Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 7, Kaping 25 Sapar Dal 1863, Utawi Kaping 1 Juli 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pêpèngêt

III

Sadhèrèk, awit saking pamanahipun pangrèh Narpawandawa, kula kapurih ngandharakên kadospundi mulabukanipun, dene Narpawandawa karaya-raya nêdya ngadani pakêmpalanipun para santana dalêm putri. Kawuningana. Kintên-kintên nalika taun 1916 utawi 1917 punika, Bandara Radèn Ayu Adipati Jayanagara, nate damêl pêpanggihanipun para putri sawatawis, nêdya ngadêgakên pakêmpalan kanamakakên Prinsessen Bond nanging pakêmpalan punika dumadosipun botên gandhèng kalihan Narpawandawa. Amargi pancèn dipun wiwiti saking nginggil rumiyin, pamanggihipun ingkang ngadani, bilih kawiwitan saking ngandhap, kuwatos bilih botên dados. Cêkakipun adêgipun Prinsessen Bond wau botên sagêd widada, botên dangu Narpawandawa piyambak lajêng ngadani badhe damêl pakêmpalanipun para

--- 97 ---

putri, nanging botên badhe kawujudakên pakêmpalan, kadhapuk kadosdene pasinaonipun para ibu. Ing pangangkah bokmanawi dipun wiwiti saking tatanan kados makatên, mangke dangu-dangu lajêng dados pakêmpalan piyambak, ada-ada makatên punika nalika salêbêtipun wulan Pèbruari 1925 badhe ngadêgakên kursus-kursus, ingkang amaedahi tumrap putri. Kala samantên para putri ingkang andhatêngi ing pêpanggihan kathah, nanging kabêkta saking dèrèng nyarêngi masakalanipun, ada-adanipun Narpawandawa wau ugi botên sagêd kadadosan, amargi sakêdhik ingkang nglêbêti. Sanadyan makatên kawontênanipun, ewadene pangrèh Narpawandawa botên kêmba anggènipun manah ambudidaya sagêdipun para santana dalêm putri punika ngwontênakên pakêmpalan piyambak, bokmanawi sapunika sampun nyarêngi dhawahing masakala, dening kadhêsêg ombyaking jaman, para wanita sampun sami ngadêgakên pakêmpalan, manah kabêtahanipun piyambak-piyambak, thukuling pakêmpalan wanita ing wêkdal punika katingal mrajak. Sarta pakêmpalan sanès- sanèsipun inggih kathah sampun kalêksanan ngadêgakên pakêmpalan wanita, minôngka pangipun. Pangrèh nyumêrêpi pakêmpalan-pakêmpalanipun para wanita makatên punika, lajêng kèngêtan dhatêng wijinipun ing ngajêng anggènipun nêdya angadêgakên pakêmpalanipun para santana dalêm putri, kalêrêsan wontên pamanggihipun. Bandara Radèn Ayu Sastrawadana, ingkang kalantarakên sarta dipun rujuki Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, dhatêng pangrèh Narpawandawa, supados pangrèh Narpawandawa manah ajêngipun para santana dalêm putri, awit sajakipun para santana dalêm putri dèrèng kathah ingkang ebah. Wontên usul makatên punika pangrèh manah kados sampun dumugi mangsanipun para putri santana dalêm wiwit kaajêngakên. Miturut wawasan, para santana dalêm putri dèrèng kathah ingkang mlêbêt dados warganipun pakêmpalan-pakêmpalan wanita, kadospundi sababipun dèrèng têrang.

Awit saking punika, pangrèh Narpawandawa lajêng andhapuk panitya adêgan (voorbereidings commissie) 1. Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, minôngka pangarsa. 2. Bandara Radèn Ayu Sastrawadana, 3. Radèn Ayu Wôngsanagara, 4. Radèn Ayu Sinduwidagda, 5. Radèn Ayu Gitadipura, 6. Radèn Ayu Rêksausada, 7. Radèn Ayu Sukirsabrata Purwaka, Radèn Ayu Suryadikusuma. Supados manah kadospundi rekadayanipun [rekadayanipu...]

--- 98 ---

[...n] angadêgakên pakêmpalan santana dalêm putri wau, dalah tatananipun, panitya wau sapunika sampun lapur dhatêng pangrèh. Pamanggihipun panitya prayogi lajêng kadhapur pakêmpalan minôngka pangipun Narpawandawa, dene tatananipun badhe kaandharakên dening warganipun.

Mênggah anggènipun pangrèh Narpawandawa kapiluyu ngadêgakên pakêmpalan wanita, kajawi nyumêrêpi pigunanipun, kados ingkang sampun kaandharakên pangarsa kala wau, inggih nama kadhêsêg ing kawontênan, sapisan nyumêrêpi ing pundi-pundi pakêmpalan mèh anggadhahi pakêmpalan wanita, kaping kalihipun, nyumêrêpi kawontênanipun putri-putri santana dalêm taksih sakêdhik ingkang tumut ebahing jaman, awit sabab-sabab wau. Inggih punika tuju ingkang prêmati anjagi ajining gêsanging santana dalêm, badhe kantun, mila lajêng nêmpuh byat angadêgakên, ambokmanawi sagêd angadêgakên pakêmpalan wanita piyambak, lajêng dados pamulud malêbêtipun santana dalêm dhatêng ebahing jaman. Ingkang tumindakipun nama saking sakêdhik, liripun angwontêni papan sêsrawungan, kangge kulawarga piyambak, jojo-jojo angulinakakên dhatêng kawontênaning pakêmpalan sanès-sanèsipun sampun botên kidhung lampahipun. Makatên malih sampun botên katut ombak-ombak ingkang badhe andhatêngi, ingkang pancèn botên cocog kalihan adêgipun, amargi nama sampun sumêrêp yakin utawi nama sabên dintên dipun gulawênthah, anyumêrêpi adêgipun piyambak.

Dene paedahipun ngadêgakên pakêmpalan èstri punika, ingkang mêsthi kawontênanipun èstri badhe majêng, amargi nama tansah karêmbag ingkang anglampahi piyambak, ajênging èstri botên kenging kasêpèlèkakên, awit manawi kalêrêsan, botên amung dados kakiyatan kemawon, ananging sagêd ugi dados srana, andhêdhêri bêbrayan ingkang rahayu, liripun makatên, salêbêting donya ugêr gêsang tamtu wontên jalêr kalihan èstri, kinodrad dados kanthinipun, têrang botên sagêd widada tanpa kanthi wau, sawêg bèncèng-cèwèng kemawon sampun rêkaos gêsangipun, cêkakipun sarèhning kêdah kêmpal, kêdah tunggil tuju, manawi botên makatên botên kêmpal, manawi botên kêmpal inggih nama botên dados kanthi, wondene tindak-tandukipun kêmpal punika, botên susah [su...]

--- 99 ---

[...sah] sami, sagêd warni-warni, ugêripun gadhah maksud tindakipun wau ambantu utawi anyêkapakên dhatêng panggayuh wau, upaminipun gadhah sêdya anjunjung tosan, wontên ingkang sagêd rancak jalêr èstri sami anjunjung tosan sadaya. Nanging langkung enggal manawi ingkang jalêr anjunjung, dene ingkang èstri masang landhêsan, sarèhning para priya sawêg anêdya anjunjung darajating bôngsa, tamtunipun èstri inggih kêdah gadhah tuju makatên, manawi botên badhe rêndhêt lampahipun.

Sadhèrèk, manawi karaosakên sayêktos, para wanita punika, kajawi sêsipatanipun kalihan jalêr beda, ugi kinodrad gadhah kuwajiban ingkang kêdah gandhèng kalihan kawajibanipun priya. Ingkang tiyang jalêr lêrêsipun botên sagêd nyêpêng. Inggih punika kuwajiban ngupakara sarta anggulawênthah lare, paribasan Walandi mungêl: wie het heden heeft, heeft de toekomst têgêsipun: sing sapa bisa mêngku jaman saiki, bakal kuwasa jaman ing têmbe. Kuwajiban wau kula wastani têtalês ajêng munduring bêbrayan Maatschappij. Têrangipun makatên, ingkang dipun wastani bêbrayan, inggih punika kêmpaling satunggil- tunggilipun tiyang. Dene ingkang dipun wastani kamajêngan, inggih punika kaindhakan utawi wêwahan dhatêng rahayu, dados kamajênganing bêbrayan, têgêsipun kêmpaling satunggal-tunggaling tiyang sami tumindak ayu kadadosan saking kêmpal sarta tumindak hayu sabagean agêng, gumantung saening pangupakara sarta pamiyaraning wiji. Inggih punika dhatêng anak, amargi tumrap tiyang sêpuh botên gampil dipun engak-engokakên saking dhêdhasaripun, beda kalihan bilih taksih alit. Bêbasanipun Walandi buig de boom zoolang die nog jong is Jawinipun, wiwitan kang isih ênom, iku gampang anggone mêntêlungake. Mila botên kenging nyapèlèkakên wanita. Amargi inggih malah wanita wau ingkang kenging dipun wastani ngratêngi utawi ambumboni punapadene pasang têtalês wau dhatêng adêg kita, manawi para wanita sami sagêd anêtêpi angratêng utawi ambumboni, punapadene pasang têtalês wau, iba badhe sapintên rikatipun anggèn kita badhe nyêpêng tujuan kita, sarta kita badhe tansah mèsêm, aningali anak sadhèrèk kita sami sêgêr kuwarasan anêtêpi pangajêng-ajêng kêkudangan kita.

Kajawi kasêbut ing nginggil, mênggah ajêngipun bêbrayan (Maatschappij) punika

--- 100 ---

ingkang limrah saking kêkiyatanipun arta, kiyating arta tumrap bêbrayan wau saking klêmpaking artanipun para tiyang. Dene sagêdipun urun arta, punika botên sanès inggih saking saening panyêpêngipun bale griya, saening bale griya punika, ingkang sabagean agêng saking karigênanipun para putri, dados manawi para putri wau sae panyêpêngipun bale griya, têgêsipun bêbrayan badhe majêng piyambak.

Tutuping andharan kula cêkak, mirit katrangan-katrangan kula kasêbut ing nginggil wau, pangrèh Narpawandawa manah kêdah ngadêgakên pakêmpalan santana dalêm putri, sarèhning kêdah ngadêgakên, dados botên liya nyuwun pangèstu panjênêngan sadaya, sagêda widada botên kirang satunggal punapa. Kajawi punika, pangrèh ugi ngaturi panuwun dhatêng panitya adêgan (Voorbereidings commissie) dene sampun nuhoni panêdhanipun pangrèh, siyaga cancut kalihan sangkêp nindakakên tatanan badhe adêgipun punika, mênggah salajêngipun kaandharakên kadospundi badhe tatananipun, kula nyumanggakakên ingkang kapatah warga panitya putri. Taksih wontên sambêtipun.

Petangan Arta Bôndha Pasinaon Tumbuk Dalêm P.B. X. Taun 1932

Arta ingkang katampi

Kawontênanipun ing 1 Januari 1931 = f 16589,87 = f 16589,87. Tampi rèntên saking dhêposito 383,25. Tampi rèntên saking giro 63,91 = f 447,16. Gunggung = f 17037,03

Arta ingkang kawêdalakên

Kangge mitulungi murid 8 = f 446. Nyambuti dhatêng dhoktêr Sukasna kangge sinau dhatêng nagari WandiWlandi. ' = f 300 = f 746

--- 101 ---

Wragad administrasi bang f 2,78. Prabot lan prabeya sêrat-sêrat sèkrêtaris f 6,40. Prabot administrasi pènêngmèstêr f 3,60 = f 12,78. Katitipakên ing giro = f 63,91. Gunggung = f 822,69. Kawontênaning arta ingkang pungkasan taun 1931 = f 16214,34. Gunggung = f 17037,03

Katrangan

Dhêposito f 10,000. Giro f 6,114,20. Pènêngmètêr f 100,14. Gunggung f 16,214,34

Para Pangrèh

1. Pangarsa: Kangjêng Pangeran Arya Panular. 2. Wacaka: Radèn Wignyadisastra. 3. Artaka: Mas Martadiharja. 4. Panitya: Kangjêng Radèn Tumênggung Mistêr Wôngsanagara. 5. Panitya Dhoktêr Radèn Sêmèru.

Kawontênaning Arta ing Taun 1931 Kados Ingkang Kalampirakên Punika § Mirsanana adêg-adêg a.

Ingkang sampun dipun pitulungi:

1. Anakipun Wôndasastra, juru sêrat I ing Têmon (Bayalali) sakolah A. M. S. ing Sala pangkat IV sawulanipun tampi f 10.

2. Anakipun Radèn Ngabèi Mangunwiguna, wadana dhistrik ing Kartasura. Sakolah A. M. S. ing Sala, pangkat IV sawulan tampi f 10.

3. Anakipun Radèn Mas Ngabèi Côndramijaya, murid A. M. S. ing Sala, pangkat

--- 102 ---

IV sawulanipun tampi f 10.

4. Anakipun Radèn Ngabèi Ônggapradata, sakolah R.H.S. ing Batawi, pangkat I sawulan tampi f 10.

5. Anakipun Rabingu, mantri guru ing Gawok, murid ing Middelbare Landbouwschool ing Bogor, pangkat I sawulan tampi f 10.

6. Anakipun Radèn Lurah Agnyawilata, sakolah A.M.S. ing Ngayogyakarta, pangkat V sawulan tampi f 10.

7. Anakipun Jayasuharja, lurah dhusun ing Pajagoan (Bayalali) sakolah Neutr. Mulo ing Ngayogyakarta, wontên ing Voorklas sawulan tampi f 10.

8. Kajawi punika bôndha pitulungan tumbuk dalêm, kala wulan Oktobêr 1930 nyambuti arta dhatêng:

1. Radèn Ngabèi Bratadimêja, kathahipun f 25.

2. Kala wulan Agustus 1931 dhatêng Dhoktêr Sukasno, kangge sangu dhatêng nagari Walandi, kathahipun f 300.

3. Kala wulan Oktobêr 1931 dhatêng Ruspanji murid R.H.S. Batawi, kathahipun f 120.

A. Mirid kawontênan mlêbêt mêdaling arta, bôndha pitulungan pasinaon tampi rèntên f 447,16 kawêdalakên f 758,78 dados tambah saking arta baku. Dene badhe tumindakipun sêtudhiphon, miturut rancangan ingkang sampun katêmtokakên, tambêlan punika, kasinggêt 3 taun. Sadhiyan tambahan wontên ± f 1500 ing salêbêtipun 3 taun. Dene ingkang f 15.000 kaangkah dados pawitan. Mênggah tambahan sarta indhaking arta baku, salajêngipun badhe dipun rekadaya sarana pados asil saking darma utawi sanès-sanèsipun. Pangangkah makatên wau supados sêtudhiphon sagêd gêsang salaminipun.

Pèdhêrasi Karajan Jawi

(Pidhatonipun Radèn Mas Sudarya Cakrasiswara wontên parêpatan umum (openb. verg.) Narpawandawa, kala Sênèn sontên kaping 20/2-6-32.

Pangarsa, sadhèrèk. Botên dadosipun parêpatan kala ing dintên Sênèn malêm Slasa kaping 13 wulan punika, jalaran pancèn kathah sadhèrèk warga ingkang botên tampi [ta...]

--- 103 ---

[...mpi] sêdhahan dening lêpatipun para yuda (looper) kados sampun dados karsaning Hyang Agung, maringi pêpèngêt dhatêng Narpa, supados ngrêmbag nalar-nalar ingkang gawat punika, sêsarêngan kalihan rakyat umum. Amargi nalar-nalar wau saèstu botên namung dados bêtahipun Narpa kemawon, nanging inggih ngengingi dhatêng rakyat umum. Usul anglimrahakên (ngopênbarakên) parêpatan dalu punika ing akathah, punika saking wakiling pakêmpalan golonganing rakyat umum, ingkang inggih lajêng dipun rujuki dening Narpa sarta wakiling para pakêmpalan ingkang kala samantên wontên. Wontên paribasan mônca suwaraning rakyat iku iya suwaraning Allah. Mila dipun unduripun parêpatan kala samantên punika kula wastani kados sampun dados karsaning Ingkang Maha Suci.

Sadhèrèk, mugi-mugi kawontênan dalu punika mêwahi kêkiyatan sarta tarbukaning manah ngèsthi dhatêng adêg piyambak, sarta raharjaning praja sakukubanipun sadaya.

Pangarsa, dalu punika Narpa ngrêmbag bab pèdhêrasi, inggih punika kêmpalipun krajan Jawi. Parêpatan agêng mirunggan ing dalêm Kusumayudan taun kapêngkêr (nyarêngi 22/23 Dec 1931) sampun ngrêmbag bab pèdhêrasi punika, kala samantên Narpa sampun nêtêpakên pamanggihipun. Dalu punika badhe ngiyatakên pamanggih punika wau sarta lajêng damêl karampungan nêtêpakên tanduk utawi sikêpipun. Sadaya pakêmpalan punapa kemawon ingkang nêdya gêsang saèstu sarta adrajad ingkang salaras, sadaya ingkang sampun dados pamanggih sarta tuju, punika parlu sangêt kêdah namung tansah cinandhi, kabudidaya sakacêpêngipun, punapa malih manawi wontên nalar ingkang anggêpok pamanggih wau. Aturipun Narpa bab pèdhêrasi dhatêng ingkang sami kawogan dumugi sapriki dèrèng wontên urupipun dipun galih, môngka sapunika wontên kadadosan ingkang botên prayogi, inggih punika karampungan rêmbag nyuda pajêgipun, ondêrnèmêng dening pèdhêrasi ingkang dipun adani para gupêrnur, ingkang lajêng dados gêndra, amargi botên dipun parêngakên ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun.

Nalar punika dados nalaring nagari sarta rakyat, Narpa punika minôngka pasêmon wungunipun trahing aluhur, ingkang asalipun inggih saking rakyat, limrahipun kawastanan trahing alit. Narpa botên sulap dhatêng asalipun, mila ing lampahipun Narpa botên nate ngijèn. Para wandawaning nata kêdah nyandhi bab punika, amargi [a...]

--- 104 ---

[...margi] dumugi sapriki taksih wontên ingkang sêling-sêrêp, môngka kala taun 1919 Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun mratelakakên bab punika wontên ing polêksrad. Miturut sajarah wontênipun ratu kados ingkang kabèbèr ing kawruh tangkar-tumangkaring gêgrombolan ingkang lajêng wujud gêsang bêbrayan dumugi sapriki punika, pancèn makatên. Mr. Wôngsanagara kala sêsorah ing parêpatan B.O. bab kaluhuran lan raos sami-sami (Aristocratie en Democratie) inggih sampun ngandharakên bab punika, samantên ugi Mr. Singgih ing parêpatan P. B. I. nêmbe, ing sêsorahipun bab kuwajibanipun trahing aluhur dhatêng rakyat umum.

Narpa ngakêni kawontênan punika, amargi nyatanipun pancèn makatên. Sintên ingkang botên ngakêni, nama murtat dumugi sapriki katingal mêlok sangêt. Kala jamanipun suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III anggarwa tiyang alit, inggih punika suwarga Kangjêng Ratu Bêruk. Putra nata dumugi sapriki botên sakêdhik ingkang bibinipun inggih tiyang alit, kula piyambak, kalih turunan êngkas sampun dados êmbahipun tiyang alit. Wontên ngriki bedanipun kilenan kalihan wetanan. Raos sami-sami (democratie) ing wetanan, tumraping nata botên namung kacêtha ing paprentahanipun kemawon, nanging inggih dipun wujudakên dening watonipun para nata sami mundhut ampil tiyang alit, ing kilenan botên makatên, lêrês ngrika pancèn inggih sampun umum wontênipun sêlir punika, nanging tumrap ngakathah.

Sadhèrèk, bab punika pêrlu kula têrangakên wontên ing parêpatanipun Narpa ngriki, amargi sêsorahipun Mr. Singgih ingkang anggêpok bab asalipun trahing aluhur wau taksih sagêd katampi sêling sêrêp, ginalih sêsorah wau nguman-uman dhatêng trahing aluhur, punika botên babarpisan, sajarah wontênipun para luhur punika sampun manjing dados kawruh umum ingkang apsah, mila manawi taksih wontên sêling- sêrêp amargi kadumuk asalipun ingkang saking alit wau, dipun anggêp ngasorakên, punika klèntu sangêt, sarta tumrap Narpa sarta dalah para wandawa malah ambêbayani, amargi lajêng sagêd misahakên rakyat umum kalihan trahing aluhur, ingkang pancèn botên sagêd sarta botên kenging pisah.

Kawuningana, kula sadaya punika inggih bageanipun rakyat. Rakyat sabôngsa, [sabông...]

--- 105 ---

[...sa,] Narpa kula wastani dados pasêmon wungunipun trahing aluhur, awit wontênipun Narpa punika kados ngèngêtakên dhatêng para wandawa, sampun ngantos namung manah dhatêng bêtahipun piyambak kemawon, nanging kêdah ugi manah dhatêng kabêtahaning praja sarta kawula, inggih nagari sarta rakyat. Kula bingah bilih Narpa botên namung ngijèn, pasaksènipun kathah sangêt. Upaminipun: a. wontênipun warga ingkang kabêkta saking salakirabi, b. kintun-kintunan wakil ing parêpatan-parêpatan sarta pasamuwan, c. sêsarêngan damêl pasar malêm tumrap kaprêluwanipun rakyat, d. arak-arakan sêsarêngan ngadhêp ing ngabyantara nata, e. adêging pirukunan pakêmpalan Surakarta tuwin sapanunggilanipun, dados Narpa botên mingkuh dhatêng wajibipun dados pakêmpalaning darah nata, sambêt kalihan rakyat umum, sarta manah kabêtahanipun praja sarta kawula, salajêngipun tamtu makatên. Awit saking punika, pangarsa, sarta Narpa makatên pakêmpalanipun bôngsa Jawi ingkang nunggil pancêr kalihan bôngsa sanès-sanèsipun ing nusantara punika, inggih bôngsa Indhonesiah, mila Narpawandawa punika inggih satunggaling pakêmpalan kabangsan, cuwilanipun ebah-ebahan kabangsan Indhonesiah. Ebah-ebahan kabangsan botên sagêd nyelaki Narpa dados sêmpalanipun, kosokwangsulipun Narpa inggih ngakêni dados peranganipun Nationale Beweging punika.

Gandhèng kalihan atur kula wau, êmbokmanawi wontên ingkang nyaruwe, Narpa makatên pakêmpalan Phak, ingkang dipun rêmbag tamtunipun inggih namung bêtahipun piyambak kemawon. Rêmbag bab pèdhêrasi punika inggih namung rêmbag ingkang muthêk ing Porsêtênlandhên sarta inggih botên dados bêtahipun rakyat umum. Pamanggih makatên punika klèntu. Narpa pakêmpalanipun trahing aluhur, wontênipun para luhur awit saking wontênipun ratu. Môngka sampun dipun akêni asalipun ratu tuwin para luhur wau inggih rakyat, wontênipun rakyat awit saking wontênipun nagari (praja), dados sampun têtela rêmbag bab pèdhêrasi punika botên namung bêtahipun Narpa sawandawanipun kemawon, nanging bêtahing rakyat sarta praja. Botên namung rakyat ing Surakarta sarta Ngayojakarta kemawon, nanging sa-Indhonesiah. Bab punika mangke kula jlèntrèhakên. Wosing atur kula, bab pèdhêrasi krajan-krajan Jawi punika inggih dados rêmbaging bôngsa (nationaal vraagstuk).

--- 106 ---

Sadhèrèk, kula ngèngêtakên dhatêng cariyosipun Mr. Singgih nalika saliranipun sêsorah bab tangkêpipun gupêrmèn Walandi dhatêng krajan-krajan ing Indhonesiah wontên ing parêpatan, blak-blakan (Openluchtmeeting) B.O. kala taun 1928 ing abripraya ngriki, panjênênganipun nyaruwe dhatêng panganggêp ingkang mastani, bilih nalar Porsêtênlandhên punika botên dados bêtahipun bôngsa kula ing sajawinipun Porsêtênlandhên, rêmbag bab tangkêpipun (pulitikipun gupêrmèn Walandi dhatêng krajan Indhonesiah, punika gandhèng kalihan pulitikipun gupêrmèn Walandi anggènipun nyêpêng panguwaos ing Indhonesiah, mila inggih dados kabêtahaning rakyat Indhonesiah sadaya, ingkang dipun wakili dening ebah-ebahan kabangsan. Sarèhning rêmbag bab pèdhêrasi punika nyathok utawi pancèn inggih sêmpalanipun politik wau, mila rêmbag punika saèstu têtêp dados rêmbaging bôngsa. B.O. kêrêp angrêmbag nalar-nalar ingkang anggêpok krajan-krajan Indhonesiah. Kala parêpatan agêng taun 1929 ngrêmbag bab ewah-ewahan paprentahan (bêstirhèrpormêng), sarta kala parêpatan agêng taun 1931 ing Jakarta pang-pang B.O. nêdha katrangan tangkêpipun pangrèh agêng dhatêng badhe wontênipun bale agung.

Kawontênan ing dunya punika ewah gingsir, botên wontên barang ingkang langgêng. Kridhaning bawana nuwuhakên lêlampahan ingkang dipun alami titahing Allah, lêlampahan sae lan awon, mulya lan sangsara sarta luhur tuwin asor. Ngèlmunipun Dharwin (1809-1882) bab kamajêngan (epolusi) nyariyosakên bilih dunya punika botên wontên andhêg, jalaran kawontênan-kawontênan ingkang numusi lampahing gêsang punika tansah ewah, mila sabên tiyang kêdah nglarasakên kawontênanipun kalihan ewah-ewahan wau, supados botên kapêjahan margi. Sadhèrèk, sajarah punika kêlêm timbul (de geschiedenis herhaaltz zich) babad suka piwulang, manawi dununging panguwaos punika botên manggèn, nanging pindhah-pindhah kanthi ajêg. De historie leert, dat de macht zich telkens verplaatst met een zekere regelmatigheid tanginipun bôngsa-bôngsa wetanan wêkdal samangke punika kados badhe murwakani lêlampahan pindhahing panguwaos wau. Pancèn botên wontên bôngsa ingkang dipun lairakên ing dunya minôngka dados prentahing liyan ing salami-laminipun, kasinggihan cariyosipun Tuwan P. R. W. van Gesseler Verschuir ing

--- 107 ---

sêsorahipun bab ebah-ebahan kabangsan Indhu, nyarêngi kaping 11 Pèbruari 1915 wontên ing paklêmpakanipun para narapraja Walandi ing Dhênhah nagari Walandi: Ik ga een stap verder en ik zie in de S. I. mits onder goede leiding, een kiem voor een National Congres, zooals dat in Br. Indie Nu weet ik wel, dat dit nog slechts toekomstmuziek is, waar de tijden waarin men geloofde een onderworpen volk in een eeuwigen slaap te kunnen houden, zijn voorbij!! Wosipun: manawi angsal tuntunan ingkang sae, S. I. dipun wawas sagêd dados wijining konggrès kabangsan kados ingkang wontên ing Indhu. Nadyan tumrap kala samantên makatên punika taksih nama nglangut sangêt, nanging juru sabda ngèngêtakên, manawi rakyat ingkang dipun wêngku liya bôngsa punika dangu-dangu mêsthi obah (mirsanana kolonialtid sêkrip) ôngka 3 wêdalan wulan Marêt 1915 taun IV kaca 306.

Pangarsa, saèstu dening kawontênan warni-warni sarta kadayan dening kadadosan-kadadosan ing jaban rangkah, rakyat-rakyat wetanan ingkaingkang. dados têlukan, sami tangi ebah nêdya uwal saking rêgêman. Plêthèkipun jaman ingkang kaping XX inggih jaman sapunika punika, sinartan ungêling gong bèri mawurahan, nyasmitani tumêdhakipun jaman anyar. Jaman wiwit mungêlipun slomprèt "Revoit van het Oosten" tuwin tambur "Oostersche Renaissance".

Sadhèrèk, kawuningana dumuginipun jaman ingkang kaping XIX bôngsa-bôngsa ingkang dipun wêngku bôngsa sanès, punika taksih sami pitados, bilih lairipun ing donya punika sampun tinakdir dados wêwêngkoning liyan, anjalari gadhah raos: kirang aji, ajrih sarta kawon. Nanging jumlêguripun mriyem Jêpang ing Port Arthur kontap sadunya. Prajanjian ingkang dipun sahakên ing Portsmouth ing taun 1905, awit kalindhihipun Ruslan, nyêkapakên luhuring drajadipun bôngsa Jêpang ingkang anjalari melikipun rakyat-rakyat jajahan ing buwana Asiah, raos kirang aji, ajrih sarta kawon, lajêng wiwit sirna, wangsul kapitadosanipun manawi rakyat-rakyat wetanan sagêd linggih jèjèr satata kalihan rakyat-rakyat kilenan. Sasmita ungguling juritipun Jêpang mêngsah Ruslan tinanggapan ing Indhu, rakyat Indhu gumolong nuju kamardikaning nagarinipun. Ebah-ebahan ing Indhu saya santêr, ing taun 1907 Sang Bal Cangdar Tilak wiwit nabuh bêndhe Swarai, inggih kamardikan (thukulipun pakêmpalan-pakêmpalan politik sampun kala taun 1851. Bapaking

--- 108 ---

kamajêngan Indhu suwargi Raja Ram Mohan Roy).

Indhonesiah nusul, Dr. Wahidin Sudirahusada ingkang sampun murud ing kasidan jati, inggih Raja Ram Mohan Roy tumrap Indhonesiah, kala taun 1906 nanêm wiji raos kabangsan ing tanah Jawi, ingkang lajêng nglairakên B.O. kala taun 1908, dening Dr. Sutama, Dr. Cipta, sarta suwargi Dr. Gunawan sakancanipun, nalika taksih sami dados siswa Stovia ing Jakarta.

Kentasipun panguwaos Boan ing Tiongkok kala taun 1911 andayani dhatêng rakyat Indhonesiah, lajêng jumêdhulipun S.I.

Sadhèrèk, sapunika wontên pitakenan, sarèhning kala wau sampun kacriyosakên manawi Narpa punika sêmpalanipun ebah-ebahan kabangsan Indhonesiah, punapa tujunipun laras kalihan tujunipun ebah-ebahan rakyat ngudi kamardikan? Bab punika kula namung ngèngêtakên dhatêng B.O., S.I. sapanunggilanipun. Dumugi samangke bôngsa luhur ambyur ing kalangan B.O. sarta kala jamanipun S.I. kathah sangêt trahing aluhur ingkang dados warganipun. Sintên ingkang kawastanan rakyat? Sadaya peranganing bôngsa. Kônca tani, kônca bêrah, priyantun, sudagar, para pintêr (intellectueelen) sarta bôngsa luhur. Awit saking punika, pancènipun pitakèn wau botên parlu.

Tangkêpipun Narpa dhatêng rakyat kadospundi? Samantên ugi kadospundi tandukipun Narpa dhatêng ebah-ebahaning rakyat? Sadhèrèk, wangsulan kula inggih dhapur pitakèn: kadospundi tangkêpipun rakyat umum dhatêng Narpa sarta tandukipun ebah-ebahan kabangsan dhatêng adêgipun karaton Jawi? Bab punika kula punggêl samantên kemawon. Pamanggih kula, sami sagêda mapanakên dunung sarta lênggahipun piyambak-piyambak ingkang botên damêl pituna kaparluwaning praja sarta kawula, nagari sarta bôngsa.

Pangarsa! Kula têmaha manjangakên purwakaning sêsorah kula punika, amargi inggih ing ngriki papanipun Narpa amberag dhatêng sakathahing sêling-sêrêp sarta makatên wau inggih sampun cundhuk kalihan môngsakalanipun.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 109 ---

Tiyang Kalang

Sambêtipun organ ôngka VI

Sarêng sampun rumaja putri mangrêtos manawi sariranipun awujud manungsa, biyungipun andhapan, lajêng pitakèn dhatêng biyungipun, dene têka wontên lêlampahan kados makatên, andhapan mangsuli manawi ingkang makatên punika sampun saking karsaning dewa, lajêng andongèngakên lêlampahanipun.

Dèwi Sêpirasa nuntên pamit dhatêng biyungipun, badhe sowan sang prabu, kalampahan kaakên putra. Kacariyos sunaring sang dèwi anyumêrêmakênanyurêmakên. kaprabonipun sang nata.

Para brahmana sami mirêng bilih sang prabu kagungan putri lair saking andhapan, lajêng sami sowan ing sang prabu, munjuk manawi ingkang makatên punika adamêl surêming kawibawanipun sang prabu. Dèwi Sêpirasa lajêng kadhawuhan ambucal dhatêng ing wana Simpar, kapagêran mubêng, kaparingan pangagêman sacêkapipun, tuwin pirantos angantih saha nênun, mawi kadamêlakên panggungan panggenanipun anênun.

Sang patih sangêt kamiwêlasên anggènipun badhe anilar sang putri, wêkasan anilari sagawon abrit, wulunipun brintik, sarta cêmêng ilatipun, nama Bêlang Wayuyang, gadhah katiyasan, sawarnining bêbujêngan ingkang kapandêng, rumaos kalimputan ing pêpêtêng botên sagêd kesah, anggampilakên panyêpêngipun.

Wondene rêntahing topong dalah pasanggirinipun sang putri botên beda kalihan ingkang kasêbut ing ngajêng.

Sang putri lajêng pêputra mêdal jalêr, nama Radèn Suwungrasa, sarêng sampun yuswa wolung taun, wiwit rêmên ambêbêdhag, kanthi Bêlang Wayuyang.

Bêbujêngan ing wana Simpar agêng alit sami kêkês manahipun, dene kathah ingkang sami kenging kapikut saking katiyasanipun Bêlang Wayuyang, ing ngriku lajêng sami rêrêmbagan, ngupados reka daya sagêdipun amêjahi Bêlang Wayuyang. Sintên ingkang sagêd mêjahi bêlang wayuyang, kaanggêp ratunipun sadaya bêbujêngan wana. Badhe katumpakakên liman, ingubyung-ubyung para sato wana sadaya. Trênggiling mênthik anyagahi, lajêng umpêtan salêbêting cagak panggunganipun Dèwi Sêpirasa, Bêlang Wayuyang mangrêtos manawi cagak wau dados pandhêlikaning têlik sandiupaya, dipun [dipu...]

--- 110 ---

[...n] jugugi tanpa kèndêl, manawi trênggiling mênthik badhe kacakot utawi kathakur lajêng nlêsêp. Radèn Suwungrasa sumêrêp panjuguging sagawon tanpa kèndêl-kèndêl makatên punika botên mangrêtos dhatêng kajêngipun, sagawon kacêluk badhe kabêkta ambêbujêng, botên angrèwès, namung tansah anjêgugi cagak kemawon, kakintên manawi edan, lajêng katangsulan dhadhung, kaglandhang dhatêng ing wana, nanging mêksa botên kèndêl panjugugipun, kalihan ambêrot badhe wangsul dhatêng panggungan. Dumugi ing wana kapranggul andhapan Gumalung, sagawon kaêsutakên, botên purun. Amargi sumêrêp manawi punika marasêpuhipun, sang jaka jaja bang mawinga-winga, sagawon dipun larihi dêdamêl, andadosakên ing pêjahipun.

Jantunging sagawon kabêkta mantuk, kaaturan andhahar ingkang ibu, dipun awatakên jantunging sangsam, sarêng sawêg kamamah, sang jaka pitakèn raosipun. Sang dèwi mangsuli eca. Radèn Suwungrasa lajêng matur salêrêsipun, sarêng Dèwi Sêpirasa mirêng manawi ingkang dipun mamah punika jantunging sagawon Wayuyang (rayatipun) sanalika lajêng dipun sêmprotakên, sêpahan dados gagrêmêtan (candhi Situmasa kilèning pasanggrahan Simpar) wangkening sagawon dados wit gêbang.

Radèn Suwungrasa kathuthuk ing siwur, kadukanan kathah-kathah, lajêng kesah angumbara, pangèsthining manah sagêda akadang lêlêmbat, kalampahan ngantos angsal aji sanak.

Sang dèwi ugi kesah, dumugi padhepokanipun ajar ing gunung Padhang (Kuningan), ngantos dangu lêrêm wontên ing ngriku.

Kacariyos Radèn Suwungrasa dangu-dangu ugi dumugi ing padhepokan ngriku, sarêng Dèwi Sêpirasa sumêrêp ingkang putra badhe lumajêng amêthukakên, nanging dipun adhangi sang ajar, kapurih dhatêng wingking. Ing ngriku sarêng Radèn Suwungrasa sumêrêp manawi padhepokanipun sang ajar wontên simpênanipun, lajêng katêmbung badhe kasemah, botên sumêrêp manawi punika ibunipun piyambak. Sang ajar sagah badhe anantun ingkang katêmbung. Dèwi Sêpirasa mirêng pangandikanipun sang ajar, sangêt kawêkèning panggalihipun, amargi saupami kalampahana, saèstu dados jatukramanipun ingkang putra piyambak. Lajêng apasanggiri namung amurih sandenipun. Radèn Suwungrasa kapurih ambêndung lèpèn Sanggarung kalihan adamêl baita ing salêbêtipun sadalu, [sada...]

--- 111 ---

[...lu,] baita punika minôngka ajanging pêpanggihanipun sang putri kalihan sang jaka wontên ing lèpèn ingkang badhe kabêndung, sang jaka anyagahi, lajêng amatak aji sanak, sanalika kathah lêlêmbat ingkang andhatêngi, badhe pitulung aminangkani pêpanggilanipun Dèwi Sêpirasa. Taksih wontên sambêtipun.

Trêsna Bôngsa

Witing trêsna saking kulina, mila sumôngga sadhèrèk warga Narpawandawa, kula aturi apakulinan kalihan kadang kadeyan piyambak rumin, rumiyin. sarana anggêgêsang ada ingkang mikantuki, upaminipun mundhut dhaharan dhatêng rèstoran.

Rindhinah

Ing sakatenan manggèn wontên sawetan wringin kurung ingkang lèr piyambak.

Ingkang nindakakên sadhèrèk warga Narpawandawa.

Ingkang nyênyadhang sih: pangrèh

Ngaturi Uninga

Wiwit tanggal kaping 1 Juni 1932 kula pindhah griya wontên ing kampung Kusumadiningratan (tilas dalêm Dipaningratan) sakidul sakolahan Arjuna.

Administratur Narpawandawa, Purwasastra.

Kalêk Andhêl

Bêgja

Ing Kusumadiningratan M. N. kilèn dalêm Kusumayudan, kalihan ing Bramantakan, sade kawur, saha gamping blèg-blegan kangge nyêlêp, ambabar lan nglabur. Rêgi lan rêsikipun cêkapan.

Warga piyambak.