Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 10, Kaping 29 Jumadilawal Dal 1863, Utawi Kaping 1 Oktobêr 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R. M. Ng. Purwasastra, Kusumadiningrat, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên Pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningrat, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèdhêrasi Karajan Jawi

IV

Prakawis rujukipun kadipatèn Mangkunagaran sapanunggilanipun, kula botên gadhah pamanggih punapa-punapa, kula namung nirokakên ungêl-ungêlanipun Timbul, nalika taksih dipun asta Mistêr Singgih sarta Wedyadiningratan. Sakawit gubahan ing kalawarti kasêbut sampun nyumêlangakên badhe salah kadadènipun konprènsi wau, amargi sadaya-sadaya namung gumantung wontên para gupêrnur piyambak, salajêngipun Timbul pitakèn: "Zullen nu de twee Prinsen en twee Rijksbestuurders in een conferentie zich, wanner noodig durven en kunnen verweren tegenover beide gouverneurs, bijgestaan door den resident ter beschikking in Sala en den a.r. voor agrarische zaken van Jogja?"

Pikajêngipun: punapa manawi parlu wontên ing konprènsi punika kangjêng gusti tuwin pêpatih dalêm kêkalih sagêd utawi wani mabêni gupêrnur ingkang dipun biyantu residhèn [re...]

--- 144 ---

[...sidhèn] bantuan sarta asistèn residhèn urusan siti? Ariwarti "Nieuwe, Rotterdamsche Courant" katitimasan 23 Januari 1930 nyariyosakên bilih ing wêkdal punika sampun kalamangsanipun manah dhatêng wontênipun bêbadan-bêbadan pangrêmbag kabêtahaning rakyat, dening rakyat ing Porêstênlandhên minôngka pancadan tumrap tatanan paprentahan ingkang salaras kalihan jamanipun (moderne bestuursinrichting).

Sadhèrèk, gandhèng kalihan ungêlipun Nieuwe. Rott. Crt. punika, sapunika wontên pitakenan, punapa rakyat ing Surakarta ngriki sampun kenging kawastanan dipun akêni utawi kaanggêp wêwênangipun? Dèrèng, tandhanipun badhe wontênipun bale agung têka sajak namung badhe dipun êculakên êndhasipun, nanging dipun ngondhèli buntutipun. Sarèhning sawêg badhe dipun êculakên êndhasipun, dados dèrèng dipun êculakên, môngka sampun dipun gondhèli buntutipun, punika têgêsipun sami kemawon kalihan botên barang- barang.

Mangsuli bab anggènipun sampeyan dalêm botên marêngakên sudan pajêg ondêrnèmêng, punika sampun salêrêsipun anglênggahi kaluhuraning nata sarta inggih sampun adil, mratandhani pirsa dhatêng ribêding praja ingkang sawêg kêkirangan arta. Pancèn makatên sadhèrèk, amargi botên adil punika sanès watakipun nata Jawi. Pasaksènipun kathah sangêt kasêbut ing buku-buku Jawi karanganipun para sagêd, ingkang botên prêlu kula aturakên ing ngriki satunggal-satunggal.

Pangarsa, sapunika Narpa kêdah ngantêpakên pamanggihipun bab pèdhêrasi punika sarta budidaya ewahing tatanan tuwin dhapukan pèdhêrasi cara gupêrnuran kados wujudipun samangke punika, pêthèkipun Timbul: numusi, konprènsi gupêrnuran salah kadadèn sayêktos. Samubarang ingkang salah kadadèn punika sanadyan wijinipun sae, mêsthi botên sae, saya tumrap konprènsi gupêrnuran punika. Wijinipun sampun kirang sae, môngka salah kadadèn, dados botên saenipun saya tumpuk-tumpuk.

Wontên satunggaling prayagung ingkang ngandika: bok inggih konprènsi punika dipun lajêngakên kemawon rumiyin kados wontênipun sapunika, mangke dangu-dangu rak inggih mapan piyambak. Amit-amit, pamanggih makatên punika botên laras kalihan jamanipun. Sagêd ugi wontên lêrêsipun, nanging manawi wijinipun konprènsi [konprè...]

--- 145 ---

[...nsi] punika sae. Sarêng paribasanipun kula bêtah pantun, sabin-sabin dipun wijèni pohung, punapa kula dipun pêksa kêdah nêdha pohung?. Pamanggih makatên punika kenging kemawon manawi tumrap bêtahipun satunggal-tunggaling tiyang. Awon saening wohipun, ingkang nanggêl piyambakipun piyambak. Sarêng ngrêmbag kabêtahaning praja, manawi wohipun awon, punika ingkang nanggêl utawi katiban dhênggung rakyat umum.

Sapunika coba kula dumukipun wiji-wiji ingkang kirang sae punika:

1. Dhapukanipun botên laras kalihan pikajêng sarta sêsanggêmanipun gupêrmèn badhe ngiyatakên adêgipun sèlêpbêstir sarta nênuntun sagêdipun bawa piyambak, inggih punika dening campuranipun para gupêrdurgupêrnur. dalah saandhahanipun. Bôngsa kula sampun langkung 300 taun têka namung dipun tuntun kemawon, punika punapa dipun anggêp tansah dèrèng matêng? Kadospundi sagêdipun kasumêrêpan mêntah lan matêngipun, manawi tansah dipun tuntun thok, botên dipun coba? Kajawi punika, wontênipun gupêrnur saandhahanipun ing konprènsi punika namung damêl pakèwêd sarta kirang mardikanipun ingkang sami lênggah ing pêpanggihan ngriku. Manawi tiyang pakèwêd ngêdalakên pamanggih amargi wontên pêpalang ingkang andayani, pikiranipun botên sagêd gêsang, awit gêsanging pikiran punika manawi gampil mêdalipun. Ingkang langkung kula prihatosakên, dening pakèwêd sarta kawon prabawa, manawi gupêrnur gadhah pamanggih punapa-punapa, gandhèng kalihan pêthèkipun Timbul, ingkang sami lênggah ing konprènsi cêpak sangêt mupakatipun. Beda manawi pamanggih punika botên sakal dipun ajêngakên ing ngriku, wontên dalêm sagêd manggalih rumiyin ngantos lêbêt.

2. Tatananipun kula sadaya sami botên sumêrêp. Ngakathah pêrlu kêdah nyumêrêpi. Wontênipun agendha (pratelan ingkang badhe karêmbag) inggih botên wiwit adêgipun, nanging dipun susulakên.

3. Tatanan punapa utawi pundi ingkang dipun rêmbag inggih boya wontên. Upami sampun wontên, kula sadaya inggih botên sumêrêp, dados botên nyumêrêpi watês-watêsipun.

4. Botên wênang mutus, lajêng damêl putusan. Môngka satunggaling bêbadan makatên manawi gadhah wênang damêl putusan, mêsthi kêdah wontên tatananipun mênggahing sêteman. [sê...]

--- 146 ---

[...teman.] Tatanan punika botên wontên. Manawi sampun wontên, ingkang wênang gadhah suwara (sêtèm rèh) punika sintên, utawi cara sêteman punika kadospundi? Ngakathah inggih botên sumêrêp malih.

5. Upami mawi tatanan sêteman sarta manawi sêtèmipun botên namung mupakat thok, punika sampun nama botên laras, amargi konprènsi punika sanès bêbadan ingkang gadhah wênang damêl putusan, nanging namung rêrêmbagan.

6. Nadyan ta namung rêrêmbagan thok ingkang nyatanipun sapunika botên makatên, konprènsi gupêrnuran punika kêdah santun tatanan, inggih punika mligi konprènsinipun para sèlêpbêstir utawi wêwakilipun, botên mawi campuranipun gupêrnur saandhahanipun, sarta manawi sampun makatên, konprènsi inggih botên wênang mutus, wêwênang mutus kêdah wontên astanipun panjênêngan dalêm nata, kajawi manawi dangu-dangu lajêng sagêd majêng, ingkang salajêngipun wakil utusan dalêm nata sampun ngêmban dhawuh dalêm (mawi mandhat).

7. Wontênipun wara-wara (communique) dhatêng pèrês, punika inggih kêdah dipun manah rumiyin.

Pangarsa, bab ingkang alit-alit botên parlu kula andharakên, upaminipun kabar ingkang kula mirêngi, bilih ing suwau konprènsi punika mawi kêmbul dhahar barang, amargi punika prakawis rèmèh, nadyan inggih botên mathuk kalihan adêgipun konprènsi. Sadhèrèk kula aturi galih piyambak, tiyang ngrêmbag prêluning praja sinambi dhahar eca punika harak inggih anèh, samantên wau manawi kabar ingkang kula mirêngi punika nyata.

Sadhèrèk, wosing pamanahan, ingkang baku inggih saya ngêsukipun konprènsi ingkang wijinipun sampun kirang sae punika.

Awit saking punika, konprènsi wau kêdah dipun santuni tatanan ingkang sae, apêsipun kados aturipun Narpawandawa. Manawi botên makatên, aluwung dipun suwak kemawon.

Pangarsa, parêpatan, botên namung santana sarta kawula dalêm kemawon, nanging sadhengah tiyang saha bôngsa ingkang taksih gadhah raos kabangsan, mêsthi botên rila dhatêng curêsipun kraton ingkang sarana lampah namung tansah dipun suda kaluhuran sarta [sar...]

--- 147 ---

[...ta] wêwênangipun ingkang jumênêng, samantên ugi ebah-ebahan kabangsan.

Ing dalêm pangèsthi nuju kamardikaning bôngsa tuwin siti wutah rah, tumrap ebah-ebahan kabangsan, nanggulangi tindak-tindak ingkang sulaya kalihan raos adil (rechtsgevoel) sarta sulaya kalihan lêrês, punika kalêbêt dados kawajiban. Môngka wontên saperanganing bôngsa ingkang kataman tindak ingkang kados makatên, punika mêsthi dipun mrinani. Sintên ingkang kataman? Upami sawêga sampeyan dalêm piyambak, sarèhning panjênêngan dalêm nata punika inggih bôngsa Jawi, inggih kêdah dipun mrinani, saya manawi tindak makatên punika lêlajênganipun ngengingi rakyat sarta ingkang lajêng sagêd damêl ribêding praja.

Pangarsa, sadhèrèk! Anggèn kula sadaya dening wontênipun nalar ingkang kados matênmakatên. punika awrat. Punika kêdah sami kula sumêrêpi, awrat amargi manah lêlampahaning praja ingkang kenging kabasakakên sawêg salêbêtipun sungkawa. Sampun dados kawajiban kula sadaya kêdah nyambut damêl sêsarêngan budidaya beratipun sungkawa wau. Nadyan wohing pambudidaya kirang utami, botên sampurna, nanging ngèngêtana pangandikanipun Prabu Krêsna dhumatêng Arjuna, wontên ing Têgal Kurusetra, nalika sang sinatriya nglumpruk bayuning angga dening ajêng-ajêngan kalihan kadang sarta gurunipun piyambak makatên:

Hèh Arjuna sira majua! Nêtêpana wajibing satriya, satriya mono dadi panutaning ngakèh. Nêtêpi wajibe dhewe iku nadyan kurang sampurna nanging luwih utama tinimbang nêtêpi wajib tumrap liyan kang sulaya karo batine dhewe!

Sadhèrèk, kacandhia pangandikanipun Prabu Padmanaba punika sarta sumôngga nguyêgakên rêmbag dalu punika. Sagêda nyatunggalakên suwara, inggih suwaranipun wandawaning nata sarta kawulaning praja ingkang sawêg nandhang sungkawa.

Pangarsa, kula matur nuwun!

Praja Surakarta Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame Wontên ing Rad Kawula (Volksraad)

II

Nglajêngakên pamrêtalipun sadhèrèk Std. rêmbag- rêmbag ing rad kawula babagan [babaga...]

--- 148 ---

[...n] praja Kajawèn (minôngka sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 9) wangsulanipun wakil pamarentah Tuwan Mr. Ir. H. J. Kiewiet de Jonge dhatêng warga R. A. A. Wiranatakusuma, nalika tanggal kaping 8 Agustus 1932 makatên:

Tuwan Wiranatakusuma rumaos bingah, (erkentelijk) dhatêng wangsulanipun parentah. Ananging kagungan panggalihan bilih bêlèitipun parentah wau dumugi sapriki botên wontên nyatanipun. Panjênênganipun ngajêng-ajêng supados kamardikanipun para sèlêpbêstirên punika sagêd kanyataan sayêktos.

Anggènipun rêndhêt tumindakipun punika pamanggihipun Tuwan Wiranatakusuma botên saking bêlèitipun parentah, ananging saking para amtênaripun.

Tuwan pangarsa, parentah pitados saha yakin, bilih amtênaripun ing pundi-pundi (overal) dados inggih ugi ingkang lêlayanan kalihan para sèlêpbêstirên, sami nêtêpi kuwajibanipun kalayan têmên-têmên saha sae (naar beste vermogen en inzich hun plicht doen) ananging manawi nyata wontên bêlèitipun (hun beleid) ingkang kamanah sulaya punika prayogi kadumuka tindak ingkang pundi, wontên ing papan umum (in openbaar) punapa karêmbag piyambakan (onderhands, feitenwaarden gesteld). Amargi manawi namung makatên kemawon (vage aanduidingen) punika sagêd ugi panggalihanipun Tuwan Wiranatakusuma inggih makatên, tumrapipun parentah mokal sagêdipun nyukani wangsulan tuwantuwin. rêrêmbagan (niet mogelijk, in discussie tetreden).

Parentah ngambali kasagahanipun, bilih rêgèrêng tansah amanah dhatêng ajênging kamardikanipun para sèlêpbêstirên, ingatasipun bab-bab ingkang kagalih sagêd katindakakên dening para sèlêpbêstirên wau (haar streven is de zelfstandingheid van de zelfbesturen voorzoover die door de zelfbesturen gedragen worden, kan zooveel mogelijk te ontwikkelen) makatên ugi ing ngriki pêrlu kula têrangakên malih, bilih parentah anggatosakên sangêt (met belangstelling heeft kennis genomen) dhatêng mosinipun pakêmpalan Narpawandawa ingkang sampun kawaos Tuwan Wiranatakusuma.

Gandhèngipun kalihan bab sèlêpbêstirên punika Tuwan Suwangkupon ngrêmbag bab wontênipun landsgrooten. Ananging bab punika prayogi karêmbag wontên ing apdhèling IV inggih punika dhepartêmèn B. B. (pangrèh praja).

--- 149 ---

Samantên kirang langkung wangsulanipun wakil parentah tumrap babagan umum nalika tanggal kaping 8 Agustus 1932 minôngka wangsulan dhatêng warga Radèn Adipati Wiranatakusuma.

Sarèhne botên wontên 3e. termijn mila rêmbag bab punika ing algêmènê bêskowêngên namung kacuthêl samantên.

Minôngka lajênganipun, ing parêpatan rad kawula nalika Kêmis sontên (malêm Jumuwah) 11 Agustus kapêngkêr punika, ngrêmbag bêgrutêng dhepartêmèn pangrèh praja (B. B.) ing ngriku wontên warga kalih ingkang ngrêmbag bab-bab tumrap Porstênlandhên, inggih punika Bandara Kangjêng Pangeran Adiwijaya kalihan Radèn Mas Wiwaha. Sêsorah wau badhe sami kapacak ing organ wulan ngajêng. Namung organ wulan punika parlu dipun isèni pêrtalan rêmbag-rêmbagipun para warga ing parêpatan sèksi (Sectie- vergadering) ingkang kawrat ing afdeeling-verslag bagean pangrèh praja (B. B.) sarta wangsulanipun parentah ingkang kawrat ing memorie van antwoord Departement B. B. kados ing ngandhap punika:

Ing kaca 4 (onderwerp 1. Afd. IV.stuk 6) bab reorganisasi Porstênlandhên wontên pitakènipun para warga makatên:

Badhe ewahipun tatanan praja (bestuursreorganisatie) ing Porstênlandhên punika para warga nyuwun katrangan. Warga sawatawis manah botên prayogi, manawi dipun wontêni regeeringscommisaris satunggal ingkang badhe manggèn ing Batawi utawi Bogor. Badhe wontênipun tatanan enggal wau parentah punapa inggih nêdha rêmbagipun para sèlêpbêstirên?

Bab punika parentah mangsuli ing memorie van antwoord (ond.1.afd.IV; stuk 7) makatên:

Niyatipun parentah bab tatanan enggal wau, dèrèng sagêd maringi katrangan sapunika.

Ing artikêl 4,10, sèlêpbêstirên (kaca 38) apdhèling pêrslah isi pitakenan makatên:

Kasuwun malih supados parentah masrahakên panguwaos kantor babagan siti [si...]

--- 150 ---

[...ti] (agrarische zaken) dhatêng abdinipun sèlêpbêstirên. Uwohipun (practische resultaten) reorganisasi ingkang sampun, punika punapa sagêd kalajêngakên, tot verdere stappen zullen leiden?) para warga wau sami èngêt bilih amtênaripun guprêmèn ingkang kapurih nyêpêng kantor A. Z. kala samantên namung kangge sawatawis môngsa (tijdelijken maatregel) ingkang mawi kasagahan badhe enggal kapasrahakên dhatêng sèlêpbêstirên. Sanadyan kasagahan wau sawatawis taun kapêngkêr dipun akêni, ewadene sapriki kantor A. Z. wau taksih wontên panguwaosipun amtênar B. B. Walandi.

Pitakenan punika dipun wangsuli parentahing memorie van ontwoord makatên:

Uwohipun tatanan enggal kantor A.Z. dumugi sapunika botên kados pangajêng-ajêng kita. (niet aan de verwachtingen beantwoord).

Jalaran saking botên wontên ingkang cakêp (ontbreken van een geschikte kracht) tuwin kêdah nglajêngakên pangiridan wragad-wragadipun kantor A.Z. mila bab badhe masrahakên panguwaos kantor wau dhatêng amtênaripun sèlêpbêstir punika botên sagêd (niet te verwachten).

Ing apdhèling pêrslah wontên pitakenan: kadospundi niyat badhe ngawontênakên rad-rad ing Porstênlandhên (adviseerende raden).

Wangsulanipun parentahing mêmori phan anwurd: bab punika taksih dados panggalihanipun para sèlêpbêstirên (in overweging bij de zelfbesturen). Makatên ugi ngèngêti wragadipun, (redenen van financieelen aard) dados dèrèng kantênan, punapa para sèlêpbêstirên wau enggal sagêd ngawontênakên bale agung wau.

Ing apdhèling pêrslah wontên pitakenan: punapa sababipun wontên putra dalêm kasultanan ingkang sampun yuswa sapriki dèrèng kawisudha dados pangeran. Parentah mangsuli ing memori phan anwurd makatên: wisudhan pangeran punika wontên panguwaosipun ingkang sinuhun kangjêng sultan piyambak. Sarèhne punika gayutan sipilêlèis, mila botên sagêd karêmbag umum ing ngriki. Namung ingkang gayutan arta praja (Sultanaatsbegrooting) sawêg dados panggalihanipun parentah, bab punika dèrèng sagêd katêrangakên ing ngriki.

Dumugi samantên ingkang gayutan bab-bab ing karajan Jawi.

--- 151 ---

Turunan

Ôngka: 83/380

Pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, sasampunipun nampèni sêrat saking Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, katitimangsan kaping 18 Mèi 1932 ôngka 29/2 ha V sarta sasampunipun sarêmbag kalihan parêpatan pangrèh nalika tanggal kaping 30 Mèi 1932.

Anamtokakên

I. Anglilani pamundhutipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara botên dados pangarsaning panitya ngudi wontênipun pitulungan, dhatêng para santana dalêm ingkang lola: amargi sampun kathah wajib pandamêlan ingkang katindakakên.

II. Radèn Mas Tumênggung Atmadipura anggêntosi dados pangarsaning panitya kasêbut nginggil wau, dene warganipun 1. Radèn Mas Ngabèi Sasrakusuma, 2. Radèn Ngabèi Mangunwicitra, 3. Radèn Mas Sapardi, 4. Radèn Mas Wirya Saputra.

III. Kêkancingan punika minôngka ewah-ewahaning kêkancinganipun pangrèh, katitimangsan kaping 20 Agustus 1932, ôngka 55/331.

Turunanipun kêkancingan punika katur B. K. P. H. Purbanagara, sarta para panitya kasêbut ing nginggil wau sadaya supados uninga salajêngipun katindakakên saparlunipun.

Kasêrat kaping 16 Juli 1932.

Mudha pangarsa, Wg. Kusumayuda

Panitra II, Wg. Purwasastra.

Putri Narpawandawa

Nalika ing dintên malêm Akat tanggal kaping 20/21 Agustus 1932 pakêmpalan Putri Narpawandawa damêl parêpatan warga, wontên ing dalêm Wuryaningratan, para warga saha para tamu ingkang sami rawuh watawis 150. Wanci jam 8 sontên, pangarsaning panitya Putri Narpawandawa B. R. Aj. Wuryaningrat, amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Nuwun para sadhèrèk, awit saking namaning panitya Putri Narpawandawa, ngaturakên panuwun dhatêng panjênêngan sadaya, dene sampun kaparêng marlokakên rawuh parêpatan [pa...]

--- 152 ---

[...rêpatan] punika. Pancènipun rêmbag dalu punika, namung bêtahipun para putri ingkang sampun malêbêt warga Putri Narpawandawa, amargi parlunipun badhe ambibarakên adêging panitya, lajêng anêtêpakên adêging pangrèh, mênggah anggènipun nyêdhahi sanès warga, kajawi kaaturan anjênêngi, ugi dipun suwuni pangèstu dhatêng adêging pangrèh wau, sagêda widada botên wontên satunggal punapa, sokur panjênêngan lajêng sami kaparêng malêbêt dados warga pisan. Sabibaripun parêpatan kenging pratela dhatêng panitra. Sarèhning Putri Narpawandawa sawêg nama katêmbèn damêl parêpatan, bokmanawi wontên kakirangan saha kêmbanipun, mugi sampun kirang ing pangaksama.

Sadhèrèk, sadèrèngipun miwiti pilihan pangrèh, panitra badhe anêrangakên malih, tujuning pakêmpalan Putri Narpawandawa, supados saya têrang botên angwontênakên sônggarunggi sarta salang-sêrêping panggalih. Awit saking punika parêpatan kula bikak.

Panitra Putri Narpawandawa R. Aj. Sukirsa lajêng majêng sêsorah kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, parêpatan dalu punika kula kapatah kalihan panitya supados ngandharakên tujunipun Putri Narpawandawa. Bab punika sayêktosipun sampun kaandharakên kala nyarêngi parêpatan Narpawandawa, nanging inggih botên wontên awonipun, manawi dipun aturakên malih, supados ingkang katêmbèn rawuh sagêda pirsa.

Sadèrèngipun kula ngaturakên tujunipun, P.N.W. bokbilih mangke wontên klèntuning pamanggih tuwin kithaling têtêmbungan, kula nyuwun pangaksama.

Nuwun mênggah adêgipun P.N.W. punika sajatosipun saking rekadayanipun pangrèh Narpawandawa, anggènipun badhe ngajêngakên putra santana dalêm putri. Mênggah panggalihanipun N.W. badhe ngajêngakên para putri wau, saking pangintên kula botên namung tiru-tiru, utawi rikuh, dupèh golongan èstri sajawining santana sampun anggadhahi pakêmpalan kangge lantaran ngajêngakên, nanging anggèning ngêrtos lampahing jaman, saha kraos saèstu, mênggah majêng saha saening kawontênan, punika sagêdipun rikat saha sae kêdah majêng sêsarêngan, inggih punika golongan kakung nyambut damêl sêsarêngan kalihan golongan putri, tumindak nêtêpi kawajibanipun [kawa...]

--- 153 ---

[...jibanipun] piyambak-piyambak. Sasagêd-sagêd anjôngka sagêdipun nêtêpi ungêl-ungêlan: rukun agawe santosa. Mênggah tujunipun P.N.W. punika kenging dipun ringkês:

Badhe ngajêngakên karukunan lan sagêda nêtêpi kuwajibanipun putri.

Dene lampah-lampahipun sagêdipun kadumugèn ing sêdya wau, kados badhe ngandhar-adhar manawi kula pratelakakên ing ngriki satunggal- satunggal. Namung sampun têmtu, manawi sadaya ingkang badhe katindakakên, botên nyulayani tujunipun N. W.

Kajawi punika kados pêrlu kula aturakên bokmanawi wontên ingkang ngudaraos:

Punapa pêrlu para putra santana dalêm putri ngawontênakên pakêmpalan? Mangke gèk namung badhe nandhingi kakungipun, pangudaraos wau kula ajêngakên wontên ing parêpatan P. N. W. supados sampun ngantos warganipun Putri Narpawandawa kathukulan wiji kados makatên, ingkang wêkasanipun andadosakên kirang prayogi, saha ngribêdi lampah, manawi wontên warga ingkang gadhah tindak makatên, punika sanès kajêngipun pakêmpalan, nanging saking kajêngipun tiyangipun piyambak. Kintên kula manawi golongan putri sampun sami jêmbar kawruhipun lair batos, têmtu botên purun tumindak makatên, jalaran ngêrtos kawajibanipun èstri. Mila pancèn inggih gawat pakêmpalan èstri punika, langkung malih tumrap sadhèrèk ingkang nyêpêng tuntunaning pakêmpalan èstri. Namung kemawon sanajan angèla ingkang kados punapa, kanthi sucining manah, eling lan waspada, sadaya ingkang ngalang-alangi têmtu badhe botên tumama.

Ing ngriki kula pêrlu ngaturi katrangan dhatêng pangudaraos ingkang kula aturakên ing nginggil, katêrangan kula: pancèn pêrlu dipun wontênakên pakêmpalanipun para putra santana dalêm putri, jalaran sarana bêbadan punika ugêr botên kalèntu panyêpênging tuntunanipun badhe andayani agêng, inggih punika:

1. Sagêd ngewahi saha nata kawontênan ingkang kirang prayogi. 2. Ngajêngakên golongan èstri ingkang laras kalihan jamanipun. 3. Ngrakêtakên sêsrawunganipun para putra santana dalêm putri.

--- 154 ---

4. Anggampilakên sêsambêtanipun kalihan pakêmpalan èstri sanèsipun nyambut damêl sêsarêngan. 5. Anggampilakên bajongan kawruh, kangge anjêmbarakên sêsêrêpan. 6. Anggampilakên tulung-tinulung ingatasipun gêsang bêbrayan.

Awit saking punika saking pamanggih kula, namung sarana pakêmpalan wau ingkang sagêd ngandêlakên dhatêng raos sih lan trêsna, ingkang kabaripun wontên ing tindak tulung-tinulung, upaminipun ngawontênakên pasinaon babagan kagunan tangan (anwèrêk) nyukani pandamêlan dhatêng santana dalêm èstri ingkang kacingkrangan, kapurih damêl pirantos utawi prabot, nyukani pitulungan dhatêng santana dalêm ingkang kasisahan.

Kajawi punika ingkang langkung pêrlu ingatasipun P.N.W.

I. Ngluhurakên asma dalêm saha karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Pitakenanipun: kadospundi caranipun ngluhurakên? Punika sagêd dipun gambarakên dados manawi kula badhe damêl saening kawontênan, langkung rumiyin kula kêdah nyumêrêpi, punapa ingkang dados cacading kawontênan wau. Manawi sampun kêpanggih lajêng kabucal, dipun santuni ingkang sae, sampun têmtu sagêd sae. Makatên ugi caranipun, ngluhurakên asma saha karaton dalêm, langkung rumiyin kêdah nyumêrêpi punapa ingkang damêl sudanipun kaluhuran dalêm, upaminipun kirang saening (utamining) tindak saha pambêganipun santana dalêm, punika kamanah sagêd damêl kirang sae tumrap asma saha kaluhuran dalêm, lajêng dipun dadosna, kados makatên, inggih punika nêtêpi kaputrènipun, supados sagêd nambahi kaluhuraning asma dalêm saha kuncaraning karaton dalêm.

II. Kêdah mangêrtos, punapa ta kawajibanipun kaum ibu? Manawi botên dipun raosakên sajakipun ènthèng, nanging mênawi dipun raosakên ingkang lêbêt, niyat badhe nêtêpi kuwajibanipun tiyang èstri, botên ènthèng, amargi

1. Sae tuwin awoning tiyang gêgriya punika gumantung wontên tiyang èstri.

2. Ingatasipun anggulawênthah lare, saperangan agêng gumantung wontên ibu, amargi namung ibu ingkang ajêg nungkuli putranipun. Awit saking punika awon lan sae, asor utawi luhuring bêbudèn saha gêgayuhanipun lare punika, [puni...]

--- 155 ---

[...ka,] prasasat gumantung wontên ibunipun. Mila rancanganipun panitya P. N. W. ingkang badhe katindakakên langkung rumiyin damêl kursus- kursus kangge para ibu, inggih punika: mudhêr kursus = pasinaon kuwajibaning biyung.

Ing ngriku badhe mulangakên bab panggulawênthah lair batos, supados kita kaum ibu sasampunipun mangêrtos saha nindakakên piyambak sagêd mulang putranipun kanthi pratitis.

Minôngka panutuping atur kula ing ngriki kula pêrlu ngaturi uninga dhatêng para putri tuwin kakung bilih P.N.W. botên badhe damêl risaking tiyang jêjodhoan, malah badhe anggayuh katêntrêman.

Toya Gêsang Utawi Maulhayat

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8

Tumuntên Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Garodharaja: he Garodharaja, kapriye panêmunira mungguh prakara iku.

Sang Garodharaja munjuk: gusti, saking pamanggih kawula pancèn prayogi sangêt, manawi sampeyan dalêm karsa ngunjuk maulhayat punika, supados sagêd sugêng botên mawi nandhang gêrah salaminipun, sabab sêsakit punika pancèn mêngsahing badan. Sampun kathah rekadayaning manungsa ingkang nêdya kaangge nêbihakên sêsakit, anamung saprika-sapriki dèrèng wontên ingkang sagêd manggihakên sarana ingkang kaangge nulak sêsakit. Môngka sêsakit punika manawi anglêrêsi manggèn ing badan, raosipun botên sakeca. Prakawis punika, sadaya titah inggih sampun sami sumêrêp.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng andangu dhatêng Sang Singaraja: he Singaraja, kapriye panêmunira mungguh ature raja jim iku: maulhayat bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Sang Singaraja munjuk: gusti, saking pamanggih kawula inggih prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maulhayat, supados sampeyan dalêm wangsul dados ênèm malih, sarta mindhak endah warna dalêm, tur badhe botên sêpuh-sêpuh ngantos dintên kiyamat. Anamung sajatosipun, kawula punika botên patos limpad ing kawruh, [ka...]

--- 156 ---

[...wruh,] sami-sami bêbujêngan asuku sakawan ingkang dados andhahan kawula, pun landhak punika ingkang limpat sangêt, ngungkuli sasaminipun bêbujêngan. Ingkang punika mugi wontêna karsa dalêm andangu dhatêng pun landhak.

Kangjêng Nabi Suleman andangu: si landhak saiki ana ngêndi, dene ora ana katon sewaka ana ing ngarsaningsun.

Singaraja amangsuli: gusti, pun landhak mêmpên wontên ing salêbêting êsongipun.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng dhawuh dhatêng kapal titihanipun: he, jaran, mara enggal timbalana si landhak, kerida ing salakunira. Kapal matur sandika sarwi nêmbah, lajêng mundur saking pasewakan, murugi panggenanipun pun landhak. Sarêng sampun dumugi sangajênging songipun pun landhak, lajêng andhawuhakên timbalaning ratu gustinipun, makatên: he, landhak, aku ngêmban timbalane kangjêng nabi, ratuning kutu-kutu walang ataga, kowe didhawuhi sowan saiki uga, kerida ing salakuku. Mulane aja klayadan, enggal ayo dak irid.

Landhak amangsuli saking salêbêting êsong: sang kuda, kula katimbalan ing ratu gusti kula, yèn ing waktu samangke kula dèrèng sagêd sowan, mênggah konjukipun dhatêng sang prabu, murih botên andadosakên dukanipun, kula sumanggakakên ing sampeyan. Pun kapal botên sagêd amêksa dhatêng pun landhak, lajêng wangsul sowan ing ngarsanipun kangjêng nabi, ngaturakên salampahing dinuta. Sarta anggènipun munjuk, botên dipun kirangi utawi dipun wêwahi. Kangjêng Nabi Suleman duka lajêng dhawuh dhatêng sagawon: he sona, sira ingsun utus, timbalana si landhak, kerida salakunira, aja tan ora, yèn ora gêlêm karananing apik, sira wasesaa. Yèn mêksa bôngga rampungana. Sagawon nêmbah lajêng mundur saking pasowanan, lampahipun ngèjèg amurugi panggenanipun pun landhak. Sadumugining sangajêngipun êsonging landhak lajêng jugug anggègès kalihan wicantên mawi sumbar-sumbar makatên: he, landhak, aja tambuh, têkaku ing kene iki diutus Kangjêng Nabi Suleman, ratuning Masrik Magrib, ratuning kang sarwa kumêlip ing alam donya, ratuning bôngsa lêlêmbut lan bôngsa gaib-gaib, ratu wicaksana linuwih, adil ora lêlemeran. Aku ngêmban dhawuh animbali kowe kerida ing salakuku. Yèn kowe mogok ora gêlêm sowan, mêsthi kowe bakal wêruh marang krodhaku. [kro...]

--- 157 ---

[...dhaku.] Kapriye saiki karêpmu, gêlêm sowan krananing apik apa ora.

Pun landhak mirêng wicantênipun sagawon, manahipun nratab. Enggal-enggal mêdal saking ing êsong lajêng tumut salampahing sagawon, sadumugining ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman lajêng sujud, sirahipun konjêm ing siti, rumaos ing lêpatipun, botên sagêd kumêcap.

Kangjêng nabi taksih mangku duka, andangu dhatêng Sang Singaraja: he, singa, kêpriye, kok gèsèh karo aturira. Sira matur mratelakake yèn si landhak pinunjul ing kalantipan. Ingsun timbali, nalika kang ingsun utus si jaran, si landhak ora gêlêm têka. Môngka jaran iku padha-padha sato asikil papat, mulya dhewe. Barêng kang ingsun utus si asu, banjur sumrinthil bae. Môngka asu iku padha-padha sato kalêbu asor.

Singaraja lajêng andhawuhakên pangandikanipun Kangjêng Nabi Suleman wau dhatêng pun landhak. Landhak lajêng amangsuli atur dhatêng Sang Singaraja: ki lurah, sangêt kaluhuran dhawuh pangandikanipun kangjêng nabi punika. Anamung mugi andadosakên kawuninganipun ki lurah. Sadaya-sadaya punika wau akanthi wêwaton ingkang êsah. Nalika kula tampi timbalan ingkang kaêmban dhatêng pun kapal, manah kula botên ngêdhap, botên uwas, sabab kula sumêrêp, bilih kapal punika sae sarta burus manahipun, tur têmên, saatur-atur kula tamtu dipun unjukakên lugu kemawon. Botên dipun wêwahi, botên dipun kirangi, anamung pun sagawon punika botên makatên. Sagawon punika asor budènipun, awon manahipun. Kula kuwatos, bokmanawi atur wangsulan kula botên dipun aturakên lugu dhatêng kangjêng nabi. Kula kuwatos bokmanawi anggènipun ngaturakên wau mawi dipun wêwahi utawi dipun kirangi, tamtu sagêd adamêl bêndunipun kangjêng nabi, ingkang tundonipun sagêd adamêl tiwasing badan kula, jalaran lajêng manggih pidana ingkang kabêkta saking anggènipun ngamandaka utawi damêl-damêlipun sagawon. Pramila sarêng sagawon andhawuhakên timbalanipun kangjêng nabi, kula lajêng enggal-enggal sowan.

Kangjêng Nabi Suleman têtela pamidhangêtipun dhatêng wangsulanipun pun landhak dhatêng Sang Rajasinga, lajêng ngandika dhatêng landhak: he, landhak, ingsun wus miyarsa têrang marang wangsulanira marang Si Singabarong. Ing samêngko ingsun mundhut rêmbugira kapriye mungguh panêmunira [pa...]

--- 158 ---

[...nêmunira] marang ature raja jim iku bab maulhayat kang diunjukake marang ingsun. Apa bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Landhak amangsuli atur: gusti, tamtunipun sampeyan dalêm sampun ngawuningani mênggah kasiyatipun maulhayat punika. Manawi sampeyan dalêm ngunjuk maulhayat punika pancèn saèstu badhe botên seda salaminipun ngantos dintên kiyamat, sarta botên badhe nandhang gêrah ing salaminipun. Punika sadaya prakawis ingkang sae- sae, anamung inggih wontên prakawis ingkang botên sae, ingkang mijil saking kasiyat wau.

Kangjêng nabi andangu: apa alane.

Landhak amangsuli atur: gusti, mênggah botên saenipun makatên, sarèhne sampeyan dalêm sagêd angsal kasiyatipun maulhayat, tamtu inggih lajêng badhe sagêd sugêng ngantos dintên kiyamat. Anamung pramèswari dalêm ingkang sampeyan dalêm sihi, badhe ngrumiyini seda. Makatên ugi putra wayah dalêm, sarta para abdi dalêm mantri ingkang sampeyan dalêm sihi, inggih sami ngrumiyini sowan ing pangayunanipun Pangeran. Sabên -sabên panjênêngan dalêm badhe asring angraosakên kacuwan ingkang tanpa kêndhat, lajêng karaos kantun anggana wontên ing ngalam donya. Lah punapa sakecanipun gêsang ingkang makatên punika. Punapa pikantukipun gêsang ingkang miyambaki makatên punika.

Kangjêng Nabi Suleman midhangêtakên atur wangsulanipun landhak ingkang makatên wau sakalangkung rêna panggalihipun. Tuwung ingkang isi toya gêsang lajêng dipun asta, kadhawahakên ing ngarsanipun, satêmah pêcah. Toya gêsang amblabar lajêng sirna.

Dumugi samantên cariyos bab awon tuwin saenipun toya gêsang utawi maulhayat tumrapipun manungsa. Sapunika badhe nyariyosakên bab Kangjêng Nabi Suleman, miturut panganggêpipun tiyang Yahudi, tuwin tiyang Nasara sarta tiyang Arab.

Taksih wontên sambêtipun.