Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 6, Kaping 6 Sapar Be 1864, Utawi Kaping 1 Juni 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Komite Pangangguran

Nalika dintên Salasa tanggal kaping 16 Mèi, punika Narpawandawa dipun sêdhahi dhatêng parêpatanipun komite pangangguran bôngsa Indhonesiah, wontên ing Sus Mangkunagaran. Sarèhning wontênipun pitulungan dhatêng para pangangguran punika kamanah parlu kauningan ing akathah, amila pêthikan palapuranipun wakil Narpawandawa ingkang andhatêngi parêpatan wau, kapacak ing organ ngriki, kados ing ngandhap punika.

Miturut andharanipun komite pangangguran wau mênggah tuwuhipun wontên komite punika awit ing môngsa rêkaos punika cacahing pangangguran taksih mindhak-mindhak, saking karsanipun parentah guprêmèn, ing Batawi lajêng kaadêgakên sèntrèlsentral. komite (centraal comite) ingkang salajêngipun angwontênakên platsêlêk komite [komi...]

--- 77 ---

[...te] (plaatselijk comite) ing sabên saresidhènsi, makatên ugi ing Surakarta ngriki, platsêlêk komite wau kaperang kalih golongan, inggih punika ingkang mligi amitulungi dhatêng bôngsa Wlandi, tuwin ingkang mligi amung mitulungi dhatêng bôngsa Jawi (Indonesiers) kados ingkang sampun kapratelakakên ing sêrat sêdhahan, komite punika kawênangakên rekadaya pados arta piyambak miturut ancêr-ancêripun sentral komite ing Batawi kasbut nginggil, wontênipun sentral komite kawênangakên nyukani ancêr-ancêr punika awit platsêlêk komite wau tampi pambiyantu arta saking sentral komite kathahipun 50% ning angsal-angsalanipun anggèning pados arta (dados petanganipun inggih 50% ning arta kasipun platsêlêk komite), ewadene manawi ancêr-ancêr wau ngantos katilar, pambiyantu arta kasbut nginggil sagêd lajêng kasuwak. Mênggah ingkang dipun pitulungi platsêlêk komite punika miturut ancêr-ancêr saking Batawi kêdah tiyang Jawi ingkang suwau nyambut damêl, ananging awit saking môngsa malaisê (malaise) punika kapêksa nganggur kabêkta pandamêlanipun kasuwak (bezuinigd) manawi ngangguripun punika botên saking pangiridan, ananging upaminipun saking kalêpatan, ingkang makatên wau botên badhe angsal pitulungan saking komite, makatên ugi bilih ngangguripun wau tampi pènsiyun ondêrsêtan (Onderstand) utawi sampun dipun opèni sanak sadhèrèkipun. Komite botên ambedak-bedakakên tiyang Jawi (Indonesiers) lapisan nginggil sarta ingkang lapisan ngandhap, sadaya punika badhe angsal pitulungan bilih kawontênanipun kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, wondene kathahipun pitulungan satunggal semah f 7,50 kabayar sapisan, dados botên sabên wulan, manawi komite badhe mitulungi f 7,50 malih sadèrèngipun kêdah kapriksa rumiyin punapa inggih lêrês tiyang wau taksih nganggur, tumindakipun amitulungi komite kabantu sub komite ingkang pangarsanipun para asistèn wadana, dene para warganipun kapêndhêtakên saking têtiyang ing bawahipun piyambak- piyambak, kajawi punika inggih sasambêtan kalihan arbèidbêmidhêling (arbeidsbemiddeling) ing Surakarta, wondene sêsambêtan wau tumindakipun kados ing ngandhap punika:

Saupami wontên tiyang Jawi nganggur ingkang nêdha pitulunganipun komite punika, sadèrèngipun [sa...]

--- 78 ---

[...dèrèngipun] kapurih dhatêng ing kantor (arbeidsbemiddeling) rumiyin supados wontên ing kantor wau kapèngêtan ing saparlunipun gandhèngipun kalihan anggènipun kantor arbeidsbemiddeling badhe mados-madosakên padamêlan tiyang wau. Manawi sampun katampèn sarta kapèngêtan ing kantor arbeidsbemiddeling lajêng sawêg katampèn komite ingkang lajêng anêtêpakên angsal tuwin botênipun pitulungan, samôngsa sampun angsal pandamêlan, pitulungan wau lajêng kasuwak. Mênggah tumindakipun pados arta kangge mitulungi punika kados ingkang sampun dipun pratelakakên ing sêrat sêdhahan.

a. Angidêrakên lis dêrma, dêrma punika warni kalih, inggih punika dêrma ingkang kabayar sapisan karopyok saha dêrma ingkang kabayar wulanan, mênggah tumindakipun angidêrakên lis wau badhe karigênakên sub komite wontên ing bawahipun piyambak-piyambak.

b. Angwontênakên têtingalan, tumrap punika komite nyuwun dêrma saha pambiyantunipun para pakêmpalan (ing wêkdal punika sampun wontên pakêmpalan sawatawis ingkang nyanggêmi badhe dêrma têtingalan inggih punika yatna sidhaya P.B.I. pangrèh partinitin).

c. Damêl lotrèi barang, tumrap punika komite sampun mèh rampung panyambut-damêlipun, kantun anêtêpakên dintên katamtuanipun panyade sarta panggêbagipun lotrèi wau.

d. Nyudhiyani bis wadhah arta ingkang badhe kapasang wontên ing papan ingkang kangge kêklêmpakan tiyang kathah, upaminipun ing kantor-kantor, ing biosêkup sasaminipun.

e. Lampah sanès-sanèsipun ingkang botên nilar dhatêng kasusilan punapadene botên nyulayani ancêr-ancêripun Centraal Comite arta angsal-angsalan saking rekadaya a dumugi e punika sadaya kasêtorakên dhatêng ing factorij sarta tampi tambahan 50% saking sentral komite kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Ing dalu wau komite sampun anêtêpakên badhe damêl têtingalan putbal ing sêtadhion Sriwêdari wontên ing dintên Jumungah tanggal kaping 19 Mèi 1933, kapêngkêr punika, para wakil pakêmpalan kasuwun kaparêng [ka...]

--- 79 ---

[...parêng] ambiyantu nyadèkakên karcis kangge kaparluan wau, wakil Narpawandawa inggih andhanganakên ambiyantu punika sarta inggih sampun kalampahan angrencangi nyadèkakên karcis dhatêng kantor kraton saha nagari ingkang angsal-angsalanipun inggih ragi lumayan, parêpatan katutup antawisipun jam 11 kanthi wilujêng.

Taman Dewasa Raya

Rêdhaksi nampèni wara-wara saking komite Taman Dewasa Raya bab badhe adêgipun sêkolah têngahan, benjing tanggal kaping 3 Juli ngajêng punika, wontên ing Jakarta, murih têrangipun kapêthik wos-wosipun ingkang parlu kemawon, kados ing ngandhap punika.

Komite punika adêgipun nalika tanggal kaping 12 Marêt 1933 wontên ing Jakarta (Batawi). Mênggah pikajêngipun angawontênakên komite wau, benjing ing wulan Juli ngajêng punika badhe ambikak pamulangan têngahan ingkang adhêdhasar kabangsan kangge lêlajênganipun pamulangan Milo Taman Siswa, pamulangan Milo kabangsan sanèsipun punapadene Milo guprêmenan saha partikêlir. Rancangan tumindakipun pamulangan (onderwijsprogram) ingkang sampun katêtêpakên nalika parêpatan komite ing tanggal kaping 26 Marêt taun punika kados ing ngandhap punika:

Program pamulangan kasbut nginggil tumindakipun badhe tansah anggatosakên dhatêng parlu sarta kabêtahanipun gêsang bêbrayanipun bôngsa kita Indhonesia, satunggiling program ingkang gadhah tuju mêncarakên raos kabangsan ing wutah rah kita ngriki. Awit saking punika program wau kadamêl kalih perangan inggih punika, program ingkang tumuju dhatêng panggulawênthah utawi pandhidhikan dhatêng para muridipun sarta program pangajaran.

Bab pandhidhikan dhatêng para murid wau lampahipun badhe tansah angèngêti kawontênanipun para murid ing pamulangan ngriku ingkang wancinipun sawêg nêdhêng-nêdhêngipun gadhah raos jalêr utawi èstri sarta ingkang wancinipun sawêg sagêd nêtêpakên dhatêng pêpenginanipun anggènipun gêsang wontên ing jaman kamajêngan punika (inggih punika

--- 80 ---

pêpenginan dhatêng olah agami, kagunan, ekonomi, politik sarta kawruh sanès-sanèsipun), kajawi punika lampahipun ugi tansah ngèngêti dhatêng asas tujuanipun Taman Siswa, ingkang sapunika sampun gêsang subur wontên ing bêbrayan kita ngriki sarta pamulangan sanès-sanèsipun ingkang tujuanipun ugi anggatosakên dhatêng gêsang bêbrayan kita ing jaman samangke punika, wondene lampahing progama pangajaran punika kêdah kalarasakên dhatêng kabêtahanipun bôngsa kita ing wêkdal sapunika (de behoeften der Indonesische maatschappij) inggih punika lampah dhatêng luhuring kabatosan sarta kamulyaning lair, mênggah ingkang dipun wulangakên wontên ing pamulangan wau basa sarta kawruh warni-warni: 1. basa ingkang kangge wontên ing Indhonesia ngriki, 2. Têmbung Sansêkrit, 3. Arab, 4. Jawi Kina saha Jawi sapunika, 5. Kawruh kasusilanipun bôngsa Indhonesia, 6. Babad kiltir Indhonesia, (Cultuurgeschiedenis), 7. Babad wetanan. Kajawi punika ugi kawulang têmbung Inggris, saha Wlandi (têmbung Jêrman sarta Prancis, facultatief) kawruh dagang, kawruh kukum, ekonomi, têtanèn sarta kawruh kodrat. Pamulangan wau benjing bikakipun sawêg dipun wontêni kalih klas, inggih punika purklas sarta klas satunggal. Ingkang katampèn ing purklas para murid wêdalan Milo guprêmèn sarta ingkang kasamèkakên, ingkang katampèn ing klas satunggal, para murid wêdalan saking Milo ingkang adhêdhasar kabangsan, wondene laminipun pasinaon tumrap ingkang saking Milo guprêmèn sarta ingkang kasamèkakên, 3 taun, ingkang saking Milo kabangsan, 2 taun. Bayaranipun katêtêpakên nêm rupiyah, pondhokan katêtêpakên gangsal wêlas rupiyah.

Murid-murid wêdalan saking pamulangan Taman Dhewasa Raya wau sagêd lajêng dados guru Taman Dhewasa, sarta Milo kabangsan, utawi sagêd nyambut damêl ing babagan sêrat kabar (journalistiek) namung kemawon sadèrèngipun Taman Dhewasa Raya ngêdalakên murid, komite badhe tansah ambudidaya sagêdipun ambikak sakolahan luhur ingkang ugi adhêdhasar kabangsan, ananging ugi botên wontên pakèwêdipun bilih komite ambudidaya sagêdipun angsal sêsambêtan kalihan pamulangan luhur môncanagari ingkang ugi mawi dhasar kabangsan, upaminipun pamulangan ing Indhia Inggris, Tiongkok, Jêpan sasaminipun.

--- 81 ---

Komite Taman Dhewasa Raya kasbut nginggil kaperang gangsal golongan:

I. Golongan pandhidhikan sarta pangajaran ingkang anindakakên: pangarsa S Mangunsarkara.

II. Golongan ingkang nyudhiyakakên waragad-waragad ingkang nindakakên: sêsêpuh I. M.H. Tamrin. Pangarsanipun sadhèrèk Sarpan.

III. Golongan studiefonds ingkang nindakakên: pangarsa Mr. Sartana.

IV. Golongan ingkang nindakakên sêsambêtanipun kalihan môncanagari sarta ngumumakên sadaya ingkang gêgayutan kalihan pamulangan punika, ingkang nindakakên panitra umum inggih punika: R. Atmawiraga, Supar, S. Mangunsarkara.

V. Sadaya wakilanipun Taman Dhewasa Raya ing kitha-kitha agêng satalatahing Indhonesia ingkang nindakakên, panitra umum.

Komite rumaos wajib damêl rekadaya supados sagêdipun pamulangan wau ngadêg, dene pambiyantunipun para sadhèrèk awarni yatra utawi sanès-sanèsipun, badhe dipun tampèni kalayan sênênging manahipun para komite, amila sumôngga para sadhèrèk sami saekapraya ngadêgakên pamulangan wau.

Pathining Satriya, Anyirnakna Piguna, Angurbana Salira, Kinarya Widada Arjaning Praja.

II.

Dupi semahipun brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa mirêng panggrêsahing lakinipun, lajêng mangsuli kalayan amêlasasih, makatên: dhuh, sang brahmana guru laki kula, jêngandika sampun angutahakên waspa, kadidene limrahing tiyang kathah-kathah, punika sanès wancinipun tiyang angrêntahakên luh. Jêngandika punika rak gêgolonganing para sujana, tamtunipun sampun botên kêkilapan, manawi sadaya tiyang punika masthi pêjah, kadospundi manawi tiyang amrihatosakên dhatêng lêlampahanipun ingkang sampun botên kenging dipun singgahi (dipun selaki). Semah, anak jalêr tuwin èstri, punika sampun limrahipun dipun upaya, wigatosipun kangge damêl sênênging manah. Jêngandika sampun lêbda dhatêng saliring kawruh, amila suwawi lajêng dipun berata ngênês sêngkêling panggalih, dene ingkang makili anggarap [ang...]

--- 82 ---

[...garap] pakaryan jêngandika ingkang awrat linampahan, punika kula, awit kawajibanipun èstri ingkang luhur piyambak, tuwin ingkang dipun wastani mantêp, punika purun anglilahakên gêsangipun. Kula kêpengin nêtêpi kuwajibanipun èstri ingkang makatên wau, supados jêngandika manggih kamulyan, saha misuwur utami. Jêngandika sampun ngukup wosing gêgayuhanipun tiyang salakirabi, inggih punika jêngandika sampun apêputra mijil saking kula, dados sampun nama nêtêpi janjining salakirabi, kula punika amung ingkang minôngka lêlantaran kemawon. Jêngandika sampun kalampahan sagêd angayomi, saha anggulawênthah putra jêngandika dadosipun prayogi. Ing môngka kula rumaos botên sagêd anglampahi kados ingkang sampun jêngandika tindakakên wau, dhuh, sang brahmana, mênggahing panganggêp kula, jêngandika punika bôndha tuwin pêpundhèn kula, manawi kula jêngandika tilar gèk badhe kadospundi, saiba awrating manah kula, punapa kula kuwawi kantun gêsang wontên ing ngarcapada, dados rôndha tur tanpa pangayoman, wah darbe rêrêksan lare èstri, o, sang brahmana, punapa kula sagêd kuwawi nglampahi, kauningana, sang brahmana, pawèstri nèm ingkang dados rôndha punika adhakanipun lajêng kathah tiyang ingkang ngajêngakên, candranipun kadosdene: têtêdhan kasèlèhakên ing siti, saèstunipun lajêng kinroyok ing paksi, saupami kula kalampahan dados rôndha, lajêng kagiwang purun dipun rabèni priya sanèsipun, môngka semah kula wau awon wêwatakanipun, wah sangsara punapa ingkang kula lampahi, awit kula tamtu badhe botên sagêd ngambah ing margi ingkang dados gêgayuhanipun para ambêg sae, gèk kadospundi anggèn kula manggènakên putra jêngandika lare wutun punika. Wontên ing griya têtilaraning bapakipun, punapa inggih sagêd lampah sae kados lêluhuripun, manawi botên wontên ingkang dados guru, gèk kadospundi anggèn kula mulang dhatêng anak kula jalêr punika, ing têmbe manawi sampun dumugi mangsanipun puruhita, gèk lajêng badhe kadospundi kadadosanipun, punapa inggih sagêd dados tiyang utami kadidene tiyang sêpuhipun jalêr. Manawi kula lastari gêsang tanpa priya, tamtu badhe kathah tiyang jalêr botên aji purun anglamar dhatêng anak kula èstri, candranipun botên beda kalihan wedha ugi kathah para [pa...]

--- 83 ---

[...ra] sudra ingkang kêpengin mirêngakên, saupami kula tampika panglamaripun, lare wau tamtu lajêng dipun dhustha, candranipun kadidene martega sajèn, asring dhinustha ing pêksi dhandhang. Upami kula kalampahan priksa putra jêngandika kalakuanipun ngantos botên mirip kalihan jêngandika, punapadene putra jêngandika èstri ngantos kawêngku ing tiyang ingkang tan aji, wah mendah kados punapa risaking manah kula, botên sande kula lajêng tumuntên pêjah, lare-lare lajêng nandhang sangsara, kadosdene ulam ingkang kasatan toya. Dhuh, sang brahmana manawi kula ngantos jêngandika tilar, kula dalah anak-anak tamtu sami nandhang papa sangsara, mila sae kula kemawon ingkang dados kurban. Pangandikanipun para sujana sarjana ingkang putus ing kasusilan, manawi tiyang èstri ingkang sampun sêsuta, pêjah angrumiyini ingkang jalêr, punika têtêp pawèstri ingkang sêtya ing laki, amila kula sagah dados sêsulih jêngandika, nilar anak tuwin kadang, nyramakakên gêsang kula, awit pawèstri ingkang ngladosi priyanipun, môngka sagêd adamêl rêna, punika kuwajiban ingkang luhuripun anglangkungi sêsaji, tapabrata, prasêtya tuwin dêdana. Dados pandamêl ingkang badhe kula lampahi wau turut kalihan kautaman luhur, sarta pikangsal tumrap panjênêngan saha para lêluhur. Para wicaksana ngandika: manawi anak, kadang, semah tuwin samukawis ingkang dipun rêmêni, punika wênang dipun lilahakên, manawi kangge nambakbaya tuwin kasangsaran. Tiyang wajib nyimpên rajadarbèkipun (rajabrananipun) kangge jagaruna, nambak dhatênging bêbaya, inggih rajabrana ingkang kangge nglairakên trêsnanipun, saha angayomi semahipun, dene manawi kangge ngayomi badanipun piyambak, kêdah nglilahakên semah tuwin bandhanipun, kathah para linangkung mêdhar kasunyatan ingkang suraosipun makatên: anane wong darbe bojo, anak lanang, rajabrana sarta omah, iku pêrlu kanggo piranti yèn ana pakewuh nêkani. Para wicaksana anamtokakên, bilih tiyang punika mêsthi rêmên dhatêng badanipun piyambak tinimbang kalihan rêmêning dhatêng rajadarbèkipun, sih dhatêng badanipun piyambak punika sampun tanpa timbang, dhuh guru laki kula, rumêksaa ing sarira jêngandika piyambak, gêsang kula dipun anggea pagêripun, lajêng kaparênga nyajèkakên kula, amung lare-lare punika mugi dipun opènana ingkang prayogi. Para [Pa...]

--- 84 ---

[...ra] putus dhatêng wêwatoning kasusilan, ngandika: bilih pawèstri botên kenging dipun pêjahi, môngka raksasa raja ingkang mêngkoni ing nagari ngriki, punika inggih botên bodho, dados saèstu priksa dhatêng anggêr-anggêr makatên wau, mila kula lajêng kaladosna dhatêng sang raksasa nadyan têtela purun mêjahi tiyang jalêr, ewadene dèrèng tamtu purun mêjahi tiyang èstri, jêngandika botên kasamaran dhatêng wêwaton makatên wau. Mila kula lajêng kaladosna dhatêng sang raksasa raja, awit kula sampun dangu anggèn kula ngraosakên kamulyan, sampun tuwuk kasênêngan, sarta sampun angsal nugraha agêng, sampun sêsuta patutan kalihan jêngandika, mila kula botên eman, nglilahakên gêsang kula. Kula sampun saya sêpuh, sajatosipun kula kapengin sangêt ambingahakên panggalih jêngandika, mila lajêng darbe sêdya makatên wau. Dhuh pêpundhèn kula, dipun tegakna kemawon, sarta lajêng kramaa malih, bokmanawi jêngandika badhe antuk kasênêngan linangkung, awit lampah makatên punika botên dados dosa. Nugraha tiyang jalêr ingkang kuwawi wayuh, nanging manawi pawèstri ngantos laki rambah-rambah punika awon, upami jêngandika kalampahan ngurbanakên sarira punika têtela kirang prayogi. Mugi jêngandika kalisa ing bêbaya, lêluhur saha putra jêngandika dipun êntasa saking prihatos, sarana negakakên jasad kula, satêlasing ucapipun semahing brahmana, enggal dipun rangkul kalihan sang brahmana, kalayan mingsêg-mingsêg nangis, awit jalêr èstri manahipun sami karêrantan. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa

Sambêtipun organ ôngka 6 taun 1932.

Ing ngajêng sampun nate kula andharakên mênggah kawajibanipun para wanita, ngantos dumugi bab panggulawênthahipun dhatêng para lare-lare èstri, kawajiban wau satunggal-satunggalipun bab bokmanawi inggih parlu kula têrangakên. Nanging ingkang langkung prayogi, badhe kula wiwiti saking tatakrami lan sêsrawunganipun tiyang jêjodhoan.

I. Kauningana, tatacara ing jaman kina, tiyang jêjodhoan punika kalêksananipun [kalêksana...]

--- 85 ---

[...nipun] gumantung wontên tiyang sêpuhipun lare kemawon. Tumindakipun badhe ngemah-emahakên lare èstri, punika ingkang kalimrah mawi tatacara dipun mêrtamoni badhe besan, dalah calon pangantèn jalêr (nontoni), sadumuginipun ngriku manawi sampun kalinggihakên sawatawis ugi lajêng pamitan wangsul. Lare sakalih-kalihipun (badhe pangantèn), sami botên sumêrêp têrang. Kadadosanipun rêmbag condhong lan botênipun gumantung wontên tiyang sêpuhipun. Makatên malih lare èstri bêbasanipun botên sêmêrêp kênthang-kimpulipun. Sumêrêp-sumêrêp bilih sampun badhe têmpuking ing damêl.

Mila kawontênan makatên wau, lajêng nuwuhakên beda-bedaning sêsrawunganipun jalêr kalihan èstri, sami angèngêti agêng inggiling pangkat saha kaluhuran. Utawi brêngga rowaning tiyang sêpuhipun. Manawi tiyang sêpuhipun lare èstri langkung luhur, upami brêngga rowa, sampun tamtu sêsrawunganipun lare èstri dhatêng semahipun kêdah lajêng mêngku, kosokwangsulipun, manawi tiyang sêpuhipun lare jalêr ingkang langkung luhur utawi brêngga rowa ugi makatên. Sampun têmtu nun inggih saya anggènipun mêngku, saking pamêngkunipun têrkadhang lajêng sawênang-wênang, têmahan kadadosanipun lajêng kêrêp sulaya, sisip têmbiripun lajêng botên dados. Jalaran anggènipun sêsemahan wau botên mawi dhêdhasar katrêsnan (Liefde) nanging namung saking pamêngkuning tiyang sêpuhipun.

II. Lajêng wontên tatacara malih, lare jalêr dipun ngèngèrakên dhatêng calon marasêpuhipun. Ngantos sawatawis wulan, punika mêngku pikajêng warni kalih:

Ha. Ingkang tiyang sêpuhipun sampun wiyar wawasanipun. Lare jalêr dipun ngèngèrakên punika ingkang parlu sagêdipun têpang kalihan badhe semahipun, sasampunipun têpang, lajêng sagêd anukulakên katrêsnan.

Na. Tiyang sêpuhipun lare èstri, badhe lajêng sagêd nyumêrêpi wêwatêkanipun lare jalêr.

III. Ing tatacara padhusunan pancèn radi kalimrah, lare jalêr dipun ngèngèrakên, dipun wastani nyantri (batur) parlu namung badhe dipun sumêrêpi wêkêl lan botênipun tumrap dhatêng pandamêlan, pamanggèn dalah têdhanipun inggih kados rencang kemawon.

--- 86 ---

IV. Gêgandhengan kalihan majêngipun kawontênan sarta inggiling raos, lajêng nuwuhakên tatanan ingkang sampun radi ngèmpêri kalihan tatacara kilenan, nanging inggih taksih dhêdhasar tatacaranipun piyambak.

Manawi pangrêmbaging sakalih-kalihipun, inggih punika tiyang sêpuhipun lare èstri, lan tiyang sêpuhipun lare jalêr, sampun wontên pamanahan sami rujukipun. Punika tiyang sêpuhipun lare èstri lajêng suka sumêrêp dhatêng anakipun, bilih badhe dipun kajêngakên dhatêng pun A, dadosa têtimbanganipun, sampun tamtu lare wau botên sagêd suka wangsulan sanalika.

Salêbêtipun lare èstri wau dèrèng mangsuli, tiyang sêpuhipun lare èstri kala-kala kengkenan ngundang dhatêng pun A wau, inggih dipun jak lalinggihan omong-omong lare èstri ugi dipun purih manggihi, supados têpang, sanès dintên makatên malih, têrkadhang lare èstri dipun ajak martuwi gêntos dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun pun A gêgêntosan ngantos rambah-rambah, kawontênan makatên wau lare èstri lajêng sagêd nimbang-nimbang, badhe wangsulanipun dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun tamtu têtêpangan punika wau wohipun lajêng sagêd angyaktosi, wêwatêkaning satunggal-satunggalipun. Wasana manawi pêpanggihan wau sampun sawatawis kêrêp, tiyang sêpuhipun lare èstri lajêng sagêd ngambali pitakèn malih, kadugi nglampahi punapa botên. Sampun tamtu lare èstri lajêng sagêd ngaturi wangsulan ingkang gumathok.

Para maos mugi andadosna kawuningan, anggèn kula anggêlarakên tatacara wiwit bab satunggal ngantos dumugi bab sakawan, pancèn botên kula kanthèni wawasan, namung lugu kawontênanipun kemawon. Pundi ingkang prayogi kagêm, kula sumanggakakên para maos piyambak, sarta parlu kagêm dhêdhasar badhe panggulawênthahipun para putra-putri, malah taksih wontên satunggal bab badhe kula sambêtakên ing wingking, wasana matur nuwun.

S. Sasrasugônda.

--- 87 ---

Kasarasan

Sambêtipun organ ôngka 5 taun 1932.

Ihtiyar panulakipun sêsakit malaria, namung sadèrèngipun kula ngandharakên kadospundi rekadayaning panulakipun, bokmanawi langkung parlu kula aturakên kawontênan nama: malaria.

Sadèrèngipun sakit malaria wau kacêpêng papriksanipun, para tiyang Eropah ing jaman kina, amastani sêsakit wau dumadosipun saking hawa ingkang awon, saha hawaning rawa ingkang mêdal ing wanci dalu, dipun wastani (miasmen).

Malaria punika têmbung ngamônca, mênggah cara Jawinipun (Mala- dipun têgêsi awon, aria têgêsipun hawa, dados hawa ingkang awon).

Awit saking pangudinipun Tuwan Dhoktêr Laveron saha Tuwan Dhoktêr Ross ing tanah Hindhu jajahan Inggris, sampun kacêpêng papriksanipun, ingkang anjalari sêsakit malaria punika saking kruma, ingkang tumularipun dhatêng para manungsa saking pandamêlipun lêmut.

Lêmut punika wontên warni kalih, dipun wastani lêmut (Culex) kulèk, saha lêmut bôngsa (anopheles) anopêlès.

Lêmut anopêlès punika ingkang sagêd nularakên sêsakit malaria, mênggah titikanipun lêmut ingkang sagêd nularakên sêsakit wau, bilih mencok ing tembok utawi gêdhèg, badanipun anjênthit, nanging manawi lêmut kolèk ingkang botên sagêd nularakên sêsakit, pamencokipun inggih limrah (botên jênthit).

Lêmut punika tumangkaripun sarana nigan, mênggah paniganipun wontên ing toya, kados ta wontên ing kolah jêmbangan, ing rawa, sarta sanès-sanèsipun. Tigan-tigan wau lajêng dados ugêd-ugêd. Sawatawis dintên malih ngênthung, lajêng nêtês dados lêmut. Lêmut punika pasabanipun sagêd sawatawis têbih kirang langkung sagêd 2 pal.

Mênggah patrap-patrapipun lêmut anggènipun nangkarakên sêsakit malaria dhatêng manungsa punika makatên: lêmut anopêlès ingkang wadhukipun sampun wontên wijinipun sêsakit malaria, môngka lêmud wau mencok dhatêng badanipun manungsa,

--- 88 ---

lajêng nyakot saha nyêmprotakên ilu ingkang sampun wontên wijinipun sêsakit. Têmahan manungsa lajêng kenging sêsakit malaria.

Inkubasinipun tiyang ingkang kenging sêsakit malaria, kirang langkung saminggu sampun katawis. Titikanipun badan bêntèr sirah ngêlu, mripatipun abrit. Dangu-dangu cahyanipun pucêt. Jalaran rahipun suda-suda, dipun têdha ing kruma, salajêngipun dados badan ingkang ringkih, langkung malih manawi ingkang kacandhak sakit malaria wau, tiyang ingkang sampun sêpuh utawi taksih bayi, kathah ingkang lajêng tiwas.

Sarana murih botên kataman sêsakit malaria, kêdah kajagi.

a: Kamar patilêman sabên dintên kêdah kabikak kontên sarta candhela. Ingkang murih lêmut botên sagêd kraos wontên ing ngriku.

b: Kêdah kajagi tilêm sampun ngantos kacokot ing lêmut, sarananipun mawi klambu.

c: ing pakarangan griya, sampun ngantos wontên toya ingkang kèndêl, pêcêrèn sasaminipun. Supados tigan-tigan lêmut wau botên sagêd nêtês.

Tiyang ingkang sampun kalajêng sakit kêdah tumuntên kapriksakakên dhatêng dhoktêr. Badhe kasambêt.

Kopêrasi Punika Pasinaon Nyêpêng Paprentahan Piyambak

Tumrap bôngsa tiyang siti kopêrasi punika botên namung damêl majêngipun ekonomi, babagan pangrèh praja (politiek) inggih sagêd majêng.

Wontên bôngsa Walandi sawatawis ingkang purun nyukani paprentahan piyambak dhatêng bôngsa Indiya, punika dèrèng cêkap. Nanging bôngsa Wlandi sadaya kêdah pitados manawi bôngsa tiyang siti punika yêktos sagêd nyêpêng paprentahan piyambak.

Mênggah ingkang dados wawasan punika tindak, dede swara. Pakêmpalan politik, sêsorah warni-warni, karang-karangan ing sêrat-sêrat kabaripun tiyang siti, punika sadaya namung swara, ingkang mratandhani manawi sagêd urun rêmbag tumrap prakawis ingkang kêdah dipun tindakakên. Sanajan dèrèng jêmbar, wêwênang tumut rêmbagan punika samangke sampun gadhah. Dene indhakipun wêwênang wau, gumantung saking anggènipun ngangge wêwênang wau. Sagêdipun bôngsa tiyang siti angsal wêwênang tumut nindakakên saha nindakakên [ninda...]

--- 89 ---

[...kakên] piyambak punika, kêdah sagêd nelakakên sarana tindak, grêngsêng nindakakên piyambak saha sagêd nata piyambak, botên sarana swara kemawon.

Pamanggihipun bôngsa Walandi, kamajêngan têntrêming gêsangipun bôngsa punika prêlu piyambak, inggih punika kabêtahan agêng. Kawilujênganing gêsang, katêntrêmaning nagari, mirah sandhang têdha, kasarasanipun kawula, punika kamanah apêsipun sami paedahipun tinimbang kalihan indhaking wêwênang politik. Dados manawi mawas kamajênganipun bôngsa tiyang siti botên cêkap namung ningali kamajênganipun bab politik kemawon, ananging inggih kêdah ningali kamajênganing ekonominipun.

Dumugi samangke pakêmpalan- pakêmpalanipun tiyang siti dèrèng nelakakên manawi sagêd anjagi ekonominipun bôngsa. Sadèrèngipun tampi pasrahan panguwaos pangrèh praja, ingkang rumiyin kêdah sagêd ambuktèkakên manawi sagêd nindakakên piyambak.

Pandakwa saking golongan tiyang siti, manawi botên nate dipun sukani kalonggaran kangge ngatingalakên kasagêdanipun, punika tumrap prakawis politik pancèn lêrês. Wiwit adêgipun rad kawula kalonggaran punika sampun wontên. Ewah-ewahan tatanan pangrèh praja ingkang badhe tumindak, kalayan wontênipun rad dhusun sarta rad kabupatèn,§ Rad kabupatèn punika sampun tumindak. punika badhe dados ajang pasinaon prakawis politik. Prakawis kamajêngan politik kenging dipun tulungi sarana tuntunan sarta nyambut damêl sêsarêngan, ananging kamardikan ekonomi, inggih punika tindak. Kêdah mêdal saking kêkiyatanipun piyambak. Sanajan prakawis politik sampun mumpuni, salaminipun tindak wau dèrèng katingal, punika nama dèrèng sagêd marentah piyambak.

Para pangajênging pakêmpalanipun tiyang siti sampun sami ngraos, mênggah paedahipun kopêrasi tumrap ekonomi sarta politik, sarta kajêngipun badhe ngewahi pakêmpalan kabangsan dados pakêmpalan ekonomi, punika satunggiling pasêksèn, bilih sami mangrêtos, yèn pasinaon kangge ngangkah kamardikan ekonomi, ingkang sagêd dados jalaran saking mitulungi piyambak dumugi mrentah piyambak.

--- 90 ---

Punika dumunung wontên ing pakêmpalan ekonomi, ingkang langkung utami inggih punika kopêrasi.

Owêl sangêt dene kopêrasi ingkang dipun adani S.I. sawatawis taun kapêngkêr punika botên dados. Pakêmpalanipun tiyang siti wau têrang dèrèng sagêd anggayuh mitulungi piyambak sarta mrentah piyambak. Wondene jalaranipun, saperangan saking para pangajênging politik wau dèrèng kathah pangrêtosipun bab ekonomi, saperangan saking tiyang-tiyang botên ngrêtos dhatêng kopêrasi, wasana para warganipun botên nêtêpi wajibipun.

Sapunika sampun majêng sawatawis taun, bab pakêmpalan inggih majêng. Têgêsipun kopêrasi, paedahipun pakêmpalan tumrap satunggal lan satunggaling warga, sampun dipun ngrêtosi tiyang kathah. Sapunika sampun dumugi mangsanipun miwiti ngêdêgakên pakêmpalan ekonomi malih tumrap tiyang kathah. Sapunika sampun wancinipun pakêmpalan kabangsan tumandang damêl kalayan ngêtog kêkiyatan.

Kopêrasi punika badhe anjalari indhaking kacêkapan, sagêd anjalari nglêmpaking bôndha wontên ing Indiya ngriki. Wasana kangge kamajênganipun tuking pangasilan, tanah Indiya saya lami saya suda anggènipun gumantung saking bandhanipun tiyang mônca, dados sabên taun bôndha ingkang mêdal dhatêng nagari mônca saya suda. Manawi anggènipun ambudidaya ngêdêgakên kopêrasi ingkang agêng punika sagêd kalêksanan, lajêng nyata bilih bôngsa tiyang siti sagêd mitulungi sarta mrentah piyambak. Kajawi punika, bôngsa Wlandi ingkang samangke dèrèng purun ngulungakên panguwaos mrentah piyambak, dening kuwatos badhe lêpat panindakipun, têmtu badhe sami mangayubagya kajêng kita wau.

Panggulawênthahing Bayi Sadèrèngipun Lair

Ing organ Narpa ôngka 4 taun 1932 saha ôngka 3-4 taun punika, sampun angêwrat pangupakaraning lare sêsêpan, murih sagêdipun lastari gêsang kanthi kasarasan, samangke parlu kapratelakakên bab panggulawênthahing bayi sadèrèngipun lair, punika malah saya langkung gawat, awit dèrèng kasat mata wujudipun, ing ngriki pikajêngipun ingkang nyêrat, panggulawênthahing bayi nalika taksih wontên kandhutaning [ka...]

--- 91 ---

[...ndhutaning] biyung punika tumrap dhatêng raos utawi kabatosan, sabab dening kathuthuking kabatosan punika amung saking sêruning pamikir saha lêbêting gagasan. Pangandika (pangucap) punika ugi sagêd malêbêt dhatêng kabatosan, inggih bab punika ingkang parlu kaaturakên, amargi kathah sangêt pangandika ingkang prasasat namung wontên ing lesan kemawon, punika saminipun tiyang nricis apil sêrat-sêrat, nanging raosipun botên kalêbêt. Sêrat kawruh ôngka 2 taun I angêwrat panggulawênthahing lare sadèrèngipun lair, kados ing ngandhap punika.

1. Tumraping tiyang ingkang nuju wawrat, panggulawênthahing bayi sadèrèngipun lair, punika bôngsa Jawi pancèn sampun gadhah, tandhanipun: manawi wontên punapa-punapa biyung lajêng ngucap, jabang bayi (têgêsipun aja kagèt) awit manawi botên makatên, adat ingkang sampun anakipun asring tiru, katatalan-katatalanipun kathah sangêt, upaminipun: wontên tiyang anuju wawrat, sumêrêp tiyang guwing lajêng angèsi-èsi (anggêgujêng sapanunggilanipun) sarêng jabang bayi lair jêbul inggih guwing.

2. Nalika Kangjêng Nabi Musa ngèngèr tiyang tani, dipun wajibi angèn menda, pituwasipun namung manawi menda-menda wau gadhah anak mêdal kêndhit. Punika Nabi Musa lajêng tampi wasita, sêndhang panggenan pangombenipun menda-menda wau kapanjêran têkên kalonthang-lonthang pêthak saha cêmêng. Ing sabên- sabên menda kagiring badhe mantuk, dipun ampirakên dhatêng sêndhang, sadèrèngipun menda-menda wau ngombe, sami kagèt mandhêg grêg nyawang têkên, bokmanawi kakintên sawêr, wêkasan sarêng menda-menda sami gadhah anak, mèh sadaya ulêsipun pêthak cêmêng, saha kathah sangêt ingkang kêndhit.

3. Cariyosipun Tuwan M.P. Scheel kala sèkêtan taun kapêngkêr, wontên baita Inggris lêlayaran saking Aprikah badhe mantuk dhatêng Èngêlan, kapitanipun nama Jenner ing satunggaling dintên têtiyang ingkang wontên ing baita sami sêmbahyang, wontên nyonyahipun kalih sawêg panuju wawrat. Sakawit Kaptin Jenner wau botên katingal, nanging lajêng mêdal jêdhul namung ngangge têlêsan kemawon, asoroh amuk mawi repolpêr, nyonyah kêkalih sami wilujêng. Nanging sapintên ta kagèting manah saha ajrihipun, botên kadosa, wasana sarêng wontên ing nagarinipun sami gadhah anak, kalih pisan rupinipun plêk Kaptin Jenner. Taksih wontên sambêtipun.