Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 8, Kaping 26 Mulud Dal 1863, Utawi Kaping 1 Agustus 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan

III

Satêlasing sêsorahipun mudha pangarsa, pangarsa lajêng ngacarani R. Aj. Rêksausada wakil panitya putri, majêng nêrangakên badhe pranatanipun, mawi amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Sadèrèngipun kula miwiti sêsorah, panitya ingkang kapatah nata kawontênanipun pakêmpalan santana dalêm putri, ngaturakên gênging panuwun katur pangrèhing Narpawandawa, anggènipun sampun pitados dhatêng panitya, kaping kalihipun: kula matur dhatêng parêpatan, sarèhning sawêg sapisan punika kula ngadêg sarta sêsorah wontên ngarsanipun para sadhèrèk kathah, manawi wontên kirang luwêsing ukara, kula nyuwun pangapuntên.

Parêpatan, kados sêsorahipun wakil Narpawandawa K.R.M.H. Wuryaningrat, [Wuryaningra...]

--- 113 ---

[...t,] nalika andhapuk adêging panitya putri santana dalêm nalika tanggal kaping 11 Marêt 1932 ingkang suraos ajêngipun para kakung punika kêdah kabiyantu para putri, punika panitya ugi matur nuwun malih, amargi punika ingkang sajatosing panggalihan ingkang anjunjung dhumatêng drajad kula para putri, ing ngriki kula botên parlu matur panjang-panjang ingatasing panarikipun para kakung dhatêng para putri. Kula lajêng badhe ngaturakên badhe tindakipun pakêmpalan putri ingkang badhe kaadêgakên punika.

Parêpatan, ingkang dados jangkanipun pakêmpalan santana dalêm putri punika, dèrèng parlu wiyar-wiyar rumiyin, nanging ingkang gampil katindakakên sarta maedahi dhatêng para warganipun, punapadene ingkang gêgayutan kalihan ajêngipun para kakung. Kados panjênêngan sadaya langkung paham dhatêng kawontênanipun para sadhèrèk kula santana dalêm putri, ingkang kathah taksih dèrèng sagêd sêsrawungan, kabêkta saking dèrèng wontên sarananipun, môngka sêsrawungan punika kathah sangêt paedahipun, manawi kula sadaya kêrêp sêsrawungan, punika têmtu lajêng kadhêdhêran katrêsnan, kados bêbasan Walandi ugi wontên onbekend maakt onbemind kajêngipun bêbasan wau makatên: tiyang ingkang botên têpang, punika inggih kirang katrêsnanipun, kajawi punika, pakêmpalan putri punika manawi adêgipun sampun jêjêg, lajêng sagêd dados paran pitakenanipun para warga, upaminipun: wontên warga ingkang karibêdan pamanggih, kêkirangan waragad anggènipun badhe nyakolahakên putra, punika pakêmpalan putri ugi wajib manah, makatên sapiturutipun.

Parêpatan, ingkang dados ngrêdatosipun para warganipun panitya, punika manawi mirsani kiwa têngên, para wanita sampun sami adamêl pakêmpalan warni-warni tujunipun, namung para santana dalêm putri piyambak ingkang dèrèng kagungan pakêmpalan, amila botên ketang namung sawêg adêg-adêg antêp, kêdah dipun lampahi rumiyin, saking sakêdhik dangu-dangu tamtu sagêd dados wujud ingkang anyênêngakên, nanging pandamêlan makatên punika tumrap kula sadaya inggih botên gampil, amila kêdah angèngêti Wie oogsten wilt moet eerst zaaien pikajêngipun: sintêna ingkang kapengin undhuh-undhuh kêdah nanêm rumiyin, utawi alusipun sintên ingkang nêdya [nê...]

--- 114 ---

[...dya] sae kêdah rêkaos rumiyin.

Parêpatan, limrahipun pakêmpalan punika ngupados pangayoman kemawon angèl, môngka pakêmpalan punika osikipun saking para putri dalêm, warganing panitya ugi para putri dalêm, amila pantês sangêt pakêmpalanipun para santana dalêm putri punika dipun santosakakên, dumugi samantên sêsorah kula, sapunika panyuwunipun panitya, sumôngga para putri kula aturi ambiyantu adêgipun pakêmpalan putri punika. Kajawi punika kêdah botên kasupèn dhatêng sadhèrèk kula ingkang sêpuh-sêpuh kula suwun sami usul, ijêman, punapa mawi sêrat, panitya tansah mangayubagya, amargi saya kathah ingkang kagungan pamanggih saya prayogi, bêbasan Walandi mungêl: Zooveel hoofden zooveel zinnen kula aturi ngèngêti, rukun agawe santosa, congkrah andadèkake bubrah, pakêmpalan putri kaanggêpa suhipun, panyuwun kula dhatêng para kakung, sanajan ing rancangan kados badhe ngadêg piyambak, nanging para kakung sampun tega-tega sangêt dhatêng calon pangrèhipun, panyuwun kula tansah ngawat-awatana saprayoginipun. Mênggah pranatanipun pakêmpalan putri punika badhe kula waos (pranatan lajêng kawaos, sabab-sabab para warga kakung putri sampun sami mupakat sadaya, lajêng katêtêpakên, dene pranatanipun sampun kawrat ing organ ôngka 5 taun 1932) sarampungipun maos pranatan, pangarsa nyêlani pangandika tumrap adêg-adêg 1 bab namanipun pakêmpalan santana dalêm putri, pancèn kajarag dèrèng katawèkakên dhatêng parêpatan, manawi rujuk badhe kanamakakên Putri Narpawandawa, para warga saurpaksi rujuk sadaya, lajêng sami sorak kaping tiga, kaurmatan ungêling gôngsa Kêbogiro, minôngka pahargyan adêgipun Putri Narpawandawa, juru sabda nglajêngakên sêsorahipun.

Parêpatan, kados pranatan ingkang kula waos wau sawêg damêlanipun panitya, dados têtêpipun manawi sampun karêmbag wontên parêpatanipun para putri, amargi ingkang mirsa kabêtahanipun punika panjênêngan sadaya para putri, amila gandhèng kalihan parlu-parlunipun pakêmpalan santana dalêm putri. Sanès dintên badhe damêl parêpatan maligi kangge pakêmpalan putri. Upaminipun angrêmbag:

1. Anêtêpakên pangrèh, amargi dhapukan panitya punika dèrèng tamtu manawi

--- 115 ---

têtêp dados pangrèh, utawi taksih ewah (kenging karembak) jalaran panitya punika adêgipun namung lugu nyambut damêl dumugi benjing parêpatan warga (leden vergadering) sasampunipun sadaya pandamêlan lajêng kapasrahakên dhatêng pangrèh Putri Narpawandawa.

2. Anêtêpakên pranatan wau.

3. Utawi kadospundi panindakipun pakêmpalan Putri Narpawandawa sarta sanès- sanèsipun.

Parêpatan, minôngka tutuping aturipun panitya punika, nyuwun dhumatêng para putri santana dalêm, kaparênga sami andarmakakên kêkiyatan kangge santosaning adêgipun pakêmpalan santana dalêm putri, saha panitya ugi nyuwun dhatêng para sadhèrèk putri sumôngga sami kula aturi dados warga, mila supados botên angêcèh-êcèh wanci, panitya lajêng badhe ngidêrakên kolêman, sintên ingkang kaparêng dados warga kula aturi ngisèni kolêman wau. Amung punika atur kula.

Satêlasing sêsorahipun wakil panitya kasêbut ing nginggil, pangarsa lajêng nyambêti pangandika bilih pranatan wau sapunika sampun nama têtêp, kantun caranganipun ingkang dèrèng wontên, namung rèhning pranatan carangan makatên nama sanès pranatan baku, dados kenging katata dening pangrèhipun pang piyambak, ugêr botên nyulayani pranatan baku saha pranatanipun Narpawandawa.

Pangarsa nglajêngakên pangandika, pangrèh kêpranan sangêt nyumêrêpi parêpatan dalu punika, dene para warga kakung putri kathah ingkang marlokakên sami rawuh, angèstrèni adêgipun Putri Narpawandawa, inggih punika minôngka sisihanipun Narpawandawa, sarta bingah sangêt nyumêrêpi panyambut-damêlipun para panitya putri, anggènipun sagêd cekat-cèkêt nindakakên rekadaya murih sinêmbadaning sêdya ngadêgakên pakêmpalanipun para putri santana dalêm, kalampahan dalu punika sampun sagêd ngadêg, ing pamuji mugi-mugi adêgipun Putri Narpawandawa wau sagêd widada, kinalesna ing sambekala, lastari wilujêng sapanginggilipun sampun wontên satunggal punapa. Sadèrèngipun parêpatan katutup, pangrèh Narpawandawa ngaturakên panuwunipun dhatêng panitya putri saha dhatêng ingkang kagungan dalêm, anggènipun sampun kaparêng ambiyantu rekadayanipun panitya ngadêgakêna kêmpalan ngadêgakên pakêmpalan. putri wau, wasana [wasa...]

--- 116 ---

[...na] sarèhning paring dalêm lêlangên dalah saniyaga wiraswaranipun sampun samapta sadaya, ambujêng cêkaping wanci parêpatan katutup rumiyin, para warga saha para tamu sadaya kaaturan anglajêngakên mirsani paring dalêm lêlangên. Namung ing mangke manawi sami kondur pangrèh andhèrèkakên wilujêng.

Dumugi jam 10.45 parêpatan katutup, lajêng lêlangên ngantos dumugi jam 1 dalu sawêg bibaran, wilujêng.

Ôngka 30/378

Pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa sasampuning nampèni sêrat saking K.R.T. Côndranagara, katitimangsan kaping 12 Mèi 1932.

Anamtokakên:

1. Kèndêlipun K.R.T. Côndranagara anggènipun dados panitraning panitya bôndha pasinaon. 2. R.M.Ng. Sastrasunarya dados gêgêntosipun panitra bôndha pasinaon wau. 3. Sêrat kêkancingan punika minôngka ewah-ewahanipun kêkancingan katitimangsan kaping 26 Juni 1929, ôngka 69/183.

Turunanipun kêkancingan punika katur K.R.T. Côndranagara, R. M. Ng. Sastrasunarya sarta para warga panitya sanèsipun supados uninga.

Kasêrat kaping 3 Juni 1932

Mudha pangarsa, Wg. Kusumayuda

Panitra, Wg. Purwasastra

Mosi

MOTIE

Parêpatan umum (Openbare vergadering) Narpawandawa, ing dintên Sênèn sontên tanggal kaping 20/21 Juni 1932

De Openbare Vergadering van "Narpawandawa", gehouden in het societeitsgebouw "Habipraya" te Soerakarta op

--- 117 ---

wontên ing abipraya, dipun dhatêngi tiyang 300 saha para wakilipun pakêmpalan cacah 27 tuwin wakilipun sêrat-sêrat kabar.

20 Juni 1932, bijgewoond door ruim 300 personen, waarvan 27 vertegenwoordigers van vereenigingen:

Sasampunipun amirêngakên sêsorahipun juru sabda, sarta amirêngakên rêmbag-rêmbag wontên ing parêpatan, bab wontênipun rancangan ing Surakarta-Ngayogyakarta, kadadosakên guprêmèn satunggal.

Anêtêpakên

I. Angrujuki sadaya tatanan ingkang ngindhakakên, utawi sabotên-botênipun anglastantunakên kaluhuran sarta pangwasanipun karajan Jawi.

II. Miturut dhêdhasar ing nginggil wau angrujuki sadaya rancangan ingkang nyuda cacah lan pangwasanipun pangrèh guprêmèn ingkang wontên ing karajan Jawi.

III. Dene icalipun para guprênur kenging kasantunan wakilipun para karajan Jawi ing panggenanipun parentah agung guprêmèn, minôngka sêsambêtanipun guprêmèn kalihan praja Jawi.

Gehoord het prae-advies uitgebracht van wege Narpawandawa door een harer bestuursleden over eventueele hervorming der Gouvernementen Soerakarta-Yogyakarta:

Gehoord de debatten en besprekingen; heeft besloten:

1. in te stemmen met elke regeling, die het gezag en het aanzien der zelfbesturen verhoogt, althans bestendigt;

2. dientengevolge in te stemmen met elk streven (ontwerp), hetwelk de aantalsgrootte en het gezag van het Gouvernements gezagsapparaat in de Vorstenlanden vermindert;

3. bij een eventueele afschaffing van het ambt van Gouverneur aan te bevelen het contact tusschen het Gouvernement en de Zelfbesturem te doen onderhouden door een afgevaardigde der zelfbesturen te plaatsen bij de Regeering van Nederlandsch - Indie.

Anamtokakên dhatêng pangrèh Narpawandawa amradinakên mosi punika dhatêng sintên ingkang kamanah prêlu, saha dhatêng sêrat-sêrat kabar, supados enggal kasumêrêpan ing akathah.

Voorts het Bestuur van Narpawandawa op te dragen deze motie ter kennisse te brengen van Belanghebbenden en van de Pers.

En gaat over tot de orde van den dag.

--- 118 ---

Pèdhêrasi Karajan Jawi

II

Wontênipun kala samantên Narpa ngrêmbag pèdhêrasi sarta lajêng nêtêpakên pamanggih ingkang salajêngipun katur dhatêng ingkang sami kawogan, punika gandhèng kalihan wontênipun pêpanggihan sabên wulan ing antawisipun gupêrnur kêkalih, pangagêng trah Mangkunagaran, pangagêng trah Pakualaman, tuwin pêpatih dalêm kêkalih. Para gupêrnur nganthi residhèn sarta asistèn residhèn. Mangkunagaran sarta Pakualaman nganthi bupati patih, pêpatih dalêm sami nganthi prayagung bupati nyatunggal. Pêpanggihan wulanan punika dipun adani kala taun 1930, wosipun nuju dhatêng kêmpalipun karajan (Vorstendom) sarta kadipatèn (Groot-hertogdom) Jawi ing Vorstenlanden sarana ngrêmbag sêsarêngan kaparluwaning praja ingkang sasagêd-sagêd kasatunggalakên. Kêmpalan makatên wau dipun wastani pèdhêrasi. Sêrat-sêrat kabar Wlandi mastani "Zelfbestuur" Conferentie utawi pêpanggihanipun para Zelfbestuur. Punika klèntu, amargi pêpanggihan wau botên sagêd dipun wastani makatên, jalaran punika pancèn sanès parêpatanipun para Zelfbestuur, awit wakilipun parentah Wlandi saandhahanipun sami wontên ngriku. Mila têmbungipun opisil mungêl "Vergadering van beide gouverneurs met de Zelfbesturen".

Pèdhêrasi ing antawisipun praja sami praja, punika pancèn parlu, saya tumrap Porsêtênlandhên ingkang kawontênanipun ringkih-ringkih. Bab punika botên parlu kula jèrèng, amargi sampun karêmbag muyêg sarta Narpa inggih sampun nêtêpakên pamanggihipun minôngka ancêr-ancêr, mawi pêpiridan kawontênan ing Eropah sarta Asiah. Mila kula namung badhe ngandharakên bab-bab ingkang dèrèng dipun ajêngakên.

Sadhèrèk, sakawit ingkang gadhah rêmbag parlunipun praja-praja Kajawèn damêl pèdhêrasi, punika suwargi Tuwan Mr. Van Deventer ingkang lajêng tular-tumular. Tuwan Muhlenfeldt dhirèktur B. B. inggih sampun ngebarakên pamanggih bab punika. Salajêngipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wontên ing Polêksrad inggih sampun ngajêngakên bab wau, mawi tuladha wontênipun pèdhêralê Malaisê sêtatên ing Malakah.

Rêmbag pèdhêrasi punika ngantos dumugi ing 2e. Kamer badan wakiling rakyat nagari Wlandi, kasbut wontên ing voorloopig verslag parêpatan 2e Kamer kala taun 1929-1930 wontên sawatawis warga ingkang gadhah pamrayogi supados pèdhêrasi punika

--- 119 ---

dipun wontêni, manawi parlu, mawi ngewahi kontrak dados rêmbag pèdhêrasi punika sanès rêmbag anyar. Narpa rujuk dhatêng pèdhêrasi ingkang yêktosan sarta sampun nêtêpakên ancêr-ancêr minôngka kawitan. Rujukipun Narpa punika botên margi pèdhêrasi punika sampun dados rêmbag ing kalangan ngrika kemawon, nanging kabêkta saking kayakinanipun dening ngèngêti dhatêng wajib sarta parluning agêsang. Miturut kawruh bab wajib sarta parluning gêsang (natuurrecht van mensch) kados ingkang kabèbèr dening pujôngga Grik Aristotelès (322 sadèrèngipun Nabi Ngisa), sarjana sujana Wlandi Hugo Grotius inggih Hugo de Groot (1583-1645) sarta pujôngga Swis Jean Jaques Rousseau (1712-1778) manungsa gêsang ing dunya punika tinitah gêsang sêsarêngan ing bêbrayan. Awit saking punika manawi tumrap tiyang satunggal-satunggalipun wajib sambêt sarta kêmpal, makatên ugi tumrap golongan sami golongan, bêbrayan sami bêbrayan, praja sami praja, bôngsa sami bôngsa. Tamtu kemawon tumraping bôngsa sarta praja, sêsambêtan sarta kêmpal makatên kêdah mawi sarana ingkang dados gêgandhenganipun sarta sarana mupakatan (prajangjian), sangkutanipun bôngsa sami bôngsa punika kawastanan associatie asosiasi punika parlu wontênipun tumrap gêsanging bôngsa-bôngsa wau, amargi sampun tinitah nyambut damêl sêsarêngan. Botên wontên satunggaling bôngsa ingkang sagêd nyampêti kabêtahanipun piyambak sarana ngijèn, amargi bôngsa ingkang makatên wau mêsthi badhe curês, dening kapêjahan margi (zelfisolatie). Cacak tiyang kemawon sampun cêtha satunggal lan satunggalipun mêsthi ambêtahakên. Gêsang miyambak punika sampun têtela botên sagêd. Tumrap praja, saya ingkang nunggil darah, samantên ugi.

Bêtahing manungsa punika botên namung dhatêng kalairan (Stoffelijk, materieel) kemawon, nanging inggih dhatêng kabatinan (geestelijk, spiritueel) pujôngga Jêrman Dr. Fr. W. Foerster kasêbut ing bukunipun "Wedergeboorte van Staats-en Volksleven" (babon basa Jêrman, dipun basa Wlandèkakên dening Dr. L. Elaut sarta Fl. Craene), nyariyosakên bilih sêsambêtaning antawisipun bôngsa-bôngsa wau sampun dados takdiring agêsang, adhêdhasar kawruh botên sami sarta kirang sampurnanipun kabudayaning bôngsa-bôngsa wau, têmbungipun, kula pêndhêt wosipun kemawon makatên: "Juist in deze eenzijdigheid de rassenbegaafdheid schijnt een geheim der Voor- [Voor...]

--- 120 ---

[...-]

zienigheid te liggen, in dezen zin namelijk, dat al de verschillende rassen aangewezen zijn om mekaar onderling aan te vullen" ...

Wondene ingkang tumrap kalairan, inggih punika linton-lintonan bêtah, minôngka adêg utawi nyampêti kabêtahaning praja.

Parlu kula têrangakên associatie makatên kêdah botên atêgês ingkang satunggal namung badhe andayani dhatêng satunggalipun, botên sami-sami, nanging wontênipun namung mêndhêt kemawon, punika namanipun sanès associatie, nanging kamurkan angêlar jajahan, ngêndhih bôngsa sanès imperialisme.

Sadhèrèk, pèdhêrasi praja-praja Kajawèn punika ênêring associatie sarèhning botên mardika tamtunipun mênggahing lampah beda kalihan praja-praja ingkang mardika, tujunipun sami nyampêti kabêtahan sarta nglarasakên parlu-parluning praja ingkang umum, pados kakiyatan sarana botên anyahak raos adil, liripun tumindak saraos, utawi sapanduman. Wontên pitakenan: praja-praja Jawi sampun kawêngku guprêmèn Walandi têka badhe kêmpal pados kakiyatan punika punapa ingkang mêngku nayogyani? Wangsulan kula mênggah nalar mêsthi nayogyani, amargi parentah sampun pratela piyambak wontên polêksrad kala taun 1919, bilih tangkêpipun parentah Wlandi dhatêng karajan-karajan Jawi punika ngiyatakên sarta nuntun sagêda ing têmbe bawa piyambak.

Saèstunipun politik anglulusakên punapa ngiyatakên karajan-karajan ingkang kawêngku liyan, punika mèh dados sêsanggêmanipun nagari-nagari ingkang gadhah jajahan, upaminipun Inggris tumrap karajan- karajan Indhu sarta Malakah, Parangakik tumrap Tunis, Anam, Tonking sarta Kamboja. Ingkang bukani Inggris tumrap Indhu kala taun 1858 sarta tumrap Malakah kala taun 1874, lajêng Parangakik wiwit taun 1883-1885 tumrap Tunis, Anam, Tonking sarta Kamboja. Wondene Nèdêrlan tumrap Indhonesiah kala taun 1898.

Nanging trajang makatên punika dipun saranani nyampuri undêraning paprentahan karajan-karajan wau. Têmbungipun Walandi mungêl: politiek van handhaving der zelfbesturen met gelijktijdige inmenging in de inwendige aangelegenheden.

Politik ingkang dipun bukani dening Inggris kados makatên punika wontên sajarahipun. Wiwit taun 1813 pulitikipun gupêrmèn Inggris dhatêng karajan-karajan [karajan-karaja...]

--- 121 ---

[...n] ing Indhu dipun wastani ngêsuk, purihipun supados sagêd curês. Cariyosipun Tuwan J. H. Meijer ing sêsorahipun bab "De Inlandsche Zelfbesturende Landschappen (wêwêngkon- wêwêngkon ingkang madêg piyambak) tumrap Ned. Ind. Bestuursacademie kala 4 Marêt 1914 Landi, makatên: "Engelands belang als overheerscher, de bevordering van beschaving en moraal dwongen dan ook na 1813 weer tot annexatie en protectoraatsaanvaarding. De Inlandsche staat werd zooveel mogelijk van den anderen afgezonderd en gedwongen tot samenwerking met Engelsche gouvernement. Onmatige versterking zijner weermiddelen werd den Vorst verboden. Men annexeerde toen dus 1e. waar langdurige klachten over inwendige wanbeheer daartoe aanleiding gaven en tweedens, wanneer de Inlandsche Vorst geen erfgenamen nalict en hem het recht van adoptie niet krachtens de adat of een met Engeland gesloten verdrag toekwam (mirsanana "Kol. Tijdschr" wêdalan Mèi 1914 ôngka 5 taun III kaca 586). Wosipun anggènipun Inggris sasampunipun taun 1813 nandukakên malih politik nêlukakên sarta ngêsuk karajan-karajan pribumi, punika amargi tumrap Inggris dipun anggêp dados kabêtahanipun, sarta ugi kangge ngajêngakên kabudayan tuwin kasusilan. Sasagêd-sagêd karajan satunggal lan satunggalipun dipun pisahakên sarta dipun pêksa (gedwongen) sêsarêngan nyambut damêl kalihan gupêrmèn Inggris. Para nata dipun awisi botên kenging ngagêngakên praboting ayuda.

Tumindak nêlukakên sarta ngêsuk punika wau lêlandhêsan, kapisan: manawi namung tansah wontên pasambat utawi gigatan dening awonipun tumindaking paprentahan karajan- karajan wau, kaping kalihipun: manawi ingkang jumênêng botên tilar putra sarta inggih botên dipun wênangakên mundhut putra angkat, awit sulaya kalihan adat sarta botên aprajangjian kalihan Inggris.

Sadhèrèk, nalika pulitik makatên punika dipun tandukakên ing karajan sattara, tilas G. G. Lord Dalhousie cariyos ing taun 1848 manawi tindak mênêt (têmbungipun Dr. Wedyadiningrat) makatên punika botên amargi muhung nêdya anjêmbarakên talatah sarana nêluk-nêlukakên, piyambakipun botên mangêrtos, kenging punapa praja alit-alit ingkang namung tansah damêl ribêt punika botên dipun têlukakên kemawon pisan. Tumrap praja alit-alit punika harak malah manggih kabêgjan manawi dipun prentah Inggris (mirsanana "Kol. Tijdschr" kasbut nginggil kaca 586/ 587).

Punapa wohipun pulitik ngêsuk punika? Inggih saking kadayan sawarnining kawontênan, [ka...]

--- 122 ---

[...wontênan,] tuwuh dahuru kala taun 1857. Amargi wontênipun panglawan punika, Inggris lajêng santun gêlar. Ing taun 1858 gêlarakên tangkêp enggal, inggih punika: Inggris badhe ngajèni wawênang (rechten) adêg (waardigheid) sarta kaluhuran (eer)-nipun para nata ingkang jumênêng, kados manawi ngajèni dhatêng badanipun piyambak. Sakathahing prajangjian sarta wawênang botên badhe dipun agru-agru ...

Makatên sadhèrèk: larah-larahipun sajarah, pulitik alus utawi pulitik tangkêp sae tumrap karajan- karajan Indhu dening ingkang ngayomi. Têmbung ngayomi punika têmbungipun ngrika. Tamtunipun sadhèrèk sampun botên kakilapan malih, kadospundi mulabukanipun Indhu ngantos dipun prentah Inggris sarta Indhonesiah dipun wêngku nagari Walandi. Wosipun Inggris ingkang suwaunipun dipun ayomi (beschermde) wusananipun lajêng malik grembyang gêntos dados ingkang ngayomi (beschermer) gampilanipun: ingkang suwaunipun dhepe-dhepe sapunika gêntos ingkang dipun dhèpèn-dhèpèni (Kol. Tijdschr kasbut kaca 592).

Tumrap Nèdêrlan, kadospundi nalar- nalaripun sakawit wontênipun pulitik nêdya nglulusakên salajêngipun badhe nênuntun sagêda ing têmbe karajan- karajan Jawi punika bawa piyambak, inggih pulitik alus, utawi pulitik atangkêp sae wau, kula botên sagêd dumuk undêranipun. Namung pulitik makatên pancèn sontan-santun. Manawi dipun tintingi, upami wiwit G. G. van den Bosch, wiwit taun 1841 dumuginipun taun 1919 nalika parentah pratela ing polêksrad badhe ngiyatakên sèlêpbêstir-sêlèpbêstir punika. Gagasan santun politik tumrap karajan-karajan Jawi punika sampun kêrêp. Taksih wontên sambêtipun.

Drajadipun Tiyang Kalang ing Kinanipun

Mênggah drajatipun tiyang Kalang ing nalika samantên botên patos têrang. Ing nalikanipun kaanggêp golongan ingkang asor dipun cêcêri ing sanès golongan, gêsangipun angumbara ing wana. Sarêng ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung jumênêng nata, têtiyang wau sami kadhawuhan anglêmpakakên, gêgriya nunggil panggenan, kuwajibanipun nêgor kajêng taun ing wana, katur sang nata, ugi wontên tiyang kalang ingkang lajêng [la...]

--- 123 ---

[...jêng] dados tiyang anggrobag, tukang kajêng, sayang, damêl barang wacucal, pênjalin sasaminipun. Ing satunggiling karajan, tiyang kalang punika mèh sumêbar ing satanah Jawi. Nalika pêcahipun karajan Mataram dados kalih, Surakarta kalihan Ngayoja, tiyang kalang ingkang sapalih tumut Surakarta, sêpalih tumut Ngayoja. Kathahipun 6.000 somah, dados 3.000 tumut Surakarta, 3.000 tumut Ngayoja.

Tatacaranipun mantu, ngubur, tuwin agaminipun botên ewah, amargi saking anggènipun botên campur kalihan golongan sanès-sanèsipun. Tiyang ingkang purun sêsemahan kalihan tiyang kalang taksih lôngka sangêt.

Golonganipun Tiyang Hindhu ingkang Asor Piyambak.

Miturut tatacaranipun tiyang Hindhu (kasêbut ing Sastramanu) tiyang punika pilah dados sakawan golongan, inggih punika:

ha: bôngsa brahmana, na: bôngsa satriya, ca: bôngsa wesiya, da: bôngsa sudra.

Suwaunipun namung wontên golongan kalih, ingkang ambawahakên kalihan tiyang têlukan. Ingkang ambawahakên akulitan pêthak, nama bôngsa arya (Ariers) ingkang kabawahakên, inggih punika tiyang têlukan, akulit cêmêng (bôngsa Hindhu ingkang sêpuh piyambak).

Miturut kuwajibanipun gêsang sêsarêngan, bôngsa ingkang nginggil lajêng pêcah dados tiga:

1. Ingkang kuwajiban sêsaji, sagêd gandhèng kalihan para dewa, kasêbut bôngsa brahmana. Tuhu ing sabda, mandi pangandikanipun.

2. Ingkang anata tata têntrêming praja, kasêbut bôngsa satriya. Kêkiyatan (kadigdayan) panguwaos.

3. Ingkang anindakakên padamêlan sanès padintênanipun.

Tiyang têlukan kalêbêt bôngsa ôngka sakawan, ingkang lajêng kabêbahan anindakakên pêdamêlan padintênan ingkang kasar-kasar: kasêbut bôngsa sudra. Dados lajêng jangkêp kawan golongan.

Tiyang golonganipun satunggaling bôngsa botên kenging semah kalihan golongan [golong...]

--- 124 ---

[...an] sanèsipun. Manawi wontên tiyang golongan ing nginggil semah kalihan golongan ing ngandhap, lajêng suda drajatipun. Saya kathah bedaning golongan, saya kathah mandhaping drajatipun, ing ngriki ugi ambedakakên èstri kalihan jalêr. Manawi tiyang jalêr golongan nginggil angsal èstri golongan ngandhap, drajating turunipun sanadyan mandhap mêksa taksih wontên sanginggiling drajatipun tiyang sêpuh èstri. Nanging manawi tiyang èstri golongan nginggil angsal tiyang jalêr golongan ngandhap, mloroding drajatipun run-tumurun, saking golongan ngandhap sami kalihan bedaning golongan kêkalih wau. Dados malorot saking golongan ingkang sampun andhap. Turun ingkang makatên punika kalêbêt golonganipun tiyang sitahan, saya kathah bedaning golongan êmbok kalihan bapa, saya suda drajating turunipun.

Miturut panganggêp makatên punika, turunipun tiyang èstri bôngsa brahmana kalihan tiyang jalêr bôngsa sudra, dados golongan ingkang asor piyambak drajatipun inggih punika ingkang dipun wastani bôngsa candhala.

Tumuruning drajat punika kajawi saking anggèning salakirabi mêdal saking golongan, ugi saking lampah tindakipun ingkang botên sae, kados ta: saking anggènipun semahan kalihan sadhèrèkipun piyambak, rêmênan, rôndha ingkang botên purun bela tumangan wangkenipun ingkang jalêr, tiyang ingkang ngrabèni rôndha, makatên sasaminipun.

Tiyang mujangan (batur tukon) drajatipun taksih sami kalihan bôngsa sudra. Taksih wontên sambêtipun.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ ôngka V

[Asmaradana]

1. karantên rèhning ngaurip / datan kêni angandêla / linge wong ala alune / kadi raksasa kang nendra / kataman sirêp ingwang / sarana dêmon katiyup / lire makatên punika //

2. sampun kasusra sayêkti / raksasa gagêlahing rat / datan kêni pinitados / upami wau lajênga / mèt jamang kanantera / pasthi andika tinubruk / kadhawahakên jêjurang //

3. tanpa kukupan sayêkti / lajêng tinarab kamôngsa / dening para ditya kabèh / kang anèng jroning jêjurang / wilajaning raksasa / puniki sudarmanipun [sudarma...]

--- 125 ---

[...nipun] / sampun kapati anendra //

4. kataman sêsirêp mami / môngsa dadak anglilira / ing tigang dalu kemawon / suwawi sami tinilar / jamang mas tanpa karya / sampun andika kapencut / tan kirang marmaning dewa //

5. kawula laju tutwuri / samarga-marga prasêtya / dhatêng Ki Dhawuk rumaos / sampun kapotangan gêsang / salaminya tumitah / kongsia turun-tumurun / tan supe sami èngêta //

6. upami darbea rukmi / mung darmi rawat kewala / ing sakarsa môngsaborong / Buyut Dhawuk wuwusira / dewa nêmbadanana / marang prasêtya kang tuhu / sarta eling anarima //

7. têlas aturira sami / wotsari panêkar Sarma / gantya dinangu urute / pêpariksan kaping astha / matur wasta Wirata / dados wadya magêrsantun / rèhing Arya Wirapraba //

8. wisma salêbêting capuri Lebih satu suku kata: wisma salêbêting puri. / tumunturing wisma amba / anunggil anak kuwalon / kalamôngsa Padrawana / ing taun kang kawuntat / amba wisata mardhukun / dhatêng dhusun Majalungga //

9. sakiduling Banakêling / wit kadang amba wanudya / nandhang panyakit anglamong / gumingsir lir kalalangan / kawulantuk wasita / wangsit kasupênèng dalu / hèh Wirata yèn sambada //

10. arinta Nini Wirati / upayakna kang usada / marang Majalungga dimèn / waluya dening sarana / sarining japa môntra / Êmpu Wilamarta iku / dadi jalaran nirmala //

11. yèn wis kalakon basuki / dhaupna lan Si Martana / sutèng Wilamarta kang nèm / arine Êmpu Sumarta / makatên kang wasita / kawula têka mituhu / lajêng dhatêng Majalungga //

12. minta sarana usadi / montrèng Êmpu Wilamarta / sinung wulu kucing colok / lan balêdoking jatmaka / kinèn karya dêdupa / ingsêp nèng grana myang tutuk / netra karna kalih pisan //

13. dyan pinuru dya mantrastutiLebih satu suku kata: dyan pinuru mantrastuti. / amba tampèni saksana / winêling angatos-atos / mangkat sangking Majalungga / praptaning wanapringga / wontên drubiksa kadulu / tanpa sangkan aliwêran //

14. etang amakêthi-kêthi / warni raryalit sadaya / prapta kumrap samya ngroyok / angilik-ilik lungayan / myang kèlèk cêcangklakan / wontên kang lêlembong lambung / lêlumbungan solahira //

15. ujaripun kang pyarsiKurang satu suku kata: ujaripun kang kapyarsi. / dene kene ulungêna / wulu kucing lan balêndok / pan iku dadi wisuna / ambèn-ambèn abeka / si rama wurunga dhaup / gonira apalakrama //

16. antuk si êmbok Wirati / amung makatên kewala / amba kamigilan tumon / têmah kakên mèh antaka / rahayunipun prapta / Ki Dhawuk musthi têtulup / tansah tiniyup ing lesan //

17. drubiksa sadaya ngisis [ngisi...]

--- 126 ---

[...s] / mêsat mantuk tan gêgila / samya malih warni kodhok / wontên ingkang dadya kadhal / dhadhaling kalarupa / Ki Buyut Dhawuk amuwus / ing mangke sampun widada //

18. lajêng amantuk tumuli / praptaa ing wismandika / sampun kongsi salah wèng- wèng / kawula lajêng prasêtya / salamining agêsang / ngantosa turun-tumurun / datan kêni yèn supea //

19. darbea punapa yêkti / dados kagungan andika / Buyut Dhawuk muwus alon / lah inggih ta muga-muga / dewa ngudanènana / nuntên sêsowangan mantuk / wismèng dhusun Majalungga //

20. Sang Wirata magêrsari / têlas ature wotsêkar / sampun kalilan lumèngsèr / gumantya kang kapariksa / kaping sanga punika / dinangu mangkya umatur / amba wasta Umbulcakra //

21. lêlurahing dhusun Ngaglik / kawula atur pratela / môngsa Asuji wiyose / taun kang sampun kawuntat / amba kesah mardagang / dhatêng dhusun ing Andaru / ambêkta gêgramèn sata //

22. kalayan wohing jênitri / sami kawawrat ing kapal / kerit pagondhal lampahe / kawula wahana kuda / sêsarêngan ing akathahLebih satu suku kata: sarêngan ing akathah. / kang sami anunggil kayun / gêgramèn maneka warna // Taksih wontên sambêtipun.

Toya Gêsang Utawi Maulhayat

Pêthikan Saking Pusaka Jawi Taun X

Anuju satunggiling dintên ratuning para jim sowan ing ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman Ngalaihi wasalam, ngunjukakên maulhayat, dipun wadhahi tuwung bêling dipun lambari lèngsèr kancana. Nalika samantên kangjêng nabi lênggah siniwaka, kaadhêp para raja ingkang sami ngèdhêp ing panjênênganipun, unjukipun makatên: gusti, kawula kamipurun angunjukakên, maulhayat ing ngarsa dalêm kabêkta saking anggèn kawula sumungkêm ing sampeyan dalêm, sakalangkung anggèn kawula mundhi sarira dalêm, sabab kawula sumêrêp, bilih sampeyan dalêm ratu binathara, ngratoni ingkang sarwa kumêlip. Botên namung janma manungsa kemawon ingkang wontên ing sangandhaping pada dalêm, dalah sawarnining sato tuwin lêlêmbat, punapadene angin tuwin jawah, mêndhung sarta kilat, sadaya wontên ing salêbêting pangawasa dalêm, jagad wetan, jaganjagad. kilèn sami suyud angabêkti ing sampeyan dalêm. Isèn-isèning alam donya dalah isèn-isèning alam sunyaruri sadaya kawêngku. Ingkang punika kawula rumaos eman, manawi sampeyan dalêm botên sagêd lastantun angratoni

--- 127 ---

jagad sadaya ngantos ing dintên kiyamat. Eman-eman manawi sampeyan dalêm ngantos anêmahi surud kadosdene limrahipun putra Adam. Kawula dalah karerehan kawula para jim sadaya rumaos sami bêgja angabdi ing ngarsa dalêm, sabab sami sumêrêp, bilih sampeyan dalêm adil paramarta, wicaksana linangkung, priksa dhatêng sumakawis ingkang gaib sarta ingkang lair. Wondene ingkang kawula unjukakên punika maulhayat. Pangajêng-ajêng kawula mugi sampeyan dalêm karsa angunjuk toya punika. Kasiyatipun toya gêsang punika makatên, manawi panjênêngan dalêm sampun ngunjuk toya punika, badhe lastantun sugêng ngantos dumugi ing dintên kiyamat. Punapa malih botên badhe ngraosakên gêrah ing salami-laminipun, sarta lastantun ênèm, botên sêpuh-sêpuh.

Makatên unjukipun ratuning jim wau dhatêng Kangjêng Nabi Suleman. Kangjêng Nabi Suleman inggih têrang pamidhangêtipun dhatêng unjuking ratunipun êjim, sanajan Kangjêng Nabi Suleman saèstu wicaksana linangkung, putus dhatêng saliring kaanan, priksa dhatêng panjing suruping lêlampahan, ewasamantên botên karsa paring wangsulan ing sanalika, katindakakên kanthi musawarah rumiyin. Anggènipun makatên wau inggih kabêkta saking wicaksananipun, sabab priksa bilih manungsa punika sanajan pinunjula kados punapa, mêksa dados pencokaning sipat, lali sarta klèru.

Kangjêng Nabi Suleman kagungan kawula agung-agung ingkang dados juru ngaturi rêmbag, kados ta: ratuning para lêlêmbat, ratuning sadaya sato kewan, anama Sang Singaraja, ratuning sadaya bôngsa ibêran, anama Sang Garodharaja. Ratuning sadaya sawêr, anama Sang Nagaraja, tuwin sanès- sanèsipun. Sami gadhah kalantipan utawi kawruh piyambak-piyambak. Wiwitanipun Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Nagaraja: he Nagaraja, kapriye rêmbugira mungguh ature raja jim iku. Bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Sang Nagaraja munjuk: gusti, saking pamanggih kawula, kajawi saking karsa dalêm, prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maulhayat punika, supados panjênêngan dalêm sagêd sugêng ngantos ing dintên kiyamat. Sampun kathah titahing Pangeran ingkang marsudi murih sagêd lêpat ing pêjah ngantos dumugi dintên kiyamat, anamung botên sagêd kalêksanan.

Taksih wontên sambêtipun.