Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 6, Kaping 25 Sura Dal 1863, Utawi Kaping 1 Juni 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan

II

Pangarsa nglajêngakên pangandika, bilih sampun sawatawis wulan punika panitra I.R.T. Gitadipura sakit, mila parêpatan dalu punika pamit botên sagêd dhatêng, saha warga pangrèh R.M. Wignyakusuma nyuwun kèndêl, amargi kathah pandamêlanipun, manawi parêpatan rujuk ingkang badhe kagêntosakên R.M.Ng. Sasrakusuma, parêpatan mupakat, lajêng katêtêpakên.

Panitra II pratela pèngêtan parêpatan taunan kapêngkêr, rèhning sampun kawrat ing organ, botên badhe kawaos, namung para warga punapa wontên ingkang anggalih lêpat, manawi botên wontên badhe lajêng katêtêpakên, para warga sami mupakat lajêng katêtêpakên.

Panitra II maos pèngêtan parêpatan agêng mirunggan, kala kaping 22/23 Dhesèmbêr 1931 ugi lajêng katêtêpakên.

--- 82 ---

R.M.Ng. Sasrakusuma maos palapuran taunan, kados ing ngandhap punika: palapuranipun pangrèh Narpawandawa ing taun 1931 wiwit sasampunipun parêpatan agêng taunan kala kaping 3 Januari 1931 dumugi dalu punika.

I. Cacahing pangrèh.

Pangarsa: B.K.P.H. Adiwijaya, Mudha pangarsa: B.K.P.H. Kusumayuda, Panitra I: R.T. Gitadipura, pamit sakit, Panitra II: R.M.Ng. Purwasastra, Artaka I: K.R.M.H. Suryaningrat, Artaka II: R.M.Ng. Atmamijaya, Panitya 1 R.M.H. Cakrawinata, Panitya 2 R. M. Wiryasaputra, Panitya 3 R.M. Wignyakusuma nyuwun kèndêl.

II. Pangrèh damêl parêpatan rambah kaping 10 damêl murya raras 1 saha damêl parêpatan agêng mirunggan 1 ngrêmbag palapuranipun panitya Narpawandawa ingkang kapatah nyinau kadospundi prayoginipun pèdhêrasi ing praja Kajawèn.

III. Kawontênanipun pandamêlan ingkang sampun katindakakên, kados ing ngandhap punika.

1. Andhatêngi parêpatan B.O.P.P.I.I. priyayi Mangkunagaran, tuwin sapanunggilanipun.

2. Macak atur dhatêng pêpatih dalêm ing Surakarta, Ngayogyakarta, saha kadipatèn Mangkunagaran sarta Pakualaman, kawrat sêrat katitimasan kaping 6 Januari 1931 ôngka 1/306 macak atur dhatêng kawadanan santana dalêm kiwa têngên katitimasan kaping 6 Januari 1932 ôngka 2/307 saha nyêrati dhatêng para kabupatèn pangrèh praja sadaya, kawrat sêrat katitimasan kaping 10 Januari 1931 ôngka 4/308 bab nyuwun pitulungan sagêdipun para santana sarta abdi dalêm sami tumbas almanak Narpawandawa, amargi bêbathènipun rêsik ingkang 50% badhe kangge darma kasangsaran panjêblosipun rêdi Marapi.

3. Mangsuli sêrat kadipatèn Mangkunagaran katitimasan kaping 14 Januari 1931. 440/29

--- 83 ---

ngaturakên panuwun anggènipun sampun kaparêng ambiyantu sêdyanipun Narpawandawan darmani dhatêng têtiyang kasangsaran ing Mêrapi, kawrat sêrat katitimasan kaping 29 Januari 1931 ôngka 13/312.

4. Mangsuli sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 16 Januari 1931 ôngka 11 D/1/II bab pambiyantunipun nagari dhatêng sêdyanipun Narpawandawa andarmani dhatêng têtiyang kasangsaran Marapi, namung kapacak ing sêrat kabar paprentahan, aturipun Narpawandawa nyumanggakakên, kawrat sêrat katitimasan kaping 29 Januari 1932 ôngka 14/313.

5. Ngèngêtakên dhatêng pangrèh pralenan Narpawandawa, bab palapuran kawontênanipun pakêmpalan pralenan, kawrat sêrat katitimasan kaping 15 Januari 1931 ôngka 17/314 palapuranipun sampun kawrat ing organ ôngka I taun 1932.

6. Nyêrati dhatêng warga R.Ng. Ônggapradata anggènipun sagah dhatêng parêpatan agêng, nyabut karanganipun wontên Darmakôndha bab bale agung, amargi dèrèng kacabut, kawrat sêrat katitimasan kaping 5 Marêt 1931 ôngka 22/316 kawontênanipun dumugi sapriki dèrèng kacabut.

7. Matah R.M.H. Cakrawinata supados mitêrangakên dhatêng R. Adj. Sêdyani bab anggènipun nyêrati dhatêng pangrèh P.P.P.P.A. kawrat sêrat katitimasan kaping [...]Naskah tidak terbaca. Marêt 1931 ôngka 24/315.

8. Nyêrati dhatêng komisi kasatriyan, sêrat kabar Sêdyatama ôngka 52 mrayogèkakên anakipun para santana dalêm ing Surakarta, ingkang gêgriya ing Ngayogya kenginga malêbêt sakolah kaputrèn, kosokwangsulipun, para santana dalêm ing Ngayogya ingkang gêgriya wontên Surakarta ugi kenginga mlêbêt dhatêng kasatriyan. Kawrat sêrat katitimasan kaping 26 Marêt 1931 ôngka 26/317.

9. Mangsuli sêratipun K.R.M.T. Sumanagara, anggènipun badhe sêsorah bab wayuh, Narpawandawa botên sagêd ngajangi, amargi sanès tujunipun, kawrat sêrat katitimasan kaping 26 April 1931 ôngka 29/319.

10. Macak atur dhatêng nagari kawrat sêrat katitimasan kaping 25 Mèi 1931 ôngka 31/320 supados nagari kaparêng maringi subsidhi wragad pandamêlipun almanak Narpawandawa, utawi kaparêng ngasta pandamêlan almanak wau, sampun tampi dhawuh nagari pakèwêd marêngakên.

--- 84 ---

11. Mangsuli sêdhahanipun pakêmpalan Sangkaramudha ing Ngayogya, kanthi pêpuji anggènipun sampun ngadêg sadasa taun, wilujêng, kawrat sêrat tatitimangsan katitimangsan. kaping 29 Mèi 1931 ôngka 33/321.

12. Nyêrati dhatêng pakêmpalan darah M.N. Budi Utama, P.P.K.D. saha P.K.C. kaajak damêl lokal komite kados kala taun 1918 kawrat sêrat katitimasan kaping 13 Juni 1931 ôngka 34/322.

13. Matah R.M.H. Cakrawinata saha R.M.Ng. Atmamijaya, dados wakilipun Narpawandawa wontên ing pakêmpalan G.B.S. anggènipun badhe mahargya jumênêng dalêm têtêp 40 taun.

14. Ngintunakên pratelan namanipun para warga dhatêng andhêl matsêkapèi G.Hoppenstedt kawrat sêrat katitimasan kaping 18 Juni 1931 ôngka 41/325.

15. Ngaturi katrangan dhatêng pangagênging pamarentah karaton, bab arta kagungan dalêm f 2000 punika ingkang f 1000 sampun kangge pawitan pagrêjèn, dene ingkang f 1000 badhe kangge pawitan ada-ada sanèsipun ingkang murakabi dhatêng para santana dalêm.

16. Ngèndêli R. Adj. Sêdyani anggènipun dados panitya manah kawontênanipun santana dalêm putri, kawrat sêrat kaping 15 Juni 1931 ôngka 45/326.

17. Mangsuli sêratipun pangrèh P. 4 A. kaping 10 Marêt 1931 bab sêrat sêdhahanipun R. Adj Sêdyani, kawrat sêrat katitimasan kaping 15 Juni 1931 ôngka 46/327.

18. Nyondhongi dhatêng sêdyanipun G.B.S. badhe mahargya jumênêng dalêm têtêp 40 taun, kawrat sêrat kaping 15 Juni 1931 ôngka 47/327.

19. Nyêrati dhatêng panitya bôndha pasinaon Narpawandawa, nêdha palapuran kawontênan lêbêt wêdalipun arta, kawrat sêrat katitimangsan kaping 18 Juni 1931 ôngka 48/328 palapuranipun sêrat kawrat ing organ ôngka 3.

20. Mangsuli sêratipun warga, M. Sasrakusuma ing Magêlang 1 bab mahargya jumênêng dalêm têtêp 40 taun, murih katingal sayuk, Narpawandawa ngêmpal dhatêng G. B. S. II bab pamrayogi Narpa supados kadosdene P.K.N. botên sagêd, amargi beda-beda kawontênanipun para kawula ing Surakarta. Dene sagêdipun Narpawandawa namung badhe damêl lokal komite kados ingkang sampun. Kawrat ing sêrat [sê...]

--- 85 ---

[...rat] katitimasan kaping 27 Juni 1931 ôngka 50/328.

21. Nyêrati dhatêng wakilipun Narpawandawa ing bôndha pasinaon tumbuk dalêm, bab kawontênanipun arta bôndha pasinaon, kawrat sêrat katitimasan kaping 4 Agustus 1931 ôngka 52/329 katranganipun sampun kawrat ing organ ôngka 3 taun 1932 kaca 39.

22. Andhapuk panitya ingkang kapatah ngudi wontênipun pitulungan dhatêng para santana dalêm, ingkang lola: kawrat kêkancingan kaping 20 Agustus 1931 ôngka 55/331.

23. Nyêrati dhatêng R. Yasawiyata, supados anggêntosi R. M. H. Padmawinata, dados panitya manah wontênipun griya pamondhokan = internaat tumrap para lare sakolah, kawrat sêrat katitimasan kaping 20 Agustus 1931 ôngka 57/332.

24. Andhapuk panitya ingkang kapatah manah damêl panjurung wontên ing Kajawèn, kawontênan kamajênganipun para santana dalêm, kangge mèngêti jumênêng dalêm têtêp 40 taun, kawrat sêrat katitimasan kaping 4 Nopèmbêr 1931 ôngka 63/336.

25. Nyukani katrangan dhatêng R.M.P. Danusaputra ing Majarata Kadhiri, bab sêsêbutan tiyang alit ingkang dados semahipun para santana dalêm, sarta bab pandamêlan rukun dhusun, kawrat sêrat katitimasan kaping 12 Dhesèmbêr 1931 ôngka 71/339.

Kala tanggal kaping 15/16 Dhesèmbêr 1931 pangrèh nêtêpakên adêgipun lokal komite ing Surakarta, warganipun B.O.2. Darah M.N. 3. P.P.K.D., 4. P.K.C.

26. Macak atur dhatêng nagari, kawrat sêrat katitimasan kaping 5 Januari 1932 ôngka 1/312 bab nyuwun runtutipun sasêbutan kangjêng tumrap para bupati, amargi katingal lajêng wontên raos kirang turut tatananipun.

27. Ambibarakên dhapukan panitya Narpawandawa ingkang manah prayoginipun pèdherasi ing praja Kajawèn, kawrat sêrat katitimasan kaping 5 Januari 1932 ôngka 3/342.

28. Macak atur dhatêng komisi pasamuwan karaton, kawrat sêrat katitimasan kaping 18 Januari 1932 ôngka 4/342 bab angunjukakên pisungsung ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, anggènipun jumênêng têtêp 40 taun.

29. Andhapuk panitya ingkang kapatah manah adêgipun pakêmpalan para putri santana dalêm, kawrat sêrat katitimasan kaping 31 Januari 1932 ôngka 8/344.

30. Nyêrati dhatêng panitya bôndha pasinaon Narpawandawa, punapa sampun nyêrati dhatêng [dha...]

--- 86 ---

[...têng] para lare ingkang sami ngangge arta Studiefonds ingkang sapunika sampun sami cêpêng damêl, utawi dhatêng têtiyang sêpuhipun, supados sami nicil sambutanipun, kawrat sêrat katitimasan kaping 31 Januari 1932 ôngka 9/345.

31. Mangsuli sêrat dhatêng Mas Wignyasukamta guru ing Lasêm, bab sajarah urut-urutanipun saking panjênêngan dalêm nata, kawrat sêrat katitimasan kaping 4 Pèbruari 1932 ôngka 11/346.

32. Macak atur dhatêng praja sakawan, ngaturakên pamrayogi bab wontênipun pèdhêrasi ing praja Kajawèn, kawrat sêrat paturan katitimasan kaping 6 Pèbruari 1932 ôngka 13/347 (sampun kawrat ing organ ôngka 2).

33. Nyêrati dhatêng komite arak-arakan, tumbuk dalêm jumênêng têtêp 40 taun, bab para warga Narpawandawa ingkang sami sowan nyanggi damêl kala lêbêtipun arak-arakan, supados kaparingan têtêngêr, kawrat sêrat katitimasan kaping 16 Pèbruari 1932 ôngka 18/351.

34. Ngèngêtakên dhatêng kumisi pasamuwan karaton, kawrat sêrat katitimangsan kaping 21 Pèbruari 1932 ôngka 19/352, bab tatanan lêlinggihanipun para ingkang sami sowan angunjukakên pisungsung, wontên ingkang linggih ngandhap, wontên ingkang kalilan linggih kursi.

35. Nyêrati dhatêng P.B.I. pang Surakarta, supados malêbêt dados warga lokal komite, kawrat sêrat katitimangsan kaping 9 Marêt 1932 ôngka 21/353 dèrèng angsal wangsulan.

36. Nyêrati dhatêng rad pan Bêhir pagrêjèn, ngajêng-ajêng kawontênanipun palapuran pagrêjèn, kawrat sêrat katitimasan kaping 12 Marêt 1932 ôngka 25/355 kawontênan tumindakipun pagrêjèn dumugi pungkasaning wulan Dhesèmbêr 1931 tuna f 11,57.

37. Nglantarakên suwunanipun warga dhatêng sèkrêtaris rad pan Bêhir ondêrnèmêng kagungan dalêm saha kagunganipun nagari kawrat sêrat katitimasan kaping 14 Marêt 1932 ôngka 27/356 bab nyuwun dados punggawa pabrik, sampun angsal wangsulan, kawrat sêrat katitimasan kaping 28 Marêt 1932 ôngka 212/T.A. suraosipun, bilih wêkdal punika ondêrnèmêng dèrèng wontên lowongan punggawa, nanging suwunanipun warga wau sampun kapèngêtan ing saparlunipun.

--- 87 ---

38. Nyêrati dhatêng pangrèh pralenan, nêdha palapuran kawontênanipun para warga tuwin arta- arta, kawrat sêrat katitimasan kaping 12 Marêt 1932 ôngka 25/355 kawontênanipun cacahipun warga limrah 137 warga mulya 6, tilar donya 1, kawêdalakên 1, wêwah warga anyar 3, dene kawontênanipun arta kas f 195,50.

Kawontênanipun warga dumugi kala parêpatan taunan kapêngkêr wontên 525, tilar donya 8, mêdal tiga 3, tambah warga anyar 36 dados petangipun wêwah warga 25.

Mênggah anggènipun pangrèh nindakakên pandamêlan, salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr wilujêng.

Kasêrat kaping 8 April 1932.

Artaka I nglapurakên, pratelan lêbêt wêdalipun arta ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 3 lêrêsipun kados ing ngandhap punika:

1. Kêkantunan arta tutupipun wulan Dhesèmbêr 1931. Wontên f 2859,13, punika kalèntu lêrêsipun f 2859,23.

2. Bagean arta malêbêt, kolêm ingkang têngah, gunggunganipun cocogan f 3428,29 kalèntu, lêrêsipun f 3429,28.

Sambutanipun lare-lare ingkang sami dipun sakolahakên Narpawandawa ugi wontên ingkang kalèntu, kados ngandhap punika:

Ha: ôngka 2 Radèn Ajêng Siti Suwarti, kathahing sambutan f 120,75 nicil f 10 kantun f 100,75, kalèntu, lêrêsipun kantun f 110,75.

Na: ôngka 4 Radèn Mas Suharja, sambutan f 897,50 dèrèng nicil, kantun f 879,50 kalèntu, lêrêsipun taksih wêtah f 897,50.

Ca: ôngka 7 Radèn Mas Sarana sambutan f 96,50 kalèntu, lêrêsipun f 91,50.

Ra: ôngka 13 Radèn Mas Sudyana, angkanipun taun 1927 dumugi 1920, kalèntu lêrêsipun taun 1927 dumugi 1928.

Ka: ôngka 14 Radèn Mas Arisman, sambutanipun f 219 kalèntu, lêrêsipun f 215.

Da: gunggunganipun arta sambutan f 5661,20 kalèntu, lêrêsipun f 5736,20.

Ta: gunggungan kêkantunaning arta f 5365,20 kalèntu, lêrêsipun f 5440,20.

--- 88 ---

Sa: Radèn Mas Sutanta, punika kalèntu, lêrêsipun Radèn Mas Sutandya.

Sasampunipun artaka I nglêrêsakên kalêpatan ing nginggil, pangarsa nawèkakên dhatêng parêpatan, kadospundi pamanggihipun.

R.M.Ng. Atmasumitra, mitêrangakên bab arta wragad almanak, miturut palapuranipun artaka, dhawah tuna, sarta lêbêtipun arta bôndha pasinaon sakêdhik sangêt, punika kadospundi sababipun.

Pangarsa paring wangsulan I bab arta waragad almanak, wontênipun tuna jalaran botên kathah ingkang pajêng, II bab lêbêtipun arta bôndha pasinaon amung sakêdhik, amargi kathah ingkang botên nyaur.

R.M.Ng. Atmasumitra nyuwun dhatêng para warga sadaya, ingkang anak putranipun dipun waragadi sakolahipun, supados lajêng sami nyaur, inggih botên ketang namung sakêdhik, nanging badhe andadosakên kêkiyatanipun kas bôndha pasinaon.

R.M.H. Padmawinata usul, tumrap para lare ingkang dipun waragadi sakolahipun, ingkang sampun tilar donya punika prayogi dipun icali botên kalêbêtakên palapuran kemawon, parêpatan mupakat.

M.Ng. Wignyamargana usul, rèhning kathah lare ingkang dipun waragadi sakolahipun, dèrèng sami nyaur, bab punika pangrèh prayogi angudi saparlunipun.

Pangarsa mangsuli, prakawis punika panitya bôndha pasinaon ingkang wajib nindakakên, tumrapipun pangrèh Narpawandawa sampun nêdha katrangan rambah-rambah dèrèng angsal wangsulan.

Pangarsa ngandika, kadospundi bab palapuran lêbêt wêdalipun arta, punapa para warga sampun anggalih lêrês, parêpatan manah sampun lêrês, lajêng katêtêpakên.

Pangarsa lajêng ngandika malih, sapunika sintên arartaka. kang kapatah dados panitya mriksa kas, putusanipun ingkang dipun pilih 1. R.M.Ng. Atmasumitra, 2. R.M.Ng. Atmasutirta, 3. R.M.Ng. Wiraatmaja.

Sarampungipun pilihan panitya ingkang mriksa kas, pangarsa mêdhar sabda, bilih parlunipun parêpatan ing dalu wau, Narpawandawa nêdya ngadêgakên pakêmpalan putri, ing mangke larah-larahipun badhe kaandharakên kalihan mudha pangarsa, lajêng dipun acarani minggah ing pamimbaran.

--- 89 ---

Mudha pangarsa B.K.P.H. Kusumayuda angandharakên wontênipun Narpawandawa dêrênganing dhamêskring, kados ing ngandhap punika. Taksih wontên sambêtipun.

Ôngka 47/363

Turunan

Sasampunipun pangarsaning Narpawandawa nampèni sêrat saking B.K.P.H. Suryaamijaya, katitimasan kaping 2 April 1932 ôngka 69 saha sasampuning sarêmbag kalihan parêpatan pangrèh, nalika malêm Rêbo kaping 5/6 April 1932.

Anamtokakên.

I. Anglilani pamundhutipun B. K. P. H. Suryaamijaya, kèndêl anggènipun dados pangarsaning panitya bôndha pasinaon Narpawandawa, jalaran sampun kathah pandamêlanipun.

II. R.T. Sastrawadana kagêntosakên dados pangarsaning panitya bôndha pasinaon wau.

III. Sêrat kêkancingan punika minôngka ewah-ewahanipun kêkancingan katitimasan kaping 26 Juni 1929 ôngka 69/183.

Turunanipun sêrat kêkancingan punika katur B.K.P.H. Suryaamijaya, R.T. Sastrawadana, saha para warga panitya sanèsipun, supados sami uninga.

Kasêrat kaping 9 April 1932.

Pangarsa: Wg. Adiwijaya.

Panitra: Wg. Purwasastra.

Turunan

Katur pangrèhing Narpawandawa.

Ingkang nandhani nama ing ngandhap punika 1. Radèn Mas Ngabèi Atmasumitra, 2. Radèn Mas Ngabèi Atmasutirta, 3. Radèn Mas Ngabèi Wiraatmaja, nêtêpi putusaning parêpatan agêng kapêngkêr, sampun nindakakên mariksa kawontênanipun arta Narpawandawa, [Narpa...]

--- 90 ---

[...wandawa,] ingkang sumimpên wontên ing artaka I Kangjêng Radèn Mas Arya Suryaningrat.

Miturut papriksan, wontênipun arta Narpawandawa dumugi tutuping wulan Marêt 1932 wontên arta ... f 668,17. Arta mêdal ing wulan April dumugi tanggal 22 ... f 55,-. Dados arta kantun ... f 613,17. Tampi wêwahan sêtoran ... f 2,50. Gunggung wontên arta ... f 615, 67. Prabot-prabot sarta mandhat sampun kapriksa, sadaya lêrês.

Arta ingkang wujud andhil.

Mardimulya ... f 200,-. Budi Utama ... f 45,-. Bôndha lumaksa ... f 2500,-. Gunggung ... f 2745,-.

Katur kaping 18 Bêsar Je 1862. Utawi kaping 25 April 1932.

Wg. Atmasumitra, Wg. Atmasutirta, Wg. Wiraatmaja.

Putri Narpawandawa

Sakalangkung agênging kabingahan kula, dene nalika kaping 8/9 wulan April kapêngkêr punika Narpawandawa sampun saèstu ngawontênakên pakêmpalan putri, minôngka pangipun, kanamakakên Putri Narpawandawa. Nalika samantên warga dalah para putrinipun pêpak. Ingkang kapatah mêdhar sabda bab badhe adêgipun pakêmpalan putri wau mudha pangarsa kita piyambak B.K.P.H. Kusumayuda. Mênggahing tujunipun sampun botên kirang gambêlang ngantos adamêl karaosipun para ingkang mirêngakên, kacêtha sami sidhêm pramanêm datan ana sabawa, bokmanawi kawontênanipun [kawontêna...]

--- 91 ---

[...nipun] parêpatan botên parlu kula aturakên panjang.

Awit saking punika kula parlu ngaturakên pangalêmbana dhatêng kawicaksananipun pangrèh, anggènipun sampun kaparêng ngrekadaya angadani pakêmpalan putri, langkung malih anggènipun maringi pêparab Putri Narpawandawa punika sampun cumèplês sangêt. Labêt saking cocoging dhapukanipun nama wau, parlu ugi kula andharakên sawatawis ing udyaka ngriki. Ngiras kangge wiwitanipun, organ punika dadosa paosanipun para warga putri Narpawandawa ((verplicht) (?)

Nuwun, Putri Narpawandawa punika anggèn kula nglaras têgêsipun inggih putrinipun utawi garwanipun Narpawandawa, garwa punika jarwa dhosokipun sigaranipun jiwa, inggih ugi jiwa satunggal dados kalih. Sarèhning Putri Narpawandawa wau sampun nama dados jatukramanipun Narpawandawa, amila mugi sami anêtêpana paribasan, loro-loroning atunggal, ing têmbenipun sampun wontên raos pêpisahan pamanggih, upaminipun makatên, parêpatanipun Putri Narpa, badhe ngrêmbag pêrlunipun para kakung, punika ingkang sayogi inggih kêdah ngaturi wakilipun pangrèh Narpawandawa utawi warga kakung ingkang sakintên sagêd ngaturi wawasan. Kosokwangsulipun manawi parêpatan Narpa ngrêmbag parlunipun para putri, ugi makatêna, parlu wohipun parêpatan-parêpatan wau, sampun tamtu nun inggih badhe manggih wawasan ingkang murni.

Sapunika kula parlu badhe nglairakên saraosing manah tarimah lowung, kangge lêlimbanganipun para pangrèh Putri Narpawandawa langkung malih dhatêng para warga.

Mênggah ingkang sampun kawrat ing rancangan pranatanipun Putri Narpa bab 2 suraosipun ambudidaya murih sami anêtêpi kawajibanipun wanita, punika saupami katindakakên sampun jêmbar sangêt têbanipun, mila bokmanawi botên wontên awonipun kula ngaturakên wawasan tumrap kawajibanipun para wanita.

1. Para wanita (umumipun) kawajiban anjagi murih saenipun bale griya: inggih punika karêsikan sarta pasang rakiting pirantos, ingkang sagêd anambahi dhatêng kasarasan. Amargi kosokwangsuling kalihan kawajibanipun para kakung kawrat rukuning agami, tiyang jalêr wajib angomahi.

--- 92 ---

2. Para wanita kawajiban anindakakên kabêtahan padintênan. Panindak wau sasagêd-sagêd sampun ngantos amborosi. Amargi kosokwangsuling kalihan kawajibanipun para kakung, ugi kawrat rukuning agami, tiyang jalêr wajib ngayani.

3. Para wanita wajib sagêd anggulawêthah putra-putra, panggulawênthah wau para sêpuh kêdah kagungan dhêdhasar:

a. Sagêda lare wau ing têmbe dados tiyang ingkang utami. b. Kêdah kêrêp maos buku- buku bab panggulawênthah.

Langkung malih anggulawênthah dhatêng lare-lare èstri punika langkung gawat. Samantên rumiyin manawi parlu badhe kula sambêti, wasana matur nuwun katur raka rêdhaktur.

S. Sasrasugônda

Tiyang Kalang

Sambêtipun organ ôngka 2

1. Miturut pêthikan Babad Tanah Jawi cêkakan, karanganipun Tuwan Veth nyariyosakên, Prabu Baka kasmaran dhatêng putranipun nama Dèwi Candhila, nanging sang dèwi dahat lênggana, adandosakên dukanipun ingkang rama. Sang putra lajêng kabucal dhatêng wana, kaprênahakên ing panggungan kapagêran mubêng.

Kacariyos, Jaka Bandung, anaking endhang, kasmaran dhatêng sang putri, lajêng sowan ing sang prabu, nyuwun ngêmong Dèwi Candhila wau kaparêngakên, nanging mawi jangji manawi sang jaka sagêd angiyasakakên rêca kathahipun sèwu ing dalêm sadalu, Jaka Bandung anyagahi.

Sarêng ngajêngakên bangun enjing rêca mèh rampung, namung kirang dasanan, Jaka Bandung mirêng tiyang nutu sami kêkothekan, sang jaka ngintên manawi sampun mèh byar raina. Sangêt ing lingsêmipun, Jaka Bandung lajêng kesah. Nanging sarêng mangrêtos manawi dipun apusi para prawan ing Prambanan ingkang sami kêkothekan anutu wau, sang jaka sangêt nêpsunipun, prawan-prawan ing ngriku sami dipun sabdakakên, manawi turun-turunipun sami badhe dados prawan sêpuh. Botên sami cêpak jatukramanipun,

--- 93 ---

inggih punika minôngka ukum anggènipun sami anyandèkakên anggènipun badhe palakrama sang jaka.

Jaka Bandung nyariyosakên sadaya lêlampahan punika dhatêng biyungipun. Ngantos kawêdal kajêngipun badhe andhustha sang putri. Biyungipun botên mrayogèkakên, nanging kajêngipun sang jaka botên kenging pinalangan, wasana lajêng kasabdakakên dados sagawon (abrit), sanadyan makatên, nanging mêksa botên adamêl kêndhaking kajêngipun Jaka Bandung, rintên dalu tansah anênggani panggunganipun sang putri kalihan ambaung.

Dene prakawis dhawahing topong salajêngipun, cacriyosanipun sami kemawon kalihan dongèng ing nginggil, sarêng sampun apalakrama, sang putri sangêt merangipun, lajêng lolos angumbara dhatêng ing wana kalihan sagawon, pawingkingipun anurunakên tiyang Kalang.

Miturut sêrat kagunganipun Radyapustaka, taksih wujud sêratan tangan. Kacariyos, Prabu Darma Niskala ing Prambanan pêputra kalih, anama Radèn Karungkala awarni danawa, kalihan Dèwi Rara Jonggrang awarni manungsa. Sasedanipun ingkang rama, Radèn Karungkala gumantos nata wontên ing Prambanan, sang nata angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng putrinipun sang nata ing Pêngging, nama Dèwi Rarasati. Sarêng katampik panglamaripun, Prabu Karungkala lajêng ambalela dhatêng ing Pêngging, wasana pêjah dening Prabu Darmamaya, mantu ing Pêngging.

Rara Jonggrang krama angsal ditya pandhita anama Prabu Baka. Ing sapêjahipun Prabu Karungkala, Prabu Baka anglajêngakên pêrangipun kalihan Pêngging, nanging ugi pêjah dening Prabu Darmamaya.

Sasedanipun ingkang raka, Rara Jonggrang lolos saking kadhaton, ambêkta putranipun putri taksih alit, nama Dèwi Nawangsih botên wontên pawongan ingkang umiring, kajawi namung êmbanipun Prabu Baka. Rara Jonggrang anglampus sarira wontên ing lèpèn Oya, êmbanipun nini-nini bela asuduk jiwa, Rajaputri Dèwi Nawangsih dipun panggih Bok Rôndha Dhapan,Dhadhapan. lajêng kabêkta mantuk, kaêlih nama Rara Têmon.

Sasirnanipun Prabu Baka, Patih Tubar ing Prambanan kagêntosakên dados nata, nama

--- 94 ---

Prabu Tubar, lajêng ngalih kitha dhatêng ing Samapura. Putranipun Prabu Tubar nama Jayasantika, katuduh rama anglacak tindakipun Rara Jonggrang saputranipun.

Radèn Jayasantika lampahipun kandhêg ing padhepokanipun Ajar Samparwadi ing rêdi Ijo ngantos dangu. Sampun wongsal-wangsul anggènipun pamitan badhe anglajêngakên panglarinipun Dèwi Nawangsih, nanging namung tansah dipun wangsuli bilih dèrèng mangsanipun kemawon, dangu-dangu sang jaka sangêt panêsêkipun anggèning nêdha pitêdah panggenanipun sang putri. Salingsinganing rêmbag Radèn Jayasantika madêg suraning driya, Radèn Jayasantika kasabdakakên badhe sirna saking tuwuhipun pribadi, sabdanipun sang ajar anêmahi, Radèn Jayasantika sanalika jlêg malih dados sagawon abrit, dahat kaduwung ing galih, sangêt panalangsanipun dhatêng sang ajar, enggaling cariyos, sang jaka lajêng lumampah mangilèn, anglampahi pitêdahipun sang ajar, dangu-dangu kapanggih kalihan sang dèwi. Kalampahanipun dados jatukrama, sami kalihan cariyos kasêbut nginggil, amung ing ngriki mawi anyriyosakên, bilih sagawon wêkdal pêpasihan kalihan sang dèwi, sagêd malih dados jalma, wangsul warninipun ing wingi nguni, andadosakên pirênanipun sang dèwi, nanging sabibaripun pêpasihan lajêng wujud sagawon malih. Botên dangu apêputra priya pêkik warninipun, kanamakakên Radèn Suputra, pawingkingipun suwita Prabu Widayaka ing Purwacarita.

Manawi miturut sêrat karanganipun tuwan J. Kuebel a.s. Pemalang (T.B.G. deel XXXVII. 1895) saking cariyosipun tiyang nama Mangkudikrama. Kacariyos, Prabu Mundhingwangi ing nagari Galuh ambêbêdhag dhatêng wana, kadhèrèkakên para agêng sami ambêkta gôngsa, dhêdhaharan saha pangunjukan. Sadintên muput sang prabu botên angsal bêbujêngan satunggal-satunggala, wanci sontên sang prabu kondur, wontên ing margi kraos badhe turas, lajêng turas katadhahan ing blungkang, dalunipun wontên andhapan èstri pêthak, nama Cèlèng Gumalung, saba sacêlakipun ngriku, lajêng ngombe isining blungkang, andadosakên ing wawratipun, sarêng dumuginipun wanci rencang lare mêdal èstri, sangêt sulistya ing warni, gilar-gilar cahyanipun, nama Dèwi Sêpirasa, kinasihan ing dewa, rinêksa ing widadari, sarêng sampun yuswa pitung taun sagêd angupa boga piyambak, dene ingkang dipun dhahar amung warni wowohan sarta ron-ronan ingkang mêmês-mêmês.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 95 ---

Jampi-jampi Cara Jawi

Pêthikan saking kawruh.

Watunên (Groveel) pêntil pace 3 dipun dhêplok, lobak 3 dipun parut lajêng kapêrês, kaombe sabên enjing. Wontên malih inggih punika: duduhipun jêram nipis sagêlas alit (gêlas jènèwêr) dipun pêndhêt bêninganipun kemawon, kasukanan gêndhis batu supados karaos eca, kaunjuk sadintên kaping tiga, sêsarêngan punika dhahar kuluban krokot mawi sarêm. Tumrap lare pangombenipun sapalihing tiyang sêpuh, 1½ gêlas, kaombe kaping tiga.

Lare sakit bêntèr (dhadha sêsêg) bawang abrit watawis sadasa bungkul, kalihan godhong inggu 10 lêmbar, dipun pipis kasukanan toya jêram nipis, kaombèkakên, dipun damêla watawis sacupu borèhipun. I. pala kalihan babakan kayu putih, dipun pahat, kausarakên ing dlancang bubuk (dlancang wêdalan nagari Cina) katèmplèkakên ing dhadha. II. Glêpung gandum, pêthak tigan, kalihan parutan pala, kacampur, lajêng dipun usarakên ing dlancang bubuk, ugi katèmplèkakên ing dhadha.

Lare gomên, oyod sidagori sawit, oyot bayêm bang sawit, bakaran bawang abrit kalih kapipis, lajêng dipun toyani mawi tajin, mangêt-mangêt kangge nyeka cangkêm ingkang gomên.

[Iklan]

--- [0] ---

Pratelan

Tariping Pagrêjèn Narpawandawa

1. Tumrap tumbas dados.

1. Jas badhe lena cap dinar F 4,- cakar F 3,75. 2. Atela utawi bêskap cap dinar F 3,75 cakar F 3,50. 3. Sêtelan badhe lena cap dinar F 7,50 cakar F 7,-. 4. Cêlana badhe lena cap dinar F 3,50 cakar F 3,25

2. Tumrap andandosakên

1. Jas badhe lena pêthak cap dinar (cakar) F 2,-. 2. Atela utawi bêskap cap dinar (cakar) F 1,90. 3. Sêtelan badhe lena pêthak cap dinar (cakar) F 3,50. 4. Clana badhe lena pêthak cap dinar (cakar) F 1,50

(Sadaya wau manawi mawi très, utawi rangkêpan blêg, tambah ongkos malih).

3. Tumrap andandosakên badhe lurik, kangge jas atela utawi bêskap, á F 1,50. Mawi rangkêpan blêg á F 1,75

Surakarta kaping 25 Marêt 1932. Pagêrjèn Narpawandawa. Rad phan Bêhir

[Iklan]