Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 3-4, Kaping 4 Dulkangidah lan Kaping 5 Bêsar Dal 1863, Utawi Kaping 1 Marêt Lan Kaping 1 April 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi. Tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 10/410

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, awit saking sêratipun pangrèh Putri Narpawandawa, katitimasan kaping 12 Januari 1933, sakanthinipun anglairakên botên mupakat sangêt badhe wontênipun pranatan guprêmèn, tumrap para putri santana dalêm, ingkang imah-imah angsal abdinipun guprêmèn, ingkang botên gadhah sêsêbutan punapa-punapa, turunipun badhe botên angsal sêsêbutan samêsthinipun kados ingkang tumindak wontên ing bawah dalêm Surakarta ngriki. Makatên wau kajawi para putri santana dalêm rumaos kecalan wawênang, ugi badhe ngrèmèhakên jumênênging panjênêngan dalêm nata, mênggah [mêng...]

--- 34 ---

[...gah] punika mugi andadosakên panggalihanipun pêpatih dalêm.

Katur tanggal kaping 27 Januari 1933.

Mudha pangarsa: Wg. Kusumayuda

Panitra II, Wg. Purwasastra.

Golongan Paprentahan Praja sarta Pangadilan

Ôngka 74, C/1/I

Bab Sêsêbutan

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng pakêmpalan Narpawandawa, sêrat paturan katitimasan kaping: 27 Januari 1933, ôngka 10/410 sampun kauningan, bab anggènipun pangrèh Putri Narpawandawa anglairakên botên mupakat sangêt badhe wontênipun pranatanipun kangjêng guprêmèn, tumrap bab sêsêbutan sapiturutipun kados ingkang kasêbut sêrat paturan wau, punika sampun dados panggalihanipun nagari, ingkang punika supados sumêrêp.

KantèrKantor. Kapatihan kaping: 18 Pèbruari 1933.

Wg. Gitadipura

Golongan sèkrêtari.

Ôngka 175 A/1/I

Pênganggon Seba Marang Pasarean

Turunan

Dhawuh marang bupati juru kunci Imagiri, awit saka dhawuh timbalan dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing mêngko kang padha seba marang pasarean ing Imagiri, katata kaya ing ngisor iki.

1. Tumrap para putra santana dalêm kang padha seba jiyarah utawa caos dhahar marang pasarean wêwêngkon Surakarta, panganggone kudu kaya manawa seba padinan malêbu [ma...]

--- 35 ---

[...lêbu] ing karaton Surakarta, tumrape para abdi dalêm kudu padha manganggo klanthungan kulambi putih, ijo utawa irêng.

2. Yèn ana parlu liya utawa ana layon sapêpadhane, para putra santana abdi dalêm mau kudu padha manganggo madhani utusan dalêm.

3. Yèn seba marang pasarean wêwêngkon Ngayogyakarta, kudu padha manut tatanan Ngayogyakarta, mung panganggone miturut carane dhewe, kosokbaline yèn putra santana abdi dalêm Ngayogyakarta, uga kudu padha manut tatanan Surakarta, mung panganggone miturut carane dhewe.

4. Yèn ana pêrlune karaton loro kang bêbarêngan, panganggone lastari kaya tatanane dhewe-dhewe, kang iku banjur pakênira tindakna saparlune.

Dhawuhing parentah kaping 22 Pèbruari 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.G. Jayanagara

Wara-wara

Wiyos dalam tinangkil ing bangsal pangrawit, nalika dintên Kêmis tanggal kaping 20 Sawal Dal 1863, kaparênging karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, putra têtilaranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Radèn Mas Arya Kusumawinata, kawisudha kaganjar dados pangeran santana, sarta katêtêpakên dados mayor twèdhê komandhan, kapatêdhan nama Kangjêng Pangeran Panji Cakrakusuma, kaparingan balônja pangeran santana: 600 rupiyah, anggènipun kakarsakakên dados mayor twèdhê komandhan, kaparingan balônja lastari: 200 rupiyah, kawrat nawala dalêm katitimasan kaping 24 Sawal Dal 1863, dene lêlinggihanipun angênèmi Kangjêng pangeran Arya Cakradiningrat.

--- 36 ---

Praja Surakarta Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame Wontên Ing Rad Kawula (Volksraad)

Sambêtipun organ Narpa ôngka 2

Nglajêngakên rêmbag ing Polêksrad bab Porstênlandhên. Sasampunipun wakil parentah dhirèktur pangrèh praja, Tuwan A. Muhlenfeld mangsuli ing 1e. termijn. Lajêng warga Radèn Mas Wiwaha tuwin Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mangsuli sêsorahing 2e. termijn nalika tanggal kaping 23 Agustus kapêngkêr kados ing ngandhap punika:

Ingkang rumiyin sêsorahipun Radèn Mas Wiwaha:

Kula taksih mangsuli bab Porstênlandhên, ingkang kula rêmbag ing 1e. termijn wangsulanipun wakil parentah punika dèrèng sagêd marêmakên manah kula, amargi wangsulan wau botên mawi mancahi sabab-sababipun katrangan kula.

Wakil parentah nêrangakên bilih konpêrènsi Porstênlandhên punika botên gadhah kajêng sanès anjawi namung sagêdipun saha sêsarêngan panyambut damêlipun para sèlêpbêstirên, (onderlinge samenwerking tusschen en de zelfwerkzaamheid van vier zelfbesturen). Dhatêng kajêng makatên punika kula têmtu rujukipun. Amargi ngèngêti bijzondere positie nipun wakil parentahing Porstênlandhên, punika lênggahipun ing konpêrènsi ugi gadhah bijzondere cachet piyambak, wêkdal punika ing Porstênlandhên dèrèng sagêd mardika (zich vrijelijk) manawi kapurih rêmbagan kalihan wakilipun parentah, inggih bab punika, tuwan pangarsa, ingkang anjalari botên saenipun konpêrènsi wau, mila prayogi dipun wontêni malih konpêrènsi ingkang sagêd nocogi kabêtahan, pêrlu ngajêngakên zelfwerkzaamheid -dipun para sèlêpbêstirên.

Sarèhne wakil pamarentah botên mangsuli bab ingkang dados wosing sêsorah kula ing 1e. termijn ing ngriki pêrlu kula têrangakên malih ngangge alêsan pitakenan kula dhatêng parentah makatên, punapa parentah anganggêp sampun sakeca, punapa punika prakawis limrah (doodgewone zaak) kala ing Sala wontên ura-uru bab sudan paos, ngantos suwuripun dhatêng jawi kados wontên pasulayan, ingkang sinuhun kalihan konpêrènsi.

Awit saking wangsulanipun parentah bilih isinipun Communique tanggal 21

--- 37 ---

Marêt kapêngkêr punika namung usul dhatêng para sèlêpbêstirdhêrs, ing ngriki pêrlu kula têrangakên malih ingkang dipun wastani pamrayogi wau, nyatanipun (practisch) katindakakên sadaya. Môngka rad kawula kemawon dèrèng gadhah panguwaos (staatkundige macht).

Awit saking wangsulanipun parentah bab pêpatih dalêm ingkang badan kalih (dubbelslachtige positie) punika parlu kula têrangakên ngriki, manawi wontên sulayanipun kabêtahan Kasunanan kalihan guprêmèn, punika guprêmèn ingkang tansah untung, kula botên pitados (twijfelen) manawi tiyang ingkang ngabdi bandara kalih, punika ingatasipun bab paprentahan, langkung mardika tuwin adil tinimbang ingkang ngabdi bandara satunggal.

Bab kantor babagan siti (agrarische kwestie) punika sampun sêmpit sangêt wêkdalipun kangge rêmbagan ing 2e. termijn mila namung badhe kula cêkak kemawon.

Tiyang sampun ngajêngi (principe aanvaarden) bilih ingkang mangagêngi kantor A.Z. punika kêdah tiyang ingkang pasinaonipun luhur (academisch) awit saking usulipun pêpatih dalêm, Mr. Sujana, kakarsakakên ingkang sinuhun anggêntosi Côndranagaran ingkang sawêg pêrlop. Dene bênuman punika botên raosan rumiyin kalihan gupêrnur punika lêrês, ing ngriki kula akêni, punika saking kalepyanipun (verzuim) pêpatih dalêm, amargi saking ngèngêti principe ingkang sampun dipun ajêngi. Ananging verzuim punika toh botên kenging lajêng dipun angge dhadhakan ngrèmèhakên (prestige v.h. Rijk naar beneden wordt gehad) dhatêng praja. Anjawi punika toh asring kemawon wontên amtênaripun gupêrmèn ingkang pangkat luhur (hooggeplaatst-ambtenaar) ingkang tumindak lêpat, ingkang inggih lajêng dipun tutupi utawi dipun akêni (gedekt) dening pangagêngipun (superieuren) makatên ugi prêlu dipun têrangakên ing ngriki, bilih Mr. Sujana punika botên badhe kapurih nyêpêng kantor A.Z. Mangkunagaran, amargi ingkang sinuhun botên kaparêng kantor kalih wau kadadosakên satunggal (samenvoeging).

Awit saking wurungipun bênuman Mr. Sujana punika sagêd ugi nagari lajêng maringi arta lintonipun karugian, ingkang punika nama arta ical, mila punapa botên [botê...]

--- 38 ---

[...n] prayogi manawi Mr. Sujana punika têtêp kaabdèkakên kemawon? Panyuwun kula mugi parentah kaparênga anggalih, sarèhne arta wau badhe botên tumônja langkung prayogi ngabdèkakên (dienst pestuties) Mr. Sujana wau, makatên sagêd kenging kangge nyapih (Compromis).

Tutuping atur kula punika, mugi-mugi kantor A.Z. ing Ngayogyakarta kenginga kangge conto tumrap Surakarta, sanadyan alon, ewadene sapunika sampun kapasrahakên dhatêng sèlêpbêstirên.

Lajêng warga Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya nglajêngakên sêsorahipun ing 2e termijn ugi minôngka wangsulan dhatêng sêsorahipun wakil parentah dhirèktur pangrèh praja Tuwan A. Muhlenfeld kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Wangsulanipun parentah tumrap sêsorah kula nalika dintên Sêtu punika kula gêla sangêt (teleurgesteld). Sanadyan kula botên ngajêng-ajêng wangsulan sanalika, amargi bab punika gawat, langkung malih tumrap Porstênlandhên, ananging manawi wangsulan kados caranipun parentah kados makatên, botên marduli dhatêng wêwaton kula, inggih punika panyuwakipun pangadilan wau nyulayani kontrak prajangjian, punika kula botên ngintên sangêt. Cara makatên punika dhebat sampun rêkaos. Sarèhne kula ngintên manawi sasampunipun wangsulan ing 1e. termijn dumugi mangke mangsuli ing 2e. termijn punika parentah tamtunipun botên badhe beda pamanggihipun, mila prayogi manawi bab punika kula kèndêlakên samantên kemawon, amung mugi-mugi bab punika taksiha dados panggalihanipun parentah, sanès wêkdal badhe kula wangsuli, punapa parentah sampun kaparêng ngewahi pamanggihipun.

Bab panguwaos maringi pangapuntên (gratierecht) parentah nyagahi badhe kagalih malih, mila prayogi ngêntosi kemawon.

Wangsulanipun parentah bab tatanan enggal (bestuursreorganisatie) ing Porstênlandhên kaparêng badhe ngèngêti bijzondere positie sarta pulitikipun parentahing Porstênlandhên tansah badhe ngajêngakên (continuiteit) ingkang sampun punika kula matur nuwun. Ewadene kula taksih ngajêng-ajêng supados parentah kaparênga tarosan rumiyin (voorafgaande bespreking).

--- 39 ---

Wangsulanipun parentah bab kantor A.Z. punika kula rumaos gêla (leedwezen), botên namung botên marêmakên, kalihan ugi onvriendelijk. Amargi wakil parentah mawi andakwa, bilih kula dhatêng bab ingkang kula rêmbag wau botên sumêrêp utawi botên patosa mangêrtos, (niet geheel op de hoogte) malah katrangan ingkang katampèn parentah kangge mangsuli (gegevens) punika botên, volledig.

Nalika taun 1914 Tuwan Residhèn Sollewijn Gelpke miwiti angwontênakên kantor A.Z. piyambak. Kawrat sêrat katitimangsan kaping 12 Agustus 1914 ôngka 6699/44 T. konjuk ingkang sinuhun, nyuwun ngangge kamar kantor (localiteiten) Kapatihan, sarta nyuwun supados wontêna abdi dalêm sawatawis ingkang kapurih sinau, dene tuwan asistèn residhèn, P.W. Jonguiére kangge sawatawis môngsa (tijdelijk) dados pangagêng kantor wau, kanthi kasagahan, kula pêthik saking sêratipun residhèn wau, "hoe eerder de zelfbestuursambtenaren de werkzaamheden zelf kunnen verrichten, hoe eerder genoemde assistent - resident wederom zijn eigenlijke werkzaamheden zal kunnen verrichten". (manawi para abdi dalêm wau sagêd enggal nindakakên saya prayogi lajêng A.R. wangsul nindakakên kuwajibanipun piyambak) punika lo, kasagahanipun, ingkang dumugi dintên punika dèrèng dipun têtêpi.

Kala samantên kula dipun pilih kadhawuhan nyambut damêl ing kantor wau, namung sabab badan kula sakit botên sagêd anglajêngakên padamêlan wau. Kula sumêrêp piyambak, bilih Tuwan Jonguiére punika têmên-têmên maringi piwulang kadosdene pangajêng tuwin pamomong, sadaya pandamêlan tamtu karêmbag kalihan kula sadaya, supados samia sumêrêp wados-wadosipun padamêlan.

Ananging tuwan wau kapêksa kesah, pêrlu ngatingalakên kacakêpanipun dados residhèn. Sakesahipun tuwan wau tumindakipun ing kantor lajêng sanès, para abdi dalêm wau namung lugu kadosdene punggawa kantor. Kantor wau saya dangu saya katata kadosdene kantor guprêmèn. Saya malih sarêng kantor wau pindhah griya dhatêng griya sewan, punika saya ical raosipun kantor Kajawèn.

Katranganipun wakil parentah bilih kantor wau badhe botên kawangsulakên, punika kadospundi.

--- 40 ---

Wakil parentah nêrangakên bab awonipun tumindaking kantor A.Z. kagandhèngakên kalihan para amtênar sèlêpbêstir, manawi karsanipun wakil parentah makatên kula ugi sagêd ngaturi lis para amtênar B.B. kalihan pulisi Walandi ingkang nyalingkuhakên arta, ananging punapa makatên wau lajêng kenging kaangge waton ngawonakên B.B. tuwin pulisi Walandi bab ongeschiktheid?

Ewadene punapa sababipun dene sadaya kalêpatan wau wakil parentah sangêt anggènipun nêtêpakên (de nadruk worden gelegd)?. Punapa pangajêngipun kantor (leider) wau inggih botên nate lêpat? Punika sampun kalimrah. Nanging punapa punika lajêng kangge waton ngrèmèhakên? Paribasan wetanan nêrangakên, bilih namung Gusti Allah ingkang botên nate kalèntu.

Kula tamtu ngandêl dhatêng katranganipun wakil parentah bilih sadaya kalêpatan saha kaculikan wau nyata. Ananging punapa punika sadaya botên dados katrangan tuwin ngiyatakên sêsorah kula sakawit. Yèn ingkang awon punika ingkang nuntun (leiding) tuwin pasinaonipun (opleiding)? Punapa kontrolênipun sampun sae? Punapa sadaya wau botên sagêd katata supados sampun ngantos wontên tindak ingkang botên prayogi? Môngka pangagêng kantor ingkang gadhah têtanggêlan.

Anjawi punika punapa ing kantor A.Z. inggih namung para amtênar Jawi kemawon ingkang gadhah tindak culika kadosdene ingkang kapangandikakakên dening wakil prentah, punapa wakil parentah inggih mirsa, bilih apêsipun sampun wontên ajung kontrolir bôngsa Walandi ing kantor A.Z. ingkang dipun kèndêli jalaran konangan angladosakên sêrat dheklarasi palsu?

Mila kula gadhah pitakenan, punapa sababipun dene ing katrangan ingkang katampèn dening wakil parentah (gegevens) botên nyêbutakên yèn ingkang ngonangi culika-culika wau Tuwan Côndranagara, ingkang ngonangi sadaya klintunipun ukuran punika Tuwan Côndranagara, môngka lêpatipun ukuran tumrap sitinipun sadaya kuli - sadaya kuli tuwan pangarsa - wontên ingkang lêpating ukuran wau ngantos 50%.

Ing ngriki saya cêtha punapa sababipun kula rumaos eman, dene wêkdal punika [pu...]

--- 41 ---

[...nika] Tuwan Côndranagara kapurih pêrlop.

Kula wangsuli malih pangajêng-ajêng kula supados kantor A.Z. wau enggal kapasrahna dhatêng Kasunanan, dene panyuwun kula supados ajung kontrolir Walandi ingkang sapunika taksih punika dipun santuni abdinipun sèlêpbêstir, punika tamtunipun inggih kalihan ngèngêti kabêtahan pêrsunipun ajung wau, namung prinsipiilipun ingkang kula rêmbag, kula pitados, manawi parentah punika purun kemawon, punika gampil manggènakên amtênaripun satunggal wontên kantor guprêmèn sanès panggenan.

Tutupipun atur kula, kula rujuk dhatêng usulipun Tuwan Wiwaha ingkang nyuwun icalipun pusisinipun pêpatih dalêm ingkang abadan kalih (tweeslachtige positie). Mawi kula tambahi, bilih parentah badhe tambah dipun pitados manawi karsa ngicali wau, amargi manawi tiyang purun maos sêrat-sêrat kabar, posisinipun pêpatih dalêm ingkang tweeslachtig wau wêkdal punika tansah dados rêmbag ing parêpatan umum tuwin ing pèrês. Sampun tamtu kemawon bêlèitipun parentah nêdha ewahipun pusisi wau ngêntosi manawi wontên wisudhan patih enggal, bêlèitipun parentah wau nêdha kaparênga nuruti sadaya pangajêng-ajêng utawi pamrayogi tansah kaaturakên ing parêpatan rad kawula tuwin ing jawi.

Sasêrêpan

Bab Panggulawênthahipun Lare Sêsêpan

Sambêtipun organ Narpa ôngka 4 taun 1932,

Panulakipun pêpêjahipun lare sêsêpan punika kêdah dipun wiwiti sadèrèngipun jabang bayi lair. Manawi tiyang wawrat sakit Tuberculose bèri-bèri, kirang rah, pêthaking tigan wontên ing toya sêni, gêsangipun sarta têdhanipun kêdah manut tatanan.

Manawi wawratan kakintên badhe rêntah, salêbêtipun wawrat nèm badan kêdah aso.

Salêbêtipun wawrat tiyang èstri asring gadhah sakit ginjêl, katitik saking pêthaking tigan ingkang wontên ing toya sêni. Manawi sêsakit punika botên dipun upakara dhoktêr, sagêd anjalari pêjahipun biyung dalasan anakipun.

--- 42 ---

Sawênèhing tiyang èstri manawi wawrat kêdah dipun priksa ingkang titi, upaminipun ingkang wadhahipun lare ewah saking panggenan.

Kathah sangêt tiyang èstri tiyang siti, manawi mêntas gadhah lare sakit bèri-bèri, mila para dhoktêr kêdah ngrekadaya, sagêda nata gêsangipun tiyang ingkang badhe gadhah lare.

Manawi botên angsal pitulunganipun pakêmpalan darma, tiyang èstri ingkang kacingkrangan botên sagêd ngawontanakên têdha ingkang prayogi. Tujunipun ing tanah Jawi sampun wontên yayasan ingkang sae, sarana ngadêgakên pamulasaran tiyang gadhah lare (maternité) ing Batawi, Samarang, Surabaya sarta Surakarta. Inggih punika griya sakit ingkang dipun pangagêngi dhoktêr èstri utawi jalêr, kangge mulasara tiyang wawrat sêpuh ngantos sawatawis dangunipun saking anggènipun gadhah lare. Ing ngriku wontên poliklinikipun, tiyang wawrat ingkang botên dipun pulasara wontên ngriku kenging nêdha pamrayogi mriku.

Pamulasaran makatên punika ing griya sakit sèndhêng limrahipun inggih wontên, langkung malih ingkang dhoktêripun mulang dhukun bayi (vroedvrouw). Pamulasaran ingkang makatên punika angsal pitulungan arta saking guprêmèn.

Pitulungan dhatêng tiyang ingkang badhe nglairakên jabang bayi punika inggih agêng paedahipun. Pitulungan punika botên namung tumrap tiyang ingkang kapulasara ing griya sakit ngriku, nanging para dhoktêr sarta dhukun bayi inggih dhatêng ing griya-griya pakampungan.

Pitulungan punika ngantos dumugi sadasa dintên sasampunipun lair jabang bayi, tarkadhang malah langkung. Ingkang nindakakên pitulungan punika para mantri pêrplistêr, calon mantri pêrplistêr, langkung malih para calon dhukun bayi.

Mênggah kajêngipun para mantri èstri punika têtulung, sagêda andayani dhatêng kasarasanipun griya-griya ing pakampungan. Sarta malih ngulat-ulatakên têdhanipun tiyang ingkang nêmbe gadhah anak kêdah prayogi, ngudi icalipun tatacara kolot, kados ta: dèrèng dumugi mangsanipun, bayi sampun dipun dublag sêkul, ngangge gêndul dhot cara kina ingkang mawi usus-usus karèt, ngangge dhot apus-apusan lan sapanunggilanipun. Para mantri wau kêdah ambudidaya sagêda mêndhêt manahipun dhukun bayi kina, sarta ngrêtos-ngrêtosakên caranipun mulasara tiyang mêntas gadhah lare sarta bayi.

--- 43 ---

Nyaèni kawontênan ing nginggil wau, ingkang agêng dayanipun punika para dhukun bayi pangajaran, ingkang sampun têtêp. Saya mindhak sêpuh, panguwaosipun tumrap tiyang kathah saya wêwah. Manawi sagêd sae namanipun, awit saking panyambutipun damêl kanthi gapyak sarta pangatos-atos, punapa malih misuwur kasagêdanipun, sarta tiyang-tiyang sami sumêrêp, manawi ingkang dipun tulungi punika botên namung para priyantun ingkang sagêd ambayar kathah, nanging inggih purun mitulungi tiyang alit ingkang botên sagêd ambayar, punika kenging dipun ajêng-ajêng, bilih kawontênanipun biyung sarta bayi punika badhe langkung sae tinimbang sapunika. Para dhukun bayi pangajaran kêdah mangrêtos manawi pandamêlan wau awrat, awit bôngsa tiyang siti, asor luhur têngahan, taksih kathah ingkang anggêga kajêngipun piyambak sarta rêmên maibên.

Saking sêkêdhik cacahipun pamulasaran tiyang gadhah lare punika sampun têmtu badhe mindhak, punika anjalari gêsangipun biyung sarta bayi sagêd katulungan.

Sapunika badhe ngrêmbag pamulasaranipun bayi kanthi cêkak. Caranipun angguyang bayi botên badhe karêmbag ing ngriki. Makatên ugi pangupakaranipun mripat, sampun ngantos sakit ngêmu nanah jalaran saking kruma sakit nguyuh (druipermicrobe) utawi (gonococeus) inggih dipun langkungi.

Pangupakaranipun pusêr punika kêdah ngatos- atos, upami mawi dhermatol sarta dipun tutupi mawi prêban gas.

Sadèrèngipun nyriyosakên têdhanipun bayi ingkang dèrèng umur sataun, kêdah dipun èngêti, manawi bayi punika kêdah gadhah patilêman piyambak. Awit saking punika botên badhe wontên bayi pêjah katindhihan biyungipun, sarta bayi wau tilêmipun sakeca tuwin isis.

Mênggah têdhanipun bayi punika, kados ingkang kasêbut ing nginggil, ingkang prayogi piyambak kangge gêsangipun bayi, inggih punika toya sêsêpanipun biyung ingkang saras badanipun. Langkung malih sawatawis wulan ingkang wiwitan, pun biyung prêlu sangêt nêsêpi anakipun.

Manawi lare punika sabên kalamôngsa ajêg dipun timbang, sagêd kasumêrêpan têdhanipun [têdhanipu...]

--- 44 ---

[...n] bayi wau kirang punapa langkung. Miturut kawontênanipun, rambahipun anggènipun nêsêpi sarta lêtipun kenging dipun ewahi.

Jabang bayi punika wiwitanipun suda awratipun, wiwit umur kawan dintên mindhak malih saking sakêdhik, dumugi umur 7-10 dintên sawêg wangsul kados kala sawêg lair. Awratipun têrus mindhak-mindhak saking sakêdhik, wiwitan langkung rikat tinimbang sasampunipun umur satêngah taun.

Indhaking awratipun bayi punika kapetang grobohan, sabên dintênipun:

Salêbêtipun umur 4 wulan ingkang wiwitan: 30-20 gram.

Salêbêtipun umur 4 wulan ingkang kaping kalih: 20-10 gram.

Salêbêtipun umur 4 wulan ingkang kaping tiga: 10-5 gram.

Mênggah awratipun bayi punika kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

umur: 0 dintên, Kilo: 3 / umur: 10 dintên, Kilo: 3 / umur: 1 wulan, Kilo: 3.75 / umur: 2 wulan, Kilo: 4.50 / umur: 3 wulan, Kilo: 5.25 / umur: 4 wulan, Kilo: 6 / umur: 5 wulan, Kilo: 6.50 / umur: 6 wulan, Kilo: 7 / umur: 7 wulan, Kilo: 7.50 / umur: 8 wulan, Kilo: 8 / umur: 9 wulan, Kilo: 8.25 / umur: 10 wulan, Kilo: 8.50 / umur: 11 wulan, Kilo: 8.75 / umur: 12 wulan, Kilo: 9.

Mênggah pamanggihipun para dhoktêr bayi tumrap cacahing rambahipun nêsêpi bayi, punika beda-beda. Nanging supados wilujêng kêdah wontên watonipun. Panindakipun prayogi kados ing ngandhap punika:

Ing dintên ingkang wiwitan, bayi dipun sukani wedang ayam. Wiwit dintên ingkang kaping kalih anggènipun nyukani têdha manawi bayi nangis, nanging lêtipun botên kenging kirang saking 2 jam, botên kenging langkung saking 4 jam, sasampunipun saminggu, limrahipun bayi wau sampun manuh, sagêd ajêg sabên tigang jam, nglilir. Ing wanci dalu dipun sêsêpi sapisan utawi kaping kalih.

Sasampunipun 2-6 minggu bayi wau namung dipun sêsêpi kaping 5 sadintên sadalu. Manawi mindhakipun agêng kirang, kenging dipun ombèni kaping 6.

--- 45 ---

Sabên sasêsêpan punika dangunipun botên kenging langkung 15 mênut. Sadèrèng sarta sasampunipun nêsêpi, susunipun biyung kêdah dipun rêsiki mawi wedang, supados tansah rêsik. Manawi botên makatên susu lajêng abuh, pun bayi koncatan têdha ingkang utami piyambak.

Tandhanipun manawi toya susunipun biyung punika sae, sarta laras kalihan padharanipun lare, bayi wau sabên dintên ambêbucal kaping kalih utawi kaping tiga, sêsukêripun jêne maya-maya, kêmpal botên pating pringkil. Manawi botên wontên sababipun ingkang wigatos, bayi punika kêdah dipun sêsêpi biyungipun piyambak. Sabab-sabab ingkang kenging kangge jalaran botên nêsêpi piyambak, kados ta: sêsakit ingkang nular, langkung-langkung t.b.c. utawi sêsakit suku.

Manawi pun biyung botên sagêd nêsêpi piyambak, kantun milih salah satunggal: dipun inyakakên punapa dipun ombèni sanèsipun. Sarèhning dipun inyakakên punika kathah kawratanipun sarta bêbayanipun, mila prayogi dipun ombèni sanèsipun.

Kajawi awis -awis tiyang ingkang purun dados inya, awit ginêmipun sanak sadhèrèk sarta dêdongengan, pados inya ingkang saras sayêktos punika angèl.

Ingkang dipun ombèkakên punika limrahipun prêsan utawi prêsan damêlan.

Mênggah kawontênanipun toya susu punika kados ing ngandhap punika.

Toya susu tiyang utawi kewan warni-warni, punika wontên jasatipun ingkang parlu kangge gêsang, inggih punika jasat pêthaking tigan, (ingkang kathah jasat kèju utawi caseine), koolhydraten inggih punika gêndhis, gajih, bôngsa sarêm warni-warni, sarta toya. Namung perang-peranganipun beda-beda. Prêsan lêmbu punika langkung kathah gajihipun, nanging pêthaking tigan sarta gêndhisipun kirang tinimbang toya susu tiyang. Prêsan maesa punika gajihipun langkung kathah tinimbang prêsan lêmbu utawi toya susu tiyang.

Prêsan punika gampil dipun ênggèni kewan lêmbat- lêmbat (bacterien) manawi prêsan dipun kèndêlakên sawatawis dangu, lajêng kathah kewanipun lêmbat-lêmbat, ingkang sagêd ngewahi gêndhis dados kêcut. Manawi gêndhis ingkang dados kêcut punika langkung

--- 46 ---

saking watês, jasat kèju wau lajêng anjêndhêl pating pringkil.

Kawontênanipun prêsan ing salêbêtipun padharan, manawi kamomoran kêkêcut toyanipun wadhuk, inggih kados makatên.

Bab punika toya susu tiyang punika wontên bedanipun kalihan prêsan. Toya susu tiyang punika pringkilanipun caseine lêmbat-lêmbat, mila wontên ing padharanipun bayi gampil sagêdipun ajur, awit saking punika badhe ngombèni bayi mawi prêsan punika kêdah dipun manah sayêktos.

Toya susu punika limrahipun botên wontên kewanipun lêmbat-lêmbat, prêsan lêmbu tarkadhang kathah sangêt. Prêsan ingkang wontên basilipun kolerah utawi tipus punika ambêbayani sangêt. Sagêdipun basil dumugi ing prêsan, manawi prêsan wau dipun grok toya ingkang wontên basilipun, utawi nalika mêrês, tanganipun tukang mêrês wontên basilipun. Tiyang wau dèrèng têmtu sakit, nanging kenging dipun wastani tukang ambêkta basil (baccillendrager).

Ngombe prêsan mêntah punika botên sae.

Sagêdipun angsal prêsan ingkang sae, kajawi lêmbunipun ingkang dipun pêrês dipun priksa dhoktêr kewan sarta batihipun ingkang mêrês kapriksa kasarasanipun, wadhahipun prêsan inggih kêdah dipun priksa rêsikipun, kados ta: èmbèr, gêndul lan sapanunggilanipun.

Supados wiji sêsakit ingkang wontên salêbêting prêsan wau pêjah, prêsanipun kêdah dipun godhog, dipun olah ingkang dipun wastani "pasteuriseeren" utawi "steriliseeren".

Prêsan ingkang kangge têdhanipun bayi salêbêtipun sadintên sadalu, ingkang prayogi piyambak kaolah cara Soschlet, kadosdene dipun êtim.

Prêsan dipun isèkakên ing gêndul-gêndul ingkang sampun kagodhog. Gêndul wau lajêng dipun dèkèk ing rengkot kawat sarta dipun tutupi mawi dhot karèt anggang-anggang kemawon. Rengkot wau lajêng kacêmplungakên ing manci ingkang isi toya sawatawis, lajêng dipun êngkrêngakên ing anglo. Anggènipun anggodhog punika dangunipun 10 mênit saking umobipun toya. Sasampunipun makatên gêndul-gêndul wau dipun êdhêmakên, awit saking punika tutup karèt kasêrot [kasêro...]

--- 47 ---

[...t] malêbêt. Gêndul-gêndul punika kadèkèk ing panggenan ingkang asrêp, anggènipun ambikak tutupipun namung manawi badhe dipun ombèkakên.

Pasteuriseeren inggih punika prêsan dipun bêntèrakên ngantos 680 - 750 C limrahipun 700 - 720 C. Prêsan ingkang kados makatên punika botên kenging dipun angge, amargi wijinipun sêsakit têmtu taksih, upami basil tbc. punika taksih sagêd gêsang. Prêsan wau kêdah dipun godhog malih. Pasteuriseeren punika tanpa damêl sarta awon, awit prêsan ingkang dipun bêntèrakên kaping kalih punika gampil anjalari sêsakit: Barlowsche ziekte, titikanipun: botên doyan nêdha, pucêt, manawi kagêpok sakit, sarta ing kêndhangan yiyid, (slijmvlies) utawi kulit mêdal êrahipun.

Steriliseeren inggih punika prêsan dipun bêntèrakên langkung saking 1000. Basilipun sami pêjah sadaya, prêsan ingkang kados makatên punika kuwawi dipun simpên ngantos lami. Ngemuti pangêjuripun têdha tumrap bayi, prêsan mêntah punika kirang sae tinimbang prêsan matêng.

Mèlêk ing blèg punika warni- warni:

1. Mèlêk kodrat (Natura-melk) punika mligi gesteriliseerde melk.

2. Ongesuikerde gecondenseerde melk punika prêsan dipun dadosakên kukus lajêng dipun jêndhêlakên tanpa gêndhis.

3. Zoete gecondenseerde melk punika kados ôngka: 2, mawi gêndhis.

Manawi pun biyung botên sagêd nêsêpi piyambak amargi saking wontên sababipun, kêdah milih punapa ingkang badhe dipun ombèkakên. Botên prêlu kêdah ngangge prêsan lêmbu, manawi botên wontên, prêsan maesa, menda, kuldi inggih kenging.

Sadaya prêsan kewan, kengingipun dipun ombèkakên bayi kêdah dipun êmori toya sarta gêndhis rumiyin. Manawi ngangge prêsan lêmbu, miturut Dr. Gorter dhoktêr bayi, ing dalêm kawan likur jam barang cuwèr ingkang dipun ombèkakên bayi, kados ing ngandhap punika:

Salêbêtipun umur 3 wulan 150 cm3 x cacahing kilo awratipun bayi.

Umur 3 dumugi 6 wulan 140 cm3 x cacahing kilo awratipun bayi.

--- 48 ---

Umur 6 dumugi 9 wulan, 125 cm3 x cacahing kilo awratipun bayi.

Mênggah pamurwatipun prêsan, toya sarta gêndhisipun, miturut dhoktêr wau makatên:

Lare umur 3 minggu ingkang wawratipun 3 1/2 kilo prêsanipun 250, toyanipun 250, sarta gêndhisipun 20 gram.

Lare umur 2 1/2 wulan ingkang wawratipun 5 kilo: prêsan 500 toya 250 sarta gêndhis 24 gram. Ing ngriku barangipun cuwèr 150 gram x 5 = 750 gram.

Lare umur 5 wulan ingkang wawratipun 6 1/2 kilo, barangipun cuwèr 140 gram x 6 1/2 = 910 gram. Saking samantên punika prêsanipun 600 gram, toyanipun 300 gram sarta gêndhisipun 20 gram.

Ngancik umur 8 wulan lare wau dipun ombèni prêsan murni.

Lare ngancik umur 4 wulan kenging dipun têdhani bôngsa glêpung. Nanging ingkang makatên punika gumantung kawontênanipun biyung sarta larenipun.

Nêmtokakên wêktu nyapih tumrap sadaya lare punika angèl. Limrahipun kêdah ngêntosi mêdalipun untu ngajêng. Manawi anggènipun nyapih kalitên, gampil anjalari risaking pangêjuran têdha, manawi ngantos langkung saking umur sataun, biyung dalasan anakipun asring sakit kirang rah.

Ing griya sakit pamulasaran tiyang gadhah lare, sadhiya prêsan ingkang dipun olah cara soschlet tumrap lare-lare sêsêpan ing pakampungan, rêginipun sami kalihan panumbasipun utawi kirang saking samantên. Anggènipun ngolah wontên ing pawon prêsan. Ugi nyambutakên dhot ingkang sampun kagodhog, kabuntêl ing mori tipis.

Dhot sarta gêndul kothong sasampunipun 24 jam dipun wangsulakên, dipun lintoni ingkang isi.

Sami-sami mèlêg ing blèg ingkang kasade ing toko-toko Indiya, ingkang limrah kangge ngombèni lare punika mèlêk kênthêl ingkang lêgi. Prêsan enggal punika botên tamtu sagêd angsal, manawi angsal rêginipun awis, Natura-melk punika manawi sampun kabikak botên sagêd kuwawi dangu. Mèlêk lêgi punika sagêd kuwawi dangu.

--- 49 ---

Jalaran saking kathahing gêndhis sarta lêpat anggènipun ngêgrog toya, mèlêk punika asring anjalari risaking pangêjuran têdha.

Manawi botên sagêd angsal pitêdahipun dhoktêr, ngombèni lare mligi mawi mèlêk lêgi punika botên prayogi.

Ing tanah Eropah lare ingkang dipun ombèni mèlêk ing blèg punika kacandhak ing sêsakit, Barlowsche ziekte, lare tiyang siti botên wontên, amargi ing ngriki lare punika taksih alit sampun dipun têdhani wowohan utawi duduh wowohan.

Miturut ingkang kaandharakên ing nginggil lajêng angsal pamanggih, bilih wêwahing pêpêjah tumrap lare sêsêpan awit saking lêpat anggènipun nyukani têdha, punika kenging dipun tanggulangi sarana lampah kados ing ngandhap punika:

a. Sasagêd-sagêd bayi kêdah dipun sêsêpi biyungipun piyambak, punika nelakakên agênging pigunanipun pamulasaran tiyang gadhah lare. Asring kalampahan tiyang gadhah lare punika tilar, jalaran saking awoning pangopènipun, bayinipun inggih lajêng tilar. Sagêdipun tumindak prêlu mawi pitulungan arta utawi pitêdah. (Upami sarana ngêdêgakên pakêmpalan ingkang mitulungi tiyang wawrat sarta tiyang gadhah lare). Prayoginipun warganing pakêmpalan wau kathah tiyangipun siti.

b. Sadhiya prêsan ingkang sae minôngka lintunipun toya susu, manawi pun biyung botên sagêd nêsêpi piyambak. (Ngwontênakên pawon prêsan ingkang dipun priksa dhoktêr, ngajêngakên adêgipun pangingahan kewan prêsan cara enggal, inggih punika modelboerderij).

c. Mradinakên kawruh bab pamulasaranipun lare sêsêpan dhatêng ing pundi-pundi.

Cara sanèsipun kangge nanggulangi kathahing pêpêjah tumrap lare sêsêpan, kenging kacêkak makatên: kêdah dipun titipriksa mawi pranatan, punapa jalaranipun pêjah wau.

a. Ngwontênakên tatanan agêng-agêng, ingkang tumuju dhatêng kasarasan, kados ta: ngudi saenipun bale pemahan, (upami ngudi sagêda padhanging surya mlêbêt ing griya, damêl kakus manut pranatan dhoktêr), saenipun ilining toya tuwin pambucalan [pambucala...]

--- 50 ---

[...n] sêsukêr sarta rêrêgêd sanèsipun, ngurugi jêjêmbêg panggenan lêmut malariah (anopheles-muskieten) sarta damêl urung-urung toya ngombe (drinkwaterleiding)

b. Ngwontênakên tatanan alit-alit ingkang botên patos awis, tur mikantuki, kados ta: uwuhing griya utawi ing pakarangan kêdah dipun bêsmi, (uwuh punika dipun ênggèni lalêr), têtêdhan dipun tutupi mawi tutup saji kawat trancangan, cluwokan isi toya ingkang dipun ênggèni lêmut dipun urugi, lare sêsêpan manawi tilêm kêdah mawi kojong utawi klambu, sumur sarta panyimpênan toya kajagi sampun ngantos kalêbêtan wiji sêsakit.

c. Suka jampi sarta mulasara bayi, manawi prêlu ngwontênakên puliklinik bayi ing rumah sakit sarta ing pamulasaran tiyang gadhah lare. Manawi prêlu sangêt dipun purugi griyanipun.

d. Suntikan panulakipun sêsakit warni-warni, langkung malih panulakipun sêsakit cacar.

Sarèhning tiyang kathah ing wêktu samangke taksih kirang sangêt pangrêtosipun bab kasarasan, suntikan punika prêlu sangêt, awit punika sarana ingkang utami kangge nanggulangi sêsakit ingkang nular tumrap badanipun piyambak sarta anak- anakipun.

Tatacaranipun Tiyang Kalang Pêjah Obong

Nyambêti sêsorahipun sadhèrèk Ismu Subrata, kawrat ing organ narpawandawa, bab aluranipun tiyang kalang, wontên sasêrêpan malih têtiyang kalang wau gadhah tatacara obong, mênggah dêdongenganipun miturut Pusaka Jawi taun XI ôngka 2 saha 3 makatên:

Kacariyos tiyang kalang punika sapunikanipun kathah ingkang gêgriya wontên ing Kuthagêdhe (Ngayogyakarta) tuwin sanès- sanèsipun, têtiyang kalang wau gêsangipun sae, karukunanipun pasadhèrèkan pantês sinudarsana, rêmênipun tulung -tinulung amènginakên sangêt. Manawi wontên sanak sadhèrèkipun ingkang tinakdir rêkaos gêsangipun, sami guyub suka pitulungan ing sasagêdipun, ngantos ingkang dipun pitulungi sagêd sakeca, amila para têtiyang kalang wau kathah ingkang [ing...]

--- 51 ---

[...kang] abôndha-bandhu, sênêng, têntrêm gêsangipun. Têtiyang kalang punika kabage dados kalih golongan, I kalang kamplong, II kalangbrèt. Têtiyang kalang kamplong wau gadhah tatacara obong, inggih punika bilih wontên ingkang ajal, sasampunipun karukti kados tatacara jisimipun tiyang Islam, mawi dipun wilujêngi wiwit surtanah dumugi sèwu dintên, botên siwah kalihan tiyang Islam sanès-sanèsipun, namung wêwah tatacara obong inggih punika dipun sarêngakên wilujêngan nyèwu, lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Têtiyang ingkang milujêngi sèwu dintêning mayiting tiyang sêpuhipun wau mawi mragat maesa satunggal, dipun pêndhêti jêrowanipun, sampilipun sakawan sarta ulam sanès- sanèsipun, namung kakantunakên pathak, rongkong, tracak sarta kikilipun. Punika dipun dèkèk têngahing griya, dados lajêng kados wujuding maesa anjêrum wontên têngahing jrambah makatên. Dene ulam sanès-sanèsipun wau, inggih punika ingkang kaolah, kangge wilujêngan tuwin sêsêgah para tamu ingkang sami dipun sêdhahi.

Ing wanci enjing anyarêngi pamragatipun maesa wau, satunggaling dhukun ingkang sampun paham dhatêng tatacara obong, anindakakên isarat sarana sade jênang lêmu. Para warisipun mayit ingkang dipun wilujêngi punika sami tumbas jênang wau, mawi arta warni-warni, kathah kêdhikipun manut saeklasing manahipun piyambak-piyambak. Dene ijapipun, sami tumbas sêkul kaku kangge nyangoni tiyang sêpuhipun ingkang dipun wilujêngi wau, arta-arta punika sami kacêmplungakên ing pangaron ingkang sampun isi sêkar sêtaman.

Ing wanci dalu ing pandhapa kêbak para tamu, sami jagongan kados tiyang gadhah damêl agêng-agêngan, sarta mawi nêdha eca, ing èmpèring griya mawi tahlil kados salimrahipun têtiyang Islam bilih wilujêngan nyèwu, para têtiyang ingkang sami tahlil rame sami dhikiran suwaranipun gumrênggêng.

Ing nalika punika korining griya dipun tutup, dene ingkang wontên ing nglêbêting griya ngêmungakên para warisipun mayit piyambak. Maesa pêjah ingkang kadèkèk têngahing jrambah wau dipun sajèni samukawis sajèn warni-warni kathah sarta pêpak, sajèn-sajèn punika kadèkèk ing ambèn ingkang manggèn satêngêning maesa. [ma...]

--- 52 ---

[...esa.]

Wondene ingkang dipun sajèni punika sayêktosipun dede maesa pêjah punika, nanging ingkang dipun sajèni wau: puspa, inggih punika blabag kajêng wêru, panjangipun kintên-kintên satêngah mètêr, wiyaripun kalih dasa sènti. Blabag wau ing têngah katatah kados pêpêthanipun gambar tiyang sêdhakêp, mawi dipun busanani. Kacariyos pêpêthan punika ingkang kaanggêp gambaripun ingkang dipun wilujêngi, mila inggih puspa punika ingkang dipun sajèni ngantos pêpak sangêt wau, ing ngriku puspa katilêmakên satêngahing sajèn-sajèn ingkang wontên ing ambèn kasêbut ing nginggil.

Manawi anggènipun tahlilan sampun bibaran, para waris sami lajêng nindakakên tatacaranipun, inggih punika puspa wau mawi dipun isarati kaêmban lajêng kaubêng-ubêngakên wontên ing nglêbêt griya angubêngi maesa pêjah ingkang wontên ing têngah jrambah. Dene anggènipun nindakakên makatên wau sadalu rambah kaping tiga, sapisan wanci jam kalih wêlas (têngah dalu), kaping kalih wanci satêngah kalih (lingsir dalu), kaping tiganipun wanci jam tiga (ngajêngakên bangun enjing).

Mênggah patrapipun angubêngakên puspa wau makatên: ingkang kangge baku nindakakên isarat punika anak jalêripun mayit cacah tiga. Dene yèn mayit botên gadhah anak utawi gadhah nanging kirang saking samantên, punika inggih kenging mêndhêt salah satunggaling waris ingkang cêlak piyambak, nanging yèn anakipun jalêr langkung saking tiga, langkunganipun wau namung katamtokakên anggarubyug. Wondene lampahipun makatên: anak ôngka satunggal ambopong puspa wontên ngajêng piyambak, anak ôngka kalih ambêkta têtabuhan, wujudipun pêthèl dipun tabuh ing tatah suwaranipun pating crêngkling, anak ôngka tiga anuntun bèbèk kalampahakên mawi dipun tangsuli. Masthinipun bèbèk inggih tansah mungêl, wag-wèg, winor lan suwaraning têtabuhan wau inggih rame. Mubêngipun punika kala-kala puspa mawi kasèlèhakên ing gêgêring maesa kasêbut nginggil. Ing nalika punika dhukunipun tansah ambêsmi dupa kumêlun, sarwi amêdharakên mantrastuti, mêmudya rahayuning lêlampahanipun ingkang muksa sarta ingkang sami kantun. Ingkang nabuh pêthèl inggih botên kèndêl-kèndêl.

Manawi sampun rampung anggènipun ngubêng-ubêngakên puspa ingkang pungkasan, dados [dado...]

--- 53 ---

[...s] sampun rambah kaping tiga, punika korining griya lajêng kabikak. Ing nalika punika para tamu ingkang sami wontên pandhapa gita-gita sami ngadêg mangargyana, puspa kabopong anakipun mayit ingkang pambajêng jalêr kabêkta mêdal, lajêng kabidhalakên dhatêng ing lèpèn, ginarêbêg ing para tamu sadaya. Lampahing arak-arakan punika aris sangêt, anandhakakên bilih sadaya para tamu sami ngaosi sangêt dhatêng tatacara punika.

Gêntos kacariyos, ing sapinggiring lèpèn ingkang badhe kangge papaning ambêsmi puspa wau sampun rinakit aparipurna. Satunggiling papan ingkang sampun kapilih prayogi punika dipun êdêgi pêpêthan griya alit, kintên-kintên agêngipun sami kalihan gubug. Pêpêthan griya wau wujudipun sae sangêt, awit pakirtyanipun rinêngga-rêngga sarwa mantêsi, rineka-reka mirantos saupakartinipun têtiyang gêgriya. Ing nglêbêting pêpêthan griya dipun sajèni têtêdhan sasaminipun warni-warni sarwa miraos, kapilihakên ingkang dados karêmanipun ingkang dipun wilujêngi wau.

Sadhatêngipun arak-arakan wontên ngriku, puspa lajêng kapapanakên kaprênah satêngahing pêpêthan griya. Ing ngriku sampun wontên pêpêthan patilêman ingkang adi pirantos bantalan kasur sasaminipun, sasampuning rampung panatanipun, dhukun lajêng dhatêng ngajênganing pêpêthan griya sarwi matêk môntra kalihan ngêningakên cipta sarta angêrêmakên netra. Rampung lajêng parentah, pêpêthan griya kinèn ambêsmi. Ing ngriku para waris lajêng tumandang ambêsmi, urubing dahana angalad-alad pindha sundhul ing ngakasa, para sêpuh sami anjagèni kêbêsminipun puspa, sarana anyêpêngi cuthik kangge rumêksa sampun ngantos puspa wau kirang mapan lan kirang sae urubipun, awit yèn kirang sae lan kirang mapan kêbêsminipun puspa wau, dados ngalamat kirang prayogi tumrap para waris. Kosokwangsulipun manawi mapan sae urubipun, punika inggih dados ngalamat prayogi.

Ing nalika punika para waris ingkang wajib, botên sah anggènipun mandêng lan anjingglêng dhatêng urubing puspa punika. Ing ngriku manawi salah satunggaling waris sampun wontên ingkang nyumêrêpi urubing latunipun puspa wau katingal ijêm sêmu biru, waris ingkang nyumêrêpi punika lajêng nguwuh-uwuh makatên: sampun sampun. Sanalika ngriku para sêpuh ingkang rumêksa urubing puspa wau lajêng sami

--- 54 ---

kèndêl, anyèlèhakên cuthikipun. Padamêlan punika nama sampun rampung.

Kacariyos, manawi urubing puspa wau sampun katingal latunipun wujud ijêm sêmu biru, punika nandhakakên bilih para waris ingkang kantun badhe sagêd sakeca gêsangipun, tinêngga ing kabêgjan, sarta sêmpulur rêjêkinipun, dene yèn botên wontên latu ingkang wujud kados makatên, punika para waris badhe kirang sakeca gêsangipun, makatên piyandêlipun têtiyang kalang.

Sapunika awuning puspa wau lajêng kadospundi, kacandhi punapa kalabuh ing samodra. Kalih pisan punika botên sadaya. Dados punapa botên manut tatacaranipun agami Buda kalih warni punika (kacandhi lan kalabuh ing sagantên) miturut kawontênanipun ing ngriku, wangun- wangunipun inggih wontên têturutanipun tatacara agami Budha ingkang dipun ênut, inggih punika tatacara ingkang kasêbut kantun (kalabuh ing samodra). Namung tatananipun anglabuh awu puspa wau wontên bedanipun kalihan tatacara anglabuh awuning jisim tumrap têtiyang ingkang angrasuk agami Budha. Dene lampah-lampahipun anglabuh awuning puspa wau makatên:

Pangaron ingkang isi toya mawi sêkar sêtaman, ingkang kangge madhahi arta pêpajênganipun jênang lêmu kasêbut ing ngajêng, punika kasudhiyakakên dhatêng sacêlaking papan pambêsmèn puspa. Dhukun lajêng tumandang amangsah pudyastuti. Ing ngriku awuning puspa lajêng kacêmplungakên ing pangaron punika, para tamu ingkang sami anjênêngi lajêng sami mangargyana ngadêg jêjêg, kèndêl sarwi angêningakên cipta. Dhukun amuja sêmèdi malih, toya sêtaman sarta awuning puspa ingkang wontên pangaron wau lajêng kaêsokakên ing samadyaning lèpèn, sarèhne toya sêtaman punika kathah isinipun arta warni-warni, amila para lare ingkang sampun dangu angêntosi anggènipun ngêsok awuning puspa wau, lajêng sami gita-gita ambyur ing lèpèn, ngrayah arta ingkang sami dhumawah ing lèpèn wau, ing ngriku para lare sami angêtog kadibyanipun salulup, rêrêbatan ngabên kaprigêlaning tandang sakalangkung rame sangêt, sintên ingkang langkung prigêl, tamtu kathah angsal- angsalanipun arta. Satêlasing arta para lare sami mêntas, lajêng bibaran.

Tatacara obong ingkang kasêbut nginggil punika, manawi nitik larasan sarta tatananing tindak, kados botên lêpat upami dipun wastanana têtilaran utawi

--- 55 ---

tilasanipun tatacara lan piyandêlipun têtiyang Jawi ingkang ngrasuk agami Budha ing kina, jêr tatananipun botên beda kalihan para têtiyang agami Budha ing jaman sapunika ingkang taksih anggadhahi tatacara ambêsmi mayit, inggih punika têtiyang ing Bali tuwin têtiyang Dhayak ing parêdèn tanah Borneyo. Kaotipun namung ingkang dipun bêsmi. Yèn têtiyang Bali sarta Dhayak mayit sayêktos, nanging sarêng wiwit jaman Islam, ing tanah Jawi tatacara wau lajêng kêndhih dening rosaning tatacara Islam, têmahan lajêng tundhuk ngangge tatacara Islam, nanging sarèhning kala samantên têtiyang kalang ingkang ngangge tatacara obong wau kandêl raosipun kabudhan, dados ing sêmu owêl anilar tatacaranipun lami, nanging murih botên cêngkah lan tatacara Islam, amila ingkang kabêsmi namung kalintu wujud puspa.

Panangguhing Dhuwung

Tatêdhakan kagungan dalêm sêrat ingkang sumimpên ing Sasana Pustaka (Surakarta), amratelakakên ing bab panangguhing dhuwung wiwit karaton Pajajaran dumugi karaton Surakarta, asli saking sêsêrêpanipun Mas Ngabèi Wirasukadga, abdi dalêm mantri pandhe kadipatèn anom.

Wêwarah ha.

Dhuwung tangguh Pajajaran, dhuwung gônja mulu sangêt, gulu mêlêt landhung, sirah cêkakcêcak. buwêng, buntut urang mêthit utawi papak. Êmbat kêdêr, sêblakipun kau saha cêgèh, tosanipun mêntah warni aklawu utawi jêne punapadene cêmêng, tamtu sajakipun magêl utawi mêntah, wasuhanipun sêkar utawi tosan lêmbat, sawanganipun masthi garing, ingkang kaprah dêdêgipun dhuwung cêlak. Wontên ugi ingkang mêdal panjang, silah-silahipun kados ngandhap punika.

Ha: 1

Êmpu Ki Kêlêng, dhuwung gônja mulu sangit,sangêt. gulu milêt mêlêt. landhung sirah cêcak buwêng, buntut urang mêthit, utawi papak, êmbat kau, sêsulidan ngrawing lênggahipun kêdêr, sêblakipun tosan sêmu mêntah garing malênthêng, wasuhanipun pamor lêmbat. Bilih ngangge sêkar kacang unthêripun ngêcambah, gandhikanipun jêjêg kapara panjang, lambe gajah cêkak, [cêkak...]

--- 56 ---

[...,] jalèn alit, godhag ngowor, bilih ngangge ri pandhan sirahipun aksara buwêng, dhanipun botên ngatawisi, pêthitipun nyanthuk, sawatawis. Manawi ngangge sogokan lêbêt, landhung januripun landhêp, ngantos dumugi puyuhan, blumbanganipun wiyar, manawi namung gandhikan, gandhikipun kau panjang, sêmu nyigar mlinjo tikêl alis jogag, punika tangguh Ki Kêlêng, adhakanipun makatên, tosan ingkang tamtu madhas mêntah.

Ha: 2

Êmpu Ki Kuwung, kadosdene ha: 1, namung lênggahipun tumungkul. Ingkang limrah dhuwung ragi panjang. Tosan ingkang tamtu cêmêng saha madhas, lagu sêsulidan, nunggil ha: 1.

Ha: 3.

Êmpu Ki Loning, dhuwung gônja mulu sangêt, gulu mêlêt landhung, sirah cêkakcêcak. buwêng, buntut urang mêthit utawi papak. Êmbatipun kèwês, sêsulidan ngruwing rêsik, lênggahipun mayat dhèmês, sêblakipun tosan mêntah, sêmu garing, wasuhanipun pamor lêmbat, bilih ngangge sêkar kacang unthêripun ngêcambah wêwêg, gandhikanipun sêdhêngan. Lambe gajah cêkak ringkês, jalèn alit godhag ngowor, bilih ngangge ri pandhan sirahipun aksara buwêng, dhanipun botên ngatawisi, pêthitipun nyanthuk sawatawis, manawi ngangge sogok lêbêt, landhung januripun landhêp ngantos dumugi puyuhan, blumbanganipun wiyar. Manawi namung gandhikan, gandhikanipun sêdhêngan, sêmu nyigar mlinjo tikêl alis jogag, manawi luk, lukipun cêthèk sêmu rokol, tosan madhas sêmu mêntah, punika tangguh Ki Loning, ingkang kathah badanipun ing dhuwung wiyar.

4

Ha 4.

Êmpu Ki Ôngga, dhuwung gônja mulu sangêt, gulu mêlêt landhung sirah cêcak buwêng, buntut urang mêthit utawi papak, êmbatipun kêdêr sêblakipun mêntah garing nglugut mathênthêng, wasuhan sami: ha 1, awis ingkang ngangge sêkar kacang, ingkang tamtu puthut, pêpêthan pandhita, gandhik kapara panjang, ri pandhanipun ngruwil kirang keblat, awak-awakanipun ingkang wuwung nglèmpèng, ingkang tamtu dhuwung lêrês, ingkang êluk botên wontên, dêdêgipun [dêdê...]

--- 57 ---

[...gipun] cêlak.

Ha 5.

Êmpu ing Pagêlèn, sêblakipun sami ha 1, dalah sêsulidanipun, saha rêrojehanipun, wondene awak-awakanipun ing dhuwung ingkang tamtu agêng saha wiyar nglèmpèng, ingkang kathah mêdal panjang, wondene ingkang cêlak ugi wontên, nanging wiyar, mêdal luk utawi lêrês, kados makatên kawujudanipun.

5

Ha 6.

Êmpu Ki Singkir dhusun Tapan, sami ha 1, dalah sêsulidanipun saha rojèhanipun sami, namung wujudipun pamor ingkang tamtu ngawat mathênthêng. Dene tosan madhas saha mêntah, wondene wujudipun ing dhuwung ingkang tamtu cêlak, mêdala luk utawi lêrês ugi makatên, punika tangguh Ki Singkir ing dhusun Tapan.

Ha 7.

Êmpu Siyungwanara, nalika taksih jumênêng Bupati Arya Banyakwidhe. Dhuwung gônja mulu sangêt, gêndhok kalêrês pipi marêngkêl, gulu mêlêt landhung êmbatipun kèwês. Sirah cêcak mêntêr buwêng, pungkasan cocor lancip. Buntut urang sêmu buwêng, gandhikipun cêgèh, blumbangan wiyar lêbêt. Manawi ngangge sêkar kacang, sêkaripun kacang ngêcambah wêwêg ngêthawit. Jalèn cêlak lancip, lambe gajah cêkak, godhagan rupak lêga, sogokan cêkak lêbêt, janur landhêp dumugi puyuhan. Rojehan dhanipun ngrawit cêtha, lênggahipun mayat sajak mêthèsèl, sêblakipun sumêngit wingit, lukipun cêthèk rengkol, awak-awakanipun glamit mawi ada-ada, manawi gandhik, gandhikipun sawatawis panjang, tikêl alis cêklèk, tosan ingkang tamtu madhas, nglugut, warninipun dhuwung alit-alit sarta cêlak, pamor lêmbat, punika dhuwung tangguh Pajajaran, Siyungwanara, katrangan ing nginggil punika mêdal lêlêrêslêrês. utawi luk, ugi alit sarta cêlak kadosdene patrêm. Ing nginggil dhuwung tangguh Pajajaran, ingkang sampun kacôndra kalimrah ing akathah amung punika.

Na 1.

Dhuwung tangguh Tuban, dhuwung gônja mulu sawatawis, gulu mêlêt ragi landhung, sirah

--- 58 ---

cêcak ragi buwêng. Buntut urang papak, bangkekan sêmu bêmbêng, sêblakipun nyênyêt alus mathênthêng, wasuhanipun pamor sêmu ngulit sêmôngka, lênggahipun condhong, manawi luk, lukipun cêthèk luwês, manawi lêrês lênggahipun tumungkul, bilih ngangge sêkar ngêcambah, lambe gajah cêkak, jalèn cêlak. Godhagipun rupak. Bilih ngangge sogokan cêthèk sawatawis cêlak. Januripun kêthul dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan. Awak-awakanipun dhuwung ingkang kathah miji wuh. Saha nglèmpèng, bilih gandhikan, gandhikipun cêkak, tikêl alis jogag, êmpunipun Ki Pênêti.

Na 2.

Êmpu Suratman, dhuwung gônja mulu sawatawis, gulu mêlêt ragi landhung, sirah cêcak buwêng, buntut urang papak, bangkekan sêmu bêmbêng, sêblakipun nyênyêt alus, wasuhanipun pamor sêmu ngulit sêmôngka, lênggahipun condhong, manawi luk, lukipun luwês. Manawi lêrês lênggahipun tumungkul, bilih ngangge sêkar sogokan cêthèk, sawatawis cêlak, januripun kêthul dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan, awak- awakanipun dhuwung ingkang tamtu miji puh, saha nglèmpèng, bilih gandhikan, gandhikipun cêkak, tikêl alis jogag. Wujudipun dhuwung: lambe gajah cêkak, jalèn cêlak, bilih ngangge godhagipun rupak.

Na 3.

Êmpu Modin, dhuwung gônja mulu sawatawis, gulu mêlêt ragi landhung, sirah cêcak buwêng, buntut urang papak, bangkekan sêmu bêmbêng, sêblakipun nyênyêt kêsêt, wasuhanipun pamor sêmu ngulit sêmôngka ragi mêntah lênggahipun condhong. Manawi luk, lukipun cêthèk luwês. Manawi lêrês lênggahipun tumungkul, bilih ngangge sêkar kacang ngêcambah, lambe gajah cêkak, jalèn cêlak, godhagipun rupak, bilih ngangge sogokan cêthèk sawatawis cêlak, januripun kêthul dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan, awak-awakanipun dhuwung ingkang tamtu miji puh saha nglèmpèng, bilih gandhikan, gandhikipun cêkak, tikêl alis jogag, wujudipun dhuwung cêlak.

Na 4.

Êmpu Galaita, dhuwung gônja mulu sawatawis, gulu mêlêt ragi landhung, sirah cêcak buwêng, buntut urang papak, bangkekan sêmu bêmbêng, sêblakipun kêras, wasuhanipun pamor sêmu ngulit sêmôngka muyêk, lênggahipun condhong, manawi luk,

--- 59 ---

lukipun cêthèk, saha luwês, manawi lêrês lênggahipun tumungkul, bilih ngangge sêkar kacang ngêcambah, lambe gajah cêlak, jalèn cêlak, godhagipun cêlak, januripun kêthul dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan, awak-awakanipun dhuwung ingkang tamtu miji puh saha nglèmpèng, bilih gandhikan, gandhikipun cêlak, tikêl alis jogag, wujudipun dhuwung cêlak.

Na 5.

Êmpu Bêkêljati, dhuwung gônja lèpèk sêmu mulu mêntêr, gulu mêlêt ragi landhung, sirah cêcak buwêng mêntêr, buntut urang papak ngêdhawung, bangkekan sêmu bêmbêng, êmbat luwês, wasuhanipun pamor alus, lênggahipun mayat, sêblakipun nyênyêt parigêl, manawi luk, lukipun cêthèk luwês, manawi lêrês lênggahipun tumungkul. Bilih ngangge sêkar kacang ngêcambah, lambe gajah cêlak jalèn cêlak, godhagipun rupak, bilih ngangge sogokan cêthèk, sawatawis cêlak, januripun kêthul dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan, awak-awakanipun ing dhuwung tamtu miji puh, saha nglèmpèng, bilih gandhikan, gandhikipun cêkak, tikêl alis jogag. Wujudipun dhuwung sêdhêngan, garapipun malèpès.

Na 6.

Êmpu Supadriya, dhuwung gônja lèpèk sêmu mulu mêntêr, gulu mêlêt ragi landhung, sirah cêcak buwêng mêntêr, buntut urang papak ngêdhawung, bangkekan sêmu bêmbêng, êmbat luwês, wasuhanipun pamor alus lumêr ragi ngawat, lênggahipun mayat, sêblakipun mathênthêng nglangut, ingkang luk dèrèng wontên, ingkang tamtu lêrês, saha amung gandhikan, tikêl alis nratas, awak-awakanipun miji puh, wujudipun dhuwung sêdhêngan, garapipun mêntêr napis.

Na. 7

Êmpu Srobo, dhuwung gônja mulu, gulu mêlêt landhung, sirah cêcak buwêng, buntut urang papak, bangkekan bêmbêng, êmbat kau, wasuhanipun pamor kêsêt lêmbat, kacang nglugut. Lênggahipun wagu, slêblakipunsêblakipun. nyênyêt mêntah, ingkang êluk dèrèng wontên, ingkang kathah gandhik utawi gônja iras, wujudipun dhuwung alit cêlak, saha nglèmpèng.

--- 60 ---

Na 8.

Êmpu Ki Jirak. Dhuwung gônja mulu, gulu mêlêt mênggik sêdhêngan. Sirah cêcak buwêng, buntut urang papak, bangkekan bêmbêng, êmbat kêdêr ngropèk, wasuhanipun pamor muyêk sêmu ngulit sêmôngka, wêsi kasap, sêblak sêbah gadhah mêrak ati sakêdhik. Lênggahipun tumungkul kidhung, manawi luk, lukipun cêthèk, bilih ngangge sêkar kacang ngêcambah, (ngruwil) lambe gajah cêlak, jalèn cêlak, godhagipun cêlak, bilih ngangge sogokan cêthèk cêlak, januripun cêthèk dumugi puyuhan, blumbanganipun sêdhêngan, awak-awakanipun dhuwung nglimpa, bilih gandhikan, gandhikipun cêkak, tikêl alis jogag lêbêt, wujudipun dhuwung sêdhêngan namung pacaran ciyut.

Na 9.

Sabat tanah Tuban, punika ugi sami damêl dhuwung tangguh sami lagu sêblak ugi ngèmpêri dhuwung kasêbut nginggil wau, amung manawi katandhingakên dhuwung dêdamêlanipun êmpu lajêng katingal asor guwaya kawon, garap inggih kawon, lênggah mêksa kirang mapan. Namung gêrbanipun inggih tangguh Tuban.

Ca 1.

Dhuwung tangguh Madura. Akasa, dhuwung gônja waradin, gulu mêlêt sêdhêngan, sêmu alit sajak ngrèpèk, sirah cêcak lancap. (têgêsipun ragi panjang) buntut urang papak ragi buwêng, gônja ingkang kathah ngropèk tipis, sêblakipun sêrêng kêras. Mathênthêng, wasuhanipun sêkar rangkêp, ingkang kathah mubyar, katingalipun agal ananging lêmbat, bilih ngangge sêkar kacang ngèmpêri gêlungipun wayang, gandhikipun sêmendhe (namènipun bruwah) jalèn agêng godhagan sêdhêngan, sogokan lêbêt, lênggahipun sêmu cêgèh, januripun madya dumugi puyuhan, manawi gandhikan, gandhikipun cêgèh, tikêl alis pêpês, bilih luk lêbêt sêmu rengkol. Manawi lêrês lênggahipun ugi sêmu cêgèh, racak-racakipun Madura punika sêblakipun kêras sarta abyor, manawi ngangge ri pandhan, aksaranipun cêtha nyangkrang, wêsi madhas lêrês.

Ca 2.

Êmpu Ki Macan, dhuwung gônja waradin, gulu mêlêt sêdhêngan, sêmu alit sajak ngropèk, sirah cêkak lancip (têgêsipun ragi panjang) buntut urang papak ragi buwêng, gônja ingkang kathah ngropèk tipis. Sêblakipun sêrêng kêras, wasuhanipun [wasuhani...]

--- 61 ---

[...pun] sêkar rangkêp, ingkang kathah mubyar, katingalipun agal, ananging lêmbat, bilih ngangge sêkar kacang ngèmpêri gêlung wayang ananging nyanthêng, gandhikipun sêmendhe, (naminipun brawah) jalèn agêng godhagan sêdhêngan, 21 lambe gajah moncèr, blumbangan sêdhêngan, sogokan lêbêt, lênggahipun sêmu cêgèh, januripun madya dumugi puyuhan, manawi gandhikan, gandhikipun cêgèh, tikêl alis pêpês, bilih luk, luk sêmu rengkol, manawi lêrês lênggahipun sêmu cêgèh, racak- racakipun Ki Macan makatên punika. Wêsi alus kêras, awak-awakanipun wiyar.

Ca 3.

Êmpu Ki Kasang, dhuwung gônja waradin sêmu mulu, gulu mêlêt sêdhêngan, bangkekan singsêt, buntut urang buwêng, pacakipun gônja radi kandêl, sêblakipun sêrêng kêras, lênggah mayat. Sêsipatanipun dhèmês, gandhik sumendhe, bilih ngangge sêkar kacang kados gêlung wayang, unthêripun sêmu mudêd, jalèn ramping sêmu andhangak, lambe gajah cêkak kèwês, godhag rupak lêga, sogokan lêbêt ngrawing, januripun landhêp dumugi puyuhan, manawi luk, lukipun singsêt, pamor agal ananging lêmbat, amargi rangkêp, wêsi alus, wontênipun katingal kasar pamoripun mungêl, rojehanipun dhanipun kèwês cêtha, botên patos nyangkrang, tinimbang sanèsipun taksih katingal nyangkrang, manawi gandhikan, gandhikipun sêdhêngan, tikêl alis jogag, manawi mêdal lêrês, lênggahipun kau.

Ca 4.

Êmpu Ki Luju Madura, dhuwung gônja waradin, gulu mêlêt landhung sirah cêkak lancap, bangkekan landhung, buntut urang papak, awak-awakanipun gônja ngropèk, êmbatipun sawatawis malêngkung, sêblakipun sêrêng kêras, wasuhanipun pamor rangkêp, ananging kirang mubyar, katingalipun agal, ananging lêmbat, bilih ngangge sêkar kacang, kados gêlung wayang nyangkrang, jalèn kandêl sumungkêm. Lambe gajah moncèr, blumbangan sêdhêngan. Sogokan panjang lêbêt, januripun ramping dumugi puyuhan, manawi luk, lukipun ngengkol, manawi lêrês, lênggahipun cêgèh, gandhik sumendhe cêkak, tikêl alis jogag, tosanipun kasap.

Ca 5.

Dhuwung tangguh Madura, punika ingkang pancèn garapan sabat, sêblak sarta garapipun. [garapi...]

--- 62 ---

[...pun.] ugi angèmpêri kados tangguh Madura sadaya, ananging manawi katandhing kalihan pandamêlipun êmpu kasêbut nginggil ugi sami Madura, tamtu asor warninipun. Guwaya inggih kawon, garap inggih kawon, lênggah mêksa kirang mapan. Amung gêrbanipun tangguh inggih Madura. Racak-racakipun tosan madhas kêras.

Ra 1.

Dhuwung tangguh Blambangan, dhuwung gônja radin sêmu mulu gulu mêlêt sêdhêngan, mêntêr lancap, (têgêsipun ragi dhêmpok) buntut urang buwêng, bangkekan sabêt parigêl, sêblakipun kêras wingit. Sêsulidanipun sarwa cêthèk, lênggahipun mayat sigaladak, wasuhanipun pamor sami ngawat, sogokan cêkak, sêmu cucuking pêksi dhandhang, bilih ngangge sêkar kacang wangunipun gêlunging wayang (nyanthêng) gandhik sumendhe lambe gajah dhèmês, jalèn, nglimpa lantas, godhag rupak lêga, blumbangan sêdhêngan. Bilih luk, lukipun lêbêt sêmu singsêt, gandhik panjang, punika êmpu Ki Mêndhung.

Ra 2.

Êmpu Ki Têmbarok, dhuwung gônja radin, gulu mêlêt ragi cêkak, buntut urang papak, awakipun ing gônja ragi tipis, sêblakipun kêras tosanipun madhas, pamoripun miring bilih kasawang dangu raos sêbah, blumbangan cêthèk, sogokan cêkak, bilih ngangge sêkar kacang ngacambah, manawi luk, lukipun lêbêt, manawi lêrês lênggahipun kêdêr, rojehanipun wangun ngêri aksara ca kirang keblat, manawi gandhik, gandhikipun cêkak cêgèh, tikêl alis jogag, sirah cêcak dhêmpok.

Ra 3.

Êmpu Ki Supagati, dhuwung gônja radin sêmu mulu gulu mêlêt sêdhêngan, mêntêr lancip (têgêsipun radi dhêmpok) buntut urang buwêng, bangkekan sèbêt parigêl, sêblakipun kêras lungit, sêsulidanipun sarwa cêthèk, lênggahipun mayat, ladak srigak, wasuhanipun pamor miring katingal ngawat landhêp, sogokan cêkak, sêmu cucuking pêksi dhandhang, bilih ngangge sêkar kacang, wêwêg nyanthêng, gandhik sumendhe cêkak, awak-awakanipun glamitan (têgêsipun mawi ada-ada) jalèn cêkak lancip, lambe gajah sèbêt, godhagan rupak lêga, manawi luk, lukipun lêbêt singsêt, manawi lêrês lênggahipun mayat, manawi gandhik, gandhikipun sêdhêngan,

--- 63 ---

tikêl alis nratas, manawi ngangge rojehan, rojehanipun cêtha, gêrbanipun manawi garapipun Ki Supagati, tamtu ganjanipun cêkak. Taksih wontên sambêtipun.

Turunan

Golongan paprentahan praja lan pangadilan.

Ôngka 353 C/5/II

Bab Tatanan Nyadhong Jampi

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng ...

Awit saking aturipun abdi dalêm bêhirdhêr ing panti usada, kawrat sêrat paturanipun katitimasan kaping 17 Dhesèmbêr 1932 ôngka 227/154 C ingkang kacirèn abdi dalêm bupati dhoktêr kaping 26 Dhesèmbêr 1932, ôngka 1007/C./119 pêpatih dalêm amarêngakên, sadaya ingkang gadhah wêwênang kaparingan jampi lêlahanan saking kagungan dalêm panti usada, manawi nyadhong jampi sapanunggilanipun, kajawi ingkang tanpa wadhah, katamtokakên mawi ambayar kalih satêngah sèn sabên jampi utawi sanèsipun satunggal warni, sumêrêp lintuning waragad pamirantosipun wadhah-wadhah ingkang sagêd risak, kados ta: dhus, gabus, dalancang, tangsul sapanunggilanipun, dene ingkang wujud gêndul sasaminipun, taksih lastari kawangsulakên dhatêng panti usada, amargi jêjêripun ingkang kaparingakên lêlahanan punika amung isinipun, dene ingkang botên katamtokakên mawi ambayar, punika sadaya jampi-jampi ingkang tumrap parlunipun ing Madusuka, II klinik karaton, III klinik Kadipala, IV Rêksawahana (kapal karaton), V puliklinikipun para dhoktêr, VI kawula dalêm miskin, rêsèpipun para santana sarta abdi dalêm ingkang sakit manggèn ing klinik karaton utawi klinik Kadipala, ugi mawi ambayar kados ing nginggil wau. Lajêng kadhawuhan andhawuhakên waradin dhumatêng karerehan sarta wêwêngkonipun sadaya, supados sami sumêrêp sarta angèstokakên saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 24 Marêt 1933.

Wg. Wôngsanagara.

--- 64 ---

Wara-wara

Miturut pilihanipun parêpatan warga Putri Narpawandawa, nalika kaping 20/21 Agustus sarta sasampunipun katêtêpakên ing parêpatan pangrèh Putri Narpawandawa, kala kaping 15/16 Sèptêmbêr sami taun 1932 kawontênanipun pangrèh Putri Narpawandawa kados ing ngandhap punika:

1. B.R.Aj. Wuryaningrat, pangarsa. 2. B.R.Aj. Sastrawadana, mudha pangarsa. 3. R.Aj. Sukirsa, panitra I 4. R. Adj. Gudiyêm, panitra II 5. B.R.Aj. Angabèi, artaka I 6. R.Aj. Sasraruwiya, artaka II.

7. R.Aj.A. Côndranagara 8. R.Aj.A. Wôngsanagara 9. R.Aj.A. Mulyasubrata, 10. R.Aj.A. Rêksahusada 11. R.Aj.A. Suryadikusuma } ... sami panitya

Para santana dalêm putri ingkang badhe malêbêt warga, kenging lajêng prasabên dhatêng panitra I utawi II kasêbut ing nginggil.

Nalika dintên Ngahad sontên (malêm Sênèn) kaping 25/26 Sèptèmbêr kapêngkêr punika, B.K.P.H. Adiwijaya, lèrèh anggènipun dados pangarsa Narpawandawa, amargi katêtêpakên dados warga gêdhêlêgirdhê rad kawula, sarèhning dèrèng wontên ingkang anggêntosi, sadaya pandamêlan katindakakên mudha pangarsa B.K.P.H. Kusumayuda. Mugi andadosna kauninganipun para warga.

Panitra II. Purwasastra.