Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 4, Kaping 10 Sawal Jimakir 1858, Utawi Kaping 1 April 1928

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927. Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50. I/2 kaca ... f 4.-. I kaca ... f 5.70. Kapacak sapisan.

Parentah Indiya Nèdêrlan Kalihan Para Sèlêpbêstiripun Tiyang Bumi

(Paprentahan tumrap tiyang bumi ingkang taksih katindakakên dening tiyang bumi piyambak)

(Pêthikan saking sêrat kabar Sêdyatama kaping 23 Dhesèmbêr 1927 ôngka 290 anggènipun mêthik saking sêrat kabar Timbul, ing pungkasanipun wulan Oktobêr 1927 taun 1 ôngka 19).

I.

Prajanjian ingkang sampun têrang kawastanan pulitik, punika sajatosipun kadosdene tangan binuntêl baludru ingkang kangge mêndhêt ambêkanipun para sèlêpbêstir, caking panggrayang karaosakên êmpuk (alus) ananging sampun tamtu kalampahanipun kenging. (Punika pamanggihipun Tuwan Spit ing sêrat ingkang kawastanan zelfbesturende landschappen = tanah-tanah ingkang paprentahanipun taksih kacêpêng dening tiyang bumi piyambak, kaca 2).

--- 34 ---

Mêntas kathah sêrat-sêrat kabar ingkang ngêwrat karangan-karangan bab tangkêbipun parentah Indiya Nèdêrlan dhatêng para sèlêpbêstir. Ingkang ragi anggumunakên punika dene têtiyang ingkang suwaunipun sami anglairakên kirang sênêngipun dhatêng sèlêpbêstir, punapa malih dhatêng para ingkang nyêpêng sèlêpbêstir wau, samangke sami ngêlèkakên mripatipun, langkung malih kabêkta saking kuwatos saha ajrihing manah dening wontênipun lêlampahan ingkang sawêg kapêngkêr punika (rêrêsah ing wulan Nopèmbêr 1926) sarta sami mangrêtos bilih anggènipun tansah nyapèlèkakên para sèlêpbêstir tuwin priyantun Jawi punika têgêsipun ambucali pêpagêring bêbaya.

Salah satunggiling juru kabar (jurnalis) ingkang kawical moncèr nglêbêtakên karangan ing sêrat kabar Soerabaiasch Handelsblad suraosipun makatên: punapa botên prayogi saupami pangajêng-ajêng saha kasusahanipun para luhur, inggih punika satunggiling golongan ingkang kiyat, sarta agênging dayanipun, botên kenging kinintên-kintên, sarta malih ingkang sami mêngku kabangsan ingkang salêrêsipun, punika langkung dipun wigatosakên. Pangajêng-ajêngipun wau botên patos kathah, ananging kasusahanipun pintên-pintên. Kathah para jurnalis sanèsipun ingkang botên patos moncèr, lajêng sami tumut mungêl kados ing nginggil wau. Dene pikajêngipun: supados parentah Indiya ngewahi tangkêbipun dhatêng para sèlêpbêstir tuwin para luhur. Punika wahananipun tumêmpuh ing alun dening ebahing kawula kapêngkêr punika.

Sanadyan sampun wiwit taun 1918 wontên ing parêpatan rad kawula parentah tansah dipun èngêtakên anggènipun anyulayani prajanjian kalihan para sèlêpbêstir, ingkang ngèngêtakên rumiyin piyambak salah satunggiling sèlêpbêstirdhêr tuwin salah satunggiling juru ngarangipun sêrat kabar punika, sarta ing salêbêtipun kawan taun ingkang pungkasan punika wêwakiling golonganipun para luhur, ewadene tanpa damêl, makatên ugi sanadyan Narpawandawa ing Porstênlandhên, inggih punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tansah angrêmbag prakawis sèlêpbêstir wontên ing parêpatanipun tiyang kathah, ugi botên wontên uwohipun. Para juru kabar tuwin para pangagêng nagari sami

- -- 35 ---

nganggêp bilih pangajêng-ajêng tuwin panêdhanipun wau botên pantês dipun raosakên, malah têtiyang ingkang sami ngrencangi golongan wau sarana ijêman utawi sêratan (karang-karangan) sami dipun unyêri saha dipun pakèwêd panggêsanganipun.

Kawontênan ing donya punika ewah gingsir, samangke botên amung sêrat-sêrat kabar kemawon ingkang ngewahi tangkêbipun dhatêng sèlêpbêstir, parentah agung ugi makatên, tôndhayêktinipun parentah ngwontênakên panitya ingkang kawastanan Exterritorialiteitscommisie (panitya ingkang kapatah niti pariksa sêsilahaning kuwajiban tumrap para kawula ingkang wontên ing Porstênlandhên), mirit pratelanipun wakiling parentah wontên ing parêpatan rad kawula, panitranipun kumisi wau badhe manggihi utawi rêmbagan kalihan para ingkang sami dados pajênging kawula ing Porstênlandhên. Samangke ingkang kawrat ing sêrat-sêrat prajanjian punika badhe kacocogakên kalihan kawontênan-kawontênan ingkang botên kenging kalêstantunakên, ingkang wontênipun awit saking tumindaking paprentahan. Punapa kadhêsêking wêwênangipun Porstênlandhên awit kataman tanduk pakêm sapintên-pintên taun laminipun punika badhe katitipriksa sayêktos?, para kawogan kêdah sami ngèngêti tindakipun para amtênar bôngsa Eropah tumrap para sèlêpbêstir, ingkang kawastanan Onthoudingspolitiek (botên badhe cawe-cawe ingkang sanès lêrêsipun) tindak ingkang kados makatên punika pantês ingalêmbana.

Manawi badhe nyumêrêpi pulitikipun gupêrmèn Indiya Nèdêrlan tumrap para sèlêpbêstir, langkung malih tumrap para sèlêpbêstir ing Porstênlandhên, punika kêdah ngèngêti, bilih wosipun ingkang sampun kalampahan dumugi samangke punika: ingkang langkung kiyat sampun kalêksanan sagêd anglajêngakên pikajênganipun, sarta namtokakên sakajêng-kajêng anggènipun ingkang ringkih kêdah sumusup dhatêng ingkang kiyat wau. Ananging ingkang makatên punika ugi gumantung dhatêng kawontênan-kawontênanipun, inggih punika wiwit wontêning lêlawananipun gupêrmèn kalihan para sèlêpbêstir tuwin salajêngipun, dene pulitikipun parentah Indiya Nèdêlan tumrap para sèlêpbêstir punika wontênipun awit saking pulitik ingkang rumiyin katindakakên dening Kumpêni, sakawit Kumpêni ngayom dhatêng para nata ing Indiya ngriki supados sagêd [sa...]

--- 36 ---

[...gêd] lêstantun anggènipun among dagang sarta sagêd sakeca lampahipun, lami-lami Kumpêni lajêng damêl prajanjian kalihan para ratu wau awêwaton sami-sami, wusana para ratu wau lajêng dados kabawah sarta nagarinipun amung dumunung anggadhuh, sintên ingkang sumêrêp babadipun Kumpêni punika, sampun tamtu saya mangrêtos pulitikipun pamarentah Indiya Nèdêrlan tumrap para sèlêpbêstir wiwit ing wiwitanipun abad ingkang kaping sangalas (taun Walandi) dede pulitik ingkang katindakakên ing pulo-pulo sajawinipun tanah Jawi ngantos dumugi wiwitanipun abad ingkang kaping 19 punika makatên. Parentah Indiya botên patos anggalih sayêktos dhatêng kawontênanipun pulo-pulo wau, amargi lakar dèrèng sagêd (dening kakirangan waragad) ananging sarêng ngajêngakên jamanipun Tuwan Van Heutsz, punapa malih ing salêbêting jamanipun tuwan wau inggih punika kintên-kintên taun 1890, parentah nyantuni kridhanipun tumrap pulo-pulo ing sajawinipun tanah Jawi, tumindaking paprentahan saya kakêncêngakên, ananging mawi wêwaton makatên, tanah-tanah (landschappen) ingkang paprentahanipun taksih katindakakên tiyang bumi piyambak punika manawi botên wontên parlunipun ingkang sangêt botên badhe kadadosakên tanah guprêmenan. Taksih wontên sambêtipun.

Têtêdhakan

Ôngka 88/121 Na

Bab Santana Dalêm Kenging Prakawis Wontên Sajawining Paresidhenan Surakarta

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pakêmpalan Narpawandawa nampèni paturanipun warga nama R. M. Anggara, santana dalêm canggah padamêlanipun dados sopir, griya ing kampung Carangan, amratelakakên bilih sampun sawatawis wulan punika nglampahakên motor dhatêng Parakan, wontên antawisipun Têmanggung kalihan Parakan, watawis jam satêngah satunggal dalu, kaêndhêg pulisi, jalaran tingipun pêjah, lajêng dipun ugêri, sasampunipun lajêng dipun lilani andumugèkakên lampah.

--- 37 ---

Lêt sawatawis dintên Radèn Mas Anggara wau dipun tarik dhatêng birao pulisi ing Surakarta ngriki, kadangu prakawisipun, sarèhning R.M. Anggara wau taksih santana dalêm, saha sampun angsal ampilan pikêkah, prakawisipun punika kasuwun dipun adili wontên pangadilan pradata, angsal katrangan papriksanipun wau badhe kakintunakên dhatêng Têmanggung, awit dumadosipun prakawis wontên bawah Têmanggung.

Nalika tanggal kaping 8 Sèptèmbêr 1927, nampèni tarikan, tanggalipun 20 Sèptèmbêr 1927, katamtokakên ngadhêp pangadilan lan-gêrèh ing Têmanggung, botên dipun sowani, wasana sanès dintên lajêng katarik dhatêng kaondêran Pasar Kliwon, kaparingan sumêrêp bilih prakawisipun katêtêpakên dhêndha 10 rupiyah.

Nalika tanggal kaping 23 Nopèmbêr 1927, katarik malih dhatêng kaondêran Pasar Kliwon, kadangu bab arta dhêndhan, aturipun botên sagêd ambayar, wasana lajêng kairit dhatêng kantor landrad ing Surakarta ngriki, wontên ing kantor landrad sêrat putusan dipun têdha, sarta dipun pitakèni bab dhêndhan, aturipun mêksa botên sagêd bayar, lajêng tampi dhawuh manawi botên sagêd bayar badhe kaukum wontên buwi Têmanggung. Sarèhning R.M. Anggara wau rumaos botên sagêd anglampahi paukuman wontên ing buwi, lajêng mikawoni ambayar dhêndhan.

Awit saking punika, sarèhning wêwaton sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 18 Oktobêr 1927 ôngka 138 C/I 1 sakanthinipun, para santana dalêm punika manawi kenging prakawis wontên sajawining paresidhenan Surakarta, tumindakipun wontên rad pan yustisi, ing môngka prakawisipun Radèn Mas Anggara wau kaputus ing lan-rèh, amila pakêmpalan Narpawandawa nyuwun têtêpipun sêrat dhawuh nagari kasêbut nginggil wau, mênggah punika nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 15 Dhesèmbêr 1927.

Pangarsa: W. G. Kusumayuda.

Panitra II: W. G. Purwasastra

--- 38 -- -

Têtêdhakan

Ôngka 3466/280 C1/I

Bab Santana Dalêm Ingkang Kenging Prakawis Wontên Sajawining Paresidhenan Surakarta

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng pakêmpalan Narpawandawa, sêrat paturan katitimasan kaping 15 Dhesèmbêr 1927 ôngka 88/121 Na. Bab santana dalêm ingkang kenging prakawis wontên sajawining paresidhenan Surakarta, kasêbut dhawuh katitimasan kaping 18 Oktobêr 1927, ôngka 138 C1/I sakanthinipun, punika tumrap santana dalêm ingkang kenging prakawis kadurjanan sapanunggilanipun, dene manawi kenging prakawis panêrak sapanunggilanipun, sampun lêrês tumindaking lan-gêrèh ing pundi dununging nglampahi panêrak wau, amargi lan-gêrèh punika inggih pangadilanipun bôngsa Eropah tuwin sanès-sanèsipun, kados kasêbut ing pêthikan sêtatsêblad taun 1867 ôngka 10 kanthinipun dhawuh wau, ing adêg-adêg 3 aksara B.

Kantor Kapatihan kaping 26 Januari 1928.

W. G. Wôngsanagara

Urun Pamanggih

1. Bab Kopêrasi

Bab paedahipun kopêrasi tumrap para tiyang kasobekan utawi kabangsan, ing ngriki botên susah kula jèrèng malih, para maos kados sampun kathah ingkang rujuk angajêngi, jêr botên sapisan kaping kalih kemawon dados rêmbag wontên ing pundi-pundi sêrat kabar tuwin pakêmpalan, malah ugi sampun kathah ingkang nacak nindakakên, wontên ingkang sarana bêbadan agêng utawi alit-alit, manut kawontênaning pakêmpalan ingkang angadani, ingkang agêng- agêng pamêdale para warganipun inggih sagêd agêng daganganipun, dening kapitalipun saka kabêtahaning para warganipun ugi kathah utawi agêng, kados ta: kopêrasi punggawa sêpur S.S.

--- 39 ---

ing Surabaya, dene pakêmpalan kopêrasi ingkang alit-alit pamirêng kula sampun kathah, dados saupami pakêmpalan Narpawandawa kagalih sagêdipun angwontênakên kopêrasi kados andharanipun sadhèrèk R.m. Padmahartana, organ Narpa ôngka 2 kapêngkêr punika, kados punika sampun salayakipun, jêr pakêmpalan Narpawandawa ing wêkdal punika sampun kenging kaanggêp satunggaling pakêmpalan pak ingkang agêng, warganipun sampun langkung saking 440, dados manawi sayuk sayêktos panggalihanipun ing pangintên tamtu cêpak kadadosanipun, punapa malih miturut centhanganipun anak mas redhaktur, sapunika sampun wontên dhapukan panitya malih kangge nyinau badhe wontênipun kopêrasi Narpawandawa wau, mirit nalaripun kenging katamtokakên sagêd tumuntên wontên trubusanipun.

Kula sakêdhik angaturakên usul pamanggih, sanadyan ingkang kapatah sampun kapilih prayagung tuwin sadhèrèk las-las ingatasipun kamajêngan, inggih amung lowung bokmanawi sagêd mêwahi kabukaning panggalihipun para panitya, murih sagêdipun rancag kadadosan, kados prayogi sangêt panitya nêdha pitulung nyumêrêpi pranatan lampah-lampahipun para kopêrasi ing tanah Jawi ingkang wêkdal punika taksih sami tumindak, lajêng kangge piridan badhe wontênipun kopêrasi Narpawandawa, panitya kantun badhe manah suda wêwahing tatanan ingkang sagêd cundhuk akalihan kawontênanipun Narpawandawa, kula mêntas maos sêrat kabar manawi botên kalintu bokmanawi Darmakôndha martosakên ing Surabaya nêmbe punika wontên sadhèrèk ingkang damêl ada-ada badhe ngwontênakên kopêrasi umum, liripun amung prasasat tumrap sadhengah sadhèrèk Jawi, ugêripun purun ambayar èntre arta 2 rupiyah 50 sèn, lajêng sagêd dados liding kopêrasi wau, sarta gadhah wawênang mêndhêt barang sêsadean ing kopêrasi ngriku sarana bon rêrêgèn 15 rupiyah, nanging warganipun kêdah wontên 200 priyantun, dados badhe wontên arta èntre 500 rupiyah, nyadhiyani dagangan pangaos 3000 rupiyah, pamêndhêtipun bêbathèn namung kalih prêsèn, mayar sangêt, katêrangan langkung panjang bokmanawi panitya sampun kathah ingkang maos Darmakôndha, dados botên parlu kula andharakên sarêsik- rêsikipun, awit pikajêng kula botên isi pamurih supados [su...]

--- 40 ---

[...pados] kita lajêng nelad kados makatên, ananging amung dadosa bumbu rikatipun panitya manah bab wau.

2. Bab Pralenan Narpawandawa

Bab pralenan Narpawandawa sapunika nama sampun kadadosan ngadêg, kantun anggalih kadospundi sagêdipun widada sae sapanginggilipun, kula ragi mathuk kados pamanggihipun sadhèrèk Kudawinangun Astra? organ Narpa ôngka 2 ingkang ugi nêmbe kapêngkêr, kula ngaturakên urun pamanggih kados ngandhap punika:

a. Kula rujuk kados pamanggihipun sadhèrèk Kudawinangun Astra (bokmanawi lêrêsipun Astra), amung tumrap para warga ingkang kasobekan prayogi dipun lilani sarana nicil, malêbêt sakawit kêdah bayar kêncèng: 1 rupiyah 6 èntre, dene ingkang 1 rupiyah 50 sèn, kenging kacicil sabên wulan sakêdhik- kêdhikipun 25 sèn.

b. Sampun anyondhongi kados pamanggih Kudawinangun Astran, amung bab arta bayaran saking warga enggal mawi kapalih, ingkang sapalih katunggilakên arta parimatan warga lami, ingkang sapalih malih dados kaontunganing arta kas èntre, kula botên anyondhongi, amargi lajêng nyêbal saking pathokan, arta 2 rupiyah 50 sèn wau sampun wontên pêpilahaning tanjanipun, ingkang 1 rupiyah utawi 4/10 dumunung èntre, ingkang 1 rupiyah 50 sèn, utawi 6/10 dumunung tandhon urunan manawi wontên warga tilar donya: manawi kapalih dados èntre nama badhe mindhak 1 rupiyah 25 sèn, warga enggal badhe rumaos dipun bedakakên akalihan warga lami, bokmanawi badhe wontên kirang prayoginipun.

c. Kula anyondhongi pamanggih Kudawinangun Astran, amung manawi ing tatanan dèrèng wontên prayogi dipun wontêni pranatan ingkang saya ngrakêtakên utawi nglunturakên sih sutrêsnanipun para warga luhur dhumatêng para warga alit-alit, kosokwangsulipun sagêda anambahi sih sungkêmipun para warga alit-alit dhumatêng para warga luhur, kados upaminipun manawi nuju wontên sedan warga luhur para warga alit katamtokakên sowan layat arêrencang nyambut damêl sakadaripun [saka...]

--- 41 ---

[...daripun]

lêlados ngrukti layon, angkating layon layat andhèrèkakên dumugi pasarean, utawi dumugi ênggèn sapamantêsipun pangrèh, dene manawi wontên ajal lan warga santana alit-alit sasagêd-sagêd para warga luhur utawi warga darma inggih kaaturan rawuh layat, manawi wontên pambênganipun botên sagêd rawuh piyambak kêdah utusan abdi santana ingkang pantês dhatêng anglayat minôngka sêsulihipun, mawi kaparingan kitir minôngka pamitanipun saha nglairakên bela sungkawaning panggalih, ing wanci pangruktining layon sasagêd-sagêd kasuwun utusan abdi pitados layat biyantu padamêlan sakadaripun, manawi kaparêng rawuh piyambak botên susah utusan abdi, amargi kadayan saha pigunanipun sanadyan botên tumandang ing damêl sampun agêng barkahipun. Pangrèh sagêda matah warga minôngka utusan ambantu rêrigên pangupakara saha pangruktining layon, manawi botên wontên warisipun ingkang baku inggih lajêng ambakoni saparlunipun.§ Èngêt kula ing pranatan pralenan sampun makatên.

Bêstiring pralenan Narpawandawa sagêd angsal sih wilasa dalêm pasumbang saking kadarman dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, warni arta sakêdhik-kêdhikipun 5 rupiyah, saha kaparingan ngampil kareta layon dalah kapal panarikipun sarakit, tundha-tundhaning kareta tuwin kapal rakitan manut tundha-tundhaning grad ingkang seda utawi tilar dunya.§ Manawi bab kagungan dalêm kareta layon, ingkang sumimpên wontên nagari (kapatihan) ôngka I-II sarta III punika ingkang ôngka II sarta III kaparêng dipun suwun ngampil dhatêng sadaya abdi dalêm, tumrap kareta ôngka II ingkang kaparêng nyuwun prayagung bupati saha mayor minggah, ingkang ôngka III tumrap prayagung bupati anom, kaptin, opsir, panji wayah buyut, sarta para panèwu mantri ingkang santana dalêm canggah minggah, manawi nyuwun ngampil lapuripun dhatêng pêpatih dalêm, botên mawi ambayar wragad sêtrikan, amargi sampun kaparingan saking karaton, namung kapal rakitan, kênèk kusir kêdah ngwontêni piyambak. Red.

Manawi wontên warga seda utawi tilar dunya, môngka gadhah arta tirahan arta urunan (kajawi èntre) pamanggih kula prayogi kaparingakên wangsul, awit punika janipun arta sêdhiyan sumbangan, sanès arta ical-icalan, dados saupami wontên warga nêmbe kemawon bayar arta urunan sadhiyan 1 rupiyah 50 sèn, lajêng seda utawi tilar dunya, punika kajawi tampi arta pasumbang punapa mêsthinipun mawi tampi wangsulaning artanipun 1 rupiyah 25

--- 42 ---

sèn, dene ingkang 25 sèn katanjakakên urunan sumbangan tumrap sariranipun piyambak, amung tumrap para warga ingkang mêdal saking pakêmpalan bilih taksih kagungan utawi gadhah arta cikalan tandhon pasumbang, kula sampun amrayogèkakên kados pamanggih Kudawinangun Astran, botên kenging kasuwun wangsul, têtêp dados darbèkipun pakêmpalan. Sawêg samantên gadukipun pamanggih kula, kirang langkungipun sumôngga para maos utawi para warga.

Kasêrat ing wulan Ramlan warsa Jimakir 1858.

Aksama Wiraka.

Pralenan Narpawandawa

Pamanggihipun sadhèrèk Kudawinangun Astra, kados ingkang kawrat ing organ taun punika ôngka II, wosipun ngangkah supados pralenan punika sagêd agêng sarta lêstari adêgipun, kula mathuk. Kajawi kula, wontên malih sadhèrèk sawatawis ingkang criyos dhatêng kula inggih mathuk. Botên sami kadamêl awrat ngawontênakên arta kropyok f 0,25 x 6 ingkang parlunipun minôngka tandhon sudhiyan pasumbang - ngiyatakên kasing pralenan, dumuginipun ngêjogi malih manawi sampun nipis, inggih dipun ènthèngakên, amargi saking anggènipun sami ngèngêti, bilih sayêktosipun sanak sadhèrèk piyambak, kathah ingkang ambutuhakên dhatêng pralenan, kalêbêt kula. Botêna mêkatên, inggih idhêp- idhêp sinau ambangun turut dipun sayukakên dhatêng karukunan, bokmanawi sagêd kasawaban, rukun agawe santosa. Purun anggêgulang manah manut miturut dhatêng tatanan ingkang nyata mikantuki. Lingsêm ingkang dipun lingsêmi sintên, upami rikuh ingkang dipun rikuhi punapa - ngêtutakên ombyakipun sadhèrèk kathah ingkang para sadhèrèk piyambak sagêd mastani: pralenan iku lêkas kang bênêr lan bêcik. Sanadyan kula dèrèng mangrêtos: bênêre kapriye - bêcike sing êndi?, inggih amung tekad-tekadan mathuk dhatêng rekadaya ingkang amurih widadaning sêdya damêl pitulungan, tur dhatêng sadhèrèk piyambak. Punapa eman? Punapa rugi?

Wontên sadhèrèk ingkang raosan kalihan kula, kadospundi têgêsipun eman,

--- 43 ---

emana rak manawi katanjakakên dhatêng maksiyadan. Inggih sanajan: kalah satak nanging: bathi sanak. Arta f 1,50 dalah jogipun pisan ing sabên kalamôngsa f 0,75 botên-botênipun nambahi cuwaking tadhah têdha, tiyang pancèn bakunipun sampun cawak, inggih pisan nekad purun dipun suhi dadosipun rukun sayêktos, bokmanawi dangu-dangu sagêd kalampahan, eka paksa karya sakti sayêktos, paedah sagêd nyumêrêpi pangruktining layonipun sanak kadang botên ngusud- usudakên. Samangke panjênêngan raosakên: tuna punapa bathi? Wangsulan kula: bathi mênggahing pangraosipun tiyang ingkang niyat purun sumêrêp ing parlu.

Puluh sumêrêpa manawi lumuh inggih tuwas tiwas, ingkang parlu - satindak sapêcak purunipun nindaki ingkang parlu-parlu, inggih parluning agêsang, langkung malih sêsarênganing gêsang ingkang nêdya golong, dhasar golonganipun para darahing panjênêngan dalêm nata, ingkang sajatosipun taksih sami tunggil rah, eman manawi ngantosa taksih bèncèng-cèwèng pambudinipun dhatêng pangancas, mindhak dipun èsêmi ingkang botên mathuk. Dipun pindhakakên: sapu sada ninggal suhe. Mêsakakên suhipun, glethakan. Sadanipun inggih mêmêlas, pating bêcècèr nyêpêti paningal. Dados sakalih-kalihipun sami nandhang pituna tanpa damêl, botên kenging dipun pigunakakên ing sapangrèh, inggih sabab saking anggènipun babencengan pikir, botên sami nêtêpi parluning wajibipun piyambak-piyambak. Makatên raosanipun sadhèrèk punika wau. Kula pitakèn: ingkang dipun pindhakakên, sada kalayan suh punika ingkang pundi? Wangsulanipun: manawi botên kalèntu - èngêt kula wêwatonipun Narpawandawa bab kaping 3 ing adêg-adêg II aksara b, ungêlipun makatên: sasagêd-sagêd suka pitulungan pratikêl utawi bôndha dhatêng kasusahanipun santana dalêm, ingkang botên jalaran saking tindak ingkang botên lêrês. Lo, punika punapa botên kenging dipun angge pêpindhan: suh - ingkang amurih kadumugèning sêdyanipun pakêmpalan. Manawi wêwaton ing nginggil punika nyata kenging kaanggêp suh, sadanipun kados botên usah dipun takèkakên malih, amargi ingkang dipun pindhakakên sampun kasarira ing kita piyambak, kula mêksa pitakèn: anggèn panjênêngan nêmbungakên: kita, punika

--- 44 ---

rak kula sadaya warga Narpawandawa - ta, nanging sabab punapa ingkang sabagean agêng taksih wontên sajawining kolong? Anggènipun mangsuli kalayan kesah: ah - punika pitakenan ingkang anèh namanipun, kula ngantos botên sagêd mangsuli, nyuwun ngapuntên.

Sampun samantên rumiyin anggèn kula ngaturakên pamanggihipun sadhèrèk sawatawis ingkang kula mirêngi, wosipun amung kangge katrangan sabab-sababipun anggèning sami mathuk, nyumanggakakên sadhèrèk ingkang kathah-kathah. Sanès dintên kula badhe marlokakên anggêlar pamanggihipun sadhèrèk sanèsipun malih, kangge nisihi pamanggihipun sadhèrèk Kudawinangun Astra, pancènipun prayogi karêmbag wontên ing parêpatan, lajêng sagêd dipun sêtèm pisan, dhasar sampun dangu pralenan dèrèng nate damêl parêpatanipun warga, kathah sadhèrèk ingkang ngajêng-ngajêng. Ewadene kula inggih sampun ngaturakên pamrayogi dhatêng pangarsa, supados kagalih tumuntênipun damêl parêpatan warga.

Surya kaping 28 Pèbruari 1928.

Arjasasmita

Panitya

Koopêrasi

Anyambêti panjurungipun sadhèrèk Padma Hartana, bab kopêrasi, organ Narpa ingkang mêdal wulan Pèbruari 1928 ôngka 2.

Pamanggihipun sadhèrèk Padma Hartana bab kopêrasi, kula matur rujuk manawi miturut wêwatoning: kopêrasi, awit manawi sagêd widada pancèn lêrês agêng sangêt pigunanipun, sarta sami-sami pakêmpalan, kopêrasi punika kaanggêp pakêmpalan ingkang mulya dhatêng kangjêng guprêmèn, amargi sêtatsêblad Indiya Nèdêrlan bab kopêrasi ingkang kawêdalakên ing taun 1927 nomêr 91, ing bêbuka wontên ukaranipun ingkang mungêl makatên: mungguhing pranatan iki kang diarani pakumpulan kopêrasi iku pakumpulane wong têmênan utawa kang dianggêp wong dening anggêr, sarta kalêbu bôngsa wong bumi.

Mênggah paedahipun dhatêng para andhil odhêr sampun katêrangakên dhatêng sadhèrèk [sadhèrè...]

--- 45 ---

[...k] Padma Hartana, ananging miturut suraosing sêtatsêblad kasêbut nginggil, kêdah kapital agêng, ingkang kapital alit ugi dipun wontêni undhang-undhang piyambak, nanging botên katata ingkang prayogi sayêktos dening kapital alit, botên sapintêna kêkiyatanipun, nanging botên nyuwak undhang lami kasêbut nginggil. Katêrangan saking sadhèrèk Padma Hartana, kopêrasi wau kêdah katindakakên salah satunggiling tiyang, kanthi bêbau. Milih dhirèktur: kopêrasi, botên gampil.

Ingkang kapitados nindakakên, punika bokmanawi ingkang minôngka dhirèkturipun.

Manawi kopêrasi punika sagêd kadadosan, kula ngaturi sawung: dhirèktur, inggih punika Radèn Mas Arya Purwanagara, punika prayagung luhur ingkang sampun katingal rêmên lampah among dagang, tur sampun nindaki sayêktos, ingkang kathah-kathah punika sawêg swara, pamanggih, pamrayogi, dèrèng sami nindaki kados Radèn Mas Arya Purwanagara, tiyang punika agêng alita bilih nate nglampahi among dagang utawi sudagaran, tamtu gadhah tindak gêmi satiti, Radèn Mas Arya Purwanagara sampun nyata botên kagungan karoyalan, saha sagêd maligi, tarkadhang badhe andhil kathah, tarkadhang malih para sadhèrèkipun lajêng kêparêng sami andhil.

Pakêmpalan kopêrasi, punika miturut sêtatsêblad kasêbut ngajêng, kêdah mawi sêtatutên, punika minôngka prajanjianipun para warga, ungêling sêtatutên sarta lampah-lampahipun: kopêrasi, inggih kêdah miturut sêtatsêblad wau, kêdah kadamêl ing notaris guprêmèn, kêdah kaunjukakên ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ing wasana lajêng kalêbêtakên ing règèstêr residhènsi gêrèh sarta lajêng kaêwrat ing yaphasê koran (sêrat kabar guprêmèn) punapadene kaêwrat ing sêrat-sêrat kabar umum. Mênggah waragadipun botên sakêdhik, inggih punika ambayar dhatêng notaris, ambayar dhatêng guprêmèn, (arta sègêl 50 sèkêt rupiyah), pangêwratipun wontên ing sêrat-sêrat kabar inggih botên lêlahanan, lajêng angsal: rèh pêrsun, Eropah, rèh pêrsun Jawi punapa wontên? Bilih wontên nalar-nalaripun ugi adhêdhasar kukum, Eropah. Bilih nêtêpi sadaya wau, kopêrasi kenging nyambut barang dagangan dhatêng sadaya toko ingkang agêng-agêng, makatên lampahing sudagaran, sanadyan [sa...]

--- 46 ---

[...nadyan] sugih kapital, inggih nyadèkakên daganganing sanès, kangge amêpaki dagangan ingkang kawêdalakên ing toko-toko kopêrasi, dene prajanjianing pambayar warni-warni, wontên ingkang sabên taun, utawi komisi, komisi makatên bilih ingkang nyambuti barang dagangan andhatêngi komisi barangipun, pundi barangipun ingkang sampun botên katingal kadhasarakên ing toko, toko ingkang nyambut barang dagangan wau kêdah lajêng ambayar, botên kenging sumados.

Awit saking punika sarèhning sadhèrèk Padma Hartana sawêrningsawarni. ngatak dhatêng pakêmpalan Narpawandawa supados angêdêgakên pakêmpalan: kopêrasi, ing môngka pakêmpalan Narpawandawa punika pakêmpalanipun putra santana dalêm, mênggah wontên warga ingkang kaparêng andhil inggih ugi putra santana dalêm, kaparêngipun sadhèrèk Padma Hartana, kopêrasi wau nyuwun idi kangjêng guprêmèn, punapa nyuwun idi ing kangjêng parentah Jawi, bilih nyuwun idi parentah Jawi, punapa parentah Jawi sampun kagungan pranatan bab kopêrasi ingkang sagêd tumindak kadosdene pranatan kopêrasi Indiya Nèdêrlan, kula nyuwun sasêrêpan, utawi karsanipun sadhèrèk Padma Hartana punapa kopêrasi prajanjian piyambakan, bilih prajanjian piyambakan, sarèhning sampun kathah ingkang mangêrtos dhatêng wêwatoning kopêrasi, saupami kula kapatah dados punggawa kopêrasi: ajrih. Tumut andhil inggih ajrih. Saking pamanggih kula wontêna muga ingkang sagêd murakabi dhatêng para santana ingkang sami botên gadhah, tur botên gadhah pêpancèn têdha, awit sêtatutênipun pakêmpalan Narpawandawa bab 2 wontên ukaranipun ingkang mungêl makatên: sêdyanipun angajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm.

Punika pamanggih kula botên ngaturi supados pakêmpalan Narpa amaringi dhumatêng para santana dalêm ingkang botên gadhah, inggih sarana nyambut damêl ingkang pantês dipun baoni para santana dalêm ingkang sami botên gadhah, kados ta: ngêdêgakên drik krèi, punika kêdah ngangge bau kathah, kados ta: lètêr sètêr, korèktor sapanunggilanipun, manawi mawi ngêdalakên sêrat kabar saya rêkah malih, sanadyan santana dalêm putri sêpuh sagêd tumut nyambut damêl, kados ta: nglêmpiti koran, wah kula sampun gadhah sawung ub rêdhaktur, inggih punika Radèn Tumênggung Gitadipura, [Gitadi...]

--- 47 ---

[...pura,] tamtu botên madal sumbi, awit sakolahanipun inggil, pancèn mangêrtos dhatêng kasusastran Jawi, ambak têmbung Jawi punika damêl rèmèh, nanging sayêktosipun taksih awis ingkang nama mangêrtos dhatêng kasusastran saha basa Jawi punika.

Adêging drik krèi, saking kasing Narpawandawa, bilih kirang, nyuwun pitulungan arta kas nagari kalihan nyuwun pitulungan arta kas kraton, pambayaripun sarana nicil padamêlan, awit nagari saha kraton tamtu ngagêm sêrat-sêrat cap-capan kathah. Sêrat-sêrat kaparluwaning Narpawandawa dipun drik piyambak, saha nyanggi kaparluwanipun para putra santana dalêm, punapadene nyanggi kantor-kantor kagungan dalêm, kados ta: kantor-kantor kabupatèn-kabupatèn, dados sampun nama gadhah ancêr tumindak kathah. Samantên wau bilih para pangrèh Narpawandawa angrujuki. Wondene anggèn kula ngaturakên sawung Radèn Tumênggung Gitadipura, kangge rêdhaktur sêrat kabar umum, awit sêrat kabar umum punika kêdah kapangku priyantun utawi jurnalis ingkang jajah dhatêng wèt-wèt, panjênênganipun Radèn Tumênggung Gitadipura, sakolahanipun mawi kasinau dhatêng sadaya wèt, wusana atur kula sadaya punika bilih para pangrèh anggalih kirang parlu, kula amung sumôngga, nanging organing pakêmpalan punika wajib ngêwrat panjurung ingkang mawa paedah dhatêng warga saha gêgandhenganipun.

Kulawarga Narpawandawa Surasubrata (Purwasudarsa).

Indiya Nèdêrlan

IV

2. Dhêpartêmèn pangadilan (Justitie) punika ngrêmbag:

Ha. Wontênipun kantor pangadilan (landrad rad pan yustisi lan sapanunggilanipun).

Na. Bab pakunjaran.

Ca. Panyuwunan pas kêkesahan dhatêng sajawining tanah Indhiya, utawi mlêbêtipun tiyang dhatêng tanah Indhiya.

Ra. Pamardining lare ingkang sami nglampahi kadurjanan.

Ka. Panyuwuning pakêmpalan, supados kaakên rèh pêrsun.

Da. Panyuwunan supados wawênangipun kasamèkna Walandi, utawi panyuwunan dados Walandi (Gelijks stelling saha naturalisatie).

--- 48 ---

Ta. Wislan budhêl-budhêl kamêr, (inggih punika panggenan angurus prakawis warisan katilar, toko ingkang jatuh lan sapanunggilanipun).

Dhêpartêmèn wau dunungipun ing Batawi.

3. Dhêpartêmèn arta nagari (Financien) punika ngrêmbag:

Ha. Pandamêling bêgrutêng tanah Indhiya, ingkang sampun botên kagolong dhêpartêmèn sanès, upami bêgrutêng apdhèling I bab paprentahan agung (Regeering en hooge colleges).

Na. Petangan yatra nagari ingkang katampi lan ingkang mêdal ing sataun-taunipun.

Ca. Sambutanipun nagari.

Ra. Pagantosan nagari (Gouvernement pandhuis dienst).

Ka. Pasadean candu nagari (Opium regie).

Da. Niti priksa lan anglintoni wragadipun punggawa nagari kêkesahan, tumrap kaparluwanipun nagari (Reis wazen).

Ta. Paos-paos dhatêng nagari, ingkang botên kapasrahakên dhatêng dhêpartêmèn sanès.

Dunungipun dhêpartêmèn ing Batawi.

4. Dhêpartêmèn piwulang (Onderwijs en eeredienst) punika ngrêmbag:

Ha. Sadaya piwulang (andhap, têngahan, inggil) ingkang dèrèng dados bêbahanipun dhêpartêmèn sanès (upami piwulang têtanèn punika karêmbag dhêpartêmèn têtanèn).

Na. Waosan tumrap ing ngakathah (volkslectuur)

Ca. Panjagining têtilaran-têtilaran kina (Oudheid kundige dienst).

Ra. Panjagining kasarasanipun kawula (Dienst van Volksgezondheid).

Ka. Idin dhatêng sèndhê (missie) kêkesahan minggah khaji lan sapanunggilanipun.

Dhêpartêmèn punika dunungipun ugi wontên ing Batawi. Badhe kasambêt.

Panjurungipun sadhèrèk Samtini, rêdhaksi pakèwêd macak, amargi wosipun dèrèng wontên.

Panjurungipun sadhèrèk Padma Hartana, bab panganggèn gagrag enggal, botên kapacak, amargi nyulayani kalihan kasusilan putri Jawi.

Panjurungipun sadhèrèk M. R. bab jôngka mituhu ujaring pasarean, botên kapacak, awit sampun botên anjaman.

Rêdhaksi.