Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 11, Kaping 17 Jumadilawal Alip 1859, Utawi Kaping 1 Nopèmbêr 1928

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Rêginipun organ punika sataun f 2,50, bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1928. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, Carikan Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara- wara

Pangrèh ngaturi uninga, kasêbut wara-wara ingkang kawrat ing organ ôngka 10, bab anggènipun Narpawandawa badhe damêl Jubileum nummer punika, 1. Tumrapipun para warga ingkang sami botên walêd pambayaripun kontribisi, lajêng badhe dipun kintuni nyatunggal-nyatunggal, kalayan lêlahanan, tumrap para warga ingkang sami walêd, anggènipun ngintunakên manawi sampun sah walêdanipun, II. Tumrap para lêngganan ingkang sampun ambayar rêgining organ taun punika sarta botên gadhah walêdan, ugi badhe dipun kintuni kalayan lêlahanan. Amila para warga saha para lêngganan ingkang dèrèng maringi walêdanipun, kaparênga lajêng nglunasi salêbêtipun wulan Nopèmbêr punika.

Kaping 1 Nopèmbêr 1928.

Katandhan administrasi.

--- 146 ---

Pangrèh ngaturi uninga, I. Sarèhning R. M. Ng. Citrakusuma kapatah dados warganing panitya tranmigrasi ing Sragèn, pamit, jalaran kathah pandamêlanipun, ingkang kapatah dados gagêntosipun R. T. Tôndhawadana. II. Pangrèh sapunika sampun nyadhiyani insênyê Narpawandawa, ingkang salaka 1 iji rêgi f 2,50, ingkang jêne 1 iji rêgi f 27,50 dèrèng wragadipun angintunakên, sintên ingkang kaparêng badhe tumbas, lajêng aprasabêna dhatêng panitra II. R. Ng. Purwasastra ing Kapatihan Surakarta. III. Pangrèh nampèni prasabênipun rêdhaksi Pusaka Jawi, manawi benjing marêngi tumbuk dalêm 64 taun, Pusaka Jawi ugi badhe damêl Jubileum nummer sintên ingkang kaparêng badhe tumbas, kenging mêling sapunika dhatêng rêdhaksi Pusaka Jawi piyambak, utawi dhatêng pangrèh Narpawandawa, dene rêginipun dèrèng sagêd namtokakên. Andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 1 Nopèmbêr 1928.

Pangrèh.

Prêtalan Rêkès

Katur ingkang wicaksana kangjêng tuwan guprênur general ing Indhiya Nèdêrlan.

Ingkang sami nandhani nama ing ngandhap punika, K.P.H. Adiwijaya saha R.T. Gitadipura, gêgriya ing salêbêtipun kitha Surakarta, pangarsa saha panitranipun pakêmpalanipun para santana dalêm Narpawandawa, ingkang ngadêg ing kitha Surakarta: angaturi uninga ing ngandhap punika:

Nalika ing dintên Sênèn sontên tanggal kaping 7 Mèi 1928, pakêmpalan Narpawandawa kasêbut nginggil, angwontênakên parêpatan agêng wontên ing abipraya ing Surakarta, parlu angrêmbag pambanguning paprentahan ing Porstênlandhên, punapa malih pambanguning paprentahan ing Surakarta.

Parêpatan wau cêtha manawi gadhah pangajêng-ajêng kados ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap punika, mila ingkang sami anandhani ing ngandhap punika sumêngka ngaturakên uninga ing pamarentah luhur, sadaya pangajêng-ajêng wau, inggih punika:

I. Pambanguning paprentahan (bestherv) ingkang sampun dipun pacak ing sêtatsêblad taun [ta...]

--- 147 ---

[...un] 1927 ôngka 560 sagêda tumuntên kasusulan pambanguning praja (staatkundige) kados ingkang sampun katindakakên ing pundi-pundi.

II. Pambanguning tatanan praja punika sagêda mawi adhêdhasar mosinipun pakêmpalan Narpawandawa ingkang katêtêpakên nalika ing tanggal kaping 17 April 1927 ingkang ugi sampun dipun aturakên ing pamarentah luhur.

III. Pambanguning praja wau sagêda karsanipun pamarentah luhur ingkang ngangkah sasagêd-sagêd pancèn badhe nglumuntakakên panguwaos dhatêng praja -praja Jawi, katingala cêtha, sarta wasananipun sagêda kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta punika namung kantun angulat-ulatakên kemawon. Sarta manawi wontên prêlunipun anyukani pitêdah sacêkapipun.

IV. Gandhèngipun kalihan wontênipun rad-rad ing pundi-pundi panggenan, namung saking sarana kasêbut ing nginggil, sagêdipun kawula ing praja Jawi darbe pangraos, bilih kawontênanipun botên kawon kalihan tangganipun ing tanah guprêmenan, ingkang sampun sami kaparingan wawênang tumut angrêmbag babagan umum.

V. Amargi manawi raosipun kawula praja Jawi anggèning wawênangipun tansah botên sami kemawon kalihan kawula ing guprêmenan, botên sagêd tumuntên sirna, kakuwatosakên bokbilih sagêd mahanani ingkang kirang prayogi.

Awit saking punika ingkang nandhani ing ngandhap punika nyênyuwun ing kangjêng tuwan bêsar, karsaa ngangkah supados pangajêng-ajêng ing nginggil wau kapiturutana.

Surakarta kaping 6 Juli 1928.

Adiwijaya, Pangarsa.

Gitadipura, Panitra.

DhawuhlingDhawuhing. Pangandika Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Adipati Jayanagara.

Kapindhone, ingsun paring wêruh, awit saka layang ature rad nagara, katitimasan [ka...]

--- 148 ---

[...titimasan] kaping 29 Dulkangidah taun Je iki, ôngka 59 surasane ngunjuki uninga ingsun, ing saiki bocah ingsun, manawa lêlungan akèh kang ora manganggo pantês, kaya ta: sarungan, kulambi potong mangkok, kalung andhuk sapêpadhane.

Kang iku adipati, bocah ingsun kang mangkono mau ngrusak tatane karaton ingsun, marmane ing saiki bocah ingsun kabèh padha ingsun pacaki, manawa mêtu saka ngomah liwat ing dalan gêdhe, padha manganggoa kang pantês, dene kang diarani pantês iku nganggo ikêt kulambi lan jarik, sarta nyangkêlit kêris, ananging sanadyan ora nganggo kêris, iya kudu ikêt-ikêtan kulambi jas.

Dene bocah ingsun, kang wis ingsun lilani manganggo cara Walônda kang wis gundhul, manawa nganggo cara Walônda ingsun lilani ora ikêt-ikêtan. Manawa ana kang ora ngèstokake patrapana paukuman, sarta sabisa-bisa dadia panuntune kawulaningsun wong cilik, banjur dhawuhna.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Salasa tanggal kaping 19 wulan Dulkijah Je, angkaning warsa 1846.

Turunan

Bab Pakuburan Ngèndhèn

Ôngka 531/Ha.IV/5

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sêrat paturanipun pangarsaning Narpawandawa, katitimasan kaping 17 Marêt 1928 ôngka 27/137/Na anêrangakên manawi wontên santana dalêm ingkang tilar donya, badhe kakubur dhumatêng ing pulo Ngèndhèn, punika lapuranipun dhatêng pundi.

Mênggah punika, angèngêti suraosing nawala dalêm amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 7 wulan Saban Jimakir 1858, sarèhning pakuburan ing pulo Ngèndhèn wau, kagolongakên kagungan dalêm astana ing Lawiyan, amila wiwit [wi...]

--- 149 ---

[...wit] samangke lapuripun dhumatêng pangagênging parentah karaton, wondene pranatanipun sawêg kapacak, ing wasana mugi andadosakên kauningan, saha salajêngipun kadhawuhakên dhumatêng pangarsaning Narpawandawa, kula nyumanggakakên.

Kaping 27 Marêt 1928.

Pangagênging parentah karaton.

Wg. Kusumayuda.

Ôngka 4454/614 C1/I.

Turunan

Pakunjaranipun Santana Dalêm

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pakêmpalan Narpawandawa awit saking sêrat paturan katitimasan kaping 26 Juni 1928 ôngka 40/140 Na. maringi sumêrêp, nagari sampun anglacak wêwatoning pangunjaranipun santana dalêm ingkang kenging prakawis wontên sajawining guprêmèn Surakarta, botên wontên. Namung kawrat ing anggêr ukum bab 26 mratelakakên: pangadilan dipun sukani wawênang andhawuhakên wontêning karampungan, bilih pasakitan punika kabêkta saking kawontênanipun badan tuwin sanès-sanèsipun, upaminipun santana dalêm utawi priyayi pangkat agêng, punika wontênipun ing guprêmenan, panyambutipun damêl kabedaa kalihan sakitan limrah, inggih punika wontên salêbêting capuri pakunjaran, botên katingal ing tiyang kathah.

Kantor Kapatihan tanggal kaping 19 Sèptèmbêr 1928.

Wg. Wôngsanagara

Parentah Indhonesiah Kalihan Para Sèlêpbêstiripun Tiyang Siti

(Pêthikan saking sêrat kabar Sêdyatama kaping 1 Januari 1928 ôngka 1 anggènipun mêthik saking sêrat kabar: Timbul ing pungkasanipun wulan Nopèmbêr 1927 ôngka 21).

Sambêtipun organ Narpa ôngka 10.

Para punggawa kantoran (bureaucratie) sami botên nyumêrêpi bab warni-warni wau, [wa...]

--- 150 ---

[...u,] tandhanipun nalika jumênêngan ratu enggal ing Ngayogyakarta mawi nyuda pêpancènipun panjênêngan nata, têmahan anjalari tuwuhing raos, botên sakeca ing salêbêting kraton. Tiyang ingkang sêsinglon Z nglêbêtakên karangan ing sêrat kabar Soerabaiasch Handelsblad ungêlipun makatên, kala rumiyin kula ngrêmbag prakawis kados makatên punika ing sêrat kabar, inggih punika larahipun bab arta f 78,000 ingkang kajuwara ing akathah, sarta ing têmbe kula nyumêrêpi kalayan bingahing manah, dene parentah ngagêm wêwaton ingkang langkung luhur.

Sadhengah tiyang ingkang sumêrêp babadipun liyêring kaprabonipun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta ing taun 1920, inggih sumêrêp bilih wêwaton kalihan tumindakipun utawi gagasan kalihan yêktosipun punika têbih sangêt sungsatipun. Babadipun prakawis punika botên patos kasumêrêpan ing akathah. Kangjêng gusti pangeran adipati anom ingkang rumiyin, nalika kondur saking nagari Walandi dhatêng Indhonesiah, prêlu badhe gumantos kaprabonipun ingkang rama sinuhun sultan ingkang sampun sêpuh, sarta ingkang kacariyosakên bilih sampun pratela badhe sèlèh kaprabon jalaran sampun yuswa, wontên ing Sabang kapêthukakên amtênar-amtênaripun guprêmèn, ingkang sami ngaturi kangjêng gusti wau ngasmani sêrat prajanjian enggal bab pulitik (ingkang kawastanan pêrklarêng) wontên samadyaning sêgantên, bab suraosipun sêrat prajanjian wau samangke botên badhe kula rêmbag, dene ingkang kula rêmbag, inggih punika patrap anggènipun nampèkakên prêklarêng wau dhatêng kangjêng gusti, supados dipun asmani sadèrèngipun jumênêng sultan. Sasampunipun pêrklarêng kaasmanan, kangjêng gusti sawêg badhe katêtêpakên anggènipun jumênêng nata, kawrat ing sêrat prajanjian (Akte van verband).

Kangjêng gusti pangeran adipati anom wau wontên ing baita mratelakakên, manawi bab anggènipun ngasmani pêrklarêng punika badhe rêmbagan kalihan para nayakaning praja. Amila sadumuginipun kangjêng gusti ing Tanjungpriuk, sêrat pêrklarêng wau dèrèng dipun asmani, ananging kangjêng gusti lajêng dipun andhêg wontên ing kitha Bêtawi dening gupêrnur jendral ingkang luhur panggalihanipun, ngantos sêrat pêrklarêng [pêr...]

--- 151 ---

[...klarêng] wau dipun asmani. Dene sêrat pêrklarêng punika sambêtanipun sêrat prajanjian Akte van verband ingkang agêng têgêsipun, sarta ingkang ngêwrat rancangan-rancangan badhe tumindakipun tatanan-tatanan enggal, kalihan kêncêng, ananging pancèn prêlu katindakakên.

Dados sèlêpbêstirdhêr ingkang botên ambangun turut punika dipun andhêg wontên ing kitha Bêtawi sawatawis dangu prêlu dipun piluta. Milanipun para calon sèlêpbêstir punika kêrêp sami nyoba sagêdipun oncat saking lêlampahan, namanipun ratu nyêpêng paprentahan piyambak, ananging dipun angge dhuk-dhuk nong dening pintên-pintên amtênar ingkang tansah sontan-santun, sarta pamanggihipun ugi sontan-santun.§ Mirsanana Sêrat Encylopaedie van Nederlandsch Indie Jilid IV.

Tindak ingkang botên patos mawi tatakramaning pulitik kasêbut ing nginggil wau, sampun tamtu damêl botên sakecaning panggalihipun sang pangeran, ingkang kulina dhatêng tatakrama wetanan. Kalihan malih tindak wau dados pasêksèn, kadospundi mênggah panindaking pulitik tumrap Porstênlandhên ing pulo Jawi kalihan tabêri, ananging sarana lampah dugi prayogi (kawrat ing rancanganipun Tuwan van Heutsz. Punika sanès sangêt kalihan ingkang sampun dados kasagahanipun parentah Indhonesiah, kawrat ing sêrat bèiblat ôngka 7960 (taun 1914), bilih para sèlêpbêstir punika kêdah nindakakên kalihan têtiyangipun piyambak, sakobêripun piyambak sarta manut caranipun piyambak.

Tuladha ingkang kalampahan dèrèng patos lami, inggih punika tindaking parentah Indhonesiah tumrap para sèlêpbêstir ingkang sami tindakan ing sajawining wêwêngkonipun. Kula maos bab punika ing sêrat kabar Soerabaiasch Handelsblad suraosipun makatên.

Ing taun 1924 nalika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan rawuh ing kitha Malang, wontên lêlampahan ingkang kawartosakên ing sêrat kabar (inggih punika ing Soerabaiasch Handelsblad wau) sarta dipun pratelakakên dora, têbih saking yêktosipun, dening satunggiling tiyang ingkang botên kenging pinitados.

--- 152 ---

Saèstunipun sampun botên prêlu katêrangakên malih, bilih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ingkang jumênêng samangke punika, sampun tamtu botên badhe nindakakên punapa-punapa ingkang nyidrani dhatêng gupêrmèn. Ingkang sinuhun wau wontên ing kitha Malang mêdhar pangandika ingkang lajêng dipun wartosakên ingkang botên-botên, têmahan sagêd kalampahan, parentah Indhonesiah kirang pana manawi ingkang sinuhun wau tindakan ing tanah guprêmenan.

Pangakênipun Z ingkang samangke dados lid redhaksinipun Soerabaiasch Handelsblad wau nelakakên patrap saha sabab-sababipun sèlêpbêstirdhêr, ingkang kasêtyanipun kenging dipun pitados, dipun watêsi kamardikanipun têdhakan dhatêng pundi-pundi dening parentah, amung wêwaton pawartos ngayawara ing sêrat kabar.

Awisan tumrap ingkang sinuhun kangjêng susuhunan botên kenging têdhakan wau katamtokakên tumrap sawatawis taun laminipun. Ananging lajêng kasuwak sadèrèngipun dumugi wawênangipun, dene sabab-sababipun kenging dipun gagapi.

Makatên ugi tumrap sêrat dhawuh waradin saha wados, ingkang rumiyin kaparingakên dhatêng para bupati ing tanah Jawi tuwin Madura, ingkang karêmbag dening Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma ing parêpatan rad kawula, inggih punika ingkang ngêwrat dhawuh awisan dhatêng para bupati, manawi karawuhan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, botên kenging nyaosi pakurmatan utawi nandukakên tatakrama ingkang sampun limrah. Saking pamirêng kula, tindakipun parentah ingkang botên pulitik punika samangke sampun kasuwak.

Samangke bab anggènipun Gupêrnur Jendral Mr. D. Fock botên karsa nguningani wêwênangipun sèlêpbêstirdhêr ing Cirêbon tuwin tilas bupati ing Purwarêja, ingkang wontênipun sampun wiwit kina mila botên badhe kula rêmbag. Tumrapipun bab punika tindakipun Tuwan Fock wau botên kados tindaking pangagêng pangrèh praja ingkang adil, nanging kaprigêlaning pokrul, ingkang lajêng murih supados bab wau kapriksa dening pangadilan, sanadyan sampun pirsa bilih nalaripun pancèn kathah botên mênangipun, amargi sariranipun sampun sumêrêp utawi mêsthèkakên, bilih mêngsahipun kirang sagêd utawi kirang prigêl nindakakên gugatipun utawi anggènipun [anggènipu...]

--- 153 ---

[...n] ngubêdakên murih mênang prakawisipun.

Bab dhemokrasi tuwin dhesèntralisasinipun para sèlêpbêstir ing Porstênlandhên, badhe kula pratelakakên ing karangan-karangan sanès. Ing karangan ingkang ôngka tiga punika.

Kula nuwun, mugi andadosna pirsanipun ingkang wajib anggalih, bilih sawêdalipun usul kula bab kolonisasi, kados ingkang kawrat ing organ Narpawandawa ôngka 11 wulan Nopèmbêr 1927 nalika samantên kalihan wêdalipun organ wau kirang langkung satêngah wulan kula lajêng tampi sêratipun pangrèh katandhan mudha pangarsa (R.M.H. Yasadipura) suraos paring sumêrêp bilih usul kula wau sampun katampi pangrèh, amung emanipun dèrèng sagêd angrêmbag wontên parêpatan agêng ngajêng punika, jalaran mangsanipun sampun kaslêpêk sangêt, salajêngipun dumugi parêpatan agêng malih ingkang nêmbe kalampahan taun 1928 punika, usul kula wau ugi botên katut karêmbag, bokmanawi kagalih botên patos maedahi utawi dèrèng parlu, nanging manawi nitik centhanganipun raka up rêdhaktur, kados-kados inggih parlu dados rêmbag wontên parêpatan agêng. § Parêpatan agêng ingkang nêmbe kapêngkêr punika parêpatan agêng mirunggan, prêlu namung ngrêmbag bab bêstirhèrpormêng.

Sanadyan rêmbag utawi usul kula wau dèrèng patos dipun gatosakên, ewadene kula nun inggih botên badhe kêmba ngaturakên usul malih utawi sambêtanipun, jêr pamanah kula pangrèh punika kula anggêp bapa babunipun para warga, langkung malih ugêripun raka up rêdhaktur taksih kaparêng maringi papan.

Awit saking punika, kula parlu ngaturakên pamanggih sêsambêtanipun usul kula, inggih punika bab tumbas siti partikêlir, kadadosakên kolonisasi santana dalêm, dene anggèn kula kêncêng ngaturakên pamanggih kados ing nginggil punika amung saking nyumêrêpi kawontênanipun para santana dalêm, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Ha. Para santana dalêm dumugi sapunika saya rupêk têbanipun, sabab.

1. Badhe malêbêt dhatêng kaprayantunan (dados abdi dalêm) sapunika

--- 154 ---

para abdi dalêm malah kathah ingkang kasuda cacahipun.

2. Ingkang ragi wiyar têbanipun dhatêng pangrèh praja, kajawi taksih kirang kasagêdan, ingkang sampun kalampahan para santana dalêm ingkang wontên pangrèh praja, bêbasan tansah kêtumpal-kêtampul, utawi botên sagêd anglajêngakên, punika sababipun punapa dèrèng kasumêrêpan.

Na. Nyambut damêl mêdal sajawinipun rangkah tamtu saya ngrêkaos angsalipun, taksih kathah panunggilanipun manawi kula aturakên sadaya.

Wasana pamanggih kula para santana dalêm ing wêkdal sapunika, wontên prayoginipun utawi parlu dipun paringi tuntunan saking pakêmpalan, inggih punika bab pambudinipun panggêsangan, upaminipun makatên.

1. Sadèrèngipun pakêmpalan sagêd tumbas siti partikêlir, prayogi pakêmpalan nyuwun gadhuh kagungan dalêm siti, kados ta siti Karanggêdhe§ Siti Karanggêdhe, sapunika pamirêng kula sampun kakondurakên, saking cêcêpênganipun tuwan adminisêtratur. sapintên paring dalêm lajêng katindakakên kadosdene kolonisasi makatên, inggih punika para santana dalêm ingkang purun kapindhah dhatêng papan ngriku, katuntun utawi karigênakên bab têtanèn, nanging sadèrèngipun siti-siti wau mêdal asilipun, pakêmpalan taksih kêdah nguluri têdha sapantêsipun, ngantos dumugi siti wau mêdal asilipun, sapintên asilipun lajêng kabage kalih, ingkang sabagean katampèkakên ingkang garap, sabagean malêbêt kasipun pakêmpalan.

2. Pakêmpalan prayogi mitulungi marak-marakakên dhatêng sadhengah santana dalêm, kados ingkang kawrat sasorahipun sadhèrèk R.M.T. Sumanagara, wontên ing organ ôngka 7 kaping 1 Juli 1928, manawi wontên para santana dalêm ingkang gadhah panyuwun, nyuwun pemahan utawi sabin lajêng katampia, salajêngipun pakêmpalan anglanturna dhatêng R.M.T. Sumanagara.

Pamanggih kalih bab ing nginggil punika bokmanawi sampun kenging kangge ular-ular mitulungi dhatêng kasisahanipun para santana dalêm.

- -- 155 ---

Mênggah punika kalapahankalampahan. lan botênipun kula sumanggakakên kawicaksananipun pangrèh, botên langkung kula matur sangêt nuwun dhatêng raka up rêdhaktur, saha organ ingkang ngêwrat karangan punika nyuwun kaparênga ngaturakên dhatêng pangrèh.

Dlanggu kaping 15 Juli 1928.

Warga Narpawandawa, Padmahartana.

Manawi kula nyumêrapi kawontênan candhi, lajêng kèngêtan cêtha, kamulyan saha kaluhuranipun tiyang saha kraton Jawi, inggih lajêng emut dumuginipun sapunika tiyang saha kraton Jawi sawêg tinitah apês, punika dhatêng manah lajêng kumrangsang, ing dalêm manah nuwuhakên pitakenan, gèk besuk apa ya, wong Jawa dalah kraton bisa mulya kaya jaman biyèn.

Sarèhning kawontênan candhi kenging kangge nitik kamulyan saha kaluhuranipun kraton Jawi, punapa malih kenging kangge nitik kasagêdan saha kasantosanipun manahipun para linangkung ing jaman kina, saha kacriyos candhi punika wontên ingkang pasarean, dados wajib ugi anglêluri pasareanipun lêluhur kita ingkang linangkung para panjênêngan dalêm nata binathara ingkang sampun nate amêngkoni jagad Indhonesia, môngka wiwit jaman Kaislaman sapriki pasareanipun para panjênêngan dalêm nata wau sampun botên kopèn babarpisan, saha candhi sagêd ugi gandhèng kalihan kawontênan saha wêwangunanipun kraton, môngka kawontênan saha wêwangunanipun kraton sapunika sampun ewah-ewah, dados pêrlu nyumêrêpi kawontênan saha wêwangunanipun ingkang baku. Kula inggih sampun mangêrtos manawi sampun kathah para darah ingkang mangrêtos sayêktos dhatêng prakawis candhi, nanging dèrèng wontên ingkang kaparêng paring sêsêrêpan wontên ing udyana ngriki, mila kados pêrlu para darah radi mangrêtos dhatêng kawontênan saha wêwangunanipun candhi, namung sarèhning sêsêrapan kula dhatêng prakawis candhi punika botên dhêdhasar kasagêdan, namung saking maos sêrat-sêrat sawatawis, mila manawi wontên kalintu utawi lêpatipun kula sumanggakakên dhatêng para sarjana ingkang ahli candhi, dene sêsêrêpan kula trimah [tri...]

--- 156 ---

[...mah] lowung kangge ular-ular kados ing ngandhap punika:

Agama Buda punika wontên warni kalih, inggih punika agami Siwah, tuwin agami Budha. Agami Siwah punika ingkang ngluhurakên para dewa, Siwah, Wisnu, Brama. (Trimurti).

Agami Budha punika ingkang ngluhurakên Sang Budha Gotama, inggih Radèn Sidharta: dene wontênipun candhi inggih lajêng warni kalih, candhi Siwah dalah sarêcanipun, candhi Budha dalah sarêcanipun. Dene wujudipun candhi Siwah ing Prambanan candhi Roro Jonggrang, manawi candhi Budha ing candhi Barabudhur.

Candhi punika kanggenipun warni-warni, wontên candhi pasarean, candhi pamujan, candhi wadhah jimat, candhi pamulangan (wihara) tuwin candhi sanès-sanèsipun, bokmanawi sapriki ing kraton dalêm taksih wontên abdi dalêm jimat punika kinanipun angrêksa candhi wadhah jimat, namung titikanipun candhi pasarean, candhi pamujan, tuwin candhi sanès-sanèsipun punika angèl.

Agami Buda punika layoning tiyang wujud awu, mila lajêng wontên têtêmbungan awune tuwa êndi, kajêngipun awuning layon lêluhur tuwa êndi: sapunika bab candhi pasarean. Manawi nitik kawontênanipun para nata wiwit jaman Majapait minggah (sampun pintên dasa nata) katandhing kalihan kawontênanipun candhi pasarean ingkang sampun kasumêrêpan, punika dèrèng timbang sangêt, punapa malih manawi pasareanipun panjênêngan dalêm nata satunggal lajêng candhi satunggal, lajêng pintên dasa candhi kemawon. Dados bokmanawi candhi satunggal lajêng kagêm saputra wayah, kadosdene pasarean ing Magiri, Gunung Ngadêg sapiturutipun. Ananging ingkang sampun kasumêrêpan, awu layoning tiyang punika tamtu dipun wadhahi wontên ing sela wêwangunan kados klêmuk mawi tutup, utawi wêwangunan sanèsipun ingkang mawi tutup, dados botên awu layon dipun wor dados satunggal wontên ing sumur nglêbêt candhi. Manawi candhi satunggal kangge saputra wayah, lajêng sumur nglêbêt candhi kathah sela-sela wadhah awu layon, môngka kawontênanipun botên, dados prakawis punika taksih pêtêng.

Sudira.

--- 157 ---

Bab Panggêsanganipun Warga Èstri Ingkang Dhumawah Apês Ingkang Botên Kamaha: Supados Sagêd Angsal Pitulunganipun Pakêmpalan ing Narpawandawa

Kula nuwun, atur kula warga èstri ôngka 467, kaparênga sadèrèngipun kula miwiti atur, ingkang langkung rumiyin kula nyuwun ingkang agung pangaksamanipun para sadhèrèk warga ingkang wajib amênggalih, minggahipun dhumatêng pangrèh pakêmpalan kita Narpawandawa, ingkang awit katêmbean punika kula gadhahi raos pamanggih ingkang langkung parlu badhe kula aturakên, makatên wau manawi ugi karsa anggatosakên, punapa malih kados ugi langkung parlu mênggah dadosa panggalihanipun pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa, saha manawi atur kula wau wontên kalintuning tanduk, utawi saru-sikuning têmbung kula namung nyuwun pangapuntên ingkang kathah-kathah, jalaran saking katarik daya kabodhoan kula, bawanipun kula punika drajading warga èstri, makatên malih ugi kula nyuwun canthèl atur dhumatêng anak rêdhaktur karsaa nglêrêsakên, salajêngipun katur kauningan pangrèh kula nyumanggakakên, amila inggih sadèrèng sasampunipun kula ngaturakên gênging panuwun.

I. Kula ngaturakên, nitik saking suraosipun wêwaton pakêmpalan ing Narpawandawa, ingkang kasêbut bab 3 ing adêg-adêg II aksara B wontên ungêl-ungêlan makatên, sarta sasagêd-sagêd suka pitulungan pratikêl utawi bôndha dhatêng kasusahanipun santana dalêm, ingkang botên jalaran saking tindak ingkang botên lêrês. Ingkang makatên wau têranging pamanggih kula: ngraosakên suraos kasêbut nginggil punika, notoling manah kula kumêdah badhe amêdharakên bab kawontênanipun awak kula ingkang pinanggih, sapunika kula badhea matur rikuh, ingkang kula rikuhi inggih sintên, lan badhe kadospundi malih inggih sampun jaragan pamanggihipun tiyang èstri, manawi sagêd kagêm panci kula kajêngakên, bilih botên inggih namung nyumanggakakên, sasampuna kula matur prasaja, dados botên nama kainan.

II. Kawuningana pangrèh pakêmpalan, kula punika tinitah gêsang ingkang dhumawah kapêsan, ingkang môngka kula gadhah anak jalêr satunggal, umuripun kirang langkung 21 ta- Naskah selanjutnya tidak ada.