Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka ka 12, kaping 6 Jumadilakir Jimakir 1858, utawi kaping 1 Dhesèmbêr 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 5.70. Kapacak sapisan.

Pangandikanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Wontên Ing Rad Kawula

III

Wasana sapunika kula nêdya mratelakakên kadadosan sawatawis, ingkang sagêd nyêthakakên saening nyambut damêl sêsarêngan kanthi padhang-padhangan wiwit saking kawitanipun, tumraping ewah-ewahan agêng ingkang ugi katumrapakên ing praja Jawi.

Langkung rumiyin prakawis wawêngkon (Exterritorialiteit) tuwan pangarsa: nalika tanggal kaping 17 April ing taun punika, pakêmpalanipun para darah dalêm, inggih punika Narpawandawa, anêtêpakên musi, pangrêmbagipun sakalangkung panjang. Ing musi wau wontên pangajêng-ajêng ingkang sambêt akalihan pamilahing wawêngkon wau. Kula kêparênga mêthiki sawatawis, tuwan pangarsa.

--- 178 ---

Amanah gandhèngipun kalihan badhe angwontêni rad saya prêlu dipun jêjêgakên sarta dipun cêthakakên sapintên ingkang dados wawênangipun panjênêngan dalêm nata saha guprêmèn inggih punika:

I. Sadaya bôngsa ingkang wontên ing Surakarta kawêngku ing paprentahan praja Surakarta.

II. Sadaya paos kêdah katur ing paprentahanipun panjenêngan dalêm nata, kajawi paos in-en uitvoerrechten saha monopolie punika katur guprêmèn, praja Surakarta namung angsal prêsènipun utawi angsal prèèn, bilih wontên prêlunipun ngagêm.

III. Paprentahan praja Surakarta gadhah wajib dhatêng yayasan ingkang mligi dados paedahipun tiyang Surakarta, kados ta B.O.W. sakolahan andhap, pulisi sasaminipun, dene sanès-sanèsipun ingkang kalêbêt kabêtahan umum, ingkang botên maligi tumrap tiyang Porsêtênlandhên kemawon, katur guprêmèn, kados ta: sakolahan sanginggiling sakolahan andhap, militair, veld-politie saha panjagi umum, kados ta: pestbestrijding.

IV. Tatanan umum tumrap saindênging jajahan Nèdêrlan (kalêbêt Suriname saha Kurasao) saha ingkang gandhèng kalihan internationale aangelegenheden punapa malih tatanan bab-bab ingkang sampun dados kuwajibanipun guprêmèn piyambak, punika lajêng kenging katumrapakên ing Surakarta. Tatanan sanèsipun kêdah kapasrahakên babarpisan dhatêng praja Surakarta. Amung tatanan ingkang magêpokan adêging praja saha tatanan ingkang umum tumrap praja Surakarta, punapadene rantaman lêbêt wêdaling arta taksih prêlu dipun êsahi wakiling guprêmèn.

Namtokakên ... salajêngipun.

Têmtu kemawon tatananipun botên namung kados pangajêng-ajêng wau kemawon, nanging punika sampun anggôntha dhatêng pamanggihipun tiyang Surakarta, makatên ugi pangrancangipun rad campuran, ingkang dipun kajêngakên Narpawandawa, dados cêtha manawi ing Surakarta sampun wontên gagasan saha pangrêmbag bab dhatêng prakawis wau, kalihan malih harak inggih botên aèng, ta, tuwan pangarsa.

--- 179 ---

Sabên-sabên tiyang Surakarta tansah kagigah dhatêng kawontênan ingkang kirang prayogi, inggih punika pamilihipun wawêngkon, minôngka conto, sawêg kemawon wontên Cina preyalan malêbêt pêkên ing Sala, lajêng dhasar ing ngriku, tanpa tumbas karcis ingkang miturut pranatan katamtokakên dhatêng para bakul. Nadyan dipun èngêtakên, inggih mêksa botên purun tumbas karcis, sarêng badhe dipun tundhung lajêng darêdah rame. Cina wau kacêpêng pulisi, kaladosakên ing lan-gêrèh saha lajêng dipun ... luwari, jalaran pranatan pêkên ing Surakarta punika pranatanipun parentah Jawi, botên sagêd kawêngkokakên dhatêng tiyang wawêngkoning guprêmèn. Kadadosan makatên punika saya anggigah raos kirang marêm dhatêng pamilahing wawêngkon, awit punika inggih gandhengan kalihan kaluhuraning praja Jawi, mila pamanggih-pamanggih wau lajêng dipun kênthêlakên, sadaya dipun wêdharakên wontên ing pakêmpalan.

Sapunika tamtunipun kula inggih nuwun sangêt dhatêng pamarentah luhur, dene wontên ing memori pan anwurt, sampun karsa nyêmadosi badhe anggalih dhatêng musi wau, nanging mangke gèk golonging panggalihanipun pamarentah luhur kathah bedanipun kalihan pangajêng-ajêng ingkang sampun kawêdharakên wau. Mila pitakèn kula: punapa bedaning panggalihan wau botên sagêd langkung gampil dipun ajêngi, bilih wakiling parentah Jawi piyambak wiwit kawitanipun dipun ajak angrêmbag ngantos sagêd mangrêtos dhatêng prêlunipun, apêsipun sagêd sumêrêp dhatêng sababing panggalihipun pamarentah luhur. Katimbang kalihan manawi parentah Jawi namung dipun sumêrêpakên dhatêng rancangan, kanthi katrangan, ingkang sagêd anjalari cuwa dadakan, utawi anjalari ngwontênakên panyakrabawa ingkang pancèn sagêd dipun singkiri.

Makatên malih tumindakipun ewah- ewahan paprentahan (bestuurhervorming) nadyan tumrap ing praja Jawi namung anjumbuhakên pangkat saha pambagening bawahipun amtênar Walandi (tot een aanpasting van de titulatuur en de ressortens indeeling voor Europeesche ambtenaren) kados wangsulanipun wakiling pamarentah ing taun kapêngkêr wontên ngriki dhatêng Tuwan Surasa.

Ugi ing bab punika wontên pamanahan ingkang gumolong ing parêpataning rad [ra...]

--- 180 ---

[...d] kawula kala kaping 23 Nopèmbêr 1926, miturut katrangan saking pamarentah ingkang mêntas kula pêthik wau, sampun wontên utusaning pamarentah tumrap anggènipun anjumbuhakên pangkat, dumugi sapunika praja-praja Jawi dèrèng dipun takèni pamanggihipun. Sagêd ugi wontên ingkang manah sapele dhatêng prakawis punika, nanging prayogi kagaliha, tumrap tiyang ingkang ngawaki, ingkang badhe ngraosakên dayanipun, malah prêlu sangêt, punika ingkang prayogi dipun èngêti. Mênggah ingkang kalêbêt ing bab punika, pitakenan punapa pangagênging gêwès, badhe nama guprênur punapa rêgèrêng komisaris, punapa residhèn modhèl enggal punika sêsambêtanipun kalihan pêpatih dalêm saha abdi dalêm sanèsipun taksih kados para asistèn residhèn sapunika, punapa rêgèrêng komisaris (rêbat cêkap kula sêbut makatên kemawon) punika badhe kaparingan insêtruksi ingkang cêtha saha maedahi dhatêng pamarentah Jawi salajêngipun. Manawi ing pamarentah karsa paring wuninga prakawis makatên wau wiwit ing kawitanipun, punika lajêng gampil sagêdipun anggalih dhawuh pangajêng-ajêngipun praja Jawi, langkung gampil tinimbang manawi sampun wujut kritig tumuju dhatêng usulipun pamarentah ingkang sampun kaanggêp matêng.

Pamanahan ingkang dados dhêdhasaraning panyaruwe kula, inggih punika anggènipun pamarentah nindakakên sayêktos dhatêng icaling klèntu tampi ingkang sagêd nuwuhakên kirang ngandêl, punika mugi-mugi dadosa wêwatoning pulitiking praja-praja Indiya (Zelfbestuurspolitiek).

Saening praja bilih kawontênan saisinipun sagêd tata lan têntrêm, inggih tata lan têntrêm punika ingkang dados idham- idhamaning praja saisinipun, tata lan têntrêm kêdah botên pisah, saminipun bênêr lan bêcik, puluh tataa bilih botên têntrêm nama dèrèng cêkap kabêtahanipun, makatên ugi bênêr bilih botên bêcik inggih nama taksih kuciwa. Ing sêrat dongèng lêlampahanipun Tilarsa nyariyosakên bab bênêr lan bêcik, ingkang kangge sanepa tiyang ngupaboga, tiyang luwe ngupados têdha punika sampun lêrês, namung sarananipun angsal boga punika wontên [wontê...]

--- 181 ---

[...n] marginipun kêkalih, inggih punika: awon kalihan sae. Tiyang luwe pangupaboganipun sarana nyambut damêl candhak-kulak bêbêrah sasaminipun, tiyang wau sampun anglampahi bêner lan bêcik, tiyang luwe pangupaboganipun sarana mêmandung, ngapusi sasaminipun, tiyang wau nama nglampahi lêrês nanging botên sae.

Ing ngriki ingkang pêrlu badhe kula aturakên bab tata lan têntrêm, sadaya undhang-undhang dhêdhawuhaning praja ingkang sampun kapathok ing sêsêratan punika sadaya pangudi dhatêng tata lan têntrêm, ananging bilih tumindakipun botên mawi êmpan lan papan, inggih badhe nuwuhakên botên têntrêm§ Angèlipun wontên ing ngriki. amargi tumindak ingkang sampun kula mirêngi saha sampun kula sumêrêpi punika asring-asring wontên raosipun, miturut teori ingkang pinirit, kêncêng, jêjêg, punika sadhengah tiyang tamtu rujuk, nanging dugi-dugi lan pamrayogi saha pamatawis kêdah inggih katindakakên, upaminipun bab tiyang mêdal saking bale griya dhatêng waradinan ingkang mangangge dipun wastani botên pantês, lajêng dipun tata sampun ngantos mangangge kados makatên, punika ingkang pêrlu sadaya tiyang dipun sumêrêpakên rumiyin kanthi pitutur ingkang sagêd mangêrtos yêktos, amargi racak-racakipun tiyang pakampungan ingkang taksih ciyut sêsêrapanipun punika têrang botên saking nêmaha awon, saking kajawi botên gadhah inggih kabêkta saking botên mangêrtosipun, botên mangêrtos sayêktos, yêktos tênan, inggih sampun malih tiyang pakampungan, cacak tiyang ingkang kawastanan wêwicalaning prayayi kemawon bilih taksih saguthêg sasêrêpanipun ugi kathah ingkang kados makatên,§ Kabêkta saking dayaning kodrat, manungsa punika malah angèl tatananipun, upami botên makatên kemawon kadospundi. ingkang makatên wau punapa inggih nêmaha awon, tamtu botên, inggih namung sabab botên mangêrtos dhatêng tatanan ingkang winastan sae.§ Mila parlu para sadhèrèk wau kêrêp angrawuhana ing parêpatan, supados sagêd mangrêtos pundi ingkang winastan sae, pundi ingkang winastan awon, gawat lo, sadhèrèk, gêsang ing jaman sapunika, jalaran saking sampun warni-warni sêsrawunganipun. Red.

Marjaya.

--- 182 ---

Indhiya Nèdêrlan

II

Indhisê Sêtatrègêling (I. S.)

Ing Brochure ôngka 3 paragraph 3 amratelakakên mênggah peranganing gronwèt ingkang gêgayutan kalihan pamrentah ing tanah Indhiya Walandi punika namung sakêdhik, dèrèng sagêd têrang utawi gamblang yèn kangge wêwaton paprentahan ing tanah Indhiya, mila saking praja Nèdêrlan dipun wontêni wèt malih, minôngka wêwaton, wèt wau dipun namakakên wet op de staatsinrichting van Nederlandsch Indië utawi kacêkak Indische Staatsregeling (I. S.) rumiyin nama Regeerings - Reglement.

Dene isinipun Indhisê Sêtatrègêling punika kaperang dados 12 bab inggih punika: 1. Bab guprênur jendral sarta rad pan Indhi. 2. Bab rad kawula. 3. Bab dumadosipun pranatan-pranatan nagari. 4. Bab rancangan lêbêt wêdaling yatra nagari (begrooting) lan nyambut yatra. 5. Bab dhêpartêmèn-dhêpartemèn lan algêminê rèkênkamêr. 6. Bab paprentahan gêwès sarta apdhèling. 7. Bab pradata. 8. Bab manggèn lan ingkang manggèn ing tanah Indhiya. 9. Bab agami. 10. Bab piwulang. 11. Bab dagang lan palayaran. 12. Bab watêrsêkap.

Panguwaos Ngêrèhakên Nagari

Ingkang sami nyêpêng panguwaos

Mênggah pilah-pilahing panguwaos punika tumrapipun tanah Indhiya inggih sami

--- 183 ---

kemawon kalihan praja Nèdêrlan, dene panguwaos wau tumrap tanah Indhiya ngriki ingkang nyêpêng:

1. Sang nata dalah nayakanipun jajahan.

2. Sêtatên jendral

(Kalih-kalihipun sami wontên ing nagari Walandi).

3. K. T. Guprênur Jendral. 4. Rad kawula. 5. Pradata (Justitie) ... Wontên ing tanah Indhiya.

Dados ingkang nyêpêng panguwaos ing ngriki langkung kathah katimbang ing praja Nèdêrlan (manawi ing praja Nèdêrlan ingkang nyêpêng panguwaos namung 1 sang nata, 2 nayakaning jajahan sêtatên jendral) mila makatên, jalaran tanah Indhiya punika nagari jajahan, kabawah ing praja Nèdêrlan inggih gadhah panguwaos wontên ing ngriki. Kajawi punika ing ngriki dipun wontêni piyambak ingkang nyêpêng panguwaos, nanging panguwaos wau kirang sampurna.

Sarèhning tanah Indhiya punika kaperang-perang, mila ugi taksih wontên malih ingkang nyêpêng panguwaos paprentahan kangge peranganing tanah Indhiya wau, upaminipun prophinsialê rad (Propinciale raad) punika nyêpêng paprentahan prophinsi, inggih punika peranganing tanah Indhiya ingkang agêng. Prophinsi wau kaperang-perang malih dados kabupatèn sarta gêmintê. Paprentahan kabupatên kacêpêng rêgènsêkap rad (Regentschapsraad) upaminipun kabupatèn ing Garut. Gêmintê kaprentah dening gêmintê rad (upami gêmintê ing Batawi).

Silah-silahing Pranatan

Sarèhning ingkang nyêpêng panguwaos paprentahan ing tanah Indhiya punika warni-warni, mila pranatan ingkang kangge nindakakên inggih warni-warni, miturut ingkang kuwaos damêl pranatan wau. Mênggah silah-silahing pranatan kados ing ngandhap punika:

1. Pranatan wèt punika ingkang kuwaos damêl sang nata lan sêtatên jendral.

2. Pranatan algêminê matrègêl phan bêstir (Algemeene maatregel van bestuur) ingkang kuwaos damêl sang nata.

--- 184 ---

3. Pranatan ordhonansi (Ordonantie) ingkang kuwaos damêl K.T. guprênur jendral kalihan rad kawula.

4. Pranatan rêgèrêng pêrordhêning (Regeering verordening) punika ingkang kuwaos damêl K.T. guprênur jendral.

Dados prakawis paprentahan ing tanah Indhiya punika wontên ingkang dipun pranata sarana wèt, wontên ingkang sarana amgêmine matrègêl phan bêstir, lan wontên ingkang sarana ordhonansi, saha wontên ingkang sarana rêgèrêng pêrordhêning.

Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral

Sang nata, nayaka jajahan kalihan kangjêng tuwan guprênur jendral

Ing ngajêng sampun kasêbutakên bilih ingkang minôngka wakiling sang nata marentahakên tanah Indhiya punika paduka K.T. guprênur jendral (K.T.G.G.) sintên-sintêna kemawon ingkang sami manggèn ing tanah Indhiya wajib ngakêni, sarta ngaosi wakiling sang nata wau ing sapantêsipun.

Tamtu kemawon paduka K.T. guprenur jendral wau anggènipun marentahakên tanah Indhiya kêdah manut Indhisê Sêtatrègêling (I. S.) sarta ngèngêti dhawuhipun sang nata.

Paduka K.T. guprênur jendral nyanggi têtanggêlan dhatêng ngarsanipun sang nata tumrap awon saening tumindakipun paprentahan ing tanah Indhiya, amila wajib nyaosi sadaya katrangan ingkang kapundhut dhatêng nayakaning sang nata ingkang nyêpêng jajahan (minister van kolonien) nayaka jajahan wau ingkang wajib nanggêl awon saening paprentahan tanah Indhiya wontên sêtatên jendral. Dados nayaka jajahan punika kadosdene nanggêl ingkang dipun tindakakên K.T. guprênur jendral. Amila nayaka jajahan kalihan K.T. guprênur jendral wau kêdah cocog, bilih botên cocog adat kangjêng tuwan guprênur jendral lajêng lèrèh.

Sarèhning K.T. guprênur jendral punika dados wakilipun sang nata, mila panguwaosipun inggih kathah èmpêripun kalihan sang nata piyambak, nanging ugi wontên bedanipun, kados ta:

1. K.T. guprênur jendral botên kuwaos amranata gêgayutanipun tanah Indhiya [Indhi...]

--- 185 ---

[...ya] kalihan môncapraja, amargi ing prakawis punika tanah Indhiya nunut praja Nèdêrlan, dados dipun pranata sang nata.

2. Sang nata lêpat ing kukum (onschenbaar) nanging K.T. guprênur jendral botên makatên, K.T. guprênur jendral wau kengingipun ukuman, upami:

Ha. Anindakakên pranatan (algemeen maatregel van bestuur) môngka panjenênganipun dèrèng tampi dhawuh saking nayaka jajahan.

Na. Botên karsa nindakakên pranatan-pranatan (wèt lan sanès-sanèsipun) ingkang sampun kadhawuhakên dening nayaka jajahan.

Bab Jumênêngan

Ingkang kuwaos ngangkat guprênur jendral kangge tanah Indhiya punika sang nata ing praja Nèdêrlan.

Dene ingkang kenging dados guprênur jendral punika namung bôngsa Walandi (Nederlander) sarta apêsipun sampun umur 30 taun.

Manawi mêntas katêtêpakên K.T. guprênur jendral punika supaos wontên ing ngarsanipun sang nata, utawi kalayan palilah dalêm sang nata, wontên ing parêpatan kawula (Volksraad). Ing ngriku K.T. guprênur jendral prasêtya bilih anggènipun dados guprênur jendral botên sarana nyukani utawi nyagahi punapa-punapa dhatêng sintên kemawon, lan botên badhe purun tampi bêsêl. Utawi malih sagah badhe ambangun miturut dhatêng sang nata saha gronwèt, badhe nindakakên ingkang kasêbut ing Indhisê Sêtatrègêling, tuwin pranatan sanèsipun, kangge tanah Indhiya, sarta sagah ambudidaya ngajêngakên tanah Indhiya.

Kangjêng tuwan guprênur jendral wau anggènipun wiwit ngasta paprentahan tanah Indhiya wontên ing rad kawula.

Kuwajibanipun .G. G.

Sampun têrang bilih kuwajibanipun guprênur jendral punika mrentahakên tanah Indhiya, lan ambudidaya sagêdipun majêng. Ewasamantên Indhisê Sêtatrègêling wontên prakawis sawatawis, ingkang kapratelakakên dados kuwajibanipun K.T. guprênur jendral, ingkang agêng sarta prayogi kasumêrêpan ing akathah, [aka...]

--- 186 ---

[...thah,] inggih punika:

1. Anjagi supados bôngsa pribumi punika sampun ngantos dipun sawiyah sintên kemawon. (kawrat ing Indhisê Sêtatrègêling, artikêl 45). § De bescherming der Inlandsch bevolking tengen willeksur van wien ook, is een der gewichtige flichten van G.G.

2. Anjagi supados ing pundi-pundi bôngsa pribumi punika gampil sagêd gigat sarta pados adil.

3. Wajib anjagi dhatêng wawênangipun siti tumrap bôngsa pribumi, supados sampun ngantos kenging panggagupangganggu. (Kawrat ing Indhisê Sêtatrègêling artikêl 51)§ De G.G. zorgt, dat geenerlei opstand van grond inbreuk make op de rechten, der Inlandsche bevolking.

4. K.T. guprênur jendral punika kêdah ajêgan wontên ing tanah Indhiya. Kengingipun nilar tanah Indhiya manawi angsal palilah dalêm sang nata.

Kajawi punika K.T. guprênur jendral botên kenging sade siti, kajawi manawi namung sakêdhik, tur kangge anjêmbarakên kitha, dhusun utawi kangge papan pakaryan.

Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara Pamulangan

Kumisi kagungan dalêm pamulangan kasatriyan ngaturi wuninga, awit saking kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan wiwit sapunika para putra santana dalêm ingkang sami nyuwun malêbêt sinau dhumatêng kagungan dalêm pamulangan kasatriyan utawi mèsêssêkul ingkang dipun tampèni rumiyin para murit ingkang sampun mêdal saking kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri, manawi taksih kirang, kenging nampèni ingkang botên saking Pamardi Putri. Awit saking punika, para putra santana dalêm ingkang badhe nyuwunakên malêbêt sinau dhatêng kagungan dalêm pamulangan kasatriyan utawi mèsêssêkul benjing wulan Juli taun 1928 ngajêng punika, manawi botên malêbêt sinau dhatêng kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri rumiyin, sagêd ugi botên katampèn. [kata...]

--- 187 - --

[...mpèn.] Amila para putra santana dalêm ingkang kagungan putra jalêr utawi èstri, ing wulan Dhesèmbêr ngajêng punika umur 6 taun, bilih anggalih supados putranipun benjing wulan Juli kasêbut ing nginggil, sagêd katampèn rumiyin, lajêng kasuwuna malêbêt dhatêng Pamardi Putri, badhe kasudhiyanan papan kangge para murit enggal wau, kathah-kathahipun 40 pamulangipun wiwit jam 11 dumugi jam 1 siyang, karancang wiwit benjing wulan Januari 1928, wondene kumisi anggènipun nampèni bilih wontên ingkang nyuwun anglêbêtakên benjing tanggal kaping 21, 22, sarta 23 wulan Nopèmbêr 1927 punika, wanci jam 11 dumugi jam 12 siyang wontên ing griya pamulangan Pamardi Putri. Kaparênga ambêkta ampilanipun pikêkahing santana dalêm, sarta sêrat pratôndha cacaran.

Kasêrat kaping 7 Nopèmbêr 1927.

Wisesa: Kusumabrata.

Wacaka: Bratadipura.

Wara-wara ing nginggil punika, manawi mirit kalihan parlunipun sampun kasèp, nanging pamanggihipun rêdhaksi: parlu kapacak ing organ, awit wontên tatanan anyar tumrap lêbêtipun murid ing kasatriyan kados ingkang kasêrat dhoyong ing nginggil wau, kauningana. Red.

Ewuhaya

Manawi kita ulur sarta kita raos-raosakên inggih prêlu sangêt malah dados kawajiban tiyang punika ngudi dhatêng kasagêdan lan kapangêrtosan, nanging sasampunipun kita sagêd lan ngêrtos, tuwin sasampunipun gêsang raos kita gêsanging raos têmtu nuwuhakên pêpenginan warni-warni, dening sumêrêp kawontênan ing alam ngrika, ugi sumêrêp lan mangêrtos bilih kita inggih sajatining manungsa sawêtah kados sanès-sanèsipun, môngka ingkang dipun kapengini punika sajatosipun inggih darbèk kita piyambak, pêpenginan wau bilih botên kadumugèn satêmah mahanani pêpês, pêpêsing kêkajêngan bilih pêpenginan wau taksih cumithak, tamtu

--- 188 ---

mahanani bêntèr dhatêng dhadha: sakit punapa ingkang kita upadosi.

Agèngêti kawontênan ing nginggil punika, punapa aluwung kita botên mangêrtos kemawon, adhuh cacad agêng ing gêsangipun, dening namung badhe sarira maesa tansah tumindak kalihan sapakèn, botên gadhah ada piyambak, adhuh ewuhaya têmên, manawi makatên lajêng sae ingkang pundi, pintêr punapa bodho, ngêrtos punapa botên, têrangipun makatên, bilih pintêr mangêrtos manawi botên sambada, utawi kasêmbadan, dumadosipun tsahtansah. mênggèh-mênggèh. Bilih bodho botên mangêrtos, sakeca gêsanging pribadinipun, nanging kabangsanipun asor.

Dumugi ing ngriki kita kaèngêtan, bôngsa Tionghwa punika mawimanawi. kula manah lêbêt, jêbul guru kita ingkang sajati. Kula piyambak taksih nyumêrêpi kaasoraning bôngsa Tionghwa kala samantên, namung ing ngriku bôngsa Tionghwa botên manah punapa-punapa, kajawi manah rukun lan sêsarêngan ngupados bôndha arta ingkang sarana mêdal saking karingêtipun piyambak, sarêng saya supêkêt malêbêt dhatêng bêbalung karukunanipun wau saya dangu saya anggrêmêt ajinipun, saya sarêng sampun rumasuk ing sungsum, dumugi samangke kadospundi, sadaya jêg praos sami ering dhatêng bôngsa Tionghwa.

Mila panyuwun kula dhatêng bôngsa kita, anelada lampahipun bôngsa Tionghwa. Dagang punika kangge jêjêr wontên ngajêng.

Widaraga.

Babadipun Ringgit Purwa

II

Ing organ Narpawandawa ôngka 10 isi kawruh babadipun ringgit purwa, sanadyan kawruh wau lugu namung pêthikan saking Sêrat Cênthini, ewadene pamanggih kula sampun lowung, ing ngriki kula badhe urun wudhu nglajêngakên kawruh babadipun ringgit purwa wau pêndhêtan saking kawruh padhalangan, namung tatêmbunganipun gancaran kemawon, kados ing ngandhap punika:

--- 189 ---

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Mangkurat ing Mataram, ingkang sumare ing Têgal arum, wontên abdi dalêm dhalang ringgit purwa nama Anjangmas, asli saking Kêdhu, karsa dalêm lajêng mangun wêwangunanipun kagungan dalêm ringgit purwa, amêwahi wandanipun Bima babon saking Bima Kêdhu, kanamakakên wônda lindhupanon, saha amêwahi wandanipun Arjuna, kanyut, Arjuna ênèm wandanipun pangawe, Gathutkaca wandanipun guntur, Banuwati wônda berok, saha saking kaparênging karsa dalêm, ing pundi panggenan dhalang ringgit purwa, gêdhog, krucil, golèk, topèng, sami kenging prabeya winastan paos pajuwehan, ingkang kalilan mupu abdi dalêm dhalang Anjangmas, sarta tiyang ngruwat mantun sarana ringgit bèbèr, kêdah ngangge ringgit purwa, dene abdi dalêm dhalang ingkang kalilan angruwat namung dhalang Anjangmas piyambak, dhalang sanês-sanèsipun manawi angruwat kêdah angsal lilahipun dhalang Anjangmas wau, taksih tunggil taun, karsa dalêm kagungan dalêm ringgit purwa sarta ringgit gêdhog, dewanipun sami kaprabotan mawi kampuh, tanpa calana, slendhangan nyothe dhuwung, namung Bathara Guru kaprabotan mawi kampuh sarta calana, tanpa slendhang, nyêpêng cis ancik-ancik lêmbu Andini, inggih Bathara Guru punika ingkang minôngka sangkala mêmêt, makatên wau pikajênganipun sangkala, èsthining pandhita, marganing dewa, têgêsipun taun 1578.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat ing Kartasura, mangun wêwangunanipun ringgit purwa, Arjuna wandanipun mangu, Krêsna wônda rondhon, Baladewa wônda kagèt, wiwit kala samantên kagungan dalêm ringgit purwa èstrinipun kagêlung, saha awit wontênipun ringgit wandanipun rangkêp-rangkêp, utawi wiwitipun wontên dhawuh dalêm lampahan Bagong kawastanan lampahan wetan, pancèn lênggahipun ingkang nglampahakên abdi dalêm dhalang ing kadipatèn anom, lampahan Petruk kawastanan lampahan kilèn, lênggahipun ingkang nglampahakên abdi dalêm dhalang kasêpuhan, wondene lampahan wetan wau awit saking tanah Sukawati sapangetan dumugi pasisir wetan, dhalang purwa sami nglampahakên lampahan Bagong, lampahan kilèn kangge awit tanah Pajang mangilèn dumugi pasisir kilèn, sami nglampahakên lampahan Petruk, wondene ingkang kalampahakên, dhalang [dha...]

--- 190 ---

[...lang] tanah Samarang saurutipun ing pasisir êlèr, Petruk Nala Garèng, Bagong Sêmar cêmuris, sami kaangge sadaya, mênggah gancaraning lampahan inggih botên tamtu amung ing sapurunipun piyambak-piyambak.

Ugi wiwit kala samantên karsa dalêm amangun busananing ringgit warni-warni, punapa pantêsipun, para dewa sami ngangge rasukan utawi sapatu, namung Bathara Guru Bathara Durga tanpa rasukan, pandhita ngangge rasukan tanpa sapatu, punapa malih wontênipun dhawuh dalêm sadaya dhalang botên kalilan ngangge damêl Arjuna sêpuh wônda jimat, wônda kanyut utawi wônda mangu, sarèhning wandanipun Arjuna ingkang sampun wontên wau botên kalilan ngangge, para dhalang lajêng sami ngrêmbag nganggit wônda kinanthi, mirid wandanipun kagungan dalêm Arjuna jimat, mangu tuwin kanyut wau, milanipun sanajan wandanipun Arjuna sêpuh kinanthi punika lugunipun prayogi, ewadene botên kagêm ing karaton, awit katêmbungakên murgan, têgêsipun tanpa babon, kados wandaning Arjuna ingkang sampun tamtu, jimat mangu utawi kanyut wau, sarampunging karsa dalêm amangun ringgit sapakêmipun wau, kaparingan sangkala danawa murgan, maripat satunggal kapara wiyar, sirahipun gundhul sarta agêng prasasat tanpa gulu, irungipun agêng kaestha woh terong glathik, pawakanipun mèh gundêr,bundêr. ing padhalangan amastani: buta prêpatan êndhog, ungêling sangkala makatên wau, marga sirna wayanganing jalma, têgêsipun taun 1605.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kapisan ing Kartasura, amangun kagungan dalêm ringgit gêdhog, wandanipun panji sêpuh, amirit Arjuna kanyut, Klana wandanipun mirit Dasamuka dipun langakakên, saha mangun lampahanipun, sabên-sabên lampahan mawi pondhongan, punapadene mawi ringgit awon-awonan ingkang banyolan ajêg, kados ta: Dhoyok, Bancak, Sêbul, palèt sarta jangkung punika sami kulawarganipun radèn panji kasatriyan, mênggah wontênipun pondhongan sarta banyolan ajêg wau sawatawis andadosakên bedanipun lampahan kalihan gancaring sêrat panji, ingkang makatên punika amung sagêda rame kadamêl lampahan ringgit sadalu, ing nalika punika kaparingan sangkala warni Bathari Durga, murgan, mripat satunggal, tangan ing wingking nyêpêng [nyê...]

--- 191 ---

[...pêng] lêlayu pindha katitupkatiyup. ing angin, pikajênganing sangkala makatên widari widadari. ngasta banderaning dewa, têgêsipun ing taun 1621.

Kangjêng Pangeran Adipati Pugêr ing Kartasura, mangun wêwangunanipun ringgit purwa, babonipun ringgit yasan ing Mataram, amêwahi wandanipun Baladewa: sêmbada, sarta iyasa raja sabrang liyêpan tuwin panthêlêngan, sawadya punggawanipun angangge rasukan sikêpan agêng tanpa gulon, amangun wandaning Suyudana jaka,§ Miturut babadipun ringgit purwa wêdalan Balepustaka, wandanipun Suyudana punika: jangkung. Red. Ngamarta panukma, Gathutkaca kilat, sarampunging yasa mawi sangkala awarni danawa èstri murgan, tanganipun kalih, mripatipun satunggal, rambutipun kaudhal tiga, mawi calana kados ringgit jalêr, katêlah kawastanan buta kênya wandu, pikajênganing sangkala makatên buta nêmbah wayanging satriya, têgêsipun ing taun 1625.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 ing Kartasura, mangun wêwangunanipun ringgit purwa, ringgit liyêpan mawi kajait, Arjuna sêpuh wônda malatsih, Arjuna anèm wônda pangasih, punika tatahanipun tapak asta dalêm piyambak, kala samantên wontên abdi dalêm panatah nama cêrma pangrawit, kaêlih nama cêrma gônda, sami kakarsakakên natah yasan dalêm ringgit, saha awit karsa dalêm amêwahi wandanipun Baladewa paripaksa, Sêtyaki wisuna, Bima lintang, Sumadra Sumbadra. lancêng, Sêmar gênuk, kalihan gêndhung, Petruk jamblang, Bagong gêmbor, danawa raton, macan, Dasamuka, bugis, Patih Prahastha rambut kaore, Sômba sêmbada, Narayana gêblag, Kakrasana kilat, Gathutkaca thathit bangbang padhasih, Ôngkawijaya rangkung, wiwit kala samantên kagungan dalêm ringgit salampahan kalêbêt ricikanipun sakintên wontên cacah 200 iji, sarêng sampun dados salampahan kaparingan nama: Kyai Pramukanya, saha kaparingan sangkala awarni danawa murgan, mripat satunggal tangan kalih nyangkêlit dhuwung, irungipun agêng anggandhul mangandhap kaistha wohing terong kopèk, sirah kapara lonjong paraupan katungkulakên mangandhap, pundhak ing wingking jomplang manginggil, ing padhalangan amastani: buta congklok, limrahipun tiyang ingkang dèrèng mangrêtos amastani: buta terong, dados namung katarik [ka...]

--- 192 ---

[...tarik] saking wujuding irungipun wau, kados wohing terong, pikajênganing sangkala makatên buta lima môngsa janma, têgêsipun ing taun 1655.

Kacariyos anunggil warsa ing sajumenêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 2, karênan dhatêng lêlangên, andadosakên kathahipun para kawula dalêm ingkang ambêbarang dhatêng saking môncanagari, utawi saking pasisir, saha saking ing padhusunan ingkang cêlak nagari, kados ta: topèng ringgit krucil, trêbang cariyos menak, utawi mursada, ringgit golèk purwa, utawi ringgit golèk menak saha gancaring lampahanipun, punika badhe katimbalan dhatêng nagari Surakarta, para ngulama sami amambêngi atur yèn karsa dalêm wau kirang prayogi, dados botên saèstu, tumuntên wontên tiyang asli saking Japara nama Robyong, sagêd damêl topèng, saha undhagi angukir, ngantos kawêntar botên wontên topèng sarta ringgit kalithik, ingkang nyamèni damêlanipun Robyong wau.

Taksih badhe kasambêtan.

[Iklan]