Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 5, Kaping 5 Sura Be 1864, Utawi Kaping 1 Mèi 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi. Tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pathining Satriya, Anyirnakna Piguna, Angurbana Salira, Kinarya Widada Arjaning Praja

Moto ing nginggil punika pantês sangêt kangge dhêdhasaran bundhêlaning panggalihipun para warga Narpawandawa, amila inggih prayogi sami kajôngkaa, awit kalampahaning jôngka punika kêdah mawi kajangkah, botên ketang saking sakêdhik-sakêdhik, ugêr kita sabên dintên nêdya anjangkah, lami-lami tamtu sagêd kalampahan, gèk saiba prayoginipun manawi para satriya punika sami racak anêtêpi kados ungêling moto ing nginggil wau. Ing ngriki ingkang kula angge tôndha dhasaran wêwatakanipun Sang Arya Wrêkodara, mêndhêt lêlampahanipun para Pandhawa kala sabibaring Bale Sagala-gala, miturut cacriyosan ing Hindhu kasêbut ing Bakabadaparwa, [Baka...]

--- 66 ---

[...badaparwa,] gancaripun kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Kacariyos saoncatipun para Pandhawa saking Bale Sagala-gala, lampahipun anusup-nusup wana bêbondhotan, sarwi ambêkta ingkang ibu Dèwi Kunthi, ingkang sakalangkung amêlas- asih, yèn dalu datan antuk sare, yèn siyang nglajêngakên lampah, wasana lajêng dumugi ing praja Ekacakra, lêrêm wontên ing griyanipun satunggaling brahmana, ngantos sawatawis lami. Sadangunipun para Pandhawa wontên ing ngriku, ingkang minôngka dhaharipun sami anggèning pêpariman kados satataning brahmana, sadintên-dintên tansah anjajah desa amilangkori, nanging malah andadosakên priksanipun sakathahing wana-wana, pasitèn ingkang nêngsêmakên, lèpèn tuwin tlaga pintên-pintên. Têtiyang ing praja Ekacakra sami asih trêsna dhatêng para brata Pandhawa, dening anggènipun sami botên kewran dhatêng saliring kagunan sarta kawruh awarni-warni. Sabên sontên sakonduripun saking pêpariman, lajêng amasrahakên angsal-angsalanipun anggèning pêpariman dhatêng ingkang ibu, sasampunipun katampèn lajêng kabage kalih, ingkang sabagean kaparingakên dhatêng Sang Bimasena, ingkang sabagean dados pêpancènipun para Pandhawa sakawan kalihan Dèwi Kunthi. Lêlampahanipun Pandhawa makatên wau ngantos sawatawis dangu.

Anuju satunggiling dintên, para Pandhawa sakawan sami pêpariman, ingkang kantun namung Sang Bima kalihan ingkang ibu, rikala punika Dèwi Kunthi mirêng swaraning tangis ingkang sangêt kawlasarsa, sarêng kadêlingakên, cêtha bilih swaraning tangis wau ing sênthongipun sang brahmana, andadosakên sakalangkung trênyuhing raos panggalihipun sang dèwi, amirêngakên sêsambat ingkang ngêrês-êrêsi manah, môngka panggalihipun sang dèwi punika pancèn ambêk wêlasan, tuwin rêmên têtulung, mila sang dèwi lajêng ngandika dhatêng ingkang putra sang panênggak: kulup: Bratasena, ingsun lan sira kabèh iki, samêngko kêna diarani wus padha têntrêm, dene ana kene padha raharja, ora kêna ing sambekala, lan tansah inguyun-uyun karo sing darbe wisma, sarta ora kawruhan ing têlike para Kurawa. Mulane kulup, ing batin ingsun tansah ngunandika, gèk apa kang ingsun walêsake marang kang darbe wisma, awit wajibe wong mondhok mono kudu malês kabêcikan marang kang dipondhoki. Sumurupa kulup, brahmana kang darbe wisma iki ambêke prasaja, dadi pantês yèn diwalêsa kabêcikan, [kabê...]

--- 67 ---

[...cikan,] pawèwèhe kakang brahmana luwih akèh tinimbang pisungsung kang ditampani, môngka samêngko si kakang brahmana sêmune lagi nandhang kasusahan, mula yèn ingsun lan sira dalah para kadangira, iku bisa mitulungi kasusahane, dadi wus bisa malês saparoning kabêcikane.

Rikala Sang Bima amidhangêt pangandikanipun ingkang ibu, lajêng amangsuli atur makatên: iya Kunthi ibuku, aku sanggup nyirnakake kasusahane paman brahmana, sanadyan kaya apa bae abote sêsanggan kang kudu dak pikul, nanging aku kudu tuturana dhisik, apa kang dadi sêdhihe, lan apa kang dadi witing sêdhih.

Salêbêtipun Dèwi Kunthi wiraosan kalihan ingkang putra makatên wau, lajêng mirêng swaraning tangisipun sang brahmana sasemahipun, amila sang dèwi enggal-enggal tindak dhatêng sênthong swaraning tangis, candranipun kadidene lêmbu èstri mlajêng murugi pêdhètipun. Ingkang nywara sora dening cinancang têbih lan biyungipun. Sadumugining sênthong sang dèwi mirsa sang brahmana kalihan semah tuwin anakipun jalêr èstri sami ngêmpal wontên ing sênthong wau, katingal sami prihatos sangêt, sarwi sêsambat ingkang sakalangkung mêlasasih, pamirêngipun sang dèwi makatên: têtelane wong urip ana ing marcapada iki tanpa kukuban, kopong kayadene dami, kang tinêmu ora liya kajaba mung kasusahan, tur kaya diwarôngka, dadi têtela urip ing ngarcapada iki sangsara, amarga mung kêbak susah lan cuwa, mula ing marcapada iki kêna diarani primboning kasangsaran. Jiwaning manungsa iki mung siji, nanging kudu duwe butuh têlung rupa, yaiku: 1 kautaman, 2 kasugihan, 3 kasênêngan. Môngka têlu pisan iku ora runtut, nanging kudu dinarbe bêbarêngan, mula mung tansah ewuh anggone nglakoni, wêkasan mung dadi tuking sangsara. Wus dadi pocapaning akèh, yèn karahayon iku gêgayuhan kang luhur dhewe, nanging pangiraku yèn ora kêna ginayuh. Kasugihan iku dak arani dêdalan kang anênuntun marang naraka, awit wong ngupaya kasugihan iku masthi kanthi sangsara, tur yèn wis kalakon sugih malah amimbuhi ing sangsarane. Lumrahe wong iku padha dhêmên marang rajadarbèke, mula manawa rajadarbèke mau uwal saka rêrêgêmane, banjur susah atine. Samêngko aku wis ora darbe akal manèh kanggo ngoncati bêbaya kang bakal nêkani iki. Apa aku lan saanak-bojoku kudu

--- 68 ---

oncat saka kene, gèk banjur ngêndi panggonan kang ora ana bêbaya kuwi. O, wong wadon, kiraku kowe isih kèlingan, yèn aku tau mêksa-mêksa mênyang kowe dak ajak ngalih saka kene, dhèk samana kowe ora maèlu marang pangowêlku. Hèh, wong wadon kang busuk, kaping pira ta anggonku ngajak ngalih omah saka nagara kene, nanging sabên-sabên mung kok wangsuli, dupèh kalairanmu ing kene, diwasamu ana kene, sarta ing kene iki panggonane lêluhurmu. O, wong wadon, wong wadon, apa ta sababe kowe isih lêmahên ana kene, kongsi kowe ora gêlêm anggugu pitutur bêcik, dadi samêngko kowe bakal nyumurupi patine ahli akrapmu salah siji, wah, gèk kaya apa rasane, yèn aku kang kudu mêruhi, utawa bokmanawa iya samêngko iki têkan wancine patiku. Yèn aku sing urip, apa aku ora diarani gawe tindak siya marang akrapku. Sumurupa, ya, wong wadon, kowe iku minôngka kanthiku anggonku gawe kabêcikan, iya rewangku akurban dhiri, salawas-lawase trêsnamu mênyang aku ora tau ginggang, kongsi kowe iku kaya biyungku, dadi dewa kang linuwih kang maringake kowe marang aku, supaya dadia mitraku sinarawèdi, amula kowe iya tansah biyantu sapênggaweku, kowe mèlu andarbèni lan angrukti bale wisma wawêngkonku, o, wong wadon, kowe iku turune wong bêcik-bêcik, anggonmu laki wus patutan, bêkti marang laki, ora tau duwe kaluputan, nêtêpi ing sêsanggêman, môngka kowe saiki duwe karêp nêdya nambak patiku, apa bisa kalakon aku nglilahake kowe, apa aku têgêl angurbanake anakku lanang kang durung diwasa, apa aku uga bisa nglilakake patine anakku wadon, ing môngka anak wadon mau kang dadi saranane anggonku bakal darbe mantu lanang, iya iku sarana kang anjalari aku antuk kamulyan, bisa nunggal lan lêluhur ana ing alam kang mligi mung kêna diunggahi dening wong kang duwe putu saka anak wadon. Dadi mungguhing aku anak lanang wadon iku padha bae, mula apa aku kolu negakake anakku wadon kang ora duwe dosa, môngka iku kêna kanggo sarana bisa andawakake turun, dadi bisa awèh kamulyan kang langgêng. Upama aku nglilahake uripku dhewe kanggo kurban, patiku mau masthi asangu rasa sêdhih, awit sumêlang gèk sapa [sa...]

--- 69 ---

[...pa] kang mitulungi uripe anak bojoku, dadi ora kêna dililahake salah siji, upama kalakon dikurbanake salah siji, apa ora kêna diarani siksa gêdhe, amarga yèn aku kang dadi kurban, anak bojoku mêsthi mati, sabab dening ora ana kang ngayomi. Dadi iki jênêng lêlakon pakewuh bangêt tumraping aku, môngka aku rumasa wis ora bisa antuk sarana kapriye bisane oncat saka lêlakon iki, ah, gèk kapriye rekane anggonku ngayomi kang padha nunggal saomah lan aku iki, ayake bêcik padha mati barêng bae, awit masthi ora kuwat urip suwe karo nandhang rasa kang mangkene. Taksih wontên sambêtipun.

Panangguhing Dhuwung

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 3-4

Ra 4.

Êmpu Pangeran Pitrang, dhuwung gônja waradin sêmu mêntêr, gulu mêlêt sêdhêngan sajak kêkêr, bangkekan singsêt, buntut urang buwêng, sirah cêcak mêntêr dhêmpok lancip, awak-awakanipun ing gônja kandêl, sêblakipun lungguh wingit, pamoripun ngawat miring manawi ngangge sêkar kacang, wêwêg prigêl, unthêripun ngèmpêri gêlung wayang, jalèn, nglimpa rêsik, lambe gajah kèwês, godhagipun rupak lêga, gandhikipun sêdhêngan, blumbanganipun sêdhêngan, manawi ngangge sogokan, sogokanipun mèmpêr cucuking pêksi dhandhang, januripun nyada dumugi puyuhan, awak-awakanipun ing dhuwung glamitan, sêmu gilig, gadhah raos galigang, sêmu ladak ririh pradhah, ingkang tamtu tosan lumêr, kados watu paleleran, manawi luk, lukipun lêbêt singsêt. Sêmu lampahipun sawêr wêweka, manawi lêrês lênggahipun mayat, mêdala luk utawi lêrês, tamtu gadhah sêmu nyatriya, manawi gandhik, gandhikipun sêdhêngan, tikêl alis nratas, rojehanipun cêtha, aksaranipun: dha, sengoh mêrak ati.

Ra 5.

Dhuwung tangguh Blambangan ingkang pancèn sabat, mirsani sakawit, sêblak sarta larasipun angèmpêri kados tangguh Êmpu Ki Têmbarok, utawi Ki Mêndhung, ananging

--- 70 ---

manawi katandhing kalihan pandamêlan Êmpu Blambangan kasêbut nginggil, ugi sami Blambangan, tamtu asor warninipun, guwaya inggih kawon, garap inggih kawon, lênggah mêksa kirang mapan. Warnia waos, saha sabêt tamtu sanès kalihan garapanipun para êmpu kasêbut nginggil punika, wondene wasuhanipun pamor, ingkang kathah sami miring.

Ka 1.

Dhuwung tangguh Majapait, dhuwung gônja radin, sarta mulu, gulu mêlêt kêkêr sêdhêngan, sirah cêcak uwangipun mêntêr ramping pucuk lancip, bangkekanipun singsêt. Buntut urang buwêng sêmu mêngkrok, êmbatipun kèwês, badanipun gônja wêwêg nanging mèpèt, sêblakipun nglungit saha wênês, wasuhanipun pamor ngawat lulut, lukipun lêbêt luwês kados ula wêweka, lênggahipun malat, sêmu nyatriya, sêsulidanipun luwês ragi lêbêt, tosanipun ingkang tamtu anggêndul, warnia ijêm, warnia klawu, (têgêsipun kados êlar glathik) (sarta warni cêmêng, ingkang tamtu anggêndul, awak-awakanipun dhuwung mèpèt gadhah wêwêg, manawi ngangge sêkar kacang, sêkar kacangipun wêwêg mèmpêr kados gêlunging wayang, manawi katingalan saking ing nginggil ramping, jalèn miji wuh lancip, lambe gajah prêtikês luwês, gandhikipun cêkak. Godhag rupak lêga, blumbangan sêdhêngan, bilih ngangge sogokan sêmu cucuk pêksi dhandhang, januripun ramping, lingiripun nyada dumugi puyuhan, sadaya ingkang mawa dêring tamtu nglamat, manawi gandhikan, gandhikipun mêntêr saha cêkak, tikêl alis nratas, ri pandhan aksaranipun dha, cêtha, manawi mêdal lêrês lênggahipun mayat laras ladak ruruh.

Ing nginggil punika lagu supadriya.

Ka 2.

Êmpu Supagati, dhuwung gônja radin sêmu mulu gulu mêlêt, kêkêr sêdhêngan, sirah cêkak uwangipun mêntêr ramping pucuk lancip, bangkekan singsêt, buntut urang buwêng sêmu mêkrok, êmbatipun kèwês, badanipun gônja wêwêg nanging mèpèt, sêblakipun wingit kêsit, wasuhanipun pamor muyêg ugi mayat, lukipun lêbêt, luwês kados ula kêsit, lênggahipun mayat, sêmu ladak, sêsulidanipun luwês ragi lêbêt, tosanipun warnia cêmêng, warnia klawu alus, awak-awakanipun dhuwung mèpèt gadhah wêwêg, manawi ngangge sêkar kacang, sêkar kacangipun wêwêg nyanthêng, [nya...]

--- 71 ---

[...nthêng,] manawi katingalan saking ngiringan ramping, jalèn cêkak, miji puh inggih lancip, lambe gajah luwês, gandhikipun sêdhêngan, godhagipun rupak lêga, blumbangan sêdhêngan, bilih ngangge sogokan sêmu cucuk pêksi dhandhang, januripun ramping nyada, dumugi puyuhan, sadaya ingkang mawa dêring nglamat, manawi gandhik, gandhikipun mêntêr saha cêkak, tikêl alis nratas, ri pandhan aksaranipun dha, cêtha, manawi mêdal lêrês lênggahipun mayat ladak branyak.

Ka 3.

Êmpu Ki Jakasupa, (têgêsipun Ki Supa ênèm) dhuwung gônja radin sêmu mulu, gulu mêlêt, kêkêr sêdhêngan, sirah cêcak uwangipun mêntêr ramping pucuk lancip, bangkekanipun singsêt, buntut urang buwêng sêmu mêngkrok, êmbatipun kèwês, badanipun gônja wêwêg, nanging mèpèt, sêblakipun nglungit saha sengoh, wasuhanipun pamor lulut, lukipun lêbêt kados ula nglangi, lênggahipun mayat sêmu nyatriya, sêsulidanipun luwês lêbêt, tosanipun alus kêsêt, awak-awakanipun mèpèt gadhah wêwêg, manawi ngangge sêkar kacang, mèmpêr gêlunging wayang, manawi katingalan saking ngiringan ramping, jalèn miji puh lancip, lambe gajah prêtikês, luwês, godhagipun rupêk lêga, gandhikipun sêdhêngan, sogokan, mèmpêr cucukipun pêksi dhandhang, januripun nyada dumugi puyuhan, sadaya ingkang mawa diring tamtu nglamat, manawi gandhik, gandhikipun mêntêr sêdhêngan, tikêl alis nratas, ri pandhan aksaranipun dha, cêtha, manawi mêdal lêrês lênggahipun mayat ladak, ruruh.

Ka 4.

Êmpu Ki Jigja, dhuwung gônja mulu gulu mêlêt, rênggang namung agêng, sirah cêcak lancip, gêrbanipun ngucêng mati, bangkekanipun singsêt, buntut urang blujung, êmbatipun kêdêr, sêblakipun kêrêng,Tidak perlu dibaca. sêblakipun kêrêng nglamuk, wasuhanipun pamor ngawat lulut, tosanipun alus kêsêt, lukipun radi lêbêt, lênggahipun sawatawis dhingkluk, manawi ngangge sêkar kacang ngêcambah, dipun tingali saking ngiringan, kandêl sêmu gilig, jalèn mojok lancip, lambe gajah moncèr, godhagipun lunggar, gandhik jêjêg sawatawis panjang, blumbangan lêbêt, manawi ngangge sogokan ciyut landhung januripun nyigar pênjalin dumugi puyuhan, manawi gandhik, gandhikipun sêdhêngan, tikêl alis nratas, ri pandhanipun nyangkring, aksaranipun kirang cêtha, mêdala lêrês mêdala luk,

--- 72 ---

lênggahipun dhingkluk, sadaya dêringipun katingal cêtha.

Ka 5.

Êmpu Rôngga Cuwiri, dhuwung gônja mulu mêlêtgulu mêlêt. kêkêr buntut urang bluju mêthit, gêrbanipun ngucêng mati, êmbatipun kêdêr, sêblakipun mlinthêng, wasuhanipun lulut, pamoripun muyêk ngrintik, lênggahipun kêdêr, awak-awakanipun ingkang kathah miji puh sarta ciyut. Manawi luk, lukipun kados ula nglangi, manawi ngangge sêkar kacang, munthêr ngiwa, jalènipun cêlak, lambe gajah cêkak, gandhik sêdhêngan, blumbangan wiyar, sogokan lêbêt panjang, januripun nyigar pênjalin, dumugi puyuhan, tosanipun alus, manawi gandhikan gandhikipun sêdhêngan, tikêl alis nratas, bilih ngangge ri pandhan, ri pandhanipun ngruwil.

Ka 6.

Êmpu Ki Singkir Wanabaya, dhuwung gônja mulu gulu mêlêt kêkêr, bangkekan singsêt, buntut urang mêthit, êmbatipun mayat, awak-awakanipun gônja wêwêg, sêblakipun sabar kêras, wasuhanipun lulut, pamoripun ngawat, tosanipun kêsêt, gadhah sêmu wungu, manawi ngangge sêkar kacang, unthêripun kados gêlunging wayang, jalèn cêlak, lambe gajah sêdhêngan, blumbangan sêdhêngan, gandhik sumendhe ragi sawatawis panjang, sogokan landhung godhag lunggar januripun nyada dumugi puyuhan, awak-awakanipun ing dhuwung ingkang tamtu miji puh tipis, manawi mêdal lêrês lênggahipun sêmu dêkung, gandhikipun ragi sawatawis panjang, tikêl alis nratas, manawi ngangge ri pandhan, ri pandhanipun ngruwil.

Ka 7.

Êmpu Pêkêlun, têgêsipun pakêmpalanipun para êmpu nalika wontên nagari Majapait, kados ta: ing dhusun Taruwôngsa, Majasta, Banyubiru, Bayat, Serang (Banyubiru Tuntang) sapanunggilanipun, dhuwung gônja radin, sêmu mulu, gulu mêlêt kêkêr, buntut urang bluju, gêrbanipun ucêng mati, êmbatipun kêdêr sêblakipun mathênthêng nglingsa, wasuhanipun lulut, pamoripun ngawat, lênggahipun kêdêr ragi parigêl, tosanipun ingkang kathah anggêndul, warnia cêmêng warnia klawu, warnia ijêm, warnia wungu, tuwin warni glathik, tamtu anggêndul, manawi ngangge sêkar kacang nyanthêng, jalènipun cêkak, lambe gajah cêlak, godhag rupak lêga, blumbanganipun sêdhêngan, [sêdhênga...]

--- 73 ---

[...n,] bilih ngangge sogokan cêkapan, janur nyada dumugi puyuhan, lukipun lêbêt luwês, lênggahipun ingkang kathah mayat, lagu sarwa singsêt, bilih ngangge ri pandhan, ri pandhanipun ngêtumbar, mêdala lêrês utawi luk, sami pakêlun, ing nginggil punika, gandhik sêdhêngan tikêl alis nratas, awak-awakanipun ing dhuwung, waos, sabêta, ingkang kathah miji puh sêmu gilig.

Kawruh Kalang

Ing ngandhap punika katrangan kawontênaning griyanipun têtiyang Jawi, inggih punika wiwitipun wontên griya kajêng, tuwin wiwitipun wontên dhapuring griya warni-warni, punapadene pamilihing kajêng jati ingkang sae warninipun, lan ingkang awèt anggenipun, utawi pamilihing kajêng jati ingkang kaanggêp ingkang anggadhahi angsar sae sarta panampiking kajêng jati ingkang anggadhahi angsar awon, miwah patrapipun nêgor, anggêbing utawi nyigar kajêng, saha wêwijangan dhapur ukuran sarta balunganing kajêng griya sapanunggilanipun, kaurutakên cariyosipun wiwit kina.

Mênggah mulabukanipun griyanipun tiyang Jawi punika kala kinanipun sela, pasang rakiting pamatrapipun ingkang kapirid candhi, kados ingkang sapunika salong taksih sami wontên wujudipun. Sarêng jumênêngipun Sri Bathara Aji Jayabaya ing Mamênang, kagungan punggawa anama Adipati Arya Santan, pinitados ambudi kawruh ingkang maedahi, punika nalika salêbêtipun taun surya 857, utawi taun côndra 883, Adipati Arya Santan gadhah pamanggih griya sela wau inggil-inggilanipun prayogi dipun santuni kajêng jati utawi kajêng sanèsipun, dene ingkang taksih lastari sela kantuna pagêripun kemawon. Milanipun makatên supados ènthèng botên amutawatosi, saha gampil panggarapipun, amargi manawi sela punika anjing-anjinganipun kaurut ing toya jawah, lami-lami rimpil andadosakên risak, manawi sampun risak rêntahipun botên namung satunggal kalih kados kajêng, lajêng ambruk pisan andadosakên kasangsaran, pamanggihipun Adipati Arya Santan ingkang makatên wau kaunjukakên dhatêng Sri Bathara Aji Jayabaya, andadosakên sangêting kaparêngipun. Adipati Arya Santan lajêng kadhawuhan adamêl santunipun dalêm kadhaton. Amargi kapinujon dalêm kadhaton sampun [sa...]

--- 74 ---

[...mpun] rêngka anjing-anjinganipun. Amung wangunipun lastantuna wangun lami ingkang kanamakakên côndrakini, sarêng sampun dados têtela maedahi, lajêng kaundhangakên santunipun griya kajêng wau, lami-lami griyanipun têtiyang alit pagêripun santun kajêng, jalaran ugi wêwah gampil pandamêlipun.

Sarêng jumênêngipun Prabu Widayana ing Mêndhangkamulan, karsa yasa karaton, saha karsa yasa bupati kalang, kaparingan nama Bupati Kalangkaba, panêkaripun kawan golongan: 1. kalang blandhong, ugi karan kalang kamplong, 2. kalang tobongan, 3. kalang badhèg, 4. kalang brèk, sawêg punika wontên griya dhapur warni-warni, sarêng jumênêngipun ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, kawula dalêm kalang kathah ingkang dèrèng nungkul, wontên sawatawis ingkang nungkul, kaparingan nama kalang mêndhak, ananging lami-lami inggih sami nungkul sadaya.

Bab 1

Pamilihipun kajêng jati ingkang êmpuk sarta ingkang atos.

Kajêng jati ingkang sagêd agêng sarta kathah punika thukul wontên ing parêdèn tuwin ing wana ingkang sitinipun abrit utawi cêmêng.

Mênggah kajêng jati ingkang thukul wontên ing siti abrit, dhasar atos, sêrat rêntêt, alus anglisah. Ingkang thukul wontên ing siti cêmêng, dhasar êmpuk sêrat gopok, utawi mrupuk, ngêndhal kados pulut, sanadyan tunggil pasitèn mawi undha-usuk tigang pangkat, kados ta: 1 jati bang, dhasar alus rêntêt anglisah, kangge dandosan awèt, 2 jati kêmbang utawi jati sungu, dhasar cêmêng, sêrat lêr-lêran kados sêkar, utawi kados sungu, kangge dandosan awèt, nanging botên sagêd ngungkuli awètipun kados jati bang, 3 jati kapur, dhasar êmpuk sêrat mrupuk, utawi gopok, wujudipun pêthak kusi, kangge dandosan kirang awèt. Mênggah jati bang wêdalan siti cêmêng, katimbang jati kapur wêdalan siti abrit, taksih atos saha awèt jati kapur wêdalan siti abrit. Namung manawi nagari Surakarta ingkang kaanggêp sae, punika jati wêdalan tanah Kaduwang, amargi pasitènipun nracak abrit, dene wêdalan rêdi Kêndhêng saurutipun asor, amargi pasitènipun nracak cêmêng.

--- 75 ---

Bab 2

Pilihanipun kajêng jati ingkang sae angsaripun.

Pitajêngipun tiyang Jawi kajêng jati punika mawi anggadhahi angsar sae utawi awon, ingkang kaanggêp anggadhahi angsar sae punika anjalari karijêkèn, kawilujêngan sapanunggilanipun, dene ingkang anggadhahi angsar awon punika anjalari kamlaratan, kacilakan sapanunggilanipun, wondene wujud saha namanipun kados ing ngandhap punika:

1. Kajêng ingkang witipun satunggal, pakah kalih punika kanamakakên ugêr-ugêr watakipun ingkang angênggèni suyud sarayatipun, prayogi utawi manggènipun kangge ugêr-ugêr korining griya, utawi korining capuri, togoging jaro pancak suji, grogol sapanunggilanipun, ingkang bangsaning pagêr.

2. Wit satunggal pakah tiga, kanamakakên traju mas, watêkipun ngathahakên rêjêki, prayogi utawi manggènipun kaangge balungan griya wingking ingkang agêng-agêng saha wontên ing nginggil, kados ta: balandar pangêrêt, molo sapanunggilanipun.

3. Kajêng ingkang kasusuhan pêksi agêng, utawi dipun pondhoki ing buron wana, kanamakakên tunjung. Watakipun angindhakakên darajad, sarta angrosakakên sêdya, prayogi utawi manggènipun kaangge gêdhogan utawi kandhanging rajakaya.

4. Kajêng ingkang wit utawi pangipun kathukulan simbar, ugi kanamakakên simbar, asrêp ayêm sawabipun, prayogi utawi manggènipun kaangge balungan masjid utawi langgar, srambi saha cungkup, punapadene sanggar sapanunggilanipun griya pasucèn.

5. Kajêng satunggal pakah gangsal, kanamakakên pandhawa, watakipun langkung rosa, ingkang ngênggèni prayogi utawi manggènipun kaangge balungan pandhapa, utaminipun kaangge sakanipun guru.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 1 ---

Pranatan Narpawandawa

Wêwaton (STATUTEN) pakêmpalan santana dalêm, sampun kaidèn nagari kawrat ing sêrat palilah katitimasan tanggal kaping 5 ing wulan Ruwah taun Jimawal 1845 ôngka 3 A/2, saha kaewahan mawi idi sêrat palilah kaping 6 Dhesèmbêr 1920 ôngka 1578/8A/2. Tuwin kaping 29 Nopèmbêr 1928 ôngka 18 A/3/II.

Bab 1.

Pakêmpalan punika kanamakakên Narpawandawa, adêgipun wontên ing Surakarta, laminipun sangalikur taun.

Bab 2.

Sêdyaning pakêmpalan anjagi saha ngajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm, sarta anjagi wilujêng saha prayogining nagari, tuwin karaton dalêm ing Surakarta, ingkang kawastanan santana dalêm ing wêwaton punika inggih punika wiwit canggah minggah, ingkang wênang nyêpêng sêrat pikêkah saking nagari.

Bab 3.

Murih kadumugèning sêdyanipun pakêmpalan, dipun saranani rekadaya sakadaripun ingkang botên nyulayani anggêr-anggêr tuwin tata ngadatipun nagari, sarta ingkang botên dados awisaning nagari.

Dene rekadaya ingkang kapêrlokakên kados ing ngandhap punika.

a. Ngajêngakên pasinaon.

b. Sasagêd-sagêd suka pitulungan pratikêl utawi bôndha dhatêng kasusahanipun santana dalêm, ingkang botên jalaran saking tindak botên lêrês.

c. Nindakakên rukunan panggaotan.

d. Ngaturakên pamrayogi katur pamarentah.

Bab 4

Warganing pakêmpalan punika, kaperang sakawan, warga limrah, argya wandawa, warga ardana, saha warga mandrawa.

Ingkang kenging dados warga limrah, amung santana dalêm wiwit canggah minggah, kalêbêt ingkang katarik saking salakirabi, ingkang sampun akil balèg, sarta mawi ambayar urunan (kontribisi) sabên wulan, sakêdhik-kêdhikipun f 0,10.

--- 2 ---

Manawi badhe mlêbêt dados warga, panêmbungipun dhatêng pangrèh, mawi anguningakakên turunan pikêkahipun santana saking nagari.

Mêdalipun dados warga kenging saking panêdhanipun piyambak utawi kawêdalakên miturut putusaning parêpatan agêng (Algemeene vergadering) awêwaton panimbanging warga ingkang kathah.

Ingkang kenging dados argya wandawa, inggih punika warga limrah ingkang ambayar urunan (kontribisi), sabên wulan sakêdhikipun f 5,- utawi warga ingkang katingal agêng lêlabêtan utawi pitulunganipun dhatêng pakêmpalan, punika kêdah katêtêpakên wontên parêpatan agêng, miturut saking panêdhaning pangrèh.

Ingkang kenging dados warga ardana, punika sadhengah tiyang ingkang ambayar urunan, (kontribisi) sabên môngsa ingkang petangipun ing dalêm sawulan sakêdhikipun f 0,25 utawi ambayar sapisan kemawon f 50,-

Ingkang kenging dados warga mandrawa, punika dhudha randhaning santana dalêm dumugi grad V saha warga ingkang dêdunung ing sajawining kitha Surakarta.

Warga limrah saha argya wandawa satunggal gadhah swara (stemrecht) satunggal, warga ardana saha warga mandrawa botên gadhah sêtèm.

Bab 5.

Pakêmpalan punika, katindakakên dening pangrèh cacahipun ganjil sakêdhik-sakêdhikipun 9 kapêndhêtakên saking warga limrah, sarta ugi kapilih dening warga limrah saha argya wandawa wujuding warga pangrèh wau, pangarsa, mudha pangarsa, panitra I saha II, artaka I sarta II tuwin panitya manawi wontên parlunipun warga pangrèh kenging mêndhêt sadhengah tiyang, ingkang kinintên sagêd angindhakakên ajênging pakêmpalan, punika kadadosakên atpisir.

Wiwitanipun ingkang dados warga pangrèh.

Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Panitra I Radèn Mas Ngabèi Yasadipura.

Panitra II Radèn Ngabèi Sastrasewaya.

Artaka I Radèn Ngabèi Sastradipura.

--- 3 ---

Artaka II Radèn Ngabèi Sasrasugônda.

Panitya Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Bandara Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Mataram.

Bandara Kangjêng Pangeran Panji Singasari.

Radèn Mas Arya Purwadiningrat.

Radèn Tumênggung Jayanagara.

Radèn Mas Arya Puspadiningrat.

Radèn Mas Arya Padmanagara.

Pangrèh wau kapilih saha katêtêpakên wontên parêpatan agêng, miturut pamanggihing warga ingkang kathah, laminipun nyêpêng kawajiban pangrèh botên kenging langkung saking tigang taun, kêdah lajêng kèndêl, nanging nalika pilihan, pangrèh lami wau inggih taksih kenging kapilih malih.

Bab 6.

Pangrèh wajib adamêl lampah-lampah ingkang nêrangakên pandamêlan kuwajibanipun pakêmpalan punika, (Huishoudelijk Reglement) sarta nêrangakên kawajibaning satunggal-satunggalipun warga pangrèh saha atpisir, nanging botên kenging ngantos nyulayani suraosing wêwaton agêng (Statuten) punika.

Pangrèh kawajiban mranata sawarnining pandamêlan sarta dados wakiling pakêmpalan punika wontên sajawi sarta salêbêting pangadilan.

Bab 7.

Sataun sapisan pangrèh kawajiban angwontênakên parêpatan agêng, anggêlarakên palapuran kawontênanipun artaning pakêmpalan tuwin padamêlan ingkang katindakakên pangrèh salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr, dene manawi pêrlu ugi kenging ngwontênakên parêpatan agêng sataun langkung saking sapisan, sarta kenging ugi ngwontênakên pakêmpalan agêng wau manawi wontên panêdhanipun warga sakêdhikipun [sakêdhiki...]

--- 4 ---

[...pun] 1/4 cacahipun warga. Makatên ugi dadosipun parêpatan agêng inggih bilih wontênipun warga ingkang dhatêng botên kirang 1/4 tan cacahing sadaya warga limrah, namung manawi anggènipun damêl parêpatan ngantos rambah kaping kalih, sapintên wontênipun warga ingkang sami dhatêng kaanggêp sah. Dene ingkang namtokakên dintên tuwin pamanggènipun parêpatan punika pangrèh.

Bab 8.

Sadhengah putusaning pakêmpalan wau, kêdah miturut pamanggihing warga ingkang kathah, sarta manawi putusan wau dèrèng kaewahan wontên parêpatan agêng malih taksih kaanggêp apsah.

Bab 9.

Apês-apêsipun sawulan sapisan pangrèh wajib parêpatan, (Bestuur vergadering) ngrêmbag tumindaking padamêlan sarta sanès-sanèsipun ingkang dados kabêtahanipun pakêmpalan.

Bab 10.

Bandhaning pakêmpalan punika, saking arta kados ing ngandhap punika:

a. Arta urunan. b. Arta saha barang ingkang dhatêngipun botên kenging kinintên. c. Kauntungan ingkang mijil saking barang-barang gadhahanipun pakêmpalan.

Bab 11.

Sawarnining prakawis ingkang botên kapratelakakên wontên ing wêwaton punika badhe kapratelakakên wontên ing lampah-lampah wajibipun pakêmpalan kados kasêbut bab 6.

Bab 12.

Manawi wontên sawênèhing warga pangrèh, sulaya pamanggih kalihan kancanipun, badhe karampungan wontên parêpatan agêng.

Bab 13.

Manawi ngewahi wêwaton punika, kêdah wontên ing parêpatan agêng, inggih punika manawi warga ingkang dhatêng botên kirang sapalihing cacahipun warga sadaya. Ewahing wêwaton punika kenging saking panêdhanipun para warga, nanging sakêdhik-sakêdhikipun [sakêdhik- sakê...]

--- 5 ---

[...dhikipun]

wontên tigang prapating warga ingkang wênang gadhah swara utawi pangrèh, putusan ewah-ewahan wau, dèrèng kenging katindakakên, sadèrèngipun angsal palilah saking nagari.

Bab 14.

Bibaripun pakêmpalan punika, manawi warganipun suda-suda ngantos botên sagêd anindakakên kajênging pakêmpalan, dene saupami pakêmpalan punika bibar, tumanjaning arta tuwin barang darbèkipun badhe kapanjurungakên miturut putusanipun parêpatan agêng ingkang pungkasan.

Bab 15.

Sadaya warga ingkang mêdal utawi kawêdalakên sadhengaha sababipun, botên kenging bilih anêdha arta urunan (kontribisi) sasaminipun.

Bab 16.

Adêgipun pakêmpalan punika, wiwit tumindakipun miturut titimasaning sêrat palilah nagari, kapetang wiwit tanggal kaping 5 ing wulan Ruwah taun Jimawal 1845.

Komisaris -- Presidhèn

Wg. Kusumadiningrat -- Wg. Wuryaningrat

Wg. Kusumadilaga -- Pisê presidhèn

Wg. Natadiningrat -- Wg. Adiwijaya

Wg. Kusumayuda -- Sèkrêtaris I

Wg. Sindusena -- Wg. Yasadipura

Wg. Arya Mataram -- Sèkrêtaris II

Wg. Singasari -- Wg. Sastrasewaya

Wg. Purwadiningrat -- Pènêng mèstêr I

Wg. Jayanagara -- Wg. Sastradipura

Wg. Puspadiningrat -- Pèning mèstêr II

Wg. Padmanagara -- Wg. Sastrasugônda.