Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 11, Kaping 2 Rêjêb Dal 1863, Utawi Kaping 1 Nopèmbêr 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên Pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Gupêrnur Surakarta- Ngayogyakarta, Badhe Kadadosakên Satunggal

(Sêsorahipun R.M.Ng. Sasrakusuma, wontên ing parêpatan umum Narpawandawa, nalika tanggal kaping 20/21 Juni 1932).

Kula nuwun, awit saking pamatahipun pangrèh pakêmpalan Narpawandawa, ing dalu punika kula kadhawuhan murwakani ngrêmbag bab wontênipun pawartos anggènipun Surakarta saha Ngayogyakarta badhe kadadosakên gupêrmèn satunggal. Ambukani ngrêmbag satunggiling bab ingkang botên gampil sarta gawat punika, kula pancèn awrat nyandikani, awit rumaos dèrèng kaconggah, dening sapisan sasêrêpan kula taksih nyamut-nyamut, kaping kalihipun ingatasing sêsorah kula punika sajatosipun sawêg katêmbèn, ananging sarèhning pangrèh adrêng nêtêpakên dhatêng kula supados ngandharakên bab punika, tuwin pangrèh inggih sampun narimah sasagêd-sagêd [sasa...]

--- 160 ---

[...gêd-sagêd] kula, amila inggih lajêng kula lampahi, amung kemawon manawi ing mangke wontên kithaling têtêmbungan kula para sadhèrèk sampun ngantos kirang ing pamêngku. Sadèrèngipun kula miwiti punapa ingkang badhe kula aturakên, kula ngaturakên gênging panuwun dhatêng pangrèh anggènipun sampun mitados dhatêng kula ngrêmbag bab ingkang botên gampil wau.

Parêpatan, wontênipun pangrèh karaya-raya damêl parêpatan umum dalu punika, awit saking wontên rêmbag-rêmbag ingkang wigatos, parlu dados panggalihanipun para sadhèrèk sadaya. Punapa ingkang karêmbag dalu punika pangrèh angajêng-ajêng sagêda muyêg pangrêmbagipun para sadhèrèk ingkang salajêngipun nyênyadhang dhatêng putusaning parêpatan dalu punika.

Sadhèrèk, panjênêngan sadaya mêsthinipun sampun mirêng bilih wêkdal punika parentah gupêrmèn sawêg kêkirangan arta, awit saking punika lajêng damêl rekadaya warni-warni kangge nyampêti kêkiranganipun arta wau. Kadospundi panjêritipun para ingkang sami kataman pangiridan wau, para sadhèrèk têmtu botên kêkilapan. Saking dêrêngipun tindak pangiridan wau, ngantos sajakipun parentah gupêrmèn botên sagêd nêtêpi samêsthinipun ingatasipun praja dhatêng kawula inggih punika upaminipun wontênipun sudan (inkrimping) tumrap pangajaran (Onderwijs). Mila inggih botên anèh bilih pakêmpalan kawula lajêng damêl aksi warni-warni. Kawontênan kados ing samangke punika bokmanawi inggih sawêg sapunika. Saking kawêkènipun parentah gupêrmèn kadospundi mênggah anggènipun badhe nyampêti kêkiranganipun arta wau, ngantos lajêng ngawontênakên bêsènêging komisi. Ingkang kapatah nyinau kadospundi badhe tumindakipun pangiridan, ingkang salajêngipun kadhawuhan ngaturakên palapuran kanthi pamrayogi-pamrayogi ingkang kenging kagêm ular-ular. Wiwit wontênipun komisi wau ing ngriku lajêng tuwuh panggalihan badhe angewahi tatanipun pangrèh praja Walandi ing karajan Jawi, awit kawontênan samangke punika mênggah cara daganganipun kagalih kawisên. Wontên pamirêng makatên wau sêrat- sêrat kabar lajêng ngrêmbag ngantos judhêg, ananging pamanggihipun warni-warni.

Pamanggihipun Timbul, karsanipun parentah gupêrmèn kados makatên wau tumuju dhatêng [dha...]

--- 161 ---

[...têng] ancas pèdhêrasi saha ontvoogding (inggih punika ngêculakên tuntunanipun tumrap dhatêng parentah Jawi, supados ing têmbe sagêd bale griya piyambak tanpa pitulunganipun sanès). Kajawi punika dipun cariyosakên ing samangke pancèn sampun wancinipun ing Porstênlandhên dipun wontêni pangrèh praja Walandi ingkang cacahipun namung sakêdhik, ananging ingkang nyêkapi yêktos dhatêng gulat-gulêtipun Porstênlandhên, namung kemawon sarèhning mangsanipun ing samangke taksih kados makatên, amila pamanggihipun Timbul, ing sapunikanipun cêkap dipun wontêni gupêrnur satunggal kemawon rumiyin, ingkang padununganipun sataun wontên ing Sala, sataunipun malih wontên ing Ngayogya (ngolah-ngalih), dados manawi gupêrnur pinuju wontên ing Sala, Ngayogya namung dipun wakili residhèn, kosokwangsulipun manawi gupêrnur pinuju wontên ing Ngayogya, ing Sala ngriki namung wontên residhèn. Benjing manawi mangsanipun sampun sae, lajêng ngawontênakên gupêrnur satunggal wakilipun parentah gupêrmèn ingkang padununganipun (Regeeringszetel) wontên ing têngah-têngahipun Sala, Ngayogyakarta upaminipun ing Prambanan. Dene ing Sala tuwin ing Ngayogya dipun wontêni residhèn kabantokakên gupêrnur ingkang nindakakên padamêlan padintênan sêsambêtanipun kalihan para nata Jawi. Gandhèngipun padintênan para nata Jawi dados inggih namung lajêng kalihan residhèn punika.

Surabaya andhêl sêblad ingkang mêdal kala tanggal kaping 6 wulan Mèi kapêngkêr punika inggih wontên gêgubahan ingkang wosipun ngrujuki dhatêng tuju ngêmpalakên Surakarta saha Ngayogyakarta wau, inggih punika karanganipun Z. ingkang malah mawi angalêmbana tuwin gupêrnur Van Helsdingen anggènipun nyambut damêl yêktosan badhe wontênipun tatanan anyar punika. Gubahan punika sairib kemawon kalihan Timbul, amung kemawon dèrèng anggadhahi wawasan piyambak, tatanan kados punapa utawi ingkang kadospundi ingkang prayogi piyambak katindakakên, namung ing ngriku ngunculakên pamanggih- pamanggih ingkang sampun nate dipun mirêngi, inggih punika:

1. Lêstari gupêrnur kalih, ananging nyuda cacahing residhèn saha asistèn residhèn. 2. Gupêrnur satunggal ingkang ugi mawi nyuda cacahing andhahanipun. 3. Residhèn kalih (Sala satunggal Ngayogyakarta satunggal) sumusup guprênur tanah Jawi [Ja...]

--- 162 ---

[...wi] Têngah.

Lokomotip ingkang mêdal nalika tanggal kaping 26 Mèi kapêngkêr, punika ôngka 119 martosakên bilih miturut aneta (aneta wau miturut Mataram) ing sapunikanipun gupêrmèn sampun nêtêpakên bilih salèrèhipun gupêrnur Surakarta saha Ngayogyakarta sapunika, panggalihan tatanan anyar wau kêdah kalajêngakên, ing ngriku wontên panggalihan warni kalih inggih punika:

1. Gupêrnur satunggal, residhèn satunggal, ingkang pamanggènipun botên wontên padununganipun gupêrnur (sagêd ugi punika inggih lajêng badhe ngolah-ngalih lintu panggenan).

2. Residhèn kalih sami sumusup Regeeringscommissaris ingkang pamanggènipun sajawining Porstênlandhên.

Darmakôndha ôngka 116 ingkang mêdal nalika kaping 28 Mèi kapêngkêr punika wontên gubahan ingkang ngrêmbag ugi bab punika.

Wosing karangan wau nyariyosakên bilih majêng utawi munduripun parentah Jawi punika botên gumantung wontên pangkatipun wakiling parentah gupêrmèn, ananging wontên pulitikipun ingkang nindakakên tatanan anyar punika namung mligi badhe nyuda wêdaling arta parentah gupêrmèn. Ing ngriku lajêng nyariyosakên anggènipun panguwaosipun parentah Jawi punika saya dangu saya suda.

Darmakôndha ôngka 66 ingkang mêdal nalika tanggal 16 wulan punika inggih wontên gubahan ingkang ngrêmbag bab punika. Ing ngriku nyariyosakên bilih badhe wontênipun tatanan anyar punika amung satunggiling politieke-zet kangge anjagi têtiyang ing Vorstenlanden ngriki, langkung malih para ingkang kawakan. Kajawi punika kacariyosakên ugi bilih bab punika kawula umum sakêdhik sangêt sêsambêtanipun. Nata Jawi jumênêngipun mawi dipun sisihi wakiling parentah gupêrmèn utawi botên punika sanès bakuning kabêtahanipun kawula. Ing ngriku Surakarta anggènipun sudaning cacahing gupêrnur punika sajak dipun gondhèli, ingkang lajêng wontên pitakenan, rèhning wontênipun gupêrnur kalih punika sajakipun dipun bêtahakên sangêt dening para nata Jawi, saupami wragadipun kangge balônja gupêrnur kalih saandhahanipun wau lajêng dipun purih nyanggi parentah Jawi, kadospundi, ing pungkasanipun ngandharakên bilih kaluhuranipun nata Jawi punika botên gumantung sintên-sintên, [sintên-si...]

--- 163 ---

[...ntên,] ananging wontên ing panjênêngan dalêm nata piyambak, dados wontên tumindakipun paprentahan Jawi piyambak.

De Nieuwe Vorstenlanden ingkang mêdal nalika 27 wulan Mèi kapêngkêr punika botên ngrujuki badhe wontênipun tatanan anyar wau, sarta nukarta tindakipun parentah gupêrmèn, manawi tatanan anyar punika kalampahan, têgêsipun parentah gupêrmèn lajêng badhe nindakakên Centralisatie malih, amargi decentralisatie ingkang katindakakên sapunika botên sagêd tumindak kalihan sae. Saking pamanggihipun De Nieuwe Vorstenlanden wau, pancènipun kêdah botên namung angèngêti dhatêng badhe ewahing tatananing paprentahan praja kemawon, ananging inggih ngèngêti dhatêng pakèwêd-pakèwêd ingkang gandhèng kalihan adêging kraton Jawi. Kajawi punika tatanan anyar wau têmtu botên badhe malah ngirid, ananging sagêd ugi ngorot-orot.

Sêdyatama ôngka 126 wontên karangan ingkang ugi botên nyondhongi dhatêng badhe wontênipun gupêrnur satunggal punika, manawi tatanan wau ngantos nyudakakên kaluhuranipun para nata Jawi. Ing ngriku dipun cariyosakên pakèwêd-pakèwêdipun gandhèngipun kalihan kaluhuraning nata, upaminipun:

Manawi kalampahan gupêrnur satunggal utawi Regeeringscommissaris, ingkang pamanggènipun wontên sajawining Vorstenlanden utawi sajawining kitha karajan, bilih dintên agêng Jawi gupêrnur utawi Regeeringscommissaris wau têmtu botên sagêd sowan ing kraton. Nanging kosokwangsulipun manawi dintên agêng Walandi upaminipun taun raja, nata Jawi mêsthi kêdah rawuh ing gupêrnuran sêsarêngan (Surakarta-Ngayogyakarta). Makatên punika lajêng sagêd winastanan gupêrnur botên gadhah wajib sowan ing kraton, ananging nata Jawi ingkang lajêng kagungan wajib sowan ing gupêrnuran. Ingkang lajêng gadhah têgês kaplorotipun kaluhuraning nata Jawi. Awit saking rawuhipun para nata Jawi ing gupêrnuran sêsarêngan wau, rèhning gupêrnuripun namung satunggal ing môngka nata Jawi wontên kalih mêsthinipun lênggahipun gupêrnur lajêng wontên têngah dipun apit-apit nata Jawi kalih, kawontênan kados makatên punika andadosakên saya katingalipun asoring nata Jawi. Kosokwangsulipun saya ngluhurakên drajading gupêrnur.

--- 164 ---

Kajawi ingkang kula aturakên ing ngajêng, bab punika miturut D.K. ôngka 54 pakêmpalan kawula ing Ngayogyakarta (P.K.N.) inggih sampun anggadhahi kênthêling pamanggih (standpunt); wosipun P.K.N. botên badhe ambiyantu karsanipun gupêrmèn badhe nyuda cacahing gupêrnur ing Vorstenlanden punika, dene bilih karsanipun makatên-makatên wau namung gadhah suraos badhe ngirid wêdaling arta, prayogi kawangsulakên kados rumiyin kemawon. Ngayogya lan Surakarta lastari katuntun dening para Zelfstandige residhèn. Manawi wontên rêmbag ingkang parlu-parlu tumrap dhatêng gupêrmèn panjênêngan dalêm nata lajêng sêsambêtan piyambak kalihan ingkang wicaksana G.G.

Parêpatan! Miturut suwaranipun sêrat-sêrat kabar tuwin sanès-sanèsipun, sadaya wau dhapukan tatanan anyar punika kenging kula gêrba wontên wini 6, inggih punika:

1. Gupêrnur satunggal, residhèn kalih. Gupêrnur pamanggènipun wontên sajawining kitha karajan, residhèn minôngka wakilipun gupêrnur (Timbul).

2. Gupêrnur satunggal, residhèn satunggal pamanggènipun ngolah-ngalih (Timbul, Mataram, Lokomotip).

3. Residhèn kalih sumusup gupêrnur tanah Jawi Têngah (Soer: Handsbl).

4. Residhèn kalih sumusup Regeeringscommissaris (Regeeringscommissaris wau pamanggènipun wontên sajawining Vorstenlanden) (Lokomotip of Mataram).

5. Gupêrnur kalih kados sapunika ananging cacahing residhèn saha asistèn residhèn kasuda. (Surabaya: ha).

6. Residhèn kalih kados lami (P.K.N.).

Taksih wontên sambêtipun.

Praja Surakarta-Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame, Wontên Ing Rad Kawula (Volksraad)

(Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 10)

Wontên ing parêpatan rad kawula nalika tanggal kaping 11 Agustus 1932 warga Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kirang langkung ngandika makatên:

--- 165 ---

Nalika ngrêmbag bêgrutêng dhêpartêmèn yustisi taun kapêngkêr kula gadhah rêmbag kalih bab, kapisan bab wangsulipun pangadilan ing Porstênlandhên dhatêng karajan Jawi (Vorstenbestuur) kalihipun bab rangu-ranguning (twyfel) manah kula (staatsrechtelijke juistheid) punapa sampun salêrêsipun panguwaos maringi pangapuntên (gratie) dhatêng para ingkang kaukum dening pradata agêng ing Surakarta punika wontên ngastanipun Tuwan Bêsar G. G. Kala samantên sampun dipun dhebat muyêg wakil parentahing 2e termijn ngandika bilih bab punika prayogi karêmbag ing bab umum, utawi pangrèh praja. Mila bab wau kula rêmbag malih, supados lajêng wontên putusanipun ingkang marêmakên.

Atur kula kala samantên wosipun wangsulipun pangadilan dhatêng karajan Jawi punika minôngka anglêrêsakên tindak, ingkang adil. (daad van rechtsherstel) amargi punika nyulayani prajangjianipun parentah kalihan sang nata ingkang jumênêng sapunika, (ingaat tegen de bepaling van de met den huidigen regeerenden Vorst gestoten overeenkomst) miturut prajangjian katitimangsan kaping 25 Marêt 1893 artikêl 1 namung nyaèni pulisi kalihan pangadilan, punapadene pradata ("de verbetering der politie en jutitie en van de rechtspraak"). Dados botên mundhut pangadilan. Ananging parentah botên kaparêng mangsulakên pangadilan wau, ingkang jalaran ing ngriku kagalih botên wontên ingkang bêtahakên. Overdraacht wau upami wontêna ingkang ambêtahakên, makatên ugi bab panguwaos maringi pangapuntên (gratierecht) punika parentah awaton saking het recht van de opperheerschappij.

Supados cêtha kula nyuwun dhatêng wakil parentah supados kaparênga mirsani rêmbag-rêmbag wau ing Handelingen taun kapêngkêr kaca 230, 394, 486 tuwin 444 kala samantên kula inggih sampun ngaturakên kalayan cêtha kanthi waton-waton, wakiling parentah inggih nganggêp waton-waton wau. Ing sayêktosipun ugi wontên ingkang ambêtahakên wangsuling pangadilan wau, sarta ing bab punika wontên ing sajawining rad kawula ugi sampun kêrêp karêmbag anggènipun narimah dhatêng kawontênan sapunika kados ingkang sampun kapratelakakên dening wakiling parentah babagan pangadilan, punika botên atêgês rujuk.

Gandhèng kalihan bab punika kula èngêt dhatêng wangsulanipun wakil parentah bab Gouvernementsbedrijven nalika 7 Juli 1932 dhatêng warga Tuwan Insinyur Mohamad Nur

--- 166 ---

bab nyambut subsidhi Knilm bilih kontrak punika kêdah dipun têtêpi ("Contrac-tueeleverplichtingen zijn voor de Regeeringsgemachtigde gebiedend") awit saking punika kula ngajêng-ajêng supados parentah kaparêng mangsulakên pangadilan dhatêng karajan Jawi, nêtêpi janji kadosdene pangandikanipun wakil parentah G.B. kasbut nginggil.

Bab panguwaos maringi pangapuntên dhatêng tiyang ingkang kaukum dening pradata agêng, punika pamanggih kula têtêp kados atur kula taun kapêngkêr. Malah samangke kula manggih tuladha ingkang ngiyatakên pamanggih kula wau, inggih punika ing artikêl 16 (2) ondhêrwèrêp 18 (bab Militaire landsdienaren) ungêlipun makatên: anjawi ingkang kasbut ing adêg-adêg kapisan, ingkang kuwaos bênum upsir ingkang dipun non antip punika kêdah inggih namung ingkang maringi non antip wau.

Ngèngêti nginggil punika, sampun cêtha, manawi ingkang kagungan panguwaos maringi pangapuntên punika inggih namung sahandhap sampeyan dalêm piyambak, amargi ingkang nyuwun pangapuntên punika kaukum dening pradata agêng ingkang tumindak adil saking ngêmban panguwaos ingkang sinuhun, kados atur kula kala nyêlani rêmbagipun wakiling parentah babagan pangadilan bilih zelbestuur punika kenging dipun têgêsi anyakêp sadaya panguwaosing parentah Kajawèn, ingkang dèrèng kalumuntakakên dhatêng gupêrmèn, môngka panguwaos punika dèrèng kalumuntakakên, dados sampun botên kenging dipun bantah malih, bilih ingkang kagungan panguwaos maringi pangapuntên punika inggih namung sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana piyambak.

Awit saking punika kula pitados tuwin gadhah pangajêng-ajêng supados parentah cêtha dhatêng panguwaosipun maringi pangapuntên (gratie) makatên ugi wakil parentah punika kaparêng matur bab punika dhatêng parentah kanthi timbangan ingkang sae. Ingkang kasêbut ing Memorie van Antwoord bab pitakèn badhe wontênipun ewah-ewahan tatanan pangrèh praja ing Vorstenlanden ingkang sampun dados rêmbag rame wontên sajawining rad kawula, punika parentah dèrèng sagêd maringi katêrangan, ingkang makatên wau.

Kula rumaos eman (betreur) dene bab badhe wontênipun bestuursreorganisatie [bestuursreorgani...]

--- 167 ---

[...satie] ing Porstênlandhên punika parentah mangsuli dèrèng sagêd maringi katrangan. Awit saking punika ing batos kula pitakèn, punapa parentah inggih gadhah niyat nata enggal, utawi punapa saking dipun damêl wados sangêt, kados paribasan sukêt godhong ora krungu. Manawi makatên yêktos, kula manah botên prayogi (niet verstandig). Amargi tindak makatên punika nuwuhakên raos rangu-rangu (onzekerheid) tuwin ajrih manawi katanggor kados ingkang sampun asring kalampahan, sumêrêp-sumêrêp lajêng sampun dados. Raos ajrih punika mèmpêr manawi ngèngêti kawontênanipun (toestanden en verhoudingen) ing Porstênlandhên. Mila ing ngriki kula ambali malih, manawi parentah kagungan karsa punika kaparênga nyuwun katrangan rumiyin dhatêng para nata Jawi kadospundi pamanggihipun. Cara makatên langkung prayogi tinimbang mangke kadadak mawi cara saèmpêr rêrêmbagan, (schijnoverleg) ingkang nyatanipun sampun botên sagêd dipun ewahi malih. Dados para nata kagungan kamardikan kangge maringi rêmbag (gelegenheid tot meeningsuiting) botên sajak wontên raos namung mêksa (overhalen en opdringen). Nanging kêdah ingkang ngantos yakin sayêktos, tindakipun kêdah sarana alus (zachtheid) sarta adhêdhasar angaosi panguwaosipun para nata Jawi, amargi inggih kêdah makatên tandukipun dhatêng para nata Jawi, sampun lajêng kasamèkakên kadosdene konpêrènsi kadhistrikan tuwin sasaminipun.

Manawi rêmbag-rêmbag wau kadamêl wados, punika sagêd nuwuhakên raosipun para kawula, ingkang badhe botên sae kadadosanipun, kadosdene pakêmpalan Narpawandawa, damêl musi bab punika. Bab punika kula tampi tilgram saking pakêmpalan wau isi panuwun.

Santun rêmbag bab ingkang wêkdal sapunika sawêg dados rêmbag ing Porstênlandhên, bab kantor agrarisêsakên ing Surakarta supados kawangsulakên panguwaosipun dhatêng karajan Jawi.

Kula rumaos gumun sangêt, dene wangsulanipun parentah ing memorie van antwoord dhatêng bab mangsulakên panguwaos kantor A. Z. dhatêng amtênar sèlêpbêstir botên kenging dipun ajêng-ajêng (niet te verwachten) jalaran uwohipun reorganisasi botên kados pangajêng-ajêngipun parentah, botên wontên tiyang ingkang kaanggêp sagêd [sa...]

--- 168 ---

[...gêd] nindakakên, tuwin kêdah ngirid waragad kantor.

Tuwuhing pitakèn kula, punapa sababipun kantor wau botên kados pangajêng-ajêngipun sakawit, punapa saking pangajêng- ajêngipun wau kinggilên, punapa opzet tipun rumiyin botên sae, punapa saking ingkang nyêpêng kantor wau awon, punapa ingkang ngulat-ulatakên (toezicht) ingkang awon.

Bab pangajêng-ajêng kasbut nginggil (verwachtingen), botên badhe kula rêmbag ngriki amargi punika namung parentah piyambak ingkang sagêd manggalih, bab punika botên nate karêmbag wontên ing Surakarta.

Dene opzet tipun punika manawi kula botên kalèntu, sakawit panguwaosipun kaasta piyambak dening sèlêpbêstir, namung sarèhning rumiyin dèrèng wontên ingkang kaanggêp sagêd nindakakên, mila kapasrahakên rumiyin dhatêng amtênar B. B. Walandi, ingkang atêgês muruki dhatêng amtênaripun sèlêpbêstir enggala kenging dipun pasrahi nyêpêng kantor wau muruki ingkang supados sagêd dipun pasrahi kantor wau punapa inggih dipun udi sayêktos?

Ing parêpatan tanggal kaping 15 Juli 1927 kula nate cariyos ing ngriki, punapa inggih niyat kasbut nginggil wau kaudi sayêktos, amargi ing kantor wau botên wontên titik-titikipun bilih niyat mulang dhatêng abdinipun sèlêpbêstir kadadosakên rumiyin ajung kontrolir ingkang têmbe sagêd nyêpêng kantor wau. Sabên wontên lowongan ajung namung tansah bôngsa Walandi ingkang kabênum, kala samantên wangsulanipun wakil parentah Kangjêng Tuwan Maas Geeteranus (Handelingen blz. 1156 zittingsjaar 1927-'28) ajung kontrolir Walandi kasuwun dipun gêntosi abdinipun zelbestuur punika parentah inggih sampun rujuk, mila dhawuhipun dhatêng para residhèn kadhawuhan ngudi sagêdipun kalampahan. Saking pamanggih kula wangsulanipun parentah wau atêgês ngakêni, ingkang badhe dipun gêntosi abdi zelfbestuur punika dalah pangagêngipun pisan (leiding van het kantoor) jêr punika opzet tipun reorganisatie.

Dumugi sapriki opzet wau sampun mèh 20 taun, ewadene dèrèng ewah. Inggih lêrês sampun wontên, ajung kontrolir satunggal kalih ingkang dipun gêntosi, nanging dèrèng sadaya. Manawi alêsanipun parentah punika pangiridan, kados prayogi sangêt, sadaya ajung Walandi dipun santuni Jawi abdinipun sèlêpbêstir, [sèlê...]

--- 169 ---

[...pbêstir,] punika sagêd.

Wangsulanipun parentah kawrat ing Memorie van antwoord dèrèng wontên tiyang ingkang kaanggêp cakêp dados pangagênging kantor A.Z. punapa Radèn Tumênggung Côndranagara botên geschikt? Toh piyambakipun ugi wêdalan pamulangan luhur, academie kados pangagêng kantor samangke punika, tuwin sampun dangu dados ajung kontrolir ing kantor ngriku, kula akêni manawi ngêmungakên opleiding kemawon botên kenging kaangge ukuran (moetstof) kacakêpanipun, batos kula punapa inggih kanthi têmên-têmên anggènipun maringi kalonggaran sagêdipun Radèn Tumênggung Côndranagara ngatingalakên kacakêpanipun dados pangagêng kantor A. Z.

Mèh 20 taun niyatipun muruki supados amtênar sèlêpbêstir kenginga dipun pasrahi nyêpêng kantor wau. Dene bilih dumugi sapunika satunggal thil kemawon dèrèng wontên ingkang kaanggêp nyêkapi (geschikt) punika pamanggih kula dede awonipun ingkang dipun tuntun, nanging ingkang nuntun (leiding) tuwin anggènipun nyinau (opleiding) ingkang botên sae (iets niet in orde). Punapa ingkang awon punika sanès toezicht ipun?

Sarèhne sampun mèh 20 taun kacêpêng amtênaripun guprêmèn, môngka dèrèng kados pangajêng-ajêngipun sakawit, mila sampun prayogi sangêt manawi kantor wau kapasrahakên dhatêng abdinipun sèlêpbêstir supados sagêd ngatingalakên kacakêpanipun.

Sapunika ngrêmbag Tuwan Côndranagara ingkang wêkdal punika sawêg pêrlop sinau dhatêng ing Eropah. Punapa sababipun Côndranagaran kapurih pêrlop? Môngka karsa dalêm ingkang sinuhun badhe kadhawuhan anggêntosi nyêpêng kantor A. Z.? kesahipun (verwijdering) Côndranagaran punika (van dien man) punapa atêgês paring dhawuh (duidelijke wenk) botên kaanggêp geschikt nyêpêng kantor A.Z.?

Wontên algêmènêbêskowêngên Tuwan Wiranatakusuma ngrêmbag bab tindakipun parentah ingkang niyatipun ngluhurakên para sèlêpbêstirên, punika kula rujuk sangêt, makatên ugi wangsulanipun wakil parentah kangge kapêrluan umum, jêr wakil parentah babagan umum, sampun nate dhawuh mangsuli pitakenan kula karsanipun parentah nênuntun Zelbesturen sagêdipun nyambut damêl piyambak (Zelf werkzaamheid)

--- 170 ---

badhe katindakakên saèstu. Mila prayogi sangêt wiwit sapunika parentah karsa arêmbagan kalihan para sèlêpbêstirên damêl ancêr-ancêr pulitikipun parentah tumrap karajan Jawi wau, ingkang botên kenging dipun ewahi manawi botên wontên pêrlu ingkang wigatos sangêt. Amargi kawontênanipun para sèlêpbêstirên ing tanah Jawi tuwin sajawining tanah Jawi, samangke punika sami botên gadhah cêcêpêngan pulitikipun parentah ingkang maton, wontênipun namung gumantung dhatêng panggalihanipun para amtênar B.B. Walandi wakil parentah ing panggenan ngriku. Asring kemawon wakil parentah ing karajan Jawi wau ngewahi tatanan damêlanipun ingkang dipun gêntosi, tatanan ingkang sampun sarêmbag kalihan para nata Jawi, mila panyuwun kula parentah kaparênga nyêthakakên pulitikipun, makatên malih panyuwun kula pulitikipun wau sagêda ajêg.

Tutupipun sêsorah kula punika, sarèhne parentah ugi anggalih dhatêng pamrayoginipun sawatawis warga, supados panyadean sarêm ugi kapasrahakên dhatêng gêmintê saha rêgènsêkap, kula ngèngêtakên supados ing Porstênlandhên panyadean sarêm wau ugi kapasrahakên dhatêng para karajan Jawi.

Adêgipun Pêpatih Dalêm

Ing sêrat kabar Sêdyatama ingkang mêdal nalika kaping 1 Oktobêr punika ôngka 227 wontên gêgubahanipun sadhèrèk Sêngkuni, mêdharakên pangunguning manahipun, dene Narpawandawa sarta P.K.N. botên nate ngrêmbag bab adêgipun pêpatih dalêm (sanès saliranipun, nanging pangkatipun) môngka ing sêrat-sêrat kabar tuwin ing rad kawula sami sampun nyuwara ingkang botên lirih, dipun kintên bilih pakêmpalan kêkalih wau sami botên kuwawi angebahakên. Kaupamèkakên panjênêngan dalêm nata wau tiyang gêgriya, nanging botên kenging nguwaosi batihipun, dene ingkang murba misesa batih wau tiyang sanès, dados tumrap panjênêngan dalêm nata tansah kataman ing panggalih ribêd, amargi rumaos nanggêl karaharjaning wêwêngkonipun, nanging botên sagêd tumindak sapanggalih dalêm, têgêsipun manawi sae dèrèng têmtu dipun anggêp saking panjênêngan dalêm nata, nanging manawi wontên awonipun tumut kalepetan. Tumrapipun pêpatih dalêm piyambak rêkaos [rêkao...]

--- 171 ---

[...s] sangêt tumindakipun, sabab rumaos dados warangkaning nata kanthi kaparingan blônja kathah, kapatêdhan panguwaos agêng, nanging botên kenging mêsthi miturut punapa sadhawuhipun panjênêngan dalêm nata. Kajawi punika pêpatih dalêm wau mawi kapatah ngulat -ulatakên panindaking panjênêngan dalêm nata anggènipun ngasta pusaraning praja, rêkaosipun pêpatih dalêm, dening tansah èwêd-pakèwêd.

Nitik rêmbag-rêmbag ing rad kawula, adêging pêpatih dalêm samangke punika gupêrmèn dèrèng karsa ngewahi, sarèhning makatên pamanggihipun sadhèrèk Sêngkuni prayogi dipun tata sakêdhik kemawon malih, inggih punika: bab ribat-ribêt sarta tindak-tandukipun anggèning pêpatih dalêm ngêmudhèni praja, dumugi sapriki dèrèng wontên wêwatonipun sapintên ingkang dipun kuwaosi, awit manawi ingkang dipun turut wau namung adat, adat makatên sontan-santun. Amila murih saenipun tumrap praja, prayogi dipun watonakên kemawon kados usul pamanggihipun kumisi garap kantor Kapatihan nalika taun 1920, pundi ingkang kapatêdhakakên dados panguwaosipun pêpatih dalêm, sarta pundi ingkang taksih dipun asta ing panjênêngan dalêm nata piyambak. Pamanggihipun sadhèrèk Sêngkuni, ingkang wontên ngastaning nata punika bab-bab ingkang agêng-agêng kemawon, ingkang magêpokan adêging praja, upaminipun: bab têtêp pocotipun para pangagêng, ewah sudaning panguwaos sarta ewah sudaning bawah sasaminipun, dene sanèsipun bab punika lajêng têtêp dados panguwaosipun pêpatih dalêm. Manawi kalampahan katata makatên kados sampun nama cêkapan tuwin sampun sagêd ngicali èwêd-pakèwêd, liripun: tumindakipun pêpatih dalêm sampun sagêd prigêl, botên tuna dungkap malih, tumrap panjênêngan dalêm nata nama taksih gandhèng kalihan praja. Tutuping gêgubahanipun sadhèrèk Sêngkuni, nyuwun dhatêng pangrèh Narpawandawa sarta P.K.N. mugi kaparênga anggalih, kados wontênipun bale agung tuwin pèdhêrasi ing praja Kajawèn.

Ing sêrat kabar Darmakôndha ingkang mêdal kala kaping 5 Jumadilakir Dal 1863 ôngka 114 sadhèrèk Mr. Goedhart nguruni rêmbag prakawis matêsi wêwênangipun pêpatih dalêm, kangge imbêt panggalihanipun pangrèh Narpawandawa sarta P. K. N. wosipun ingkang dados jêjêr rumêksa karaharjaning praja punika panjênêngan dalêm nata (ratu),

--- 172 ---

ing môngka adêgipun sampun kacancang ing prajanjian (kontrak) dados kêdah namung nêtêpi punapa saungêling prajanjian. Manawi namung nêtêpi punapa saungêling prajanjian kemawon ing pangintên botên patos makèwêdi dhatêng rumêksaning kawula, nanging sarêng sadaya tumindakipun kêdah sarujuk kalihan gupêrnur, la punika lajêng nama kacancang kaping kalih, ewadene mêksa wontên cancangan malih inggih punika anggènipun panjênêngan dalêm nata botên wênang mocot abdinipun, kados wujudipun, ingkang nindakakên praja punika abdi dalêm pangrèh praja, wiwit bupati sapangandhap punika têtêp pocotipun kêdah sarêmbag kalihan gupêrnur utawi residhèn, dados jumênêngipun panjênêngan dalêm nata wau sajatosipun lajêng tanpa têgês, tumrap adêgipun pêpatih dalêm kawontênan kados punika saèstunipun inggih rêkaos sangêt, dening rumaos dipun abdèkakên, kaparingan balônja kathah, kaluhuran ingkang inggil piyambak, sarta kapatêdhan panguwaos ingkang agêng sangêt, nanging botên kêdah miturut kaparêngipun ingkang ngabdèkakên, malah kawajiban ngulat-ulatakên tumindakipun ingkang ngabdèkakên.

Kawontênan kados makatên punika pamanggihipun sadhèrèk Mr. Goedhart manawi botên tumuntên dipun ewahi manut strooming aliyas nuting jaman kalakone, akintên lôngka bilih wontên ingkang kadugi nglampahi nindakakên pandamêlan patih ing têmbe wingkingipun, amargi sakêdhik ingkang menginakên tur nyulayani dhatêng kautamèning kaluhuranipun.

Lêlajênganipun sadhèrèk Mr. Goedhart mêwahi wêwaton ingkang pêrlu taksih kaasta ing panjênêngan dalêm nata piyambak, kajawi prakawis umum ingkang pêrlu-pêrlu, inggih punika manawi nagari badhe nyambut arta, punika kêdah têrang ing panjênêngan dalêm nata. Dados panjênêngan dalêm ratu ingkang jumênêng katingal nyambut damêl sayêktos tumraping praja, sarta pêpatihipun inggih lajêng botên kadho-kadho anggènipun nindakakên, labêt saking sampun wontên pinta-pintaning pandamêlan, pundi ingkang wênang kaputus piyambak, lan pundi ingkang namung sacumadhong dhawuh. Awit manawi taksih kados kawontênan sapunika, kamanah gampil sangêt nuwuhakên pandamêl pitênahan warni-warni ingkang tundonipun botên andamêl saening praja, sabab bilih angsal patih ingkang pêng-pêngan, ratunipun sagêd dipun rêgêm kadadosakên dheosan, [dheo...]

--- 173 ---

[...san,] kosokwangsulipun manawi ratunipun botên rujuk dhatêng pun patih, tansah nuwuhakên rèwèl, dening dèrèng cêtha sapintên panguwaosipun patih wau tumrapipun praja, kathah malih panunggilanipun kangge nyalangi tumindak pitênahan wau, sadèrèngipun wêwênanging patih dipun watêsi. Pungkasanipun sadhèrèk Mr. Goedhart ngèngêtakên kalihan manah badhe ngadêgipun bale agung, nagari inggih kêdah mulat dhatêng ebahing jawi, sampun ngantos katalompèn wêwênangipun gêkolêgês, karajan Jawi prayogi tumuntên dipun tata ing sapêrlunipun, sarta mrayogèkakên pakêmpalan ingkang trêsna dhatêng adêging karaton Jawi pêrlu sami tumut rêrencang.

Wontên malih gêgubahanipun sadhèrèk pambêngung, kawrat ing Darmakôndha wêdalipun nalika tanggal kaping 10 ugi Jumadilakir punika ôngka 116, sakawit sadhèrèk pambêngung ngalêmbana sangêt dhatêng kawaskithanipun kumisi garap kantor Kapatihan, dene usulipun pancèn pratitis sarta uitvoerbaar. Inggih nama kêsangêtên bilih nata sae dhatêng badanipun piyambak, botên gêgandhengan kalihan sanèsipun kemawon wontên ingkang ngalang-alangi. Sabab sanadyan pêpatih dalêm wau kalampahan kados panyuwunipun B.K.P.H. Adiwijaya tuwin K.R.T. Dr. Wedyadiningrat, kala samantên, inggih punika lajêng mligi kados limrahing abdi dalêm, têgêsipun têtêp pocotipun kaasta ing panjênêngan dalêm nata piyambak, nanging manawi wêwênangipun dèrèng katata mawi wêwatêsan, inggih mêksa taksih badhe ribêd, dening sagêd ugi anggènipun nindakakên cul-cul amung saking pêpatih dalêm piyambak, botên têrang ing panjênêngan dalêm nata, kosokwangsulipun pêpatih dalêm manggih ribêd inggih kalampahan.

Ingkang dipun gumuni punika angrêmipun palapuran kumisi wau engga sapriki ngantos 12 taun, têka sawêg sapunika kocap wontên ing sêrat-sêrat kabar, saupami palapuran wau nuntên kagalih kados ing pangintên botên badhe wontên lêlampahan kados ingkang nêmbe kapêngkêr punika. Ingkang langkung pratitis malih punika usulipun kumisi bab manawi nagari badhe nyambut arta kêdah têrang ing panjênêngan dalêm nata, dados têgêsipun bab nyambut wau botên kadamêl gampil, awit sanadyan nagari utawi praja punika gadhaha panguwaos, nanging bilih botên kagungan arta, inggih

--- 174 ---

botên sagêd punapa-punapa, kados ta: bayar cicilan pêkên, bayar rèntên watêr lèdhêng, tuwin sapanunggilanipun, punika kemawon sampun pintên-pintên èwu rupiyah, amila inggih rêkaos anggènipun nindakakên, dening ngrupakakên arta kathah.

Srêming-srêming sadhèrèk pambêngung mirêng, bilih badhe tatananipun bale agung ingkang nêmbe karêmbag, calonipun dèrèng wênang ngrêmbag bilih nagari badhe nyambut arta, inggih ing ngriki punika gawat tuwin botên ngadilipun, sabab manawi nagari wau kagungan sambutan punika sintên ingkang badhe nyanggi sêsauranipun, tamtunipun inggih para kawula, amargi wontênipun arta nagari wau saking klêmpakipun arta paos-paos saking para kawula, môngka bilih badhe nyambut botên karêmbag ing parêpatanipun para kawula (bale agung) rumiyin, amila kadospundi manawi kêlajêng-lajêng makatên punika ingkang têmtu kemawon panguwaos saya mungkrêt, arta pothar-pothir, lajêng pintên prêsèn malih blanjanipun para abdi dalêm dipun suda, sarta pintên prêsèn malih indhaking paos krisis kangge nambak sambutanipun nagari, pungkasanipun sadhèrèk pambêngung nyuwun kalayan sangêt, supados prakawis nagari badhe nyambut arta wau karêmbag ing bale agung rumiyin, murih andamêl pamarêming manahipun para ingkang badhe nyanggi indhaking paos utawi sudaning balônja.

Sadhèrèk rêdhaktur, wontênipun gêgubahan-gêgubahan wau karaya-raya kula pêthiki, lajêng kula sangsangakên ing organ ngriki, inggih amung bokmanawi rêmbag bab adêgipun pêpatih dalêm wau karêmbag ing parêpatan Narpawandawa, para warga sasampuna sami uninga sarta kaparêng anggalih ing sadèrèngipun, ing wasana manawi wontên kalenta-kalèntuning anggèn kula mêthik, mugi sampun kirang ing pangaksama.

Darah Madura.