Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 9, Kaping 28 Rabingulakir Dal 1863, Utawi Kaping 1 Sèptèmbêr 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R. M. Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ. PERSATOEAN SOLO.

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Tatêdhakan

Bab Pèdhêrasi

Ôngka: 88/382

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, sarèhning sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katitimangsan kaping 6 Pèbruari 1932 ôngka 13/347 bab parêpatan kêmpalipun guprênur Surakarta saha Ngayogyakarta, kalihan para wakilipun praja Kajawèn sakawan sabên wulan (ingkang limrahipun kawastanan ing akathah: pèdhêrasi) dumugi sapriki dèrèng katingal wontên panggalihan, amila nalika ing dintên Sênèn sontên, tanggal kaping 20/21 Juni 1932 pakêmpalan Narpawandawa damêl parêpatan umum, (Openbare vergadering) wontên ing abipraya, dipun dhatêngi tiyang watawis 300 para wakilipun pakêmpalan [pakêmpala...]

--- 129 ---

[...n] warni-warni cacah 27 tuwin wakilipun sêrat-sêrat kabar, prêlu ngrêmbag kawontênanipun pèdhêrasi ing praja Kajawèn.

Sasampunipun pangrèh mirêngakên andharanipun juru sabda, saha mirêngakên rêmbagipun para ingkang sami amêdhar sabda, parêpatan amutus, supados pangrèh Narpawandawa macak atur malih katur ing pêpatih dalêm, salajêngipun konjuk kauningan ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, saha tatêdhakanipun sêrat paturan punika kasiyarakên dhatêng sintên ingkang kamanah prêlu nguningani bab pèdhêrasi wau, kanthi ngaturakên pasaksèn kirang prayoginipun pèdhêrasi sapunika, kawontênanipun kados ing ngandhap punika:

I. Dhapukanipun warga pèdhêrasi sapunika kirang laras kalihan kaparêng saha kasagahanipun guprêmèn, inggih punika badhe ngiyatakên adêgipun praja-praja Kajawèn, amargi ing parêpatanipun pèdhêrasi wau mawi dipun tênggani para guprênur dalah saandhahanipun. Sarta têmbungipun cara Walandi ingkang tundonipun para wakilipun praja-praja Kajawèn sami karoban rêmbag, wêkasanipun sami pakèwêd ngêdalakên punapa ingkang dados saraosing manahipun.

II. Tatanan dhêdhapukan utawi lampah-lampahipun manawi badhe rêrêmbagan, dalah bilih tumut rêmbag sawênèhing bab, sapanunggilanipun, dèrèng wontên. Môngka pancènipun tatanan dhêdhapukan utawi lampah-lampahipun pèdhêrasi wau prêlu kasumêrêpan ing akathah, supados sampun ngantos wontên panggrayangan warni-warni, ingkang botên sakeca.

III. Miturut pamirêngipun Narpawandawa, pèdhêrasi wontênipun sapunika botên wênang mutus, nanging kawontênanipun sampun damêl putusan, lajêng kasiyarakên wontên ing sêrat kabar, inggih punika ingkang dipun wastani kominikwe (Communique) môngka manawi bêbadan ingkang gadhah wawênang mutus punika kêdah mawi wontên wêwatonipun, sapintên wawênanging bêbadan pèdhêrasi wau tuwin tundha-tundhaning wawênangipun swara (stemrecht) punapa malih agendhanipun ingkang badhe karêmbag, sadèrèngipun katêtêpakên, kêdah wontên dhawuhipun ingkang kagungan panguwaos piyambak-piyambak.

IV. Manawi pèdhêrasi ing praja Kajawèn punika jêjêripun namung sakrêrêmbagan, pamanggihipun [pa...]

--- 130 ---

[...manggihipun] parêpatan umum wau, prayogi katata kados ingkang kawrat sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa ing ngajêng. Sarta pandamêlipun kominikwe ingkang kalimrahakên ing akathah, kawrat ing sêrat-sêrat kabar, punika kêdah mawi katrangan, bilih rêmbag-rêmbag ing pèdhêrasi wau têtêpipun manawi sampun wontên dhawuh kaparêngipun ingkang kagungan panguwaos praja. Dados botên adamêl sêling-sêrêpipun ing akathah, kadosdene kominikwe bab sudan pajêg kabudidayan, ingkang nêmbe kapêngkêr punika.

V. Cangkoronganipun pèdhêrasi sapunika: ing sêmu sêdyanipun angwontênakên gemeenschappelijke instellingen rumiyin, punika tumrapipun pèdhêrasi ingkang sampun sayêktos, inggih punika pèdhêrasi ingkang sampun dados kanthi wawênang sarta tatanan, prayogi kemawon. Makatên ugi manawi nyumêrêpi babadipun pèdhêrasi ing sanès nagari, kados ta: ing Jêrman, Amerikah, Indhustan sapanunggilanipun, inggih botên kawiwitan saking gêminsêkappêlêkê insêtèlêngên rumiyin, langkung malih manawi gêminsêkappêlêkê insêtèlêngên wau katumrapakên dhatêng pèdhêrasi ing praja Kajawèn ngriki, ingkang sawêg wiwitan dèrèng wontên tatanan, sarta têtêping wawênangipun, nama kuwalik, upami tiyang yasa griya makatên dipun wiwiti saking payonipun rumiyin, punika botên kalimrah, sarta badhe kathah pakèwêdipun, kados ta: upaminipun wontên amtênar ingkang winisudha ing praja kalih utawi sakawan, ingkang sapalih mastani nyêkapi, sapalihipun mastani botên, punika lajêng kadospundi panindakipun, ingkang ngêrèh sarta wajib angulat-ulatakên sintên, manawi praja sakawan sami ngêrèh sarta ngulat-ulatakên, punika nama sanès tatanan.

Awit saking punipunika. panyuwunipun parêpatan umum dalu wau, manawi praja sakawan punika taksih dipun wontêni pèdhêrasi, tatananipun kasuwun ewahipun, mawi kaêsahakên dhatêng praja-praja ingkang sami dados warganipun pèdhêrasi piyambak-piyambak, lajêng kasiyarakên ing akathah, kadosdene pranatan, amung manawi botên kaparêng ngewahi, pèdhêrasi wau prayogi dipun suwak kemawon.

--- 131 ---

Nuwun, mênggah punika pangrèh Narpawandawa nyumanggakakên ing pêpatih dalêm, saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 16 Agustus 1932.

Mudha pangarsa Wg. Kusumayuda

Panitra II Wg. Purwasastra

Turunan

Ôngka 71/374

Bab Pêndhok Kêmalo

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, sarèhning para santana dalêm buyut canggah sapunika sampun kaparêngakên lastari ngangge sasêbutan radèn mas, runtutipun kalihan sasêbutan wau, nagari kaparênga nyuwunakên lilah dalêm, kalilana ngangge pêndhok kêmalo abrit, awit pamanahipun pangrèh Narpawandawa agêng sangêt pigunanipun, tumrap para santana dalêm alit, dening ingkang kathah sami kacingkrangan, môngka pêndhok kêmalo abrit punika sanadyan botên sapintêna rêginipun, katingal sae saha èdi, mênggah punika pangrèh Narpawandawa nyumanggakakên.

Kasêrat kaping 2 Juni 1932.

Pangarsa Wg. Adiwijaya. Panitra II Wg. Purwasastra

Turunan

Kêkancingan ôngka 45 A/1/I

Awit saka kaparênging karsa dalêm, sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira pêpatih karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse nguningani

--- 132 ---

layang palapurane pakumpulan Narpawandawa katitimasan kaping 2 Juni 1932 ôngka 71/374 ing mêngko anamtokake: sakabèhe santana buyut lan canggah dalêm kang padha dadi abdi dalêm, wiwit saiki padha kalilan nganggo pêndhok kêmalo abang.

Kêkancingan iki turunane kakirimake marang wadananing putra santana dalêm têngên sarta kiwa, lan kaparingake marang pakumpulan Narpawandawa supaya padha dipèngêti sarta kaparingake marang para bupati sapadhane supaya padha kadhawuhake sapêrlune.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 26 Rabingulawal Dal 1863. Utawa kaping 7 Agustus 1932.

Pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati (W.G.) Jayanagara

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Purwadiningrat

Pèdhêrasi Karajan Jawi

III

Botên badhe kula têrangakên sadaya, nanging satunggal kemawon, inggih punika politikipun tilas G. G. van Heutz ingkang nuju dhatêng ngagêngakên daya (onbeperkte invloed), mawi sarana badhe nyantuni kontrak ingkang panjang (lange conctracten) supados dipun cêkak utawi dipun ringkês kemawon, inggih punika ingkang kawastanan Korte Verklaring.

Pulitik nyantuni kontrak makatên punika dados rêmbag rame. Kula badhe nyulik sakêdhik padudonipun Mr. van Deventer kalihan Mr. Kielstra, Mistêr pan Dhepèntêr ngandharakên risaking piandêlipun para nata sarta mrayogèkakên supados guprêmèn Walandi santun tangkêp nindakna: pulitik têmên (eerlijke politiek) kosokwangsulipun Mistêr Kilsêtrah ingkang pancèn golongan kina, mabêni pamanggihipun Mistêr pan Dhènpèntêr punika. Criyosipun Mistêr Kilsêtrah, piandêlipun para nata dhatêng guprêmèn taksih ajêg kewala. Namung wontênipun Mistêr Kilsêtrah sagêd [sagê...]

--- 133 ---

[...d] cariyos makatên punika botên amargi saking anggènipun nyindikakên piyambak, nanging angsal palapuranipun para narapraja ... (blijkens verklaring der ambtenaren) ...

Cêtha kala samantên sampun wontên rêmbag bab kiranging piandêl (wantrowen) dumugi taun 1917 rêmbag bab piandêl ingatasing paprentahan Nèdêrlan ing Indhonesiah punika taksih muyêg. Malah Tuwan van Heutz piyambak kala taun 1917 wau sampun mêdharakên pamanggih prêlunipun Nèdêrlan nindakakên trajang kapiandêlan (vertrouwenspolitiek). Wontênipun kukus saking wontênipun latu (urub), dados manawi wontên swara bab ical utawi kiranging piandêl dhatêng parentahing kalanganing para jamhur ingatasing kawruh nitipraja, punika mêsthi wontên lamuk ical utawi sabotên-botênipun kiranging piandêl wau. Tumrap panyêpênging paprentahan, piandêl punika pancèn ingkang dados baku, amargi parentah ingkang rakyatipun sampun botên gadhah piandêl, punika tamtu tansah badhe manggih ribêd. Mila sampun layak kemawon nalika jumênêngipun G.G.J.Br.Mr. de Graeff ingkang dipun agêngakên inggih anggènipun badhe mulihakên piandêlipun rakyat dhatêng paprentahan.

Kawontênanipun sapunika kadospundi? Kula ingkang sami nglampahi, mokal manawi botên kraos, samantên wau manawi raos utawi nyawaning kabangsan taksih wontên, kula matur makatên, awit jêmbar-jêmbaring jagad inggih wontên tiyang ingkang sampun rumaos sakeca dados tiyang botên bawa piyambak, amargi inggih malah saking anggènipun botên bawa piyambak punika sagêd mituruti ardaning galih.

Botên têbih-têbih, ing Surakarta ngriki, miturut swara sarta kabar-kabar ingkang kawrat ing kalawarti, raosipun piandêling rakyat kêmambang, Prof. Schrieke tilas wakiling parentah babagan umum ing polêkrad, kasêbut ing buku karanganipun "De Indische Politiek" ingkang dipun damêl salèrèhipun saking anggènipun dados wakiling parentah wau, inggih ngrêmbag wola-wali bab piandêl punika. Kangge ngicalakên raos-raos ingkang botên prayogi ing karajan Jawi punika, prêlu sangêt mulihakên wêwênangipun para nata, têtêp dados sèlêpbêstir sayêktos, sampun namung mandhêg ing kasagahan kemawon, kêdah ngwontênakên [ngwontênakê...]

--- 134 ---

[...n] gêlar enggal (nieuwe koers). Sadhèrèk, kula sadaya mêsthi kraos, kasagahan badhe nglulusakên karajan-karajan wau, mênggahing kawontênan (feiten) dumugi sapriki botên wontên ungupipun barang-barang. Malah sampun kêrêp dados rêmbag, wêwênang dalêm nata saya dangu saya suda. Gandhèng kalihan bab punika, ing ngriki kula mêthik pamanggihipun para mahasiswa ingkang ngêmpal ing Perhimpoenan Peladjar-Peladjar Indonesia kasbut ing "Keterangan ma'loemat P.P.P.I." Jakarta 15 April 1931 nalika mabêni trajangipun P.R.I. (partenipun Radèn Mas Mr. Suripta sarta Tuwan Tabrani, makatên: Pertalian antara gouvernement dan zelfbestuur selalu berarti opperheerschappij (souvereiniteit). Souvereiniteit inipun dijanjikan dalam contract-contract. Seumumnya segala perjanjian mempertalikan dua fihak yang setuju perjanjiannya. Tetapi berpuluh-puluh contract-contract tentang Zelbesturen itu boleh dikatakan bukan berdasar rechsverhouding, melainkan machtsverhauding, artinya bukan perjanjian, melainkan paksaan, walaupun paksaan, "met een fluweelen hand" (paksaan-paksaan halus), seperti sudah dikatakan seorang penulis Belanda.

Tumrap saya sudaning wêwênang dalêm nata, punika kathah pasêksènipun, upaminipun bab sudan pajêg, ondêrnèmêng dening putusanipun pèdhêrasi gupêrnuran, inggih koprènsi wulanan punika. Kula wastani pèdhêrasi, amargi nyatanipun pancèn makatên. Narpa ngrujuki pèdhêrasi yêktosan, ingkang katata sae sarta nuju dhatêng kêmpaling praja Jawi pados kêkiyatan, nanging nyatanipun pèdhêrasi gupêrnuran punika botên makatên, inggih pèdhêrasi gupêrnuran punika ingkang dados rêmbag parêpatan ngriki, amargi botên namung sulaya kalihan pamanggihipun Narpa kemawon, nanging inggih sulaya kalihan jêjêr sakawit. Manawi botên kalêrêsan, makatên punika tumrap kawilujênganing praja, saèstu ambêbayani.

Sadhèrèk, wontênipun koprènsi wulanan punika, jêjêripun sakawit namung sarêrêmbagan, botên damêl putusan, amargi ingkang wênang mutusi punika panjênêngan dalêm nata. Kajawi punika, dangu-dangu konprènsi wau lajêng kasipat asipat. paprentahan ingkang nyêpêng panguwaos, dening anggènipun damêl putusan ingkang dipun limrahakên ing akathah. Makatên punika punapa kenging dipun wastani anggêmpal kaluhuran sarta wêwênang dalêm nata sarta inggih sulaya kalihan raos adil (rechtsgevoel) amargi dhapur botên têmên (prasaja).

--- 135 ---

Kula wastani botên têmên (prasaja) sabab jêjêripun namung sarêrêmbagan, punapa ingkang dipun rêmbag lajêng kaunjukakên ing panjênêngan dalêm nata, jêbul lajêng nglangkahi, amargi kados dipun anggêp kêdah, cacak sawêg tatanan dhapukan sarta cara-caranipun kemawon sampun sulaya, dumadakan sapunika wontên kadadosan makatên (mutus nyuda pajêg, ondêrnèmêng) manawi kalajêng-lajêng saèstu badhe botên sae sayêktos.

Sudan pajêg, ondêrnèmêng, punika prakawisipun praja Kajawèn piyambak. Ingkang wênang mutusi inggih ingkang jumênêng, wondene Mangkunagaran sarta Pakualaman ngrujuki sudan wau, punika bêtahipun ngrika piyambak, sarta wontênipun lajêng sagêd kagêrba makatên, amargi Mangkunagaran sarta Pakualaman nyalirani piyambak ing konpêrènsi punika. Sarêng panjênêngan dalêm nata botên. Kajawi punika, bêtahipun pancèn beda. Upaminipun tumrap Mangkunagaran, ondêrnèmêngipun namung satunggal, sarêng tumrap Kasunanan kathah. Kawontênanipun Pakualaman kula botên sumêrêp, namung tumrap Kasultanan, pamirêng kula sudan pajêg, ondêrnèmêng punika botên patosa damêl kiranging asil nagari.

Sadhèrèk, kados ingkang sampun kawrat ing kabar, konprènsi mutus nyuda pajêgipun ondêrnèmêng, ingkang lajêng dipun jagèkakên dening ingkang kawogan, nanging wusananipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun botên marêngakên. Sêrat kabar Mataram ngabarakên kagèting manahipun ondêrnèmêng amargi tampi anslah kados adat. Punapa lêlampahan kados makatên punika botên ambêbayani? Prasasat panjênêngan dalêm nata dipun bên, amargi sabotên-botênipun golongan ondêrnèmêng mêsthi gadhah raos botên anarimah utawi botên sênêng, awêwaton putusaning konprènsi ingkang sampun sumêbar. Ingkang botên mangrêtos dhatêng nalar-nalaripun sarta ingkang botên jêmbar pikiranipun, mêsthipun lajêng mastani awon, dhatêng sampeyan dalêm, amargi nyulayani putusan konprènsi. Môngka punika botên nama nyulayani, awit panjêngan dalêm nata botên lênggah ing konprènsi wau sarta botên mangêrtos dhatêng kadadosanipun konprènsi makatên punika nanging upami sampeyan dalêm mêksa dipun anggêp nyulayani, punika inggih sampun layak kemawon, jalaran pancèn [pa...]

--- 136 ---

[...ncèn] wênang nyulayani, wênang mutus dhatêng sadaya nalar nagari sarta kawula dalêm piyambak. Dados manawi wontên rêmbag nyulayani, ingkang nyulayani punika konprènsi wau piyambak; sulaya kalihan lêrês, sulaya kalihan raos adil, sulaya kalihan jêjêr sakawit sarta sulaya kalihan katêtêpan ingkang absah, manawi sampeyan dalêm punika satunggiling nata ingkang kagungan wêwênang sarta mêngkoni kaprabon tuwin kaluhuran. Dununging kalêpatan botên wontên sintên-sintên, nanging inggih namung wontên konprènsi punika piyambak, inggih ingkang mutus sudan pajêg punika.

Sadhèrèk, lêkas makatên punika ambêbayani sangêt tumrap adêgipun kraton dalêm sarta praja, nyuda pajêgipun ondêrnèmêng, punika atêgês ngirangi asilipun praja, dados ngengingi rakyat sadaya. Badhe nyuda pajêg makatên punika kêdah dipun larasakên kalihan kawontênanipun rakyat sarta bêtahipun praja. Dados botên kenging dipun gêgampil. Kalihdene malih, satunggal-tunggaling golongan punika sêsanggènipun kêdah botên botsih, nanging ingkang timbang. Manawi ondêrnèmêng ingkang sugih- sugih, kauntunganipun yutan (mliyunan) sarta yèn ing môngsa sae dening angsal bêbathèn yutan wau pajêgipun inggih botên mindhak, môngka sarêng ing môngsa rêkaos saking kiranging bêbathèn lajêng nyuwun sudan pajêg, sarta inggih lajêng dipun pituruti, punika harak botên laras kalihan raos adil.

Pangarsa, manawi sudan pajêg punika nyababakên saya comprèngipun arta nagari, sarta nagari lajêng ngawontênakên pajêg-pajêg anyar tumrap kawula umum, manawi dening saya awrating sêsanggèn, rakyat lajêng rumaos kados dipun pênêt, saèstu sagêd damêl rêtuning praja. Awit saking punika rakyat wênang nyuwara. Rakyat makatên botên namung gadhah kawajiban ingatasing praja kemawon, nanging ugi gadhah têtanggêlan. Manawi wontên kawajiban sarta têtanggêlan, mêsthi wontên wêwênang. Motoripun praja punika inggih rakyat umum, ingkang kathah piyambak. Mila sampun dados kasusilaning praja sarta dhêdhasaring paprentahan ingkang jêjêg, ôngka satunggal kabêtahaning rakyat punika ingkang kêdah tansah dipun galih.

Parêpatan, mangsuli putusanipun pèdhêrasi gupêrnuran bab nyuda pajêgipun ondêrnèmêng, [o...]

--- 137 ---

[...ndêrnèmêng,] miturut atur kula wau, sampun cêtha sangêt manawi sampeyan dalêm botên kacêncang dening konprènsi, têgêsipun sampeyan dalêm botên kêdah têluk dhatêng putusanipun konprènsi ingkang pancèn botên wênang damêl putusan. Mila bokmanawi wontên ingkang mêlèhakên sampeyan dalêm kawon sêtèm, amargi krajan tiga sampun mupakat, nanging salira dalêm botên, makatên punika pamanggih ingkang sasar. Kula botên mastani manawi konprènsi wau gadhah sêdya nêncang, nanging manawi ingkang sampun kadadosan punika sanès cêncangan, supados dangu-dangu sampeyan dalêm inggih lajêng marêngakên (gondhelan kaluhuran sarta adil palamartanipun panggalih dalêm ingkang sampun kontap sadonya) punika lajêng èwêd anggèn kula mastani. Punapa kenging dipun wastani anjêglong. Taksih wontên sambêtipun.

Praja Surakarta Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame Wontên Ing Rad Kawula (Volksraad)

Kabêkta sampun nyarêngi kalihan masakalanipun, wêkdal punika kathah sangêt bab-bab ing praja Kajawèn ingkang pêrlu karêmbag para wajib. Bab adêgipun pêpatih dalêm sampun dipun wiwiti karêmbag ing sêrat kabar, saking gawatipun bab-bab wau, sapunika wontên ingkang dados rêmbag guyêng wontên ing parêpatan umum rad kawula, supados para warga Narpawandawa sagêd anguningani tuwin sami anggalih dhatêng gawatipun rêmbag wau, kula pêthikakên saking sêrat kabar D.K. ôngka 94 ingkang ngêwrat sêsorahipun para warga rad kawula, tuwin wangsulanipun wakil parentah, pêthikan saking palapuran sêtenograpi ingkang taksih lugu, nanging pamêthik sarta angganipunanggènipun. anjawèkakên sadhèrèk Std. ingkang kapratelakakên wontên ing D.K. wau namung kapêndhêt wosipun kemawon, amargi sêsorahipun wau panjang-punjung sarta angèl têtêmbunganipun, dhasar rêmbagipun prakawis ingkang gawat-gawat, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Ingkang miwiti ngandika warga Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma wontên ing parêpatan tanggal kaping 14 Juli makatên:

--- 138 ---

Minôngka tutupipun sêsorah kula punika, kula ngaturi pamrayogi dhatêng parentah supados bêlèitipun tumrap para sèlêpbêstir punika dipun ewahi, ingkang atêgês nuntun murih dadosa bêstirdêrs sayêktos, ingkang lajêng adêgipun sèlêpbêstir wau dados uwat-uwatipun parentah Indhia (levenskrachtige bouwsteenen van het Ind. -staatsgebouw) tindak ingkang sajak nyingkur dhatêng para sèlêpbêstir punika kêdah dipun icali. Caranipun kêdah santun enggal, ing têmbe kêdah namung wontên wakilipun parentah Walandi satunggal ingkang mligi minôngka paranpara babagan pulitik, tumindakipun samangke punika wakilipun parentah tansah tumut cawe-cawe bab ingkang alit-alit, ingkang makatên wau nuwuhakên mêsgul (gegriefd). Parentah kêdah anjagi supados para wakilipun parentah ing Porstênlandhên punika namung para amtênar ingkang langkung tinimbang para amtênar B. B. ing sajawinipun Porstênlandhên, punika ngèngêti luhuripun para nata tuwin para sèlêpbêstir. Kados prayogi sangêt manawi parentah rêmbagan kalihan para sèlêpbêstir damêl ancêr-ancêr tatanan (vastelijn) minôngka baku pulitikipun parentah tumrap Porstênlandhên ingkang kêdah katurut dening para guprênur tuwin amtênar Walandi sanèsipun, dados botên sontan-santun.

Samantên pangandikanipun warga rad kawula Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma. Nalika parêpatan tanggal kaping 30 Juli, wakil parentah kangge kapêrluan umum, Tuwan Mr. Ir. Kiwitdhêyongê mangsuli, kados ing ngandhap punika:

Parentah maringi katrangan dhatêng pangandikanipun warga Radèn Adipati Wiranatakusuma, bilih pulitikipun parentah tumrap para sèlêpbêstir punika sampun mataun- taun parentah tansah tumindak ingkang dhapur nuntun dhatêng kamajênganipun para sèlêpbêstir (om de zelfwerkzaamheid der Zelfbesturen zooveel mogelijk te bevorderen).

Dene tumindakipun saking sakêdhik (geleidelijk) punika botên saking parentah nêdya ngrêgêm (op den achtergrond houden) para sèlêpbêstir, lugu namung ngèngêti kawontênanipun 280 sèlêpbêstirên ingkang beda-beda agêng alitipun bawah tuwin kêkiyatanipun. Wontên sèlêpbêstir ingkang kawulanipun langkung sayuta, tuwin wontên ingkang kirang saking sèwu. Wontên ingkang sampun inggil kasagêdanipun (hooge ontwikkeling) wontên ingkang dèrèng sagêd nyêrat tuwin maos (analfabeet). Ngèngêti [Ngèngê...]

--- 139 ---

[...ti] beda-bedanipun kawontênan wau, mila parentah botên sagêd damêl tatanan satunggal (vastelijn). Kados ingkang sampun asring kapangandikakakên: parentah tansah marsudi murih tindaking purun tumandang piyambak (verhooging van de zelfwerkzaamheid der Zelbesturen en Zelbestuurders), makatên ugi para wakilipun parentah tansah dipun èngêtakên supados inggih tumindak makatên.

Parentah nyanggêmi (geeft de verzekering) dhatêng R.A.A. Wiranatakusuma, pamisudhanipun para amtênar Walandi tansah ngèngêti kawontênan ing inggil wau bij de plaatsing van Europ. ambtênaren zooveel mogelijk rekening wordt gehouden met bijzondere eischen van beleid en tact, welke bij een zoodanige plaatsing gesteld behooren te worden.

Samantên wangsulanipun wakil parentah babagan umum, awit saking wangsulan wau, warga Radèn Adipati Wiranatakusuma nalika parêpatan rad kawula tanggal kaping 5 Agustus ngandika malih bab Porstênlandhên, minôngka katrangan dhatêng wangsulanipun wakil pamarentah, kados ing ngandhap punika:

Ingkang rumiyin kula matur nuwun dhatêng parentah dene sampun kaparêng maringi katrangan bilih parentah sampun mataun-taun tansah ambantu kamajênganipun para sèlêpbêstirdhêrs. Awit saking pitakènipun Interruptie wakilipun para sèlêpbêstir Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, punapa pangandikanipun wakil pamarentah wau inggih cocog kalihan nyatanipun tumindakipun, lajêng wakil pamarentah nêmênakên. Ananging kawontênan-kawontênan ingkang kasumêrêpan sakêdhik sangêt ingkang kados pangandikanipun wakil parentah kasbut nginggil. Uwohipun supados saya katingal bilih para sèlêpbêstir punika saking sakêdhik mindhak-mindhak kamardikanipun ing bab wêwêngkonipun piyambak. Ananging ing praktikipun kosokwangsul kalihan pangandikanipun wakil parentah wau. Dhatêng lurusing panggalihanipun parentah punika kula pitados, ananging ingkang sulaya (wringen) punika para amtênaripun parentah ingkang nindakakên panguwaosipun parentah, ingkang asring angèl sangêt sagêdipun nampi ingkang kula kajêngakên vastelijn punika parentah supados nêtêpakên ancêr-ancêr ingkang baku ing bab trajangipun pulitik parentah tumrap para sèlêpbêstir supados dados waton para guprênur utawi rêsidhèn. Amargi kawontênanipun [kawo...]

--- 140 ---

[...ntênanipun] samangke punika para sèlêpbêstir sami botên wuninga kadospundi ingkang kêdah katindakakên, kabêkta saking dèrèng wontên vastelijn ingkang kenging dados bakunipun pulitik parentah tumrap para sèlêpbêstir. Langkung malih dhatêng tindak ingkang botên prayogi (ontactvol) utawi nyulayani kaparêngipun parentah, punika parentah kêdah anjagi sangêt.

Makatên punika parentah luhur kêdah angawasakên sangêt, supados sampun ngantos kaluhuranipun (prestige) parentah Walandi botên risak (Ned-gezag wordt geschaad) tuwin botên nuwuhakên raos botên pitados (wantrouwen) dhatêng para sèlêpbêstir.

Para sèlêpbêstir sami gadhah gêgayuhan supados saya agêng tumindaking panguwaosipun piyambak, punika nyata, katitik saking mosinipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang ungêlipun makatên: (mosi botên kapacak ing ngriki, mindhak ngêbak-êbaki papan, mirsanana organ ôngka 8 kaca 114).

Isinipun mosi nginggil punika lêbêt sangêt (spreekt boekdeelen) kula sadaya sami mêmuji supados karsanipun parentah ingkang sae wau katindakakên ing praktik, supados saya sae gêgandhenganipun kalihan para sèlêpbêstir, makatên ugi tansah nglêksanani pun para sèlêpbêstir ingkang maton. Amargi kanyataanipun taksih kathah sangêt ingkang sulaya kalihan kaparêngipun parentah.

Makatên pangandikanipun warga Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma ing 2e. termijn.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ ôngka 8

[Asmaradana]

1. mancat padèng wukir alit / duk antawis saonjotan / wontên katingal saking lèr / pawèstri kênya têtiga / marpêki mring kawula / ing solah karya kayungyun / muwus aris manuhara //

2. dhuh priyantun kang lumaris / mugi kèndêla sakêdhap / kawula arsa têtakèn / sangking pundi kang pinôngka / mring pundi kang sinêdya / sintên sinambat sang bagus / lan punapa kang binêkta //

3. kawula warta sajati / wuwuse kênya têtiga / dhuh priyayi bagus anèm / bok inggih mugi parênga / kula nunut kewala / namung sêsarêngan laku / sarya sung liring kumilat //

4. tyas amba kumêpyur [kumê...]

--- 141 ---

[...pyur] kadi / kataman ing gunasmara / dèrèng mangsuli wiraos / katungka wontên kang prapta / têtiyang jalu sapta / wok brèsbris (dan di tempat lain). sadaya kadulu / samya musthi alugora //

5. gêgirisi sarwi angling / hèh dhik ah ko jana sudra / dom aduma tataning don / paksa sahasa sudira / arsa mèt tanpa kara / mangkya têkèng antakamu / môngsa silah anggôndraa //

6. amba gumêtêr kapati / mangsuli takèn karana / arsa pinidanèng pandon / tiyang wok brès asru mojar / têka arda walepa / kumbia ujêr satuhu / ngiwat sutèngsun wanudya //

7. mêsthi sira sun dhèdhèli / yèn bôngga katumpês pisan / makatên ingkang rinaos / tumuntên sami anendra / dalah kênya têtiga / pating gulinting sadarum / amba tan wun ing karana //

8. pamuntu ing tyas ngungun tistisLebih satu suku kata: puntu ing tyas ngungun tistis. / dupi antawis katingal / têtiyang amusthi gêmon / marpêki ing gèn kawula / muwus ngenaki manah / samangkya sampun rahayu / datan wontên kara-kara //

9. kang duskarta sampun guling / kêni ing sêsirêp ingwang / môngsa anglilira mangke / ing tigang dalu kewala / ujêr asring sikara / akarya rèh arubiru / bêbarakan panangsaya //

10. ing sabên wontên kaèksi / tiyang kesah gêgramenan / pinasangan kala wadon / kang môngka pangapus krama / mêmalading wardaya / yèn sampun kakênaning kung / duskarta parêng katingal //

11. samya mara marêpêki / gêgiri gora ing ujar / ingkang atipis manahe / wingwrin puwara katrêsan / têmah asrah bongkokan / lamun lumawan linampus / awit wus nekat pralaya //

12. kadyangganing wong upami / wong asakti môndraguna / prastita tan kewran ing rèh / asring kerut karahatan / dene wong amêmuta / mamak mupuk mung mangamuk / tan ketang pêgat ing atma //

[Mêgatruh]

1. digang digung gumunggung anggung munggungKurang satu suku kata: digang digung gumunggung anggung gumunggung. / adiguna migunani / makatên salokanipun / tiyang duskarta puniki / tan kaprah sasamining wong //

2. siningkiran kewala wêkasanipun / yèn andika wangsul malih / mêdala margi lyanipun / nadyan ngengkola sakêdhik / anggêr datan walangatos //

3. amba langkung narima sêtya mituhu / atakèn ingkang wêwangi / ngakên wasta Buyut Dhawuk / wismèng Andaka kawarti / dados kamisêpuhing wong //

4. amba lajêng prasêtya wahyaning wuwus / tan kenging supe sayêkti / kongsia turun-tumurun / rajadarwa amung darmi / inggih rêrawat kemawon //

5. Buyut Dhawuk manthuk wangsulaning wuwus / lah inggih ta mugi-mugi / sinambadanana iku / dewa ingkang ngudanèni / barang solah-bawaning wong //

6. nuntên sami sêsowangan andum purug /

--- 142 ---

lampah kawula lêstari / praptèng dhusun ing Andarung / gêgramèn sadaya laris / sami pajêngan tikêl ro //

7. wontên ingkang tikê tri pangurupipun / rêtna rukmi warni-warni / ing antawis dintên mantuk / mêdal kidul anrang wukir / lajuta dêdêr mangulon //

8. praptèng wisma sami lêstantun rahayu / inggih ngantos sapariki / wotsari têlasing atur / Ki Umbul Sakra ing Ngaglik / kalilan mundur wus morot //

9. gantya maju pêpariksan sing sapuluh / dinangu matur sajati / Sang Palaswa namanipun / dadya panêkar nagari / bawahing kabupatèn jro //

10. Arya Leka punika lêlurahipun / kala ing môngsa asuji / taun kang sampun kapungkur / kawula nuju marêngi / dhatêng ing dhusun Dhadhapbong //

11. dupi wontên ing ngriku amba kayungyun / karya saya amêmancing / dhatêng rawan narmada gung / manggèn ing silukan têrbis / sabên dina botên lowong //

12. antuk mina maneka warna gung-agung / duk antawis praptèng ari / cobaning dewa kadulu / wontên sima jog sing warih / èmpêr kados kapalorod //

13. saking nginggiling pêpangul kang amunggul / anggêbyur dipun tadhahi / dhumatêng buaya agung / têmah ukêl silih ungkih / sarap-sinarap katongton //

14. dangu-dangu sima sor karosanipun / kabêktèng dhasaring warih / winasuh-wasuh swuh rêmpu / wasana silêm tan kèksi / amba mulat gêtun jomblong //

15. dahat sangêt mitênggêngên langkung ngungun / nuntên wontên kang kapyarsi / swaraning janma ngênguwuh / dhuh anak priyantun mancing / sampun pijêr dhêlog-dhêlog //

16. dèn agupuh sumingkira saking ngriku / ing mangke kula jatèni / makatên panduking wuwus / amba umulat kaèksi / sujanma amandhi dêmon //

17. ngaso anèng ngandhaping kajêng trênggulun / tumulya ulun purugi / dupi parêk samya lungguh / ki sêpuh amituturi / makatên ingkang wiraos //

18. nuju ngênu pun anak mèh têkèng lampus / sadangune amêmancing / andika kalêbu julung / wontên bêbaya kêkalih / sarêngan dènnyarsa nyaplok //

19. kang satunggil sima mèpèt ing sêsiluk / arsa nubruk saking wuri / buaya mêmpanmêmpên. ing ranu / tumênga musthi nadhahi / mundêlik tansah angêmpos //

20. arsa narab gih maring pun anak wau / panuju kula udani / nuntên sardula ngong tulup / kêni netranya kang kering / kataman jola gro gêmprong //

21. kagêbyur ing toya katampèn ing bajul / sor karosanira kêni / kabêkta silêm ing kêdhung / andika kula tingali / pijêr anjêtung kemawon // Taksih wontên sambêtipun.

--- 143 ---

Tiyang Kalang

Sambêtipun organ ôngka 8

Mênggah têtandhinganipun tiyang kalang kalihan bôngsa candhala, punika miturut panganggêpipun tiyang Hindhu dhatêng satunggal-satunggaling golongan, kita lajêng sagêd nandhing drajadipun bôngsa kalang kalihan bôngsa candhala, sami kaanggêp bôngsa ingkang asor piyambak.

1 Sawêg namanipun kemawon sampun amratelakakên, bilih tiyang kalang punika bôngsa ingkang asor, sawênèh wontên ingkang mastani, bilih tiyang kalang punika damêlipun kalangan, angumbara, angulandara, mila kawastanan tiyang kalang punika saking balang, atêgês bucal. Wontên ingkang mastani saking garbanipun, kaalang = dipun alang-alangi, dipun palangi, botên kenging mlêbêt utawi campur kalihan golongan sanèsipun, dados bôngsa tampikan, milalah angumbara ing wana.

Lêrês lêpating panggrayangan punika botên kula rêmbag, namung sadaya punika atêgês ngêsorakên dhatêng golonganipun tiyang kalang. Têtela manawi bôngsa kalang punika bosa bôngsa. ingkang kasitah, asor piyambak, kados panganggêpipun tiyang Hindhu dhatêng bôngsa candhala.

2. Miturut dongèng-dongèng ingkang kasêbut ing nginggil, sumêrêpipun biyung utawi ibu dhatêng anakipun, saking ciri buthak utawi ing sirah. Dhêkok saking tilasing siwur, utawi enthong. Ciri punika wontên ingkang wangunipun kados suru (sendhok) mila wontên ingkang kanamakakên Jaka Suru (dongèngipun botên kawrat ing ngriki), kacariyos ciri ingkang makatên punika ugi kalêbêt cirinipun bôngsa candhala.

3. Sagawon Wayungyang punika pêpindhaning bôngsa sudra, ingkang gêsangipun kaanggêp botên têbih saking gêsanging sagawon, saking anggènipun angêsorakên, sanadyan sapunika, têmbung: asu punika inggih taksih kangge mêmisuh, saking anggènipun angêsorakên, manawi wontên tiyang mêmisuh. Asu, punika ingkang dipun tuju, botên asu suku sakawan, nanging asu suku kalih. Makatên ugi asu Bêlang Wayungyang, ingkang dipun kajêngakên inggih asu suku kalih. Taksih wontên sambêtipun.