Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 2, Kaping 23 Siyam Je 1862, Utawi Kaping 1 Pèbruari 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO.

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèdhêrasi

II

Wontên malih bêbadan wakiling kawula ing Jêrman, inggih punika Riksêdhah (Rijksdag) warganipun wontên 397 warga wau kapilih dening kawula lajêngan (direct kiesrecht) mênggah pamerang cacahing warga tumrap sapraja-prajanipun ngangge wêwaton kados ingkang tumrap ing Bonsrad, bedanipun ing elsan, lud aringên, gadhah wakil 15 ingkang anggadhahi sêtèm, (stemgerechtigd) warga Riksêdhah botên kenging ngrangkêp dados warga Bonsrad, dene wajib lan wêwênangipun Riksêdhah dalah warganipun punika sami kemawon kalihan limrahing parlêmèn ing pundi-pundi, kados ta: ugi wênang intêrpêlatsi, amèndhêmèn, sasaminipun, dados wosipun Dhitsêrik (Duitsche Rijk) punika ngangge tatanan satunggal kamêr, (een kamer stelsel).

Kados sampun cêtha wêwênangipun praja-praja ingkang sami dados warganipun Bon punika botên lajêng pasrah dhatêng Bon. Ananging taksih kathah wêwênangipun praja-praja [praja-pra...]

--- 18 ---

[...ja] wau kaasta piyambak dhatêng para praja-praja wau, dados praja-praja warganing Bon wau taksih sami jumênêng pribadi (onafhankelijke staat) sarta taksih murni kados praja sanèsipun. Dalah tata pranatanipun sarta rakitipun praja, kados ta: taksih sami kagungan ministêr, dhêpartêmèn-dhêpartêmèn sasaminipun kados limrahing praja mandhiri, Prusên sarta Bèiyêrên punika taksih kagungan wakil, (diplomatieke vertegenwoordigers) piyambak wontên ing Patikan, (Patikan punika rajanipun raja agama Katolik), pangagêngipun Paus, sêsêbutanipun: Zijne Heiligheld sanadyan bawah wêwêngkonipun botên sapintêna nanging kagungan kaprabon murni, (Souvereine rechten) Nata Bèiyêrên taksih wênang, misudha manggalaning yuda, (jendral sarta kumêndhaning phèstêng (vesting)§ Tatanan pajagèn ing salah satunggaling panggenan, botên namung bètèng satunggal, nanging bètèng sawatawis, ing tanah Jawi ingkang sami plêk botên wontên. ing nagarinipun piyambak. Namung sarèhning wadyabala Jerman (Duitshe leger) punika Bon lègêr dados tata pranatanipun lègêring karajan- karajan warganing Bon inggih kêdah sami botên kenging damêl tatanan ingkang nyulayani kalihan tatanan agêng, (tatananing Bon.) groote plan ingkang dipun damêl dening Bondsveldheer (Keizer) ancêr-ancêr murih sampun ngantos gèsèh kalihan tata pranata agêng, ing dhepartêmèn pan Orloh Prusên punika minôngka dhepartêmèn pan Orloh umum. Ngangge tatanan bagean-bagean (afdeelingen) piyambak-piyambak ingkang manah sêsambêtan sarta bot- repotipun wadyabala Bèiyêrên. Ewadene para opisir ing Bèiyêrên nalika dipun wisudha inggih sami prasêtya (vaandeleed) dhatêng Keizer kados para opisiripun Bon lègêr, mêsthinipun tata pranataning praja-praja wau inggih botên nilar ukuran wiyar ciyuting gêlaring wacucalipun.

Sapunika kados sampun têrang, miturut andharan wau sadaya cêtha, Keizer punika dede panganggêng kuwasanipun (opperheer) para raja-rajaning pangarsanipun pèdhêrasi, dados miturut tatanan kaprajan, (staatsrechtelijk) inggih botên wênang cawe-cawe bab kawontênan ing salêbêting praja (Inwendige aangelegenheden der staten) ingkang wêwênangipun botên sampun dipun luntakakên dhatêng sentral organ, (Bondsorgan) samantên wau manawi anggèning nindakakên botên nyulayani tata pranataning praja, (Rijkswetten namung kemawon sarèhning Keizer punika dados pangarsaning Bon, sarta Bondsveldsheer [Bonds...]

--- 19 ---

[...veldsheer] sampun mêsthi kemawon wontên ing pundi-pundi inggih dados pangajêngipun para nata, ingkang ugi têmbungipun Latin, "primus inter pares" pakurmatanipun inggih agêng piyambak.

Salêbêt utawi pungkasanipun pêrang agêng kawontênanipun ing Jerman lajêng ewah, awit saking thukulipun repolosi agêng, ingkang ngantos nglinggarakên sang nata kèisêr, kaplajêng dhatêng nagari Walandi, kanthi atilar dhawuh byawara, manawi sang nata kèisêr, wiwit titimôngsa punika kaparêng sèlèh kaprabon (abdicatie). Sarêngan kalihan lèrèhipun sang nata kèisêr para raja ingkang dados warganing Bon sami kalerehan sadaya, wontên ingkang ugi linggar saking nagari Jerman nanging ugi wontên ingkang lastantun dalêm ing Jerman, wiwit punika Jerman lajêng dados repiblik, nama "Duitsche Rijk" lajêng ngawontênakên anggêr baku anyar (constitutie) ingkang kaundhangakên kawrat ing riksêblad katitimangsan kaping 11 Agustus 1919 ôngka 152 mênggah isi sarta suraosipun botên kathah bedanipun kalihan anggêr baku lami, namung sarèhning Jerman lajêng dados repiblik sampun tamtu botên dipun pangagêngi ing raja utawi kèisêr, nanging dados pangarsa repiblik (Rijkspresident) dadosipun kawangênan 7 taun. Saking pilihanipun para kawula, ingkang dados prasidhèn wêkdal punika, Sang Marschalk van Hindenburg Bonsrad santun nama dados Rijksraad dhapukaning warganipun beda kalihan kala rumiyin, sapunika ngangge waton cacah jiwa, sabên jiwa 700,000 wakilipun satunggal, lênggahipun ing Rijksraad kawatês 4 taun, nanging para warga wau ing sabageaning nagari mawi watêsan botên kenging langkung saking 2/5 ling cacahipun warga sadaya, dene warga-warga wau lastantun dados wakiling nagari, Rijksdag botên ewah, wêwênangipun Rijkspresident botên siwah kados wêwênangipun sang nata kèisêr.

Kuwajibanipun nagari- nagari bageaning Duitche Rijk kêdah botên nyulayani anggêr bakuning Duitsche Rijk manawi wontên ingkang nyulayani, punika wajib dipun èngêtakên, manawi dipun èngêtakên botên miturut kenging lajêng dipun gêpuk piyambak, makatên sasaminipun. Nagari warga sami lastari adêgipun piyambak-piyambak, nama "Vrije staten" ing anggêr baku kasêbut, "Londen" utawi lêstari gadhah parlêmèn piyambak-piyambak nanging alit, pangarsanipun nagari "Minister

--- 20 ---

President" miturut punika inggih wontên iribipun cengkokan Amerikah.

Kados sampun cêkap andharan kula bab pèdhêrasi ing Jerman kula dumugèkakên samantên kemawon, kados atur kula sakawit sapunika gêntos kula aturakên bab pèdhêrasi ing tanah Malakah (Malaiya) jajahan Inggris.

Malaka dening têtiyang Inggris kanamakakên Malaiya amargi anggèning botên kalastarèkakên nama Malaka dening têtiyang Inggris punika sabab Malaka makatên namung namaning satunggilipun kitha ing tanah Malayu, ingkang kalêbêt ing wêwêngkon jajahan Inggris. Guprêmèn sêtrit sètlêmèn, (Gouvernement Straits Settlements) ingkang dipun pangagêngi guprênur awit saking asmanipun Bagendha Konêng Kèisêr§ Kajêngipun Koning saking Inggris. Keiser saking Indie (Indhustan). Inggris. Adêdalêm ing Singgapura, salah kaprahipun bôngsa Inggris mastani Malaiya wau wontên kalih golongan, Colon§ = Kolonie. akalihan Natives states§ = Inlansch staten. dene cêtha pratelanipun wontên ing tata pranata praja panyêpêngipun (politiek administratief) kabage dados kalih, 1. Britisch territory upami ngriki tanah guprêmenan, 2. Malaiyan tertorayterritory. upami ngriki tanah jajahan Kajawèn, (Vorstenlanden) ing tanah Malaiyan territory kabage malih dados kalih golongan. Taksih wontên sambêtipun.

Katur Para Warga

Tamtunipun para warga taksih sami èngêt, sêrat palapuran taunan kawrat ing organ ôngka 2 taun 1930 kaca 19 adêg-adêg 4, pangrèh Narpawandawa macak atur dhatêng pangagênging parentah karaton, kawrat sêrat katitimasan kaping 12 Mèi 1930 ôngka 28/239 bab para santana dalêm ingkang kêkirangan ingkang taksih sagêd nyambut damêl, kaparênga ngabdèkakên wontên ing pabrik-pabrik kagungan dalêm. Samangke pangrèh sampun nampèni katrangan saking rad phan Bêhiripun kabudidayan kagungan dalêm saha kagunganipun nagari cara Jawinipun kados ing ngandhap punika:

--- 21 ---

Ôngka 584 / T. A. K.

Bab Punggawa Kabudidayan Kagungan Dalêm Saha Kagunganipun Nagari

Surakarta 10 Agustus 1931.

Têrang parentahipun pangarsa rad phan Bêhir kabudidayan kagungan dalêm saha kagunganipun nagari, kula ngaturi uninga ing pakêmpalan panjênêngan, awit saking sêratipun pangagêng parentah karaton katitimasan kaping 12 Mèi 1930 (ingkang katampèn ing ngriki ragi lungse) ing têmbe bilih wontên lowongan punggawa kabudidayan kagungan dalêm saha kagunganipun nagari, badhe kamanah kados pangajêng-ajêng panjênêngan, lowongan wau kaisenan santana dalêm, ugêr sagêd nyêkapi dhatêng wajibipun (aan de eischen voldoen).

Dados ing wingking manawi wontên calon langkung saking satunggal, ingkang sami kacêkapanipun, punika badhe kapilih ingkang santana dalêm rumiyin.

Mila bokmanawi wontên prayoginipun, upami pakêmpalan panjênêngan nyukani pratelan dhatêng administratir ing Têgalgônda, Ngampèl saha Karanggênêng, ing pratelan kasêbutna para santana dalêm ingkang nyuwun kadadosakên punggawa sawanci wontên lowongan. Ing pratelan prayogi katêrangakên kasagêdan, umur, sarta katrangan sanès-sanèsipun, supados para administratir sagêd mawang punapa ingkang sami nyuwun wau sagêd kaanggêp badhe nyêkapi badhe kawajibanipun.

Turunanipun sêrat punika kakintunakên dhatêng para administratur.

Panitraning rad phan Bêhir, Wg. K. L. Roodenburgh.

Katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa,

B. K. P. H. Adiwijaya. Ing Surakarta.

Awit saking punika, para santana dalêm ingkang ambêtahakên bab pandamêlan kasêbut nginggil, lajêng aparinga katrangan dhatêng pangrèh.

--- 22 ---

No. 13/347.

Turunan

Bab Pèdherasi

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur pêpatih dalêm ing Surakarta.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, nalika ing dintên malêm Rêbo tanggal kaping 23 Dhesèmbêr 1931 kapêngkêr punika, pakêmpalan Narpawandawa damêl parêpatan agêng mirunggan, wontên ing Kusumayudan, prêlu angrêmbag palapuranipun panitya Narpawandawa, ingkang kapatah nyinau kadospundi prayoginipun pèdherasi praja Kajawèn. Sasampunipun pangrèh mirêngakên andharanipun para juru sabda, parêpatan amutus, supados pangrèh Narpawandawa ngaturakên pamrayogi katur pêpatih dalêm ing Surakarta, kados ing ngandhap punika:

I. Piguna sangêt manawi praja Kajawèn sami sagêd kêmpal, amargi kawontênanipun sami kalêbêt ringkih-ringkih, bawahipun botên wiyar saha banjar panjang, sarta malih ingkang kabawahakên satunggal bôngsa ingkang nunggil bêtahipun, saking dhêdhasaran punika sadaya nandhakakên bilih prayogi kêmpal. Dene kêmpal wau èwêd-pakèwêdipun botên wontên, ugêr têtêpangan utawi gêgandhenganipun botên anyudakakên ing tindak ngadil. Liripun: ngakêni undha-usuking samukawisipun, manut kawontênanipun piyambak- piyambak.

II. Manawi praja Kajawèn kaparêng sami kêmpal, sarèhning sawêg kawitan, sayoginipun sarana ingkang dados gêgancênganipun sagêda ingkang longgar rumiyin, pamanggihipun mêndhêt pikajêngan tumindak sêsarêngan ingkang sami bêtahipun, saha nata kawontênan ingkang nunggil parlunipun, dados botên ngancas sagêda sami utawi dados satunggal, amargi manawi makatên badhe salah kêdadèn. Mênggah ingkang prêlu kaudi punika ingkang dados baku utawi paugêran kêmpalipun, manawi pokokipun sampun manunggil, pêperanganipun badhe katut piyambak.

III. Pikajêngan ingkang kaaturakên ing nginggil, sagêda lajêng dados kawajibanipun bêbadan. Ingkang adêgipun saking para wakiling praja-praja Kajawèn. Mênggah wawênanging bêbadan punika prayogi sakêdhik kemawon rumiyin, upaminipun: sawêg gadhah wawênang ngrêmbag sarta usul dhatêng praja Kajawèn, punapadene wênang nêdha

--- 23 ---

katrangan sarana sêrat, utawi andhatêngakên ingkang kamanah sagêd suka katrangan, utawi piguna tumrap rêmbaging parêpatan, pawingkingipun kemawon kaparingan wêwah panguwaos kalihan malampah, upaminipun: manawi sampun katingal sae kaparingan wawênang mêngkoni punggawanipun bêbadan wau, saya dangu saya mindhak-mindhak wawênangipun, ngantos dumugi pèdherasi ingkang satuhu.

IV. Mênggah dhêdhapukanipun bêbadan saking para wakiling praja Kajawèn kasêbut nginggil wau, pamanggihipun satunggal-satunggaling praja kenging ngintunakên wakil cacah 3 ingkang satunggal têtêp, dangunipun tigang taun, dados sagêd nyampurnakakên kawajibanipun, tundha-tundha wawênanging swara (stem) nipun para wakil wau, tumrap wêwakilipun praja Surakarta, saha Ngayogyakarta ngalih, tumrap wêwakilipun kadipatèn Mangkunagaran saha Pakualaman nyatunggal. Wakil ingkang kalih murih prigêlipun sarupi pambantu kemawon, botên gadhah wawênang swara, kenging sontan-santun manut saprayoginipun, gandhènging kalihan bab punapa ingkang badhe karêmbag, wondene kangjêng guprêmèn botên prêlu maringi wêwakil wontên ing bêbadan ngriku, awit kamanah kirang mapan, jalaran jêjêripun ingkang damêl pèdherasi punika para parentah Jawi, botên parentah Jawi kalihan kangjêng guprêmèn. Kajawi punika sadaya usul ingkang saking bêbadan wau, manawi pancèn kaagêm dhatêng prajanipun, botên sande sadèrèngipun katindakakên, tamtu karêmbag rumiyin kalihan wakilipun kangjêng guprêmèn, dados manawi kangjêng guprêmèn angwontêni wêwakil ing bêbadan wau, malah adamêl kirang murni, sarta kisruh jêjêripun, makatên malih sagêd anjalari pakèwêd dhatêng ingkang sami rêrêmbagan, saha awrat angêdalakên punapa ingkang dados raosing manahipun, sadaya punika sagêd amêpêsakên rêmbag-rêmbagipun bêbadan wau.

V. Dene parêpatanipun bêbadan punika, sarèhning dununging warga saking wakiling praja, prayogi botên umum = niet openbaar putusaning rêmbag ingkang tumindak bilih kathah ingkang ngrujuki = bij meerderheid van stemmen ingkang nuntun parêpatan punika pangarsa, mêndhêt salah satunggaling warga bêbadan wau, ingkang sampun kapilih para warga piyambak, dangunipun tigang taun, lajêng pilihan pangarsa malih, dipun kanthèni panitra satunggal, têtêp saha mawi blônja, nanging botên kalêbêt [kalêbê...]

--- 24 ---

[...t] warganing bêbadan punika, supados sagêd mêlêng ing pandamêlanipun.

Nuwun, mênggah punika pangrèh Narpawandawa amung nyumanggakakên.

Katur tanggal kaping 6 Pèbruari 1932.

Mudha pangarsa Wg. Kusumayuda.

Panitra II Wg. Purwasastra.

Sêrat paturan ing nginggil punika, ugi katur pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, saha kadipatèn Mangkunagaran sarta Pakualaman. Turunanipun katur kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta saha Ngayogyakarta.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Gêsangipun manungsa wontên ing ngalam donya têrang sangêt bilih botên sagêd gêsang piyambak, awit sadaya kabêtahanipun, wiwit ingkang rèmèh-rèmèh ngantos dumugi ingkang parlu pisan, botên sagêd rampung kagarap piyambak, tamtu kêdah mawi kapitulungan ing liyan, bêbasanipun, tiyang botên badhe sagêd nêdha sêkul sapulukan, manawi botên wontên tiyang sèwu sêsarêngan nyambut damêl. Amila kadospundi anggènipun malês dhatêng ingkang sami suka pitulungan wau, kajawi kita kêdah rêmên têtulung dhatêng ing sasami, sarana andanakakên sariranipun dhatêng sintên kemawon ingkang ambêtahakên, langkung malih tumrap para satriya nama kawajiban aparing pitulungan dhatêng tiyang ingkang kêdah dipun pitulungi, inggih ing ngriki punika sarananipun kêmpaling kawula lan gusti, gusti lan kawula, manawi kita para satriya sampun sami racak mangrêtos dhatêng kawajiban, sampun tamtu bilih jagad punika sangsaya têmtrêm. Kula nate maos Sêrat Ajipamasa, anyariyosakên pitulunganipun Buyut Dhawuk, patinggi ing dhusun Ngandaka, rèhning radi panjang kula pêthikipun kemawon, supados para nupiksa sagêd têrang, kados ing ngandhap punika:

[Dhandhanggula]

lagya kèndêl samana kaèksi / wong kêkalih samya wawan sabda / arêbut bênêre dhewe / kang sawiji amuwus / lah ta adhi apa ta mami / kang matur ring

--- 25 ---

parentah / kauninganipun / prakara kang dadi drêdah / winangsulan lah kakang yogyane mangkin / padha matur priyôngga //

kapitèng tyas sira kyana patih / dyan dinangu kang dadya karana / samya matur dhewe-dhewe / nguni Ki Buyut Dhawuk / ing Ngandaka kang sampun lalis / atilar anak priya / kêkalih kang sêpuh / wasta Jaka Uluwala / kang taruna wasta Padawala sami / padon rêbat warisan //

ingkang sampun bèk-bekan pribadi / nanging dèrèng wontên anarima / kang asêpuh pamintane / antuka tikêl pandum / marma arinira angudi / mudhuna sabagean /Kurang satu baris: 6u.

paksane kang tarunaKurang satu suku kata: paksane ingkang taruna. / kakangane kinèn mudhun sawatawis / dimèn timbang panduman //

pan dinangu wujude kang waris / warna apa pira etangira / sami mênêng sakarone / ajrih manawa dèn dum / dening parentah yêktiKurang dua suku kata: dening para parentah yêkti. / karya sangsayaning tyas / kang badhe kapangguh / kyana patih èsmu duka / sri narendra mangagnya mêngko dèn ririh / aywa adaya-daya //

tandukêna kang udanagari / tindakêna kang titi pariksa / dimèn ana sêsandhane / gampang pamikiripun / patih nêmbah laju tinuding / kang kinèn nimbalana / wong daka sadarum / sapraptaning panangkilan / pinariksa ature sawiji-wiji / kabèh sami kewala //

Buyut Dhawuk punika ing nguni / sampun kasub botên gêgadhahan / kajawi amung wismane / satunggil awang-uwung / tanpa sênthong tuwin patani / abrag-abraging griya / mung gênthong lan buyung / atilêm kalika wrêksa / karangulu dhumpal makatên kang kèksi / pêjahe kawlas-arsa //

ing rahayunipun angluwihi / tiyang dhusun Andaka punika / sakadar samya ngêngèyèng / urunan saking rukun / pakantuking lêlurah yêkti / botên ngantos kapiran / mulya wangkenipun / ing antawis tigang dina / suta kalih nèm sêpuh samya pradondi / warti rêbat warisan //

botên wontên tôngga kang udani / wujudipun warisan karêbat / amung makatên ujare / kang sêpuh kinèn mudhun / sapanduman supados sami / wangsulane kang wrêda / malah arinipun / kinèn mudhun sabagean / dimèn tikêl anak sêpuh lan taruni / sabên ari mangkana //

tinakonan kang dados pradondi / samya kèndêl tan mawi wangsulan / mila sagung kang têtakèn / sadaya apitambuh / botên wontên nêdya mutusi / mung kapurih marêka / ing pasowanan agungLebih satu suku kata: ing pasowanan gung. / têlas ature wong desa / sri narendra miyarsa ngungun ing galih / myang wadya samangkana //

samya kèndêl angupadi budi / ya ta dhahyang arcana kabuka / pan namung etange bae / lima kalawan pitu / kang atuwa pitu

--- 26 ---

dèn bèki / kang anom bèkira lima Lebih satu suku kata: kang nom bèkira lima. / iku marmanipun / kang tuwa kinèn mudhuna / kang saduman supaya timbanging waris / sami angênêm sewang //

kang atuwa iku datan apti / malah kang nèm kinèn amudhuna / sabagean iku dimèn / tikêlan ingkang pandum / wolu lawan papat sayêkti / kang tuwa antuk astha / papat arinipun / pikire dhahyang arcana / prabu manggut kasêmbadan jroning galih / patih mangayubagya //

mangkya ingkang winicara sami / warnanira kang dadya parbutan / pinarsudèng budi kabèh / pamanggihing tyas prabu / palungguhanira patinggi / kang wajib gumantia / anak tuwa iku / anak nom dadi sor-soran / nanging kang nom pêksane padha gumanti / timbang kêmbang sapasang //

parêng gumyak sagung kang sumiwi / samya nêmbah matur kasinggihan / panggalih paduka mangke / wontên wahananipun / kyana patih dinuking liring / dening para punggawa / narendra andulu / pasanging cipta sasmita / angandika paran wahanane dadi / patih matur sandika //

Buyut Dhawuk sadèrènge lalis / pan angakên darbe pêpêndhêman / samar katambuhaning gèn / anggung rinuruh-ruruh / maksa botên sagêd kapanggih / wontên madyaning wana / wartine gènipun / nuwun tulung ing Pangeran / tinakèn kang pinandhêmpinêndhêm. warni punapi / kumbi datan sajarwa //

aturipun kasupèn ing warni / muhung angakên darbe pêndhêman / katambuhan prênahing gèn / makatên wongsal-wangsul / sagung para parentah sami / kodhêng kawêdhêngan tyas / paran antukipun / ing panglari sêsalaran / kantênana kang warni kêni tinitik / saking titi pariksa //

pamuntuning tyas amba ing nguni / mung rumaos katêmpah minôngka / wakiling narendra kinèn / rumêksèng rat sadarum / dados sagah angupadosi / kongsi kapanggih pisan / dèn sarèh karuhun / Buyut Dhawuk anarima / antukipun pan dèrèng antawis lami / warti praptèng wêkasan //

amba myarsa gêgêtun tan sipi / dene têmbung nyambut kasagahan / dèrèng wontên kaanane / kya patih aturipun / sinambungan ing wong kêkalih / wuwusipun ramaKurang satu suku kata: wuwusipun kang rama. / makatên rumuhun / nadyan sun iki malarat / nanging maksih duwe pêpêndhêman rukmi / kèhe rong wêlas wawrat //

apan dadi rong duman winilis / bobot pitu lawan wawrat lima / iku upayanên dhewe / karana pilih kang wruh / panggonane liwat awêrit / anèng madyaning wana / angèl ing pangruruh / rahayune sang apatya / kang asaguh anêmokêna sayêkti / iku gampang kewala //

dhêdhawuha undhang sanagari / sapa kang wus padha tinulungan [tinulunga...]

--- 27 ---

[...n] / dening Ki Dhawuk kalane / nèng madyaning wana gung / kajantaka mèh angêmasi / luware aprasêtya / nora kêna linimutLebih satu suku kata: nora kêna limut. / marang sagung kabêcikan / kongsi turun-tumurun sayêkti eling / ing wong akarya arja //

ngunguning tyas sagung kang miyarsi / sri narendra alon angandika / yèn mangkana wêkasane / kang awajib katêmpuh / amung sira kakang patihKurang satu suku kata: amung sira kakang apatih. / upayanên wong rolas / dèn kongsi kapangguh / ujêr sira wus asagah / nêmokakên pêpêndhêman kang arêmit / mèting pocung kapêncar //

[Pocung]

palanipun wong saguh yêkti katêmpuh / gumêr kang miyarsa / wuwuse tumanduk liring / yèn makatên ki lurah mangke kajibah //

mèsêm muwus kya patih tumimbang tanduk / lah ta kadiparan / mapan sampun dados wajib / angijabkên timbalane sri narendra //

puluh-puluh ujêr ngong katêmpuh sêpuh / sampun kasakmatan / pasthi tan kêna gumingsir / pamuwuse patih sarwi awotsêkar //

kang angrungu tumungkul pating kacêmut / ngampêt guyu samya / manadukarèng sang patih / dènnya bangkit nanduki timbanging basa //

Taksih wontên sambêtipun.

Tiyang Kalang

Sêsorahipun Mas Ismu Subrata wontên ing Radyapustaka, nalika tanggal kaping 17 Marêt 1928 pêthikan saking karanganipun para sagêd ingkang sampun sami ngudi bab punika.

Purwaka

Pusaka Jawi ingkang mêdal ing wulan Marêt kapêngkêr punika ngêwrat pasumbangipun paduka Tuwan J.E. Jasper gupêrnur ing Ngayogyakarta. Bab golonganing karaton ingkang nama: Gadhing Mataram. Gêgandhengan kalihan punika, kula badhe sêsorah bab tiyang Kalang, ingkang sapunikanipun dados namaning golongan abdi dalêm undhagi ing Surakarta. Nanging sarèhning kula piyambak botên ngalami jamanipun ing kina-kinanipun, sagêd kula sêsorah bab punika tamtunipun inggih kêdah mawi ular-ular karanganipun para sagêd ingkang sampun sami ngudi ing bab punika, mênggah pamêthik kula [ku...]

--- 28 ---

[...la] ing karang-karangan punika, namung kula pêndhêti ingkang kula anggêp prêlu utawi botên namung mligi kula jawèkakên kemawon, wontên ugi ingkang prêlu mawi kula laras miturut pangraos kula piyambak. Ingkang makatên punika têmtunipun wontên ingkang sagêd damêl malèsèdipun wawasan kula saking wawasanipun para sagêd ingkang sami kula pêthiki wawasanipun, punika botên dados punapa, dene kajênging manah kula namung badhe nêrangakên cêthaning larah-larahipun tiyang Kalang. Manawi wontên malèsèding wawasan kula, punika sanès lêpatipun para sagêd ingkang kula pêthiki karanganipun, namung saking kirang gaduking sêsêrêpan kula piyambak, mila manawi wontên malèsèdipun, para sagêd kasêbut ing nginggil, mugi sampun kacangking, kula piyambak ingkang angêngkoki. Mandar ingkang kagalih mathuk, punika kaencokna dhatêng wawas- wawasan ingkang sami kula pêthik, amargi pancèn punika ingkang kula damêl ular-ular.

Ing sadèrèngipun kula miwiti sêsorah kula, kula matur sèwu nuwun ing Panjênêngan Dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, utawi ing paduka TunTuwan. Dr. Pigeaud angtènipunanggènipun. sami karsa maringi ubarampenipun ingkang badhe kula sêsorahakên. Utawi kula prêlu ngaturi katrangan, manawi para abdi dalêm kalang ingkang wontên ing samangke punika, sampun sanès têdhak turunipun tiyang Kalang ingkang kula kajêngakên ing sêsorah punika, mênggah kajênging katrangan punika, mangke ing ngandhap badhe cêtha piyambak.

Wondene ingkang kula angge jêjêring ular-ular kula, wawasan ingkang ênèm piyambak, inggih punika wawasanipun Tuwan T Altona ingkang kawrat T.B.G. deel LXII taun 1923 katitimasan ing Bojanagara, wulan Dhesèmbêr 1922. Amargi punika ugi mawi mêthik karanganipun para sarjana ingkang sampun-sampun. Mandar manawi prêlu pamêthik kula, kula jangkêpakên.

Sapunika lajêng badhe kula wiwiti sêsorah kula.

Asli- aslinipun tiyang Kalang, ingkang sampun kasêbut ing sêrat-sêrat

Cêcriyosan ingkang ngêwrat kawontênan saha asli-aslinipun tiyang Kalang, namung sakêdhik sangêt.

--- 29 ---

Tiyang Kalang piyambak angakêni, manawi miturut dongengan, ingkang anurunakên piyambakipun punika, tiyang ingkang dipun rabèni ing sagawon, utawi tiyang ingkang angrabèni tiyang sêpuhipun.

Para sagêd ingkang sampun- sampun, wontên ingkang mastani manawi lêluhuripun tiyang Kalang punika tiyang bumi ingkang sêpuh piyambak. Sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên, manawi tiyang Kalang punika golongan ingkang asor piyambak, nalika ing jaman Hindhu, nanging botên mawi katrangan ingkang cêtha. Wontên malih ingkang mastani: manawi kalêbêt golonganipun bôngsa Kèkrito Pilipinah.

Wawas-wawasan punika sadaya dèrèng sagêd adamêl marêming manahipun Tuwan Altona, mila lajêng ngayati damêl wawasan ingkang langkung cêtha. (saking panêdhanipun nagari).

Lêlurinipun tiyang Kalang miturut dêdongengan

Mênggah dêdongengan ingkang nyariyosakên lêlurinipun tiyang Kalang punika kathah sangêt, mèh sabên panggenan gadhah dongèng piyambak, beda-bedanipun namung sakêdhik, wosipun nunggil misah kemawon, mila dêdongengan punika botên prêlu kacariyosakên sadaya, namung ingkang kula manah prêlu kadamêl katrangan panggrayangan kula ing bab asli-aslinipun tiyang Kalang kemawon. (kula ing ngriki têgêsipun, kula: juru sabda, ingkang sampun kapêthik kawruhipun Tuwan Altona punika salajêngipun badhe botên kula wongsal-wasuli malih).

Dêdongengan kapêthik saking karanganipun Tuwan E. Ketjen ingkang katitimasan Pekalongan… Maart 1877 (T.B.G. deel XXIV).

Mênggah asli-aslinipun tiyang Kalang, têtiyang Pakalongan ing jaman samantên, gadhah dêdongengan makatên:

Anuju satunggaling dintên pêdhati Jawi, ingkang nama pêdhati kalang, angirit maesa kalih lumampah ing ombaking sagantên. Nalika samantên wontên nangkoda saking ing Atasangin, anama Dhampuawang. Numpak baitanipun ingkang sagêd angambah ing jumantara. Sarêng tukang anggrobag sumêrêp baita wau, lajêng dipun sapa: klèntuning rêmbag dados pabên, tiyang anggrobag mêndhêt pasanganing maesanipun, kabangkolakên dhatêng baita, kenging baita dhawah ing siti, Dhampuawang nyandhak wêlahipun, [wêlah...]

--- 30 ---

[...ipun,] kapênthungakên ing grobag, sumyur. Maesa panggèrèd kalih lajêng sami anjêrum ing gisik, malih dados rêdi ingkang katingalipun mèmpêr maesa anjêrum, grobag kèrêm ing sagantên lajêng dados karang, risakaning baita dados rêdi, ingkang sapunikanipun nama rêdi Prau, wujudipun mèmpêr baita mangkurêb.

Wontên ing sacêlakipun rêdi Prau Dhampuawang anusub ing wana, ngantos dumugi ing padhukuhan salèring rêdi Dhiyèng, nama dhukuh Mêndhangkungan. Ing ngriku sangêt ing ngêlakipun, nêdha dêgan dhatêng tiyang ing ngriku, nama Kyai Inawirya, sasampunipun angombe dêgan, kraos badhe têtoyan, katadhahan ing blungkangipun.

Botên antawis dangu wontên andhapan èstri dhatêng ing ngriku, ingkang ugi sangêt ing ngêlakipun, nama andhapan Mêndhalungan, agahan angombe isining blungkang, andadosakên ing wawratipun, andhapan punika sangêt kapengenipun dados tiyang.

Kacariyos, Kyai Inawirya botên dangu ical kapengenipun dhatêng têtêdhan, botên purun nêdha punapa-punapa. Danguning-dangu kapengening dhatêng têtêdhan katingal maujud, agêngipun sawohing pala, mêdal saking raganipun Kyai Inawirya. Wicantên makatên: Dhuh kapriye iki bapak, dene aku dumunung ana ing ragamu ora kowènèhi pangan nganti samene suwene, anggonku mêtu iki arêp anjaluk pangan, wis kasuwèn anggonku ora mêmangan. Kyai Inawirya gumun sangêt, makatên wangsulanipun: Aku wis ora duwe pakarêman, yèn kowe kapengin mêmangan, angundhuhana tanduranku, kêna sakarêpmu, gêdhang lan nanase wis padha matêng.

Ing ngriku kamurkanipun Kyai Inawirya dhatêng têtêdhan lajêng malih awarni tikus, dhatêng patêgilan anêdha satuwukipun, sarêng sampun tuwuk lajêng wangsul, badhe lumêbêt ing raganipun Kyai Inawirya malih, nanging Kyai Inawirya botên purun, makatên wicantênipun: Aku wis êmoh mêmangan, luwih bêcik kowe lêstaria ana ing jaba bae, manganana wowohan tanduranku, amarga yèn kowe balia lumêbu ing ragaku, ora wurung yèn kowe kapengin mêmangan, iya bakal mêtu saka ing ragaku manèh, tikus lêstantun wontên ing jawi, lajêng malih dados sagawon, kanamakakên Bêlang Wayuyang.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 31 ---

PangêtanPèngêtan (dan di tempat lain).

Pangarsa ngandika, miturut agendha ôngka 8 sapunika gêntos ngrêmbag bab pagrêjèn, mênggah bibit sakawitipun Narpa badhe ngadani pagrêjèn wau saking usulipun warga R. M. H. Bratadipura wontên ing parêpatan agêng kapêngkêr, lajêng pangrèh damêl dhapukan panitya supados manah bab wau, rancanganipun sampun kawrat ing organ ôngka: [...] taun 1930 wontên ingkang urun rêmbag, sadhèrèk Ônggapradata mrayogèkakên pagrêjèn wau dipun agêngakên, ing mangke ingkang langkung parlu para warga rujuk punapa botên wontênipun pagrêjèn wau, manawi rujuk pangrèh badhe manah kalampahanipun.

Rm. Sasrasugônda nyuwun sêsêrêpan, utawi badhe nyuwun angrêmbag ewahing pranatanipun punapa kaparêng.

Pangarsa mangsuli ingkang parlu punika rujukipun rumiyin.

Rm. Martana nyuwun pitakèn, èngêtipun rumiyin Narpa sampun nate nyinau sarta badhe ngadani kopêrasi, rèhning wêkdal punika sawêg jaman kopêrasi, panggalihanipun pangrèh kadospundi, saupami pagrêjèn wau dipun tata kados kopêrasi kadospundi.

Pangarsa maringi katrangan, wontênipun kopêrasi botên sagêd dados, dening para warga botên wontên ingkang lajêng tumbas andhil, sarta pawitanipun bilih kopêrasi kêdah kathah, sarêng pagrêjèn sagêd namung mawi pawitan sakêdhik.

R.T. Mr. Wôngsanagara matur, kopêrasi wau tanpa andhil, inggih sagêd dados.

Rm. H. Wuryaningrat anêrangakên, bilih koopêrasi makatên inggih sae, nanging koopêrasi Narpawandawa punika langkung rêkaos tinimbang kalihan kopêrasi B.O. tumrap Narpa kopêrasinipun botên sagêd jêmbar têbanipun, amargi amung sak para warga, sarêng B.O. sagêd mêdal sajawining warga, dene pamanggihipun panitya badhe ngadêgakên pagrêjèn kangge para warga Narpawandawa, punika rujuk sangêt, awit badhe langkung migunani tinimbang verbuik cooperatie namung kêdah dipun dhasari suka pandamêlan, ngiras angwontêni bêtahing warga, wosipun kemawon, ekonomi Kajawèn wêkdal punika kêdah dipun wiwiti lampah saking badanipun piyambak. Upaminipun: [U...]

--- 32 ---

[...paminipun:] rasukan lurik, punika dagêda sagêda. wiwit saking nanêm kapas, panênun, dumugi pandamêlipun rasukan, lajêng panyadenipun, sagêda dipun tandangi bôngsa Jawi piyambak, makatên sapanunggilanipun, ingkang parlu kêdah dipun tandangi rumiyin, bilih sagêd kalampahan makatên, badhe sagêd anggêsangi Kêjawèn, namung kosokwangsulipun manawi botên makatên, inggih badhe taksih kompal-kampul, têgêsipun: gêsangipun taksih gumantung ing sanès, inggih bangsanipun makatên punika tumrapipun tiyang Jawi. Ewadene manawi sampun sami kiyatipun, lah punika sawêg mêndhêt saking sanès bôngsa, dados nama bajong-binajong, awit saking punika sampun cêtha sangêt tumindak dhatêng andandosi badanipun piyambak anggayuh kawibawan, inggih punika opbao (opbouw) cocog kalihan pulitikipun.

Pinanggihing rêmbag, para warga rujuk sadaya wontênipun pagrêjèn wau, pangarsa lajêng ngaturakên panuwun dhatêng para panitya, sarta lêlajênganipun kasuwun angawat-awatana tuwin suka pitêdah dhatêng pagrêjèn Narpawandawa.

Wara-wara

Pagêrjèn Narpawandawa ngaturi uninga, manawi sapunika sampun angwontênakên grêji santana dalêm ingkang nindakakên padamêlan cara nyonyah kangge para putra-putra ingkang sami taksih sakolah, kangge lare ingkang limrah kantun amratelakakên pintên umuripun, kalayan rêgi mirah, manut kawontênanipun ingkang badhe mundhut, kados ta: priyantun luhur utawi ingkang pamêdalipun dèrèng kathah sami dipun sudhiyani supados botên kawratên panumbasipun, ingkang makatên wau thukulipun sakawit saking salah satunggalipun warga Narpawandawa, raosan bilih ing pagêrjèn taksih dèrèng nyêkapi kabêtahanipun para warga, amargi ingkang kawontênakên sapunika tumrap ingkang balanjanipun sakêdhik kapêksa botên sagêd tumbas dhatêng pagêrjèn wau jalaran saking rêginipun kathah, sarèhning pamrayogi wau kamanah lêrês lajêng dipun laksanani, sarta ngaturakên panuwun katur sadhèrèk warga ingkang paring pitêdah wau, botên langkung pagêrjèn ngajêng-ajêng wêlinganipun para warga sarta sanès-sanèsipun, punapadene bokmanawi taksih kuciwa kasuwun kaparênga paring pitêdah utawi pamrayogi badhe lajêng kamanah sapêrlunipun, ing wasana pagêrjèn Narpawandawa ngaturakên panuwun.

Rad pan Bêhir.