Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 6, Kaping 12 Bêsar Jimakir 1858, Utawi Kaping 1 Juni 1928

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Rêginipun organ punika sataun f 2,50, bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1928. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, Carikan Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara-wara

Ngaturi uninga, sarêng kalihan wêdalipun organ Narpawandawa ôngka 5 wulan Mèi kapêngkêr punika, administrasi ngaturakên balangko pos wisêl, katur para warga tumrap bayaran kontribisi, katur para lêngganan tumrap bayaraning organ Narpawandawa, sadaya wau kasuwun kaparênga lajêng ngintunakên arta bayaranipun, awit manawi kasrantosakên dumugi pungkasaning wun wulan. Juni punika, artanipun dèrèng kakintunakên, adminsitrasi kapêksa badhe nagih sarana pos kwitansi, ingkang wragadipun kathah tur badhe kasanggi dhatêng ingkang dipun tagih, dene para warga saha para lêngganan ingkang sampun kaparêng sami ngintunakên, administrasi ngaturakên panuwun.

Rêdhaksi administrasi

--- 66 ---

Parentah Indhonesiah Kalihan Para Sèlêpbêstiripun Tiyang Bumi

(Pêthikan saking sêrat kabar Sêtyatama, kaping 26 Dhesèmbêr 1927 ôngka 292 anggènipun mêthik saking sêrat kabar Timbul ing têngah-têngahipun wulan Nopèmbêr 1927 ôngka 20)

Sambêtipun organ Narpa ôngka 5

Sadaya kuwajibanipun parentah agung punika sêmunipun ing têmbe wêwatonipun kêdah katindakakên dening para sèlêpbêstir. Dene ingkang katindakakên dening parentah agung piyambak tumrap para sèlêpbêstir wau, gêrbanipun amung ingkang kaanggêp gêgandhengan kalihan pangastaning panguwasa ingkang sajatosipun ugi dèrèng patos cêtha tumrap wêwêngkon-wêwêngkonipun para sèlêpbêstir wau. Dening paniti priksaning nalar-nalaripun bab wau têtela manawi trap-trapanipun sanès sangêt, sarta saupami anggènipun nyumêrêpi pikantuking papriksan punika anjalari silahipun bab wau saking pamanggih susulan, punika nama sampun pintên-pintên.

(Sêsorahipun Tuwan Dr. J. H. A. Logemann, kaping 28 Oktobêr 1927).

Ing karangan kula ingkang sampun sarta ingkang mawi sêsirah kados ing nginggil punika, sampun kula têrangakên bab anggènipun parentah Indhonesiah sagêd anggadhahi wêwêngkon-wêwêngkon sèlêpbêstir kalihan aris, (botên mawi ginêbag ing prang) ing tanah Jawi tuwin ing pulo-pulo sajawinipun tanah Jawi, awit saking prajanjian-prajanjianipun Kumpêni tumrap anggènipun among dagang.

Mênggah têgêsing pandhêsêkipun parentah Indhonesiah dhatêng para sèlêpbêstir wau, kêtingal sangêt saking ingkang kawastanan prajanjian cêkak (korte verklaring), ingkang kangge nyantuni pranjanjian-prajanjian ingkang wêwaton sarêmbag utawi sarujukipun ingkang sami damêl prajanjian sakalih-kalihipun. Pangakênipun para sèlêpbêstir sami ngayom ing panguwasanipun Nèdêrlan punika dipun angge nyantosakakên panguwasa wau, sampun ngantos wontên pakèwêdipun punapa-punapa. Wêwatonipun bab 27 tuwin 67 Regeeringsreglement inggih punika pêpacaking anggêr pangastanipun pusaraning praja tumrap Indhonesiah, ingkang suraosipun nyukani wêwênang dhatêng para ratu tuwin kawula Indhonesiah nindakakên paprentahan piyambak, botên katindakakên, kasantunan sêrat prajanjian ingkang botên angrêmbag sadaya wêwênang, sarta manut ungêlipun sêrat prajanjian wau para

--- 67 ---

sèlêpbêstir sami kuwajiban ngèstokakên ingkang dados kaparêngipun ingkang wicaksana guprênur jendral, ananging tumindakipun sami kawêngku ing panguwasanipun para pangagênging paprentahan gêwès (residhèn utawi guprênur). Sanadyan saking kajêngipun para kawogan, ingkang sami ngrantam pulitik bab prajanjian cêkak wau para sèlêpbêstir taksih dipun longgari supados sagêd anindakakên ada-ada piyambak tumrap nagarinipun, ananging tumindakipun botên makatên, para amtênaripun parentah (centrale ambtenaar) punapadene ingkang dados punggawaning paprentahan gêwès (Gewestelijke ambtenaar) sami angsal palilah ingkang botên kawrat ing sêrat, kenging nindakakên sakajêng-kajêngipun.

Kridhaning parentah botên nguningani lêrêsing sèlêpbêstir wau, tumrapipun pulo-pulo ing sajawinipun tanah Jawi sagêd ugi kenging kawastanan kalampahan tanpa sakara-kara, ananging tumrapipun tanah Jawi tuwin Bali anjalari wontênipun padudon prakawis pulitik, ingkang botên wontên pêdhotipun. Tumrapipun ing pulo-pulo ing sajawinipun tanah Jawi sagêd anindakakên pulitik kasêbut ing nginggil wau sakajêng-kajêngipun, botên wontên ingkang makèwêdi, ananging tumrapipun Porstênlandhên botên makatên, amargi Porstênlandhên punika dados papan undêranipun ebahing tiyang bumi (Inlandsche beweging). Ing ngriku wontên punapa-punapa ingkang anggadhahi têgês tumraping ngakathah, ingkang botên dipun sumêrêpi babarpisan, anggêpok raos ngadêg gêsangipun piyambak, têmahan nuwuhakên panggrundêling manah. Mirit sêrat pèngêtaning parêpatan rad kawula ingkang kapisan, ing taun 1919 kaca 464 sadhèrèk Dhoktêr Rajiman sampun mratelakakên gandhèngipun kalihan bab wau makatên: tôndha-tôndha ingkang mêlok, ingkang nelakakên bilih para kawula ingkang kathah sampun botên dhatêng sèlêpbêstir, dumugi samangke botên wontên, sarèhning para putra santananipun sèlêpbêstir sakawan pisan sami katingal anggatosakên dhatêng ebahing tiyang bumi, malah wontên ingkang tumut nyambut damêl tumrap ebah-ebahan wau wiwit kawitan pisan, sarta katawis sami purun anglênggahi jaman, langkung marlokakên tinimbang para bupati ing guprêmenan ingkang kathah, botên kuwatos bilih para kawula badhe

--- 68 ---

tumuntên gadhah pikajêng bosên dhatêng sèlêpbêtir wau.

Inggih lêrês ing Porstênlandhên punika botên wontên prajanjian cêkak, kajawi sêsanggêmanipun pangagênging trah Mangkunagaran, sampun wiwit taun 1853 badhe ngèstokakên sadaya dhawuhipun gupêrmèn, botên mawi pilih-pilih, ananging pulitik ingkang dados wêwatonipun prajanjian cêkak wau ugi katindakakên ing Porstênlandhên, inggih punika: sasagêd-sagêd nyuda panguwasanipun para ratu tumrap panguwasanipun gupêrmèn.§ Mirsanana sêrat De verhareding der Vorsten op Java tot de Nederlandsch Indische Regeering (trap-trapanipun para ratu Jawi dhatêng parentah Indhonesiah) karanganipun Tuwan Mr. P. W. Filet.

Inggih lêrês Tuwan van Heutz sampun angrampungakên padamêlanipun, ingkang kabêkta saking kuwajibanipun dados manggalaning prang, ananging mèh sarêng kalihan kèndêlipun Tuwan v. Heutz dados gupêrnur jendral, nalika kangjêng sri maharaja putri mêdhar sabda wontên ing rêpatanipun sêtatên general ing taun 1909, mawi andhawuhakên wêwaton bab anglêstantunakên para sèlêpbêstir. Ngantos ing taun 1914, inggih punika nalika jamanipun Tuwan Idenburg. gupêrnur jendral ingkang mursit dhatêng agama Kristên, parentah Indhonesiah sawêg maringakên sumêrêp wêwaton wau dhatêng para narapraja. Kala samantên kagalih prayogi, para sèlêpbêstir tuwin para naraprajanipun punika sami langkung ambiyantoni tumut nindakakên paprentahaning nagarinipun. Tuwan E. Moresco sèkrêtaris gupêrmèn ingkang kapisan, atas dhawuhing parentah nêrangakên mênggah wêwatonipun ingkang kêdah dipun tindakakên tumrap para sèlêpbêstir, kawrat ing sêrat bèiblad ôngka 7960 katitimangsan ing wulan Januari 1914 suraosipun makatên: para pangagêng tuwin para luhur punika kêdah dipun sumêrêpakên wêwaton-wêwatonipun parentah nindakakên paprentahan, sarta kawulang saprêlunipun, supados anyêkapi nindakakên paprentahan tumrap têtiyang ing wêwêngkonipun, mawi dipun ulat-ulatakên sarta dipun tuntun para amtênar guprêmèn, dene lampah-lampahipun ingkang cundhuk kalihan wêwaton-wêwaton wau.

--- 69 ---

Tumrap bab wau, ingkang prêlu piyambak para warganipun sèlêpbêstir kêdah ajêg tumut angrêmbag sadaya nalar tumrap prêluning nagarinipun, utawi têtiyang bawahipun. Manawi para warganing sèlêpbêstir wau botên tumut angrêmbag, utawi amung dipun têdhani rêmbag minôngka kangge jangkêping tatakrama kemawon, punika paprentahanipun lajêng botên kenging kawastanan sèlêpbêstir, sarta malah kangge lantaran panindaking panguwasa ingkang botên absah dening para amtênar paprentahan Walandi. Taksih wontên sambêtipun.

Pèngêtan

Kawontênanipun rêmbag ingkang dipun rampungi nalika parêpatan agêng mirunggan, ing dintên malêm Salasa kaping 7/8 Mèi kapêngkêr kados ing ngandhap punika:

1. Para warga ingkang rawuh kirang langkung 250 wakil pakêmpalan sarta sêrat kabar 14.

2. Rêmbag bab Best-hervorming sasampunipun pangarsa angandharakên sawatawis kawontênanipun rêmbag-rêmbag kala pêpanggihan kaping 13/14 April kapêngkêr punika, sarta nêrangakên pitakenan-pitakenanipun warga sawatawis, parêpatan rujuk Narpawandawa ngaturakên sêrat rêkès dhatêng pamarentah, suraosipun nyuwun tumuntên wontênipun Staatkundig hervorming kados musinipun Narpawandawa.

3. Bab gêgêntosipun mudha pangarsa, ingkang dipun pilih sarta lajêng katêtêpakên K. P. H. Kusumabrata.

4. Bab ngewahi wêwaton (statuten) Narpawandawa, parêpatan rujuk pamanggihipun panitya kados ingkang kawrat kanthining wara-wara, botên wontên ingkang kaewahan, lajêng badhe kasuwunakên idi nagari.

5. R.M.T. Sumanagara sêsorah bab Trasmigratie tumrap para santana dalêm, katha para warga ingkang sami nêdha katrangan, namung sarèhning pangrèh dèrèng gadhah pamanahan kadospundi sagêdipun kalêksanan kalayan prayogi, mila dèrèng dipun rampungi kalihan parêpatan, sêsorahipun badhe kapacak ing organ rumiyin, supados para warga sagêd anggalih èwêd-pakèwêdipun.

6. Bab urunan arta dhatêng komite tumbuk dalêm 64 taun, parêpatan nêtêpakên [nê...]

--- 70 ---

[...têpakên] mêndhêt arta kas kathahipun f 500 amargi para warga namung sakêdhik sangêt ingkang badhe urun, dados saupami namung mligi arta urunan saking para warga kirang prayogi, jalaran wontênipun komite wau ingkang ada-ada Narpawandawa.

7. Parêpatan nêtêpakên Narpawandawa prayogi urun arta badhe utusanipun rad kawula dhatêng nagari Walandi, ngrêmbag bab Inl. Meerderheid amargi punika kamanah kabêtahanipun tiyang Jawi, dados Narpawandawa ugi badhe angsal paedah, dene kathah sakêdhiking arta urunan kapasrahakên sapamantêsipun pangrèh.§ Sarèhning wêdalipun arta kas badhe kathah, inggih punika kangge sadhiyan kas bôndha pasinaon f 2000,- mila urunan kasêbut adêg-adêg 6 ing nginggil punika dipun ewahi, tumrap dhatêng komite tumbuk dalêm namung f 400,- tumrap badhe utusanipun rad kawula dhatêng nagari Walandi f 100,- kauningana.

8. Lajêng mirêngakên paring dalêm kalênengan, ngantos dumugi jam 1/2 3 dalu, sawêg bibaran, kalihan wilujêng.

Gêgubahanipun sadhèrèk Mr. Goedbart ing Darmakôndha basa Jawi ôngka 86, ingkang wosipun ngaturi pamanggih supados pakêmpalan kita Narpawandawa, sapunika prayogi dèrèng tumut angrêmbag babagan pangêmbat praja (Politiek), amargi pakêmpalan Narpawandawa punika, pakêmpalan ingkang maligi sagolonganipun para putra santana dalêm (kadosdene pakpêenêging), dados mungguhipun inggih namung ngrêmbag kabêtahanipun piyambak.

Tumrap tiyang ingkang kacingkrangan kawruh kadosakados. kula, inggih condhong sangêt, langkung malih bilih angèngêti bab-bab ingkang kawrat wêwatonipun pakêmpalan (statuten), langkung prayogi pakêmpalan nyampurnakakên sêdyanipun kados ingkang kawrat ing wêwaton-wêwaton wau.

Ingkang kula wastani nyampurnakakên sêdya wau makatên, ing wêwatonipun pakêmpalan bab 2 adêg-adêg kalih, aksara d suraosipun angajêngakên pasinaon, punika pakêmpalan sampun ngantos kacomprengan waragad kangge mitulungi dhatêng anak-anakipun para santana dalêm, supados sagêd anglajêngakên pasinaonipun, dados sampun ngantos kandhêk botên [bo...]

--- 71 ---

[...tên] sagêd maragadi, jalaran kakirangan arta§ Bab kêkirangan arta utawi botên, punika têrang bilih gumantung kasêtyaning para warga. makatên sapiturutipun.

Ananging sarèhning warganipun pakêmpalan kita wau, inggih wontên ingkang kawajiban ngrêmbag babagan praja, kados ta: para bandara kangjêng pangeran, saha para prayagung bupati, dados saupami Narpawandawa, kangge ajangipun pangrêmbag inggih wontên prayoginipun, jalaran tinimbang kagalih piyambak langkung prayogi dados pamanahanipun para warga kathah, mêsthi badhe angsal pamanggih ingkang murni, ewadene bab punika sarèhning badhe nyalini asasipun§ Asas punika têmbung Mlayu, Jawinipun jêjêr. pakêmpalan, kula nyuwun dhatêng panjênêngan sadaya, kaparênga ngramèkakên wontên organ ngriki. Mila murih saya têrang gêgubahan wau kula pêthikipun wontên ing ngriki, parlunipun panjênêngan sadaya lajêng badhe sagêd nêtêpakên, punapa Narpawandawa nglajêngakên tumut ngrêmbag pulitik, punapa botên, awêwaton pamanggihipun para warga.§ Cobi pamanggihipun sadhèrèk warga sanèsipun kadospundi. Wondene turunanipun kados ing ngandhap punika, wasana nyumanggakakên.

Warga Narpawandawa.

Padma Hartana.

Turunan

Dede wawasan, nanging namung sak pamanggih bokbilih kagêm.

Pêpanggihan Narpawandawa ing abipraya kala malêm Saptu punika, kula kapiji ing pakêmpalan kula, kadhawuhan makili mirêngakên sêsorah Adiwijayan, bab bêstir hèrpormêng. Nanging inggih punika wau, wungsal-wangsul sampun kula aturakên, labêt saking saupamia sawung sampun pêdhotan, tur dhêdhasaripun pancèn botên unèn, wontênipun namung sakèndêl mirêngakên, sadangunipun kula mirêngakên rêmbag- rêmbaging pêpanggihan, pating clakuthik raosing manah kula. Notoling manah badhe tumut rêmbagan botên kadosa, raosing lidhah ngantos [nga...]

--- 72 ---

[...ntos] kumitir, dening nyumêrêpi kawontênanipun pancèn adamêl gambira, dhasar pakêmpalanipun para trahing narpati, têtungguling karaton Jawi, sampun sami kaparêng ebah lêlumban ing madyaning ulah kaprajan kalihan politik, nanging rahayu notoling manah wau kenging kula sabili, amargi salêbêtipun kula ngraosakên kumitiring lidhah sarta notoling manah wau, kemutan dhatêng wêwêlingipun para sêpuh ingkang wosipun aparing wasita, samubarang punika pratitisipun kêdah katindakakên kanthi wêninging manah, awit sadaya tumindak, manawi dêrênging manah dinèkèk ngajêng, sagêd anjalari kirang prayogi, ingkang pon-ponanipun adamêl buthêking kawontênan. Amila ing batos sangêt gêng panuwun kula dhatêng Hyang Manon, dene dêrênging manah kula ingkang tanpa upami wau sagêd kula sabili.

Nahênta, gêntos ingkang kacariyos, saantuk kula mirêngakên pêpanggihan Narpawandawa, ing batos tansah katêtangi raosing manah kula, ngraosakên trajangipun Narpawandawa, dening panampi kula sajak namung pakêmpalanipun sagolongan alit. Inggih punika para putra santananipun panjênêngan dalêm nata, ingkang mêsthinipun kêdah namung manah dhatêng kawilujênganing sakulawarganipun, kaparêng lêlumban ing kalangan pulitik, ingkang botên amung teoritis, nanging inggih praktik, têgêsipun dumugi tumandang damêl. Mila kasinggihan dhawuhipun sadhèrèk juru ngarang pangarsa, manawi para trahing barata sampun kaparêng andarmakakên: darmanipun, ing ngriku badhe jumbuhing kawula gusti, sêsarêngan mangsah ing damêl, ngudi dhatêng kaluhuraning bôngsa, namung kemawon ing ngriki kula kapêksa anglairakên ingkang dados saraosing manah kula, dhatêng lêbêting pakêmpalan Narpawandawa, dhatêng pulitik wau, amargi pitakenanipun: punapa ingkang makatên wau sampun mungguh, kalihan adêgipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang warganipun namung sagolongan alit, inggih punika para putra santaning santananing. panjênêngan ratu thok.

Darmakôndha mêntas kemawon ngêwrat pêrtalan gubahanipun rêdhaksi Timbul, ingkang ugi ngrêmbag motsi Narpawandawa bab nêdha: volledigezelfbestuur tumrap krajan Porstênlandhên. [Por...]

--- 73 ---

[...stênlandhên.] Pangintên kula bab punika sagêd dados sikêpipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang salajêngipun badhe karêmbag sêsarêngan kalihan pakêmpalan politik sanèsipun, saiyêk sabaya mangap, murih santosaning panjangkah. Nanging nitik katrangan wangsulanipun bandara kangjêng juru sabda, dhatêng sawênèhing pitakènipun sadhèrèk ingkang tumut parêpatan, ngandikakakên, bilih motsi wau sampun nate dipun culik wontên ing polêksêrat, namung kadospundi badhe wangsulan pamanggihipun parentah dhatêng motsi wau, dèrèng sagêd kapratelakakên.

Awit saking wangsulan punika, kula lajêng saya kêncêng anggadhahi pamanggih, bilih satêmênipun, ulah politik, punika botên kenging sinambi gampil, utamènipun kêdah konsèkwèn, nanging botênipun inggih nyêlaki dhatêng têgêsing têmbung konsèkwèn wau. Dene sagêdipun makatên, apêsipun kêdah sagêd nêdahannênahan. suwara ingkang sora, amargi sampun têtela ewahing sadaya kawontênan, punika botên sagêd manawi tanpa bôndha tekat, amila ing nginggil kula ngaturakên pitakèn: punapa sampun mungguh Narpawandawa anindakakên praktis politik punika? Masthi kemawon, manawi kagêm ngiras anggêgulang dhatêng warganipun supados nyumêrêpi dhatêng ulah kridhaning jaman, inggih botên wontên awonipun, nanging mênggahing èphèkipun, kintên kula badhe têbih sanajan namung kagêm: tarimah lowung.

Ringkêsing pamanggih kula, tumrap pakêmpalan Narpawandawa, kados langkung pikangsal sarta murakabi dhatêng para warganipun, manawi daya kakiyataning pakêmpalan Narpawandawa punika dipun pigunakakên kangge manah dhatêng kaparluwanipun para warganipun, dene tumraping politik kadhawahakên ôngka kalih, ngiras kangge nênuntun dhatêng politik (politiek overtuiging) dados namung dumunung kadosdene teoritis, supados têmbenipun para warganing Narpawandawa ingkang sampun anggadhahi politik, opêrtèigêng sayêktos, sagêd nyambut damêl wontên ing kalanganing kawula, ingkang botên ngantos adamêl kapitunan ing sakalih-kalihipun, liripun upami lampahing sêtrum listrik, sagêd dados sêkakêlipun kawula [ka...]

--- 74 ---

[...wula] gusti. Manawi sagêd makatên saiba badhe saya mancoronging timbulipun Narpawandawa ingkang kapêtha wontên ing insinyênipun, amadhangi dhatêng para trahing barata ... .

W.G. Mr. GOEDHART.

Bab punika para warga kula aturi anggalih ingkang panjang rumiyin, dados sagêd patitis, awit badhe nyantuni tuju ingkang sampun tumindak, punika botên gampil, sisip-sêmbiripun sagêd ugi dhawah kosokwangsul.

Red.

Tatêdhakan

Ôngka 218 D/2/II

Pêthikan suraosing sêratipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, dhumatêng pêpatih dalêm, katitimasan kaping 23 Pèbruari 1928 ôngka 308/S

Kangjêng tuwan residhèn suka uninga, miturut pranatanipun kangjêng guprêmèn, ingkang kapacak ing sêtatsêblad taun 1927, ôngka 560 wiwit benjing tanggal sapisan Juli 1928, pangagênging paresidhenan Surakarta, kaewahan botên pangkat residhèn, nanging pangkat guprênur, dene wêwêngkoning bawah, ingkang sapunika kawastanan paresidhenan Surakarta, lajêng ewah kawastanan guprêmèn Surakarta.

Kaparêngipun kangjêng guprêmèn, wawêngkonipun guprêmèn Surakarta anyar wau, namung badhe kaperang dados kalih apdhèling rumiyin, inggih punika: apdhèling Surakarta, sarta apdhèling Klathèn, apdhèling Surakarta anyar wau amêngkoni bawah apdhèling Surakarta sarta Sragèn lami, dene apdhèling Klathèn anyar punika mêngkoni apdhèling Klathèn sarta Bayalali. Mênggah paprentahanipun para apdhèling wau badhe katindakakên dening up amtênar pangkat residhèn, sarta guprênur wau kabiyantu dening residhèn tèrbêskiking, para residhèn kabiyantu para asistèn residhèn, manawi parlu ugi kabiyantu dening amtênar algêmènê bêstir dhinês.

--- 75 ---

Bab pamanggèn sarta wêwêngkonipun, kados ing ngandhap punika:

asistèn residhèn ing Surakarta, kabupatèn kitha Surakarta, Mangkunagaran (kabupatèn anom) Karanganyar, Residhèn ing Surakarta, asistèn residhèn ing Sragèn, kabupatèn Sragèn, asistèn residhèn ing Wanagiri, kabupatèn Wanagiri, asistèn residhèn ing Surakarta ingkang dados kanthinipun residhèn, Guprênur ing, Surakarta, Residhèn ing Klathèn, asistèn residhèn ing Klathèn, kabupatèn Klathèn, asistèn residhèn ing Bayalali, kabupatèn Bayalali, asistèn residhèn ing Klathèn ingkang dados kanthinipun residhèn, Residhèn ing, Surakarta kanthinipun, asistèn residhèn ing Surakarta kanthinipun residhèn, guprênur

Bab pangkatipun para bêstir amtênar Walandi gagrag anyar wau botên badhe ngewahi paprênahanipun samangke tumrap dhatêng para priyayi pangrèh praja paprentahan Jawi, dados benjing tumindakipun tatanan anyar wau paprênahanipun kangjêng tuwan residhèn samangke, sarta para tuwan asistèn residhèn, punapadene para tuwan kontrolir binênlan bêstir dhatêng pêpatih dalêm sarta para bupati sami kemawon kalihan benjing manawi dados guprênur, residhèn sarta asistèn residhèn.

Kantor Kapatihan kaping 24 Marêt 1928.

Pangagêng kantor Kapatihan golongan sèkrêtari: W.G. Wuryaningrat.

--- 76 ---

Warni-warnining Bandera Kabupatèn

Sanadyan para sadhèrèk sampun sami wuninga bilih satunggal-satunggaling kabupatèn makatên sami gadhah bandera piyambak-piyambak, dados warnining bandera punika kathahipun sami kalihan cacahing kabupatèn, ewadene kala jaman punapa wontênipun bandera wau kintên-kintên kathah ingkang dèrèng sami wuninga, utawi kasêngguh bilih wujudipun makatên wau sampun kina makina.

Kawuningana, wontênipun bandera punika miturut sasêrêpan kula pancèn inggih sampun lami sangêt, nanging ingkang kados wujudipun samangke punika, miturut pèngêtanipun êmbah kula, kenging winastan taksih ênèm, jalaran titimangsanipun sawêg nalika karampogan jumênêng dalêm nata sampeyan dalêm sapunika kemawon, amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 18 Dulkangidah Ehe 1828, dados dumuginipun sapunika sawêg 30 taun, wondene kadospundi wujudipun rumiyin, punika kula namung sagêd ngaturakên awêwaton Sêrat Saloka Paribasa, anggitanipun swargi Tuwan Wintêr jilid II kaca 288 namung kuciwanipun botên patos pêpak, dados manawi mangke kangge cocog-cocogan, tamtu botên sagêd anglêgakakên manah.

Sêrat Saloka Paribasa punika pangêcapipun nalika taun ...§ Manawi botên kalèntu kala taun Walandi 1858. Red. punika nyarêngi jamanipun Sampeyan Dalêm kaping VII dados nalaripun ingkang kacariyosakên ing sêrat rikungriku. punika, bandera-bandera nalika jaman kaping VII wujudipun salong beda kalihan kawontênanipun samangke, namung bandera-bandera wau iyasan kala punapa, punika Saloka Paribasa botên nyariyosakên.

Saking pitulunganipun pangagênging Sanapustaka, kula sagêd nyumêrêpi buku pèngêtan karaton warni-warni, salah satunggalipun pèngêtan wau wontên cathêtanipun baderaning para kabupatèn nalika jumênêng dalêm nata taksih wontên Kartasura, punika kajawi beda kalihan wujud kawontênanipun sapunika, rumyin bandera wau sami mawi ciri ing têngah warni-warni, botên wontên ingkang sami, sarèhning punika klêbêt praboting karaton dalêm punapadene nama-namaning kabupatèn kala jaman samantên ing samangke ingkang kathah taksih wontên, dados kenging winastan ing raos [rao...]

--- 77 ---

[...s] taksih gêsang, pamanggih kula kawontênan wau prayogi kasumêrêpan para santana dalêm namung minôngka angindhakakên sasêrêpanipun, namung supados cêtha warni-warnining bandera wau, kula sêratipun jèjèr tiga kados ing ngandhap punika:

Urutipun

1. Karaton

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Gula klapa, pêthak têngah ngandhap nginggil abrit, ciri:

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: Gula klapa, ing têngah pêthak, pinggir abrit, ciri: lintang, rêmbulan, srêngenge.

2. Kadipatèn

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Pare anom, nginggil jêne ngandhap ijêm.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: Pare anom, ing têngah jêne nèm, pinggir ijêm nèm, ciri: lintang.

3. Putra santana

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Podhang nucup sari, nginggil abrit, ngandhap jêne.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: Podhang nucup sari, ing têngah jêne, pinggir abrit, ciri: sêkar mêgar.

4. Kadipatèn

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Pare anom, nginggil jêne, ngandhap ijêm.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: Cêmêng, mawi sêratan Arap, nanging sapunika ngangge tigawarna§ Manawi ing buku Saloka Paribasa ungêlipun: tikawarna. Red. pêthak, biru abrit.

Nalika jaman Kartasura.: Pari sêpuh, ing têngah ijêm sêpuh pinggir jêne sêmu, ciri: asmara Sul.

--- 78 ---

5. Kaparak kiwa

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Alas kobong, ing têngah cêmêng pinggir abrit.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: Alas kobong, ing têngah abrit, pinggir cêmêng.

Nalika jaman Kartasura.: Alas kobong, ing têngah cêmêng pinggir abrit, ciri: cakra.

6. Kaparak têngên.

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Gêni roga, ing têngah abrit pinggir cêmêng.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: Alas kobong, ing têngah abrit pinggir cêmêng.

Nalika jaman Kartasura.: Bangun tulak, ing têngah cêmêng, pinggir pêthahk, ciri: aksara binêdhati.

7. Gêdhong kiwa

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Rôndhon kasiyan, ing têngah biru pinggir ijêm.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: Gêni roga, ing têngah cêmêng, pinggir abrit.

Nalika jaman Kartasura.: Kaluwung ngunjuk warih, ing têngah biru nèm, pinggir jêne, ciri: maesa ngadhêp pantun sagèdhèng.

8. Jaksa

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Pandhan binêthok, ing têngah ijêm pinggir pêthak.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: -

9. Pamajêgan

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Papasan matêng, ing têngah abrit, pinggir ijêm

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: -

10. Pulisi

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: Klabang ngantup, ing têngah ijêm, pinggir abrit.

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: -

--- 79 ---

11. Adipati bang wetan sapanêkaripun para tumênggung môncanagari.

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: -

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: Abrit byur, ciri: sêratan donga tulak.

12. Adipati bang kilèn sapanêkaripun para tumênggung môncanagari.

Warnining bandera rêrampogan, kaparênging karsa dalêm kasantunan: -

Mirit Saloka Paribasa jilid II kaca 288: -

Nalika jaman Kartasura.: Cêmêng byur, ciri: aksara Arap donga tulak.

Miturut parincèn kasêbut nginggil, kajawi wêwujudanipun samangke beda sangêt kalihan nalika jaman Kartasura, ciri-ciri ical babarpisan, wontên ingkang katanjakakên sanès kabupatên, punika pamanggih kula owêl sangêt, amargi nalika iyasa rumiyin, tamtunipun ciri-ciri wau sampun dipun cundhukakên kalihan kawajibanipun ingkang kaparingan ciri piyambak-piyambak, makatên malih bôngsa kina punika, adatipun botên kenging dêdamêlan barang-barang tamtu mawa karsa ingkang wigatos. Taksih wontên sambêtipun.

Pèngêtan Pindhahipun Karaton Kartasura Dhatêng ing Surakarta

II

Aturipun sang wignya kalih, dhuh ingkang sinuhun, ing dhusun Sala sampun kapanggih ukuranipun, yèn tuhu utama, namung ngudi pêpêtipun ingkang rawa, manawi sampun pêpêt, gampil pangukuripun, ing pasitèn kalih wau. Ingkang sinuhun kapinudyèng panggalih, sigra animbali Radèn Tumêngggung Ônggawôngsa. Sampun marêk ing ngarsa nata, winartosan saliring karsa, miwah lampah nitik badhe pindhahing praja, aturipun Tumênggung Ônggawôngsa, prayogi karêmbag ing nagari. Ingkang sinuhun sigra animbali Adipati Pringgalaya, marêk ing ngarsa dalêm sampun dhinawuhan saliring [sa...]

--- 80 ---

[...liring] rèh sadaya, sang adipati matur sandika, sigra mundur. Praptaning wisma karêmbag sagunging nayaka jawi lêbêt sadaya, ngantos samadya côndra dènnya rêrêmbagan. Sampun sagotra lajêng akarya nawala, ingkang badhe andhawuhakên dhumatêng bupati môncanagari. Sami kapundhutan balok, sagunging mônjapraja, môncapraja. ing bang wetan ing bang kilèn, samya anglêbêtakên balok, kapangkat cacah gunggunging balok, miturut agêng aliting praja, sarêng sampun anglêmpak lajêng kaklêmpakakên ing rawa Sala, sampun pampêt awradin sadaya. Kantun sirahing rawa ingkang dèrèng pampêt, kalêbêtan balok sela agung-agung pintên-pintên èwu taksih sirna kemawon, malah saya agung wêdaling toya, ambèr balabar kadi samodra. Pangeran Wijil, kalipah buyut, pangulu pêkih Ibrahim, sami nênumbali sarat, pujamôntra tanpa karya, mandar mijil gêrèh pèthèk, miwah gêrèh layur, isèn-isèning samodra samya prapta, sagunging kang tumandang sami giris, angunduri. Kyai Tohjaya, miwah Kyai Yasadipura sakalangkung sungkawa, utawi Pangeran Wijil. Para alim sadaya tansah ambudi sarana, nanging botên kandhêg ardaning ranu. Pangeran Wijil sarta Kyai Yasadipura, sami manêkung wontên sawetaning têlênging rawa, ingkang kalêrês sakiduling Kêdhungkol.

Cinariyos, dènnya manêkung Pangeran Wijil, akalihan Kyai Yasadipura, ngantos pitung dintên pitung dalu, botên dhahar botên nendra. Amiyarsa swara makatên: he, kang mangun pujabrata, wruhanta, têlêng iku marma ora bisa pampêt, krana têmbusane samodra Kidul, dene yèn sira udi pampête têlêng mau, ingkang dadi saranane, tambêlên gong Kyai Sêkardalima, karo roning lumbu, lawan sirahing lèdhèk, ing kono bisa pampêt kang ponang têlêng, ananging ing têmbe dadi kêdhung ora mili ora sat, langgêng toyanya, tan kêna pinampêt, ing salami-lamine. Taksih wontên sambêtipun.

Panjurungipun sadhèrèk W bab lêlabuhan rêdhaksi pakèwêt macak, amargi parluning tiyang (persoonlijke belang) mugi sampun dados panggalih.

Kaping 1 Juni 1928.

Red