Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 4, Kaping 24 Dulkangidah Je 1862, Utawi Kaping 1 April 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO.

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèdhêrasi

IV

Manawi wontên prêlunipun para nata warga kenging anjênêngi Federal council wêkdal anjênêngi parêpatan punika sang nata dados tamunipun, raad dados ingkang nyunggata dalah palêrêpanipun, raad lajêng gambaranipun Federal council punika, bêbadan juru anggêr ingkang ngangge warga langkung kathah sangêt warga Eropah, (wetgevend orgaan met overweldigende Europ. meerderheid.)

Rêpat ingkang nindakakên anggêr (Uitvoerende Raad) kados ing tanah guprêmenan, ingkang kawastanan: Exesutive council ing F. M. S. botên wontên, ingkang wontên rêpatipun para residhèn (Resident conference) sabên wulan, dipun jênêngi para raja, sairib kados kawontênanipun ing Prostênlandhên ngriki, mawi warga têtiyang Inggris sawatawis, manggènipun ngolah-ngalih gilir gumantos. Ingkang mangarsani: High Commissioner utawi wakilipun. (Secretaris generaal = Chief Secretary)

--- 50 ---

rêpat punika ingkang mutus sadaya panindak tumrap ing satunggal-satunggaling nagari.

Rêpat nagari (States council) punika ingkang mangarsani para nata piyambak-piyambak, warganipun, residhèn, sèkrêtaris. Tiyang Inggris satunggal saking pilihanipun residhèn, tiyang siti 5 utawi 6 dipun wisudha dening para nata piyambak-piyambak sarêmbag kalihan residhèn. Wêwênangipun rêpat punika wetgevend dene panindakipun (uitvoerend) sampun kapratelakakên inggih punika wontên rêpatipun para residhèn, andharan punika kula sampuni dumugi samantên kemawon. Nglangkungi saking atur kula sakawit kados pamanah kula parlu kula ngaturakên sakêdhik kawontênan ing Indhustani, ingkang ugi gêgayutan kalihan tatanan pèdhêrasi sapiturutipun, nanging ingkang badhe kula aturakên punika dede pèdhêrasinipun para nata ing Indhustani, awit ing ngrika botên wontên pèdhêrasi, nanging inggih botên wontên awonipun kawontênan ing ngrika kaandharakên kangge lêlimbangan. Ing Indhustan botên wontên pèdhêrasi kados tanah Malaya, namung ing Indhustan punika dumugi samangke inggih kathah karajan-karajanipun tiyang siti§ Miturut buku Butler rapport kapratelakakên wontên 526 ing Indhonesiah ngriki miturut cariyos ingkang kula sumêrêpi wontên 288. ingkang adêgipun radi mirit kados karajan-karajan ing tanah Malaya, para raja ing Indhustan punika sambêtipun akalihan Inggris, sami aprajanjian kalihan Sri Bagendha Koning Keizer. Pamarentahipun Inggris dhatêng Indhustan beda botên kados ing tanah Malaya, saking agêngipun tanah Indhustan punika botên kawêngku ing ministêr jajahan ing Inggris, nanging kawêngku ing ministêr ing bab Indhiya (Indhustan), (Minister voor Indische zaken) dados nama madêg kaministêran piyambak. Ingkang minôngka pangagêng jêjênêngipun Sri Bagendha Koning Keizer inggih punika raja mudha (viceroy), inggih punika ingkang nguwaosi talatah Indhustan. Saminipun mênggahing ngriki guprênur jendral, bedanipun tandukipun dhatêng para raja namung kados sami minôngka jêjênêngipun Sri Bagendha Koning Keizer botên angiras Koning Keizer (in hoedanigheid van).

Kajawi makatên para nata ing Indhustan punika kathah sangêt ingkang sampun imbang pasinaonipun kalihan para têtiyang Inggris, inggih punika sampun sami pasinaon ing pawiyatan luhur ing Eropah, kadosta: Militair academia, Juridische faculteit

--- 51 ---

sasaminipun, dados sarawunganipun kalihan viceroy inggih sagêd sakeca, asring tinjo-tininjo, sêsarêngan ulah raga (sport) lêlênggahan ngunjuk tèh sasaminipun. Anggènipun makatên punika tarkadhang sêsarêngan kalihan para raja sanèsipun, ingkang salêbêtipun panggalihan ingkang sawarni pawong mitran punika kala kadhing ngandikanipun sok ngantos ngrêmbag prakawis wigatosing tatanan kaprajan, awit saking kawontênan ingkang kados makatên mila lajêng wontên panggalihan supados rêmbag-rêmbag wau botên tansah namung sawarni omong kosong, mila sang viceroy lajêng thukul panggalihipun ngawontênakên panggalihan ingkang tamtu anggalih prakawis tata pranataning praja, panggalihan makatên punika sagêd dipun condhongi dening para raja, mila viceroy lajêng asring-asring nyêdhahi papara. raja sêsarêngan ngrêmbag babagan prêluning praja. Ing pêpanggihan punika mawi dhapukan pangarsa, ingkang kadadosakên pangarsa viceroy ingkang dados sesêpuhipun para raja inggih punika Sang Maharaja Patyala, dangu-dangu pêpanggihan punika lajêng têtêp wontênipun kadhapuk parêpatan, dipun namakakên Narendra Maldhal (Chambar of Princes) utawi pakêmpalanipun para raja, jêjêr parlunipun pêpanggihan ingkang dipun rêmbag bab tata pranataning praja ingkang sagêd gandhèngipun (gemeenschappelijke belangen) sanadyan kênthêlaning rêmbag kathah ingkang dipun turut dening pangrêmbagipun inggih ngantos matêng, ewadene opisilipun para nata wau taksih sami mardika kenging lajêng nuruti putusan ing ngriku kenging botên, dados ing parêpatan ngriku botên mutus nêtêpakên, sapunikanipun ingkang dados sêsêpuhipun para nata, Sri Nata Nawab, nata ing Bupal, ingkang lajêng dados mudha pangarsanipun pêpanggihan.

Kala pêrang agêng ing Eropah karajan Inggris tumut mangun yuda, para nagari jajahanipun Inggris kathah ingkang tumut ambiyantoni yudanipun karajan Inggris, kalampahan sagêd unggul yudanipun, mila karajan Inggris nêtêpi kautamènipun nyukani piwalêsing lêlabêtanipun para nagari jajahanipun dipun ganjar "dominion status" kamardikakakên marentah nagarinipun piyambak-piyambak namung ingkang gêgayutan kalihan praja ngamônca Inggris taksih ingkang ngrêmbag. Ingkang angsal ganjaran Dominion status inggih punika nagari-nagari Kanadha, Ostrali sarta kap koloni, nanging Indhustan botên katut angsal Dominion status ingkang kangge sabab Inggris botên

--- 52 ---

Dominion status sakên Indhustan sabab pakèwêd sabab saking kawontênanipun ing Indhustan beda kalihan nagari-nagari sadaya wau, inggih punika wontênipun nagari-nagari karajan kalihan ingkang sampun parentah lêlajêngan dening Inggris, ingkang satunggal kawêngku parentahipun Koning Keizer Inggris, satunggalipun kawêngku ing parentah Indhi. Kawontênan ingkang makatên punika ngebahakên kamèrènipun para kawula Indhustan umum, ngantos anuwuhakên ebah-ebahan ingkang santêr, ingkang ebah-ebahan punika ngantos nuwuhakên koprènsikonprènsi (dan di tempat lain). ingkang karan ron thobêlkonprèng (Round tablecoference) utawi limrah karan konprènsi meja bundêr, marambah-rambah, ingkang pungkasanipun parêpatan (sadèrèngipun Sang Mahatma Gandi tumut) para raja ngrujuki panyuwunipun para kawula wontênipun Dominion status sarta botên pakèwêt tumut lumêbêt ing pèdhêrasi nanging dumugi sapunika dèrèng cêtha kawusananipun.

Makatên andharanipun sadhèrèk Y wontên ing Darmakôndha, wasana mugi andadosna kauningan para warga sadaya.

Sêsêrapan Sawatawis

Bab Pangupakaranipun Lare Sêsêpan

II

Miturut pamanggih enggal, sêsakit punika awis-awis tumurun. Bayi wau anggènipun katularan sakit cêkèk saking tiyang sêpuhipun utawi batihing griya ngriku, sasampunipun lair.

Sêsakit wau sagêdipun nular, sababipun ingkang agêng inggih punika saking tatacara ingkang ambêbayani. Jalaran dipun ambung, dipun liling, dipun mamahakên têdhanipun, kenging idu utawi umbêl ingkang wontên basilipun cêkèk, bayi wau lajêng kêtularan. Lare dipun umbar ing jrambah ingkang wontên idunipun tiyang sakit cêkèk, sampun têrang gampil sagêdipun kêtularan.

Ing tanah Indiya ngriki malah kathah bayi ingkang kenging sêsakit ingkang nular, kados ta: kolerah, tipus, wawratan rah umbêl.

--- 53 - --

Ingkang makatên punika awit prêsan utawi têdhanipun lare sêsêpan wau wontên wijinipun sêsakit. Jalaranipun:

Ha, toya, ingkang wontên wijinipun sêsakit.

Na, lalêr, ingkang magêpokan kalihan wiji sêsakit wau, jalaran nêdha utah-utahanipun tiyang sakit. Manawi kakusipun rêgêd, wawratan botên dipun manah, wontên ing jrambah utawi wontên ing pakarangan, lalêr gampil anggènipun murugi sêsukêr.

Lare sêsêpan sagêd katularan, jalaran ngêmut driji, ingkang kenging sêsukêripun tiyang ingkang nandhang sêsakit wau.

Lare sêsêpan punika gampil sangêt kenging sêsakit cacar. Mila manawi lare sampun umur tigang wulan kêdah tumut dipun cacarakên. Manawi tiyang sêpuhipun ing bab punika nglênthar, ukumanipun asring dhumawah ing anak-anakipun.

Lare punika inggih gampil kenging sakit bêntèr tis (malaria), lare sêsêpan ingkang dèrèng umur sataun inggih sampun sagêd kenging sêsakit wau. Ingkang anjalari sêsakit rah punika kewan amalêbêt lêmbat (malaria plasmodien), tular-tumularipun dening bôngsa lêmut (anopkaeles).

Kathah lare sêsêpan ingkang taksih alit pêjah, pusêripun tatu.

Manawi pangupakaranipun pusêr botên rêsikan, kados ta dipun popok pipisan ron-ronan utawi kêrikan bathok, tatunipun lajêng wontên kewanipun lêmbat (klembaccillen). Botên dangu lare wau lajêng pêjah, jalaran botên sagêd ngombe sarta badanipun kakên. Inggih punika ingkang dipun wastani sakit tetanus tumrap lare ambêbayani.

Dumugi samantên kula sampun sami mangrêtos jalaranipun sakit mêcicil, inggih punika sakit rajasinga sarta tuberculose ing utêk.

Taksih wontên sêsakit sanèsipun malih, ingkang sagêd anjalari kakêning badanipun lare, upami bêntèripun sêsakit bêntèr tis.

Pangêjuran têdha ingkang botên lêrês sarta cacing, inggih sagêd anjalari mêcicil.

Pangupakaranipun lare mêcicil punika kêdah miturut sababipun.

Sadèrèngipun ngrêmbag rekadayanipun nulak pêpêjah lare alit punika, samangke [samang...]

--- 54 ---

[...ke] kêrêp wontên sêsakit, ingkang dipun wastani bèri -bèri lare sêsêpan.

Ingkang kenging sêsakit wau:

1. Bayi sawêg umur sawatawis wulan ingkang dipun sêsêpi biyungipun, ingkang gadhah sêsakit bèri-bèri. 2. Bayi ingkang sampun ragi agêng, ingkang mligi dipun ombèni mèlêk (gecondenceerde melk).

Tumrapipun ingkang kantun punika pinanggih ing nalar, têdha ingkang dipun sukakakên bayi punika vitamine nipun ingkang prêlu kangge anjagi kasarasan, sampun pêjah, botên wontên utawi kirang sangêt. Dados kadosdene tiyang sêpuh ingkang kenging sêsakit bèri-bèri, inggih punika saking kirang vitamine.

Manawi mèlêk wau dipun santuni prêsan lêmbu, sarta mawi dipun têdhani bubur wos wuluh, duduh jêram ingkang lêgi, sêsakitipun wau botên dangu lajêng mantun. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Kasarasan

II

Ing organ ôngka 2 sampun kula pratelakakên bilih panjagining kasarasan punika dipun saranani ngudi karêsikan. Inggih punika bale griyanipun, sandhang panganggenipun, sarta têtêdhan dalah toya pangombèn, mila têrangipun makatên:

Miturut buku kasarasan anggitanipun Tuwan Dhoktêr Omar, anêrangakên mênggah dumadosipun sêsakit wau wontên kalih perangan, saking salêbêting badan kados ta: sêsakit gêndhis, gondhok sapanunggilanipun, dene ingkang saperangan daya ingkang murugakên sakit, saking sajawining badan, kados ta: sêsakit dhesêntri, kolerah, tipês, sarta sanès-sanèsipun. Sêsakit wau saking dayanipun kruma (Baccil) amila manungsa wau sagêdipun sami kalis sawarnining sêsakit inggih kêdah dipun saranani nindakakên karêsikan.

Tiyang gêgriya punika ingkang sayogi, sabên enjing satanginipun tilêm, sadaya kontên sarta candhela kêdah dipun wêngakakên: supados sagêd santun hawa, amargi sadaya tiyang punika manawi manggèn wontên panggenan ingkang botên sagêd [sagê...]

--- 55 ---

[...d] sontan-santun hawa, inggih badhe anjalari kirang saras.

Pangupakaraning griya wau sabên enjing kêdah ajêg dipun rêsiki, namung patrapipun rêrêsik bokmanawi botên parlu kula têrangakên panjang, jalaran panjênêngan sadaya mêsthi sampun uninga, rêrêsik ing griya ingkang jarambahipun sampun kaplêstèr, punika ing kala môngsa kêdah mawi toya ingkang dipun campuri karbol. Parlunipun kangge amêjahi rêrêgêd ingkang badhe dados wijining sêsakit-sêsakit wau.

Griya ingkang dèrèng kaplêstèr punika, patraping anggènipun angrêsiki beda, sadèrèngipun kasapu kêdah kasiram toya, parlunipun sampun ngantos balêdug wau mabul-mabul, jalaran balêdug wau sagêd katutan wijining sêsakit, salajêngipun kasêrot ing tiyang.

Pakarangan punika ugi kêdah ajêg dipun rêsiki, langkung malih ingkang kêrêp kaambah ing tiyang, sadaya rêrêgêd kêdah kalêbêtakên ing jugangan ingkang pandamêlipun jugangan wau kaangkaha sacêlakipun butulan griya (utawi gandhok) lêbêtipun jugangan watawis 2 mètêr.

Pangudinipun rêrêsik bale griya punika kajawi sampun kula têrangakên ing nginggil, ugi parlu sangêt sami angèstokakên pranatan nagari, kados ta:

Ha: Wonêng pêrbèitêri.

Na: Mèn In worêm bêstrèidhêng (panulakipun sêsakit cacing tambang).

Ca: Malariya bêstrèidhêng (panulakipun sêsakit malariyah).

Na:Ra: Pokên bêstrèidhêng (panulakipun sêsakit cacar).

Sarta sanès-sanèsipun, murih gambêlangipun bokmanawi satunggal-satunggalipun bab prayogi kula têrangakên kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Wonêng pêrbètêring punika satunggiling ihtiyar kangge panulakipun sêsakit pès.

Sêsakit pès punika sajatosipun sanès sakitipun manungsa, nanging sêsakitipun kewan ingkang rêmênanipun angrikiti, kados ta: marmot, bajing, têrwèlu, sarta tikus.

Tikus lan sapanunggilanipun, kewan-kewan wau manawi kacandhak ing sêsakit pès mêsthi pêjahipun. Jalaran saking punika manawi satunggiling panggenan wontên utawi [uta...]

--- 56 ---

[...wi] kathah tikus ingkang pêjah, kêdah prayitna sangêt.

Tikus punika wontên tumanipun. Manawi tuma wau nyakot lan anyêrot rahipun tikus ingkang kacandhak sêsakit pès, rah ingkang kasêrot wau katutan kruma pès, salajêngipun manawi tikus wau sampun pêjah, tumaning tikus lajêng sami pados pencokan saangsalipun. Têrkadhang sagêd angsal tikus ingkang taksih gêsang, utawi tumèmplèk badaning manungsa, manawi sagêd anggrêmêt dhatêng badaning manungsa, lajêng nyakot sarta malah angutahakên rahipun tikus ingkang sampun katutan kruma pès wau, wasana tiyang lajêng kacandhak sêsakit pès.

Ihtiyaripun kêdah anêbihakên tikus saking salêbêtipun griya, amila lajêng wontên pranatan andandosi griya (wonêng pêrbèitêring), sampun ngantos griya-griya wau kangge dhêdhêlikan sarta dipun susuhi tikus. Taksih wontên sambêtipun.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ ôngka 3

[Pocung]

1. datan èstu naut ing andika wau / mèh kêdhik kewala / andika tumêkèng lalis / yèn sampuna rumuhun kula uninga //

2. yêkti kolu ing lak-lakaning nagèku / rahayune mangkya / sirêp kula taksih mandi / tumamèng sang nagendra têmahan nendra //

3. yêktinipun suwawi andika dulu / êpanging mandera / kang kilèn katon puniki / nuntên amba tumênga manginggil uninga //Lebih satu suku kata nuntên amba tumênga nginggil uninga.

4. kang pang manglung mangilèn wontên naga gung / agung makucuran / wisanipun sasat riris / gya suminggah dhatêng wana bêbanaran //

5. amba muwus prasêtya mring Buyut Dhawuk / rumaos ing mangkya / yêkti kapotangan urip / panaure datan kêna asupea //

6. kongsi turun tumurun maksih ya emut / darbea punapa / lamun andika karsani / pan sumôngga mung darma rawat kewala //

7. Buyut Dhawuk muwus sarwi manthuk-manthuk / mugi sêksènana / ing batharanta pribadi / lajêng kesah amba mantuk praptèng wisma //

8. kôndha gupruk mring sanak warga sadarum / suka ing tyas samya / darbe nadar warni-warni / wontên asung busana wontên baksana //

9. duk angrungu kang anèng byantara prabu / sami ngunguning tyas / samana andangu malih / uruting rèh lêlakon kang tinulungan [tinu...]

--- 57 ---

[...lungan] //

10. sigra maju wong jro praja magêr santun / wasta Ragadana / bawahing Arya Manguri / angaturkên gancange lêlakonira //

11. duk anuju masa Srawana rumuhun / taun Saddharuna / inggih kang sampun kawuri / kêkesahan tuwi marsêpuh kalaran //

12. dhatêng dhusun ing sumêne praptanipun / samadyaning wana / kenging pangupaya sandi / pandamêle duratmaka ambêbegal //

13. kasarimpung ing pusara lajêng ambruk / datan sagêd ebah / polah-polah aningsêti / parmaning Hyang Buyut Dhawuk ingkang prapta //

14. atêtulung tangsul tinatas sadarum / sarya lon wacana / andika puniki adhi / pan kalintu marga têmahan kasasar //

15. praptèng kewuh panggenane wong kêpaung / masang kala tidha / yèn antuk sato sayêkti / dèn pêpurak daginge dadya ranjapan //

16. lamun antuk janma kang tumamèng kewuh / laju kablojodan / yèn bôngga dipun pêjahi / dados gawat margi kang lami punika //

17. marmanipun tan wontên têtiyang langkung / mung supaya enggal / anjog dhatêng wêradiKurang satu suku kata: anjoga dhatêng wêradin. / ing samangkya kambah maring panukarta //

18. nadyan kantun sakêdhik anggêr rahayu / lah suwawi enggal / sumimpanga saking ngriki / bokmanawa sêlak wruh kang duratmaka //

19. wêwah ewuhaya manggih arubiru / nulya lumaksana / Buyut Dhawuk têdah margi / ing antawis dèrèng angsal saonjotan //

20. dyan kadulu tiyang sakawan nênungku / mèh parêk punika / Ki Buyut Dhawuk anolih / kadi matak môntra sirêp kawistara //

21. sami ambruk tiyang sakawan kadulu / gumuling ing kisma / kadi anendra kapati / Buyut Dhawuk muwus lah sampun widada //

22. yogya laju dhatêng ing pundi kang purug / para duratmaka / sami tilêm ngong sirêpi / yêti môngsa anglilira tigang dina //

23. amba muwus prasêtya kala rumuhun / dhuh ki pawong mitra / kula rumaos sayêkti / kapotangan gêsang dhatêng jêngandika //

24. kang saèstu kongsia turun-tumurun / taksih kaèngêtan / ing kasaenanirèki / lah ta inggih punapa kula walêsna //

25. têmtunipun amung ati anggung emut / upami darbea / punapa kang pèni-pèni / inggih wajib dados kagungan andika //

26. Buyut Dhawuk alon mèsêm wuwusipun / Hyang Jagad Wisesa / inggih ingkang ngudanèni / sarwi kesah kawula laju lumampah //

27. praptèng dhusun sumêne kapanggih sampun / rama maratuwa / wêwarti wontên ing margi / mèh bilai Ki Dhawuk têtulung gêsang //

28. marasêpuh kampitèng tyas sakitipun / lêng-lêng duk miyarsa / kang sarta amuwus aris / rahayune [rah...]

--- 58 ---

[...ayune] kulup sira nêmu bêgja //

29. wruhanamu dêdalan ing kono iku / panggonan durjana / masang rèh upaya sandi / asêngadi wong alasan bêdhag pikat //

30. yèn katungkul amêmukul wong amikul / kongkal karingkêlan / lumawan ambilaèni / marma mêngko mari kaambah ing janma //

31. têmbe lamun sira mulih yoganingsun / mêtua ing singkal / ngengkola margane bêcik / wong aliwat liwêran marang jro praja //

32. padha mêtu ing singkal iku pakantuk / lêstari widada / makatên wuwuse nguni / marasêpuh wêlingipun ing kawula // Taksih wontên sambêtipun.

Cangkriman

Sumôngga kabatanga.

Manungsa gêsang wontên ing alam donya ngupados punapa?

Sumôngga kula aturi rawuh ing Coiffeur Besar ing Darpayudan, Surakarta, tur mirah kemawon rêginipun, kaparênga nyatakakên, bikak enjing jam 7½ -1 siyang, sontên jam 4-8 dalu, manawi dintên Akad libur, pangurusipun sadhèrèk panjênêngan piyambak, warga Narpawanda.

Ugi nyambut damêl mênatu, kadugi nyuwun dhatêng ing dalêm saha sarampungipun angundurakên pisan, kalayan katanggêl saenipun.

Jamur Dipa

Thukuling jamur dipa wontên ing Surakarta mrajak, mèh sabên griya sami ngingah, amargi umumipun paedah sangêt kangge jampi kiyat, enz-enz raosipun eca sêgêr, pangupakaranipun gampil, mila inggih botên anèh bilih kathah para sadhèrèk ingkang sami mathuk jêjampi jamur dipa wau, kula piyambak sampun nate ngombe, [ngo...]

--- 59 ---

[...mbe,] raosing badan lajêng sumuk, ambêbucal gampil, namung kadospundi sababipun dene jamur dipa wau gadhah daya makatên, kula botên sagêd nêrangakên (ngaturi katêrangan) nanging lajêng wontên kabar susulan, jamur dipa punika sagêd damêl tiwas, kirang prayogi enz-enz. Para sadhèrèk ingkang sami gugon tuhon, lajêng sami botên ngajêngi. Rèhning wontên pakabaran warni kalih (maedahi-niwasi) sadhèrèk Suleman, ngandharakên wontên ing Kajawèn supados para sadhèrèk sami nguningani têrang, sababipun jamur dipa wau gadhah daya, pêthikanipun kados ing ngandhap punika:

Ing Kajawèn ôngka 101 VI kaca 1595 ingkang sampun katêrangakên dhatêng sadhèrèk Nawardi M. S.

Cêkakipun, katrangan wau sampun lêrês, yèn aslinipun sangking Dhitslan, namung kirang têrang naminipun, mila lajêng kadêrêng manah kula badhe kula têrangakên ingkang sagêd cêtha sangêt.

Ing nalika kula nyambut damêl ing laboran, pabrik sêpiritus, Comal, kula sumêrêp jampi ingkang pinangkanipun sangking lisgêsèlsêkhap, ambêrêh Dhitslan, kawastanan floraylin (phloraelin) dene dayanipun phloraelin punika sami kalihan ragi ing tanah Jawi, ingkang asring kadamêl tape, pandamêlipun sêpiritus utawi alkohol, punika cara-caranipun makatên: ing sakawit tètès (Melase) kacampuran toya ingkang ngantos ukuran Be (bome) 9 utawi 10 lajêng kadekekan phloraelin, yèn phloraelin wau sampun kacampurakên sarta campur lêrês, tètès wau katingal umob, kados umobipun limun, yèn sampun sipêng sadalu gandanipun tètès wau lajêng mambêt gandaning tape, kêcut, ing ngriku lajêng kalêbêtakên ing tong agêng kacampuran malih tètès ingkang Be 9, 10 ngantos sakêbakipun toya wau, yèn sampun sipêng sadalu, ugi lajêng tètès ing tong agêng wau umob, sarta gandanipun inggih mambêt tape, ing têmbungipun Walandi kawastanan mudhêrgis (Moedergeest) utawi Jawinipun bibitan.

Ing jaman kina para bôngsa Tyonghwa, pandamêlipun arak utawi alkohol, punika ugi tètèsipun tape mawi ragi tanah Jawi, utawi kêtan dipun [dipu...]

--- 60 ---

[...n] tape, dene raginipun punika kadadosanipun saking cabe lan bawang, punika lajêng angwontênakên jamur pêthak.

Phloraelin, kajawi kenging kangge jantuning tètès ingkang kadamêl arak, punika inggih kenging kangge jantunipun roti, prêlunipun sagêd mêlar. Dados sayêktosipun ingkang kawastanan jamur dipa punika salugunipun namung tape toya tèh, yèn kalajêngakên dados cokak tèh, utawi lêgèn tèh, kados para sadhèrèk sampun nate mariksani cokak arèn, yèn lêgènipun arèn punika sagêd dados cokak, pandamêlipun cokak wau saking lêgèn, kalêbêtakên ing gêndul, sasagêd-sagêd lajêng kaêpe, yèn sampun dados lajêng kasimpên dangu sangêt, ing nginggilipun cokak wau wontên yiyitipun, kithêr-kithêr ngoyor, kithêr-kithêr wau kawastanan ari-ari cokak, dayanipun sami kalihan kithêr-kithêring jamur dipa. Cokak punika têmbungipun kilenan kawastanan Azijn-zuur dados cokak punika sanèsipun saking klapa utawi arèn, punika ugi sagêd adamêl saking gêndhis pasir kacampuran toya, lajêng kasukanan phloraèlin, utawi ragi, wastanipun tape gêndhis, dangu- dangu dados cokak, sarana kamangsak malih. Dene yèn para sadhèrèk badhe damêl jamur dipa ingkang sangking ragi ugi sagêd, jalaran salaminipun ing Kêjawèn, ngêwrat pawartos jamur dipa kula lajêng mrêlokakên, ningali wujudipun, sarta kula raosakên toyanipun, ing ngriku kula sagêd anggagas, sarêng sampun dumugi griya kula cobi, damêl toya tèh kasukanan gêndhis, lajêng sarêng sampun asrêp, kula sukani ragi bumbu tape, sasampunipun tigang dintên toyanipun kêcut, ing nginggil ragi nglamat-lamat pêthak, kados yiyit dumuginipun 5 dintên lajêng miwiti cêtha yiyit wau katingal pêthak, toya tèh kula santuni, sarta kula sukani gêndhis ingkang raosipun namung mônda-mônda kemawon, lajêng kula sukani yiyit ingkang sampun dados, ngantos sapriki lajêng dados agêng kandêl katingal lapis-lapis. Dados yèn makatên jamur dipa punika satunggiling jamur tape.

Toyanipun jamur tape (jamur dipa) raosipun kêcut, sadaya ingkang kêcut-kêcut punika anggadhahi daya nglêbur têdhan ing salêbêtipun wadhuk, mila najis-najisipun sarêng kêkathahên kêcut, lajêng lêmês, yèn kêkathahên panêdhanipun kêcut, punika [pu...]

--- 61 ---

[...nika] sagêd kalampahan murus, toya tèh punika raosipun sêpêt, ingkang kraos sêpêt punika têmbungipun kilenan kawastanan luisir (luizuur) luisir punika anggadhahi daya kangge jampi sakit mêjên, têtoya umbêl, limrahipun tiyang Jawi yèn sakit mêjên punika lajêng dipun jampèni sêpêt-sêpêt, prêlunipun mampêt. Ing salêbêtipun toya jamur wau wontên gêndhisipun, ingkang ngadat, nitik cariyosipun para ahli jampi, gêndhis punika gadhah daya ngiyatakên jantung.

Nitik kawontênan daya ing nginggil, dados toya jamur dipa punika gadhah daya no.1 najis lêmês, 2 ngicalakên watuk, 3 ngicalakên ngêrês linu, 4 ampêt-ampêt tiyang mêjên, 5 jantung sagêd kiyat, saya tumrap sakit ambèi, tiyang ingkang sakit makatên wau, prayogi sangêt najisipun kêdah cuwèr. Bab punika namung kula sumanggakakên dhatêng para ahli, dados upami kula ngombe toya jamur dipa punika, botên wontên rubedanipun, bilih anggènipun ngombe punika kacampur ing toya tèh ingkang bêntèr, kados upami toya tape ½ cangkir, lajêng kacampur malih ½ cangkir toya tèh ingkang bêntèr lajêng kaunjuk. Prêlunipun bilih ing ngriku wontên baksilipun sagêd pêjah, amung bilih jamur dipanipun kados botên sagêd thukul ing salêbêting wêtêng, jalaran ing salêbêtipun padharan punika kathah cêcampuranipun, ingkang botên sagêd anggêsangakên jamur wau, kauningana.

Makatên katranganipun sadhèrèk Suleman, dados gunggung kêmpalipun jamur dipa punika wontên pigunanipun, namung anggènipun angunjuk kemawon prayogi mawi toya bêntèr.

Tiyang Kalang II

Anuju satunglingsatunggiling. dintên Kyai Inawirya angsal kancil dipun sêngkêr ing kranjang, kapasrahakên dhatêng anakipun èstri ingkang nama Rara Trisna. Angsal kapragat, manawi Rara Trisna kapengin nêdha ulamipun.

Ing dalunipun Bêlang Wayungyangwayuyang (dan di tempat lain). lumampah ing sacêlaking kranjang, sumêrêp kancil, dipun pitakèni punapa kajêngipun. Kancil mangsuli manawi badhe dipun pêndhêt mantu Ki Inawirya, kaangsalakên Rara Trisna. Cêkaking rêmbag, sagawon anggêntosi kancil, lumêbêt ing kranjang. Kancil lajêng anggênjrèt, lumêbêt ing wana malih.

--- 62 ---

Enjingipun Rara Trisna nuwèni kancilipun, badhe kapragat. Sarêng sumêrêp manawi ingkang wontên kranjang Bêlang Wayuyang, sangêt ing napsunipun, lajêng nyandhak alu kapupuhakên ing sagawon. Bêlang Wayuyang miruda, klengkengan lumajêng anggêndring dhatêng ing wana. Dumugi ing ngriku kapranggul kalihan andhapan Mêndhalungan, andhapan sangêt ing ajrihipun. Kuwatos manawi badhe dipun munasika, kawêdal têmbungipun amêlasarsa: Dhuh kisanak, aku muga aja komunasika, awit aku lagi ngandhêg. Sagawon mangsuli: Iya, kowe ora bakal dak sikara, nanging ana têbusane. Ing besuk tumêkaning môngsa, yèn anakmu mêtoni lanang bakal dadia baturku, yèn mêtu wadon bakal dadi jatukramaku. Andhapan anyagahi.

Dumuginipun ing wanci, andhapan arencang lare, mêdal èstri, awujud bayi sakalangkung sulistya ing warni. Dados botên si cèlèng pêputra gênjik, nanging si cèlèng pêputra putri. Punika botên anèh, dene ingkang lair wau turasing Dhampuawang. Ing pawingkingipun lare punika kanamakakên Rayungwulan. Gêgriya ing satêngahing wana, damêlipun anênun wontên ing panggungan, katêngga ing Bêlang Wayuyang.

Kacariyos, anuju satunggiling dintên, topongipun sang dèwi rêntah. Ing ngriku sang dèwi sangêt ing pakèwêdipun, badhe dipun udhuni piyambak, kuwatos manawi… tatananing tênunanipun bibrah, wêkasan kawêdal pasanggirinipun, makatên: Sapa-sapa kang bisa ambalèkake topongku kang runtuh iku yèn wadon bakal dak anggêp sadulurku sinarawèdi, yèn lanang bakal dak anggêp gurunadiku.

Bêlang Wayuyang sampun sangu anggènipun angêmbang nipah, akêdhèp têsmak pamandêngipun dhatêng sang dèwi, pratôndha manawi… gêdhe melike. Mirêng prasêtyanipun sang dèwi makatên wau botên antan-antan, cèwêl, topong kacakot, kathekelan kabêkta minggah, topong kapasrahakên ing sang dèwi. Ing ngriku sang dèwi sangêt ing ngungunipun, dene ingkang mangsulakên topongipun, sagawon. Bêlang Wayuyang lajêng dipun gusah, nanging botên purun kesah, mandar angêmbang salak, kathêkêran kados wontên kajêngipun, nanging botên sagêd ing pratikêlipun, [pra...]

--- 63 ---

[...tikêlipun,] anggènipun badhe angèngêtakên sang dèwi ing prasêtyanipun. Dangu-dangu sang dèwi anggraita, manawi sagawon mangrêtos dhatêng pratignyanipun sang dèwi. Ing suwau sang dèwi badhe nyelaki ing prasêtyanipun, dene ingkang dipun kajêngakên… janma manungsa. Nanging sagawon sangêt ing pangungsêdipun, wêkasan sang dèwi amupus, pinupus manawi sampun karsaning dewa sagawon saèstu dados jatukramanipun.

Kacariyos, botên dangu sang dèwi katingal idham-idham kaworan (kawuryan?) lami-lami katawis manawi ngandhut. Dumugi ing lèkipun, anglairakên jabang bayi, kêmbar sami jalêr sadaya, kanamakakên Radèn… Sujalma (asu jalma), kalihan Radèn Jayalêngkara. Sarêng lare kalih sampun agêng, rêmên ambabêdhag, dipun kinthil ing sagawon Wayuyang, jêjaka kalih wau sami botên sumêrêp? manawi sagawon punika bapakipun piyambak.

Anuju satunggaling dintên Radèn Sujalma kalihan Radèn Jayalêngkara sami ambêbêdhag, Bêlang Wayuyang botên kantun. Kapranggul andhapan èstri, sagawon dipun sutakên, nanging mogok, jêjaka kalih lajêng sami ngunus dhuwungipun, sagawon badhe kaprajaya. Bêlang Wayuyang botên kengguh, jêjaka kêkalih sami dipun kêrah andadosakên ing wutanipun. Ing ngriku sagawon lajêng kesah martapa ing salêbêting guwa ing rêdi Watukarung ing tanah Kêdhu, mêdalipun saking ing guwa ngupados mangsan, namung sapisan ing sataunipun.

Kacariyos, sarêng Dèwi Rayungwulan mirêng lêlampahan ingkang makatên wau, sang dèwi lajêng lolos, ngupadosi sagawon rayatipun. Kesahipun mangilèn ngantos dumugi ing tanah Priyangan, mila botên sagêd kapanggih kalihan sagawon. Jêjaka kêkalih sami nglacak kesahipun ingkang ibu, ngantos taunan botên sagêd kapanggih, lajêng sami lêrêp ing sacêlakipun rêdi Sirahgaluh, sacêlaking Galuh (Sumêdhang). Sarêng sampun sawatawis wanci lajêng kesah ngidul mangetan.

Wontên ing pasisir kidul jaka kêkalih kapanggih kalihan Dèwi Rayungwulan, nanging sampun sami panglingipun. Dèwi Rayungwulan kamiwêlasên sumêrêp dhatêng jêjaka wuta kêkalih wau, sagah amaluyakakên, manawi sami purun anyemah ing sang dèwi. [dè...]

--- 64 ---

[...wi.] Kalampahan jêjaka kalih sami waluya paningalipun kados ing wingi uni. Dèwi Rayungwulan kasemah ing tiyang kêkalih, sami gêgriya ing pasisir kidul bawah tanah Bagêlèn, tuwin lajêng sami sagêd sugih andarbala. Jêjaka kêkalih wau ugi gadhah sêlir ngantos kawan dasa kathahipun, mila inggih lajêng kathah patutanipun.

Anuju satunggiling dintên sang dèwi angulik ingkang raka, ing ngriku sumêrêp manawi Radèn Jayalêngkara gadhah ciri buthak ing sirahipun. Sang dèwi lajêng pitakèn ing larah-larahipun dene ngantos gadhah ciri buthak (sasuru agêngipun), Jayalêngkara lajêng cariyos manawi anggènipun buthak punika saking anggènipun dipun thuthuk enthong dening ibunipun nalika taksih alit. Sang dèwi lajêng anggraita manawi ingkang raka kalih wau sami putranipun piyambak. Sangêt ing kawêkèning galihipun, wêkasan lajêng lolos atilar ingkang putra tilas garwanipun.

Jêjaka kêkalih anglajêngakên pangumbaranipun mangilèn dhatêng tanah Priyangan. Sêlir kawan dasa kabêkta sadaya. Wontên ing margi wontên ingkang katilar saanakipun, kacariyos punika ingkang sami lajêng anurunakên tiyang Kalang. Sumêbar ing pundi-pundi. Cuthêl.

Kajawi dongèng kasêbut ing nginggil punika kathah dêdongengan ingkang angèmpêri, sarèhning dêdongengan punika sadaya wosing kajêngipun botên têbih, mila pamêthik kula namung ingkang kula anggêp prêlu kemawon.

Taksih wontên sambêtipun.

Rêdhaksi nampèni buku anggêr-anggêr lan pranatan pamulangan ôngka II saking pangêcapanipun Tuwan J. B. Wolters ing Batawi Sèntrêm, rêginipun namung f 1,- manawi katimbang kalihan paedahipun kalêbêt mirah, rêdhaksi botên parlu matur kathah-kathah, awit sampun wontên bêbasanipun, kala gêlar dede yêkti, alah kôndha dene nyata. Botên langkung rêdhaksi namung matur nuwun.