Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka 9, kaping 4 Mulud Jimakir 1858, utawi kaping 1 Sèptèmbêr 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Wara-wara

Pangrèh ngaturi uninga, sarèhning cacahipun warganing pakêmpalan Narpawandawa punika kathah, murih kacêkaping pandamêlanipun pangrèh, panariking arta kontribisi dhatêng para warga, wiwit taun 1927, katata kados ing ngandhap punika:

Ha: Tumrap para warga ingkang dêdalêm salêbêting kitha.

1. Ingkang sawulanipun f 0,50 minggah, katagih sabên wulan, kasèp-kasèpipun sabên kalih wulan sapisan.

2. Ingkang sawulanipun kirang saking f 0,50 mangandhap dumugi f 0,20 katagih sabên tigang wulan, kasèp-kasèpipun sabên kawan wulan sapisan.

3. Ingkang sawulanipun kirang saking f 0,20 katagih sabên gangsal wulan, kasèp-kasèpipun sabên nêm wulan sapisan.

--- 130 ---

Na: Tumrap para warga ingkang dêdalêm ing sajawining kitha.

1. Ingkang sawulanipun f 0,50 minggah katagih mawi wisêl, sabên nêm wulan sapisan.

2. Ingkang sawulanipun kirang saking f 0,50 katagih sabên sataun sapisan.

Sadaya wau pambayaripun kasuwun sumêrêp ngidaki.

Ca: Tumindaking tagihan.

Wiwit tanggal kaping 1 kintên-kintên dumugi tanggal kaping 7 Walandi, ingkang dipun rumiyinakên, murugi dhatêng ingkang bayaranipun f 0,50 minggah, sasampunipun wau watawis dumugi tanggal kaping 20 murugi [...]Foto copy tidak dapat dibaca. saking f 0,50 lampahipun mubêng, upami:

Sawulan bageyan kidul, sawulan malih kilèn, lajêng lèr, tumuntên wetan Baluwarti, pungkasanipun ing nglêbêt Baluwarti, makatên sapiturutipun, mugi andadosna kawuninganipun para warga.

Kasêrat kaping 1 Januari 1927.

Pangrèh.

Wara-wara ing nginggil punika lêpasipun kapacak wontên ing organ Narpawandawa ôngka 2. Wontênipun sawêg kapacak sapunika, jalaran tansah kakirangan papan, kangge parlu-parlu sanèsipun, ingkang makatên punika para warga kemawon sampun ngantos kirang pamêngku.

Red.

Pèngètan

III

7. Rm. Ng. Arjasasmita ngaturakên panuwun, anggènipun pangrèh sampun kaparêng anggalih sarta nampèni usul-usul rêmbag bab kawula, sarta ngaturakên panuwun kanthi bingahing manah, anggènipun kumisi sampun sagêd damêl palapuran ingkang sayêktos kenging dipun raosakên.

Rm. Ng. Arjasasmita pancèn rujuk kalayan badhe wontênipun rad kados rancanganipun kumisi. Amung bab nama amrayogèkakên kados usulipun B.K.P.H. Kusumabrata, lastari nama rad nagari, amargi kajawi adêgipun ingkang kawitan amung kados Adviseerend raad dening warganipun sawêg saking têtêpan, sanajan ing têmbe sasampunipun sagêd ngawontênakên Algemeene kiesstelsel nanging [na...]

--- 131 ---

[...nging] ngèngêti sêsorahipun R.M.H. Wuryaningrat, manawi botên kalintu panampi adêgipun rad kawula kêdah wontên wêwênang ingkang pancèn kêdah ngangge rêmbagipun rad kawula, tuwin ingkang botên. Utawi têgêsipun sadaya ingkang badhe karêmbag sarta dipun rampungi wontên parêpatanipun rad kawula, punika saking wêwênangipun panjênêngan dalêm nata. Dados yên matênmakatên. dhêdhasaripun rad wau sumèlèhipun inggih dumunung dados Adviseerend raad punika wau, sanajan larasanipun utawi kawujudanipun sampun kenging dipun trapakên kangge sajatining tatanan radipun kawula, kados ingkang kinajêngakên sagêda kawula tumut ngrêmbag parluning praja, nanging Rm. Ng. Arjasasmita mêksa mrayogèkakên dipun wastani: rad nagari kemawon punapa rad praja, makatên inggih prayogi, dening praja inggih sampun atêgês tatanan kêmpalipun para kawula, utawi tatanan kangge rumêksa ing akathah.

Mangsuli bab wêwênangipun rad (kados sêsorahipun R.M.H. Wuryaningrat) anggènipun mastani: wêwênangipun rad alendhehan wêwênang tuwin kawajibanipun panjênêngan dalêm nata. Manawi makatên pamanggihipun, ingkang minôngka pandoman adêgipun rad ingkang prêmati, langkung rumiyin kêdah nyumêrêpi wêwatêsaning wêwênang sarta kawajibanipun panjênêngan dalêm nata punika wau kaudi sagêda kasumêrêpan cêtha tuwin rêsikipun kontrak prajanjianipun panjênêngan dalêm nata kalihan guprêmèn, inggih punika: politiek contract tuwin acte verband utawi kontrak sanès-sanèsipun sadaya punika sagêda têtêp-tinêtêpan, makatên wau kajawi badhe sagêd nyampurnakakên dhêdhasaripun rad, inggih badhe nyêpênakên salingsinganing pamanggih tumrap wêwênangipun rad kalihan wakilipun rêgèrêng. Sayêktosipun kathah sadhèrèk warga Narpawandawa ingkang ngudaraos: punapa ta sababipun, dene kita botên nate nyumêrêpi prajangjianipun ratu pêpundhèn kita piyambak kalihan guprêmèn? Punika punapa sabab saking kadamêl wados, punapa saking kita (para santana) botên purun sumêrêp.

Samangke bab dhêdhapukanipun warga kados rancanganipun kumisi, punika sampun prayogi, dipun wontêni warga campuran punika pancèn sampun mêsthinipun kêdah makatên, [ma...]

--- 132 ---

[...katên,] amargi kados pangangkah ingkang dipun kajêngakên sadaya kawula ing Surakarta: Jawi, Walandi, Cina sasaminipun kalêbêt vreemde Oosterlingen pangêmudhinipun sagêda kaasta panjênêngan dalêm nata utawi têgêsipun kabawah panjênêngan dalêm nata, makatên wau badhe sagêd laras, kawujudanipun bôngsa ingkang ngrêmbag, kalayan kawontênkawontênan. sarta kaparluwanipun bôngsa ingkang dipun rêmbag.

Pêpungkasaning aturipun R. M. Ng. Arjasasmita nyuwun mitêrangakên, sintên ingkang badhe kabêbahan nyanggi wragadipun rad wau ing têmbenipun, sarta nyuwun idhêm Ngadiwijayan, bab wontênipun punggawa gedetacheert punika pancèn botên rêmên, anggènipun katingal sangêt botên maèlu utawi kirang rêmên dhatêng adat wêwatonipun kêprajan Jawi.

8. M. Ng. Wignyamargana ugi botên rujuk sangêt dhatêng wontênipun punggawa bantuan wau saking guprêmèn, amargi manawi tujunipun guprêmèn ambiyantokakên punggawanipun dhatêng parentah Jawi, punika namung kangge biyantu pundi padamêlan ingkang dèrèng sagêd katindakakên parentah Jawi tumrap jaman sapunika ugêr parentah Jawi purun ngupados sarana lampah adpêrtènsi utawi sanèsipun, mêsthi botên badhe kakirangan tiyang Jawi ingkang nglamar sarta sagêd nindakakên pandamêlan ingkang kabêtahakên wau.

9. Satêlasipun para ingkang sami pitakèn, damêl panitya R. M. H. Wuryaningrat amangsuli kados ing ngandhap punika:

1. Tumrap usulipun R. Ng. Purwasudarsa, bab sarang burung punika lêrês sampun kalêbêt kontrak prajangjian dalêm, amung kemawon rèhning kawontênanipun kontrak-kontrak wau ingkang kathah sampun sulaya kalihan kanyataanipun, amila panitya manah parlu samangke dipun tata murih sagêd cêtha pêpilihanipun.

2. Tumrap pamanggihipun waduaji, langkung rumiyin panitya anglairakên bingahipun, dening panitya rumaos angsal pambiyantu saking para santana saha para narapraja, bab dhapukanipun warga punika panitya sampun mratelakakên mênggah pakèwêdipun, ngantos kaping gangsal anggènipun panitya damêl parêpatan ngrêmbag bab punika sawêg nêtêpakên. Wontênipun warga tiyang mônca kapêndhêtakên 8, punika

--- 133 ---

kapiridakên Surakarta punika kaperang dados 4 apdhèling, lajêng katikêlakên kaping kalih dados 8. Mêsthinipun wontên ingkang takèn: punapaa botên sêkawan kemawon, manawi 4 pamanggihipun panitya kuwatos manawi bôngsa asing botên sagêd kalêbêt ing rad wau, sarta inggih lajêng katingal botên adilipun, dene bab anggènipun waduaji nêdha lêstantunipun rad nagari ingkang sampun wontên sapunika, punika wontên kaparêng dalêm piyambak, wondene usulipun panitya ngwontênakên rad anyar punika kangge nyumêrêpi sambat sêbutipun para kawula sadaya.

3. Tumrap pandangonipun B.K.P.H. Adiwijaya, bab anggènipun dèrèng marêm panggalihipun, ing ngriki parlu kaaturakên kadospundi mênggah kakêncênganing pamanggih (defrnitie)ipun panitya, inggih punika sadaya ingkang dados parluning praja Surakarta, pulisi, pangadilan sasaminipun, punika dados panguwaosipun panjênêngan dalêm nata. Dene pèl pulisi, punika pamanggihipun panitya kathah èmpêripun kalihan marsose militèr, dados botên amung kangge tumrap parluning praja Surakarta kemawon, amila kagolongakên kawajibanipun gupêrmèn.

4. Tumrap pitakenanipun R. M. Ng. Arjasasmita bab nama manawi lastari ngangge nama rad nagari, lajêng dhumpyuk, dados kêdah ngangge nama piyambak, dene rantamanipun panitya gadhah pamanggih badhe namanipun rad wau bale agung (Balaiagung) punika murih sampun cawuh kalihan rad nagari ingkang wontên sapunika. Kajawi punika manawi wawênangipun rad wau namung dados juru panimbang, punika dèrèng nyêkapi dhatêng kabêtahanipun para kawula, amargi ing jaman kina, ugi sampun wontên rad ingkang kados rantamanipun panitya wau. Dene bab wragad sampun mêsthi kemawon dados sêsanggènipun nagari, amung kemawon dipun angkah sagêdipun waragad wau timbang kalihan awrating sêsanggènipun para kawula.

5. Tumrap pitakènipun M. Ng. Wignyamargana, bab punggawa bantuan saking gupêrmèn, ingkang dipun kajêngakên ing panitya, punika botên amargi parentah Jawi botên sagêd nindakakên, ananging murih murninipun, upami parentah Jawi parlu

--- 134 ---

kêdah ngangge punggawa bôngsa Walandi ingkang kapatah nindakakên satunggiling pandamêlan, punika inggih kêdah ngangge, nanging inggih kêdah mêdal saking kakipun parentah Jawi piyambak. Bab punika manawi nagari karsa anglêbêtakên adpêrtènsi, tamtu atusan ingkang sami nglamar.

Dumugi samantên sampun têlas wangsulanipun wakil panitya R.M.H. Wuryaningrat dhatêng para ingkang sami pitakèn, sadhèrèk Mr. Singgih, urun rêmbag wosipun nyariyosakên tumbuking kalamangsanipun, anggèning Narpawandawa manah parlunipun wontên rad kawukawula. ing praja kajawèn punika, dening kajawi kangge sarana ngatingalakên dhatêng golongan ingkang mastani bilih kita Jawi dèrèng matêng (onrijp) kangge nyêpêng paprentahan piyambak, supados sumêrêp dhatêng sapintên ukuring mênggah dèrèng matêng kita wau, ugi gêgayutan kalihan pangandikanipun ingkang wicaksana tuwan bêsar anggènipun tansah badhe mulihakên kapitadosanipun kawula.

10. Sasampunipun têlas ingkang sami rêmbagan, parêpat lajêng adamêl mosi kados ing ngandhap punika: (sampun kapacak wontên ing organ Narpa ôngka 5 kaca 76) dene prêtalanipun ing têmbung Walandi makatên.

MOTIE

De algemeene vergadering van Narpowandowo gehouden Zondagavond den 17/18 April 1927 ten huize van Kangdjeng Pangeran Harjo Koesoemojoedo te Soerakarta.

Gelezen het verslag van de Commissie belast met het bestudeeren van den Rijksraad van Soerakarta.

Gehoord de debatten daarover tusschen de Ieden van Narpowandowo en de Commissie voornoemd ter bedoelde algemeene vergadering.

Overtuigd dat een Staat een openbaar lichaam behoort bezitten als schakel tusschen de regeering en het volk.

Van oordeel dat ook voor Soerakarta een openbaar lichaam noodzakelijk is, welke ter benadering der volmaaktheid een gemengde raad behoort te zijn, waarvan vorm en karakters zijn als volgt:

I De raad bestaat uit een lid tevens voorzitter, 12 Inlandsche en 8 niet Inlandsche leden, welke, voordat een kieswet bestaat, door den Vorst worden benoemd.

II De Raad is verplicht zijn oordeel uit spreken ten aanzien van:

a. de begrooting van het Rijk en het slot harer rekening.

b. de bestemming van het voordeelig en de dekking van het nadeelig slot der bovenbedoelde rekening.

c. het aangaan van geldleeningen ten laste van het Rijk of het vervreemden van Rijkseigendom.

d. ontwerp van verordeningen en maatregelen van bestuur, welke aan de ingezettenen lasten opleggen, wijziging der Rijksinrichting evenals grensregeling.

III De rechten van den Raad zijn: a van initiatief, b. van amendement, c. van Interpellatie en d. het maken van motie.

--- 135 ---

IV De Raadsvergaderingen zijn openbaar. De leden zijn gerechtelijk niet vervolgbaar voor hetgeen zij zich in de vergadering mondeling of schriftelijk hebben uitgelaten. De officieele taal is het Javaansch, doch bij mondelinge debatten mag eventueel van het Hollandsch of Maleisch bediend worden.

Overtuigd dat de Commissie gelijk had, toen zij op de algemeene vergadering van Narpowandowo beweerde, dat de positie van het Zelfbestuur, zooals ze nu is, zeer onzeker is, welke onzekerheid haar invloed ook op de onderhoorigen doet gelden, terwijl in een staat, die niet op een hechte basis is gevestigd, de weg tot rustverstoring zeer schoon is.

Overwegende dat in verband met het in te stellen openbaar lichaam urgent is, de afbakening tot stand te brengen tuschen de rechten van het zelfbestuur, eenerzijds en die van het Gouvernement anderzijds, en wel als volgt:

I alle ingezettenen van Soerakarta, van welken landaard ook, zijn Rijksonderhoorigen.

II alle belastingen worden gestort in de Rijkskas, uitgezonderd de in-en uitvoerrechten, en monopolies, welke aan het Gouvernement zijn overgelaten en waarvan het Rijk slechts een zekere presentage krijgt, en zoo noodig er vrij gebruik van kan maken.

III diensten, uitsluitend in het belang van Soerakarta zooals BOW. lager onderwijs politie enz. worden door het Zelfbestuur uitgevoerd; die welke niet uitsluitend de belangen van de onderhoorigen van het Zelfbestuur raken zooals onderwijs hooger dan het leger onderwijs, leger, veldpolitie en algemeene bestrijding, dienen Gouvernementstaak te worden.

IV Regelingen welke het heele koninkrijk der Nederlanden met inbegrip van Suriname en Curacau, en de internationale aangelegenheden, betreffen, mede die bovengenoemde Gouvts. taak zooals leger en dergelijke worden door het Gouvernement gemaakt en kunnen op Soerakarta worden toegepast. Alle andere regelingen worden geheel overgelaten aan het Zelfbestuur. Doch regelingen betreffende de rijksinrichting, de voor Soerakarta toepasselijk te verklaren aangelegenheden en de Rijksbegrooting, behoeven overeenstemming van den Regelingsvertegenwoordigenwoordiger te Soerakarta.

Besluit het bestuur van Narpowandowo op te dragen deze motie ter kennis te brengen van allen, die noodig geacht worden ze te kunnen en van de pers, dat ze spoedig bij het publiek bekend raakts.

Taksih wontên sambêtipun.

Cap asma Kangjêng Radèn Adipati.

Tatêdhakan Saking Sêrat Kêkancinganipun Kangjêng Radèn Adipati Ing Surakarta Ôngka 41/12 A/3

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Sri Nugraha Pangkat I Opisir Krun Ordhê ing Siyêm, Ridêr Irstêklas Dhèr Ordhê Hèndrêk Dhê Leyo ing Bronsuwèik, Pêpatihing Karaton Dalêm ing Surakarta Adiningrat, anamtokake marang ... abdi dalêm dhukun kang mitulungi wong manak, kang dadi wajibe sarta kênane anjaluk pituwas, kaya ing ngisor iki:

I. Amitulungi bojo utawa sêlire santana buyut dalêm, bojo utawa [uta...]

--- 136 ---

[...wa] sêlire abdi dalêm upsir, sarta bojo utawa sêlire abdi dalêm panèwu mantri, pituwase padha f 5,- limang rupiyah.

II. Amitulungi bojone santana canggah dalêm 2 bojone abdi dalêm lurah bêkêl jajar lan punakawan, pituwase padha f 3,- têlung rupiyah.

Pituwas samono iku tumrap laire bayi, yèn ana panjaluke kang dipitulungi supaya digarap nganti sawarase, olèh pituwas manèh tumrap adêg-adêg 1 satêkanan f 1,50 sarupiyah sèkêt sèn, tumrap adêg-adêg II satêkanan f 1,- sarupiyah.

Kajaba iku kalilan mitulungi bojo utawa sêlire putra santana dalêm wayah munggah, abdi dalêm kaliwon, abdi dalêm kaptin, padha sapandhuwur pituwase.

I. Pangeran, bupati, mayor lan riya dhuwur sarta wayah dalêm, pituwase f 15,- limalas rupiyah.

II. Riya ngisor kaliwon kaptin, pituwase f 10,- sapuluh rupiyah, iku uga amung tumrap laire bayi, yèn dipurih anggarap sawarase, olèh pituwas manèh satêkanan f 2,50 rong rupiyah sèkêt sèn, mungguh pituwas kasêbut dhuwur mau kang kajibah ambayar kang anjaluk pitulungan, sarta kang anjaluk pitulungan mau kudu amêthuk tunggangan.

Samôngsa-môngsa ana kaparênging karsa dalêm ing kangjêng susuhunan, sarta kaparênging nagara, andhawuhi mitulungi wong manak, iku ora olèh bayaran, amung kaparingan waragade laku utawa tunggangan, pasangon samurwate.

Kêkancingan iki kaparingake marang Radèn Ngabèi Wedyadipura, abdi dalêm kaliwon dhoktêr, supaya kadhawuhake lan dadia ampilane ... turunane kaparingake warata marang para kawadanan, supaya padha amaringi sumurup marang karerehane dhewe.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 14 sasi Ruwah taun Wawu ôngka 1841.

Utawa tanggal kaping 10 sasi Agustus ing taun 1911.

Garap wisudha.

W.G. Prajapradata.

--- 137 ---

Kêkancingan Ôngka 29 D/3

Manira pêpatihing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse angèngêti kêkancingan nagara katitimasan kaping 12 sasi Sapar taun Jimawal 1845 utawa kaping 31 Dhesèmbêr 1914 ôngka 59 A/3 bab abdi dalêm wêdyarini (juru mitulungi wong manak) kasêbut adêg-adêg ôngka III, yèn dijaluki pitulungan bojone putra santana sarta bojone abdi dalêm, kêna anjaluk pituwas kaya kang kasêbut ing layang kêkancingan katitimasan kaping 14 Ruwah Wawu 1841 utawa kaping 10 Agustus 1911 ôngka 41/12 A/3 iku tumrap mitulungi bojo utawa sêlire santana dalêm wayah pituwase samêngko nunggal sarta kagolong santana dalêm buyut, abdi dalêm upsir sarta panèwu mantri kèhe f 5,- manawa ambanjurake nganti sawarase satêkanan f 1.50.

Sarta muwuhi katrangan, kang kasêbut ing kêkancingan-kêkancingan mau, manawa mariksa sadurunge anglairake bayi iku pituwase satêkanan padha karo kang anjaluk kagarap sawarase.

Layang kêkancingan iki turunane kaparingake marang kawadanan kridhanirmala, supaya kadhawuhake sarta kapacak ing layang kabar paprentahan supaya sumurup saparlune.

Dhawuhing kêkancingan kaping 5 Bêsar Dal 1855.

Utawa kaping 27 Juni 1925.

Pêpatih dalêm Jayanagara.

Garapan Wisudha: Prajalukita.

Kula nuwun, pakêmpalan Narpawadawa nampèni sêrat saking wadananing putra santana dalêm têngên, katitimasan kaping 1 Agustus 1927 ôngka 3/21 KT. kanthi turunan sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm, saha sêrat paturanipun abdi

--- 138 ---

dalêm bupati pangrèh praja kitha Surakarta, kados ing ngandhap punika:

Turunan

Ôngka 348/C1/III

Bab Santana Dalêm

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampunipun kadya punika wiyosipun, asarêng punika têtêdhakan sêrat paturanipun bupati kutha Surakarta katitimasan kaping 26 Juli 1927 ôngka 106/C/I bab sawênèhing santana dalêm ingkang kenging prakawis katindakakên ing lan-gêrèh, amargi botên anêdahakên pikukuhing santana, punika kadhawuhna ing sawawêngkon kawadanan santana têngên, bilih lêrês supados kasêrêpakên ing têmbe sampun ngantos makatên malih, amargi tindak ingkang angusutakên karaton dalêm, kalampahanipun kula amitadosakên.

Kasêrat tanggal kaping 30 Juli 1927.

Pêpatih dalêm

W.G. Jayanagara.

Garapan kantor pangadilan

W.G. Côndradipura.

Turunan

Prakawisipun Santana Dalêm

Ôngka 146/C/I

Sêrat paturanipun abdi dalêm bupati kitha, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, ingkang kula aturakên sarèhning asring kadadosan wontên santana dalêm kacêpêng pulisi, amargi nêrak palanggaran sasamipun,sasaminipun. namung pratela santana dalêm, nanging botên purun anêdahakên cêpênganipun pikukuh santana ingkang kenging dipun anggêp bilih lêrês santana dalêm, salajêngipun prakawis dipun sumirakên dhatêng lan-gêrèh ugi botên purun dhatêng ambêkta pikukuhipun santana, wasananipun [wasa...]

--- 139 ---

[...nanipun]

lajêng dipun dhawuhakên rampunging pêrsêtèk, nalika ponin tangêrèhponis lan -gêrèh. dipun dhawuhakên, salêbêtipun wolung dintên botên purun pêrsèt sarana dhatêng piyambak kapanggih piskal gripir ambêkta cêcêpênganipun pikukuh santana, ingkang makatên punika nama kainanipun piyambak, prakawisipun botên katindakakên pangadilan dalêm pradata gêdhe, kados ingkang nêmbe kalampahan prakawisipun Radèn Sumadiwirya kawrat sêrat paturan kula katitimasan kaping 9 Juli 1927 ôngka 1037/C/III. Amila supados sampun ngantos wontên prakawisipun santana dalêm ingkang kalajêng dipun rampungi, pangadilanipun kangjêng guprêmèn (lan-gêrèh) kados wontên prayoginipun kangjêng parentah agêng andhawuhakên dhatêng sadaya santana dalêm, manawi kasêrêg pulisi nêrak palanggaran sasaminipun, kajawi pratela bilih santana dalêm, puruna anêdahakên cêcêpênganipun pikukuh santana dhatêng pulisi utawi lan- gêrèh wêkdal prakawisipun dipun sumirakên, amargi manawi botên purun makatên, môngka nalika kaponis lan- gêrèh dipun dhawuhakên, salêbêtipun wolung dintên botên pêrsèt, punika sampun botên sagêd wudhar, têgêsipun kalajêng botên katindakakên wontên pangadilan dalêndalêm. pradata gêdhe, ingkang dinakwa namung kêdah miturut karampunganipun lan-gêrèh.

Ingkang punika kula sumôngga.

Katur kaping 26 Juli 19291927.

Abdi dalêm bupati kitha.

W.G. Mangunnagara.

Awit saking punika, pangajêng-ajêngipun pangrèh para warga Narpawandawa mugi sami kaparênga anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng para sanak sadhèrèkipun piyambak-piyambak, supados sampun ngantos wontên tindak makatên malih, awit punika kagalih ngusutakên karaton dalêm, amila waradinipun sêrat dhawuh ing nginggil punika, pangrèh pitados dhatêng pitulunganipun para warga sadaya.

Kasêrat kaping 15 Agustus 1927.

Pangrèh.

--- 140 ---

Sêrat Mugi Katur Pangrèhipun Pakêmpalan Narpawandawa

Kula nuwun, gêgandhengan kalihan kawontênan ingkang sampun kalampahan, saha pamirêng kula bilih ing kangjêng parentah agêng nagari sampun kaparêng nata bab pangurusipun para putra santana dalêm manawi wontên ingkang kenging prakawis, kawrat kabar paprentahan no: Amila andadosakên agênging manah kula dene lajêng badhe botên wontên panindak ingkang damêl ngêrêsing manah, botên langkung kula amung ngaturakên gênging panuwun dhatêng pangrèh Narpawandawa, langkung malih dhatêng ingkang wajib.

Anjawi saking punika, kula gadhah pamanggih murih sagêd saya têrang kawontênanipun santana dalêm, bokmanawi langkung prayogi malih para santana dalêm ingkang taksih kawênangakên nyêpêng pikêkah prayogi kaparêngakên manawi wontên ingkang nyuwun Legitimatie bewijs sarta ing salêbêtipun bêwis wau mawi potrèt gambaripun ingkang nyuwun, kados conto ingkang kula aturakên sarêng punika.

Wondene mênggah paedahipun bêwis wau:

Ha: Kangge lintunipun pikêkah kabêkta kêkesahan sagêd ringkês.§ Sêrat punika namung kula lugokakên kemawon, wontênipun kapacak ing organ, punika nami turut soroganipun. Red.

Na: Bilih kêkesahan wontên ing pundi panggenan sagêd kapitados para pulisi.

Ca: Manawi wontên ing purug, môngka nyandhung aral (kenging prakawis) lajêng sagêd katindakakên miturut wêwaton anindakakên prakawisipun santana dalêm.

Dene ingkang kenging kaparingan punika kêdah mawi wêwaton.

1. Ingkang gadhah panyuwun kanthi ngaturakên potrèt. 2. Ingkang umuripun sampun langkung 18 taun. 3. Ingkang sakintên sae kalakuanipun. 4. Ingkang dèrèng nate kaukum prakawis kadurjanan.

Awit saking punika, manawi pamanggih kula wau sagêd dados panggalihanipun para [pa...]

--- 141 ---

[...ra] pangrèh, kula suwun kapursêtèlakên dhatêng ingkang wajib, dene manawi botên parlu kagalih sêrat dalah conto wau kula suwun wangsul.§ Sêrat punika namung kula lugokakên kemawon, wontênipun kapacak ing organ, punika nami turut soroganipun. Red.

Katur kaping Mèi 1927.

Warga: W.G. Padmahartana.

[Grafik]

Nyuwun Sêsêrêpan Malih

Panyuwun kula sêsêrêpan bab arta pon, ing organ ôngka 8, sampun kaparingan katrangan sadhèrèk rêdhaktur, atur kula: sangêt nuwun. Ananging kabêkta saking kabodhoan kula katrangan wau wontên ingkang dèrèng kula mangrêtosi, inggih punika nut ôngka 2, mungêl prayogi katêrangakên, punika kula botên mudhêng. Mila botên isan-isin kula nyuwun sêsêrêpan malih ing sadhèrèk rêdhaktur mugi kaparêng maringi katrangan utawi sêsulang kadospundi anggèn kula nêrangakên murih jangkêping pitakèn kula ambabarpisani botên angaping kalih damêl. O sadhèrèk, jaragan maringi katrangan dhatêng tiyang cobolo bok inggih ingkang cêtha, upaminipun prayoga katêrangakên makatên, makatên. Anu, anu, sapanunggilanipun dados gambêlang.

Panyuwun kula sêsêrêpan bab punika, punika pamanggih kula botên prakawis sapele, tumrap kaparluaning para sadhèrèk warga kados ragi babagan parlu. [parlu...]

--- 142 ---

[....]

Mila sampun samêsthinipun lajêng angsal katrangan saking rêdhaktur utawi pangrèhing Narpawandawa ingkang lajêng kenging kangge wêwaton.

Sala kaping 14 Agustus 1927.

Bawadiman.

Noot. Sayêktosipun rêdhaksi piyambak inggih kodhêng nampèni pandangon panjênêngan ing organ ôngka 8 adêg-adêg Na. Awit manawi ingkang panjênêngan pundhutakên wêwaton suwakipun arta pitulungan waragad pasinaon punika èngêtipun rêdhaksi botên sabab saking sontan-santuning anggènipun imah-imah tiyang sêpuhing lare ingkang dipun waragadi, nanging manawi wontên nalaripun kados ing ngandhap punika.

Ha: Lare mêdal saking pasinaon, ingkang dèrèng masanipun mêdal (upaminipun dumugi klas II Milo).

Na: Larenipun utawi tiyang sêpuhipun, saha ingkang kuwajiban, mindhak pamêdalipun (bab punika sagêd ugi namung suda).

Ca: Lare suda kasrêgêpan utawi kalantipanipun.

Ra: Lare ingkang andhugal.

Ka: Anindakakên parluning sakolahan utawi wragad, botên mawi sarêmbag kalihan pangrèh.

Dados mirit wêwaton ing nginggil punika, sanadyan anggèning imah-imah bapa utawi biyungipun lare ingkang dipun waragadi wau, bêbasan sadintên rambah kaping pitu, botên badhe ngicalakên arta waragad pasinaon.

Kauningana.

Red.

Wêwaton Tumindaking Arta Narpawandawa, Ingkang Kangge Mitulungi Para Santana Utawi Anaking Santana Ingkang Badhe Anglajêngakên Sinau

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8.

Nicil 10% dumugi 30% prêsèn, sadaya wau kasêbutakên ing sêrat prajanjian nalika wiwit angsal bayaran, wajibing panyaur wau bilih sampun gadhah pamêdal apêsipun f 50 sawulan.

--- 143 ---

Bab VII

Ingkang gadhah panyuwun kêdah gadhah atur dhatêng pangrèhing Narpawandawa sarana sêrat, kanthi ngladosakên sêrat pratelan.

Ha: Nama sarta pangkating tiyang sêpuhipun, utawi ingkang kawajiban, mawi katrangan asal silah saha pikêkah.

Na: Sapintên pamêdaling tiyang sêpuhipun, saha ingkang kawajiban kalêbêt asil-asil sanès-sanèsipun.

Ca: Nama sarta umuring lare.

Ra: Dados murid pamulangan ing pundi mawi palapuran saking pamulangan ingkang pungkasan.

Ka: Parincèning waragad, kados ta: kathahing bayaran sakolah, waragad têdha, waragad pondhokan.

Da: Katrangan saking guru sarta dhoktêr kados ingkang kasêbut bab V aksara Ha, Na.

Bab VIII

MawiManawi. wontên nalaripun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika, pangrèh wênang anata utawi nyuwak tumindakipun bôndha pasinaon.

Ha: Mêdal saking pasinaon, ingkang dèrèng mangsanipun mêdal.

Na: Larenipun utawi tiyang sêpuhipun, saha ingkang kuwajiban mindhak pamêdalipun.

Ca: Lare suda kasrêgêpan utawi kalantipanipun.

Ra: Lare ingkang andhugal.

Ka: Anindakakên parluning sakolahan utawi wragad, botên mawi sarêmbag kalihan pangrèh.

Bab IX

Manawi arta pitulungan kasuwak, pangrèhing Narpawandawa lajêng damêl pratelan sapintên kathahing arta ingkang sampun kalêbêt waragading sakolah lare ingkang kapitulungan, sarta pangrèh lajêng wajib nagih.

--- 144 ---

Bab X

Pangrèh kenging matah dhatêng warga kadadosakêkadadosakên. komisi bôndha pasinaon.

Bab XI

Pènêngmistêring bôndha pasinaon, ugi pènêngmistêring pakêmpalan, saha kêdah tumut dados kumisi.

Bab XII

Karampunganing lare ingkang nêdha dipun waragadi dening pakêmpalan, kêdah saking karampunganing parêpataning pangrèh.

Bab XIII

Ingkang kêdah katêtêpakên saking pangrèh.

Ha: Kathah kêdhiking arta pitulungan dhatêng lare.

Na: Anyuwak arta pitulungan, amêwahi tuwin anyuda.

Ca: Sadaya panindak ingkang pêrlu, môngka botên kalêbêt pranatan punika.

Bab XIV

Bab arta pitulunganing Narpawandawa wau kawatêsan, kathah-kathahipun tiyang satunggal f 30 sawulan, kangge pitulungan salêbêting tanah Jawi, dene manawi Narpawandawa parlu nyakolahakên sajawining tanah Jawi, punika kêdah sarana karampungan rêmbaging pangrèh.

Bab XV

Kengingipun Narpawandawa mitulungi lare wau, manawi arta kas kathahipun langkung f 1000.

Bab XVI

Ha: uruting angsal pitulungan punika miturut pundi ingkang rumiyin panêdhanipun, wêwaton sêrat panyuwun ingkang sapisan, utawi kamlaratan.

Na: manawi panyuwunan wau sami kawontênanipun utawi sarêng, kêdah rumiyin ingkang sampun dados warganing Narpawandawa.

Ca: anaking warga kalihan warga, kêdah kapêrlokakên warga.

Ra: sadaya parlu-parlu ingkang kêdah kapitulungan wontên salêbêtipun sinau uruting pitulungan, ugi kados kasêbut XVI aksaaksara. ha, na, ca, ra.

Miturut rêrantaman lêbêt wêdalipun arta Narpawandawa, bôndha pasinaon wau namung dipun sadhiyani arta f 600,- ing dalêm sataun. Red.