mas Sudaryan ugi tumut.

11. Ngaturakên sêrat dhatêng nagari, nyuwun sêsêrêpan punapa têmên wontên satunggaling [sa...]

--- 100 ---

[...tunggaling] santana, ingkang katahan kadakwa dados warganing S.R. manggèn wontên pakunjaran umum, angsal wangsulan saking nagari, sampun kapindhah wontên panti pidana.

12. Kaulêman saha andhatêngi pakêmpalan sawatawis.

13. Angulêmi para pakêmpalanipun abdi dalêm, ingkang sami gadhah pakêmpalan parlu badhe kaajak amèngêti utawi damêl karamean benjing badhe wiyosan dalêm tumbuk yuswa 64 taun.

14. Kawontênanipun cacahing para warga sakawit 354 tilar donya 8 mêdal 4 wêwah ingkang lumêbêt 75 dados sapunika warganipun Narpawandawa wontên 417 gunggung kalihan nalika parêpatan agêng kapêngkêr wêwah 63.

Mênggah kawontênanipun pangrèh Narpawandawa anggènipun sami anindakakên pakêmpalan salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kapèngêtan malêm Sênèn tanggal kaping 14/15 wulan Sawal Wawu 1857, utawi kaping 17/18 wulan April 1927.

Konggrès Basa Jawi

II.

2. Aksara Jawi winastan damêl musibating suraos, manawi kasêrat Latin botên, kados ta: têmbung: nagarajagung, manawi kasêrat Latin sagêd cêtha: naga radja goeng pancènipun bilih nêdya kacêthakakên aksara Jawi inggih sagêd, upaminipun, naga raja gung. Punapa aksara Latin botên wontên ingkang kirang cêtha: kathah, kados ta: sêratan, keboné, aloené, punika ingkang dipun kajêngakên, kêbone (kêbo) punapa kêbonne (kêbon): alune (alu) punapa alunne (alun) bilih kajawab punika namung gumantung wontên ing suraos, sanadyan sêratan Jawi inggih makatên.

3. Wontên malih amastani aksara Jawi damêl risak basa Jawi kina, dene botên katata kêthokanipun satêmbung-satêmbung: kados ta têmbung: tanpa wêkas, punika lêrêsipun tanpowekas bilih kasêrat Latin lajêng cêtha, sanadyan kasêrat Jawi inggih sagêd, upaminipun: tan pa wêkas, bab pêdhotaning gatra: cêthaning pakêcapan, sapanunggilanipun, punika manawi dipun manah sayêktos,

--- 101 ---

mêsthi sagêdipun. Upaminipun sêrat ingkang prêlu kangge pasinaon, kadhapuk kados Sêrat Ramayana, Bratayuda Kawi, kapêdhot- pêdhot gatranipun, sasaminipun.

4. Aksara Jawi kacacad botên nyêkapi kangge madhahi têmbung mônca, kangge nyêrati têmbung mônca sastra Jawi inggih sagêd, anggêr purun ngangge aksara rekan, kangge nyêthakakên pakêcapanipun têmbung mônca, botên wontên pakèwêdipun mêwahi utawi ngreka panyêratipun, kados ta: gupêrnur genêral, ekonomi, sasaminipun, sanadyan aksara Latin inggih dèrèng nyêkapi kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca: tandhanipun kangge nyêrati basa Jawi kemawon inggih taksih damêl-damêl, kados ta: ca = tj, nya = nj, dha = dh, tha = th.

Aksara Latin prabotipun pêpak, sagêd nyêkapi kangge madhahi têmbung mônca: manawi namung pados pêpaking prabot kathahing cacah, punapa botên prayogi milih aksara Arab, utawi Sangsêkrita.

5. Basa Jawi manawi kasêrat aksara Latin sagêd amiyarakên jajahan, awit tumrap bôngsa mônca sarta para sagêd Jawi ingkang botên angsal wulangan basa Jawi, manawi purun sinau basa Jawi botên susah sinau sastranipun, dados sagêd gampil tur rancag, sarèhning gampil, lajêng kathah ingkang purun sinau basa Jawi: punapa lêrês makatên. Kauningana sapintên cacahipun bôngsa mônca ingkang lajêng sami ngudi sinau basa Jawi, ingkang sinau kados amung bôngsa mônca ingkang wajibipun gêgayutan kalihan tiyang Jawi: wontênipun para sagêd Jawi (intellect) sami botên purun ngudi sinau basa Jawi, kawruhipun basa Jawi kirang, punika dede lêpatipun sintên-sintên. Wiwit alit ingkang kagulang basa Walandi: ewadene sanadyan makatên, kathah para intellect ingkang sami purun ngudi sinau basa Jawi ingih enggal sagêd, pasaksènipun kathah.

Bilih kita anjôngka, supados kawruh kita dipun aosi bôngsa liyan, punika harak langkung prayogi, kawruh kita wau kasêrat lair basanipun bôngsa mônca ingkang kita tuju.

6. Sêratan Latin dipun ajêngi, piritanipun, sêrat kabar Tyong Hwa ingkang kawêdalakên [kawêda...]

--- 102 ---

[...lakên] ing basa Cina sastra Cina botên pajêng, dene ingkang kawêdalakên ing basa Mlayu sastra Latin pajêng: pancèn makatên, awit wontên ing Indhiya: manawi wontên ing nagari Cina mêsthi kosokwangsul. Kauningana sêrat kabar Jawi botên wontên ingkang kasêrat Latin, dening manawi kasêrat Latin sagêd ugi pêjah.

7. Sastra Jawi gandhèngipun kalihan economie cap-cap sastra Jawi rêginipun awis, sakêdhik ingkang sade (andamêl), wujudipun rowa, panatanipun riwil tur dangu: dadosipun buku langkung agêng, rêginipun langkung awis. Manawi kaêcap Latin bukunipun sagêd tipis, gampil pangêsètipun, jalaran sampun wontên mêsin ingkang anggampilakên sarta ngrikatakên pangêsèt. Sêrat cap-capan Latin rêginipun langkung mirah: punika sadaya pancèn kula akêni nyata makatên.

Cap sastra Jawi kacacad rowa, riwil, panatanipun botên rikat, botên sagêd ngirit, ewadene Radyapustaka botên gadhah kuwatos, anggêr tiyang Jawi taksih gadhah trêsna dhatêng basa sarta sastranipun piyambak, para sagêd sarta ingkang kawogan purun angudi ringkêsipun, gampilipun, rikatipun panata, sampurnaning wangunipun, mêsthi sagêd kalampahan. Punapa cap sastra Latin ingkang mulabukanipun inggih botên rowa, botên riwil, sagêdipun dados pangalêman kados sapunika, harak jalaran tansah kaudi ringkês sarta rikatipun, makatên ugi tumrap cap sastra Jawi.

Sasampunipun kula ngaturakên andharan kados kasbut ing nginggil wau sadaya, wosipun Radyapustaka botên rujuk dhatêng sêdya utawi tindak tanduk ingkang sagêd nyirnakakên aksara Jawi, awit punika sampun nama gadhahanipun bôngsa Jawi, sampun dipun angge atusan taun, sampun rumasuk balung sungsum, sarta sampun anyêkapi kangge madhahi basanipun piyambak, pokoking prêlu, basa dalah sastranipun, tamtu amung kangge paedahipun bôngsa piyambak, manawi wontên bôngsa liyan ingkang sêdya nyumêrêpi kawontênanipun basa Jawi, sampurnanipun kêdah sinau sastra Jawi.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 103 ---

Sêrat Katur Pangrèhing Pakêmpalan Narpawandawa

Kula nuwun, manawi angèngêti kawontênanipun sêrat-sêrat kabar, ingkang asring ngêwrat pawartos ingkang gêgayutan bab kaprajan, utawi magêpokan kapraboning panjenêngan dalêm nata, punapa malih manawi nyumêrêpi kritig (critiek) tumrap panindakipun paprentahan nagari, tamtu lajêng nuwuhakên pamanahan. Manawi pawartos bab kaprajan wau sagêd pinanggih pêpiridaning rêmbag ingkang ugi mawi dhêdhasar kawruh kaprajan, kalayan botên tilar kasusilan. Makatên ugi bab: kritig, pancèn prayogi, manawi tanduking pangritig kadamêl kalayan alus tuwin prasaja, kanthi pamanahan adil sarta absah (Rechtvaardig en Wettig) nanging ingkang kathah botên makatên.

Rumiyin sampun nate kêmirêngan wontên pitakenan: punapa kawruhipun para Journalisten Jawi, punika sampun nyêkapi yêktos kangge pawitan manggèn wontên kursining Redactie ngêmudhèni sêrat kabar? utawi dados pambantu juru ngarang Redakteur medewerker's? Pitakenan punika sagêd ugi saking suwantênipun Pers Walandi, kados kirang parlu kaaturakên priksa: jawabanipun amung wontên pasaksèn ingkang kenging kangge nêrangakên lêrêsing wangsulan, inggih punika: kritig wontên ing sêrat kabar Jawi, punika kathah ingkang lajêng katingal lacutipun, tarkadhang ngicalakên jêjêring nalar ingkang dipun kritig, wêkasan tanduking têtêmbungan angengingi tiyangipun (Persoonlijk) kritig ingkang kados makatên, mêsthi botên sagêd sèlèh sarta botên sagêd damêl sae dhatêng bab ingkang dipun kritig,§ Pancèn inggih makatên, mila para sadhèrèk ingkang sami kaparêng lêlumban ing sagantêning kayurnalisan, mugi sami kaparênga anggalih sagêda uwal saking pangintên-intên: tansah lacut, ngengingi sariranipun ingkang kinritig. langkung malih manawi kangge ngritig tumrap lampahing kaprajan utawi tindaking paprentahan nagari, sagêd ugi malah ambêbawur utawi ngêngisruhi, dados têtela botên maedahi dhatêng sakalih-kalihipun. Sawênèh kêtingalipun malah amung sawarni pangawon-awon utawi nyênyamah.

Manawi kritig ingkang makatên tandukipun wau, tuwuh saking pandamêlipun tiyang ingkang

--- 104 ---

botên kawêngku pasuwitan ing nagari, botên kalêbêt dados pamanahan, nanging manawi saking pandamêlipun tiyang ingkang lumampah damêl ing nagari, suwita ing panjênêngan dalêm nata, utawi santana dalêm. Lêkas ingkang makatên punika, mênggahing panganggêp ingkang tumus saking raos katrêsnanipun dhatêng nagari, sarta rumêksa kaluhuraning karaton dalêm, têtela botên prayogi dipun lampahi dening sawênèhipun santana utawi abdi dalêm.

Kauningana, anggèn kula ngaturakên wawasan sawatawis bab sêrat kabar kasêbut ing nginggil punika, amung mugi dadosa prabot panggalihanipun pangrèh, tumrap usul ingkang kula aturakên ing ngandhap punika:

Anyarêngi kalayan kawontênan ingkang kamirêng ing sêrat-sêrat kabar, ingkang mirib kados wawasan kasêbut nginggil. Kados prayogi dipun wontêni: pêpalang, parlu kangge anjagi sarta rumêksa, sampun ngantos anjalari nuwuhakên warni-warnining rêmbag ing sêrat-sêrat kabar, ingkang sagêd minihi utawi adamêl kirang prayogi tumrap nagari utawi karaton dalêm. Pamanggih kula manawi pangrèh marêngakên sarta anyondhongi, pantês upami wontêna kaparêngipun pangrèh ngaturakên pamrayogi katur ing parentah nagari (nêtêpi bab kaping 3 aksara d ing wêwatonipun Statuten Narpawandawa), supados parentah nagari andhawuhakên undhang-undhang utawi dhêdhawuhan: pêpacuh, tumrap para santana tuwin abdi dalêm, botên kalilan manjurung pakabaran utawi pamanggih, punapadene ngakèn utawi murih nglêbêtakên pakabaran utawi pamanggih, dhatêng sadhengah sêrat kabar, ingkang suraosipun magêpokan babagan kaprajan tuwin kapraboning panjênêngan dalêm nata, utawi gêgayutan tumrap panindaking paprentahan nagari, ing bab punapa kemawon ingkang gadhah kajêng: nênacad, mêmiringi utawi nyêmoni, sarta mêminihi utawi adamêl kirang prayoginipun nagari utawi kaprabon dalêm, punapa malih sawarnining kritig tumrap pangagêng nagari utawi priyantun agêng alit, tuwin dhatêng putra santananing panjênêngan dalêm nata. Katandukakên kalayan têtêmbungan mêlok utawi kasamar.§ Manawi op bouwende kritiek pamanggih kula prayogi kemawon, amargi kritig makatên punika têtela adhêdhasar pangeman dhatêng ingkang tinuju.

--- 105 ---

Manawi wontên ingkang botên ngèstokakên sasuraosipun dhawuh undhang-undhang utawi dhêdhawuhan pêpacuh wau, môngka anggènipun anglêbêtakên utawi ngakèn punapadene murih nglêbêtakên pakabaran utawi pamanggih, tuwin kritig wau, ngantos kauningan ing parentah nagari, tumrap abdi dalêm mawia ginantungan patrapan sapantêsipun, makatên ugi punapa suraosipun bab ingkang sampun kalajêng kalêbêtakên ing sêrat kabar botên badhe dipun galih dening parentah nagari. Amung tumrapipun santana dalêm, kadospundi patrapanipun kasumanggakakên panggalihanipun pangrèh.

Wontên prayoginipun malih upami dhawuh wau mawi kapratelakakên ingkang dados kaparêngipun parentah nagari, inggih punika, upaminipun: manawi wontên sawênèhipun santana tuwin abdi dalêm, ingkang rumaos kirang narimahakên dhatêng paprentahaning kalurahan utawi pangagêngipun, tuwin kawadananipun, kirang nyondhongi dhatêng pranatan utawi dhêdhawuhanipun nagari ingkang kamanah kirang adil tumrap parluning kuwajibanipun, punapa malih manawi kêpengin anglairakên utawi ngaturakên pamanggih, ingkang awit kabêkta saking rumaos kawajiban, kinintên amêwahi utawi andadosakên prayogining nagari utawi karaton dalêm, ingkang makatên punika parentah nagari amarêngna, supados macak atur ing nagari kemawon lumantar kalurahan utawi pangagêngipun ingkang mêngkoni: tumrap para santana lumantar wadananing putra santana dalêm ingkang majibi piyambak- piyambak, sak ugi pamanggihipun wau sampun mawi waton ingkang absah. Dene kalurahan utawi pangagênging golonganipun abdi dalêm, tuwin para wadananing putra santana dalêm, manawi anampèni paturan saking karerehanipun, tuwin saking putra santana dalêm, wajib lajêng anindakakên kalayan botên ambaukapine. § Namung punapa sagêd tumindak, ing tiori pancèn gampil, nanging pratigipun kadospundi, nyumanggakakên dhatêng para ingkang sami damêl wawasan dhatêng parentah.

Bab punika, upami kalêksanan, badhe sapintên agênging pakangsalipun, saèstunipun pangrèh botên kakilapan, amung bokmanawi pangrèh kagungan [ka...]

--- 106 ---

[...gungan] pamanggih, parlu karêmbag wontên parêpatanipun warga, sarta kagungan panggalih usul punika prayogi kapacak wontên ing organ rumiyin, kula botên anggadhahi pakèwêd, saha kula tanggêl piyambak, bokmanawi sagêd ugi angsal pamanggih ingkang langkung prayogi saking warga sanèsipun.

Nuwun, botên langkung nyumanggakakên kaparêngipun pangrèh.§ Sumôngga para sadhèrèk, kula aturi ngramèkakên, mangke kula sadhiyani papanipun, sampun sami pakèwêt angêdalakên pamanggih. Red.

Katur surya kaping 5 Pèbruari 1926.

Arjasasmita.

Wêwaton Bôndha Pasinaon Nagari

Sambêtipun organ Narpa ôngka 6.

5

Lare ingkang nyuwun pitulungan waragad sakolah saking bôndha pasinaon, kêdah sanggêm benjing sawêdalipun saking pamulangan wajib angabdi ing nagari bilih botên wontên sababipun, laminipun botên kenging kirang saking 6 taun, sarta kêdah sanggêm angladosakên wangsulipun arta waragad sapintên kathahipun, sarana nicil kacêngklong saking balanjanipun sabên wulan kathahipun 10% (sadasa prêsèn) sanajan botên kaabdèkakên, bilih jalaranipun saking nagari ingkang dèrèng sagêd ngabdèkakên, panicilipun ugi: 10% (sadasa prêsèn), dene bilih anggènipun botên ngabdi wau saking kajêngipun lare, kêdah sanggêm nicil sabên wulan 20% (kalihdasa prêsèn) makatên malih bilih sampun kalampahan ngabdi, nanging botên lastari, jalaran saking kalêpatan, manawi lajêng nyambut damêl sanès, kêdah lajêng nicil: 20% (kalihdasa prêsèn) sadaya wau kasêbutakên ing prajanjian nalika wiwit kaparingan bayaran, samantên wau bilih sampun gadhah pamêdal apêsipun 50 rupiyah, sawulan.

--- 107 ---

6

Ingkang gadhah panyuwun gadhah atur dhatêng nagari lumantar kawadananipun, kanthi ngladosakên pratelan:

a. Nama sarta pangkating tiyang sêpuhipun, dene bilih tumrap santana, mawi katrangan asal silahipun.

b. Pamêdaling tiyang sêpuhipun kalêbêt kaasilan sanès-sanèsipun.

c. Nama sarta umuripun lare.

d. Dados murid pamulangan pundi, mawi angladosna sêrat rapot saking pamulangan ing taun ingkang pungkasan.

e. parincèning waragad, kados ta: kathahing bayaran, waragad têdha, waragad pondhokan, sapanunggilanipun.

f. Katrangan saking guru sarta saking dhoktêr, kados ingkang kasêbut ing bab [...] aksara a. b.

7

Tiyang sêpuhipun utawi ingkang mêngkoni lare ingkang kaparingan pitulungan waragad bôndha pasinaon, kêdah ananggêl sambutanipun lare sapintên kathahipun.

8

Kumisi kawajiban mranata tuwin manah prayogining tumindakipun bôndha pasinaon.

9

Manawi wontên nalaripun kados kasêbut ing ngandhap punika:

a. Lare mêdal saking pasinaonipun.

b. Larenipun utawi tiyang sêpuhipun mindhak pamêdalipun.

--- 108 ---

c. Lare suda kasêrgêpanipun.kasrêgêpanipun.

d. Lare andhugal sangêt.

Arta pitulungan waragad sinau badhe kasuda kathahipun utawi kasuwak babarpisan.

Manawi arta pitulungan kasuwak, kumisi lajêng maringakên pratelan kathah kêdhikipun arta ingkang kangge wragad, bilih larenipun sampun sagêd nyambut damêl angsal pamêdal ing dalêm sawulan 50 rupiyah, lajêng katamtokakên nicil 10% (sadasa prêsèn) dumugi 20% (kalihdasa prêsèn) mawi-mawi sababipun, dene ingkang namtokakên kumisi.

10

Bôndha pasinaon punika satirahipun ingkang kangge waragad sapanunggilanipun katitipakên ing bang.

Pamirêng kula arta bôndha pasinaon nagari wau sapunika botên namung tumrap anakipun para putra santana sarta abdi dalêm, nanging ugi tumrap anakipun para kawula dalêm, dene sadhiyanipun waragad miturut bêgrutêng taun 1927 punika wontên f 3500 (saking kas karaton f 1200 saking kas nagari f 2300).

Red.

Pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Wontên Parêpatan Rad Kawula 18 Juni 1916.

IV

Margi saking tatanan paprentahan, kathah sambêtan tilpun enggal, saya dangu wêdaling arta parentah Jawi kangge kabêtahan tilpun wau saya kathah, môngka arta wangsulan namung sakêdhik sangêt. (Nanging yaktosipun sadaya kaondêran lan kadhistrikan, ingkang suwau sampun sami angsal sambêtan tilpun sadaya). Yatra tilpun wangsulan wau tumraping praja Mangkunagaran, têngahan 1913 lan taun

--- 109 ---

1914 - f 5.491,- taun 1919 ... f 2.594,72, taun 1923 ... f 1.416,-, taun 1923 kantun f 444,-

Tuwan pangarsa, ôngka-ôngka wau sampun sami ngakên piyambak, manawi ingkang makatên wau margi saking kathahing sambêtan enggal, kula botên badhe ngucik, nanging ingkang makatên wau têtela saking kajarag nêrak prajanjian.

Tusêtèl ingkang kêdah kapindhah margi rembak-rembakan lajêng kaewokakên sambêtan enggal, ing môngka awit saking ewah-ewahan paprentahan kathah papan kaondêran utawi kadhistrikan ingkang sami kapindhah. Punika dèrèng kêsangêtên, pindhah dhatêng tembok sanèsipun kemawon inggih lajêng kaewokakên kados sambêtan enggal. Panyaruwe saha pangucikipun parentah Jawi botên sami karèwès.

Prakawis punika sintên ingkang gadhah ngadil mêsthi inggih ngrumaosi yèn makatên wau botên damêl marêm, mêsthi kemawon sami damêl botên tarimahipun ingkang sami kataman, lan kintên kula ingkang makatên wau parentah botên ngajani.

Saking pamanah kula botên wontên margi sanès, kajawi parentah tumuntên dhawuh ngewahi pranatan-pranatan punika, sarêmbag kalihan parentah Jawi. Dene ingkang minôngka wêwaton: sadaya sambêtan tilpun ingkang mêdal saking sadaya parentah Jawi wau kêdah kadamêlakên tarip mirunggan.

Tuwan pangarsa, sarèhning kula sampun angrêmbag prakawis tilpun, kula inggih badhe lajêng ngrêmbag prakawis pos lan tilgram babarpisan. Anggên kula ngrêmbag bab punika wontên ngriki punika, amargi kula sumêrêp, bilih sadaya prakawisipun tanah krajan Jawi punika dumugi samangke taksih katindakakên ing dhepartêmèn pangrèh praja (B.B.). Makatên wau inggih namung margi kawontênan ing ngriku ingkang mênjila.

Tuwan pangarsa, prakawis sêratipun paprentahan Jawi ingkang botên susah kêdah kaprangko, pranatanipun kawrat ing sêtatsêblad 1925, 516 bab 29 perangan g, ing ngriku sadaya priyantunipun parentah Jawi kenging ngintunakên sêrat dhinês [dhi...]

--- 110 - --

[...nês] dhatêng priyantun parentah Jawi lêlawananipun ingkang babagan pandamêlan dhinês, utawi priyantun gupêrmenan ingkang mêsthinipun lawanan pandamêlan dhinês. Sêrat wau botên mawi kaprangko. Pranatan punika kêciyutên sangêt, sabab kajawi sêrat ingkang dhatêng priyantun sami priyantun, kathah sangêt sêrat ingkang dhatêng tiyang mardika, nanging inggih prakawis pandamêlan dhinês, sanès prakawisipun piyambak.

Minôngka tuladha upaminipun sadaya kabudidayan, ingkang cacahipun botên sakêdhik. Amila kula ngudaraos, punapa ta kawrataning parentah gupêrmèn, ngewahi pranatan wau, salaras kalihan upaminipun ingkang kawrat ing bab 9 inggih ing sêtatsêblad wau, ing ngriku sadaya kabudidayan, angsal kamardikan prangko manawi kintun sêrat dhatêng sadaya priyantun pangrèh praja bôngsa Walandi, lan sanèsipun.

Prakawis tilgram, tuwan pangarsa, kula nyuwun supados parentah amarêngakên parentah Jawi wênang kintun tilgram dhinês.

Prakawis ingkang kaping tiganipun prakawis sanès sangêt. Inggih punika prakawis panyuwakipun balônja wêwahan panggenan (standplaatstoelage)nipun sadaya abdi gupêrmèn ing Surakarta, miturut sêtatsêblad ôngka 1 taun punika, rumiyin mêdhunipun sarana pranatan sêtatsêblad 1926 bab 49 perangan 1a. Tuwan Lonkhuyzen dintên Slasa 15 Juni pitakèn bab punika tumrap para priyantun ing Magêlang. Tumrap ing Surakarta pitakèn kula makatên:

1. Punapa parentah karsa wara-wara, punapa priyantun ingkang wontên ing panggenan ingkang wêdaling yatra miturut pèngêtanipun panitya blônja ôngka 3 sawulanipun langkung saking f 240 taksih badhe angsal wêwahan balônja panggenan (standplaatstoelage)?.

2. Manawi inggih, punapa parentah karsa nyariyosakên sabab-sababipun dhatêng rad kawula, punapaa dhawuh kados ingkang kasêbut ing sêtatsêblad 1926 ôngka 1.

3. Manawi botên, tiyang-tiyang kêpengin mirêng kabar, ing sêtatsêblad ngriku ingkang dipun kajêngakên sapintên andhap inggilipun.

Tuwan pangarsa, minôngka panutuping atur kula, prêlu ngèngêtakên panuwunipun tuwan Chr. Ponto raja ing tanah Kandhahe Tahalna dhatêng rad kawula, nalika tang- [tang...]

--- 111 ---

[...-] gal 23 Januari 1926 ing ngriku mrayogèkakên, manawi para raja wau botên wontên ingkang kapilih, sagêda salah satunggal dipun têtêpakên, mangke manawi rad kawula wiwit enggal, Chr. Ponto punika tilas warga rad kawula. Kula cocog sangêt dhatêng panuwunan wau, manawi ing ngriku kêdah wontên wakil, kados botên wontên tiyang sanès kajawi para raja wau, ingkang sagêd tumut angrêmbag prakawis praja ngriku. Pramila kula yakin, bilih panuwunan wau badhe kagalih sayêktos.

Ôngka 571 C/1/1

Bab Purlopêh Ondêrsug

Dhawuh marang bupati ... Manira anggalih, manawa putra santana dalêm sapanunggalane kang padha kawêngku ing pangadilan dalêm pradata gêdhe, ana kang prêlu kapriksa dadi saksi utawa dadi dakwa tumrap prakara kang bakal munggah ing pangadilan, iku kang majibi nindakake papriksan prêlu katata murih prayogane, wêwijangane kaya ing ngisor iki:

Ha: 1. Putra dalêm kakung sagarwane sarta putri dalêm. 2. Pêpatih dalêm sagarwane. 3. Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah. 4. Para priyayi dalêm.

kang wajib mariksa bupati pangrèh praja kang ambawahake pamanggone, pamariksane têka marang panggonane kang kapriksa.

Na: 1. Pangeran santana sagarwane. 2. Riya dhuwur riya ngisor sagarwane. 3. Kolonèl komandhaning prajurit dalêm sarabine. 4. Abdi dalêm pangulu sarabine. 5. Abdi dalêm bupati nayaka sarabine. 6. Nyai tumênggung. 7. Santana dalêm wayah mangisor kang dadi abdi dalêm bupati, mayor sapêpadhane, sarabine.

--- 112 ---

Kang wajib mariksa abdi dalêm bupati anom pangrèh praja ing kabupatèn pamanggone kang kapriksa. Pamriksane têka ing panggonane kang kapriksa.

Ca: Santana dalêm wayah buyut canggah wadon, kang wajib mariksa abdi dalêm mantri ondêrdhistrik kang ambawahake pamanggone, pamariksane têka ing panggonane kang kapriksa.

Ra: Santana dalêm wayah buyut canggah lanang, yèn dadi abdi dalêm kang pangkat bupati anom sapêpadhane mangisor kang manggon ana sajroning kutha kabupatèn, kang mariksa bupati pangrèh praja kang ambawahake pamanggone utawa pitayane, pamariksane ana ing kabupatèn pangrèh praja, dene yèn pamanggone ana sajabaning kutha kabupatèn, kang mariksa abdi dalêm mantri ondêrdhistrik kang ambawahake pamanggone, pamariksane têka ing panggonane kang kapriksa.

Iku banjur pakênira dhawuhna sarta kaèstokna saparlune.

Dhawuhing parentah kaping 27 April 1927.

Pêpatih dalêm: Jayanagara.

Garapan kantor pangadilan: Côndradipura.

Waduaji

Waduaji punika organipun pakêmpalan pèdhêrasi ing Surakarta (paklêmpakaning pakêmpalanipun para abdi dalêm), isinipun kajawi angêwrat kawruh umum, ingkang mêsthi ngêwrat rêmbag kabêtahanipun para abdi dalêm agêng alit, mila pantês sangêt para luhur tuwin para bandara lajêng mundhut dados lênggananipun organ wau, rêginipun botên sapintêna, namung f 1,- ing dalêm sataun, sintên ingkang kaparêng dados lêngganan, lajêng maringna arta rêginipun organ wau dhatêng rêdhaksi administrasi.