Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 5, Kaping 24 Bêsar Je 1862, Utawi Kaping 1 Mèi 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pangêtan Parêpatan Agêng Taunan, Nalika ing Dintên Malêm Sêtu Kaping 8/9 April 1932 Wontên ing Wuryaningratan

Para pangrèh ingkang rawuh:

1. B.K.P.H. Adiwijaya, pangarsa, 2. B.K.P.H. Kusumayuda, mudha pangarsa, 3. R.M.Ng. Purwasastra, panitra II, 4. K.R.M.H. Suryaningrat, artaka I, 5. R.M.Ng. Atmamijaya, artaka II

6. R.M.H. Cakrawinata. 7. R. M. Wiryasaputra } sami panitya

--- 66 ---

Para warga, para tamu kakung putri, saha para tamu Walandi ingkang sami rawuh sadaya wontên 430.

Para pakêmpalan saha para sêrat kabar ingkang sami ngintunakên wakil 1. Trêsnapraja, 2. Mardiguna, 3. B. O. pang Surakarta, 4. Sêtyasudara, 5. Kridhawacana, 6. Kadipatèn Anom, 7. Muhamadiyah, 8. Ratawasana, 9. Priyayi M. N. 10. Pangrèh Agêng B. O., 11. Abipraya, 12. Radyapustaka, 13. P. K. C. 14. P. K. S. 15. P. K. N. 16. P. B. I. 17. K. D. O. 18. Sêdyatama, 19. Kumandhang Rayat, 20. Darmakôndha.

Wanci jam ½ 9 sontên, pangarsa amêdhar sabda kados ing ngandhap punika.

Sadhèrèk, sangêt bingah saha gênging manah kula kapatah ing pangrèh Narpawandawa, angsung pambagyarja, sarta panuwun dhatêng para warga, para wakiling pakêmpalan, wakiling pèrês sarta tamu sanès-sanèsipun, langkung malih para putri, anggènipun sampun sami marlokakên anggrênggani parêpatan taunan dalu punika, wigatosipun parêpatan kita punika, kajawi pangrèh badhe nglapurakên kawontênanipun pandamêlan salêbêtipun taun ingkang sampun kapêngkêr, ugi badhe ngêsahakên rekadaya anggèning badhe ngadêgakên "Dhamêskring" kadosdene ingkang sampun kula warak- warakakên ing purwaka kula nalika parêpatan agêng, ing dintên malêm Rêbo kaping 22 Dhesèmbêr 1931 ingkang larah-larahipun mangke badhe dipun andharakên mudha pangarsa.

Ambokmanawi para sadhèrèk inggih sampun sami wuninga bilih ajênging jaman makatên botên sagêd tumindak sakeca bilih ingkang majêng ngêmungakên golongan jalêr kemawon, jalaran lajêng nama botên laras kalihan kawontênanipun donya, bilih gêsanging manusa makatên jalu wanita botên kenging pisah, jêr sakalih-kalihipun tuking dumadi, mila ing kawruh Hindhu kawontênan punika dipun wujudakên pasêmon lingga lan yoni, ingkang lajêng minôngka pêpundhèning agêsang. Pasêmon makatên punika sanadyan ing tanah Jawi ngriki inggih wontên, nanging kuciwanipun bôngsa kita sampun sami pangling dening sampun katawur ing kawontênan warni-warni, inggih punika wujuding ulês gula kalapa: abrit pêthak. Kakiyataning jalêr, katrêsnaning èstri = mannelijke kracht en vrouwelijke teederheid, mila manawi sampun dipun wujudakên dados sindur, kanggenipun namung manawi miwaha rare dhauping [dhau...]

--- 67 ---

[...ping] pangantèn nyarêngi suruping bagaspati, inggih punika manjinging raina dhatêng ratri, utawi dumadosing roro-roroning atunggal. Kados punapa pintêr utawi majêngipun tiyang jalêr, manawi botên sinartan sêsarêngan lampah kalihan ajêngipun golongan èstri, sayêktos badhe botên sagêd kadumugèn ing sêdya, mila sapintên ta bingahing manah sarta pangayubagya kula manoni ajênging bôngsa kita wanita Indhunesiah, ngantos sampun sagêd malampah sêsarêngan kalihan gêgolongan priya, ambudidaya sagêda ngawonakên jaman kamulyan kados ingkang dados panjôngka kita sadaya, makatên punika ugi katitik wontên ing konggrès P.P.I.I. ing abipraya nalika kaping 25-28 Marêt kapêngkêr punika, ing ngriku sampun kawistara dêrêngipun para wanita ngrencangi rekadaya kita tiyang jalêr sarana andum damêl. Mila pamanggih kula sampun lêrês cariyosipun Tuwan "Romain Rolland" satunggaling sarjana Parangakik ahli kasusastran, Jawinipun kirang langkung makatên: kaanan kang èdi lan kang elok-elok, iku pakartine wong lanang, nanging sampurnane wong lanang iku saka dayane wong wadon. Pikajêngipun, sampurnaning kawontênan punika manawi sakalih-kalihipun sagêd runtut, kasaranipun prayogining tumbu makatên manawi angsal tutup.

Kawuningana, samangke Narpawandawa ugi sampun ngadani damêl "Dameskring" kangge nglêlantih garwa utawi rabinipun para warga punapadene para santana sanès-sanèsipun, nyambut damêl sêsarêngan kalihan Narpawandawa, namung tumrap dhatêng kabêtahanipun piyambak, dene ada wau salugunipun saking osikipun G.B.R.A. Sastrawadana, dipun biyantoni para putri ingkang sampun sami lajêng kula pacak dados komite propagandha, mila pangrèh botên kasupèn ngaturakên panuwun dhatêng para warganipun komite wau, langkung malih dhatêng G.B.R.A. Sastrawadana, kanthi pangalêmbana anggènipun kabuka osik ingkang luhur wau. Kula mêminta dhatêng para warga, mangke dalu manawi badhe mapan ing pasuptan, sami andhanganakên nênuwun ing Pangeran, sagêdipun "Dameskring" Narpawandawa widada adêgipun, subur ing salami-laminipun nir sambekala.

Parêpatan, pangrèh prihatos maos sêrat-sêrat pawartos, bilih parêpatanipun [pa...]

--- 68 ---

[...rêpatanipun] para karajan Jawi wulanan kalihan para gupêrnur mutus, sarèhne sawêg nyarêngi môngsa malèsèd, adêgipun bale agung kasumênèkakên, sanadyan pangrèh inggih sampun nyumêrêpi kirang saening môngsa wau, ewadene brètèn saupami bale agung kaadêgakên sawontênipun kemawon rumiyin, inggih sagêd sarana ambangun rad nagari ingkang adêgipun samangke inggih sampun mawi waragad. Mila sapintên nalangsanipun Narpawandawa manoni kacelikipun (teleurgesteld) kawula Porêstênlandhên dhatêng putusaning parêpatan wulanan wau. Ingkang sagêd nuwuhakên kirang runtuting raosipun ingkang mangrèh kalihan ingkang rinèh, môngka wasitanipun sang kalokèng jagad Prabu Napoleun punika: "gouverner 'est prèvoire" pikajêngipun, widadaning parentah iku manawa samubarang gawe andhisiki osiking kawula, inggih punika panduking paribasan Jawi: parentah asoca bathara.

Putusanipun parêpatan agêng wontên ing dalêm Kusumayudan, nalika malêm kaping 22 Dhesèmbêr 1931, bab jêjêripun pèdhêrasi, sampun lajêng katur dhatêng para karajan, ada-ada kita anggêsangakên lokal komite saking barkahipun para sadhèrèk sampun sagêd kalêksanan nalika kaping 15 Dhesèmbêr 1931 ingkang dados warga pakêmpalan: darah M.N., B.O., P.P.K.D. sarta P.K.C., samangke L.C. wau sampun damêl wêwaton adêgipun sarta sawêg manah punapa ingkang pantês dipun ayati rumiyin. Botên langkung pamuji kula mugi- mugi L.C. wau sinêmbadana ing sêdya.

Ambokmanawi para sadhèrèk inggih wuninga, bilih miturut suraosipun sêrat-sêrat pawartos Walandi, parentah luhur ing Batawi kagungan karsa Surakarta lan Ngayogyakarta badhe kadadosakên satunggal, kaasta gupêrnur satunggal, makatên punika kagalih langkung pikantuk ngiras ngirid wragading pangrèh praja Walandi, kajawi punika wontên usulipun salah satunggaling warga rad kawula, tanah Jawi kadadosna sagupêrmèn, Pèrstênlandhên lajêng kasusupna gupêrnur tanah Jawi.

Sadhèrèk, mirêng swantên ingkang kados makatên punika sampun têmtu kemawon bilih kula lajêng anduwa wontên parêpatanipun rad kawula, nalika ing dintên Saptu kaping [ka...]

--- 69 ---

[...ping] 6 Pèbruari kapêngkêr punika, amargi pamanah kula manawi rêmbag wau sagêd kalêksanan, botên sande namung badhe nyuda kaluhuran dalêm, dening wujudipun dumugi ing dintên punika, sêsangkutanipun para karajan Jawi, punika sanadyan namung padintênan, namung kalihan wakilipun pamarentah luhur inggih punika gupêrnur wangsul ing têmbe manawi guprênur badhe namung satunggal, sêsangkutanipun wau saèstunipun botên sagêd ajêg kalihan gupêrnur piyambak, ingkang kêrêp mêsthi badhe namung kalihan residhèn kemawon, minôngka wakilipun gupêrnur wau, aliyas wakiling wakil. Sarèhne wangsulanipun pamarentah bab punika botên kaparêng wawan sabda dening sawêg dados panggalihan, mila pêpuntoning atur kula namung nyuwun supados panggalihan wau sampun ngantos dipun tindakakên manawi dèrèng sarêmbag kalihan para nata, amargi bab punika ingatasipun Porsêtênlandhên dede barang sêpele.

Salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr anggèning pangrèh nindakakên kawajibanipun pakêmpalan wilujêng botên wontên satunggal punapa, cacahipun warga mindhak 25 sanadyan nyarêngi môngsa malèsèd, saking barkahipun para sadhèrèk lêbêtipun arta urunan botên wontên kuciwanipun. Pawong mitranipun Narpawandawa kalihan pakêmpalan sanès, lêstari supêkêt, botên langkung pangrèh namung nyênyadhang pandonganipun para sadhèrèk anggèning nindakakên padamêlan ingkang badhe dipun lampahi, sagêda wilujêng botên wontên sangsayanipun.

Awit saking punika, parêpatan kula wiwiti (kaurmatan gôngsa Kêbogiro). Badhe dipun sambêti.

Pranatanipun Putri Narpawandawa ing Surakarta

1. Narpawandawa ngwontênakên pang tumrap putri, kanamakakên Putri Narpawandawa.

2. Tujunipun pang punika kaajêngakên karukunan, saha ambudidaya murih sami sagêd anêtêpi kuwajibanipun wanita.

3. Mênggah ingkang katampèn dados warga, kêdah kados ingkang kawrat pranatan Narpawandawa [Narpa...]

--- 70 ---

[...wandawa] bab kaping 4 nanging tumrap ingkang putri, samantên wau manawi pangrèh pang botên anggadhahi pakèwêd.

4. Mênggah rekadaya sagêdipun kadumugèn sêdya wau, ingkang badhe katindakakên kados ing ngandhap punika:

Ngwontênakên kursus-kursus, sêsorah utawi pêpanggihan, ingkang ngrêmbag pamimbasara sarta piwulang dhatêng lare, saha panyêpêngipun bale griya.

5. para warganing pang kêdah sanggêm nêtêpi sêsanggèn sarta kawajiban ingkang katamtokakên dening pangrèhing pang.

Pangrèh pang wajib ngèstokakên punapa pitêdahipun pangrèh Narpawandawa.

6. Ingkang nindakakên prêlunipun pang punika pangrèh, ingkang dipun pilih warganipun pang katêtêpakên dening pangrèh Narpawandawa.

7. adêgipun pangrèh Putri Narpawandawa wau kados ing ngandhap punika:

Pangarsa 1, Mudha pangarsa 1, Panitra I 1, Panitra II 1, Artaka 1, Panitya 4

8. Sabên tigang wulan sapisan, pangrèhing putri Narpawandawa kuwajiban damêl palapuran, katur pangrèhing Narpawandawa, sadaya kawontênan- kawontênan ingkang katindakakên.

9. Pangrèh Narpawandawa wênang ambadal putusaning pang, ingkang kaanggêp kirang lêrês, mawi katrangan sabab-sababipun. Kosokwangsulipun pangrèhing Putri Narpawandawa kenging ngulurakên putusanipun pangrèh Narpawandawa dhatêng parêpatan agêng.

10. Bibaripun pang punika kajawi kabibarakên dening pangrèh Narpawandawa ugi sagêd saking pang piyambak, miturut putusanipun parêpatan, manawi ingkang ngrujuki 2/3 ning cacahipun warga pang, utawi bilih warganipun kantun 10.

11. Manawi pang punika bibar, sadaya rajadarbèkipun lajêng dados gadhahanipun pakêmpalan [pakê...]

--- 71 ---

[...mpalan] Narpawandawa.

12. Sadaya kawontênan ingkang prêlu katata, môngka botên kasêbut pranatan punika, kenging katata dening pang piyambak, ugêr botên nyulayani tatanan punika sarta pranatanipun Narpawandawa.

Pranatan ing nginggil punika sampun kaapsahakên wontên parêpatan agêng taunan, tanggal kaping 8/9 April 1932.

Ôngka 212/ T. A.

Bab Punggawa Kabudidayan Kagungan Dalêm saha Kabudidayan Nagari

Sêratipun panitra rad phan Bêhir katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, ing Surakarta Adiningrat.

Kula nuwun, awit saking sêratipun pakêmpalan Narpawandawa katitimasan kaping 14 saha 23 wulan Marêt kapêngkêr punika ôngka 27/356 tuwin 37/359 kula ngaturi uninga bab kados ingkang kasêbut ing sêratipun pakêmpalan Narpawandawa sampun karêmbag wontên ing parêpatanipun rad phan Bêhir kabudidayan kagungan dalêm ing Têgalgônda saha ing Ngampèl, nalika tanggal kaping 19 wulan kapêngkêr. Rèhning wêkdal punika tumrap kabudidayan kêkalih wau botên wontên lowongan, awit saking punika golonging rêmbag bab punika kapasrahakên tuwan adminisêtratir supados benjing samôngsa wontên lowongan bilih badhe nêtêpakên gêgêntosipun angèngêtana dhatêng wontênipun para santana dalêm ingkang sami nyuwun nyambut damêl ing kabudidayan wau, kados sêratipun pakêmpalan Narpawandawa ingkang sampun katampèn, ingkang punika mugi andadosakên ing kauningan.

Katur tanggal kaping 28 Marêt 1932.

Panitraning rad phan Bêhir, W.G.K.L.. ROODENBURGH.

Tilas Gêdhong Arta Nagari Kartasura

Ing dhusun Sêdhahrama lèr, bawah kalurahan Kartasura (dhistrik Kartasura) wontên pungkrukan siti, wiyaripun kintên-kintên 300 mètêr pasagi, bêra botên katanêman, [katanê...]

--- 72 ---

[...man,] kacariyos punika tilas gêdhong arta ing nalika jaman nagari Kartasura, ingkang ngrêksa nama Kyai Karawêlang, kados ingkang kasêbut ing sêrat kidungan, makatên ungêlipun: ing Dhahrama Karawêlang kang rumêksa, têtiyang ing ngriku kathah ingkang dipun sumêrêpi, awujud sawêr ulêsipun cêmêng ponthang pêthak. Bilih sumêrêpipun wau pinuju wontên salêbêtipun griya, wujudipun sawêr alit sarta cêlak, nanging manawi sumêrêpipun wau wontên ing kêbon, dhadhah, tuwin wontên ing margi, katingal sawêr agêng tur panjang, nanging tutut botên nate purun ganggu damêl dhatêng tiyang. Cacriyosanipun tiyang ing Dhahrama lèr, wontênipun pasitèn wau taksih bêra, sarta mungkruk piyambak, dèrèng sagêd sami kalihan kiwa têngênipun, amargi botên wontên tiyang ingkang purun (wani) anggarap maculi, utawi nanêmi têtanêman, dening mambêt ilu, inggih punika: kintên-kintên sampun 20 taun laminipun, wontên tiyang kalih andhudhuk lêmpung pasitèn ngriku, parlu kadamêl gêndhèng, tiyang kêkalih wau botên dangu sami nandhang sangsara, ingkang satunggal lumpuh, satunggalipun wuta. Lajêng kintên sampun tigang taun sapriki wontên lare jalêr nama Surip, umur 18 taun, anakipun Wôngsamilun, ing Dhahrama gêdhong, maculi salèripun cakêt siti pungkrukan wau, badhe dipun tanêmi pohung, dèrèng ngantos rampung Surip nandhang sakit lajêng ajal, tiyang sêpuhipun sarêng mangrêtos bilih ingkang dados jalaran sakiting anakipun, ngantos dumugi ajal wau, saking anggèning maculi siti salèr gêdhong, sanalika mêdal nêpsunipun, malah lajêng maculi siti gêdhong wau, inggih lajêng nandhang sangsara sakit botên dangu lajêng ajal, dumugi sapriki siti pungkrukan wau angkêr, taksih dados piandêlipun tiyang ing ngriku.

Sela Kênthèng Kangge Patirakatan

Ing dhusun Gandaran, bawah kalurahan Ngadirêja (Kartasura) wontên sela radi agêng, kirang langkung 2 mètêr kubuk, manggènipun cêlak kalihan margi lèri, umumipun ing ngriku dipun sêbut sela kênthèng. Miturut dêdongenganipun tiyang môncakaki ing dhusun ngriku, makatên:

Ing kinanipun sela wau kangge patirakatanipun tiyang nyuwun palarisan, nyuwun gadhah anak sasaminipun, manawi anggèning tirakat wau katrimah, sela lajêng

--- 73 ---

mêdal umbêlipun molor. Sela wau kalêbêt angkêr, amargi sampun nate wontên tiyang nglampahakên lèri cêlak ing ngriku kalayan rame-rame, sanalika lèrinipun lajêng botên malampah (mogok) ing ngriku wontên sawênèhing tiyang ingkang mangrêtos, panggenan sela wau kapurih dèkèki têbu kalih lonjor, kalampahan lajêng dipun dèkèki, wasana lèrinipun lajêng sagêd malampah malih. Wontên tiyang malih nama Tôntawirêja kabayan ing dhusun Klinggèn, pinuju ngrêsiki lèpèn wontên sacêlaking sela kênthèng wau, nanging tindakipun radi botên prayogi, sarêng dalu bojonipun lajêng kagung-kagung, enjingipun Tôntawirêja lajêng adêdupa dhatêng panggenan sela kênthèng, wasana lajêng wilujêng ngantos sapriki, emanipun sapunika namung kantun cacriyosan kemawon, dados sampun cabar botên kangge patirakatan, sarta sampun mantun wingit.

Kolah Patilasan

Ing salèr kilènipun dhusun Panularan, kalurahan Ngabean (Kartasura) wontên sitinipun gumukan dumunung ing sabin panêpèn, satêngahing gumukan wau wontên kolahipun kaplêstèr ing banon, kaapit-apit wit waringin pêthak kalih, kala rumiyn nalika kolahan punika taksih katingal cêtha, dèrèng kawalêdan utawi dèrèng wontên thukulanipun, punapadene dèrèng katutupan ing oyod-oyodan, plêstèripun taksih wêtah, wangunipun pasagi panjang, lêbêtipun watawis 1½ mètêr, wiyar 1½ mètêr, panjang 3 mètêr, ing lêbêt isi umbrukan ri kêmarung, botên wontên ingkang purun ngewah-ewah, jalaran saking wingit, dene dêdongenganipun makatên:

Kolah punika patilasan panêpènipun Kangjêng Pangeran Arya Panular, tuwin Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sami kala jaman nagari Kartasura, anggènipun sami nêtêpi wau kacriyos wontên salêbêting kolah wau kalayan alèmèk ri kêmarung, wasana lajêng kangge panêpènipun tiyang kathah, napak tilas saha ngalap barkahipun Kangjêng Pangeran Arya Panular saha Radèn Tumênggung Mangkuyuda, wondene ingkang sami dhatêng nênêpi malah kathah tiyang ingkang têbih-têbih panggenanipun, kados ta: Ngayogya, Sala tuwin Madiun. Sarêng antawis tigang dasanan taun sapriki, lajêng awis- awis wontên tiyang

--- 74 ---

nênêpi mriku, malah dumugi sapunika prasasat botên wontên, amargi kolahipun sapunika sampun kurugan siti, katutupan ing oyod-oyodan, tuwin thêthukulan, dados sampun botên katingal cêtha, ingkang katingal kantun banon windon sawatawis, rinipun kêmarung inggih sampun botên katingal, ewadene patilasan wau dumugi sapunika tumrap têtiyang dhusun cêlakipun ing ngriku, manawi gadhah parlu mantu sasaminipun, taksih wontên ingkang ambucali (nyajèni) ngupados sawab supados wilujêng anggènipun gadhah damêl.

Sela Tilas Pasalatanipun Kyai Panjisutra

Ing dhusun Purbayan, bawah kalurahan Singapuran (Kartasura) wontên selanipun cacah 2 tilas pasalatanipun Kyai Panjisutra, ingkang satunggal wangunipun pasagi ambanon, satunggalipun awujud sela kênthèng, mênggah cacriyosanipun makatên:

Ing kina wontên satunggiling priyayi saking Sala awasta Kyai Panjisutra, dhêdhêkah wontên ing dhusun Purbayan, kajawi adamêl griya ugi adamêl masjid, dangu-dangu Kyai Panjisutra wau lajêng dados sêsêpuhipun tiyang padhukuhan ngriku, kala samantên ing dhusun Purbayan dèrèng patos kathah tiyangipun, taksih rêsah sarta kathah têtiyang ingkang rêmên ugal-ugalan. Sarèhning Kyai Panjisutra wau ngèngêti anggèning dados sêsêpuhipun ngriku, lajêng kapêksa ihtiyar ngupados rekadaya, kadospundi sagêdipun ing dhusun wau tata tuwin têntrêm. Kyai Panji lajêng èngêt dhatêng sadhèrèkipun, ingkang wontên ing kampung Nglêbak (Sala) bilih sadhèrèkipun wau gadhah sadherekan bangsaning gandarwo, nama Kyai Kasani. Pangintênipun Kyai Panjisutra kados- kados gandarwo wau purun angrencangi adamêl têntrêming dhusun ngriku, kalampahan Kyai Kasani lajêng dipun purugi, dipun têdhani pitulungan kados ingkang kasêbut ing nginggil, Kyai Kasani ugi nyanggêmi, lajêng dipun jak dhatêng ing dhusun Purbayan, sarêng dumugi ing dhusun ngriku Kyai Kasani lajêng ngêdalakên pangabaran, adamêl ajrihipun para têtiyang ing ngriku, srana amathaki utawi anggêgiro, murih sagêda tiyang-tiyang wau manut miturut dhatêng sadaya dhêdhawuhanipun Kyai Panjisutra. Kacariyos danguning dangu Kyai Kasani wontên ing ngriku [ngri...]

--- 75 ---

[...ku] lajêng sagêd gadhah tatêpangan (prasanakan) kalihan satunggiling tiyang kamlaratan, nama Tawikrama, dipun pitulungi ngupadosakên cêkaping kabêtahan saanak- bojonipun, kawontênan sadangunipun Tawikrama prasanakan kalihan gandarwo wau inggih sagêd kacêkap sayêktos. Sarêng Kyai Panjisutra tilar donya, salajêngipun kakubur wontên ing pasarean Wiragunan. Kyai Kasani ugi lajêng tumut dhatêng pasarean Wiragunan, kala-kala inggih taksih asring nuwèni dhatêng dhusun Purbayan, manggihi sadherekanipun tiyang nama Tawikrama wau. Sapêngkêripun Kyai Panjisutra ing dhusun Purbayan kantun patilasan awujud sela pasalatan, tuwin sela kênthèng rumiyinipun kangge patirakatan (panèpên) nanging sapunika sampun botên wontên ingkang mêmêtri.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ ôngka 4

[Pocung]

1. Milanipun antuk kawula mituhu / mêdal margèng singkal / botên wontên kawis-kawis / kongsi praptèng praja lêstantun kawula //

2. samya ngungun sagung kang myarsa sadarum / ya ta ing antara / gantya kang dinangu malih / matur wasta pun Darpa ing Karangjaha //

3. lèring dhusun ing Ngandaka duk rumuhun / môngsa Padrawana / Saddharuna warsèng wuri / amba kesah midhang dhatêng Sumêdhangan //

4. kinèn talun tilas padhepokanipun / Sang Ajar Satama / dados pamidhangan mangkin / kathah tiyang nênêpi yêkti katrima //

5. antuk wahyu kapanggih sasêdyanipun / laju amêmidhang / nguni kawula pribadi / anênêpi katurutan ing paminta //

6. sagêd cukup ing sandhang têdha lumintu / nuntên amêmidhang / sakadar kewala kenging / dupi mantuk praptèng wana Widarata //

7. dèn bêbujung ing sardula mèh dèn tubruk / rahayuning badan / Ki Buyut Dhawuk marêngi / anênulup wontên ing wana punika //

8. duk andulu wontên sima kang bêbujung / tinulup saksana / kapramanan angênani / netraning kang sardula têmahan wuta //

9. kèndêl mangu anubruk anumbuk- numbuk / ing sêsela mungal / sumyur pyah pêjah babarji / Buyut Dhawuk marpêking dhatêng kawula //

10. wuwusipun rahayune ingsun wêruh / mèh thithik kewala / sidrapon atêkèng pati / marmaning Hyang marêngi maksih rinêksa //

11. kang saèstu amborongakên sakayun / karya kayuwanan / pamalêsipun [pamalêsi...]

--- 76 ---

[...pun] sayêkti / amung rila sumôngga ing saniskara //

12. mèsêm muwus Ki Dhawuk iya rahayu / karsaning bathara / kang sipat murah lan asih / muga-muga padha sinêmbadanana //

13. Buyut Dhawuk mantuk kawula tut pungkur / praptaning Ngandaka / wangsul sajawining kori / lajêng mantuk wismamba ing Karangjaha //

14. sampun rampung ature darpa sadarum / gantya kang tinanggap / wong desa ing Mandhargasri / aturira wasta amba pun Untara //

15. duk rumuhun môngsa Padrawana nuju / taun kang wuntatKurang satu suku kata: taun kang kawuntat. / amba saking Banakêling / arsa mantuk praptaning wana kusuma //

16. pan kapêthuk tiyang èstri sampun pikun / kèksi kawlas-arsa / raryan sangandhaping wuni / sarya nangis lir kataman larasmara //

[Asmaradana]

1. mardawan gung minta urip / lumampah dipun tuntuna / arsadus dhumatêng lèpèn / tan sagêd mudhun priyôngga / êmar sandeyaning tyas / bokmanawa kagalundhung / dhawah kagêbyur ing toya /

2. têmah apuwara lalis / kawula rumaos wêlas / nyai pikun amba gendhong / umêdhun dhatêng jêjurang / praptèng tirahing tirta / tinurunakên tan purun / wuwusipun angrêrêpa //

3. kinèn anêngah sakêdhik / pakantuking don padusan / ing toya kang ragi jêro / amba turut sanalika / duk watês pajalêran / nyai pikun dados bajul / kawula arsa kasarab //

4. rahayunipun marêngi / Buyut Dhawuk awawratan / wontên satêpining lèpèn / sarya musthi kang tulupan / dupi awas tumingal / yèn amba ingaru-biru / dhumatêng buaya arda //

5. tumuntên katulup kêni / netranipun ingkang kiwa / anjola silêm tan katon / Buyut Dhawuk atêtanya / paran karananira / amba sajarwa witipun / praptèng wêkasan punika //

6. Buyut Dhawuk muwus malih / rèhning wus padha widada / anutugêna lakune / kawula mojar prasêtya / rumaosing wardaya / kapotangan gêsang tuhu / paran kang kawalêsêna //

7. anjawi amung utami / têmên tumanêm ing manah / emut salami-lamine / kongsia têrah-tumêrah / datan sêdya supea / darbea rukmi sagênuk / dados kagungan andika //

8. Buyut Dhawuk mèsèm angling / dewa kang ngudanènana / ing prasêtyanta mangkono / têlas ature Untara / gantya kang kapariksa / kaping nêm maju dinangu / amba wasta pun Nangkula //

9. wismèng dhusun Pandhansari / kalamôngsa Padrawana / taun winingking cariyos / pun sagotra ing Jêngkila / mèt sraya sêsambatan / rowang-rowang atêtarub / arsa amiwaha suta //

10. amba tumutur tumuli / praptèng dhusun ing Jêngkila / sampun pêpakan kang kinèn / dandos-dandos [dando...]

--- 77 ---

[...s-dandos] têtaruban / angupakarèng wisma / ing antawis pitung dalu / sampat sampurna sadaya //

11. kawularsa mantuk mangkin / Ki Wajag prapta wêwarta / mêngsah amba kala lare / pun Mardaki ngadhang marga / paksa karya sikara / angarah rèh arubiru / baris madyèng wanantara //

12. kawula kinèn anganti / sabibaring pamiwahan / akathah sêsarêngane / nanging amba tan pitaya / ing wêwarti punika / saking adrêng kêdah mantuk / mangkat praptèng wanantara //

13. mêngsah kawula kaèksi / wontên tiyang kalih dasa / sadaya samya mirantos / sadêdamêlipun pisan / sangkêp maneka warna / amba kèndêl mangu-mangu / rahayunipun punika //

14. Ki Buyut Dhawuk kaèksi / anapih kang ngadhang marga / sadaya sarêng bibare / botên saèstu sikara / amba laju lêlampah / panggih lawan Buyut Dhawuk / mintokakên panarima //

15. sarta prasêtya sayêkti / sangêt kapotangan gêsang / satuwuh èngêt kemawon / darbea warni punapa / wajib kagêngan dika / wangsulane Buyut Dhawuk / dewa nora kasamaran //

16. waskitha sosiking ati / kang bêcik miwah kang ala / yêkti kauningan kabèh / lajua mulih samangkya / tan ana kara-kara / kawula tumuntên mantuk / têlas ature Nangkula //

17. gantya kang dinangu malih / pêpariksan kaping sapta / maju umatur wotsinom / kawula wasta pun Sarma / wadya nata panêkar / ing nagari bawahipun / Radèn Arya Wirabaya //

18. kala taun kang kawingking / nuju môngsa Padrawana / amba wisata mangalèr / dhatêng dhusun Patarana / têtuwi kadang mitra / amung asipêng sadalu / mantuk angsal pêpêlikan //

19. nalika wontên ing margi / samadyaning wanapringga / miyarsa panguwuhing wong / makatên wuwusing swara / adhuh mitra kèndêla / rèhning kongsi wongsal-wangsul / amba kèndêli sakêdhap //

20. atakèn sintên kapyarsi / ngênguwung akèn kèndêla / antawis dangu katongton / warni jêjamang kancana / babate karnantera / wontên tirahing tarêjung / katambêtan kang darbea //

21. datan adangu kaèksi / raksasa grama goraya / nanging kang netyasmu sumèh / marpêki sarta noraga / muwus mêmanuhara / lah ki sanak yèn panuju / manira asung pusaka //

22. jamang karnantera rukmi / sarta babatène pisan / ing têpi jurang ênggone / andika ambil priyôngga / makatên kang sarana / pakantuke têmbe tulus / lastantun dados pusaka //

23. trah-tumêrah ing sawuri / kadulu ran rajabrana / tyas kawula têka mèlèk / dene mulat kamelikan / arsa mèt jêjamang mas / mèh prapta têpining parung / raksasa anubruk tuna //

--- 78 - --

24. têmah guling anggulinting / kongsi ngorok sêsênggoran / kawula kagyat anolèh / kamitênggêngên tumingal / Ki Buyut Dhawuk prapta / amusthi dêmonipunKurang satu suku kata: amusthi kang dêmonipun. / nuntên pinandhi ing asta //

24. mèsêm-mèsêm muwus aris / rahayunipun andika / botên tumêka ing layon / wande minôngsa ing ditya / ujêr kurang wiweka / wontên ta salokanipun / singa prayitna yuwana //

25. wiweka raksakèng budi / pêpeka rosaning badan / makatên santikaning rèh / sabarang karya punika / sampun tilar wiweka / kanthia awas lan emut / dêduga lawan prayoga // Taksih wontên sambêtipun.

Cangkriman

Sumôngga kabatanga, manungsa gêsang wontên ing alam donya ngupados punapa?

Sumôngga kula aturi rawuh ing Coiffeur Besar ing Darpayudan, Surakarta, tur mirah kemawon rêginipun, kaparênga nyatakakên, bikak enjing jam 7½ -1 siyang, sontên jam 4-8 dalu, manawi dintên Akat libur, pangurusipun sadhèrèk panjênêngan piyambak, warga Narpawanda.

Ugi nyambut damêl mênatu, kadugi nyuwun dhatêng ing dalêm saha sarampungipun angundurakên pisan, kalayan katanggêl saenipun.

Kasarasan

Sambêtipun organ ôngka 6

Ihtiyar panulakipun sêsakit cacing tambang (Mijnworm-ziekte). Sêsakit cacing tambang punika kawilang botên mutawatosi, têgêsipun tiyang ingkang kenging sêsakit wau botên lajêng sagêd dumugi ing tiwasipun, ananging pamarentah ngudi sangêt sagêdipun [sagêdipu...]

--- 79 ---

[...n] para kawula sampun ngantos kacandhak ing sêsakit wau, amargi manawi wontên sawênèhing tiyang ingkang sampun kenging sêsakit cacing tambang, môngka botên kaudi murih sirnanipun sêsakit wau, punika adhakanipun lajêng gampil kacandhak ing sêsakit sanèsipun, amila bokmanawi parlu ugi mênggah kawontênanipun sêsakit cacing tambang kula andharakên sawatawis.

Kawuninga, mulabukanipun sêsakit wau, dipun wastani cacing tambang, jalaran sakawit ingkang kasumêrêpan rumiyin, para tiyang-tiyang ingkang sami bêbêrah nyambut damêl pados pêpêlikan (Tambang) kados ta: pados jêne sela barleyan, arêng sêtèngkul sarta tosan.

Sêsakit cacing tambang punika agêngipun namung satugi, panjangipun sasènti mètêr, manggèn wontên ususing tiyang perangan ingkang lêbêt, wujudipun pêthak sêmu abrit (beda kalihan krêmi, wujudipun pêthak manggèn wontên ing jubur), manawi sampun môngsa ugi sagêd nigan, tiganipun cacing wau botên sagêd nêtês wontên salêbêtipun padharan, ananging tigan-tigan wau bilih katut ing sêsukêr dumugi ing jawi, salêbêtipun sakawan sarta gangsal dintên kenging dayanipun bêntèring srengenge, lajêng nêtês. Têtêsan wau sagêd ngengingi dhatêng tiyang sarana mêdal margining kringêt lajêng sagêd nurut ilining rah, ngantos dumugi ing usus wau salêbêtipun tigang dasa nêm jam. Wontên malih ingkang sakalangkung rancak, inggih punika manawi anaking cacing tambang wau katut ing têtêdhan sarana kabêkta ing kewan lalêr, namung 3 jam sampun dumugi ing usus.

Cacing ingkang wontên salêbêtipun ngusus lajêng ngrikiti lêmpit-lêmpitaning usus têmahan lajêng dados tatu, angêdalakên rah, ugi lajêng kasêsêp ing cacing wau, tiyang ingkang kenging sêsakit cacing tambang, badanipun saya kêra, cahyanipun saya pucêt, jalaran sampun kakirangan rah, kakiyatanipun suda sangêt, amila satêmah dados ringkih, manawi badan wau sampun ringkih, lajêng anjalari gampil kataman sêsakit sanès- sanèsipun.

Awit saking punika, mila lajêng wontên panulakipun, inggih punika sami kapêrdi botên kenging ambêbucal ing saênggèn-ênggèn, kados ta: ing lèpèn, ing pakêbonan sarta ing sabin-sabin, nanging kêdah wontên ing kakus (Latrine) ingkang pandamêlipun kakus wau kêdah miturut wêwaton (Mijnwormziekte bestrijding).

--- 80 ---

Kakus punika kajawi kangge sarana nulak sêsakit cacing, ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, ugi dados sarana panyêgahipun sêsakit ingkang tuwuh wontên salêbêtipun padharan, kados ta:

1. Sêsakit kolerah. 2. Sêsakit dhesêntri. 3. Sêsakit tipês, sarta sanès-sanèsipun.

Wondene pandamêlipun kakus manawi parlu ugi badhe kula têrangakên.

Para têtiyang ingkang sampun kataman ing sêsakit cacing tambang, kêdah lajêng dipun usadani, sarana ngombe jampi, ingkang dipun wastani lisah senopodhim (chaenopoduim) tumrap sêsakit cacing bokmanawi cêkap samantên rumiyin, kula parlu anggancarakên panyêgahipun sêsakit malaria. Badhe kasambêtan.

Rêdhaksi nampèni buku: Siti karo Slamêt, anggitanipun Mas Samud Sastrawardaya jilid I sarta II waosan lare-lare ing pangkat I minôngka kangge nglantih piwulang ing pangkat wiwitan rumiyin, mila basa sarta isinipun buku wau kadamêl prasaja tuwin gampil, dados guru botên nêrangakên kathah-kathah, mawi rinêngga ing gambar sawatawis. Rêginipun satunggal jilid f 0,40, tumrap ingkang sami kagungan putra ingkang sawêg wontên pangkat wiwitan, prêlu. II nampèni buku pangrakiting praja Walandi saha tanah Indhiya Walandi, anggitanipun Tuwan J. A. Wiggers kalihan E. I. Sukarsa, maedahi tumrap murid ing pamulangan normal, tuwin guru ing pamulangan alit, rêginipun namung f 0,70 sadaya wau kawêdalakên ing pangêcapanipun Tuwan J. B. Wolters Gang Scott 5 Batavia Centrum. Botên langkung rêdhaksi namung matur nuwun.