Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 9, Kaping 15 Mulud Alip 1859, Utawi Kaping 1 Sèptèmbèr 1928.

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Rêginipun organ punika sataun f 2,50, bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1928. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, Carikan Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara-wara

Pangarsa ngaturi uninga, ing mangke namtokakên dintên kangge nampèni para warga bokmanawi nêdya rêrêmbagan utawi nyuwun sasêrêpan bab parlu- parluning pakêmpalan tuwin sanès-sanèsipun, ngiras minôngka nyupêkêtakên para warga kalihan pangrèh, kawiwitan benjing malêm Sêtu tanggal kaping 14/15 Sèptèmbêr punika, lajêng benjing malêm Sêtu kaping 5/6 Oktobêr ngajêng punika, wanci jam 7 dumugi jam 9, wontên ing dalêm Adiwijayan. Salajêngipun sabên tanggal kaping 5 wulan Walandi, wanci sami kasêbut ing nginggil, namung manawi pangarsa nuju parêpatan rad kawula wontên ing Batawi, ingkang makili mudha pangarsa, pamanggènipun pindhah wontên ing dalêm Kusumabratan, andadosna kauninganipun para warga sadaya.

Kaping 1 Sèptèmbêr 1928.

Panitra

--- 114 ---

Pêrtalanipun ing Têmbung Jawi pitakènipun B.K.P.H. Adiwijaya Wontên ing Rad Kawula Dintên Malêm Kêmis Kaping 4 Juli 1928.

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8

Tuwan pangarsa, anggèn kula ngladosakên pitakenan kawrat ing sêrat katitimasan kaping 21 Dhesèmbêr 1927, ingkang suraosipun bilih para nata nuju pasulayan pamanggih kalihan residhènipun, punika wênang ngatas dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral, punika dhawuh wangsulanipun pamarentah sawêg kula tampèni kala Rêbo ingkang kapêngkêr. Dhawuh wangsulanipun pamarentah wau nuwuhakên sabab anggèn kula mêdhar sabda, sanajan kula botên mêdhar sabda nalika pirêmbagan ingkang kapisan. Kula sumêrêp manawi pêrlu kula punika sajawining rêmbag-rêmbag ingkang sampun kawêdhar ing parêpatan, nanging pamanggih kula pêrlu sangêt ngaturi katrangan sawatawis, ing pamurih sagêda nyirnakakên pagrayangan-pagrayangan ingkang sagêd ugi tumuwuh saking wangsulanipun pamarentah wau.

Murih têrangipun pitakèn kula kala samantên kalihan wangsulanipun pamarentah kula waosipun rumiyin. Pitakèn kula makatên:

Miturut pangintêning akathah ing karajan Jawi Têngah, para nata punika miturut adat ingkang sampun, manawi pinuju sulaya pamanggih kalihan wakil pamarentah luhur ing ngriku, botên wênang ngatas dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral. Sanajan kula mangêrtos bilih pamanggih makatên punika klèntu, jalaran kula sumêrêp manawi sadhengah tiyang Indhiya Nèdêrlan manawi wontên pêrlunipun wênang sundhul atur dhatêng gupêrnur jendral wau, ewadene kula nyuwun wêdharing pangandikanipun pamarentah luhur ingkang cêtha, supados sagêd nyirnakakên sêmang-sêmanging pamanahan wau.

Supados sampun angwontênakên sêling-sêrêp, kula pêrlu mratelakakên wontên ing ngriki, manawi tuwuhing pitakenan [pi...]

--- 115 ---

[...takenan] punika botên sabab saking wontên nalar barang-barang, maligi nyuwun dhawuhipun pamarentah ingkang têrang, kenginga kangge waton bokmanawi wontên pêrlunipun sawanci-wanci.

Dene dhawuh wangsulanipun makatên:

Miturut katranganipun para residhèn ing tanah Kajawèn, raos kados ingkang kasêbut ing pitakenan, punika tumrapipun para nata botên wontên, sarta ugi sêpên antawisipun bilih sami kagungan sêdya nyuwun wêdharing sabdanipun pamarentah bab wau.

Ewadene pamarentah botên awrat minangkani panyuwunan wau, amaringi sumêrêp samôngsa para nata ing tanah Kajawèn kalihan rêsidhènipun anggèning pirêmbagan botên sagêd pinanggih golongipun, môngga anggalih pêngatas dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral, punika ing samangke sarta wiwit rumiyin mila lakar kawênangakên ngatas dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral, namung kemawon nawalanipun para ratu wau kêdah lumantar pangagênging paresidhenan.

Tuwan pangarsa: inggih labêt saking tuna dhatêng basa Walandi, manawi botên kalintu panyuraos kula, dhawuh wangsulanipun pamarentah wau kenging kula pêcah dados tigang bagean, inggih punika:

1. Miturut atur katranganipun para rêsidhèn ing tanah Kajawèn, pamanggih kados ingkang kawrat ing atur pitakèn kula rumiyin, punika ing ngrika sêpên, utawi manawi ngêplêki ukaranipun wangsulanipun pamarentah, pamanggih ingkang kados makatên wau ing tanah Kajawèn sêpên.

2. Ing tanah Kajawèn ugi botên bêtahakên wêdharing pangandikanipun pamarentah tumrap bab ingkang sawêg dados rêmbag.

3. Ewadene pamarentah kagungan parimarma, kaparêng mêdhar pangandika bilih para nata wênang ngatas dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral ugêr nawalanipun lumantar

--- 116 ---

rêsidhènipun.

Tuwan pangarsa: anggèning pamarentah ing sapunika sampun kaparêng paring pangandika, punika kula ngaturakên gênging panuwun, ananging kula lajêng kalilana damêl wawasan ingkang tuwuh saking dhawuh wangsulaning pamarentah wau, tuwin kalilana mêwahi ing panyuwunan, wawasan kula makatên:

Kula kuwatos bokmanawi badhe wontên panggrayangan ingkang kirang prayogi tumrap badan kula, ingkang sabab saking wontênipun ungêl-ungêlan ingkang kasêbut ing ôngka 1 saha 2 ing ngajêng punika, inggih punika panggrayangan ingkang nawung raos pamaibên bilih pitakèn kula rumiyin, punika botên cocog kalihan kawontênanipun têtiyang ingkang raosing manahipun, pikiranipun sarta pangajêng-ajêngipun sampun kêrêp kula wêdharakên wontên ing prêpatan ngriki. Kula punika warganing rad kawula, sintên ingkang maibên bilih kula wontên ing prêpataning rad kawula wênang ngrêmbag sadaya kawontênan ingkang kula manah pantês dados panggalihanipun pamarentah lan rad kawula, inggih sênajan rêmbag wau botêna gandhèng pisan kalihan kabêtahanipun kukuban kula piyambak, nanging sadaya pangintên-intên ingkang sami nawung raos pamaibên dhatêng yêktining rêmbag kula wontên ing rad kawula ngriki, sanajan rêmbag kula wau katingal aèng, inggih sakinga pundi kemawon, utawi sakinga sintên kemawon, punika kula duwa sangêt.

Tuwan pangarsa: nalika anatawisipun taun 1911 sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sulaya pamanggih kalihan paduka rêsidhèn ing bab panyuraosipun sêrat babagan pamasrahipun pangadilan dalêm dhatêng kangjêng gupêrmèn, kadospundi sulayanipun kala samantên botên prêlu kula pratelakakên ing ngriki, wosing ginêm paduka rêsidhèn botên minangkani pamundhut dalêm supados nawala dalêm ingkang ngêwrat prakawis wau kalantarna dhatêng pamarentah, sanajan pamundhut dalêm wau kanthi sangêt sarta ngantos marambah-rambah, ewadene paduka rêsidhèn mêksa ngêkahi anggèning botên purun nglantarakên. Sarèhne miturut adat ing karaton sadaya nawala dalêm ingkang katur ingkang wicaksana gupêrnur jendral sarta katur ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta utawi kosokwangsulipun, [kosokwang...]

--- 117 ---

[...sulipun,] punika kêdah lumantar rêsidhèn, môngka ingkang wajib nglantarakên kala samantên botên purun nglêksanani, saèstunipun kita lajêng katêksa namung mupus ing pêpasthèn.

Wiwit kala samantên tuwuhing pamanggih pagêdhonganipun para kawula ing tanah Kajawèn ingkang cêtha ing Surakarta, sami mastani bilih panjênêngan ratu punika namung kêdah manut miturut dhatêng pamanahan lan karampunganipun rêsidhèn, botên kagungan pangajêng-ajêng wênang ngatas dhatêng pamarentah luhur, amargi bab pasulayan dalêm kalihan rêsidhèn, kala samantên sadhengah tiyang sampun sami nyumêrêpi. Mila punapa anèh tuwan pangarsa, bilih lumadosipun atur pitakenan kula dhatêng pamarentah, punika andadosakên lêganing para kawula ing tanah Kajawèn, sarta sami sangêt anggèning kumacèlu nyumêrêpi kadospundi dhawuh wangsulanipun pamarentah.

Mênggah bab ôngka 3, punika miturut andharan kula ingkang sampun kula pratelakakên, sagêdipun marêmakên manah sayêktos, upami dhawuh wangsulan wau kapratelakakên bilih para nata anggalih pêrlu ngatas dhatêng pamarentah luhur, kawênangakên nawalanipun botên susah lumantar rêsidhèn kemawon, utawi sanajan lumantar rêsidhèn, ingkang kula ugi botên anggadhahi pakèwêd, rêsidhènipun katêtêpakên kêdah nglajêngakên nawala wau.

Awit saking punika tuwan pangarsa: wêwahing panyuwunan kula dhatêng pamarentah, mugi kaparênga paring dhawuh pangandika lumantar wakilipun tumrap bagian pangrèh praja, ingkang suraosipun sadaya nawalanipun para nata ingkang katur dhatêng ingkang wicaksana gupêrnur jendral, supados tamtu kalajêngakên, kula sumrambahipun dhatêng kawula ingkang tanah Kajawèn sawêg sagêd gadhah pamarêm, manawi pamarentah kaparêng paring kasagahan kados panyuwun kula susulan punika.

Wangsulanipun Parentah Lumantar Dhirèktur Pangrèh Praja Nalika Dintên Kêmis Kaping 5 Juli 1928.

Op de rede van den heer Hadiwidjojo is eigenlijk het eenige wederwoord, dat de Regeering al het voorbeeld heeft gegeven, dat Zij, wanner haar verlangens worden kenbaar gemaakt van de Zelbestuurders over een bepaalde aangelegenheid, met dien vorst een dergelijke zaak persoonlijk wenscht te bespreken.

Ten slotte de vraag van den heer Hadiwidjojo of de brieven, die door een

--- 118 ---

Zelbestuurder zijn geschreven en gericht zijn aan den Landvoogd, direct moeten worden doorgezonden. Uiteraard kan het antwoord niet anders luiden, dan dat dit zeer natuurlijk is Jawinipun makatên:

Wangsulan dhatêng wêdharing sabdanipun Kangjang Pangeran Arya Adiwijaya, punika botên liya namung bilih pamarentah sampun paring tuladha, inggih punika bilih wontên kaparêngipun para nata angrêmbag babagan prêlu, sampun kaparêng rêmbagan ijêman kalihan sang nata wau.

Dene pitakènipun, punapa nawalanipun panjênêngan dalêm nata ingkang katur ingkang wicaksana guprênur jendral, kêdah kalantarakên, punika wangsulan kula: inggih.

Parentah Indhonesiah Kalihan Para Sèlêpbêstiripun Tiyang Siti

(Pêthikan saking sêrat kabar Sêdyatama kaping 30 Dhesèmbêr 1927 ôngka 296 anggènipun mêthik saking sêrat kabar Timbul ingkang pungkasanipun wulan Nopèmbêr 1927 ôngka 21)

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8

Anggèn kula mratelakakên suda-sudaning panguwasa wau kangge pasêksèn, bilih pulitikipun parentah Indhonesiah tumrap para sèlêpbêstir punika anglajêngakên pulitik ingkang katindakakên dening Kumpêni Indiya Wetan, inggih punika ingkang kawastanan: mêndhêt panguwasanipun para sèlêpbêstir kalihan aris. Dene patrap anggènipun anglajêngakên nyuda panguwasa punika badhe kula têrangakên mawi tuladha kalih, ingkang satunggal nalika taksih jaman Kumpêni, satunggalipun wontên jaman gupêrmèn, ing wiwitanipun abad ingkang kaping 19.

Tuladha ingkang kapisan nelakakên cêtha kadospundi mênggah panyudanipun pangawasa wau inggih punika anggènipun ingkang Sinuhun Pakubuwana II ing taun 1749 masrahakên sadaya panguwasa dhatêng Kumpêni Indiya Wetan. Tuladha ingkang kêkalih nelakakên patrapipun nyuwak panguwasanipun ingkang Sinuhun Pakubuwana VII tumrap môncanagari, ing taun 1830.

Wondene anggèn kula mratelakakên tuladha kula wau, samangke badhe mirit [mi...]

--- 119 ---

[...rit] ingkang kawrat ing babad-babad ingkang kaanggêp sah (officieel) rumiyin, kados ing ngandhap punika:

Tuwan Mr. P.W. Filet nyariyosakên kawrat ing sêrat karanganipun kasêbut ing nginggil wau kaca 72 makatên:

Kirang gangsal dintên saking sedanipun, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan (P. B. II) ngasmani sêrat prajanjian kalihan Tuwan Hohendorff suraosipun, karajan Mataram sadaya kasumanggakakên saha kapasrahakên dhatêng Kumpêni Indiya Wetan, awit saking karsanipun piyambak botên mawi kapêksa, sarta botên mawi prajanjian utawi watêsan punapa-punapa.

Cariyos ingkang kasêbut ing nginggil punika sampun têrang manawi damêlan sarta sampun tamtu botên cocog kalihan kawontênanipun ingkang lêrês kala samantên, amargi ingkang Sinuhun Pakubuwana II mratelakakên (ing sêrat prajanjian) makatên: jalaran sakit sangêt, ganjaraning Pangeran Ingkang Maha Kawasa, kula botên sagêd nyêpêng karajan Mataram ingkang agêng punika, botên sagêd nyirêp rêrêsah tuwin botên sagêd mangrèh ingkang sae. Amila karajan wau kula pasrahakên dhatêng Kumpêni Indiya Wetan, dalah sadaya panguwasa kula ingkang kula cêpêng dumugi dintên punika.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau pêthikan saking sêrat karanganipun Tuwan Jhr. Mr. J.K. De Jonge bab indhaking panguwasanipun karajan Nèdêrlan ing tanah Jawi (Opkomst van het Nederlandsch Gezag over Java) jilid X kaca 159 kajawi punika ing jilid wau kaca 157 kasêbut makatên:

Awit saking punika, saking pamuji saha kapitadosan kula, mirit wawasan kula sakêdhik punika wau, ingkang prêlu piyambak kula sampun ngèstokakên dhawuh panjênêngan, sarta mugi-mugi sampun andadosakên kalêpatan kula, dene ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya anggèn kula nindakakên sarta nêtêpakên kalêrês kirang gangsal dintên saking sedanipun kangjêng susuhunan ingkang sampun sêpuh, amargi ingkang sinuhun ingkang seda punika nalika kula dhatêng ing tanggal kaping 8 wulan punika, sanadyan salira wiwit saking ngandhap sampun tanpa raos, sarta dumugi ing padharan [padhar...]

--- 120 ---

[...an] prasasat sampun pêjah, ananging lêrêsipun taksih sagêd rêmbagan bab karajanipun, awit pangandika tuwin èngêtanipun taksih jangkêp. Ananging sarèhning ingkang sinuhun botên karsa rêmbagan bab wau sarta taksih nglêstantunakên panêdhanipun dhatêng kula nalika kula dhatêng ing ngriki sawêg kalih dintên, supados kula nyêpêng paprentahaning praja ... salajêngipun.

Punapa ingkang kawastanan: pasrahan ingkang mulung saking kajêngipun piyambak, saking tiyang ingkang sakit sangêt kados makatên punika, lampah ingkang lêrês kangge nêtêpakên prajanjian pulitik. Lampahipun Kumpêni angsal wêwênang tumrap karajan Mataram punika sami kalihan anggènipun parentah Indhonesiah rêmbagan kalihan ingkang Sinuhun Pakubuwana VII ing taumtaun. 1830.

Saking cariyosipun Tuwan Mr. Filet sasampunipun pêrang Dipanagaran, parentah Indhonesiah lajêng nyêpêng môncanagari, inggih punika Banyumas tuwin Bagêlèn, Kadhiri tuwin Madiun, sarana lampah kados ing ngandhap punika:

Sarèhning sabibaripun pêrang sampun kêrêp dipun kuwatosakên, punapa malih dening kangjêng susuhunan ingkang salêbêtipun wontên pêrang lêstantun sêtya dhatêng guprêmèn Walandi, manawi sudaning siti wêwêngkon badhe damêl pinggêting manah, sarta sagêd ugi lajêng nuwuhakên rêrêsah malih, amila panguwasa tumrap siti-siti wêwêngkon ingkang kapasrahakên dhatêng guprêmèn punika ta samudananipun taksih lêstantun kaasta kangjêng susuhunan. Awit saking punika wontên pêpacak anèh ingkang kawrat ing bab 2 tuwin 3 ing sêrat prajanjian katitimasan kaping 22 Juni 1830. Inggih punika: tumrap siti sanèsipun ing salêbêting karajan, panguwasanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan badhe katindakakên dening guprêmèn Walandi atas asma dalêm ingkang sinuhun wau. Awit saking punika guprêmèn Walandi ingkang badhe misudha para narapraja ingkang prêlu tumrap panindaking paprentahan, tuwin badhe nindakakên tatanan ingkang prêlu-prêlu tumrap yustisi (pangadilan) tuwin pulisi. Makatên ugi para bupati tuwin pangagêng sanès-sanèsipun, badhe kawisudha dening guprêmèn Walandi, ananging kajawi sasagêd-sagêd badhe kapilih saking têtiyang ingkang lêrêsipun gadhah wêwênang kawisudha dening kasêtyan utawi lêlabêtanipun sae,

--- 121 ---

ugi badhe mawi ngèngêti pamrayoginipun kangjêng susuhunan, kalihan malih manawi pinuju grêbêg, para bupati ingkang katamtokakên cacahipun, kêdah dhatêng Surakarta prêlu saos bêkti ing kangjêng susuhunan.

Pêpacak-pêpacak kasêbut ing nginggil wau sagêdipun têrang namung saking babad. Dene têrangipun malih manawi panguwasanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tumrap siti-siti ingkang sampun kapasrahakên wau namung kangge samudana kemawon, punika saking ingkang kawrat ing bab 4 ing sêrat prajanjian kasêbut ing nginggil wau, amargi bab 4 punika mratelakakên bilih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sanggêm botên badhe nindakakên panguwasa punapa-punapa ing siti-siti wau, tuwin botên badhe paring dhawuh punapa-punapa dhatêng para bupati tuwin pangagêng, punapadene dhatêng para kawula, utawi utusan maringakên dhawuh wau, kajawi manawi wontên pamurihipun gupêrmèn, utawi awit saking karsanipun guprêmèn. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sanggêm botên badhe sêrat-sêratan kalihan para bupati tuwin pangagêng. Kajawi sarana lêlantaran para pangagêng amtênaripun guprêmèn, sarta badhe botên nampèni sêrat, plapuran utawi panuwunan, kajawi ingkang dipun aturakên ingkang sinuhun dening para amtênar gupêrmèn wau. Malah pêpacak ingkang kantun piyambak punika prêlunipun kangge nyirnakakên babarpisan daya prabawanipun kangjêng susuhunan, tumrap siti-siti ingkang sampun kapasrahakên wau. Tumrapipun tiyang Jawi kangjêng susuhunan punika ngantos samangke taksih kagungan daya prabawa. Taksih wontên sambêtipun.

Prêtalanipun ing Têmbung Jawi, Pêthikan Sêtatsêblad Taun 1867 Ôngka 10 Kawrat ing Organ Narpa Ôngka 7

1. Sakabèhing panggugat prakara parapadu utawa panyêrêging prakara kang mawa ginantungan paukuman, tumrap panjênêngan nata Jawa, pêpatihing nata, bupati sarta sor-soraning bupati, kang padha isih jumênêng utawa têtêp, iku sadurunge kalakon, tumrapa ing pulo Jawa lan Madura kudu mawa idine gupêrnur jendral, dene tumrape ing sajabane pulo Jawa lan Madura kudu mawa idine

--- 122 ---

panggêdhening paprentahan ing sagolongan kono (gewest).

2. Panindake prakara parapadu lan prakara kang ginantungan paukuman, tumrap kang padha kasêbut ing bab 1 ing dhuwur iku kabèh ana ing pangadilan pan yustisi, samono mau kajaba ulur-uluraning papriksan marang pangadilan ing sandhuwure. Dene laku-lakune rad pan yustisi anggone mariksa iya kaya panindak ing adat sabêne.

3. Sakabèhe kang kasêbut ing ngisor iki yèn kêna prakara kang ginantungan ing paukuman kang bakal anindakake iya iku pangadilan-pangadilan kang tumrap bôngsa Eropah (lan-gêrèh, rad pan yustisi).

Ha. Para panjênêngan nata, pêpatihing nata, bupati sarta sor -soraning bupati kang wus padha sumilih ing kaprabon utawa kaundur saka kalungguhane.

Na. Garwa utawa rabine, akrape kalêbu kang kagawa saka lakirabi utawa kang saka palakrama kang ora absah tumêka grad 4 tumrap kang padha kasêbut ing bab 1 sarta aksara Ha ing dhuwur.

Ca. Patih, panggêdhe kadhistrikan, sarta panggêdhe liyane sadhengaha sasêbutane, ugêr duwe panguwasa tumrap wong bumi kang apêse padha lan para panggêdhe kadhistrikan, sarta manèh para ondêr kolèktur, panggêdhening agama, up jaksa sarta para liding pangadilane wong bumi, kabèh mau nalikane isih têtêp.

Urun Rêmbag

Anêtêpi centhanganipun sadhèrèk rêdhaktur tumrap wontên panjurungipun sadhèrèk R.M. Padmahartana, kawrat ing organ Narpawandawa ôngka 6 kapêngkêr punika, ngrêmbag usulipun sadhèrèk Mr. Goedhart ing Darmakôndha basa Jawi ôngka 86 ingkang turunanipun sampun kapacak dados kanthinipun panjurung wau, wosipun ngaturi pamanggih supados pakêmpalan kita Narpawandawa botên tumut rumiyin angrêmbag babagan pangêmbat praja (politiek) amargi pakêmpalan Narpawandawa makatên pakêmpalan ingkang maligi sagolonganipun para putra santana dalêm, sarupi pakpêrèniging, dados mungguhipun inggih namung ngrêmbag kabêtahanipun [kabêtahanipu...]

--- 123 ---

[...n] piyambak enz enz enz.

Centhanganipun sadhèrèk rêdhaktur tumrap sangandhaping turunan karanganipun sadhèrèk Gudarêt, ngêmu raos angwatosakên kirang prayoginipun bilih Narpawandawa botên anglajêngakên tumut ngrêmbag bab obah osikipun praja ingkang gêgandhengan akalihan kabêtahanipun karaton dalêm ing Surakarta, kados ingkang sampun dipun lampahi salaminipun, mila para warga dipun aturi anggalih ingkang panjang rumiyin, supados sagêd patitis.

Sayêktosipun kula pancèn ugi sampun dangu asring anggagas bab tarajangipun pakêmpalan kita Narpawandawa, kadospundi sagêdipun sae sayêktos tumindakipun, ingatasipun satunggaling bêbadan pakêmpalan pangraos kula ingkang têtêp utawi mungguh winastan sae makatên inggih kêdah ingkang murakabi dhatêng para warga gêgolonganing pakêmpalanipun, punapa malih pakêmpalan ingkang maligi kangge satunggaling golongan kados Narpawandawa, warganipun namung para darahing karaton dalêm dumugi grad 4, liya punika botên sagêd katampèn, pamanggih kula lêrêsipun ingkang kaparlokakên dados pamanahanipun para pangrèh ôngka 1 inggih kêdah sadaya kawontênan ingkang gandhèng kalihan kabêtahaning panggêsanganipun para darah dalêm wau,§ Sasumêrêp kula sabên pangrèh parêpatan, tamtu angrêmbag kabêtahanipun para putra santana dalêm, dene para warga sampun sami kraos utawi dèrèng, punika namung nyumanggakakên. Red. kadospundi sagêdipun saya mindhak- mindhak sae, saha modhèrên, têgêsipun sae inggih sae panggêsanganipun, utawi sae gêsangipun, kêdah dipun saranani kadospundi pangrekadayanipun punika atas saking budi ihtiyar saha kawicaksananipun para pangrèh, awit panjênênganipun ingkang sampun pinilih dening para warga angumudhèni lampahing baita Narpawandawa, upami wujuda praja para pangrèh sarupi para opsir utawi narapraja, para warga sadaya awujud saradhadhu utawi rakyat, amung badhe mituhu dhatêng pangrèhing para opisir, manawi lêpat panindaking lampah baita kèrêm utawi kasasar sasaminipun, punika sampun tamtu para pangrèh ingkang badhe manggih cêceda, para rakyat amung badhe nêtah kadospundi para pangrèh anggèning [anggè...]

--- 124 ---

[...ning]

nyêtir kumidhining kapal, amila dados pangrèh makatên pancèn satuhu botên ènthèng sêsanggènipun, dene modhèrên punika têmbung sambutan, Jawinipun kados inggih sae ingkang sagêd ngidaki salaras akalihan jamanipun, dados pangajêng -ajêngipun para warga sagêda angsal pitulungan panuntuning Narpawandawa gêsang modhèrên, sampun pijêr nyithinthus kados kala jaman Kartasuranan. Pundi ingkang kula wastani kados makatên wau, sanès dintên badhe kula aturakên jerenganipun sok ugi sadhèrèk redhaktur anglilani.§ Cobi kaparingna kupinipun. Red. Ananging têtêmbungan kula ingkang kados makatên punika mugi-mugi sampun ngantos kagalih amêstani pangrèh Narpawandawa ingkang sampun punika kasasar lampahipun, pikajêng kula namung ngrujuki ngewahi tujunipun Narpa sawatawis, mikir kabêtahaning warga ingkang kangge ôngka 1.

Bab tumut angrêmbag babagan pangêmbat praja pamanggih kula inggih taksih wontên prayoginipun kalajêngakên, ugêr kaangge ôngka 2 saha papan-papan ingkang dipun rêmbag, kados upaminipun: badhe maedahi dhatêng para putra santana dalêm minggahipun dhatêng pêrsunipun pangayoman kita sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, punapadene botên asipat repolutsinèr utawi Exter mistisch dhatêng parentah Nèdêrlan, makatên sasaminipun.

Wusana kula amung sumôngga para warga utawi pangrèh ingkang sajatosipun langkung waskitha tinimbang kula.

S.W.

Waluyan

Ing organ Narpawandawa ôngka 6 ngêwrat panjurungipun sadhèrèk Padmahartana, suraosipun angrujuki dhatêng gêgubahanipun Mr. Goedhart ing Darmakôndha ôngka 86, mrayogèkakên Narpawandawa punika sampun tumut angrêmbag babagan pangêmbat praja (mlêbêt kalangan pulitik) sapiturutipun. Pamanggih Padmahartanan: langkung prayogi Narpawandawa nyampurnakakên sêdyanipun ingkang kawrat ing wêwaton. Kados ta: ngajêngakên pasinaon enz. Punika pamanggih kula inggih wontên saenipun, awit babagan pangêmbat praja (politiek) punika pancèn gawat, nanging supados sampun damêl kalintu tampining para warga bokmanawi [bo...]

--- 125 ---

[...kmanawi] prêlu sangêt kapratelakakên bilih salêbêtipun kula dados warga pancèn dèrèng nate tumut dhatêng pulitik umum (Algemeene politiek) wujudipun, pulitik ingkang botên magêpokan kalihan kabêtahanipun Narpawandawa, amila kula nganggêp sampun prayogi kados ingkang sampun tumindak punika, sarta kulawarga Narpawandawa kawak, sumêrêp lêbêtanipun pakêmpalan kita, rumaos kajibah angaturi katrangan sawatawis.

Pamanggih kula tumindakipun Narpawandawa wiwit rumiyin dumugi sapunika sampun nêtêpi punapa ingkang dados sêdyanipun pakêmpalan, inggih punika ingkang kawrat bab 2 wêwaton Narpawandawa, ungêlipun makatên:

Sêdyaning pakêmpalan anjagi saha angajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm, sarta anjagi wilujêng saha prayoginipun nagari, tuwin karaton dalêm ing Surakarta, enz. enz.

Sapunika lajêng kadospundi rekadayanipun, supados kalampahan sêdya kasêbut ing nginggil wau, punika sampun kapratelakakên ing bab 3 inggih punika dipun saranani rekadaya sakadaripun, ingkang botên nyulayani anggêr-anggêr tuwin tata ngadatipun nagari, sarta ingkang botên dados awisaning nagari. Dene rekadaya ingkang dipun parlokakên.

1. Ngajêngakên pasinaon. 2. Sasagêd-sagêd suka pitulungan pratikêl utawi bôndha dhatêng kasusahanipun santana dalêm, ingkang botên saking tindak botên lêrês. 3. Nindakakên rêrukunan panggaotan. 4. Ngaturakên pamrayogi katur pamarentah.

Ing mangke sampun cêtha bilih sêdyanipun Narpawandawa punika ingkang ôngka 1 bab anggènipun ngajêngakên pasinaon. Amila kula sampun nganggêp sae dhatêng tindakipun pakêmpalan kita anggènipun lajêng ngwontênakên arta sadhiyan bôndha pasinaon, dalah sapranatanipun (mirsanana organ ôngka 8 sarta 9 taun 1927), sarta sasumêrêp kula inggih lajêng tumindak amitulungi dumugi sapunila, sapunika. makahmalah. sarêng saya kathah para santana dalêm ingkang sami nêdha waragad pasinaon wau, pamirêng kula pangrèh lajêng damêl tatanan anyar malih ingkang langkung prayogi, kadosdene ingkang sampun [sampu...]

--- 126 ---

[...n] nate karêmbag ing parêpatan agêng wontên Kusumayudan, tuwin nyadhiyani arta kathah (mirsanana organ ôngka 6 kaca 70 centhanganipun yayi rêdhaktur) sarta nindakakên rekadaya wontênipun pamulangan èstri enz kalihan karigênanipun pangrèh. Dados pamanah kula prayogi nindakakên kados ingkang sampun kalampahan.

Lajêng tujunipun ingkang ôngka 2 inggih punika sasagêd-sagêd suka pitulungan pratikêl, utawi bôndha dhatêng kasusahanipun santana dalêm, ingkang botên saking tindak botên lêrês. Punika ingkang sampun tumindak sarta katingal mêlok inggih punika wontênipun pralenan (manawi wontên warga ingkang dèrèng pirsa, prayogi tumuntên malêbêt dados warga pralenan wau) dene pitulungan pratikêl utawi bôndha dhatêng kasusahanipun satunggal-satunggaling santana dalêm, kados upaminipun warga A badhe mragadi anakipun anglajêngakên sakolah dhatêng Mosviba ingkang wragadipun sabên wulan botên sakêdhik, sarèhning sadhiyanipun arta bôndha pasinaon dèrèng nyêkapi, pangrèh lajêng angrigênakên suka pratikêl, supados nyuwun ngangge bôndha pasinaon nagari, tuwin sanèsipun.

Tuju ingkang ôngka 3 inggih punika bab nindakakên rêrukunan panggaotan, punika manawi tumindakipun, nama dèrèng sagêd kalampahan, dening botên gampil pamanahanipun, nanging manawi pamirêng kula rancanganipun sampun wontên, inggih punika badhe wontênipun koopêrasi.

Dene tuju ingkang ôngka 4 inggih punika ngaturakên pamrayogi katur pamarentah, punika ingkang sampun tumindak amung ingkang gandhèng kalihan nagari dalêm Surakarta, kraton dalêm utawi panjênêngan dalêm nata saputra santananipun, kados ta:

I. Bab tindak-tandukipun Dhoktêr Cipta Mangunkusuma kakala. samantên.

II. Bab wontênipun bêstir hèrphormêr.

III. Bab pêpilahaning kawula dalêm, kalihan kawulanipun guprêmèn, tuwin sapanunggilanipun. Ingkang Narpawandawa manah badhe damêl kirang prayogi tumrap praja Kajawèn (Vorstenlanden) saha dhatêng panjênêngan dalêm nata, awit sadaya wau gandhèng kalihan pêjah gêsangipun Narpawandawa (santana dalêm) dados manawi Narpawandawa mirêng rêmbag ingkang badhe botên utawi kirang prayogi katindakakên, manawi miturut pamanggih Padmahartanan, Narpawandawa kêdah namung kèndêl kemawon. [kemawo...]

--- 127 ---

[...n.] Punika kajawi botên sagêd, jalaran ing wêwaton bab 2 sampun nêmtokakên: anjagi wilujêng saha prayoginipun nagari tuwin karaton dalêm ing Surakarta, kabatosanipun inggih dosa sangêt. Awit angèngêtana bilih para warga Narpawandawa punika sami putra santananipun panjênêngan dalêm nata, ing môngka nata kawajiban amêngku praja, dados botên ketang namung sakêdhik sangêt pandumanipun, para putra santana wau ugi tumut anggadhahi kawajiban, anjagi murih wilujêng sarta lastarinipun praja tuwin karaton dalêm ing Surakarta. Dene pundi ingkang kêdah katindakakên rumiyin, kawontênan maligi bêtahipun santana piyambak punapa ingkang gandhèng kalihan praja. (politiek) punika pamanggih kula rèhne pulitikipun wau ugi bêtahipun para santana piyambak, inggih pundi ingkang parlu kamanah rumiyin, karumiyinakên.

Dados wosing pamanggih kula, bakuning tindakipun Narpawandawa prayogi lastari kados ingkang sampun, dene têrangipun.

I. Lastari anjagi saha ngajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm, sarta anjagi kawilujêngan saha prayoginipun nagari tuwin karaton dalêm ing Surakarta.

II. Pancèn dèrèng nate malêbêt dhatêng kalangan pulitik umum, kados ta rêmbagan bab bêstir hèrpormêng ing Indiya, purunipun inggih namung ingkang badhe katumrapakên nagarinipun piyambak.

Kados sampun cêkap samantên anggèn kula ngaturi katêrangan, kajawi saking punika èngêt kula nalika parêpatan agêng ingkang kapêngkêr wontên abipraya, punika pangarsa sampun mratelakakên kalayan cêkak, bilih Narpawandawa punika dede pakêmpalan pulitik, nanging jalaran saking adêgipun, kapêksa kalamôngsa tumut ngrêmbag pulitik ingkang gêgandhengan kalihan kabêtahanipun piyambak, kadosdene wontênipun pakêmpalanipun para Walandi pranakan ingkang nama Indo Europeesch Vereeniging.

P.S.

Bêtah Angsal Katrangan Saking Pangrèh

Sasorahipun Radèn Mas Tumênggung Sumanagara ing parêpatan agêng Narpawandawa nalika kaping 7/8 Mèi 1928 bab mêmurih para santana dalêm ingkang rumaos [ru...]

--- 128 ---

[...maos] sami kapêsan panggêsangan kaprayogèkakên dados tiyang tani ing dhusun, punika pancèn sae. Amargi tumrapipun para santana dalêm ingkang nandhang sangsara risak pangupajiwanipun, nama sami angsal margi utami, ingkang tundonipun sagêd ugi anjog dhatêng alaming kamulyan, samantên wau bilih sasorahipun Radèn Mas Tumênggung Sumanagara inggih kacôndhongan ing pangrèh, liripun bab pirantos tuwin waragating têtanèn sapanunggilanipun kados kajênging sêsorah badhe kaparingan kadarman saking pangrèh sadaya.

Satêmênipun kula inggih ragi gumun, dene sampun wontên margi glidhig makatên têka dèrèng wontên banèkipun ingkang sami kaparêng langkung ing ngriku, kacihna dèrèng kamirêngan grunêngipun warga ingkang sami darbe atur panyuwun nyuwun lilah ngrucat busananing kasatriyan salin pangagêman cara tiyang tani. Lah sumôngga para sadhèrèk coban-coban sami dipun raosakên, puluh nyatriyaa punika yèn dhapur sangsara sampun saèstu dhawah nistha, kosokwangsulipun sanadyan dados tiyang tani ing dhusun nanging mukti wibawa, saèstu dhawah utama.

Amung kuciwanipun sakêdhik, dene pangrèhing Narpawandawa têka dèrèng wontên titikipun condhong dhatêng sasorah wau, tandhanipun ngantos sapriki botên wontên suwantêning rêmbag ingkang sambêt kalihan suraosing sasorah mupakat lan botênipun. Dados sagêd ugi anggènipun sami dèrèng gadhah panyuwun wau amung sabab pangrèh dèrèng nawèkakên dhatêng para warga, bokmanawi. Awit jangkêp tuwin runtutipun pangrèh kêdah paring katrangan kadospundi ingkang dados kaparêngipun. Dene bêtahipun katrangan para warga ingkang parlu, botên sanès inggih amung bab sadaya wragat-wragat wau pangrèh punapa ugi karsa maringi kadarman sacêkapipun.

Manawi mirit kathahing arta kas, cariyosipun sadhèrèk ingkang mangrêtos, ing Narpawandawa sampun gadhah arta kalih ewonan, kados sampun kuwawi kangge wragat tambal sulam karisakaning panggêsanganipun para warganipun sawatawis, mila sawêdaling sêratan kula punika mugi pangrèh kaparêng lajêng maringi katrangan saparlunipun.

15-8-28.

R. M. Sugêng, ing Dhukun.