Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 10, Kaping 15 Rabingulakir Alip 1859, Utawi Kaping 1 Oktobêr 1928.

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Rêginipun organ punika sataun f 2,50, bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1928. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, Carikan Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara- wara

Pangrèh ngaturi uninga, nalika ing dintên malêm Kêmis kaping 19/20 wulan Sèptèmbêr kapêngkêr punika, pangrèhing Narpawandawa parêpatan wontên ing dalêm Adiwijayan, rêmbag-rêmbag ingkang kaputus kados ing ngandhap punika:

I. Benjing tingal dalêm tumbuk yuswa 64 taun, amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 Rêjêb Alip 1859 utawi kaping 3 Januari 1929 Narpawandawa badhe damêl nitikipun sampeyan dalêm ingkang wicaksana (Jubileumnummer) mawi karêngga ing gambar sawatawis, isinipun kawiwitan nalika krama dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping IX lajêng wiwit timuripun sampeyan dalam kangjêng gusti pangeran adipati anom, lajêng jumênêng nata ngantos dumugi sapunika, sarta kawontênanipun praja tuwin karaton dalêm dalah saewah- ewahanipun, utawi kawontênan-kawontênan ing jaman kina ingkang gandhèng kalihan karaton. Nagari [Naga...]

--- 130 ---

[...ri] saha panjênêngan dalêm nata, ingkang kapatah dados panitya, 1. B.K.P.H. Suryaamijaya minôngka pangarsa, 2. K.P.H. Cakradiningrat, 3. R.M.H. Suryaningrat, 4. R.T. Sastrawadana, sarta 5. R. Ng. Purwasastra.

II. Bab sêsorahipun R.M.T. Sumanagara ingkang kawrat ing organ, ôngka 7 sarta 8 sarèhning sampun wontên sadhèrèk sawatawis, ingkang nyuwun siti ing Sragèn, amila pangrèh lajêng matah panitya inggih punika 1. R.M.H. Wuryaningrat, 2. R. T. Martawadana, 3. R. M. Ng. Citrakusuma, supados anyinau kawontênanipun siti-siti ing Sragèn wau, lan sanès-sanèsipun, wondene anggènipun pangrèh damêl panitya punika, jalaran usulipun R.M.T. Sumanagara wau sampun nate karêmbag panjang wontên parêpatan pangrèh nalika tanggal kaping 10/11 April 1928 bab wau pancèn kathah sangêt èwêt-pakèwêdipun, amila para sadhèrèk ingkang sami nyuwun siti-siti wau kaparênga anyrantosakên ngêntosi palapuranipun panitya kasêbut ing nginggil.

III. Pangrèh nampèni sêratipun pangrèh pralenan Narpawandawa, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Katur pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa.

Pangrèh pralenan Narpawandawa ngaturi uninga, rèhning adêging pakêmpalan pralenan punika saking Narpawandawa, sarta ingkang katampi dados warganing pralenan punika kêdah ingkang sampun malêbêt dados warganing Narpawandawa, ing môngka wiwit adêging pakêmpalan pralenan dumugi samangke, kawontênaning warga dèrèng sapintêna katimbang cacahing warga Narpawandawa, dados tampining pasumbang ugi dèrèng sapintêna utawi dèrèng sagêd nêtêpi pranatanipun tampi f 50,- ingkang makatên wau pangrèh pralenan kuwatos bilih suda-sudaning warga sagêd adamêl ringkihing pakêmpalan utawi pakêmpalan sagêd ugi bibar, jalaran saking têlasing warga.

Awit saking punika, miturut putusaning parêpatan warga nalika ing dintên malêm Sabtu kaping 23/24 Marêt ingkang kapêngkêr punika, pangrèh pralenan nyuwun ing pakêmpalan Narpawandawa supados para warganipun Narpa sami lumêbêt dados [da...]

--- 131 ---

[...dos] warga pralenan, utawi kadospundi sagêdipun warga pralenan mindhak-mindhak cacahipun, ingkang makatên punika pangrèh pralenan anyumanggakakên ing pakêmpalan Narpawandawa kadospundi kalampahanipun.

Kasêrat kaping 16 April 1928.

Parêpatan warga katuntun dening wacaka artaka I margi sami kapambêng, Wg. Yasadipura.

Wacaka artaka II

Wg. Artapratignya.

Kasêbut ing nginggil punika kadospundi pamanggihipun para warga, kaparênga lajêng maringi katrangan, parlu badhe kangge pawitan rêrêmbagan ing parêpatan agêng.

Kaping 1 Oktobêr 1928.

Pangrèh

Kados ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 6 kaca 69 adêg-adêg 2 putusanipun parêpatan agêng mirunggan, kala ing dintên malêm Salasa kaping 7/8 Mèi 1928 Narpawandawa saèstu ngaturan sêrat suwunan (rêkèn) dhatêng pamarentah luhur, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Aan

Zijne Excellentie den Gouverneur Generaal van Nederlandsch Indie.

Geven met verschuldigden eerbied te kennen de ondergeteekenden K. P. H. Hadiwidjojo en R.T. Gitodipoero, beiden wonende terhoofdplaats Soerakarta, in deze handelende respectievelijk als voorzitter en secretaris van de adelsvereeniging "Narpowandoro" gevestigd ter hoofdplaats Soerakarta:

dat Maandagavond den zevenden Mei 1928 de vereeniging "Narpowandowo" voornoemd een algemeene vergadering in de sociteit Habiprojo te Soerakarta belegde, waarop de bestuurshervorming in de Vorstenlanden en in het bijzonder in Soerakarta werd besproken dat, op die vergadering de volgende verlangens eensteming tot ulting kwam, welke ondergeteekenden de vrijheid nemen hiermede ter kennisse van de Regeering te brengen' te weten.

I. dat zoo spoedig mogelijk het bij staatsblad 1927 no. 560 ingevoerde bestunrshervorming moge worden gevolgd door de elders reeds ingevoerde staatkundige hervorming.

II. dat bij die staatkundige hervorming moge rekening gehouden worden met de motie van Narpowandowo op 17 April 1927 aangenomen en reeds ter kennisse van de Regeerings gebracht;

III. dat daarbij op duidelijke wijze het ernstig streven van de Regeering aan den dag zal treden aan de Zelfbesturen zooveel mogelijk bevoegdheden over te dragen, hetgeen ertoe kan voeren dat de Gouverneur te Soerakarta zich tot toezicht-houden en waar noodig voorlichting geven kan bepalen;

--- 132 ---

IV. dat alleen hierdoor, in verband met de geevenschte instellingen van plaatselijke vertegenwoordigende lichamen der ingezetenen het besef kan worden gegeven, dat zij niet achterstaan bij de inwoners van de Gouvernementslanden, die reeds gelegenheid verwierven over de gemeene zaak mede te beraadslagen;

V. dat toch een voortdurend gevoel van achteraf te zijn gezet voor de rustige stemming onder de Javanen in de Vorstenlanden niet bevorderlijk kan wezen.

Redenen waarom ondergeteekenden Uwe Excellentie eerbiedig verzoeken, het daarheen te willen leiden dat aan de boven omschreven verlangens worden tegemoet gekomen.

Hetwelk doende enz.

Soerakarta den 6 Juli 1928.

(w. g.) HADIWIDJOJO, Voorzitter.

(w. g.) GITODIPOERO, Secretaris,

Prêtalanipun têmbung Jawi badhe kapacak ing organ wulan ngajêng.

Parentah Indhonesiah Kalihan Para Sèlêpbêtiripun Tiyang Siti

(Pêthikan saking sêrat kabar Sêdyatama kaping 31 Dhesèmbêr 1927 ôngka 297 anggènipun mêthik saking sêrat kabar Timbul, ing pungkasanipun wulan Nopèmbêr 1927 ôngka 21)

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9.

Awit saking punika sampun lêrês sêrat Encyclopaedie van Nederlandsch Indie jilid IV kaca 527 nyêbutakên makatên: kasokwangsulipun, tumrap babadipun prajanjian-prajanjian pulitik punika prêlu sangêt saupami sagêd nyumêrêpi, pundi bab-babipun sêrat-sêrat prajanjian, ingkang wontênipun lakar saking panêdhanipun sèlêpbêstir piyambak, pundi ingkang damêl pakèwêdipun. Pancènipun ugi wontên paedahipun, saupami katitipriksa, ungêl-ungêlaning sêrat-sêrat prajanjian ingkang sampun dipun ajêngakên dening para residhèn, punika ingkang pundi ingkang dados kawratanipun para sèlêpbêstir. Saupami wontên karampunganing pangadilan ingkang botên bau-kapine, ingkang nêrangakên bab sêrat- êrat prajanjian pulitik, parentah Indhonesiah kalingsêman. Panyudaning panguwasanipun para sèlêpbêstir ingkang prlêu-prêlu katindakakên ing Porstênlandhên, ing môngka parentah mratelakakên kawrat ing sêrat Bèiblad tuwin ing rat [ra...]

--- 133 ---

[...t] kawula, bilih ingkang prêlu piyambak, para warganipun sèlêpbêstir punika kêdah ajêg sami tumut anggarap sadaya nalar tumrap nagari tuwin têtiyang ing wêwêngkonipun, sarta prêlu sangêt kaangkah sagêdipun angwontênakên kawontênan kados ingkang kapratelakakên wau, supados pikajêngipun têmbung sèlêpbêstir punika sagêd tumindak sayêktos ... samangke para sèlêpbêstir punika ingkang kathah dèrèng makatên.

Mênggah ingkang sangêt damêl sêriking manah punika, anggènipun wêwênang- wêwênang ingkang wontênipun saking lêlampahan utawi lêlabêtan rumiyin-rumiyin, sabên-sabên tansah dipun suda. Ngèngêtana dadosipun sêtatsêblad taun 1906 ôngka 277 ingkang ngêwrat pranatan bab pangupakaranipun tiyang sakit ewah. Sanadyan pranatan wau nyulayani ingkang sampun dados wêwênang tuwin kuwajibanipun sèlêpbêstirdhêr, ewadene kenging dipun anggêp botên dados punapa, amargi dadosipun pranatan wau sampun sarêmbag kalihan para sèlêpbêstirdhêr piyambak, ananging tumrapipun sêtatsêblad taun 1921 ôngka 506 ingkang ngêwrat pranatan bab ingkang kawastanan kawulanipun gupêrmèn ing padhenan Surakarta tuwin Ngayugyakarta, botên makatên, awit nalika ngèngrèng pranatan wau botên rêmbagan rumiyin kalihan para sèlêpbêstir, ing môngka pranatan wau nyulayani pêpacak-pêpacak bab wêwênanging sèlêpbêstir.

Sêsilahaning kawulanipun sèlêpbêstir kalihan kawulanipun gupêrmèn, ingkang manggèn nunggil sanagari, tumrap satunggil-satunggiling golongan wontên tatanan saha pêpacakipun piyambak, punika sampun tamtu tansah murugakên kosèk, saha anggêmpilakên panguwasanipun sèlêpbêstir.

Kajawi kathahing panyudanipun wêwênang nyêpêng pangadilan ing taun 1847-1876 langkung malih ing taun 1903 tuwin 1917, inggih punika pangadilan Jawi dipun ewahi sangêt utawi kasuwak babarpisan, wêwênang nyêpêng pulisi (tumrap kawulanipun para sèlêpbêstir katindakakên dening para abdinipun sèlêpbêstirdhêr, sêsarêngan kalihan pulisi gupêrmèn tumrap para kawulanipun gupêrmèn) ugi dipun suda kathah sarta paprentahan Walandi lajêng gadhah wêwênang tumut cawe-cawe.

Pulitikipun parentah Indhonesiah tumrap pangiyukipun pulisi ing Porstênlandhên [Porstê...]

--- 134 ---

[...nlandhên] punika botên sagêd kasumêrêpan cêtha. Pulisi ing Porstênlandhên wau kabawah dhatêng sèlêpbêstir punapa botên. Amargi pangagêngipun pulisi ing Porstênlandhên punika amtênar gupêrmèn, sadaya palapuran kêdah katur dhatêng para amtênar paprentahan Walandi sarta sadaya tatananipun pulisi kaasta dening gupêrmèn Indhonesiah, ing ngriki kula botên badhe ngrêmbag ingkang sampun kacoba katindakakên ing Ngayogyakarta ing taun 1919, inggih punika ingkang kawastanan kiltir brigadhê, ingkang kawontênakên dening satunggiling residhèn, mligi kangge rumêksa tanêman têbu sasaminipun, gêgandhengan kalihan bab punika kêdah kapratelakakên ugi, bilih ing Porstênlandhên kawontênan watêrsêkap-watêrsêkap, (wêwêngkon-wêwêngkon ilining lèpèn-lèpèn) mawi wêwaton Walandi balêjêd, tuwin kawontênan Centraal waterschapkantoor botên saking para sèlêpbêstir sarta tumindaking padamêlanipun kantor wau ingkang kathah botên sarêmbag kalihan para sèlêpbêstir.

Lêrês cariyosipun sadhèrèk Dhoktêr Rajiman, ingkang sagêd sumêrêp têrang kawontênanipun para sèlêpbêstir, wontên ing parêpatan rad kawula kaping 10 Juli 1919, kados ing ngandhap punika:

Ananging tiyang ingkang sumêrêp kawontênanipun Porstênlandhên, tamtu mangrêtos bilih sadaya-sadaya punika gumantung dhatêng wêwatêkanipun wêwakilipun guprêmèn, (residhèn) kawontênan ingkang kados makatên wau angrandhatakên kamajênganipun para sèlêpbêstir. Manawi para sèlêpbêstir punika tansah dipun candhêt, kadospundi sagêdipun majêng rumaosipun gadhah têtanggêlan tuwin dêrêngipun angwontênakên ada-ada punapa-punapa.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya inggih mêntas anglairakên bab-bab ingkang dados kawratanipun para sèlêpbêstir, tumrap tatanan enggal bab paprentahan, ingkang karêmbag botên mawi nyêdhahi sèlêpbêstir. Jalaran saking pamrayoginipun residhèn dhatêng para sèlêpbêstirdhêr, murih saening tumindakipun panggaotan-panggaotan sèlêpbêstir punika buku-bukunipun kêdah kapriksa dening akuntan, lajêng wontên akuntan guprêmèn kabiyantokakên dhatêng para sèlêpbêstir, ananging palapuran-palapuranipun akuntan wau kakintunakên dhatêng Batawi rumiyin, sasampunipun sawêg kauningakakên [kau...]

--- 135 ---

[...ningakakên] dhatêng para sèlêpbêstir.

Pangajaranipun para priyayi pangrèh praja tuwin karerehanipun taksih kirang sangêt, ewadene para putra tuwin santana sami dipun suwak pamêdalipun. Bokmanawi wontên ingkang mastani bilih ingkang makatên punika sampun lêrês, ananging manawi kawontênan-kawontênan ingkang kirang prayogi dening wontêning lêlampahan ingkang sampun têtaunan wau badhe kaewahan, ingkang salaras kalihan umbyaking jaman, saha kawontênan-kawontênan enggal. Tumindakipun kêdah kaangkah sampun ngantos damêl pituna sangêt-sangêt dhatêng têtiyang ingkang kêpêksa katrajang tatanan enggal, upami sarana dipun kawekani supados sagêd angsal pangajaran ingkang sae, nalika kaping 10 Juli 1919 sadhèrèk Dhoktêr Rajiman sampun mratelakakên bab punika ing parêpatan rad kawula makatên: (mirsanana sêrat pèngêtaning parêpatan rad kawula taun 1919 kaca 465).

Awit saking ewahing jaman, inggih punika srawungan kalihan têtiyang bôngsa Eropah, ingkang pamanggih-pamanggihipun, tatacara tuwin adat-adatipun sanès, makatên ugi tatananing praja dalah saprabot-prabotipun, padamêlan-padamêlan ingkang rumiyin-rumiyin punika saya dangu saya botên kangge, ananging têtêping asmanipun panjênêngan nata, sanadyan padamêlan-padamêlan wau kasuwak, têtiyangipun taksih lêstantun dipun abdèkakên. Punika satunggiling prakawis ingkang kêdah dipun èngêti sarta ingkang gêgandhengan kalihan wontênipun kaprabon ing wêkdal punika tuwin waragadipun. Ingkang makatên wau kenging kawastanan kêkiyatan ingkang dados botên katawis, jalaran saking kêpêksa tumrap gêsanging praja, ananging botên mêwahi sêsanggènipun tiyang alit tinimbang ingkang sampun. Inggih lêrês kêkiyatan ingkang botên katawis punika botên migunani, ananging punapa panindak ingkang sarana ngicali tumuntên kêkiyatan wau kenging kawastanan panindak ingkang prayogi: saking pamanggih kula botên. Para sèlêpbêstir sampun sami ngrêtos piyambak bab punika wau: nalika ngrêmbag rêrantaman lêbêt wêdalipun arta nagari tumrap taun 1919 ing Surakarta, prakawis wau sampun karêmbag ugi, ananging kala samantên karampunganipun, panyuwakipun padamêlan-padamêlan ingkang sampun botên [botê...]

--- 136 ---

[...n] cocog kalihan jaman punika kêdah amung kalihan lumampah sarta ingkang katamtokakên nindakakên padamêlan -padamêlan enggal, sasagêd-sagêd para abdi dalêm ingkang sampun wontên. Punika kula sagêd ngaturi pasêksèn têrang saking ingkang kawrat ing rêrantaman lêbêt wêdaling arta nagari. Taksih wontên sambêtipun.

Kangge Mangsulakên Ajining Kamanungsanipun Tiyang Ingkang Sampun Anglampahi Paukuman, Murih Anggadahi Kalakuan Sae Malih

Para maos tamtu sampun uninga, bilih para tiyang-tiyang ingkang sampun anglampahi paukuman. Punika lajêng suda ajining kamanungsanipun, malah manawi kula botên kalintu, ing wêwatonipun agami Islam, nyêbutakên tiyang ingkang sampun kaukum ing pangadilan punika botên wênang malèni (dados wali), langkung malih dhatêng raosipun sêsrawungan punika lajêng katawis sudanipun.

Prakawis punika, sanadyan ingkang sami anglampahi wau nama ugi dipun têmaha, nami mênggahing sababipun têmtu warni-warni, kados ta saking kakirangan lajêng kapêksa anglampahi tindak awon, sarta saking sabab sanèsipun. Ingkang anjalari sagêdipun kaukum.

Dhêdhasar sarta sêdyanipun sadaya tiyang punika, mêsthi badhe tumindak sae, wondene lajêng anglampahi awon punika nama sambekala ing margi, kula upamèkakên badan kenging sêsakit. Sêsakit wau mila wajib tumuntên dipun jampèni. Sarananipun anjampèni kalakuanipun tiyang ingkang risak lajêng sagêd pulih dados sae malih, punika nun inggih botên gampil, upaminipun:

Ha: kêdah tansah dipun sêsorahi,

Na: dipun sukani tuladan kadadosanipun pandamêl awon utawi sae.

Ca: dipun wulang nyambut damêl damêlan tangan, kriya sarta sanèsipun.

Ra: dipun sêsaras badanipun murih sampun ngantos kêsèd.

Mila sayoginipun kêdah ngawontênakên bêbadan ingkang manah bab punika.

--- 137 ---

Ing nagari Batawi sampun kawontênakên bêbadan manah kawontênanipun sadaya bôngsa tiyang ukuman, kanamakakên Nederlandsch Indische Reclasseering Vereeniging wondene katranganipun ingkang radi panjang kawrat wontên Panji Pustaka basa Malayu ôngka 37 bokmanawi wontên prayoginipun kula têdhak kangge katrangan minôngka kanthinipun karangan kula punika, mênggah parlunipun sagêda dados tuladan ing sanès-sanès panggenan. Langkung malih sagêda dados panggalihanipun pangrèh Narpawandawa, bilih sagêd kalêksanan pakêmpalan tiga Narpawandawa, ngawontênakên ada- ada wau, saiba badhe agênging pigunanipun dhatêng para darah ingkang sami kataman.

AwikAwit. saking punika pangajêng-ajêng kula sadaya usul-usul ingkang kapacak sêrat sarta ingkang kawrat ing organ, mugi wontêna kaparêngipun pangrèh paring kabar, wasana sadèrèng sasampunipun matur nuwun dhatêng raka up rêdhaktur.

Warga Narpawandawa Padma Hartana.

Mengumbalikan Darajat orang yang lepas dari hukuman.

Orang yang sudah berkenalan dengan "hotel prodeo" itu, apa boleh dibikin baik lagi?

Buah dunia Eropa, pertanyaan itu sudah lama dipikirken, berselang seabad lebih yang lalu.

Umpamanya antara tahun 1849-1856, seorang tukang sepatu di Borton sudah pernah menolong 253 orang laki-laki dan 149 orang perempuan, yang sudah dijatuhkan hukuman oleh hakim. Tukang sepatu itu menanggung kepada hakim, bahwa kelakuan mereka itu akan baik kelak, aken tetapi ia minta kepada hakim agar supaya orang-orang hukuman itu jangan disuruh melakukan dahulu hukumanya serta hendaklah di biarken diam di luar "hotel prodeo" Permintaan itu dikabulkan, dan setelah itu tukang sepatu itupun lalu berusaha dan bekerja, membawa sekalian orang yang berdosa itu ke jalan yang baik dan utama. Heran sekali!

Seorangpun dari pada sekalian orang yang berdosa itu, ta ada yang mengerjaken kembali kejahatanya, melainken sekaliannya menjadi baik belaka, hidup dan berguna dari dunia pergaulan.

Apakah di Hindia ini, aken dapet jugakah dilakukan sedemikian itu?

Pemerentah sudah bercita-cita dan menimbang, hendak bekerja dalem arah tujuan itu, artinya hendak mengembalikan derajad orang yang dikenaken hukuman (berdosa) Hasil pertimbangan itu, lebih dahulu Pemerentah mengadaken peraturan. Voorwaardelijke invrijheidstelling dalem Kitab Hukuman, artinya bahwa orang yang lagi menjalani hukumannya dalem penjara, jika dari pada tingkah lakunya kenyataan, bahwa ta boleh di harep aken menjadi orang baik maka ia dikeluarkan dari penjara, sedang hukumannya itu belum habis. Kemudian mulai 1 Januari 1927

--- 138 ---

peraturan itu diperbaiki pula serta diadaken lagi peraturan voorwaardelijk veroordeeling, artinya orang yang dikenakan hukuman boleh tida dimasuken ke penjara, melainkan terus dimerdikaken, tetapi dengan perjanjian, jika ia dalem sekian tempo berbuat lagi kejahatan, maka hukumannya itu wajib dijalaninya sebagaimana mestinya. Jika selama tempo yang dijanjikan itu, ia tida berbuat kejahatan, maka kabeslah hukumannya itu.

Siapa yang boleh dikenaken "hukuman yang pakai janji" itu, siapa pula yang tidak, itulah diserahkan kepada pertimbangan hakim.

Pada 27 Februari 1928 sudah didirikan pula perhimpunan reclassering di Batawi, tida hanya untuk bangsa Eropah melulu, melainken buat segala bangsa dan agama.

Perhimpunan itu, namanya Nederlandsch Indische Reclasseering Vereeniging.

Anggèn kula nêdhak saking Panji Pustaka punika namung kula pêndhêt ingkang parlu-parlu kemawon, dados botên kula têdhak sadaya, ewadene manawi raka up rêdhaktur galih parlu katêdhak sadaya, inggih nyumanggakakên.

Padma Hartana.

Pralenan Narpawandawa

Sangêt suka sukur kula nyumêrêpi panjurung andharanipun R. Aj. Partaatmaja, kawrat organ Narpawandawa ôngka 7 ingkang nêmbe kapêngkêr punika, sapisan rumaos bingah dene kula sagêd salanggapan rêmbag akalihan prayantun putri ingkang jêmbar wawasanipun, kaping kalih bingah dene botên kula piyambak ingkang badhe purun migatosakên urun rêmbag bab pangrèh amrih widada tuwin agêngipun pakêmpalan pralenan Narpawandawa.

Wosipun R. Aj. Partaatmaja anyulayani pamanggih kula ingkang sampun kula wêdharakên wontên ing organ ngriki, inggih punika:

a. Warga enggal kêdah katêtêpakên ambayar arta kêncèng: 2 rupiyah 50 sèn, nanging ingkang kaanggêp manjing èntre inggih namung ingkang 1 rupiyah, dene ingkang 1 rupiyah sèkêt sèn manjing tandhon, manawi botên kadugi kados makatên ingkang nêdha dados warga enggal kêdah katulak, amargi tatanan wau sampun kagalih utami dening pakêmpalan, sampun kabobot saking kamayaran saha ènthènging waragad, sapiturutipun, atur wangsulan kula: sarèhning panjênênganipun radèn ayu tuwin kula sampun sami dados warga pralenan, bokmanawi

--- 139 ---

bab karaosipun ing dalêm manah kula sami kemawon kalihan karaosipun ing dalêm galihipun R. Aj. Partaatmaja, jêr sayêktosipun sami badhe botên kataman dhatêng tatanan wau, punapa botên makatên? Wondene anggèn kula kawêdhar gadhah pamanggih kados ingkang sampun kawrat ing organ, mawi angalèki kenging kacicil punika amung rumêksa dhatêng para sadhèrèk utawi warga ingkang kasobekan, sampun ngantos pralenan Narpawandawa kenging raos angêmohi dhatêng para sadhèrèk ingkang kacomprengan arta, sarana damêl gêlar utawi tatanan ingkang dhapur angawrat-awrati lumêbêtipun para warga ringkih, karana sajatosipun kita warga pralenan pancèn inggih bêtah wêwah-wêwahipun warga enggal, awit wêwah- wêwahipun warga enggal tamtu badhe nyantosakakên adêgipun pakêmpalan, sumbanganipun arta pralenan badhe botên kuwatos sansaya susut, suda satunggal wêwah kalih, suda kalih wêwah tiga, makatên salajêngipun, dening para sadhèrèk sami sagêd nyumêrêpi bilih tatananipun pralenan Narpawandawa sansaya katingal sae saha botên awrat tumrap dhatêng para ingkang sami sumêdya mêndhêt paedahipun, ewa makatên manawi para warga ingkang kathah- kathah sami sarujuk anggalih parlu warga enggal kêdah bayar 2 rupiyah 50 sèn, supados sagêd anyantosakakên simpênanipun kas, pamanggih kula para warga lami inggih prayogi katamtokakên wudhu malih sumêrêp tandhon kathahipun: 1 rupiah 50 sèn, dados ngadil, tindak ngadil botên susah kula andharakên wontên ing ngriki, mênggah agênging paedahipun dhatêng sadaya ingkang kataman, brètènipun ingkang gampil kacêtha istingangkahipun tamtu badhe andhanganakên dhatêng para sadhèrèk ingkang dèrèng dados warga pralenan, lajêng purun malêbêt dados warga dening nyumêrêpi pangrêngkuh sae, makatên malih badhe sansaya nambahi santosanipun kas wau.

b. Kados sampun cêkap katêrangan kasêbut ing nginggil, pambedanipun warga lami kalihan warga enggal kados cêkap kasimpên wontên ing raos kabatinan kemawon, warga lami sampun kathah dananipun dhatêng para warga ingkang ngrumiyini tilar dunya, warga enggal dèrèng, sansaya ingkang ujug-ujug lajêng dados damêl awit angrumiyini [angru...]

--- 140 ---

[...miyini] ajal, dèrèng ngantos adêdana dhatêng para sadhèrèk, jêr kita wiwit malêbêt inggih sampun gadhah tancêp niyat gêsang sêsarêngan utawi tulung-tinulung.

Kareta Layon

Kula angrujuki pamanggihipun R. Aj. Partaatmaja, ingkang dipun paringi kenging ngangge kareta layon botên ngêmungakên santana canggah ingkang pangkat mantri, sanadyan ingkang namung pangkat lurah bêkêl jajar utawi partikulir, prayogi kasuwunakên, sagêdipun angsal sih wilasaning nagari, awit pêpangkataning canggah sampun kasami mantri, wusana sumôngga para pangrèh.

Wiraka

Pamanggih rêmbag bab pralenan kados sampun cêkap samantên kemawon, amargi saupami kalajêng-lajêngna badhe tanpa wusana, gabug aos benjing parêpatan warga pralenan karêmbag malih satlêsihipun.

Red.

Urun Wudhu

Bingah sangêt manah kula, dene organ kita kaparêng ngêwrat tatananipun tanah Indhiya Nèdêrlan, ingkang sayêktosipun maedahi sangêt tumrapipun para warga saha para maos sadaya, namung wontên ingkang kirang têrang sakêdhik, cobi manawi sadhèrèk rêdhaktur kaparêng kula badhe mêwahi katrangan, supados sampun andadosakên kalèntunipun para maos.§ Rêdhaksi bingah sangêt manawi wontên sadhèrèk ingkang karsa nglerêsakên, utawi nambahi katrangan kados panjênêngan punika, botên langkung namung matur nuwun.

Ing organ ôngka 2 kaca 12 adêg-adêg 5 saking nginggil, mratelakakên mênggah K.T.G.G. punika kagungan wawênang ingkang langkung saking murwat, têmbungipun Walandi extorbitante rechten inggih punika manawi wontên tiyang kalairan tanah Indhiya kagalih mutawatosi dhatêng tata-têntrêming nagari, K.T.G.G. wênang andunungakên tiyang wau dhatêng salah satunggiling panggenan salêbêting tanah Indhiya. Upaminipun, Kaji Misbah kadunungakên ing pulo Papuwah, utawi ngawisi ngambah-ngambah salah satunggiling panggenan, kados Dhoktêr Cipta rumiyin botên kenging ngambah sadaya karesidhenan ingkang têtiyangipun wicantênipun cara Jawi, sapiturutipun, namung tumrap upami ingkang ôngka 2 inggih punika Dr. Cipta Mangunkusuma dipun awisi dêdunung ing Porstênlandhên, punika lêrêsipun botên namung ing Porstênlandhên kemawon [kema...]

--- 141 ---

[...won] (Solo-Djoeja) nanging dipun awisi adêdunung wontên ing tanah ingkang tiyangipun ngangge têmbung Jawi, kados ta: Madiun, Sêmarang, Rêmbang, Kêdhiri, Kêdhu, tuwin sapanunggilanipun, dados kengingipun adêdunung wontên ing tanah Pasundhan, Madura, tuwin sapanunggilanipun, ingkang tiyangipun botên ngangge têmbung Jawi.

Ing kaca 13 adêg-adêg 3 ugi saking nginggil, sêsarênganipun jumênêng G.G. litnan G.G. saha para warganing rad Indhiya, punika botên namung raka, rayi utawi ipe, nanging tumrap para sanakipun dumugi grad IV saking saliranipun utawi saking ingkang garwa utawi malih manawi wontên grad susulan, kados ta upaminipun K.T.G.G. mundhut garwa sadhèrèkipun salah satunggiling warga rad Indhiya, punika ugi botên kenging sami jumênêng, malah satunggalipun kêdah lèrèh.

Ing kaca 14 adêg-adêg 2 saking nginggil, algêminê sèkrêtaris, punika klèntu, lêrêsipun algêminê sèkrêtari, kantoripun wontên kalih panggenan, inggih punika ing Batawi saha ing Bogor, namung ingkang agêng ingkang wontên ing Bogor, parlunipun ing Batawi ugi dipun wontêni kantor algêminê sèkrêtari punika jalaran sabên rad kawula parêpatan K.T.G.G. wau lajêng anjrak wontên ing Batawi, konduripun dhatêng ing Bogor bilih ing rad kawula sampun botên parêpatan, wondene prayagung ingkang ambantu algêminê sèkrêtari wau botên 5 nanging namung 3, sarta kantor algêminê sèkrêtari punika botên wajib nyimpên sadaya sêrat-sêrat utawi tatêdhakan sêrat dhinês, kados ingkang kasêbut adêg-adêg ôngka 3, nanging namung tumrap sêrat-sêrat ingkang dhatêng ing ngriku kemawon, namung kantor algêminê sèkrêtari wau gadhah wajib adamêl kêkancinganipun (besluit) K.T.G.G. kados sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula mêwahi katrangan.

Darah Kasugihan

Indhiya Nèdêrlan

VII

Rad Kawula

Sadèrèngipun amratelakakên kawontênanipun rad kawula, (Volksraad) langkung parlu ngandharakên rumiyin kawontênanipun sêtatên jendral ing nagari Nèdêrlan,

--- 142 ---

dados sagêd langkung têrang amargi rad kawula wau saèmpêr kados st. Gen mênggah kawontênanipun sêtatên jendral (staten-Generaal) wau kados ing ngandhap punika:

Wawênang Ingkang Agêng

Miturut brosirê ôngka 2 paraghrap 15 ingkang dipun wastani sêtatên jendral (st. Gen) punika parêpatanipun para wêwakiling kawula ing praja Nèdêrlan.

Mênggah panguwaosipun damêl pranatan punika ingkang ngasta sang nata kalihan sêtatên jendral, awit saking punika sêtatên jendral pancèn agêng panguwaosipun, jalaran sadaya pranatan ingkang botên dipun rujuki botên sagêd dados, (botên kenging katindakakên) dados sang nata botên wênang ngagêm sakarsanipun piyambak.

Rèhning warganipun sêtatên jendral punika ingkang milih para kawula, mila panguwaos agêng wau ingkang anggadhahi inggih para kawula piyambak. Jaman rumiyin pranatanipun nagari-nagari ing tanah Eropah utawi buwana sanèsipun botên makatên, sadaya-sadaya namung manut karsanipun sang nata.

Manawi jaman sapunika, sadaya tanah ingkang sampun kenging kawastanan majêng, masthi gadhah yêyasan ingkang mèmpêr kalihan sêtatên jendral ing praja Nèdêrlan wau, ing praja Inggris yêyasan makatên wau dipun wastani parlêmèn (Parlemen) ing Prangkrik, Bèlgi: senat (Senaat) ing Dhitslan: Riksêdhah (Rijksdag) lan sapanunggilanipun.

Tanah Indhiya punika rekanipun inggih gadhah yêyasan ingkang radi mèmpêr kalihan parlêmèn, inggih punika rad kawula (Volksraad) namung kemawon panguwaosipun yèn katandhing kalihan sêtatên jendral, alit sangêt. Awit saking punika pakêmpalan-pakêmpalan pulitik ing tanah Indhiya sami anjôngka dhatêng wontênipun parlêmèn kangge tanah Indhiya, ingkang panguwaosipun sagêd nyamèni sêtatên jendral.

Sarèhning sêtatên jendral punika minôngka dados pusêripun wawênanging para kawula, mila badhe kaandharakên sawatawis panjang.

--- 143 ---

Cacahing Warga lan Parêpatanipun

Sêtatên jendral punika warganipun sadaya wontên 150 warga samantên wau kaperang dados kalih golongan.

Ha. Ingkang 50 kawastanan warganipun Irstê kamêr (Eerste kamer)

Na. Ingkang 100 warganipun twèdhê kamêr (Tweede kamer)

Warga kalih golongan wau yèn pinuju parêpatan inggih manggèn ing kamar piyambak-piyambak, mila irstê lan twèdhê kamêr wau inggih sami gadhah pangarsa piyambak-piyambak. Mênggah pandamêlan saha wawênangipun ugi beda, dalasan pamilihipun inggih botên sami, ewasamantên warga 150 wau asring -asring ugi ngwontênakên parêpatan sêsarêngan, nunggil sapanggenan, linggihipun botên kenging piyambak- piyambak, nanging kêdah campur. Dene ingkang ngêmudhèni parêpatan pangarsanipun irstê kamêr. Miturut gronwèt artikêl 109.

Parêpatan sêsarêngan wau wontênipun:

Ha. Manawi parêpataning sêsatên jendral kabikak sapisan, inggih punika sabên wulan Sèptèmbêr, dhawah dintên Salasa ingkang kaping tiga.

Na. Manawi parêpataning sêtatên jendral ingkang pungkasan badhe katutup, inggih punika ing wulan Sèptèmbêr taun candhakipun, dhawah dintên Sêtu sangajêngipun dintên Salasa ingkang kaping tiga ing wulan wau.

Ca. Manawi sêtatên jendral angrêmbag ingkang badhe ngêmbani (voogdij) lan makili sang nata (regentschap) tuwin malih manawi sang nata enggal badhe jumênêngan.

Tarkadhang cacahipun warga sêtatên jendral punika asring dipun tikêlakên kalih, inggih punika manawi ingkang badhe jumênêng nata anyar wau sanès darah saking oranyê nasao gronwèt tikêl 18) dados cacahing warga lajêng wontên 300 ingkang 150 warga limrah, ingkang 150 malih warga mirunggan (buiten gewone leden) warga mirunggan wau pamilihipun sami kemawon kalihan warga limrah, bilih prakawis jumênêngan sampun kaputus, warga mirunggan wau inggih lajêng dipun kèndêli sadaya. Badhe kasambêtan.

--- 144 ---

Pèngêtan Pindhahipun Karaton Kartasura Dhatêng Ing Surakarta

IV

Sasampuning duhkitèng rat, warata waradin siti numpang badhe rawa. Sigra cinêngkal ukuring nagari, dening ingkang bapa mayor undêr up, kanthi patih Adipati Pringgalaya, Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, Kyai Tumênggung Mangkuyuda, Kyai Tumênggung Tirtawiguna, ingkang nyipat kakêncênganing karaton. Pangeran Wijil, kanthi Kyai Kalipah Buyut, ingkang ngukur adumanising karaton. Kyai Yasadipura, kalih Kyai Tohjaya, sampun rampung karanganipun, saking dhawuh dalêm siti Talawangi kinèn andhudhuki kinarya angurug kadhaton, dadya kanggo sakaro-karone bumi Talawangi kalawan bumi Sala, têrang dhawuh dalêm lajêng dèn yasani kêdhaton sapanunggilanipun. Abdi dalêm lurah undhagi sami anggarap, ingkang sami dados kamisêpuhipun undhagi, Kyai Prabusana, kanthi Kyai Aryasana, Kyai Rajêgpura, Kyai Srikuning, kanthi bausuku môncanagari, ingkang anjênêngi Adipati Pringgalaya, kanthi bupati jawi lêbêt sadaya, sampun paripurna rakiting nagari, ananging kala samantên dèrèng pinagêr banon sawêg jaro bêthèk kemawon, ingkang kinarya dandos. Dadosipun nagari Surakarta Adiningrat, sinêngkalan sirnaning rêsi rasa tunggal (taun 1670).

Kacariyos, kala samantên Adipati Pringgalaya, sampun anampèni palapuranipun abdi dalêm ingkang sami andandosi kadhaton, sampun paripurna, sang nayaka sêkawan trang langkung suka. Sigra nyaosi unjuk, ing sahandhap sampeyan dalêm, anyêranani kadhaton. Ingkang sinuhun dahat suka sukèng wardaya, sigra mundhut arta brana kaparingakên Adipati Pringgalaya, kinèn amaringakên abdi dalêm ingkang mêntas nambut karya, sang nindya mantri matur sandika, arsa nampèni kucah dalêm. Sapraptaning jawi ganjaran dalêm wau sigra kabage dhatêng ingkang para garap, sadaya sampun waradin. Sagunging wadana kliwon,panèwu dhistrik§ Bokmanawi panèwu mantri, namung kupinipun mungêl panèwu dhistrik. Red. lurah bêkêl jajar samya suka, nuwun-nuwun sami anampèni ganjaran. Taksih wontên sambêtipun.