Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 9, Kaping 10 Jumadilawal 1864, Utawi Kaping 1 Sèptèmbêr 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pathining Satriya, Anyirnakna Piguna, Angurbana Salira, Kinarya Widada Arjaning Praja

V

Nalika Sang Bima mirêng panguwuhipun raksasa Baka, enggal tumolèh dhatêng sang raksasa sarwi mèsêm, ing sêmu nyapèlèkakên, awit lajêng mungkur anglajêngakên anggènipun dhahar. Sang raksasa Baka ewa aningali lêkasipun Sang Bima makatên wau, mila lajêng ngumbulakên tanganipun kalih pisan sarwi anggêro gora rèh anggêgirisi, sêdyanipun Sang Bima badhe dipun sirnakakên sami sanalika. Sang Bima pangrurahing satru sêkti taksih nglajêngakên anggènipun dhahar, botên pisan-pisan mingkêt lênggahipun, amung anglirik sagêbyaran dhatêng raksasa kruraya wau, sang raksasa sangêt bramantya enggal andhodhog pêngkêranipun Sang Bima, nanging Sang Bima mêksa botên [botê...]

--- 125 ---

[...n] anolih. Mila raksasa raja saya wimbuh napsu, enggal ambêdhol mandira kapupuhakên sirahipun Sang Wrêkudara. Kawuwusa, Sang Bimasena, dupi sampun dumugi anggènipun dhahar lajêng wijik, sarta tumuntên jumênêng kalihan sangêt rêna panggalihipun, sawega mapagakên mêngsah. Dupi sinabêt dhatêng sang raksasa raja, lajêng tinamplèk ing asta kiwa, kalihan mèsêm, sarta kasêndhal têmah uwal saking tanganing raksasa. Karosanipun Sang Bima ingkang tanpa timbang ing jagad wau, botên adamêl kêndhaking kakêndêlanipun raksasa Baka, nanging malah riwut ambêdhol kajêng agêng sakacandhakipun, lajêng kapupuhakên, mila Sang Bima ugi nimbangi ambêdhol mandira kangge nangkis utawi kasawatakên dhadhatêngdhatêng. sang raksasa. Campuhipun Sang Bima kalihan Prabu Baka, sakalangkung anggêgirisi, kajêng agêng-agêng ing papan anggènipun prang tandhing wau sami jêbol, dene ingkang alit-alit sami sirna, kèlês dening tandangipun ingkang ngangkah ungguling prangipun, satêmah ngilak-ilak dados ara-ara, saya dangu sang raksasa saya riwut tandangipun kalayan asêsumbar sora: saiki kowe ngrasakake tibane tanganku, sumurupa aku Prabu Baka, raksasa raja kang ngadhaton ing Ekacakra kene, kalayan mungêl makatên, raksasa Baka nubruk Sang Bima, nanging bauning raksasa Baka kacêpêng lajêng kalarak, sang raksasa sangêt karosanipun, Sang Bima gêntos kalarak, dados lajêng larak-linarak, cêngkah-cinêngkah, sarta sêndhal-sinêndhal, gêdruging sukunipun sang ayuda kalih, ngantos anggonjingakên bantala, kajêng ing wana bosah-basih kadi binabadan, nanging saya dangu raksasa Baka saya kêndho tandangipun, Sang Bima priksa manawi mêngsahipun sampun kathetheran, enggal cinandhak lajêng kakurêbakên ing siti, boyokipun kadhêngkul, githok katêtêpakên asta têngên, asta kiwa nyêpêng cêcawêtipun lajêng kadêngkèk, têmah putung ula-ulanipun, raksasa Baka anggêro kalihan mutah ludira, lajêng pêjah.

Putra santananipun sang raksasa raja, sami kagèt mirêng swara panggêronipun ingkang sakalangkung sora wau, mila lajêng sami mêdal ing jawi. Dupi priksa sang raksasa raja sampun jêrbabah dhêpani bantala, sadaya sami anjêngêr, sêmu ajrih, mila enggal dipun arih-arih dhatêng Sang Bima, sasampuning sami asrêp manahipun, lajêng sami kadhawuhan prasêtya bilih botên badhe môngsa janma malih, pangandikanipun Sang Bima makatên: [maka...]

--- 126 ---

[...tên:] hèh raksasa aja pisan-pisan kowe matèni janma manungsa manèh, yèn kowe kongsi matèni, masthi dak sirnakake kabèh kaya raksasa Baka kang samêngko wus kari aran bae. Para raksasa sami saur pêksi, sandika badhe angèstokakên, lajêng sami prasêtya botên badhe môngsa janma malih. Inggih wiwit nalika samantên sakathahing raksasa ing talatah Ekacakra lajêng sami sih-sinihan kalihan tiyang ing ngriku. Sasampunipun Sang Bima ngandikani dhatêng para raksasa wau, lajêng anglarak kunarpanipun sang raksasa Baka katilar wontên ing sakèthènging kitha, kalayan botên wontên tiyang ingkang nyumêrêpi. Saking sami sangêt girisipun, para putra santananipun sang raksasa raja lajêng sami kesah sapurug-purug.

Sarampunging karya Sang Bima wangsul dhatêng pamondhokan, sadumugining wismanipun sang brahmana lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun dhatêng Sang Yudhisthira, wiwitan dumugi wêkasan botên wontên kalangkungan, dintên enjingipun malih, sadaya tiyang ingkang sami langkung sakèthènging kitha priksa kunarpanipun sang raksasa raja gumuling ing siti, sarta gêgubras ludira, tiyang-tiyang ingkang sami nyumêrêpi kunarpa ingkang saardi anakan, sami ajrih, wulunipun anjêgrig, sarta sami kamitênggêngên pamawasipun, sarêng sampun jangkêp malih èngêtanipun, enggal wangsul dhatêng salêbêting kitha, wigatos suka pawartos dhatêng para tiyang saisining kitha, para têtiyang jalêr èstri nèm sêpuh, sami karaya-raya dhatêng sakèthènging kitha, ningali kunarpanipun raksasa Baka wau, sarêng sampun sami sumêrêp nyatanipun, sadaya sami kagawokan, têka wontên kaelokan makatên, dene raksasa Baka ingkang samantên agêngipun, saha linangkung guna kaprawiranipun, sagêd kalampahan sirna, mila tiyang wau lajêng sami mêmuji ing dewa kalayan sukaning manah, malah lajêng niti sintên ingkang kalêrês tampi giliran atur bulubêkti dhatêng sang raksasa raja ing dintên kala wingi. Sarêng sampun têtela bilih ing dintên pêjahipun sang raksasa wau, ingkang kalêrês kadhawahan urak sang brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa, tiyang-tiyang wau sadaya lajêng sami dhatêng ing wismanipun sang brahmana, dupi sampun pinanggih kalihan ingkang darbe wisma, lajêng sami andhêdhês sintên ingkang sampun sagêd mêjahi raksasa Baka punika, mila makatên amung saking anglenganipun kemawon, saking anggèning nasabi wadosipun, sang brahmana lajêng mangsuli makatên: wontên brahmana [brah...]

--- 127 ---

[...mana] ambêg utami, lêbda dhatêng saliring mantra, priksa anggèn kula tangisan kalihan anak semah kula, inggih punika nalika kula tampi urak, kêdah atur bulubêkti. Sang brahmana wau andangu dhatêng kula, punapa darunanipun têka kula saanak semah sami nangis, kula lajêng ngaturakên lêlampahan kula, saha ingkang dados ribêding praja Ekacakra, satêlasing atur kula, sang brahmana anglipur ing kula sarwi mèsêm, pangandikanipun makatên: kula sagah ngirit bulubêkti ingkang katur sang raksasa raja, sarta jêngandika sampun nguwatosakên kula. Sasampunipun ngandika makatên, sang brahmana pangkat dhatêng kadhatonipun sang raksasa raja, kalihan angirit grobag isi sêkul katarik ing maesa kalih, kados padatanipun, dados ingkang damêl kamulyanipun têtiyang ing Ekacakra punika saking pandamêlipun sang brahmana linangkung wau.

Para brahmana, punapadene para satriya ing Ekacakra sami kagawokan mirêng cariyosipun sang brahmana, wasana lajêng sami suka-suka. Inggih wiwit dintên kalênggahan punika têtiyang ing praja Ekacakra lajêng damêl wiwahan, ingkang katamtokakên kêdah dipun wontênakên ing sabên taun, dene ingkang dipun luhurakên sang brahmana ingkang sampun sagêd nyirnakakên sang raksasa Baka, dados wiwahan wau minôngka pangèngêt-èngêtipun tiyang, bab sirnanipun sang raksasa Baka, minôngka tandhaning panuwun dhatêng brahmana ingkang linangkung wau.

Tamat.

Turunan

Golongan sèkrêtari.

Ôngka 1605 A/1/I

Kaganjar Sêsêbutan

Dhawuh marang ... awit sakaparênging karsa dalêm, wiwit saiki para priyantun dalêm, 1. Radèn Trangganarukmi, 2. Radèn Côndrarukmi, 3. Radèn Pradaparukmi, 4. Radèn Sudamarukmi, 5. Radèn Pandamrukmi, 6. Radèn Suprabarukmi, [Suprabaru...]

--- 128 ---

[...kmi,] 7. Radèn Sumintarukmi, 8. Radèn Ismayarukmi, 9. Radèn Laksmitarukmi, sarta 10. Radèn Sotyarukmi, padha kaganjar sêsêbutan radèn ayu. Kang iku banjur pakênira dhawuhna warata marang karerehan pakênira supaya padha sumurup.

Dhawuhing parentah kaping 18 Agustus 1933.

Pêpatih dalêm. Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.G. Jayanagara.

Kawruh Kadhoktêran

Pêthikan saking V.A. taun 1931

II.

Para ibu sampun sami mangrêtos, bilih wêtêngan ingkang sampun 9 wulan, punika sampun mangsanipun lair, mila para ibu ingkang sami trêsna dhatêng putra, sadèrèngipun ambabar, kêdah sadhiya ubarampe tumraping bayi, utawi anyèlèngi arta saking sakêdhik, dados dumugi ing wancinipun bayi lair, sagêd ananjakakên ing saprêlunipun, anirua lêkasing bôngsa sanès, kados ta: bôngsa Walandi utawi Tyonghwa, racak-racak sami sadhiya kangge kaprêluwaning nglairakên bayi, mila awis-awis ingkang manggih tiwas.

Wiwit wontên ing wêtêngan bayi punika sampun kenging kawastanan anak, milanipun dèrèng kalairakên ing ngalam donya, awit kêkiyatanipun dèrèng anyêkapi. Sadèrèngipun jabang bayi wau kalairakên, manggèn ing guwa garba ngantos agêng.

Ingkang sami anggarbini kêdah têntrêm, ayêm lan sênêng panggalihipun.

Bayi ingkang umuripun kirang saking 3 wulan, botên kenging kajunjung sakajêng-kajêngipun, sasagêd-sagêd kaglethakna ing patilêmanipun kemawon, kajawi manawi badhe dipun sêsêpi utawi badhe dipun êdusi.

Bilih bayi katingal badhe nêsêp, gêdhong, popok, lan rasukan ingkang têlês utawi rêgêd kêdah kasantunan, jalaran prayogi nyantuni sandhanganing bayi sadèrèngipun nêsêp. Manawi nyantuni popok, ing mangsanipun bayi nêsêp, bayinipun [bayinipu...]

--- 129 ---

[...n] botên kenging kabêkta êntrig-êntrigan, anggènipun nyantuni panganggenipun prayogi wontên ing panggenanipun ngriku kemawon. Lan malih manawi badhe dipun tingali punapa popokipun têlês punapa botên. Botên prêlu katangèkakên, awit bilih popokipun sampun têlês, bayi tamtu nangis.

Patilêmanipun bayi kêdah kadamêlna kêliran, aling-aling utawi punapa kemawon supados botên blêrêng, nanging poma sampun pisan-pisan andèkèkakên bayi ing kamar ingkang pêtêng, awit wontên sambekalanipun.

Sanajan bayi punika kêdah ayêm, botên prêlu ing salêbêting griya lajêng kadamêl sêpi, malah prayoginipun bayi dipun kulinakna mirêng swara ingkang sora, sok ugi botên dipun junjung-junjung kemawon, bayi tamtu sagêd tilêm sakeca.

Bayi punika kêdah kathah tilêmipun tinimbang mêlèkipun. Bayi ingkang umuripun kirang saking 3 wulan, manawi ayêm lan têntrêm, tilêmipun ing dalêm sadintên sadalu botên kirang saking 20 jam. Ing salêbêtipun bayi punika tilêm, saya mindhak agêngipun.

Nêsêpi lan ngêdusi bayi punika kêdah ajêg wancinipun. Bayi ingkang laire sampun jangkêp mangsanipun, sarta saras badanipun, kêdah kasêsêpan kaping 7 ing dalêm sadalu, upaminipun: jam 6, jam 9 enjing, lan jam 12, jam 3 jam 6 sontên, jam 9 lan jam 12 dalu. Bilih sampun nêsêp jam 12 dalu, nêsêpipun malih jam 6 enjing. Manawi ingkang kasêbut ing nginggil punika katindakakên ing salêbêtipun saminggu utawi kalih minggu, bayinipun lajêng kulina dhatêng pangaturan punika, ananging môngsa ingkang sampun katamtokakên wau sampun kaewahan, sanajan bayinipun nangis.

Manawi bayinipun nangis, popokipun kapriksa saha punapa têlês punapa garing, manawi têlês, lajêng kasantunana ingkang garing. Dene manawi popokipun pinanggih garing, kêdah kapriksaa bokbilih wontên punapa-punapanipun. Bilih kasumêrêpan botên wontên punapa-punapa, panangisipun kakèndêlna kemawon ngantos kèndêl kajêngipun piyambak, awit bayi ingkang sapun tuwuk panangisipun, punika tamtu lajêng kèndêl piyambak, panangisipun bayi botên adamêl sabab punapa-punapa, mila botên susah mawi kuwatos.

Manawi umuripun bayi sampun langkung saking 3 wulan, anggènipun nêsêpi kasuda,

--- 130 ---

cêkap kaping 6, dene panyudanipun ing wanci nêsêp jam 9 dalu kasêsêpana jam 10 dalu. Jam 12 dalu botên prêlu dipun sêsêpi malih.

Mana Manawi. wanci nêsêp kasêbut ing nginggil wau sampun sagêd tumindak lêrês, punika botên ngêmungakên mumpangati bayi kemawon, ugi mumpangati ibunipun sarta tiyang sagriya.

Limrahipun biyung punika kaêrèh dening anakipun. Biyung ingkang anuruti pikajênganipun lare, punika botên adamêl saening lare, malah adamêl awon, awit biyung wau katingal pucêt rainipun, badan kêra, botên beda kalihan rencang tumbasan. Tamtu kemawon ingkang makatên wau botên adamêl saening lare, malah kosokwangsulipun, supados botên kalampahan makatên, amigatosna pitêdah ing nginggil wau.

Bab Têdhaning Bayi

Tiyang èstri punika kengingipun kasêbut biyung, manawi sampun anêsêpi anakipun. Botên wontên têtêdhan ingkang maedahi dhatêng bayi, kajawi toya sêsêpaning biyungipun. Prayoginipun tumraping bôngsa kita tiyang siti anakipun kasêsêpana piyambak, awit yèn botên makatên, kathah lare ingkang tiwas.

Tiyang èstri ingkang botên nêsêpi anakipun, punika botên kenging kawastanan bodho, ananging sadèrèngipun, apratelaa rumiyin dhatêng dhoktêr utawi prudpro, bilih piyambakipun katrajang ing sêsakit ingkang sagêd anular dhatêng anakipun.

Manawi wontên biyung ingkang rumaos prêlu kêdah angèndêli anggèning nêsêpi anakipun, poma kêdah ingkang titi, têgêsipun sampun kok lajêng anuruti kajêngipun piyambak, kêdah takèn rumiyin dhatêng dhoktêr utawi prudpro, kenging punapa botên sêsêpanipun kasapih. Ingkang purun anindakakên makatên punika taksih kalêbêt awis wontênipun.

Bilih wontên biyung ingkang taksih nêsêpi, katrajang ing sêsakit, punika kêdah ingkang ngatos-atos sangêt, sampun ngantos anulari anakipun. Sanajan dhoktêr angawisi biyungipun nêsêpi anakipun malih, pun biyung kêdah anjagi têmên-têmên, sampun ngantos anakipun katularan sêsakitipun. Langkung ngatos-atos [ngatos-a...]

--- 131 ---

[...tos] malih manawi botên kaawisan ing dhoktêr anggèning nêsêpi anakipun, supados lare wau botên kêtularan, kêdah dipun dhot.

Upami wontên biyung ingkang taksih nêsêpi katrajang ing sêsakit bèri-bèri, enggal kemawon kapriksakna dhatêng dhoktêr kenging lan botênipun anêsêpi anakipun, awit sêsakit wau ambêbayani tumraping bayi, kêrêp anjalaranjalari. pêjahipun.

Jabang bayi ingkang sampun sêpuh ing wêtêngan, inggih punika sampun 9 wulan ing salêbêtipun guwa garba, lajêng lair. Para ibu sampun tamtu sami mangrêtos ing bab punika. Prayoginipun para ibu anggumatosana ingkang taksih wontên salêbêting kandhutan wau, kados putra ingkang sampun wontên.

Tiyang ingkang badhe katamuan, asring sadhiya dhêdhaharan, bêkakas griya ingkang rêgêd dipun rêsiki, supados tamunipun rêsêp. Amila bayi ingkang badhe lair inggih kasadhiyanana ing saprêlunipun.

Utaminipun tiyang nyadhiyani kabêtahaning bayi punika mituruta kacêkapanipun. Ingkang sèkèng sampun niru ingkang brêngga rowa.

Kawuningana: panganggening bayi punika botên kumêdah sae sarta awis rêginipun, sanajana sêmbarangan kemawon inggih kenging, janji rêsik, saha kajagi sampun ngantos kaangge dening sanès.

Ibu ingkang sawêg sapisan kagungan putra, botên sagêd enggal-enggal anêsêpi putranipun kadosdene ingkang sampun kêrêp ambabar, jalaran pênthilipun alit sarta mingslêp. Ingkang makatên punika botên susah kakuwatosakên, awit dangu-dangu tamtu sagêd kados limrahipun ibu.

Ibu ingkang sawêg sapisan ambabar putra, sagêdipun nêsêpi manawi sampun angsal 24 jam saking pambabaripun, dene tumrap ingkang sampun kêrêp kagungan putra sasampuning angsal 10 jam.

Bayi ingkang mêntas lair, manawi nangis kenging kaombenan toya matêng sakêdhik, anggènipun ngombèkakên kêdah mawi sendhok alit. Bilih botên makatên inggih kakèndêlna kemawon ngantos dumugi mangsanipun dipun sêsêpi, awit nalika samantên, sanajan bayi wau dipun sêsêpana, inggih tanpa damêl, jalaran toyanipun [toya...]

--- 132 ---

[...nipun] sêsêpan dèrèng mêdal.

Upami sampun 24 jam mêksa dèrèng sagêd mêdal toyanipun sêsêpan, bilih makatên kêdah kapêksaa kasêsêpna, awit yèn dipun ênyut pênthil punika enggal sagêd mêdal toyanipun.

Ing nginggil sampun katêrangakên bayi punika kêdah kasêsêpan kaping pintên ing dalêm sadintên sadalu. Prêlunipun kangge anjagi kasarasaning badanipun bayi saha ibunipun. Manawi bayi dipun sêsêpi lajêngan kemawon, sagêd ugi adamêl rusaking wêtêngipun, dene tumraping ibu adamêl rusaking pênthil, sami pêcah saha lècèt, satêmah botên sagêd nêsêpi malih jalaran saking sakit. Upami tatu wau botên kraos sakit, ugi botên kenging kasêsêpakên, jalaran tatunipun sok angêmu nanah, dados saupami kaênyut ing bayi, sampun tamtu bayinipun lajêng sêsakitên, sabab nanah punika angandhung sêsakit, bilih kalampahan makatên, bayinipun tamtu lajêng dipun dhot, môngka ing nginggil sampun kacariyosakên bilih bayi punika prayogi dipun sêsêpi piyambak.

Kangge anjagi supados biyung sagêd lastantun nêsêpi anakipun, bilih pênthilipun sampun wiwit tatu, tumuntên nyuwuna pitulunganipun dhoktêr utawi prudpro.

Manawi biyung badhe nêsêpi, tanganipun kêdah kakumbah rumiyin ingkang rêsik, sasampunipun lajêng linggih utawi tilêman, kaangkaha supados bayinipun gampil anggènipun nêsêp, saha biyungipun botên enggal sayah. Tangan ingkang satunggal anyêpêngana bayi, dene satunggalipun nyêpêngana susunipun, supados bayi wau botên kêplêpêgên, awit bilih kêplêpêgên, tamtu lajêng botên sagêd nêsêp.

Danguning anggènipun nêsêpi botên kenging langkung saking 15-20 mênut, sarta kêdah têrus, sabab yèn kirang saking samantên, punapa malih yèn dipun êlêti, bayi wau tamtu botên tuwuk, satêmah botên bêtah ngantos tigang jam.

Mila manawi biyung sawêg nêsêpi, sampun kasêsa badhe nyambut damêl sanès utawi badhe cacriyosan, awit makatên wau adamêl kiranging panjagi, bilih bayi sampun mangsanipun nêsêp, môngka taksih tilêm, susuning biyungipun katèmpèlna ing pipinipun bayi, utawi pênthilipun katèmpèlna ing cangkêmipun, saha kapithêta irungipun sakêdhap, supados bayi wau lajêng anêsêp ngantos tuwuk.

--- 133 ---

Sasampunipun nêsêp, bayi kêdah katilêmakên miring, dados gampil manawi badhe gumoh, awit toyanipun sêsêpan gampil wêdalipun, dados bayi wau botên kêsêlak. Tilêmipun bayi wau botên prêlu kaganjêl guling utawi bantal, sarta malih botên kenging mêngkurêp, awit botên sae tumraping bayi, sagêd ugi anjalari pêjahipun.

Tiyang kampung limrahipun pitados dhatêng dhukun, tinimbang dhatêng dhoktêr, pamanggih ingkang makatên wau lêpat sangêt, jalaran pangrimatipun dhoktêr punika beda kalihan dhukun ingkang namung ngarah tindhih lan mêjani. Môngka dhoktêr botên pisan-pisan angarah ingkang makatên saha ambeda-bedakakên tiyang sugih kalihan tiyang mlarat, priyantun kalihan kuli, sadaya kadamêl sami, sarta namung nêdya anjampèni lan anêtêpi kuwajibanipun ngupakara tiyang sakit.

Sêsakit punika warni-warni saha beda-beda tumandukipun ing tiyang, malah wujudipun ugi botên sami, wontên ingkang sangêt ananging enggal saras, lan wontên ingkang botên sangêt, ananging dangu mantunipun. Jalaran kawontênanipun sêsakit punika maneka warni, pranatanipun anjampèni ugi botên sami, wontên ingkang kenging karikatakên, têgêsipun sakêdhap kemawon sagêd saras, lan wontên ingkang kêdah sabar kanthi pangudi, sawêg sagêd saras, amila tiyang jêjampi dhatêng dhoktêr kêdah sabar, lan manut miturut dhatêng prentahing dhoktêr. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Kasarasan

Sambêtipun organ ôngka 6 taun 1933

Ihtiyar panjaginipun sêsakit tipês. Sêsakit tipês punika kagolong ingkang dipun wastani sêsakit lêbêt (Ingewand ziekte) lan ingkang kawical amutawatosi sarta ambêbayani sangêt. Amargi sintên tiyangipun ingkang kataman sêsakit wau, manawi botên sagêd angsal pangrêksa ingkang sae, sampun tamtu kathah tiwasipun.

Sêsakit tipês punika ingkang anjalari saking Thypes baksilên. Manggèn wontên salêbêtipun usus (darm) wontên ing ngriku baksilên wau adamêl tatu-tatunipun [tatu-ta...]

--- 134 ---

[...tunipun] usus, wondene titikanipun tiyang ingkang kataman sakit tipês wau:

1. Badanipun bêntèr amindêng, wiwit sadintên dumugi saminggu kalih minggu bêntèring badan saya mindhak-mindhak. Ngantos dumugi tigang minggu bêntèripun taksih minggah, wontên antawisipun tigang minggu wau ingkang mutawatosi.

2. Tangan lan iladipun manawi melemêlêt. gumêtêr.

3. Lambenipun garing.

4. Kêrêp andalêming.

Bilih sampun ngancik sakawan minggu bêntèripun sampun wiwit suda-suda, awit sêsakit tipês punika miturut pamanggihipun para dhoktêr, pancèn dèrèng sagêd angsal usada ingkang prêmati, amila tiyang ingkang nandhang sakit wau pêrlu kajagi ingkang prayogi, wondene panjaginipun, têtêdhan kêdah namung tigan kalihan mèlêk kacampur, botên kenging nêdha barang-barang ingkang atos sarta botên gampil ajuripun, amargi barang ingkang atos utawi botên gampil ajuripun wau, manawi ngantos nyenggol tatuning usus-usus wau, lajêng sagêd dados jarêm, ngluwêng. Inggih punika ngêdalakên rah sakalangkung kathah.

Tiyang ingkang sakit kêdah kajagi sampun ngantos angebahakên badan ingkang mawi karosan, upaminipun kêrêp tangi saking tilêm kajêngipun piyambak, ngolang-ngaling, amargi manawi ngantos makatên sagêd Hartzwakt inggih punika jantungipun lajêng lêmbèk, sagêd dumugi tiwasipun.

Sarèhning sêsakit tipês wau gampil tular-tumularipun, amila ingkang sayogi, sêne lan sêsukêripun ingkang nandhang sakit wau kêdah dipun tadhahi, salajêngipun karêndhêm, (kacampur) kalihan toya karbol utawi kriyolin, salêbêtipun 12 jam, sawêg kenging kabucal, dene sandhang panganggenipun ingkang mêntas dipun angge kêdah kagodhok mawi toya wedang, barang-barang pirantos ingkang kangge nêdha, upaminipun piring gêlas sarta sendhok porok kêdah dipun maligèkakên, botên prayogi bilih sontan- santun.

Pangrêksanipun ingkang ngopèni, murih sampun ngantos kenging baksilên tipês wau sasampunipun rampung anggènipun angopèni, tangan dumugi ing sikut kêdah kakumbah mawi toya lajêng kasabun kagosok mawi sikat, manawi sampun tangan wau lajêng kacêlupakên [ka...]

--- 135 ---

[...cêlupakên] toya oplosêng sublimat, sarta sandhang panganggenipun ingkang mêntas kangge ngopèni kêdah kapiyambakakên.

Para maos, sadaya rêrigên ingkang sampun kawrat ing nginggil wau, dipun tindakakên ingkang botên kulina ngopèni tiyang sakit inggih nama botên gampil, amila sakalangkung prayogi, ingkang nandhang sakit wau kêdah kalêbêtakên dhatêng griya sakit, Kliniek sampun tamtu badhe angsal pangupakara ingkang nyêkapi. Badhe kasambêt.

S. Sasrasugônda.

Putri Narpawandawa

Nalika ing dintên malêm Salasa tanggal kaping 21/22 Agustus kapêngkêr punika, pakêmpalan Putri Narpawandawa adamêl parêpatan warga, wontên ing dalêm Wuryaningratan, cacahing warga ingkang rawuh kirang langkung 160 para tamu kakung watawis priyantun 50 wanci jam 1/2 8 sontên, pangarsa G.B.R.Aj. Wuryaningrat amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Sadhèrèk, parêpatan dalu punika kula wiwiti, kanthi ngaturakên panuwun tuwin pambage raharja, rawuh panjênêngan sadaya.

Mênggah wigatinipun parêpatan mirunggan dalu punika, parlu nampèkakên partisara (tôndha warga), saha pranatan baku dalah sacaranganipun, ugi badhe ngêsahakên pranatan layadan Putri Narpawandawa.

Kajawi punika nama tinuju ing ênu, dene warga ardana Narpawandawa, Kangjêng Radèn Tumênggung Dhoktêr Wedyadiningrat, kaparêng minangkani panêdhanipun pangrèh Putri Narpawandawa, ing dalu punika asêsorah bab kuwajibanipun wanita.

Sajatosipun pangrèh pancèn gadhah sêdya badhe damêl kursus, ingkang migunani dhatêng para putri. Ananging kandhêg, sabab dening katingal para santana dalêm dèrèng dêrêng sarta kawontênanipun warga-warga wêkdal punika, sanadyan cacahipun mèh kalih atusan, amung kathah ingkang sampun botên sagêd ngangge pigunanipun kursus-kursus, mila pêpuntonipun pangrèh, sabên-sabên badhe amung andamêl pêpanggihan kemawon, parlu ngrakêtakên sêsrawungan ngiras mirêngakên sososêsorah. ingkang tundonipun [tundonipu...]

--- 136 ---

[...n] ngindhaki kawruh dhatêng para warga.

Botên langkung pangrèh amêmuji, mugi tumuntên angsala warga ingkang wancinipun taksih ambêtahakên dhatêng kursus-kursus wau, amila pangrèh angajêng-ajêng kaparênga para warga sami anyiyarakên pamujining pangrèh wau, murih enggal kadumugènipun ingkang sinêdya kasêbut ing nginggil, sapunika parêpatan kula bikak.

Satêlasing rêmbag-rêmbag kaparluanipun Putri Narpawandawa, kados ta: maos pèngêtan parêpatan warga ingkang kapêngkêr, nampèkakên partisara dhatêng para warga anyar, nampèkakên buku dalah sacaranganipun, saha ngêsahakên pranatan layadan (badhe kaêwrat ing organ ngajêng) dhatêng para warga sadaya, lajêng K.R.T. Dr. Wedyadiningrat amêdhar sabda, bab kawajibanipun wanita, kirang langkung kados ing ngandhap punika: Taksih wontên sambêtipun.

Kawruh Kalang

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, rêringkêsan manggènipun petangan ingkang tumrap griya sanès-sanèsipun, kados ing ngandhap punika:

Paringgitan, pasanggrahan, sami kadhawahakên kitri, kados pandhapa, langgar, griya pawon, gêdhogan, kandhang rajakaya, sami kadhawahakên gana, kados gandhok.

Regol, pasowanan, bangsal, sami kadhawahakên liyu.

Panggenan pangrimatan barang sarta lumbung, sami kadhawahakên pokah.

Mênggah têgêsing pikajêngipun têmbung petangan ing nginggil wau: pangudaraosipun, wêwaton ingkang wontên pangintên, bokmanawi pikajênganipun minôngka pangajap utawi pêpuji dhumatêng kasaenan, kados ta: têmbung: sri, têgêsipun pangan, utawi rajabrana. Kamulyan saha padhang, dados anggènipun petanganing griya kadhawahakên, sri wau, ing pangajap utawi ing pamuji supados ingkang angênggèni sagêda karêjêkèn, inggih punika botên kakirangan têdha, saha sagêda sugih rajabrana, manggiha kamulyan sarta padhang manahipun.

--- 137 ---

Sarèhning têmbung: sri, punika gadhah têgês malih, pantês, saha kabagusan, milanipun wontên pamanggih bokmanawi pikajênganipun minôngka pakèn, supados ing kanggenipun sarta supados pandamêling wangun utawi garapanipun kaangkah bagus utawi pantês warninipun.

Kitri: têgêsipun têtanêman, bokmanawi kapêndhêt saking ayom, utawi edhumipun, mênggah pikajênganipun, ingkang angênggèni dipun ajap utawi dipun pêpuji asrêpipun, asrêp wau warni-warni, asrêping badan, asrêping manah utawi botên sarang rijêki sabarang gadhahanipun, cêkakipun supados ingkang ngênggèni sagêd sênêng sêgêr kawarasan.

Wontên malih pamanggih bokmanawi pikajênganipun minôngka pakèn, supados pandamêlipun amung saparluning kanggenipun, dados petanganing pandhapa paringgitan, saha pasanggrahan, sami kadhawahakên kitri wau supados pamêdalipun amung kaangkaha santosa awètipun kemawon, kados wit utawi tanêman taun, botên prêlu mawi rêrênggan kathah kados griya.

Gana punika kajawi têgês sanès-sanèsipun, anggadhahi têgês gatra, mila petanganing gandhok, pawon, gêdhogan saha kandhang rajakaya sami dipun dhawahakên gana, punakapunika. bokmanawi saking pangajab utawi pamuji sagêda isi wujud utawi barang awit saking kasugihanipun ingkang gadhah. Wontên pamanggih malih bokmanawi minôngka pakèn, supados amung kadamêla sapêrluning kanggenipun kemawon, gandhok sapanunggilanipun wau botên susah kadamêl sae kados griya, amung anggêripun gatra utawi wujud kemawon, amargi trêpipun kapering parlunipun namung kangge wadhah botên dipun angge sawangan.

Liyu, raosipun kados lêsah utawi lêsu, mila regol, bangsal, pasowanan, sami kadhawahakên liyu. Punika bokmanawi supados ingkang lumêbêt ing regol, manggèn ing bangsal utawi pasowanan wau sampun ngantos gadhah daya karosan utawi kapurunaning manah, rumaosa lêsah-lêsu, amung kumambang karsanipun ingkang kagungan regol saha bangsal pasowanan wau.

Wontên pamanggih malih bokmanawi amung minôngka pitêdah, amargi têmbung liyu wau manawi lêrêsipun, layu: sami ugi satunggal, dados satunggal,

--- 138 ---

kados upaminipun têmbung asah-asah dados isah-isah, lancip dados lincip sasaminipun, kajawi atêgês sanès-sanèsipun, gadhah têgês lajêng utawi larut, dados amung nelakakên, regol, bangsal saha pasowanan wau, pancèn botên dipun angge wadhah utawi pasimpênan barang botên dipun ênggèni salaminipun, amung kadamêl langkung minôngka ampiran, utawi pakèndêlan.

Pokah, bokmanawi pikajênganipun têmbung pokah gadhah pangajap saking sêsak kêbaking isi, mila petanganing panggenan parimataning barang saha lumbung kadhawahakên pokah, supados ngantos pokah saking kêbak barang, utawi kêbak pantun.

Wontên pamanggih malih manawi lêrêsipun pakah sami ugi têmbung okèh, mênggah pakah wau raosipun pêncar, utawi babar, dados panggenan punika isinipun sagêda babar dipun angge, babar dipun têdha, pikajêngipun kacêkapa, botên kirang malah tirah, utawi panggenan punika pancèn kangge pasimpênan wujud ingkang kapêncarakên, kados ta: katêdha sabên dintên ing sabatihipun utawi badhe kangge wiji.

Kajawi punika wontên pamanggih malih, sagêd ugi pandamêlipun panggenan parimatan barang saha lumbung wau ingkang langkung parlu kêdah wiyar botên susah bagus, amargi parlunipun amung kangge parimatan barang utawi pantun, sampun ngantos sêsak, sanadyan sae manawi kirang wiyar badhe sêsak, punika botên pikantuk, barang utawi pantunipun badhe kocar- kacir.

Mênggah nalaripun sawarnining ukuran sami ngangge waton kaki, dim utawi sêtrip kados ing ngajêng wau, amargi punika ingkang kagêm ing karaton, utawi para agêng sapunika, punapadene para priyantun sanès- sanèsipun ugi wontên ingkang ngangge wêwaton makatên. Manawi ing kinanipun wêwatoning ukuran wau saking pêcak, kilan, têbah utawi dhêpanipun ingkang gadhah griya sapanunggilanipun, malah ing samangke ugi taksih wontên ingkang ngangge ukuran makatên. Wondene wiwitipun kalampah ukuran kaki, dim utawi sêtrip, saking kintên sawêg kiwa têngênipun 50 taunan.

Balungan griya punika anjing-anjingan utawi cathokanipun, kêdah mawi dipun corèk utawi kagêthêk ing tatah, dhapuring gêthêkan warni-warni, wontên ingkang mrapat,

--- 139 ---

wontên ingkang kaistha tapaking pêksi bango, utawi sanès-sanèsipun, parlunipun wontên ingkang amung minôngka têtêngêr supados botên kalintu cathokan utawi anjing-anjinganipun, wontên ingkang kaanggêp gadhah angsal sae, mênggah têtêngêr ingkang kaanggêp gadhah angsar sae wau, warni sakawan, wujud saha namanipun kados ing ngandhap punika.

1. [Grafik]: narasunya

2. [Grafik]: ganeya

3. [Grafik]: nurwitri

4. [Grafik]: byabya

Sadaya wau sami tumrap wontên badaning pamidhangan, balandar pangêrêt, saka, sunduk, kili, tumpang, singup, utawi badaning balungan sanès-sanèsipun, ingkang nama agêng, sami wontên sacêlaking cathokan, utawi anjing-anjingan, satunggal-satunggaling têtêngêr kêdah sami kalihan têtêngêr ingkang tumrap ing gathukan, utawi anjing-anjingan kancuhan, kados ta: saka ingkang têngêran narasunya, punika balandar pangêrêt utawi pamidhangan saha sunduk kilinipun, ingkang pancèn gumathok utawi kaanjingakên purusing saka wau ugi kêdah katêngêran narasunya, manawi ingkang mawi têtêngêr ganeya, gathukanipun ugi sami ganeya, makatên sasaminipun. Taksih wontên sambêtipun.

[Iklan]