Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 12, Kaping 2 Ruwah Dal 1863, Utawi Kaping 1 Dhesèmbêr 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun, kasuwun bayar rumiyin. Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil. Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Tatêdhakan

Golongan paprentahan praja sarta pangadilan

Ôngka 909 C/4/I

Bab Pèdhêrasi

Sêratipun pêpatih dalêm dhumatêng mudha pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katitimangsan kaping 16 Agustus 1932, 88/382, sampun kula uningani sarta lajêng karêmbag wontên ing parêpatanipun para wêwakilipun parentah Jawi kalihan kangjêng tuwan guprênur kêkalih ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Wondene golonganing rêmbag, kula ingkang kapatah mangsuli paturan wau kados ing ngandhap punika:

Miturut suraosing sêrat wau katawis bilih Narpawandawa kalèntu ing panampi

--- 176 ---

dhumatêng jêjêring pikajêngipun parêpatan sabên wulan ingkang dipun wontênakên dening kangjêng tuwan guprênur kêkalih kalihan parentah Jawi sakawan, dalah dhêdhasar (karakter), dhêdhapukan tuwin lampahipun parêpatan wau.

Sadèrèngipun kula amangsuli dhumatêng pakèwêd-pakèwêd ingkang dipun pratelakakên Narpawandawa tumrap wontênipun parêpatan wau, kula parlu suka sumêrêp rumiyin bilih lêrêsipun parentah Jawi sakawan dèrèng angwontênakên pèdhêrasi.

Inggih têmên tujunipun parêpatan wau ngangkah supados parentah Jawi sakawan sami nyambut damêl sêsarêngan (samenwerken) ingkang dangu-dangu sagêd anuwuhakên wontênipun pèdhêrasi, ananging kalampahanipun wontên pèdhêrasi wau tamtu taksih lami sangêt dumuginipun sêdya tuwin niyatipun para parentah Jawi anggènipun badhe ngêmpal pancèn sampun kêncêng yêktos ingkang lajêng sagêd nêtêpakên wontênipun pèdhêrasi ingkang mawi tatanan.

Murih botên damêl sêling-sêrêp, ing ngriki prayogi lajêng botên angangge têmbung pèdhêrasi.

Mênggah jêjêring pikajêngipun angwontênakên parêpatan sabên wulan wau sampun kapratelakakên wontên ing sêsorahipun kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta nalika pambikakipun parêpatan ingkang kapisan kala tanggal kaping 10 Dhesèmbêr 1929. Wondene têtêdhakan pèngêtanipun sêsorah wau kakanthèkakên ing sêrat punika.

Kala rumiyin pangrêmbagipun nalar-nalar tumrap parlunipun nagari amung wontên ing guprênuran, dados amung karêmbag piyambakan dening kangjêng tuwan guprênur kalihan kula, sarta kala-kala manawi ingkang karêmbag wau ugi tumrap parluning parentah sanès, (gemeenschappelijk), lajêng karêmbag sêsarêngan kalihan pangagênging trah Mangkunagaran. Sarêng samangke dipun wontênakên parêpatan sabên wulan wau, nalar-nalar kasêbut ing nginggil lajêng karêmbag sêsarêngan kalihan kangjêng tuwan guprênur kêkalih tuwin para parentah Jawi sakawan, pamanggènipun gêntosan, wontên ing Surakarta utawi wontên ing Ngayogyakarta.

Ingkang anuntun parêpatan wau kangjêng tuwan guprênur sarta ingkang sami parêpatan lajêng bêbajongan pamanggih murih angsal pamanggih ingkang sakintên sami wosipun, utawi

--- 177 ---

lajêng sagêd angwontênakên tatanan ingkang sami utawi mirib, miturut kawontênanipun.

Miturut ingkang kasêbut ing nginggil wau sampun têrang bilih parêpatan botên badhe mutus bab-bab ingkang kalêrês kêdah mawi lilah dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utawi ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta.

Ingkang ngasta parentah Jawi tamtunipun lastari taksih mardika sagêd ngagêm kadospundi ingkang dados panggalihipun piyambak-piyambak ingkang sarêmbag kalihan kangjêng tuwan gupêrnur ingkang wajib, dados botên badhe wontên putusan miturut sêtèm ingkang kathah cacahipun.

Samangke kula mangsuli saêbab- saêbab kaawratanipun Narpawandawa ingkang jalaran saking slingsinganing panampi kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang wajib tumut parêpatan wau amung kangjêng tuntuwan. guprênur kêkalih kalihan parentah Jawi sakawan, dene para amtênar Walandi tuwin Jawi sanèsipun ingkang sami nyumêrêpi parêpatan wau, punika amung minôngka kanthi (bijzitter), manawi parlu supados suka katrangan utawi pamrayogi dhumatêng parêpatan.

Mênggah pangintên bilih kangjêng tuwan guprênur kêkalih sakarerehanipun sami dados wêwakilipun kangjêng guprêmèn, saha lajêng dados lêlawananipun para parentah Jawi ingkang wontên ing parêpatan ngriku lajêng karoban rêmbag kalihan para wêwakilipun kangjêng guprêmèn wau, punika pangintên ingkang makatên wau kalèntu.

Para amtênar Walandi wau amung sami suka pamanggih, sami kemawon kalihan para wakilipun parentah Jawi. Dene rêmbagipun parêpatan wau anggènipun mawi têmbung Walandi punika botên anuwuhakên pakèwêd sarta babarpisan botên angalang-alangi dhumatêng para wêwakilipun parentah Jawi anggènipun badhe anglairakên pamanggih ing saklêrêsipun kalayan botên mawi èwêd-pakèwêd, dene anggènipun anglairakên pamanggih wau kenging mawi têmbung Walandi utawi Malayu pundi ingkang dipun pilih.

Mênggah pangintên bilih salah satunggalipun ingkang ngasta parentah Jawi utawi salah satunggaling wêwakilipun parentah Jawi badhe botên wani anglairakên pamanggih saklêrêsipun, [saklêrê...]

--- 178 ---

[...sipun,] punika pangintên makatên wau kenging kawastanan angrèmèhakên sarta nyênyamah dhumatêng ingkang dipun kintên makatên wau.

Miturut kalampahan dumadosing parêpatan wau sarta miturut tumindakipun, punika nandhakakên bilih kangjêng tuwan guprênur kêkalih pancèn ngangkah sayêktos murih santosaning adêgipun para parentah Jawi kados karsanipun kangjêng guprêmèn. Ingkang makatên punika ugi kawrat wontên ing insêtruksinipun para guprênur, saha botên amung minôngka wêwarah (leuze) kemawon.

II. Pangrêmbagipun parêpatan wau botên parlu sarta botên sagêd dipun wontêni pêpacak, amargi parêpatan punika amung ngangkah nyambut damêl sêsarêngan (samenwerking) sarana bêbajongan pamanggih, punapa malih ugi botên parlu dipun wontêni tatanan tumrap anggènipun badhe anggolongakên rêmbag sarta pamutusipun bab ingkang karêmbag, amargi botên mawi putusan miturut sêtèm ingkang kathah piyambak cacahipun, nanging ing ngriku amung anggolongakên rêmbag piyambakan (onderhands) tumrap bab ingkang badhe katindakakên utawi dipun wontênakên.

III. Kados ingkang sampun katêrangakên ing nginggil, parêpatan wau botên damêl putusan miturut sêtèm ingkang kathah piyambak, ingkang kêdah dipun têtêpi dening para parentah Jawi sakawan, dene ingkang kawrat ing kominikwe (communique) punika sanès putusan ingkang kalêrês lajêng katindakakên.

Murih botên damêl sêling-sêrêp, wiwit sapunika ing kominikwe wau badhe mawi dipun dèkèki katrangan mungêl: (pundi ingkang parlu mawi lilah dalêm, kêdah ngêntosi manawi sampun kaparêngakên ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, utawi ingkang sinuhun kangjêng sultan) utawi dipun dèkèki katrangan ingkang wosipun kados makatên wau, dene anggènipun samangke botên mawi katrangan wau, amargi pancèn botên parlu jalaran ingkang makatên wau sampun mêsthinipun.

Sarèhning botên damêl putusan miturut sêtèm ingkang kathah piyambak cacahipun, dados ugi botên parlu mawi tatanan wêwênanging sêtèm (stemrecht) punapadene tatanan wêwênang tuwin wajibipun parêpatan.

IV. Ingkang kasêbut ôngka IV ing paturanipun Narpawandawa botên parlu kula wangsuli, amargi sampun katrangakên kados ingkang kasêbut ôngka I, II, sarta III ing nginggil [nging...]

--- 179 ---

[...gil] wau.

V. Bilih ing Porsêtênlandhên badhe dipun wontêni pèdhêrasi ingkang mawi tatanan, punika têtela botên sagêd lajêng tumuntên dipun wontêni, jalaran wontên nalar-nalar ingkang wigatos ingkang damêl pakèwêd, ing môngka ingkang damêl pakèwêd wau kêdah sami dipun icali rumiyin. Manawi lajêng sami nyambut damêl sêsarêngan kalayan satata (systematisch samenwerken) punika dangu- dangu badhe sagêd tuwuh wontênipun pèdhêrasi.

Supados bab nyambut damêl sêsarêngan wau wontên wohipun, punika kêdah botên kawiwitan saking nginggil, utawi sampun ngantos wontên ingkang raos kapêksa dening pandêdêripun rêmbaging sanès, ananging bab wau kêdah tuwuh saking ngandhap, sarta kêdah ingkang kraos sayêktos, bilih bab wau pancèn parlu katindakakên, amila tumindakipun kêdah namung saking sakêdhik, sarta kadospundi lampah-lampahipun nyambut damêl sêsarêngan wau ingkang sagêd katindakakên, punika kêdah amung miturut kawontênan ingkang sampun kacobi sagêd katingal prayogi, kados ta: bab anggènipun parentah Jawi sakawan sami rêrukunan angwontênakên amtênar ingkang kawajiban padamêlan bab pranatan, sarta angwontênakên amtênar ingkang kawajiban mariksa yêyasan nagari, punika têtela katingal sami botên wontên pakèwêdipun.

Wêwênang sarta wajibipun amtênar ingkang kawajiban mariksa yêyasan wau kapacak wontên ing insêtruksi ingkang katêtêpakên dening parentah Jawi sakawan, punika dumugi samangke tumindakipun sampun mèh kalih taun katingal botên wontên pakèwêdipun tumrap anggènipun para parentah Jawi sami rêrukunan makatên wau.

Bilih sêdnyu sêdya. sarta niyat nyambut damêl sêsarêngan wau saya rosa, samôngsa wontên pakèwêd, kados ta: bab anêtêpakên, anginggahakên pangkat utawi angundur amtênar ingkang kangge rêrukunan wau, punika inggih saya gampil anggènipun angrêmbag pakèwêd wau saha lajêng angsal pamanggih ingkang adamêl pamarêm.

Para parentah Jawi ing Surakarta sampun kalampahan rêrukunan angwontênakên pangagêng kontrolêbiro sarta aotpèstêr punapadene para priyayi golongan A.Z. punika ugi botên nate wontên pakèwêdipun tumrap wontênipun para [pa...]

--- 180 ---

[...ra] amtênar wau.

Awit saking ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, saking pamanggih kula tumrapipun nagari parlu kalastarèkakên anggènipun para parentah Jawi ing sabên wulan sami parêpatan wau kados ingkang sampun kalampahan, sarta manawi mangsanipun sampun prayogi lajêng sawêg dipun wontêni tatananipun. Dene paturanipun Narpawandawa wau ugi badhe kula unjukakên sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kados panyuwunipun Narpawandawa. Kajawi punika sarèhning ing sêrat-sêrat kabar sarta suwantêning akathah tansah angrêmbag bab sudan lanrèntê ingkang wosipun andakwa bilih pêpatih dalêm sulaya kalihan kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, punika ing sêmu lajêng sami kaanggêp bukti utawi pasaksèn awoning konpêrènsi wulanan kados paturanipun pakêmpalan Narpawandawa punika, amila ing ngriki kula parlu nêsêlakên suka sumêrêp dhumatêng Narpawandawa tumrap bab wau, bilih miturut dhawuhing timbalan dalêm ingkang pungkasan, sampeyan dalêm ingkang wicaksana, sampun amarêngakên unjuk kula bab nyuda lanrèntê wau, dados sampun botên wontên rêmbag ingkang nama taksih sulaya, ingkang punika Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 8 Nopèmbêr 1932

Pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara

Gupêrnur Surakarta-Ngayogyakarta Badhe Kadadosakên Satunggal

(Sambêtipun organ ôngka 11)

Sadhèrèk, rèhning wontên pamanggih warni-warni wau, ing ngriki kula kapêksa ngaturakên wawasanipun pangrèh Narpawandawa: murih têrangipun kula urutakên satunggal- satunggal.

I. Pamanggih gupêrnur satunggal, residhèn kalih. Saking wawasanipun pangrèh dhapukan punika gandhèngipun kalihan kaluhuranipun para nata Jawi wontên pakèwêdipun, [pakèwêdipu...]

--- 181 ---

[...n,] awit wontênipun gupêrnur satunggal residhèn kalih punika, sêsambêtanipun para nata Jawi ing padintênanipun badhe namung kalihan residhèn ingkang lajêng dumunung namung kalihan wakilipun gupêrnur awit saking punika drajading gupêrnur lajêng badhe minggah, kosokwangsulipun kaluhuranipun para nata Jawi badhe mlorot, dene ing sapunikanipun sambêtanipun padintênan kalihan gupêrnur, nanging ing têmbenipun lajêng namung badhe kalihan residhèn. Trangipun malih, ing suwau lênggahipun jèjèr kalihan wakil parentah, manawi punika kalampahan, lajêng namung kalihan wakilipun wakil, dene sowanipun gupêrnur piyambak namung manawi wontên parlu ingkang wigatos, ingkang lajêng atêgês gupêrnur botên gadhah wajib sowan malêbêt kados andharan ing Sêdyatama, kosokwangsulipun manawi dintên agêng Walandi, upaminipun taun raja, para nata Jawi mêsthi taksih kêdah rawuh ing gupêrnuran. Ingkang kula aturakên wau sawêg ingkang gandhèng kalihan kaluhuran. Ingkang gandhèng kalihan wêwênang inggih wontên. Inggih punika manawi kula botên kalintu prajanjian dalêm punika dunungipun kalihan wakilipun parentah, amila turutipun sêsambêtanipun para nata Jawi punika pancènipun inggih kêdah lêlajêngan (rechtstreeks) kalihan wakilipun parentah, dados botên namung kalihan wakilipun wakil.

II. Pamanggih gupêrnur satunggal, residhèn satunggal, pamanggènipun ngolah-ngalih, sataun wontên Sala, sataun wontên Ngayogyakarta. Tumrap pamanggih punika pangrèh inggih botên andhèrèk, amargi inggih wontên pakèwêdipun, têrangipun makatên: saupami taun punika gupêrnur wontên ing Sala mêsthinipun ing Ngayogya kêdah namung wontên residhèn, ingkang lajêng andadosakên pakèwêd, awit dhapukanipun lajêng kirang laras, amargi ngriki sêsambêtanipun kalihan wakilipun parentah, manawi dintên agêng ing ngriki lênggahipun panjênêngan dalêm nata kalihan gupêrnur, ananging ing Ngayogyakarta namung kalihan residhèn ingkang kados pakèwêd ôngka I dumunung namung kalihan wakiling wakil. Kosokwangsulipun manawi gupêrnur nuju wontên Ngayogyakarta, ing ngriki lajêng namung badhe kalihan residhèn wau. Awit saking punika limrahipun lajêng ngwontênakên raos, praja ingkang wontên gupêrnuripun punika, langkung inggil tinimbang kalihan ingkang namung dipun wakili residhèn. Kajawi punika ngolah-ngalihipun wau bokmanawi sagêd ugi malah ngorot-orot [ngorot- oro...]

--- 182 ---

[...t] wragad, sarta ingkang nglampahi inggih rêkaos.

III. Pamanggih residhèn kalih, Sala satunggal Ngayogya satunggal sami sumurup gupêrnur tanah Jawi Têngah, tumrap pamanggih punika pakèwêdipun, dene lajêng badhe ical sipatipun Zelfbestuur awit lajêng dados satunggal kalihan propènsi tanah Jawi Têngah. Kajawi punika sêsambêtanipun para nata Jawi inggih kalihan wakiling wakil malih, saha lajêng wontên Zelfbestuur in provinciaal verband. Provinciale Raad, lajêng kenging cawe-cawe dhatêng Zelfbestuur, môngka drajadipun Zelfbestuur punika sajatosipun langkung inggil tinimbang Provincie.

IV. Pamanggih residhèn kalih sumusup Regeeringscommissaris ingkang pamanggènipun wontên sajawining Vorstenlanden tumrap pamanggih punika sêrat kabar De Nieuwe Vorstenlanden No. 117 ingkang sampun kula aturakên kala wau sampun ngandharakên wawasanipun kalihan nyariyosakên manawi tatanan anyar punika wau kalampahan kados makatên, karsanipun gupêrmèn badhe ngirid wau malah sagêd kosokwangsul, amargi wragadipun administratie badhe langkung kathah kabêkta saking Regeeringscommissaris wau mêsthinipun inggih ngwontênakên kantor piyambak, dalah punggawanipun atviseurs tuwin ambtenaar sanès-sanèsipun, ingkang wragadipun botên sakêdhik, kajawi punika awit saking pamanggènipun Regeeringscommissaris wontên ing sajawining Vorstenlanden têmtunipun lampahing padamêlan badhe rêndhêt. Malah ing ngriku dipun cariyosakên têmtu badhe wontên paniti priksa (dienstreizen) ingkang wragadipun botên sakêdhik.

Sadhèrèk, kajawi punika wontênipun pamanggih ingkang nyariyosakên tatanan anyar punika gupêrmèn sagêd milih tiyang ingkang kenging kapitados yêktos nuntun parentah Jawi, amargi sagêd pados tiyang pilihan (awit kabêkta saking blanjanipun kathah, langkung saking gupêrnur sapunika, upaminipun kasamèkakên kalihan pamêdalipun gupêrnur propènsi-porpènsi) punika saking pamanggih kula kirang pratitis, awit gupêrnur ingkang pilihan wau, dèrèng têmtu badhe andadosakên kamulyanipun karajan Jawi, (gupêrnur ingkang pilihan punika malah sagêd ambilaèni tumrap kula sadaya).

Kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, karangan ing Timbul wau kenging dipun suraos, [su...]

--- 183 ---

[...raos,] bilih tatanan anyar punika gagap-gagapanipun dhatêng ancas ontvoogding inggih punika kalihan sakêdhik gupêrmèn badhe ngêculakên tuntunanipun tumrap dhatêng parentah Jawi.

Sadhèrèk, manawi kula mirêng têmbung ontvoogding punika sajatosipun malah andadosakên kodhêngipun manah kula, amargi lajêng wontên pitakenan, ingkang dipun wastani ontvoogding punika ingkang kados punapa, buktinipun pundi. Manawi saking pamanggih kula ontvoogding punika pancènipun rak botên gumantung wontên tatanan, ananging wontên kakiyatan, amargi manawi gupêrmèn punika pancèn niyat yêktos nindakakên ontvoogdingspolitiek kipun wau, pancènipun botên susah ngêntosi wontênipun tatanan anyar, botên susah ngêntosi manawi ngriki sampun kalampahan namung dipun tuntun gupêrnur satunggal, amargi ontvoogding punika têgêsipun ngêculakên panguwaos, kalumuntakakên dhatêng parentah Jawi. Dados pancènipun manawi gupêrmèn niyat makatên, tatanan sapunika punika sampun sagêd ontvoogding katindakakên, botênipun tatanan ontvoogding karêmbag rumiyin kadospundi prayoginipun, manawi sampun, sawêg ada-ada tatanan anyar. Dados botên tatanan anyar rumiyin katindakakên ingkang ontvoogding wau lajêng namung taksih dumunung dados sêsanggêman kemawon. Miturut pèngêtan rad kawula gupêrmèn pancèn sampun kawêdhar sabdanipun wontên ing rad kawula ingkang suraosipun nyagahi bilih Vorstenlanden badhe dipun culakên saking tuntunanipun. Dados kasagahan punika sampun wontên. Amung kemawon tumrap kula kasagahan wau dèrèng kenging dipun gondhèli, awit miturut kawontênan, dèrèng katingal kanyataanipun, malah sajak kosokwangsul. Pasêksènipun botên susah kula aturakên, margi saking kathahipun.

Ewadene bilih gagapanipun Timbul wau badhe nyata, bokmanawi botên namung kula kemawon ingkang mangayubagya, jêr kaluhuran punika bakunipun pancèn inggih botên namung mligi wontên sêsambêtan tuwin sêsrawunganipun nata kalihan gupêrnur (wakiling parentah), amung kemawon manawi gagapan punika mlèsèt têgêsipun lajêng badhe malah suduk gunting tatu loro, inggih punika: kaluhuran, mlorot, panguwaos popog, ingkang tundonipun sagêd ugi

--- 184 ---

malah lajêng suda.

Sadhèrèk, rèhning miturut andharan sadaya wau pakèwêd-pakèwêd punika botên sakêdhik, pangrèh Narpawandawa botên nayogyani dhatêng karsanipun gupêrmèn wau. Manawi gupêrmèn pancèn botên sagêd, nglastarèkakên tatanan gupêrnur kalih kados punika, ingkang pancènipun manawi gupêrmèn namung pêrlu badhe nyuda wragad namung andhahanipun kemawon dipun suda, pangrèh mrayogèkakên kawangsulakên kemawon kados lami, inggih punika wangsul kados tatanan nalika ing ngriki namung katuntun residhèn, amargi saking pamanahipun pangrèh tatanan lami punika inggih sampun sae. Dados miturut punika pangrèh rujuk kados putusanipun P. K. N. (pakêmpalan kawula Ngayogyakarta), namung ing ngriki bedanipun, rèhning jaman samangke punika kenging dipun wastani jaman gupêrnuran, awit saking punika pangrèh nyuwun supados sêsêbutanipun kemawon dipun inggahakên, upaminipun mawi sêsêbutan Luitenant-Gouverneur, botênipun Regeeringscommissaris (blanjanipun miturut tatanan residhèn), ananging jêjêripun kêdah wakilipun gupêrmèn, dados sampun wakilipun wakil. Ewadene manawi tatanan punika bêgrutêngipun kagalih taksih kêkathahên, saya langkung prayogi, saupami andhahanipun kasuda tur ingkang kathah pisan kados tatanan sadèrèngipun taun 1918. Manawi sagêd makatên sudaning bêgrutêng têmtu sagêd saya kathah, amargi gupêrnur kadadosakên residhèn, (namung sêsêbutan ingkang minggah) andhahanipun kasuda.

Parêpatan, wontênipun gêgubahan ing Darmakôndha kantun piyambak punika, ing ngriki kula kaparênga matur bilih Narpawandawa anggondhèli badhe sudanipun cacahing gupêrnur wau botên kok ngriki ambêtahakên prentah Walandi, punika botên, ingkang bêtah punika rak ngrika. Dados manawi ngriki dipun purih nyanggi wragadipun wontênipun gupêrnur kalih saandhahanipun, kados andharan ing Darmakôndha wau, saking pamanggih kula punika kalèntu, la wong ingkang ambêtahakên punika ngrika kok ngriki kapurih mragadi, anèh manawi parentah Jawi ngantos karsa. Bab kaluhuran ingkang kacariyosakên botên gumantung ing sintên-sintên, sampun kula jawab ing ngajêng. Sapunika bab ingkang nyariyosakên bilih kawula umum tumrap badhe wontênipun tatanan anyar punika, sêsambêtanipun namung sakêdhik sangêt, inggih

--- 185 ---

punika botên ingkang dados bakuning kabêtahanipun kawula umum.

Kawuningana sadhèrèk, badhe wontênipun ewah-ewahan pangrèh praja Walandi punika saking pamanggih kula botên namung gandhèng kalihan kaluhuranipun para nata Jawi kemawon, ananging inggih gandhèng kalihan kabêtahanipun kawula umum, awit miturut kawontênan, preptah parentah. Jawi punika sajatosipun 99% botên wontên, dados sadaya tumindakipun paprentahan punika satêmênipun wontên paprentahan Walandi, Zelfbestuur punika inggih parentah Walandi namung ingkang ngêcakakên punika parentah Jawi (dados ewahipun parentah Walandi, têmtu badhe dados ewahipun parentah Jawi. Inggih manawi ewah-ewahan punika sae, manawi saya korat-karit). Pasêksènipun botên susah kula aturakên panjang-panjang bokmanawi para sadhèrèk sampun sami pirsa piyambak. Gampil-gampilanipun kemawon pranatan-pranatan botên sagêd kadhawuhakên manawi dèrèng sarêmbag kalihan parentah Walandi. Pandamêlan pangrèh praja sabagean agêng botên sagêd tumindak manawi botên mawi sarêmbagipun prentah Walandi. Karampunganing pangadilan pradata botên sagêd kadhawuhakên manawi dèrèng mawi gêsinanipun gupêrnur, enz. enz.

Parêpatan, samangke kaparênga kula ngrêmbag wangsulanipun pangarsa Narpawandawa B.K.P.H. Adiwijaya wontên ing rad kawula. Para sadhèrèk mêsthinipun sampun sami nguningani kadospundi wangsulanipun wau. Awit kajawi sampun kaêwrat ing organ Narpawandawa, inggih sampun kapacak ing sêrat-sêrat kabar. Saking pamanggih kula anggènipun pangarsa Narpawandawa nyuwun dhatêng gupêrmèn supados sadèrèngipun badhe wontênipun tatanan anyar punika karêmbag matêng, nyuwun rêmbagipun para nata Jawi rumiyin punika pancèn sampun samêsthinipun, utawi inggih kêdah makatên, amargi manawi para nata Jawi ngantos katilar, botênipun anggènipun nyuwun rêmbag wau sasampunipun karêmbag matêng, dados namung kangge tatakrami kemawon lajêng wontên raosipun botên ngaosi jêjêring jumênêngipun para nata Jawi, utawi sagêd ambibrah larasipun tumrap tumindaking paprentahan. Inggih lêrês ingkang katata wau pangrèh praja Walandi (Europ. Bestuur) abdinipun gupêrmèn piyambak, ananging rèhning Europ. Bestuur wau gandhèng sangêt kalihan parentah Jawi Zelfbestuur saha

--- 186 ---

jumênêngipun (adêgipun) para nata Jawi, amila katilar punika kêdah botên sagêd. Kula inggih sampun ngrumaosi bilih satalatahing Indhunesiah punika kaasta ing gupêrmèn, ananging gupêrmèn rak inggih botên nyelaki, manawi para nata Jawi punika kagungan kuwaos sarta mêngku bawah, malah saking pamanggih kula, bab badhe wontênipun tatanan anyar punika botên kêdah namung nyuwun rêmbag kemawon (in overleg) ananging kêdah sarujuk (in overeenstemming) kula sadaya kêdah wêweka sampun ngantos wontên kadadosan kados ingkang sampun, inggih punika nalika gupêrmèn andhawuhakên pranatan pilah-pilahaning kawulanipun gupêrmèn kalihan kawula dalêm nalika taun 1921 ingkang pandamêlanipun botên mawi sarujukipun para nata Jawi. Malah kala samantên tumrap pranatan punika Narpawandawa sampun damêl mosi botên ngrujuki ananging kadadosanipun ing samangke kadospundi, nyatanipun inggih botên prayogi (damêl bingungipun têtiyang ingkang sami manggèn Vorstenlanden ngriki).

Sadhèrèk, andharan kula sadaya wau bokmanawi sampun cêkap kagêm ular-ular panggalihanipun panjênêngan sadaya. Rèhning kathah pakèwêd-pakèwêdipun, mila ing dalu punika parlu karêmbag para sadhèrèk sadaya kadospundi prayoginipun. Pangrèh nyênyadhang putusanipun parêpatan dalu punika. Amung punika atur kula.

Putri Narpawandawa

Kala malêm Rêbo tanggal kaping 22/23 Nopèmbêr 1932 punika pakêmpalan Putri Narpawandawa damêl parêpatan warga, wontên ing dalêm Wuryaningratan, ingkang sami rawuh kirang langkung wontên 100 kalêbêt para tamu kakung.

Wanci jam ½ 8 sontên, pangarsa Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat mêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Sadhèrèk, pangrèh Putri Narpawandawa ngaturakên wilujêng rawuh panjênêngan sadaya, mênggah wigatinipun parêpatan dalu punika, kajawi ngrampungakên tatanan-tatanan tumrap kabêtahanipun Putri Narpawandawa piyambak, ugi pêrlu sami têtêpangan satunggal-satunggaling warga, ngiras mirêngakên sêsorahipun Radên Ayu Wôngsanagara,

--- 187 ---

pangrèh pancèn gadhah pikajêngan sabên-sabên ngawontênakên pêpanggihan, ngiras mirêngakên sêsorah ingkang migunani tumrap dhatêng para putri, supados kawontênanipun warga, enggal majêng sarta santosa, amargi pangrèh sampun mirêng bilih saadêgipun Putri Narpawandawa, kathah rêridhu sarta damêl pakabaran ingkang botên-botên. Ewadene pangrèh pitados bilih Putri Narpawandawa têtêp ngangkah sae sarta rahayuning kawontênan, têmtu inggih sagêd madêg kalayan sampurna. Parêpatan lajêng dipun wiwiti.

Satêlasing pamêdhar sabdanipun pangarsa kasambêtan sêsorahipun Radèn Ayu Wôngsanagara kados ing ngandhap punika:

Awit saking pamanahipun pangrèhing pakêmpalan Putri Narpawandawa, kula kadhawuhan damêl sêsorah supados kenging kangge sambèn lênggahan dalu punika, pamundhutipun pangrèh punika kanthi bingahing manah badhe kula laksanani, botên saking kasagêdan kula sêsorah sampun nyêkapi, punika tangèh, nanging namung minôngka pasumbang sakadar kula, supados pakêmpalan kita sagêd nuntên majêng, sokur badhe atur kula punika wontên sakêdhik kalih kêdhik kenging karaosakên, botênipun inggih namung kagêm cagak lênggahan wau, amung sadèrèng sasampunipun manawi wontên lêpating atur kula, kula nyuwun pangapuntên.

Lairipun pakêmpalan kita Putri Narpawandawa, tumrap kula sadaya para darahing nata ingkang golongan putri, nama untung sangêt, amargi ing ngriki kula sadaya angsal margi ingkang sagêd anjalari dhatêng kamajêngan, ingkang nama kamajêngan makatên botên ngêmungakên kamajênganing para putri, nanging para darah sadaya minggahipun malih tumrap ajênging bôngsa, punika badhe rêkaos kalampahanipun, manawi ingkang majêng namung sasisih, inggih punika para kakung.

Sampun têmtu ngangkah dhatêng kamajêngan wau, botên mêsthi kêdah dipun saranani damêl pakêmpalan, ing kina botên kirang tuladhanipun putri ingkang linangkung, sumêbar ing saindênging bawana, kuncaraning asmanipun taksih pinèngêtan dumugi ing wêkdal punika, môngka jaman samantên dèrèng cara pakêmpalan, nanging makatên punika mêsthinipun namung satunggal kalih, ingkang pancèn sampun kagungan dhasar linangkung, kasêmbuh angsal panggulawênthah ingkang luhur, kados putrining nata, langkung malih ingkang ngantos jumênêng ngasta

--- 188 ---

kaprabon, namung manawi ngangkah majênging bôngsa (para putri sadaya) punika tangèh sagêdipun kalampahan manawi botên dipun saranani pakêmpalan, sami kemawon kalihan kamajênganipun para kakung, murih rikatipun ugi katindakakên sarana pakêmpalan.

Manawi dipun raosakên, sagêd ugi wontên ingkang pitakèn: ebah-ebahanipun para putri punika punapa pancèn sami rumaos butuh, punapa namung dipun damêl dening para kakung, amargi manawi kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, têgêsipun para kakung ugi ambêtahakên dhatêng ajênging wanita punika, nanging manawi nitik dêrênging ebah-ebahanipun para wanita ing Indhonesia ngriki, langkung malih ing sa-Eropah, punika pancèn thukul saking santosaning kajêngipun para wanita piyambak, dene ingkang anjalari dêrêng wau kados ing ngandhap punika:

1. Sumêbar sarta inggiling pasinaon, wiwit para sêpuh ngrumaosi manawi ingkang kasakolahakên punika sampun namung anakipun jalêr kemawon, nanging ugi pêrlu ngajêngakên pasinaoning anakipun èstri, punika para èstri lajêng wiwit mangêrtos dhatêng ajinipun, mila ing sêtatutênipun Putri Narpawandawa ing bab 2 inggih mungêl: awit saking mangêrtos ajining dhiri, ing ngriku lajêng thukuling pikajêngan badhe anggayuh bab warni-warni ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap, wondene murih pratitis sarta rosaning panindak, lajêng sami damêl pakêmpalan.

2. Awit saking kapèpèt dêrênging kawontênan ingkang gandhèng kalihan kaekonomian, têrangipun makatên: kala jaman kina lare jalêr punika sadèrèngipun umur 20 taun, ingkang mêsthi lajêng rabi, amargi kala jaman samantên taksih sarwa gampil tuwin sarwa mirah, sarêng sapunika tiyang jalêr botên mêsthi lajêng rabi, sabab ingkang saperangan agêng rumaos dèrèng sagêd ngingoni dhatêng badhe bojonipun, ing satêmah kathah lare èstri ingkang lajêng kênthang-kênthang (dèrèng wontên ingkang ngingoni) sarta kawêwahan malih manawi kados kawontênan ing Eropah, saya ngrêbdanipun pabrik-pabrik ngêsur padamêlan tangan ing griya (huisindustrie) môngka pandamêlan ing griya wau sabagean agêng ingkang nindakakên para èstri, kados ta: nyongkèt kaos, kotang utawi sanès-sanèsipun, tuwin malih ngantih, nênun, inggih sabab kalih warni wau ingkang anjalari ngangguripun para wanita. Tamtunipun tiyang

--- 189 ---

punika botên sagêd nganggur utawi botên bêtah bilih amung nganggur kemawon, amila lajêng ngudi sawarnining pakaryan ingkang kenging katindakakên para èstri, inggih ing ngriku punika lajêng dados salah satunggaling tujunipun para pakêmpalan èstri. Wontên malih sabab ingkang ugi gandhèng kalihan panggêsangan wau, inggih punika murih indhaking pamêdal, amargi asilipun ingkang jalêr kamanah dèrèng nyêkapi kangge kabêtahan. Ing nginggil wau sami dados jalaran tuwuhipun para pakêmpalan èstri, dados botên namung saking pamardinipun para kakung kemawon, dene grêbanipun tujunipun para pakêmpalan wau kenging karingkês kados ngandhap punika:

I. Nêdha babarpisan (absolute gelijkstelling) supados èstri punika punapa-punapanipun sami kalihan para priya, punika kenging kawastanan ingkang abrit piyambak, pamanggih kula lôngka sangêt sagêdipun kalampahan, utawi inggih botên prayogi, têrangipun badhe kapratelakakên ing ngandhap.

II. Nêdha sami tumrap wontênipun ing kalangan kaekonomian.

III. Nêdha sami tumut nyêpêng paprentahan inggih punika ingkang kawastanan politik.

IV. Nêdha sami ingatasipun nindakakên kawajiban sosial (pitulungan dhatêng sasami).

V. Nêdha sami ingatasing tampi pangajaran, tuwin panggulawênthah. Tumrap tuju ingkang ôngka satunggal, nêdha sami plêk, prasasat ngicalakên sipating jalêr lan èstri, ing nginggil sampun kapratelakakên, têrang manawi botên sagêd kalampahan, utawi pancèn botên prayogi, amargi sêsipataning jalêr lan èstri miturut kodrat pancèn beda. Panêdha punika namung kabêkta saking dêrênging pikajêngan, dening rumaos kaconggah, sarta gadhah rumaos manawi beda pilah-pilahaning kuwajiban wau têgês asor tumrap para putri, punika dèrèng kinantên, sadaya ingkang sampun nama nêtêpi kuwajibanipun piyambak-piyambak, punika botên kenging winastan asor utawi rèmèh. Têrangipun malih manawi kaprinci kados ing ngandhap punika:

Bab nêdha tumut nyambut damêl ing kalangan kaekonomian, pamanggih kula botên wontên pakèwêdipun ugêr botên ngèthèrakên kawajiban griya, inggih punika 1. Bab nyêpêng rumah tangga, sarta 2. Bab panggulawênthahing putra, wontên para èstri [è...]

--- 190 ---

[...stri] ing bab wau salong sagêd ambêrahakên, dening sagêd gadhah pamêdal ingkang nyêkapi, manawi sagêd kasait botên wontên pakèwêdipun, amargi ingatasing pakaryan pancèn wontên ingkang langkung pikangsal manawi katindakakên para èstri tinimbang para kakung, inggih punika ingkang botên pêrlu manawi karosan, nanging kosokwangsulipun kêdah anjalimêt, talatos tuwin trampil, kados ta: nyambut damêl ngêtik, dados guru tumrap lare sasaminipun.

Bab nêdha tumut nyambut damêl ing kapolitikan, kadospundi ing têmbe wingkingipun, kula botên sagêd ngêbabi utawi ambadhe, amargi manawi nitik ing pundi-pundi panggenan, saking sakêdhik, para èstri wau inggih kakengingakên, amung tumrap ing tanah kita ngriki, saking pamanggih kula ingatasing ambiyantu para kakung, sampun ngantos damêl ada piyambak, langkung malih ingkang sawarni rêbatan kalihan para kakung, amargi talêring politik punika lajêng mahanani parte utawi golongan-golongan, ing ngriku pakèwêdipun manawi para èstri kalihan jalêr lajêng rêbatan dêg, punika badhe ngrisakakên katêntrêmaning bale griya, ing môngka katêntrêman ing griya punika ingatasing samukawis kamajêngan, dados pathokan ingkang ôngka satunggal, kosokwangsulipun manawi dipun gêgêgi kêdah botên politik, punika botên sagêd, amargi sadaya punika wontên kamajênganipun, ing nagari pundi kemawon wontên tiyangipun èstri, punika ugi kawênangakên sarta kawajibakên nindakakên politik, dados namung undha-usuk kemawon ngêntosi kalamasanipun piyambak-piyambak. Makatên ugi botên kirang tuladhanipun para putri ingkang wasis ngubêdakên olah kaprajan, sampun têmtu sadaya wau tumindakipun kêdah salaras, botên suk-sukan kalihan para kakung, ingkang nunggil sabôngsa, sarta sami pêrlunipun.