Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 3, Kaping 8 Pasa Jimakir 1858, Utawi Kaping 1 Marêt 1928

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927. Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50. I/2 kaca ... f 4.-. 1 kaca ... f 5.70. Kapacak sapisan.

Pèngêtan parêpatan agêng taunan Narpawandawa, ing dintên malêm Salasa tanggal kaping 8 Ruwah Jimakir 1858, utawi kaping 30/31 Januari 1928 wontên ing Kusumayudan.

Pangrèh ingkang rawuh:

1. B.K.P.H. Kusumayuda, 2. Rm. H. Yasadipura, 3. Rm. H. Padmawinata, 4. Rng. Purwasastra, 5. Rm. H. Suryaningrat, 6. R.T. Tôndhawadana, 7. Rm. Wiryasaputra.

Pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngintunakên wakil 1. Mardiguna, 2. Trêsnapraja,

--- 18 ---

3 Sêtyasudara, 4. kadipatèn anom, 5. pagadhean Jawi, 6. P.P.S. 7 Joug Java. 8 Sport. 9 Ratawasana, 10. Padhasuka, 11. Radyapustaka, 12. Abipraya, 13. Waduaji, 14. Rêdhaksi Darmakôndha, 15. Rêdhaksi Bramartani.

Para warga ingkang rawuh wontên kiwa têngênipun 200, wanci jam 9 pangarsa sêsorah kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Awit saking namaning pangrèh Narpawandawa, kula ngaturakên wilujêng sarta panuwun dhatêng para sadhèrèk warga, tuwin para wakiling pakêmpalan, punapadene para wakiling sêrat-sêrat kabar, ingkang sami kaparêng marlokakên rawuh ing parêpatan dalu punika.

Ing sadèrèngipun parêpatan kula wiwiti, kula parlu badhe ngaturakên kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa kalayan cêkak amung ingkang parlu-parlu kemawon. Ing salêbêtipun sataun punika pakêmpalan Narpawandawa katingal majêng, katôndha saya wêwah-wêwahing warganipun, punika têtela bilih para santana dalêm sampun wiwit kraos mênggah paedahipun pakêmpalan, saha pangrèh bingah sangêt, dene para santana dalêm sampun sami kabuka panggalihipun dhatêng ajênging pasinaon, tôndha yêktinipun kathah ingkang sami nêdha panêmbung badhe ngangge bôndha pasinaon (studiefonds) Narpawandawa, kangge nglajêngakên pasinaoning putranipun dhatêng pamulangan têngahan, namung cuwa sangêt, dene panêdhanipun para sadhèrèk wau wontên ingkang kapêksa pangrèh botên sagêd mituruti, jalaran arta sudhiyan bôndha pasinaon dèrèng sagêd anyêkapi, amila saking rêrigênipun pangrèh, putra-putraning sadhèrèk ingkang sami katêmbungakên wau, lajêng kapratikêlakên supados sami nyuwun ngangge bôndha pasinaon nagari dalah panganggenipun, kalampahan lajêng sami angsal. Mênggah ajênging pasinaon punika botên ngêmungakên kangge ngupados panggêsangan, ugi kangge margi ngajêngakên kabangsan, manawi bôngsa Jawi punika sagêd-sagêd, bôngsa kita lajêng sagêd luhur, ing mangke kadospundi sarananipun kas bôndha pasinaon kita sagêdipun agêng, nyêkapi kangge kaparluwanipun para santana dalêm ingkang sami badhe nêdha pitulungan, punika sajatosipun namung gumantung wontên kaparêng panjênêngan sadaya, manawi [ma...]

--- 19 ---

[...nawi] para sadhèrèk sampun sami kraos dhatêng dayaning karukunan, sarta dhatêng wohing pangajaran, pangrèh pitados bilih panjênêngan têmtu botên awrat angindhaki urunan panjênêngan dhatêng Narpawandawa.

Kajawi punika, anggènipun para sadhèrèk santana dalêm angwontênakên pasinaon nabuh gôngsa, punika botên ngêmungakên ngajêngakên kagunan nabuh, nanging ingkang parlu lanênangianênangi. saha anggêgêsang kabudayan Jawi.

Sadhèrèk, kawontênanipun padamêlan Narpawandawa ingkang katindakakên ingkang parlu sarta awrat inggih punika rêmbag bab mosi rad kawula Surakarta, sanadyan prakawis mosi wau sampun rampung, nanging kawontênanipun sapunika dèrèng wontên antawisipun, namung Narpawandawa pitados, bab punika badhe tamtu wontên wohipun, amargi sajatosipun sampun têrang limrah kados kawontênan sapunika, punika upami sandhangan makatên sampun botên sakeca dipun angge, kados ta: lare ingkang sawêg umur 1-2-3 dumugi 6 taun, sampun sapantêsipun ngangge rasukan kurungan gêmak, nanging manawi lare wau sampun andungkap wiwit umur 7 taun minggah, sampun wanci wiwit malêbêt sakolah. Têmtu kemawon botên purun dipun ênggèni rasukan kurungan gêmak, nêdha dipun ewahi sandhanganipun. Miturut cariyos kina nalika jaman Majapait, ingkang marentah kalihan ingkang kaparentah punika sampun gêgandhengan, dening wontênipun bale agung, mila manawi wontên ebahipun kawula parentah sampun mirsa, kosokwangsulipun manawi wontên ruwêt rêntêngipun praja, kawula inggih kraos, dados gêgayutanipun kawula kalihan parentah punika ing kinanipun sampun gandhèng, nanging dangu-dangu kabêkta saking ewahing jaman utawi kula kintên kenging daya sanès, parentah kalihan ingkang pinarentah saya têbih kantun lamat-lamat. Kala rumiyin manawi wontên kawula anggadhahi parlu kawuningan parentah, punika lajêng pepe, mila lajêng tumuntên kauningan, tumindak makatên punika sapunika sampun dipun awisi, dados manawi wontên bot repotipun tiyang alit botên sagêd kawuningan parentah, malah raosipun tiyang alit kalihan parentah kados tiyang sanès, môngka lêrêsipun kêdah dados satunggal, mila inggih kêdah santun tatanan sagêdipun [sagêdi...]

--- 20 ---

[...pun] anggandhèng parentah kalihan ingkang pinarentah manut jamanipun, sarta sasagêd-sagêd kêdah sampun nilar talês Jawi. Ing sarèhning ancasipun Narpawandawa wau sumêdya anggayuh hayuning kawontênan, inggih punika anjagi wilujênging panjênêngan dalêm nata, paprentahan dalah sakawulanipun sadaya, dados tamtu kemawon kêdah kanthi sabar tawêkal santosaning manah, supados sagêd kalaksanan punapa ingkang kinajêngakên, amargi tuju makatên punika botên badhe sakêdhik wohipun.

Sadhèrèk, Narpawandawa ugi parlu tumut gêgayutan kalihan ewahing kabangsan, nanging ingkang ngatos-atos, kêdah mêdal margi lêrês ingkang adhêdhasar rahayu, amila inggih dipun wawas yêktos, amargi pakêmpalan Narpawandawa punika beda kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun.

Sadhèrèk, panjênêngan têmtu sampun pariksa mênggah gawatipun dados pangrèh ing pakêmpalan, sarèhning dalu punika sampun dumugi wancinipun pangrèh sami kèndêl dumugi wêwangên 3 taun, lajêng pilihan pangrèh anyar, amila ing mangke bilih panjênêngan milih gêgêntosipun para pangrèh, punika kêdah panjênêngan wawas ingkang sayêktos.

Minôngka tutuping atur kula, kula amêmuji mugi pakêmpalan kita Narpawandawa sagêda saya subur mindhak-mindhak majêngipun, sarta kalaksanan punapa ingkang kasêdyakakên, anêtêpi dhêpisipun Narpawandawa, inggih punika: eka paksa karya sakti. Pikajêngipun: rukun agawe santosa.

Sapunika parêpatan kula wiwiti. Badhe kasambêtan

Wara- wara

Pangrèh ngaturi uninga, kasêbut sêrat palapuran taunan, kanthinipun sêrat ulêm katitimasan kaping 23 Januari kapêngkêr punika, adêg-adêg 13 bab angunjukakên panguwaos dalah saening tatananipun pakuburan ing Ngèndhèn, samangke sampun wontên wiyosing dhawuh timbalan dalêm, turunanipun kapacak ing organ ngriki.

--- 21 ---

Dhawuhing Pangandika Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira pangeran angabèi, salam taklim ingsun marang sira kakang mas Pangeran Arya Kusumadiningrat.

Kapindhone, layang aturira katitimasan kaping 11 Rabingulakir, sarta kaping 15 Jumadilawal, padha taun iki, ôngka 69/16, sarta ôngka 94/16 sakanthine, uwis padha ingsun uningani, mungguh ature pakumpulan Narpawandawa, pakuburane santananingsun ing pulo Ngèndhèn disumanggakake ing panjênêngan ingsun, tumindake disuwun kayadene kagungan ingsun astana Lawiyan, iku ingsun uwis amarêngake, sarta uwis ingsun dhawuhake marang panggêdhening parentah karaton, adhinira Pangeran Arya Kusumayuda, manawa uwis ana dhuwit ingsun dhawuhi nindakake besuk taun Ehe 1860 amarga sajrone taun Jimakir iki sarta taun Alip, kagungan ingsun dhuwit lagi akèh kanggone.

Kang iku, banjur dhawuhna marang pakumpulan Narpawandawa saparlune.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sênèn, tanggal kaping 7 wulan Saban ing taun Jimakir, angkaning warsa 1858.

Anjawi punika, sarèhning sêtatsêrat. pratelan namanipun para warga Narpawandawa, wontên ingkang klèntu pangêcapipun, sarta wontên ingkang kècèr dèrèng kawrat ing pratelan wau, mila pangrèh manah parlu nusuli katrangan, kados ing ngandhap punika, mugi andadosna kauningan saha sampun sami kirang pamêngku.

Kasêrat kaping 1 Marêt 1928.

Pangrèh

Ingkang mungêl R. Ng. Ônggapradata, lêrêsipun M. Ng. Ônggapradata

Ingkang mungêl R. Cakrapangarsa, lêrêsipun R. M. Cakrapangarsa

Ingkang mungêl R. B. Rêksasupadmi, lêrêsipun R. M. Rêksasupadmi

Ingkang mungêl R. P. Dirjatênaya, lêrêsipun R. M. P. Dirjatênaya

--- 22 ---

Ingkang mungêl R. M. P. Dirmatênaya, lêrêsipun R. M. P. Darmatênaya

Ingkang mungêl R. M. Suparma, lêrêsipun R. M. Sumarma

Ingkang mungêl R. M. Siyana, lêrêsipun R. M. Siyaga

Ingkang mungêl R. M. Sayid Sudrajan, lêrêsipun R. M. Sayid Sudrajad

Ingkang mungêl R. M. Sawarna, lêrêsipun R. M. Sarwana

Ingkang mungêl R.Ng. Siradimurti, lêrêsipun R. Ng. Singadimurti

Ingkang mungêl R. Wignyasasana, lêrêsipun R. M. Wignyasasana

Ingkang mungêl R. M. P. Puspasubrata, lêrêsipun R. M. P. Puspasubrata

Ingkang mungêl M. Ng. Mangkupamuja, lêrêsipun R. Ng. Mangkupamuja

Ingkang mungêl R. Brata Hartana, lêrêsipun R. M. Brata Hartana

Ingkang mungêl M. Ng. Atmasutirta, lêrêsipun R. M. Ng. Atmasutirta

Ingkang mungêl R. L. Atmasupaya, lêrêsipun R. M. Atmasupaya

Ingkang mungêl M. Ng. Atmapratama, lêrêsipun R. M. Atmapratama

Ingkang mungêl M. L. Atmasukadga, lêrêsipun R. L. Atmasukadga

Ingkang mungêl R. Atmadikana, lêrêsipun R. L. Atmadikara

Katrangan namanipun para warga ingkang dèrèng kalêbêt sêtat saha tambahan warga anyar, utawi ingkang santun nama, kados ing ngandhap punika.

1. M. Karyakusmana. Warga anyar, 2. M. Ng. Darsapandaya, 3. B.K.P.H. Suryabrata, 4. Mr. R. M. Suripta, 5. R. M. Sulistyawiramandaka. Warga anyar, 6. R. M. Wiryaprawira, 7. R. M. P. Wanèngsaputra, rumiyin nama R. M. P. Mangkusaputra, 8. R. M. Wirya Atmaja, 9. R. T. Prawiradipura

--- 23 ---

10. R. Pujaningsih, 11. R. T. Mangkudipura, rumiyin R. Ng. Atmakumura, 12. M. Martadiharja, Don. Warga anyar, 13. R. M. Brajapanuksma. Warga anyar, 14. R. M. Atmakartika, 15. R. M. Iskak. Warga anyar.

Turunan

Ôngka 65/112 Na.

Bab Pilihan Lid Rad Nagari

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, benjing taun 1928 ngajêng punika para lidipun kagungan dalêm rad nagari kalêrês sami kèndêl, lajêng pilihan lid anyar, sarèhning ingkang kapilih dados lid rad nagari sampun wontên wêwatonipun kawrat pranatan dalêm katitimangsan kaping: 23 Dulkijah Be 1848 (sêrat kabar nagari taun 1918 ôngka 25/ Bab III adêg-adêg 3, benjing pilihanipun lid rad nagari kaparênga anêtêpi bab III, adêg-adêg 3, ing sêrat pranatan dalêm kasêbut ing nginggil wau.

Awit manawi pamilihipun nagari wau botên nêtêpi wêwaton ingkang sampun kadhawuhakên, punika botên prayogi, sagêd ugi damêl kirang pamarêmipun para kawula dalêm, ingkang môngka nagari parlu sangêt kêdah adamêl pamarêming para kawulanipun, langkung prayogi malih saupami nagari sagêd milih saking warganing para pakêmpalan Surakarta kados ta: Budi Utama, Mukamadiyah, Waduaji, tuwin sapanunggilanipun, mênggah punika kirang langkungipun nyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur kaping 5 Oktobêr 1927.

Mudha pangarsa, W.g. Yasadipura

Panitra, W.g. Purwasastra.

Ingkang kakarsakakên dados lid rad nagari wiwit taun 1928 punika, wakil presidhèn B. K. P. Angabèi, pisê presidhèn B.K.P.H. Cakraningrat, lidipun 1. Rm. H. Purwadiningrat, 2. R. T. Suradipura, 3. R. T. Sastrawadana, 4. M. Ng. Martasuwignya, 7. M. Soed Martadiharja.

Red.

--- 24 ---

Sêtatsêblad ôngka 682

Prêtalane têmbung Jawa pêthikan saka rêgistêr nawala kêkancingane kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, ing Indiya Nèdêrlan.

Cipanas, tanggal kaping 26 Dhesèmbêr 1925.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, wus anupiksani manawa kêkancingan katitimasan kaping 9 Dhesèmbêr 1918 ôngka 33 sarta wus anguningani lalange.layange.

a. Tuwan wakil adpisir purinlansêsakên, katitimasan ping 27 Pèbruari 1925 ôngka 234.

b. Tuwan dhirèktur pan yustisi, katitimasan kaping 9 April 1925 ôngka A 15/1/17 sarta kaping 2 Dhesèmbêr 1925 ôngka A 15/3/16 kanthi tatêdhakan layange tuwan residhèn ing Ngayogyakarta, katitimasan kaping 15 Juli 1925 ôngka 13940/39 b/T.B. lan tuwan residhèn ing Surakarta, katitimasan kaping 7 Oktobêr 1925 ôngka 808/S wadi, padha minôngka wangsulan layange tuwan wakil, irstê guprêmèn sèkrêtaris, katitimasan kaping 25 Mèi 1925 ôngka 991/II.

Marmane sawuse amiyarsakake atur pirêmbuge rad ing Indiya Nèdêrlan, kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, sarujuk lan rad ing Indiya Nèdêrlan, kagungan karsa anamtokake undhang pranatan kasêbut ing ngisor iki, sarta andhawuhake supaya undhang pranatan mau kapacaka ing sêtatsêblad ing Indiya Nèdêrlan, muni kaya ing ngisor iki:

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, kagungan karsa angowahi perangan 1 bab 2 ing undhang pranatan katitimasan kaping 7 Januari 1903 (sêtatsêblad ôngka 8) kaya kang wus kaowahan kang pungkasan dhewe kamot ing undhang pranatan katitimasan kaping 9 Dhesèmbêr 1918 (sêtatsêblad ôngka 815).

Wus anggalih gone ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, sarta panggêdhening trahing Mangkunagaran,

--- 25 ---

wus padha anyondhongi owah- owahan mau.

Marmane sawuse anupiksani unine bab: 20, 29, 31, lan 33 ing anggêr wêwaton bab pangastane panguwasa kangjêng guprêmèn ing Indiya Nèdêrlan, kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, kagungan karsa andhawuhake kaya ing ngisor iki:

Undhang pranatan katitimasan kaping 7 Januari 1903 (sêtatsêblad, ôngka 8) kaya kang wus kaowahan kang pungkasan dhewe kamot undhang pranatan katitimangsan kaping 9 Dhesèmbêr 1918 (sêtatsêblad, ôngka 815) iku samêngko kaowahan kaya ing ngisor iki:

A. Adêg-adêg kapisan, 1. Ing bab 2 kaowahan muni kaya ing ngisor iki.

Mungguh prakara kang ginantungan paukuman kang dilakoni ing sajroning bawah paresidhenan Surakarta sarta prakara padu kang wonge kang ginugat manggon omahing paresidhenan Surakarta, kaya kang kasêbut ing ngisor iki, iku papriksan lan karampungane padha kawêngku ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, sarta panggêdhene trahing Mangkunagaran, sapira kang dadi wajibe dhewe-dhewe, kaya ta:

a. Prakara lêlawanan garwa padmi utawa ampeyane nata kang isih jumênêng, kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut.

b. Prakara lêlawanan putra santanane nata kang isih jumênêng kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut, mangisor padha tumêka grat papat.

c. Prakara lêlawanan garwa padmi utawa sêlire pangeran adipati anom kang isih sugêng, utawa kang wus seda.

d. Prakara lêlawanan rabine putra nata kang isih utawa kang wus tinggal donya, saka nata kang isih jumênêng utawa kang jumênêng dhisik- dhisik. Sarta lêlawanan rabine pangeran santana uga kang isih utawa kang wus tinggal donya.

e. Prakara lêlawanan sêlire putra nata kang isih utawa kang wus tinggal donya saka nata kang isih jumênêng utawa kang jumênêng dhisik-dhisik.

f. Prakara lêlawanan sêlire pangeran santana kang isih utawa kang wus tinggal donya,

--- 26 ---

sajrone sêlire pangeran santana kang wus tinggal donya mau durung laki manèh.

g. Prakara lêlawanan lakine para putri têdhak turune nata kang isih jumênêng, kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut, padha tumêka grad papat, samono mau manawa putrine durung tinggal donya, sarta lêlawanan dhudhane para putri kasêbut ing ngarêp mau, manawa dhudhane duwe anak saka putrine lan anake iku isih urip lan kabênêr têdhak turune nata kang isih sugêng utawa kang wus surut, apês-apêse grad papat.

h. Prakara lêlawanan rabine para santana wayah buyut utawa canggah kang isih urip, padha saka nata kang isih jumênêng, kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut, sarta lêlawanan randhane para santana kang kasêbut ing dhuwur, sajrone rôndha mau durung laki manèh.

i. Prakara lêlawanan rama sarta ibu utawa bibi (êmbok dalêm) lêlawanan eyang, eyang buyut, kakung putri saka rama lan ibu utawa bibi mau, saka garwa padmine nata kang isih jumênêng, kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut, mangkono uga lêlawanan para sadulure garwa padmi mau.

j. Prakara lêlawanan bapa biyunge sarta lêlawanan êmbah lanang wadon, saka bapa biyunge ampeyane nata kang isih jumênêng, kang wus sèlèh kaprabon, utawa kang wus surut, samono iku yèn para ampeyan mau durung laki manèh.

k. Prakara lêlawanan pêpatihing karaton Surakarta lan pêpatihing praja Mangkunagaran, wadana pangulu, komandhaning prajurit karaton, para bupati nayaka, para up opisiring lesiyun ing Mangkunagaran, dalah rabine lan sêlire, mangkono uga lêlawanan nyai tumênggung sarta Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah.

B. Bêbukane adêg-adêg kapindho perangan 1 ing bab 2 iku kaowahan muni kaya ing ngisor iki:

Mungguh prakara kang ginantungan paukuman, kang dilakoni sajroning bawah paresidhenan Ngayogyakarta, sarta prakara parapadu kang wonge kang ginugat manggon omah-omahing bawah paresidhenan Ngayogyakarta, kaya kang kasêbut ing

--- 27 ---

ngisor iki, iku papriksan lan karampungane padha kawêngku ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta.

Têtêdhakan nawala kêkancingan iki sapiturute.

Wus cocog karo rêgistêr kasêbut ing dhuwur.

Wakil guprêmèn sèkrêtaris.

Pratelan namanipun para pangrèh Narpawandawa wiwit ing taun 1928 sampun karêmbag ing parêpatan pangrèh nalika kaping 13/14 Pèbruari 1928 kados ing ngandhap punika:

Pangarsa K. P. H. Adiwijaya

Mudha pangarsa K. P.H. Adikusuma

Panitra I.R.T. Gitadipura

Panitra II R. Ng. Purwasastra

Artaka I Rm. H. Suryaningrat

Artaka II Rm. H. Yasadipura

Panitya I Rm. Sutandyawigyakusuma, 2. Rm. Sudaryacakrasiswara, 3. R. M. Wiryasaputra.

Prêtalan sêrat pitakenanipun B.K.P.H. Adiwijaya, dhatêng pamarentah luhur, ingkang kawrat ing organ Narpawandawa ôngka 2 kaca 15 punika klèntu, supados sampun adamêl kalèntu panampinipun para maos, lêrêsing prêtalanipun kados ing ngandhap punika:

Miturut pangintêning ngakathah, ing karajan Jawi Têngah para nata punika miturut adat ingkang sampun, manawi nuju sulaya pamanggih kalihan wakiling pamarentah luhur ingriku, botên wênang ngatas dhatêng ingkang wicaksana guprênur general, sanajan kula mangêrtos bilih makatên punika klèntu, jalaran kula sumêrêp manawi sadhengah tiyang ing Indiya Nèdêrlan manawi wontên parlunipun wênang sundhul atur dhatêng guprênur general wau, ewadene kula nyuwun wêdharing pangandikanipun pamarentah

--- 28 ---

luhur ingkang cêtha, supados sagêd anirnakakên sêmang-sêmanging panggalih wau.

Supados sampun angwontênakên sêling-sêrêp, kula parlu mratelakakên ingriki, manawi tuwuhing pitakèn punika botên sabab saking wontên nalar barang-barang, maligi nyuwun dhawuhipun pamarentah ingkang têrang, kenginga kangge garan ambokmanawi wontên parlunipun sawanci- wanci.

Rêdhaksi

Babadipun Ringgit Purwa

III

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3 ing Surakarta, putra dalêm kangjêng gusti pangeran adipati anom, karsa yasa ringgit purwa, babonipun ringgit yasan ing Kartasura, kaparingan nama Kyai Pramukanya, abdi dalêm panatah ingkang kakarsakakên anggarap nama Gôndatruna, akalihan Cêrma Pangrawit, punika karsa dalêm kangjêng gusti pangeran adipati anom, mangun wandaning ringgit rangkêp-rangkêp, danawa wênara sami mripat satunggal, ringgit lanyapan sami kabucal sangkutipun, rampungipun yasan dalêm ringgit wau salampahan, kajawi ricikanipun cacah kalih atus iji saha lajêng kaparingan nama: Kyai Mangu, nuju ing taun 1706.

Tumuntên karsa dalêm kangjêng gusti pangeran adipati anom, yasa ringgit malih, babonipun Kyai Pramukanya, sami kawangun kados kagungan dalêm ingkang sampun dados, nanging wêwah Bima mawi makutha, Dasamuka mripat satunggal wandanipun bêlis, Kumbakarna mripat satunggal wônda mêndhung, Sumbadra, lêntrêng, Larairêng Sumbadra ênèm, lêstantun lêncêng, kala samantên ringgit yasan ing Surakarta sampun mantun mawi sangkala gambar, dene titimangsanipun, sami dipun sêrat nunggil salêmahaning kêkajêngan, amargi sampun wontên ingkang sagêd ngukir sastra wontên ing wacucal, mênggah wandaning ringgit sami mungêl ing palêmahanipun, kados ta, ingkang rupak palêmahanipun namung mungêl, jênêngan dalêm Arjuna jimat. Ingkang wiyar palêmahanipun mungêl nama, wônda utawi angkaning taunipun, sarêng sampun dados salampahan kaparingan nama: Kyai Kanyut,

--- 29 ---

wondene kagungan dalêm ringgit purwa Kyai Mangu, Kyai Kanyut wau, sarèhning cacahing kawujudan saha wandanipun sami, ingkang kabedakakên namung panyunggingipun busana, Kyai Mangu punika namung kapulas gêmpolan, limrahing pakêcapan kawastanan pathekan, Kyai Kanyut pamulasipun kaèstha ron, sawênèh sêmbagèn kêmbang tiba, nuju ing taun 1708.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 karsa yasa ringgit gêdhog salampahan, babonipun ringgit yasan ing Kartasura, abdi dalêm panatah wêwah cêrmadrana, cêrmapanatas, cêrmajaya, cêrmatruna, punika karsa dalêm mangun Kartala tanpa kuku kados Bima, saha Klana dados kalih, satunggal gusèn, satunggalipun botên gusèn, kanggenipun gêntosan manut punapa lêlampahanipun, sabên-sabên mêdal salah satunggal tamtu gadhah kadang nama Klana Jayapuspita, wujudipun lanyapan rambut gendhong dhuwungan, mênggah yasan dalêm wau dêdêg pangadêgipun taksih dèrèng urut utawi ribig, têmbungipun padhalangan kêkasih bajujag, dados kados ringgit purwa, dene ringgit gêdhog ingkang kangge ing padhalangan taksih miturut kados kina, Kartala sami ngangge kuku mirib Bima, sarta sadaya ringgit palêmahanipun mawi sastra mungêl nama sarta wandanipun, sarampungipun yasan dalêm wau kaparingan nama: Kyai Banjêt ênèm, kala samantên amarêngi taun 1709.

Kangjêng gusti pangeran adipati anom, yasa ringgit purwa lampahan, babonipun ringgit yasan ing Kartasura, kajujut sapalêmahan, sarta kawangun dênawa utawi wênara mripat satunggal, saha mangun wandaning Arjuna ênèm, kinanthi, akalihan: kadung, Ôngkawijaya bontit, ugi kawastanan: pangantèn, punapa malih yasa wônda Bima: nurnat,gurnat. Jaladara: kagèt, Krêsna: mangu, Bratasena manut wandaning Bima kemawon, saha karsa dalêm yasa danawa prêpatan sami mawi rasukan, saha mangun wandanipun Petruk: mèsêm, Bagong: ngèngkèl, ugi kawastanan roti: utawi yasa putra Ngalêngka botên bokongan, abdi dalêm panatah ingkang kakarsakakên anggarap ringgit: 1. Cêrmapangrawit, 2. Gôndatruna, 3. Cêrmanatas, 4. Cêrmadrana, 5. Cêrmatruna, 6. Cêrmajaya: kala samantên wiwit wontên awisan ringgit wacucal purwa, utawi ringgit wacucal gêdhog, kajawi [ka...]

--- 30 ---

[...jawi] kagungan dalêm sami botên kalilan mawi palêmahan cêmêng, punapa malih botên kalilan adamêl kayon ingkang botên kaisenan bêbujêngan, sarêng sampun dados kaparingan nama: Kyai Pramukanya ênèm, ugi kawastanan Kyai Pramukanya ing kadipatèn, kawontênanipun ing sapunika kasêbut ringgit jujut sapisan, ringgit wau lajêng konjuk ingkang sinuhun, dene ringgit Pramukanya babonipun kasimpên ing gêdhong sêtinggil, nalika punika nuju ing taun 1710. Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara

Ôngka A/2

Kantor Kapatihan nampèni nota saking kantor paresidhenan, katitimangsan kaping 7 Oktobêr 1922 ôngka 8806/29, kanthi tatêdhakan sêrat saking Kangjêng Tuwan Dhirèktur Binênlanbêstir, sarta gambar-gambaripun sawêr ingkang mandi, mawi katrangan tuwin pratikêl ingkang kêdah katindakakên rumiyin bilih angusadani tiyang ingkang kacakot ing sawêr ingkang mandi, sadèrèngipun angsal pitulungan saking dhoktêr, kados ing ngandhap punika:

Sok tiyanga inggih sumêrêp bilih sawêr punika wontên ingkang mandi wontên ingkang botên, ingkang mandi manawi nyakot andadosakên sakit, malah wontên ingkang andadosakên tiwas, nanging sawêr ingkang botên mandi (tawa) manawi nyakot botên andadosakên punapa- punapa.

Mênggah titikanipun tiyang kacakot ing sawêr mandi punika botên masthi sami, sawênèh sawêr mandi manawi nyakot sakitipun waradin ing badan sakojur, sawênèh malih manawi nyakot sakitipun namung karaos ing sakiwatêngênipun ingkang kacakot kemawon, makatên ugi wontên pintên-pintên nalar ingkang sagêd anjalari sangêting sakitipun tiyang ingkang kacakot kados ta: manawi sawêr wau mêntas môngsa, pinuju nglungsungi lan sanès-sanèsipun.

Titikanipun tiyang ingkang kacakot ing sawêr jalêr punika makatên: nalika kacakot cêkèt, kraos sakit, nanging padatan sakitipun botên sapintêna. [sapi...]

--- 31 ---

[...ntêna.] Panggenan ingkang kacakot dados radi abrit, sarta manawi dipun senggol lirih kemawon kraos sakit. Botên dangu anggota ingkang kacakot wau pêjah raosipun saha lêmês, têgêsipun: upami kabêlèka pisan, sampun botên gadhah raos sakit, pêjahing raos saha lêmêsing anggota wau watawis satêngah jam sampun nyarambahi badan sakojur, ngantos tiyangipun ingkang kacakot karaos lungkrah botên gadhah bayu, sarta mèh botên sagêd tangi ambêganipun sêsêg, cangkêmipun muruh, ilatipun kaku, satêmah rêkaos sagêdipun ngêlêd-êlêd utawi wicantên, têrkadhang tiyang wau sumaput, mèh kenging katamtokakên, tiyang ingkang kacakot ing sawêr jalêr punika karaos arip botên kenging sinayutan, saking sakêdhik aripipun wau saya mindhak, satêmah lajêng sumaput ngantos dangu sarta lêt sawatawis jam malih (ingkang kathah-kathah: 10 utawi 12 jam) kapetang saking anggènipun kacakot, nêmahi pêjah.

Ananging kadhang-kadhang sakitipun sagêd suda, sakêdhap kemawon, ingkang sakit saras babarpisan, ngantos anggumunakên sangêt, beda sangêt bilih katandhing kalihan titikanipun tiyang kacakot ing sawêr badhudhak, mênggah tiyang dipun cakot ing sawêr badhudhak punika panggenan ingkang kacakot nuntên kraos sakit sangêt, ing saknalika tatunipun katingal abrit, dangu-dangu dados wungu, botên antawis dangu anggota ingkang kacakot lajêng abuh, saya dangu sakitipun saya sangêt, têrkadhang kakên, tiyang wau sangêt sêsambatipun jalaran ngorong, cangkêm tuwin gorokanipun garing, sarta urat-urat pêthaking mripat lajêng abrit sadaya.

Têrkadhang tiyang wau lajêng sakit rumap, badanipun karaos lêmês, cangkêm mili rah, dangu-dangu sumaput, tarkadhang dados tiwasipun.

Tujunipun tiyang kacakot ing bangsaning sawêr badhudhak punika botên patosa kathah ingkang dados tiwasipun, sanadyan anggota ingkang kacakot, sok ngantos lami sangêt anggènipun nandhang sakit, mila inggih beda sangêt bilih katimbang kalihan tiyang ingkang kacakot ing sawêr jalêr. Manawi wontên tiyang dipun cakot ing sawêr:

1. Bilih ingkang kacakot punika salah satunggaling anggota, anggota wau [wa...]

--- 32 ---

[...u] kalêrês ing antawisipun badan kalihan tatu cakotan katangsulana. Utaminipun ingkang kangge nangsuli ban karèt utawi pipa (usus-usus) karèt, botên wontênipun, inggih kenging ngangge tangsul panjatos, tampar, suwekan sinjang utawi rasukan.

Sabên sajam sapisan tangsul wau dipun uculana, dangunipun samênut, lajêng dipun tangsulana malih, manawi jalaran dipun uculi tangsulipun, sakitipun saya sangêt, tangsul wau enggal-enggal kaêtrapna malih, botên susah ngantos samênut.

2. Tatu wau lajêng dipun bêlèka mrapat, ngangge lading, nanging sampun lêbêt-lêbêt, ladingipun ingkang rêsik, sarta sadèrèngipun kangge kaobonga sakêdhap rumiyin, wisanipun ing sasagêd-sagêd kaicalana, sarana kaplothotan tatunipun, sampun sok nucup tatu kalihan cangkêm, awit ambêbayani. Yèn sanalika ngriku sagêd angsal bubukan, Overmaangaanzure kali punika kagosokna ing tatu wau ingkang sêru, ngantos katingal cêmêng anjangês.

3. Tiyang ingkang dipun cakot sawêr punika dipun ombènana brèndhi, jênèwêr, arak utawi ombèn- ombèn sanèsipun ingkang mawi alkohol, nanging sampun kêkathahên.

4. Nuntên sukaa sumêrêp bab wau dhatêng dhoktêr ingkang adhakan piyambak sarta dipun puriha dhatêng pisan.

Kantor Kapatihan kaping: 15 April 1923.