Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 2, Kaping 5 Sawal Dal 1863, Utawi Kaping 1 Pèbruari 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 27 C/4/I

Bab Pèdhêrasi

Sêratipun pêpatih dalêm dhumatêng mudha pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katitimasan kaping 7 Dhèsêmbêr 1932, ôngka 112/399, sampun kula uningani, sarta kala kaping 10 Dhesèmbêr 1932, ugi lajêng dados rêmbag wontên parêpatanipun para wakilipun parentah Jawi kalihan kangjêng tuwan guprênur kêkalih ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta, wondene pamanggihipun parêpatan botên ewah kados pamanggihipun ing ngajêng ingkang sampun kula pratelakakên dhumatêng mudha pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa kasêbut sêrat kula katitimasan kaping 8 Nopèmbêr 1932,

--- 18 ---

ôngka 909 C/4/I ingkang punika pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 18 Januari 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara.

Praja Surakarta Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame Wontên ing Rad Kawula (Volksraad)

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka I.

Wangsulanipun wakiling parentah, Tuwan Mulênpèl, dhirèktur pangrèh praja dhatêng sêsorahipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Mas Nata Sutarsa sarta Radèn Mas Wiwaha, nalika ing dintên Sêtu tanggal kaping 20 Agustus 1932 makatên:

Tuwan pangarsa, samangke kula badhe ngrêmbag bab-bab ingkang gagêpokan sèlêpbêstir, Tuwan-Tuwan Adiwijaya sarta Natasutarsa sami dèrèng marêm dhatêng wangsulaning parentah tumrap bap karsanipun parentah badhe angwontênakên ewah-ewahan pangrèh praja ing bawah Porstênlandhên. Kauningana, anggèning parentah badhe angwontênakên ewah-ewahan punika nama kapêksa, parlu sami kalihan pameranging pandamêlan ing tanah gupêrmenan, pancèn wiwit sakawit ingkang makatên wau sampun dados karsaning pamarentah, dene wontênipun bab punika sawêg badhe katindakakên sapunika, jalaran kawontênanipun ing Porstênlandhên pancèn kathah bedanipun kalihan ing tanah gupêrmenan, dados parlu dipun sinau rumiyin ingkang ngantos salêsih. Wondene bab tatananipun pangrèh praja Walandi sampun tamtu kemawon parentah badhe ngèngêti wêwênang sarta adat tatacaranipun para sèlêpbêstir, ingkang samangke sawêg dados panggalihanipun parentah, sarta dèrèng parlu kapratelakakên sapunika.

Tuwan Adiwijaya nyuwun supados kacêthakakên kadospundi pulitikipun parentah dhatêng para sèlêpbêstir. Sarèhning bab punika sampun marambah-rambah parentah paring katrangan saparlunipun, mila samangke botên parlu kula ambali malih.

--- 19 ---

Ing pungkasaning sêsorahipun, Tuwan Adiwijaya ngambali rêmbagipun kala taun kapêngkêr, supados panyadening sarêm ing Porstênlandhên kapasrahna dhatêng para sèlêpbêstir, bilih têranging karsanipun Tuwan Adiwijaya punika supados bêbathèning panyadean sarêm nagari wau kapasrahakên dhatêng kas nagari ing tanah Kajawèn, punika lajêng nama anggêpok bab sêsambêtanipun guprêmèn kalihan para parentah Jawi ing bab arta, môngka karsaning rentahparentah. botên badhe angewahi sêsambêtan bab arta wau ingkang namung tumrap sawatawis bab.

Parentah anggatosakên sangêt dhatêng panyuwunipun Tuwan Adiwijaya supados pangadilanipun guprêmèn ing Porstênlandhên kawangsulna dhatêng para sèlêpbêstir, ananging angèngêti srawunganipun tiyang ing Surakarta sarta Ngayogyakarta kalihan tiyang ing tanah guprêmenan samangke sampun rakêt sangêt, punapa malih bab kabêtahanipun inggih sampun kathah saminipun, amila panggalihanipun parentah bilih pangadilanipun kadamêl beda, punika malah kirang prayogi, awit saking punika mila panyuwun wangsuling pangadilan wau samangke dèrèng sagêd kagalih, dene ingkang sampun dados panggalihaning parentah, punapa pangadilan bale mangu ingkang kabêtahan ngrampungi prakawis pasitèn tumrap ing Surakarta sarta Ngayogyakarta sapunika sagêd dipun dêgakên. Bab punika sampun dipun wontêni kumisi ingkang kadhawuhan manah saparlunipun.

Bab pamaring pangapuntên (gratie) tumrap paukuman ingkang kadhawuhakên dening pangadilanipun para sèlêpbêstir, punika samangke sawêg dados panggalihaning parentah.

Anggènipun Tuwan Wiwaha tansah botên condhong dhatêng tumindakipun parêpataning para gupêrnur ing Porstênlandhên kalihan para wakiling parentah Jawi, langkung malih nalika angrêmbag bab sudan pajêg, punika parlu dipun têrangakên, bilih pikajêngipun parêpatan punika namung badhe nyupêkêtakên tumindakipun nyambut damêl sêsarêngan para sèlêpbêstir, wondene bab kuciwaning kawontênan, kados ta: putusaning parêpatan asring dipun anggêp kados putusaning para sèlêpbêstir, punika inggih layak kemawon, amargi parêpatan wau dèrèng dangu wontênipun, dene bab rêmbag pasudan pajêg, punika pancènipun botên sagêd dipun anggêp kados putusaning para sèlêpbêstir, amargi wara-waraning parêpatan wau (Communique) ingkang katitimangsan [katitimang...]

--- 20 ---

[...san] kaping 21 Marêt kapêngkêr botên nyêbutakên bilih parêpatan sampun mutus badhe ngaturakên usul dhatêng para parentah Jawi supados karsa nyuda pajêg wau. Dados nadyan inggih taksih wontên kuciwanipun, nanging punika dèrèng kenging kangge waton nêtêpakên bilih parêpatan wau botên wontên parlunipun babarpisan, ananging kanyataanipun bilih parêpatan wau rêmbag-rêmbagipun ing sabên wulan têtela kathah sangêt paedahipun, ewadene parentah ugi badhe tansah anggaliha murih icaling kuciwa wau, amila sadaya rêmbagipun Tuwan Wiwaha wau dèrèng kenging kangge wêwaton angewahi kawontênanipun parêpatan wau, kalihdene malih parentah ugi dèrèng cêtha kadospundi ewah-ewahan ingkang dipun kajêngakên Tuwan Wiwaha wau.

Bab adêgipun pêpatih dalêm punika kala taun 1928, parentah sampun paring sumêrêp kadospundi karsanipun, inggih punika awit saking rêmbagipun Tuwan Adiwijaya bab pêpatih dalêm wau, parentah sampun paring sumêrêp kawrat ing sêrat dhumatêng pangarsaning rad kawula, ingkang suraosipun, sasampuning parentah anggalih saparlunipun, têtela bilih adêgipun pêpatih dalêm kados kawontênanipun samangke, punika malah dados jalaranipun saening panindak tumrap pangastaning paprentahan ingkang maedahi dhatêng sakalih-kalihipun, sarta ingkang makatên wau têtela botên badhe dados pêpalang dhatêng supêkêting sêsambêtanipun guprêmèn kalihan para parentah Jawi (dat de huidige regeling van de positie van de Rijksbestuurders der meeste waarborgen oplevert voor de goede bestuursvoering in het belang van alle belanghebbenden en dat deze geen beletsel oplevert voor een goede verstandhouding tusschen de Regeering en de Zelfbesturen). Panggalih makatên punika samangke taksih dipun lajêngakên parentah, amargi saking panggalihipun parentah, tatanan ingkang makatên wau wontên paedahipun bilih ingkang langkung parlu inggih punika jalaran pêpatih dalêm punika kajawi dados abdinipun gupêrmèn ugi dados abdinipun parentah Jawi, lajêng sagêd mardika pamanahanipun dhatêng sadaya tumindaking paprentahan.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya nyêlani rêmbag, pundi wontên tiyang dados abdinipun tiyang kalih kok sagêd mardika.

Tuwan Mulênpèl, dhirèktur pangrèh praja mangsuli, bokmanawi malah langkung mardika [mardi...]

--- 21 ---

[...ka] tinimbang dados abdinipun tiyang satunggal. Ingkang makatên wau nadyan wontên kanyataanipun, jalaran pêpatih dalêm wau dados abdinipun tiyang kalih sagêd damêl saening pandamêlan, amargi kajawi pêpatih dalêm punika sagêd dados pêpalang bilih wontên nalar ingkang badhe anjalari pasulayan, ugi dados lantaran ingkang sagêd anggandhèng paedahing sakalih-kalihipun. Awit saking punika mila parentah botên kagungan panggalihan badhe ngewahi adêgipun pêpatih dalêm wau.

Tuwan-tuwan Adiwijaya sarta Wiwaha sampun sami mêdharakên kawratanipun tumrap tumindakipun ewah-ewahan tatanan ing kantor prakawis pasitèn ing Surakarta, nanging kuciwanipun tuwan-tuwan kêkalih wau sêmunipun dèrèng patos cêtha dhatêng lênggahipun prakawis punika, amila murih cêthanipun sarta sampun ngantos adamêl sêling-sêrêp, parentah kaparêng anggamblangakên bab wau makatên:

Pikajêngipun tatanan enggal punika badhe nyukani wêwahing kamardikan dhatêng para pangagênging apdhèlêng ing kantor prakawis pasitèn, kanthi dipun tuntun supados akiripun sagêd bawa nyambut damêl piyambak, asistèn residhèn ingkang kabêbahan babagan prakawis pasitèn, ingkang suwau dados pangagênging (leider) kantor wau namung badhe dados tukang ngulat-ulatakên (Inspecteerend ambtenaar) ngiras dados paramparanipun tuwan guprênur sarta para parentah Jawi, wiwit tumindakipun tatanan enggal punika, inggih punika ingkang sawarni cobèn wiwit wulan Januari 1931, para pangagênging apdhèlêng wau lajêng têrus macung piyambak dhatêng pêpatih dalêm, namung sabên wulan dipun wontênakên parêpatan akalihan tuwan asistèn residhèn wau parlu angrêmbag tumindakipun pandamêlan salêbêtipun wulan kapêngkêr, nanging sarêng Radèn Tumênggung Côndranagara katêtêpakên dados pangagênging kantor wau ing salêbêting wulan Mèi 1931, tumindakipun lajêng radi ewah, kathah rêrigên saha tatanan punapadene kêkancingan ingkang dipun tindakakên dening Radèn Tumênggung Côndranagara piyambak, dene tuwan asistèn residhèn sumêrêpipun bab-bab wau sasampunipun tumindak.

Salêbêting wulan Oktobêr 1931, tuwan asistèn residhèn nindakakên papriksan dhatêng sadaya padamêlan, pikantukipun papriksan kirang prayogi sangêt,

--- 22 ---

kathah bab-bab ingkang taksih kuciwa, kados ta kasipun para pangagêng apdhèlêng botên cocog, para punggawa ingkang sami nyambut damêl ing jawi jalaran kirang dipun sêtitèkakên wiwitipun sampun lat sangêt, sarta dèrèng wanci bibaran sampun mantuk, punggawa punika wontên ingkang damêl dhêklarasi palsu, ingkang dipun parap sarta sampun kaanggêp lêrês dening pangagêng apdhèlêng.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya nyêlani rêmbag: nanging bab punika ingkang ngonangi Radèn Tumênggung Côndranagara.

Tuwan Mulênpèl, dhirèktur pangrèh praja, bab punika pèngêtan kula botên wontên.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kula gadhah pèngêtanipun.

Tuwan Mulênpèl, arta kuli kathah ingkang dipun angge piyambak, pamasangipun bagean kuli wontên ing gambar kathah ingkang lêpat. Nanging sasampunipun bab wau karêmbag kalihan tuwan asistèn residhèn, kawontênan ingkang kirang prayogi wau botên ngantos kalajêng-lajêng. Gandhèng kalihan kawontênan kados makatên wau kamanah parlu tuwan asistèn residhèn mangagêngi kantor malih. Sasampunipun bab wau wangsul sae malih wiwit kala wulan Juli kapêngkêr punika tuwan asistèn residhèn lajêng wangsul namung dados tukang ngulat-ulatakên kemawon, tuju sakawit botên ewah badhe nyukani kamardikan dhatêng para pangagêng apdhèlêng supados kenging kapitadosakên bawa nyambut damêl piyambak, sanadyan ing wiwitanipun kanthi dipun ulat-ulatakên kalayan yêktosan.

Sampun tamtu kemawon bab punika kêdah katindakakên kalihan sabar sangêt, amila inggih sampun mêsthi tuwan asistèn residhèn botên sagêd tumuntên pindhah saking ngriku, guprêmèn taksih awrat masrahakên pandamêlan wau dhatêng paprentahan ing Kasunanan, bilih cobèn punika dèrèng katingal sae, sanadyan cobèn ingkang kapisan nama dèrèng kadadosan, nanging kenging kaajêng-ajêng bilih ing wingking sagêd sae.

Pêpatih dalêm tansah nyuwun tumuntênipun tuwan asistèn residhèn dipun santuni abdi dalêm, ananging tuwan guprênur tansah suka pêpèngêt bab punika sampun ngantos kasêsa panindakipun, amargi saking ngèngêti cobèn ingkang kapisan dèrèng kalêrêsan wau. [wa...]

--- 23 ---

[...u.] Amila nalika Mistêr Sujana kapanggih tuwan asistèn residhèn wontên ing pungkasaning wulan Juli kapêngkêr punika, sarta apratela bilih piyambakipun sampun katêtêpakên dening parentah ing Kasunanan minôngka calon gêgêntosipun tuwan asistèn residhèn, punika raosipun kirang sakeca sangêt, amargi têtêpipun Mistêr Sujana wau kasêsa sangêt sarta botên mawi kasumêrêpan ing tuwan gupêrnur punapadene pangagênging trahing Mangkunagaran, sarta malih prajanjianipun bab pamêdal sakalangkung awrat ingkang ngantos botên laras kalihan kawontênanipun arta ing Kasunanan ingkang sawêg kirang.

Awit saking katrangan punika ugi Tuwan Wiwaha sagêd priksa kalayan têrang, bilih têtêpanipun Mistêr Sujana wau botên sagêd kalastarèkakên, bilih saking kawontênan punika sagêd nyudakakên ajinipun sèlêpbêstir, punika parentah namung sagêd anggêtuni, sarta parentah ugi botên sagêd paring lintu tumrap waragad-waragad ingkang gandhengan kalihan suwaking têtêpipun Mistêr Sujana wau.

Sanadyan kawontênan punika saèstu nyêdhihakên sangêt, ewadene parentah botên ewah karsanipun anggèning badhe ngajêngakên para sèlêpbêstir supados sagêd bawa nyambut damêl piyambak, sarta ugi tumrap bab kantor babagan prakawis pasitèn punika.

Anggènipun Radèn Tumênggung Côndranagara dhatêng Eropah punika babarpisan botên gêgandhengan kalihan kawontênan kirang sae ing kantor pasitèn wau, ananging anggènipun dhatêng Eropah wau parlu kadhawuhan anglajêngakên sinau, sarta sampun katêtêpakên kala taun kapêngkêr, malah bidhalipun sampun nate kaundurakên sapisan, mila kirang prayogi bilih kaundurakên malih, dados babarpisan botên wontên sêdya nyingkirakên Radèn Tumênggung Côndranagara saking ing kantor wau.

Parentah botên sagêd anyondhongi supados ajung kontrolir Walandi ingkang kantun satunggal, tumuntên kakèndêlan parlu badhe dipun gêntosi abdi dalêm piyambak, parentah botên karsa damêl pitunanipun amtênar wau, ewadene bilih ing wingking pangkat ajung kontrolir wau sampun lowong ingkang miturut punapa samêsthinipun, inggih badhe dipun galih gêgêntosipun mêndhêt saking abdi dalêm wau.

Dumugi samantên wangsulaning wakilipun parentah babagan pangrèh praja ingkang magêpokan [magê...]

--- 24 ---

[...pokan] akalihan para sèlêpbêstir ing 1e. termijn. Benjing wulan ngajêng badhe kapacak wangsulanipun warga Radèn Mas Wiwaha tuwin B.K.P.H. Adiwijaya ing 2e. termijn.

Pêpanggihan Narpawandawa

Nalika ing dintên Sêtu sontên (malêm Akat) tanggal kaping 16 Sawal Dal 1863, para warga Narpawandawa kakung putri saèstu pêpanggihan wontên ing dalêm Wuryaningratan, ingkang sami rawuh warga kakung wontên 200 warga putri wontên 110 wanci jam 8.45 wakil mudha pangarsa Radèn Mas Arya Cakrawinata mêdhar sabda, amratelakakên bilih dalu punika mudha pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda botên sagêd rawuh, amargi kêsarêngan pasowanan ing nglêbêt kraton, sadèrèngipun muryararas dipun wiwiti, para sadhèrèk sadaya sami dipun aturi mirêngakên sêsorahipun wakil pangrèh Radèn Mas Ngabèi Purwasastra, satêlasing pamêdhar sabdanipun wakil mudha pangarsa, panitra II Radèn Mas Ngabèi Purwasastra lajêng wiwit sêsorah kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, pangrèh ngaturakên pambagya wilujêng rawuhipun para tamu, tuwin para warga kakung putri sadaya, sangêt andadosakên bingahing manahipun pangrèh, dene pêpanggihan dalu punika kathah ingkang sami kêparêng marlokakên rawuh, namung wontên cuwanipun sakêdhik, dalu punika kêsarêngan lênggahan ing nglêbêt kraton, dados kathah para warga luhur ingkang botên sami rawuh, sarta para warga sawatawis, sami sowan pandamêlan dhatêng ing nglêbêt kraton wau. Mênggah pêrlunipun Narpawandawa damêl pêpanggihan, punika têmtunipun para sadhèrèk sadaya sampun sami uninga, dening sampun kawrat ing wara-waranipun pakêmpalan, samangke punapa ta pigunanipun Narpawandawa sabên-sabên damêl pêpanggihan, botên sanès inggih namung nêtêpi kawajibanipun, anggêgulang murih supêkêtipun anggèning pasadherekan para warga Narpawandawa, ungêling paribasan Walandi "BEKEND MAAKT BEMIND" Jawinipun, witing trêsna iku margane saka kulina. Amila pangrèh manah pêrlu para warga sami sagêda supêkêt pasadherekanipun, ingkang tundonipun saya andamêl santosaning Narpawandawa, inggih punika ingkang dados idham-idhamanipun para pangrèh. Gêsangipun Narpawandawa sapunika upami wujuda wit-witan [wit- wi...]

--- 25 ---

[...tan] saya anyêrkakah, kajawi sampun kathah ada-adanipun ingkang kamanah sagêd amurakabi dhatêng para warga, sumrambahipun dhatêng kapêrluan umum, langkung malih saadêgipun pakêmpalan Putri Narpawandawa, ingkang dèrèng dangu timbulipun, ewadene botên namung para warga Narpawandawa kemawon ingkang mastani badhe wiyaring têba tujunipun Putri Narpawandawa, sanadyan ing jawi ugi sampun wontên swara-swara mastani bilih ancasing sêdyanipun Putri Narpawandawa botên namung badhe ngrêmbag nak -nik nak sik utawi "INI DAN ITOE" kemawon, nanging sampun purun angraosakên suda lumungsuripun ajining para santana dalêm, katitik saking sêratipun ingkang dhatêng pangrèh Narpawandawa, amêdharakên prihatos sangêt ngraosakên badhe wontênipun pranatan gupêrmèn, bab para santana dalêm putri ingkang imah-imah angsal abdinipun gupêrmèn, ingkang botên gadhah sêsêbutan punapa-punapa, ing têmbe anak turunipun ugi botên angsal sêsêbutan samêsthinipun kados ingkang kalimrah ing bawah dalêm Surakarta ngriki.

Samangke pangrèh pêrlu amêdharakên wigatining pêpanggihan dalu punika, inggih punika alal-bihalal, têgêsipun: ngapura-ingapura, pikajêngipun: sadaya dosa tumrap sasami-sami ingkang dados awisaning agami, dalu punika dipun khalalakên, dados sadaya kalêpatan kita ing dalêm sataun ingkang kapêngkêr dipun lêbura ing dalu punika, sasampunipun lêpat-lêpat kita dipun sirnakakên, sagêda wiwit ing dintên punika kita anglastarèkna dhatêng pandamêl sae, ambucala pandamêl awon, sagêda nêtêpi pangandikanipun kangjêng nabi makatên: sira aja ngliwati dina lan taun, kajaba kang kèri iku luwih bêcik tinimbang kang dhisik, kaya mangkono iku nganti tumêka pangayunaning Pangeran, dados wosing pikajêngipun dhawuh wau, kita punika kêdah tansah manah saening pandamêl kita, wiwit ing donya dumugining dêlahan.

Amangsuli bab alal-bihalal punika mênggah sêsêrêpanipun pangrèh, mulabukanipun makatên:

Nalika salêbêtipun taun Hijrah (taun Arab) ingkang kaping 2, ing pungkasaning wulan Ramêlan, inggih punika sabibaripun pêrang Badar, pangagênging tiyang musrik ingkang nama Abu Sophyan, rêmbagan kalihan kônca-kancanipun, nglurugi malih dhatêng ing

--- 26 ---

nagari Madinah, sarêng kapapagakên kalihan tiyang Islam, tiyang musrik wau kawon, sangunipun têtêdhan awujud sagon kathah sangêt, dipun jarah dening tiyang Islam, inggih punika ingkang dipun wastani pêrang sawik, têgêsipun pêrang sagon. Wiwit ing dintên wau lajêng wontên dhawuhipun kangjêng nabi, sadaya tiyang muslimin jalêr èstri, nèm sêpuh sami kadhawuhan kêmpal wontên ing dintên riyadin, ambangun supêkêting pasadherekan, angiyatakên tata tangsuling agami, sarana kêmpal wontên ing panggenan ara-ara satunggal, inggih papan tilas ingkang kangge papêrangan wau, mawi salat kalih rêkangat. Sabibaring salat lajêng kotbah (sêsorah) suraosipun sêsorah anggrètèhi supados para tiyang Islam samia rukun ingkang sayêktos (rukun lair batos) manawi basanipun Mêlayu dipun wastani: Se ija sekata têgêsipun: yèn ya, iku anaa ing ngêndi-êndia kudu iya, sampun kok yèn ya ki ora, yèn ora ki iya, sarampungipun sêsorah para têtiyang Islam lajêng salaman, minôngka tôndha rukunipun.§ Kacariyos, pêrlunipun tiyang sêsalaman punika, ing salêbêtipun tiyang wau anggathukakên èpèk-èpèkipun, urating driji panuduh punika wontên ingkang anjog dhatêng sanubari, dados sagêd kraos sayêktos mênggah anggènipun sami alal- bihalal wau. Awit saking makatên sadèrèngipun tangan kêkalih wau uwal anggènipun sêsalaman, Gusti Allah sampun paring pangapuntên sapintên dosanipun sarta lajêng paring nugraha tuwin ngabulakên punapa ingkang dados panyuwunipun.

Mênggah caranipun alal-bihalal punika tumrap para nèm sami sowan dhatêng para sêpuh, tumrapipun sêsami-sami, tuwi-tinuwi, basanipun Arab katêmbungakên silaturohmi têgêsipun: panyambunging sih. Wiwitipun wontên ing tanggal kaping 1 dumugi kaping 7 ing wulan Sawal, inggih salêbêtipun 7 dintên punika kawastanan dintên agêng ingatasipun tiyang Islam. Adat caranipun ing tanah Arab ngrika, silaturohminipun tiyang jalêr piyambak, èstri piyambak, inggih punika tumrap para tiyang jalêr wontên tanggal kaping 1. 2. 3. tumrap para èstri tanggal kaping 4. 5. 6. Dene tumrapipun ing Surakarta ngriki para nèm punika sami sowan ngabêkti dhatêng para sêpuh utawi para luhur. Miturut sêsêrêpanipun pangrèh, tiyang ngabêkti sarta ingkang dipun ngabêktèni punika pancènipun kêdah sami maos ayat Kuran makatên: Robana atina fitdoenia gasanatan wagina wafil agiroti gasanatan azabannar. Têgêsipun: dhuh Pangeran kita mugi paringa dhatêng kita sadaya, kasaenan ing dalêm donya

--- 27 ---

lan akirat, sarta mugi ngrêksaa dhatêng kita siksa naraka. Sarèhning pangrèh manah tatacara makatên punika taksih pêrlu dipun lêluri, nanging saupami para warga punika lajêng tindak silaturohmi, gèk badhe pintên dintên rampungipun, langkung malih kawontênanipun sapunika kathah para warga ingkang sami nyambut damêl sabên dintên, dados ing pangintên têmtu sampun botên kobêr anindakakên pandamêl silaturohmi wau. Ing jaman samangke caranipun silaturohmi mawi kintun-kinintunan karcis, nanging ingkang makatên punika mênggahing raos dèrèng marêmakên dhatêng manah, mila pamanggihipun pangrèh Narpawandawa mêndhêt têngah-têngahipun sunat pandamêl alal-bihalal sarta silaturohmi wau kadamêl sapisan kemawon, inggih wontênipun pamanggihan dalu punika.

Sadhèrèk, sasampunipun pangrèh ngaturakên andharan kasêbut ing nginggil, sampun têtela bilih wiji kita kina-makina amung ambudi mrih supêkêting anggènipun pasadherekan, dados sintên ingkang gadhah krêntêk botên nêdya rukun, punika nama nyulayani kaparêngipun para panuntun ingkang luhur-luhur, amargi sampun têrang bilih gêsang kita punika tansah gêgandhengan tulung-tinulung kalihan sasami- sami, bêbasanipun: tiyang botên sagêd nêdha sêkul sapulukan, bilih botên wontên tiyang sèwu tumandang ing damêl. Amila inggih botên lôngka Narpawandawa damêl simbul: eka paksa karya sakti. Ingkang pikajêngipun: kita sagêda rukun dados satunggal, ingkang tundonipun adamêl santosa. Sintên ingkang sampun santosa tamtu badhe kinawasa. Sawontênipun Narpawandawa punika sampun amratandhani bilih para putra santana dalêm sami kadhêdhêran wiji sêdya rukun, inggih Narpawandawa punika ingkang minôngka lêlantaranipun para putra-putri dalêm sagêd supêkêt kalihan para santananipun. Manawi panggulawênthahipun Narpawandawa anggêgulang supêkêting pasadherekan para putra santana dalêm wau sampun sagêd manjing ing balung sungsum, mangke saking sakêdhik utawi kalihan malampah para putra santana dalêm wau tamtu lajêng rukun piyambak kalihan para sadhèrèk sajawining Narpawandawa. Bilih sampun kalampahan makatên, inggih wiwit ing ngriki badhe dadosipun rukun kabangsan. Gèk saiba saya prayoginipun manawi para warga Narpawandawa sampun sami kabuka karukunanipun kabangsan. Saking rukuning [ruku...]

--- 28 ---

[...ning] kabangsan wau lajêng gandhèng kalihan kabangsan sanès, pangrèh wani namtokakên bilih donya têmtu badhe têntrêm. Inggih têntrêming donya punika ingkang dados karsaning Gusti Allah ingkang ngratoni ing alam sahir lan kabir.

Sadhèrèk, pamanggihipun pangrèh kados sampun cêkap samantên kemawon rumiyin, anggènipun ngandharakên parlu-parlu ingkang pantês kagêm dhêdhasaraning panggalihipun para warga kakung putri sadaya, minôngka tutuping aturipun pangrèh, namung ngèngêtakên dhatêng para warga sadaya, mupung ing dalu punika pêpanggihan wontên dalêmipun pangarsa mulya, sarta panjênêngan sami anênggani, para warga sadaya sami ngèngêtana pangandikanipun pangarsa mulya rikala adêgipun Narpawandawa, minôngka kangge bêbundhêlaning panggalih, ungêlipun makatên: pathining satriya, anyirnakna piguna, angurbana salira, kinarya widada arjaning praja, suwawi sami kajôngka. Panyuwunipun pangrèh, sadhèrèk, samangke panjênêngan sadaya sami kasuwun mèndêl ngêningakên cipta dangunipun 7 sêkon, sarwi mêmuji, mugi Gusti Allah angijabahana anggèning Narpawandawa anggayuh widada raharjaning praja. Sapunika muryararas lajêng badhe dipun wiwiti.

Bêtuwahipun Tiyang Rêmên Têtulung

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9 taun 1932

[Mêgatruh]

pan sumêlanging tyas manawi pun bajul / sumêdya anarab malih / marma andika ngong cêluk / dimène nuli nyinggahi / sangking don ardèng pakewoh //

mrih lastantun raharja salaminipun / makatên ing sajarnèki / ulun takèn naminipun / Ki Buyut Dhawuk kang panti / ngardi Ngandaka kang kulon //

Buyut Dhawuk pan dados panguyu-uyu / ing pidhusun misêpuhi / katêmpah momong mêmuruk / amba lajêng prasêtya ngling / yêkti kapotangan yêktos //

nêdya malês lastantuning amitulung / mila punapa kinapti / kongsia turun-tumurun / tan kenging limuta inggih / ugi gipih pan sumaos //

Buyut Dhawuk anarima wuwusipun / ya dewa kang ngudanèni / prasêtyanira satuhu / nulya sêsowangan sami / amba dhatêng ing dhadhap bong //

sawatawis dintên mantuk saking dhusun / dumuginipun samangkin / ulun pan dèrèng kapangguh / lan Buyut pan kongsi lalis / marma muhung ngonggo-onggo //

Sang Palaswa têlas [tê...]

--- 29 ---

[...las] nêmbah aturipun / gantya pêpariksa malih / sawêlas ingkang didangu / wasta amba pun Sangkuni / wismèng dhusun ing Paropoh //

ngupajiwa ulah karya kang pakantuk / sabên- sabên amêmêlik / dhatêng madyaning wana gung / gêndrèh kêmasan duk nguni / kasub misuwur kinaot //

jaman Prabu Jayabaya duk rumuhun / gêndrèh kêmasan sang aji / kasub kasugihanipun / wit sagêd akarya rukmi / dinèkèk saênggon-ênggon //

milanipun amba mamêlik ing ngriku / tan wontên sangsayèng kapti / muhung taun kang kapungkur / marêngi môngsa Asuji / wontên sambekala kalok //

sêdhêngipun dhudhuk-dhudhuk mèh kaluntur / duk amba arsa mèt warih / binujung ing warak wuru / duk parêng dupi kaèksi / sang warak tilêm galoso //

datan dangu Buyut Dhawuk saking kidul / mèsêm aris dènnya angling / pinuju sami rahayu / warake wus ngong sirêpi / tri ratri dhêkok angorok //

nanging datan kêna wêweka satuhu / tanpa taha bilaèni / nora kêna pinrih lampus / pantês kiniwakkên aglis / kacêmplungkên ing jurang jro //

pan jumurung tumulya sami kausung / dhatêng prênahing tarêbis / langkung têbih gèn kang samun / kang datan kaambah janmi / wangsul malih tyas katongton //

dupi rampung amba prasêtya ing wuwus / manawi ing wuri-wuri / tan kêna supe saèstu / ring turun-tumurun sami / sumêdya ngaturkên yêktos //

Buyut Dhawuk mangsuli muga saèstu / kadulurana sawuri / sinêmbadanana iku / dening Hyang kang Murbèng Pasthi / dumunung ing sosiking wong //

pun Sangkuni rampung ature wotsantun / tandya maju kang mungkasi / pêpariksan duk kadangu / matur pun Kumba wêwangi / wadya nata panêkar jro //

bawah kabupatèn sang arya bintulu / tatkala taun kawingking / môngsa Asuji ing dangu / amba wisata pribadi / dhatêng dhusun ing Pandhanwong //

arsa tumbas badhe sêsarungan dhuwung / timaha ingkang prayogi / dupi angsal lajêng mantuk / praptèng bon asri marêngi / wontên wanara sajodho //

gung nanggungi ngadhang lampah ambêbedhung / arsa kawula lawani / sawêg anarik dhêdhuwung / wanara atusan prapti / sami marêk kumaroyok //

muhung kamigilan lumajêng binujung / tan adangu nuntên kèksi / wre sadaya marikêlu / sami guling anggulinting / saênggèn-ênggèn kemawon //

nuntên prapta tiyang sarwi musthi tulup / marêpêki sarwi angling / lah priyantun mangke sampun / botên wontên kawis-kawis / enggal mantuk kados gupoh //

kêthèk sagung kula sirêpi sadarum / samya anendra kapati / môngsa tangia puniku [puni...]

--- 30 ---

[...ku] / pan kongsi ing tigang ari / kataman sêsirêp ingong //

dupi mulat kawula langkung angungun / nuntên takèn nama inggih / sajarwasta Buyut Dhawuk / ingandika wisma panti / pangkat dhungke angrèh ing wong //

amba laju muwus prasêtya satuhu / lamining gêsang maksih ling / tan limut maksiyat emut / damêl raharja sajati / sumôngga sakarsa borong //

ing saèstu kêdah malêsa pikantuk / darbe punapa kang pèni / kinarsan sumôngga katur / Buyut Dhawuk lon nauri / dewa wrin karsanta mangko //

ya kang muga sinêmbadana satuhu / nulya sêsowangan sami / têlas pun Kumba wotsantun / lèngsèr sing ngarsa narpati / titi sampurnèng pandangon //

wus mangkana dadya ngandika sang prabu / ya pikirên ingkang bêcik / waratane ing pamandum / kang sakira sidhangsiring / basane narima karo //

kyana patih wotsari alon umatur / dhuh pukulun sri bupati / manawi dados panuju / ing karsa paduka aji / inggih makatên kemawon //

nglastantunkên dhawuh paduka pukulun / wontên ingandika sami / duk maksihe Buyut Dhawuk / rare kêkalih prayogi / timbangan sêkar sajodho //

tiyang dhusun ingkang pêpitu pakantuk / sami anyanggia bukti / têtêdhan sacêkapipun / lumados ing sabên warsi / mintir sampun ngantos towong //

Inggih amung salêbêting gêsangipun / dene kang wisma kêkalih / kawula kala rumuhun / nambut kasagahan wajib / andamêlakên pitados // Taksih wontên sambêtipun.

Kopêrasi

Pêthikan saking Hindia Zelfbestuur dening Tuwan N. Spykman. G. Kolff. & Co. Batavia 1919.

Sambêtipun Narpawandawa No. 1.

Kopêrasi asil punika kajêngipun, ngwontênakên asil sêsarêngan. Asilipun dipun sade dhatêng ing pêkên, bathinipun dhatêng ingkang sami ngwontênakên asil sêsarêngan wau.

Kawontênanipun inggih sagêd warni kalih, inggih punika: ingkang gadhah kopêrasi wau bêrah-bêrahing pabrik ngriku, utawi: tiyang-tiyang ingkang ngintunakên badhe. Koprasi asil punika beda kalihan kabudidayan limrah, jalaran ingkang sami gadhah tumut ambudidaya prakawis pandamêlipun asil, botên namung gadhah sêrat andhil, [andhi...]

--- 31 ---

[...l,] lajêng botên tumut cawe-cawe.

Pabrik-pabrik mrêtega sarta kèju ing nagari Walandi punika kopêrasi asil, ingkang gadhah ngintunakên badhe.

Kala rumiyin para tiyang tani ing sawênèhing panggenan sami damêl mrêtega sarta kèju piyambak-piyambak. Lajêng sami ngêdêgakên pabrik sêsarêngan, ingkang sagêd damêl mrêtega sarta kèju kathah. Piyambakipun ngintunakên prêsanipun piyambak-piyambak dhatêng pabrik wau.

Asilipun dipun sade dhatêng pêkên, bathinipun kangge saraos, manut kathah sakêdhikipun prêsan ingkang dipun kintunakên.

Sarèhning damêl mrêtega sarta kèju wontên ing pabrik ingkang agêng punika wragadipun langkung mirah tinimbang kalihan gunggunging wragad manawi dipun damêl piyambak-piyambak, mila cara makatên punika sagêd ngirid wragan.wragad.

Manawi tiyang-tiyang tani nyade prêsanipun dhatêng pabrikipun tiyang sanès, wragad pandamêlipun mrêtega sarta kèju punika inggih sagêd irid. Iriding wragad wau botên dados kauntunganipun, nanging dados untungipun ingkang gadhah pabrik.

Ing tanah Eropah kathah kopêrasi asil ingkang panyambutipun damêl kados pabrik mrêtega sarta kèju ingkang kasêbut nginggil, nanging cacahipun dèrèng sapintêna manawi katimbang kalihan kathahipun kopêrasi kabêtahaning griya.

Ing tanah Eropah adêgipun kopêrasi kabêtahaning griya punika sampun watawis 120 taun, sapunika sampun ngrêbda sangêt, langkung malih ing tanah Inggris, inggih punika panggenan tuwuhipun cara nyambut damêl sêsarêngan punika.

Kopêrasi kabêtahaning griya punika pakêmpalan, ingkang warga-warganipun manawi tumbas kabêtahanipun sêsarêngan kathah, botên tumbas piyambak-piyambak dhatêng ing toko-toko. Awit saking punika sagêd pêthal saking dagang alit sarta dagang sambêtan. Manawi pakêmpalanipun kopêrasi agêng, malah sagêd uwal saking dagang agêng. Dados bêbathèn ingkang dipun tampi para sudagar, dados kauntunganipun ingkang ngangge barang.

Kopêrasi kabêtahan ingkang sêpuh-sêpuh, ingkang kathah adhêdhasar pitulungan. (philantropisch), sampun kathah ingkang pêjah. Kopêrasi wau sami angsal pitulungan saking [sa...]

--- 32 ---

[...king] ing jawi, nanging sarèhning warga-warganipun botên mêmpêng, mila sampun samêsthinipun lajêng sami pêjah.

Ingkang sagêd widada gêsangipun punika kopêrasi ingkang murni ingkang mligi dhêdhasar têtulung piyambak sarta nyambut damêl piyambak. Pambagenipun bathi manut kathah sakêdhikipun anggènipun tumbas barang. Sapunika kopêrasi wau dados pakêmpalan ingkang agêng dayanipun.

Bêbathèn ingkang sabên taun dipun dum, punika lugunipun wangsulan rêginipun barang-barang ingkang dipun tumbas salêbêtipun sataun.

Bêbathèn wau wontên sabagean ingkang dipun wangsulakên kangge mêwahi pawitan, kangge ngagêngakên tokonipun.

Mênggah agêngipun kopêrasi kabêtahaning griya ing tanah Eropah, kacêtha wontên ing pratelan ngandhap punika:

Nagari: Inggris. Kathahing kopêrasi: 1,464. Cacahing warga: 2.542.000. Panyadean: f 862.000.000

Nagari: Jêrman. Kathahing kopêrasi: 2,311. Cacahing warga: 1.328.779. Panyadean: f 271.000.000

Nagari: Walandi. Kathahing kopêrasi: 481. Cacahing warga: 160.000. Panyadean: f 25.000.000

Mênggah kadadosanipun kopêrasi punika, (kopêrasi ngwontênakên asil punapa ngangge asil wau botên beda), inggih punika ngindhakakên kacêkapanipun para warganipun, awit saking mindhak pamêdalipun, kabêtahaning agêsang langkung mirah, pangiridan saha enggal sagêd kêklêmpak bôndha, dening kêmpalipun celenganipun sadaya warga.

Kalih prakawis wau, inggih punika indhaking kacêkapan sarta gadhah bôndha piyambak, punika prêlu sangêt tumrap bôngsa tiyang siti. Kopêrasi punika sagêd dados jalaranipun kalih prakawis ing nginggil wau. Manawi lantaranipun punika kopêrasi, punika nyata saking pêkahipun piyambak, dados têrang manawi sagêd mrentah piyambak (zelfbestuur). Taksih wontên sambêtipun.