Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 3, Kaping 22 Sawal Je 1862, Utawi Kaping 1 Marêt 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,005 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèdhêrasi

II

Ha: Pèdhêretet Malaesêtit Federated Malay States (F. M. S.) inggih punika karajan Malayu ingkang sami federatie awujud:

1. Perak ... sultan, 2. Sêlangor ... Sultan, 3. Payang ... sultan, 4. Nagri Sêmbiyan yam di per Tuan besar

Na: ingkang botên tumut federatie

1. Johor ... sultan, 2. Kêdah ... sultan, 3. Kêlantan ... sultan, 4. Trêngganu ... sultan, 5. Pêrlis ... raja, 6. Pêtani ... raja

Para sultan raja saha yang dhipêrtuan bêsar punika jumênêngipun sarana aprajangjian kalihan guprêmèn, sêsêbutanipun para nata wau Highnese = Hoogheid pakurmatanipun [pakurmatanipu...]

--- 34 ---

[...n] sami, kajawi yang dhi tuwan bêsar, upaminipun: para raja lan sultan angsal pakurmatan mariyêm kaping 17 nanging yang dhipêrtuwan bêsar namung 15 jajaranipun dragundêr 50 sabên karajan wontên jêjênêngipun parentah Inggris sêsêbutanipun Resident utawi Adviseur Generaal sarèhning para nata wau anggèning aprajanjian kalihan Sri Maharaja Inggris, mila tanduking sarawunganipun para wakilipun Inggris ingkang wontên ngriku inggih sanès, makatên ugi sêsêbutanipun guprênur dhatêng karajan wau ngangge sêsêbutan High Commissioner = Hooge Commissaris.

Sapunika bab wontênipun F. M. S. (Federated Malay States.) adêgipun F. M. S. punika awêwaton prajanjianipun para nata (bond verdrag) kalihan Guprêmèn Inggris, adêgipun pèdhêrasi punika manawi botên kalèntu wiwit taun 1927 ingkang prajanjianipun manawi kapirid ingkang kantun piyambak sampun asring-asring dipun ewahi (mangke badhe kula aturakên ing wingking), F. M. S. punika dipun pangagêngi dening High Commissioner. Wêwênangipun mirib kemawon kalihan pangarsaning bon ing pundi-pundi, nanging malah kawêwahan wênang nitipriksa (Controle) dhatêng satunggal- tunggalipun karajan, kajawi bab agama Islam sarta ingkang gêgayutan kalihan agama Islam. Punapadene pêpancèn dhaharipun para raja dalah sakulawarganipun. Sarèhning High Commissioner punika sampun kathah kawajibanipun anggèning dados guprênur§ Awit kajawi talatah ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, pulo Penang sarta Brit Borneo (Britsch Borneo) ugi kawêngku ing parentah Sraits. awit saking makatên kawajiban anggèning dados panuntun, F. M. S. dipun pasrahakên dhatêng Chief Secretary to Government (sèkrêtaris jendral) ingkang dipun patêdhani balônja sarta griya dhatêng para raja-raja ingkang sami dados warganipun F. M. S. kitha dunungipun F. M. S. punika ing Kualalumpur, inggih ing ngriku dununging griyanipun Chief Secretary dalah sapunggawanipun F. M. S. punapadene griya-griya nagari ugi kathah (F.M.S. gebouwen en hoofdbureaux der diverse diensten) miturut kawontênan ing ngriku F. M. S. punika santosa sarta sugih, malah kacariyosakên sagêd nyambuti dhatêng karajan tangganipun upaminipun, Bruni gadhah sambutan dhatêng F. M. S. ngantos 5.000.000 kala pêrang agêng sagêd ngaturi pisungsung baita pêrang katur Sri Maharaja Inggris, pangaos 16.000.000 ingkang baita [ba...]

--- 35 ---

[...ita] wau kanamakakên "Malaya" makatên malih gadhah panggaotan sêpur ingkang lumampah satalatah tanah Malayu ngantos dumugi watês nagari Siyêm.

F. M. S. anggadhahi Federal council (federale raad) utawi wètgipên dhê rad, pangarsanipun High commissioner utawi dipun wakili dening Chief Secretary warganipun (officieele) 13, residhèn 4, lan para pangagêng punggawanipun F. M. S. warga mirunggan. (niet officieelen) 11, tiyang siti 4 (kapêndhêtakên saking satunggaling karajan), Tionghoa 2, sanèsipun punika têtiyang Inggris sadaya, warga ingkang minôngka wakilipun para raja saking tiyang siti sadaya, sadaya warga punika dipun wisudha dening High commissioner, para warga mirunggan wontênipun ing rad namung sagêd ngaturi rêmbag pamrayogi (wêwênang adviseerende stem) Federal council punika kawajibanipun amanah sadaya bot-repot sarta ruwêt rêntêngipun F. M. S. sarta damêl anggêr-anggêr warni-warni, namung tumindakipun anggêr- anggêr wau ingkang andhawuhakên para nata piyambak-piyambak ingkang kagungan wêwêngkon, akalihan rêpatipun (States council = Staatsraat) sarana dipun tapak astani sang nata kalihan High commisioner utawi Chief Secretary dhawuh pranatan tumrap satunggal-tunggaling praja (landswetten) botên kenging nyulayani pranatanipun F. M. S.

Rantaman (begrooting) lêbêt wêdaling arta ing satunggal-tunggaling praja kadamêl dening para raja sarta radipun piyambak-piyambak ingkang lajêng kasukakakên dhatêng Federal council ingkang nêtêpakên Federal council, sapintên ingkang kangge kabêtahanipun praja-praja wau, sapintên tirahipun lajêng malêbêt dhatêng kas sarta kangge waragad kaprêluanipun F. M. S. awit saking tatanan punika inggih lajêng botên anèh manawi F. M. S. lajêng sugih bôndha-bandhu kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

Taksih wontên sambêtipun

Palapuran Apdhèling Bagean Apdhèling IV B. B.

Bab 4.2. Wragad Pangrèh Praja

Wontên kabar bilih pamarentah kagungan karsa, Surakarta lan Ngayogyakarta badhe kadadosakên guprêmèn satunggal, punika sawatawis warga nyuwun sêsêrêpan, [sêsêrêpa...]

--- 36 ---

[...n,] punapa kabar wau nyata, manawi kapara nyata ing pundi badhe dêdunungipun guprênur, makatên malih bab punika punapa sampun dipun suwunakên rêmbag dhatêng para nata, punapa badhe dipun suwunakên rêmbag, wontên warga sawatawis anyondhongi kêmpalipun Surakarta lan Ngayogyakarta dados saguprêmèn.

Sawatawising warga nyuwun supados tanah Jawi punika kadadosakên propinsi satunggal kemawon, karajan Jawi botên kalêbêtakên wêwêngkon propinsi wau, kaasta residhèn satunggal, nanging sumusup dhatêng guprênur tanah Jawi.

Bab 4.10. Sèlèpbêstirên

Sarèhne samangke pinuju môngsa pacêklik arta, wontên sawatawising warga mrayogèkakên, arta pitulunganipun pamarentah dhatêng para sèlêpbêstirên kacêngklonga samurwatipun.

Memori Wangsulan

Bab 4.3. Pangrèh Praja Walandi

Bab badhe ewah-ewahanipun tatanan pangrèh praja Walandi ing karajan Kajawèn, punika sawêg dados panggalihan. Sarèhne pamarentah dèrèng nampèni usulipun para paranpara, dados samangke inggih dèrèng sagêd maringi katrangan barang-barang.

Bab 4.10. Sèlêpbêstirên

Samangke sampun dipun angkah supados pitulunganipun arta saking pamarentah dhatêng para sèlêpbêstir ingkang botên wêwaton prajangjian (têtêmpuh) badhe kasuda, namung ingkang wêwaton prajangjian botên sagêd manawi botên sarêmbag kalihan karajanipun, amargi pamarentah botên wênang mutus piyambak.

Pidhatonipun K.P.H. Adiwijaya Babagan B.B. Nalika ing Dintên Sêtu Kaping 6 Pèbruari 1932

Tuwan-tuwan pangarsa, sanadyan nalika parêpatan ing sèksi kula botên sagêd tumut jalaran saking kula gadhah parlu ingkang wigatos, ewadene sarêng parêpatan umum dintên punika, kula kapêksa tumut rêrêmbagan sawatawis, mila inggih nyuwun palilah dhatêng ing pudhium.

--- 37 ---

Ing palapuran apdhèling wontên pitakenanipun warga sawatawis punapa sayêktos cariyosipun pawartos bilih pamarentah kagungan karsa, Surakarta lan Ngayogyakarta badhe kadadosakên guprêmèn satunggal, kaasta gupêrnur satunggal. Wontên warga sanèsipun ingkang nyuwun supados tanah Jawi kadadosakên propinsi satunggal, karajan Kajawèn botên dipun lêbêtakên wêwêngkon propinsi, kaasta residhèn satunggal, nanging residhènipun sumusup dhatêng gupêrnur tanah Jawi wau. Wontên malih salah satunggaling warga ingkang nyuwun sêsêrêpan manawi Surakarta lan Ngayogyakarta sampun kadadosakên guprêmèn satunggal, gupêrnuripun badhe dêdunung ing pundi.

Wangsulanipun pamarentah cêkak aos, bilih têmên badhe wontên panggalihan ngewahi tatananipun pangrèh praja Walandi, nanging panggalihan wau dèrèng gumathok, sarta dèrèng nampèni pamrayoginipun para paranpara, mila waktu punika inggih dèrèng sagêd maringi katrangan punapa-punapa.

Kawontênan makatên punika tuwan pangarsa, anggampilakên anggèn kula badhe ngaturi wawasan bab wau, kanthi pamuji mugi-mugi pamarentah anggatosna sadaya ingkang badhe kula aturakên mangke. Makatên malih dêrênging manah kula nêdya ngaturi wawasan punika ugi saking bab badhe ewah-ewahan wau sampun dipun rêmbag wontên ing Soerabaiasch Handelsblad sarta Timbul. Mila ing pangintên tumrapipun pamarentah inggih namung bingah dening bab badhe ewah-ewahan wau sampun karêmbag muyêg, dados badhe putusanipun nama wohing rêmbag ingkang sampun matêng.

Sampun tamtu kemawon manawi kula botên nayogyani badhe dadosipun karajan Jawi dumados guprêmèn satunggal, ewadene saupami pamanggih wau kasingkirakên rumiyin dening punika nama pamanggihing pêrsun, botên wontên pakèwêdipun, nanging kula lajêng gadhah panuwun dhatêng pamarentah supados prakawis punika kasuwunakên rêmbagipun para nata rumiyin, mupung panggalihanipun pamarentah dèrèng gumathok. Amargi manawi panuwunipun rêmbag dhatêng para nata wau ngêntosi bilih kaparêngipun pamarentah sampun gumathok, kula kuwatos bilih pamrayoginipun para nata botên badhe wontên dayanipun, manawi makatên saèstu owêl sangêt, sarta kula kuwatos bokmanawi lajêng nuwuhakên raos-rumaos, [rao...]

--- 38 ---

[...s-rumaos,] ngrêmbug butuhku nanging ora rêmbugan karo aku.§ Nalika nagari Walandi kabawah Prabu Napoleun, ingkang rayi kajumênêngakên nata ing ngriku jêjuluk Prabu Lodhêwik, Napoleun manawi karsa ngewahi pranatan lan sasaminipun botên kaparêng rêmbagan rumiyin kalihan têtiyang siti, sêkar lathinipun: chez nous, sur nous, maissans nous Jawinipun: ènèng gonmu, ngrêmbug pêrlumu, ning ora nganggo kowe, makatên punika saking rumaos gênging wêwênangipun. Tuwuhing raos-rumaos kados makatên punika sayogi dipun singkiri sarana wiwit samangke rêrêmbagan kalihan para nata ingkang ngantos salêsih.

Timbul ôngka 21, 22, wêdalipun kala kaping 19 Dhesèmbêr 1931 kapêngkêr punika, nayogyani kaparêngipun pamarentah Surakarta lan Ngayogyakarta dipun wontêni residhèn piyambak-piyambak ingkang nindakakên pandamêlan padintênan sarta sêsangkutanipun kalihan para nata, gupêrnuripun dêdunung wontên ing tapêl watêsipun praja kalih, srawunganipun kalihan karajan Kajawèn namung manawi wontên pêrlunipun ingkang wigatos.

Manawi pamanggih makatên punika dipun tindakakên, têgêsipun namung dumunung nyuda kaluhuranipun para nata lan para karajan Jawi, amargi samangke srawunganipun sanadyan namung padintênan sampun kalihan gupêrnur, ing têmbe namung badhe kalihan residhèn kemawon, môngka residhèn wau kawêngku ing gupêrnur, dados sêsrawunganipun para nata botên kalihan wakiling pamarentah, nanging namung kalihan wakiling wakilipun pamarentah kemawon. Makatên malih wakilipun pamarentah namung badhe satunggal, môngka pamawas kula wêwaton prajanjian dalêm, karajan wau wênang kagungan wakiling pamarentah piyambak.

Awêwaton ingkang sampun kula andharakên punika, sampun têrang sangêt bilih panuwunipun sawatawising warga, supados ing têmbe manawi tanah Jawi dipun dadosakên propinsi satunggal, karajan Kajawèn katanêman residhèn kemawon sumusup ing gupêrnur tanah Jawi, kula botên mupakat. Manawi kalêksanan makatên saèstunipun, wêwujudaning wakilipun pamarentah Indhiya Nèdêrlan, ingkang wontên ing karajan Kajawèn, lajêng badhe sirna tanpa lari, amargi wakilipun pamarentah ingkang murni punika botên sagêd kawêngku ing sintên-sintên kajawi ingkang wicaksana gupêrnur jendral piyambak. Mila suwunan kasêbut wau punika, kula wastani nyuda kaluhuranipun para nata langkung saking pikajêngipun Timbul, botên pantês dipun pituruti.

--- 39 ---

Turunan

Ôngka 320 C/1/I

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, wiwit sapunika manawi wontên santana dalêm nyuwun pikukuh santana, sasagêd-sagêd kêdah mawi katrangan dintên tanggal wulan taunipun nalika lair, saha wontên ing bawah pundi nalika lairipun wau, amargi badhe kawrat wontên ing sêrat pikukuhipun.

Ingkang punika salajêngipun kadhawuhakên kula amitadosakên.

Kasêrat kaping 22 April 1931.

Pêpatih dalêm: Kangjêng Pangeran Arya Adipati W. G. Jayanagara

Turunan

Ôngka 14

Mugi katur pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa ing Surakarta.

Kula nuwun, pangrèhing pakêmpalan bôndha pasinaon tumbuk dalêm P. B. X anyêkapi sêratipun pangrèh Narpawandawa, katitimasan kaping 4/8 31 ôngka 52/329 bab kawontênanipun arta kados ing ngandhap punika:

Ha: Tampi prasrahan saking komite tumbuk dalêm f 16536,99. Na: Tampi anakan f 419,38. Gunggung f 16956,37

Ca: Kangge mitulungi lare 5 sampun têlas f 267,-. Ra: Kangge tumbas lot f 14,-. Ka: Kangge wragad sêrat-sêrat f 5,30. Da: Kangge sègêl, cèk lan cap-capan f 18,95. Gunggung arta mêdal f 305,25. Kêkantunanipun f 16651,12.

--- 40 ---

Kajawi saking punika, taksih wontên lare watawis nênêm, ingkang badhe kaparingan pitulungan, nanging ing wêkdal punika sawêk kasatitèkakên dening pangrèh.

Ingkang punika mugi andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 12 Agustus 1931.

Pangarsa: Wg. Wignyadisastra.

Wacaka: Wg. Padmanagara.

Pèngêtan

Pangarsa ngandika arta urunanipun (Contributie) para warga kathah ingkang walêd, inggih punika arta urunan sadèrèngipun taun 1928 pamanggihipun parêpatan kadospundi, putusanipun parêpatan arta walêdan wau dipun sahakên, namung wiwit taun 1929 kemawon katagih.

Pangarsa lajêng ngacarani panitya ingkang kapatah manah ewahing pranatan carangan, supados nêrang-nêrangakên saparlunipun, wakil panitya R.M.H. Padmawinata lajêng majêng, katêrang-terangakên satunggal- satunggaling bab, para warga rujuk sadaya, namung wontên ewahing têtêmbungan sawatawis, pranatan carangan lajêng katêtêpakên.

Usulipun K.R.T. Mr. Wôngsanagara bab pamoring kawula kalihan gusti, rang kirang. langkung kados ing ngandhap punika:

Sakawit juru sabda amratelakakên bilih badhe usulipun punika sawatawis panjang, mila kapêksa amêdhar sabda wontên ing pamimbaran (podhium) punika, awit saking kadadosan ing sajawining rangkahing sawatawis wulan punika, tuwuh wontên raos manawi Narpawandawa punika sêmu badhe miyambak, juru sabda inggih pirsa manawi raos wau kalèntu, dening jalaran-jalaranipun namung lugu kabêkta saking dumadakan sadaya, dene sababipun tuwuhing raos wau, sapisan, kala Narpawandawa kaajak lumêbêt ing B. A. P. A. botên karsa, kaping kalihipun nalika B. O. kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun, ngrêmbag bale agung, nalika samantên Narpawandawa dipun sêdhahi rawuh kemawon botên karsa. Ing môngka saking pamanggihipun juru sabda sanadyan Narpa punika sampun anggadhahi adêg (mosi) piyambak, nanging awonipun punapa andhatêngi, sukur tumut rêrêmbagan, kaping tiganipun [tiganipu...]

--- 41 ---

[...n] nalika konggrès Indhonesiah Mudha ingkang kantun punika, namung Narpa piyambak botên ngintunakên wakil, môngka sadaya pakêmpalan sami ngintunakên wakil, ingkang makatên wau sampun tamtu anjalari tuwuhing raos ingkang botên sakeca tumrap Narpawandawa, môngka Narpawandawa punika minôngka wêwayanganing praja sagêdipun gandhèng kawula lan gusti, saha salaminipun botên makatên, sarta pancèn sanès tujunipun makatên, kados ta: rumiyin Narpawandawa nate lênggah ing lokal komite, sêsarêngan kalihan B.O., S. I. sarta darah M.N. sarta sadaya tindak-tandukipun Narpa punika ingkang kêrêp malah katujokakên ing parluning umum, ngantos nate Narpa dipun protès warganipun piyambak, dening kamanah kirang cekat-cèkêt nindakakên parluning warga piyambak. Amila nalika adêgipun pakêmpalan kawula Ngayogyakarta, juru sabda ugi mratelakakên bilih Narpawandawa punika sanadyan ingkang kenging dados warga namung para santana dalêm, nanging sadaya tindak-tandukipun katujokakên umum.

Ing salajêngipun juru sabda mratelakakên parluning gandhenganipun kawula lan gusti, inggih punika lapisan ngandhap kalihan nginggil, tumrap babagan punapa kemawon punika parlu tumrap santosaning praja, langkung malih ing Surakarta, manawi botên makatên ngandhap kalihan nginggil gampil ingabên kumba, ing ngriku golongan ngandhap malah sampun kadosdene miwiti, inggih punika usulipun B.O. sapiturutipun ingkang sami damêl mosi bab bale agung, punika ing ngriki sarta ing Ngayoja, sami kraos sangêt anggènipun mikangsalakên dhatêng praja Kajawèn, sanadyan tumrap ukaranipun bokmanawi wontên ingkang botên ngrujuki, ancas ingkang makatên punika têrang wontên, lah punika punapa botên wajib ingajenan sangêt. Manawi Narpawandawa makatên sampun gênah badan piyambak, nanging B.O., P.P.K.D. sarta P.K.C. ugi ngunggulakên dhatêng sèlêpbêstir, punika kula sadaya wajib suka tarima kasih.

Wasana juru sabda mratelakakên pamanggihipun, supados sagêd kalampahan kados pangajêng-ajêng ing nginggil wau tumuntên katindakna:

1. Ngadani lokal komite malih, sapunika ugi kalihan pakêmpalan ingkang tuwuh enggal-enggal punika.

2. Sasagêd-sagêd supados rekadaya sêsambêtan kalihan pakêmpalan ing Ngayogyakarta, [Ngayo...]

--- 42 ---

[...gyakarta,] parlu sêsarêngan angrêmbag kabêtahanipun Porstênlandhên.

Pangarsa ngandika, bingah sangêt, dene sadhèrèk Wôngsanagara purun mêdharakên swara saking jawi, bab raos rumaosipun para sadhèrèk sanèsipun dhatêng Narpawandawa, pancèn inggih lêrês kados ngandikanipun sadhèrèk Wôngsanagara wau, dilalah kala samantên botên ngintunakên wakil dhatêng konggrès I. M. dening para pangrèh sawêg sami kapambêng alangan, dados nama botên kajarag, bab punika kados cêkap kapunggêl samantên kemawon, ing samangke nglajêngakên bab usul Wôngsanagaran, ngwontênakên lokal komite malih, malah sagêda gandhèng kalihan pakêmpalan-pakêmpalan ing Ngayogya, punika pangrèh badhe manah ing saparlunipun. Ing ngriki para warga pancènipun sampun sagêd anggalih dhatêng purwakanipun pangarsa, bab wontênipun Almanak Narpawandawa taun 1931 punika sampun sagêd angêwrat kawontênan-kawontênanipun praja sakawan, sanadyan nama dèrèng sampurna, nanging sampun kenging kangge ular-ular minôngka têtangsulipun karukunan.

M. Ng. Ônggapradata usul, miturut sêrat kabar Darmakôndha ôngka 289 taun 1930 parêpatanipun para karajan Jawi kala kaping 10 Dhesèmbêr 1930 wontên ing Kapatihan Ngayogya, mutus: bilih usul-usulipun pakêmpalan pulitik tuwin sêrat-sêrat kabar (pers) rêmbag bale agung, para karajan Jawi badhe ngwontênakên panitya (kumisi) ingkang kapatah manah sakathahing kawratanipun pakêmpalan-pakêmpalan wau, sarta mratitisakên saupami angên-angênipun sakintên sagêd dipun pituruti, lajêng kadospundi kadadosanipun paprentahan tuwin kawontênanipun babagan arta. Makatên wau manawi kapara nyata supados Narpawandawa nyuwun dhatêng pamarentah, wontêna warganipun salah satunggal lênggah wontên ing dhapukan panitya wau.

Pangarsa paring katrangan, mênggah usulipun sadhèrèk Ônggapradata punika, ingkang kapatah dados panitya kalih pisan sami warganing Narpawandawa, inggih punika pangarsa piyambak kalihan R.T. Mr. Wôngsanagara. Sampun sami tampi nawala dalêm tuwin kêkancingan saking nagari.

Pangarsa lajêng ngandika sintên malih ingkang badhe mêdhar sabda, mugi sampun sami pakèwêd anglairakên panggalihipun.

--- 43 ---

M. Ng. Wignyamargana, matur I mrayogèkakên isinipun organ kajêmbarakên, kenging nampèni panjurung saking jawi, ingkang murih wilujêngipun praja, II sarèhning pamundhut dalêm andhil dathêng bondha lumaksa punika kathah, mrayogèkakên bôndha lumaksa punika kangge umum, kenging nyambuti dhatêng tiyang alit, awit ing wêkdal punika ekonominipun para kawula sawêg nama rêkaos.

R. M. Cakrapangarsa matur bab irah-irahaning sêrat-sêrat Narpawandawa (Beschermheer Z. H. De Soesoehoenan van Soerakarta) ngangge têmbung tuwin aksara Wlandi, punika pamanggihipun langkung prayogi ngangge têmbung sarta aksara Jawi kemawon, kadospundi santunipun nyumanggakakên pangrèh.

R.M. Joharkamit matur bab kawontênanipun para lare murid Pamardisiwi saha Pamardiputri ingkang sami dados tonilstêk, kala kadhawuhan main wontên ing ngarsa lêm,dalêm. paring dalêm têdha dalah anggènipun anggalih kawilujêngan, dalah para tiyang sêpuhipun murid-murid, katingal kagalih sangêt. Ingkang makatên wau sangêt sêmbah nuwunipun, mênggah kauninganipun kumisi sakolahan, nyumanggakakên pangrèh.

R.T. Atmadipura saha R.T. Tôndhawadana, usul bab lampahing darma kasangsaran Marapi, prayogi mawi lis.

Pangarsa mangsuli pangandika tumrap ingkang sami usul-usul wau, I usul Wignyamarganan, bab isining organ, tumindakipun sampun makatên, nanging ugêr botên nyulayani sêdyanipun Narpa, dene bab bôndha lumaksa kaprayogèkakên kangge umum, badhe kalantarakên dhatêng pangrèhipun. II Cakrapangarsan, bab irah- irahaning sêrat-sêrat, badhe kamanah saparlunipun. III R.M. Joharkamit, bab sangêt panuwunipun dhatêng kumisi sakolahan, ugi badhe kalantarakên, IV usul Atmadipuran sarta Tôndhawadanan, badhe katindakakên. Pangarsa lajêng ngandika sintên malih ingkang badhe mêdhar sabda, mupung parêpatan dèrèng katutup.

R.M. Sudarya matur sangêt panuwunipun dhatêng para pangrèh lami, ingkang sami kaparêng kapilih malih, mugi-mugi anggènipun nindakakên pandamêlan sangsaya sêngkut, amurakabi widada saha kuncaranipun Narpawandawa, namung kosokwangsulipun, para warga sami kasuwun sangêt-sangêt anêtêpana dhatêng wajibipun.

Pangarsa mêdhar sabda, sadèrèngipun parêpatan katutup, ngaturakên bingah sarta panrimahing [panri...]

--- 44 ---

[...mahing] panggalih, katitik anggènipun para warga sami milih malih dados pangarsanipun Narpawandawa, punika nandhakakên bilih condhong dhatêng tuntunanipun, amung bokmanawi wontên klenta-klèntuning tindakipun pangarsa tuwin para pangrèh sanèsipun, para warga mugi sami angêgungna pangaksama, tumrapipun para pangrèh anyar rèhning nama sawêg sami jojo-jojo anggènipun nindakakên pandamêlan pangrèh, sarta kacupêtan ing sasêrêpan, mila para warga kaajêng-ajêng sampun sami awrat anglêrêsakên klèntuning tindakipun. Tumrap dhatêng para pangrèh lami pangarsa sangêt ing panuwunipun, dene sampun sami ambiyantu pandamêlan wajibipun pangarsa, langkung malih dhatêng panitra I sampun katingal sangêt anggènipun ambiyantu pandamêlan Narpawandawa, katôndha kala wontên warga Narpa kenging prakawis pulisi panitra I katingal anggènipun botên ngetang payahing badan, kalampahan sagêd wilujêng, wasana pangarsa ngandika bokmanawi sêpên sambekala botên dangu badhe nilar tanah Jawi anglampahi ayahan dhatêng Paris, amila wêlingipun dhatêng para pangrèh mugi sampun sami kêmba anggènipun nindakakên pandamêlan, kalastarèkna kados ingkang sampun-sampun, dumugi jam ½ 1 dalu, parêpatan katutup, wilujeng.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ ôngka 2

[Pocung]

1. ya ta sampun luwaran samana prabu / dhawuh poma-poma / wong rolas dèn kapanggih Kurang satu suku kata: wong rolas dènnya kapanggih. / apadene wong papat kang asambada //

2. dadya guru myang juru dhandhun dhêdhukun / wotsari sandika / aturira kyana patih / mantuk praptèng wisma mêmardi wardaya //

3. dalu kumpul lawan sagung punggawa nung / anggung anggupita / pêpintaning rèh kang kêni / kinarya mèt pametaning pangupaya //

4. golong rêmbug saekapraya tinurut / akarya byawara / warataning sanagari / gêgarane ginantungan kanugrahan //

5. dupi sampun antara dina kapangguh / ingkang kaupaya / kerid marêk ing ngarsa ji / amarêngi nuju miyos sinewaka //

6. dyan dinangu wong rolas kang kapangguhKurang satu suku kata: dyan dinangu wong rolas ingkang kapangguh. / apa wong jro praja / apa wong sajaban nagri / patih matur têtiyang gangsal punika //

7. wismanipun wontên lêbêting praja gung / tri wadya panêkar / kang kêkalih Masêrgarimagêrsari. / sami karèh kabupatèn sowang-sowang //

8. kang pêpitu punika têtiyang [têti...]

--- 45 ---

[...yang] dhusun / sajawining praja /angandika sri bupati / lah ta mara kabèh padha takonana //

9. kang aruntut êndi kang dadi pangayun / wiwit katulungan / dening Ki Dhawuk ing nguni / kyana patih apan sampun amariksa //

10. kang rumuhun tinulungan mring Ki Dhawuk / têtiyang kaparankapiran. / ing dhusun wana parigi / wasta Santri kabawah ing Ngumbulômba //

11. aturipun kawula kala rumuhun / ing masa Srawana / taun kang sampun kawingking / kesah andon dhatêng wukir Êluksanga //

12. praptanipun nèng ngriku botên adangu / amba katambêtan / wontên raksasa aguling / sarêng amba andulu kagyat ing nala //

13. kagum-kagum guragapan numbuk-numbuk / Buyut Dhawuk nabda / anak sampun was kuwatir / buta niku wus kêna sêsirêp ingwang //

14. lamun aja kawênangana dening sun / sayêktine sira / dèn môngsa dening rasêksi / Kyai Santri ature langkung tarima //

15. têmbènipun darbea êmas salênguk / kagungan andika / Buyut Dhawuk mèsêm angling / inggih amung dewa kang ngudanènana //

16. nuntên wangsul Buyut Dhawuk anênulup / amba lajêng mangkat / tansah lumaksanèng ririh / ajrih lamun ambaribèni danawa //

17. gumêr sagung kang anèng byantara prabu / dènira miyarsa / atur wartane Ki Santri / nêmu hayu saking marganing bathara //

18. gantya wau urutipun kang dinangu / Kiyai Pranawa / bêbuyut ing Karangmangli / aturipun kala ing masa Srawana //

19. nunggil taun Saddharuna kang kapungkur / amba saking praja / mantuk dhatêng Karangmangli / dupi praptèng samadyaning wanawasa //

20. radi lêsu labête sayah kalangkung / raryyan soring wrêksa / arsa anginuma warih / rencang alit kinèn angupaya toya //

21. nanging nuju tan wontên tirta tinêmu / tumuntên katingal / wontên tètès saking nginggil / amba mêndhêt roning warji kang awiyar //

22. pan pinincuk kinarya têtadhah ranu / mèh kêbak dumadak / Ki Buyut Dhawuk kang prapti / musthi dêmon anyampe ron pêpincukan //

23. godhong ajur toya wutah mawut-mawut / amba sanalika / nityaru ngêmu tyas runtik / saking dening kasatan mèh anginuma //

24. dèn rêriwuk ing rèh karya arubiru / cuwaning tyas amba / sapintên ingkang upami / atêtakèn karanane munasika //

25. wuwusipun Ki Dhawuk aminta maklum / botên ta katênta / saking dahwèn lan darêngki / amung ngeman pantaka yèn katarima //

26. jatinipun kang tumètès dede ranu / wisaning nagendra / kêni ing sêsirêp mami / têmah tilêm satêngah radi kantaka //

Taksih wontên sambêtipun.

--- [46] ---

Palapuran Lêbêt Wêdalipun Arta Narpawandawa, Ingkang Tumindak Nalika Parêpatan Agêng Ingkang Kapêngkêr Wiwit Tumapakipun Wulan Januari 1931 Dumugi Tutupipun Wulan Dhesèmbêr Taun 1931

[Grafik]

Pratelan barang-barang gadhahanipun Narpawandawa

1. Pandhêl, 1 iji tapsir rêgi f 40,-. 2. Bênèt, 2 iji tapsir rêgif 35,-. 3. pit, 2 iji tapsir rêgi f 145,-. Gunggung f 220,-

--- [47] ---

[Grafik]

Têrangipun, tutupipun wulan Dhesèmbêr taun 1931 kêkantunan ingkang wujud arta f 114,23. Ingkang wontên ing bang f 2745,-. Gunggung f 2859,23

Kaping 1 Januari 1932.

Wg. Suryaningrat.

--- [48] ---

Cathêtanipun Lare-lare Ingkang Sami Dipun Sakolahakên Pakêmpalan Narpawandawa, Wiwit Taun 1918 Dumugi Tutupipun Wulan Dhesèmbêr 1931 Kados ing Ngandhap Punika:

[Grafik]

Wiwit ing wulan Juni taun 1930 bayaranipun lare sakawan ôngka 15 dumugi 18, kapasrahakên dhatêng panitya bôndha pasinaon, ngantos dumugi tutupipun wulan Dhesèmbêr 1931 punika, taksih lêstantun sami dipun bayari sakolahipun, amargi mêdal, dados wêkdal sapunika ingkang taksih dipun bayari sakolahipun, kantun lare tiga, inggih punika wiwit ôngka 16 dumugi ôngka 18.

Artaka bôndha pasinaon.

W. G. Suryaningrat.