Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 10, Kaping 10 Jumadilakir Be 1864, Utawi Kaping 1 Oktobêr 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wajibing Satriya Kêdah Têtêp Dhatêng Sêsanggêman

Mênggah pêperanganing para manungsa punika ing kinanipun kabage dados 4 golongan, inggih punika 1. bôngsa brahmana, 2. bôngsa satriya, 3. bôngsa wesya, 4. bôngsa sudra. Kawan bôngsa wau ingkang dados pandam pangayomanipun punika para satriya, amila angsal pangaji-aji trah-tumêrah ngantos dumugi sapriki, sabab dening para satriya wau sami tuhu ing wacana, anêtêpi bawa lêsananipun, dados manawi sampun kawiyos kasagahanipun, sampun malih ingkang dhawah ing sakit, nadyan dumugining tiwas dipun lampahi kalayan sênêng eklasing panggalih, awit tiyang nêtêpi dhatêng sêsanggêmanipun piyambak, punika luhur, minôngka kangge tondhening dêdongengan, 1. Radèn Dewabrata, pangeran adipati anom ing Ngastinapura, 2. satriya panêngahing Pandhawa inggih Radèn Arjuna, andharanipun pêthikan [pêthi...]

--- 141 ---

[...kan] saking sêrat Mahabarata, kados ing ngandhap punika.

Radèn Dewabrata, ugi apêparab Radèn Gagadhata,Ganggadhata. punika putranipun Prabu Santanu nata ing Ngastinapura, miyos saking pramèswari Dèwi Gangga, warninipun sakalangkung pêkik, botên siwah kalihan ingkang rama, makatên ugi lêlagehan, panggalihan, tuwin kasagêdanipun, dêdêg pangadêgipun sambada amantêsi, Sang Dewabrata punika putus dhatêng sawarnining kawruh kasampurnan, tuwin kawruh kalairan, anelakakên bilih botên kewran dhatêng kawruh agal alus, têtêp dhatêng sêsanggêman tuwin agami, karosan sarta kasêktènipun langkung saking bobot, amila inggih dados têtungguling prajurit rata kinawasa asikêp jêmparing, prigêl ulah sawarnining dêdamêl, kinasihan ing para jawata, prakosanipun sampun timbang kalihan Sang Rama Bargawa, ingkang sakalangkung sêkti môndraguna. Kajawi putus dhatêng salir kawruh, ugi amumpuni dhatêng kawruh kawajibaning narendra.

Kacariyos, samuksanipun Dèwi Gangga wangsul dhatêng karang kawidadarèn, Sang Prabu Santanu sakalangkung sêngkêl ing panggalih, ingkang minôngka panglipur amung miyos babêdhag dhatêng ing wana. Anuju satunggaling dintên sang prabu ambêbêdhag buron wana ngantos dumugi satêpining lèpèn Jamuna, ing ngiku sang prabu mirsa wanodya sakalangkung endah lir pindha widadari angejawantah, netranipun cêmêng sumorot kadi sêsotya, gandanipun arum angambar, dhasar manis èsêmipun, wanodya wau atmajanipun juru misaya mina, nama Dèwi Satyawati, sang prabu dahat kagiwang ing galih, kapencut ngantos akêdhèp têsmak anggèning mandêng, wêkasan mosik panggalihipun, kaparêng badhe anggarwa dhatêng wanodya wau, nanging sarêng kadhawuhakên dhatêng sudarmanipun sang dèwi, awrat sangêt kêkudangan utawi bêbananipun juru misaya mina, inggih punika manawi sang prabu karsa anggarwa sutanipun èstri, ing têmbe bilih pêputra kakung dipun wênangna jumênêng nata gumantos kaprabon, sarta sang prabu sampun ngantos damêl calon sanèsipun, kajawi atmajanipun Dèwi Satyawati. Sasampunipun sang prabu midhangêt aturipun juru misaya mina, sanadyan kasmaranipun dhatêng sang dèwi sakalangkung sangêt, ewadene panyuwunipun juru misaya mina botên dipun sagahi, wêkasan sang prabu kondur dhatêng ing kadhaton, lajêng manjing ing sanggar pamêlêngan, manungku puja sêmadi, manêgês karsaning Suksma. Sarêng Sang Dewabrata priksa punapa ingkang dados sêngkêling panggalihipun [panggalihipu...]

--- 142 ---

[...n] ingkang rama, saking lantiping panggalihipun, kanthi dipun lalar- lalar ing salêbêting batos, tumuntên manggihi nayaka sêpuh kêkasihipun ingkang rama, dhinêdhês-dhêdhês punapa baya ingkang dados witing prihatosipun sang prabu. Dangu-dangu ingkang dipun dhêdhês-dhêdhês matur walèh mulabukaning lêlampahan, anggènipun sang prabu badhe mundhut garwa Dèwi Satyawati, nanging awrat sangêt bêbananing sudarmanipun, satêlasing aturipun nayaka sêpuh, sang prabu anom mlajêng têdhak dhatêng ing griyanipun juru misaya mina, kadhèrèkakên para pinisêpuh pangajênging para satriya ing Ngastinapura, sarêng sadaya sampun sami satata lênggah, juru misaya mina matur: dhuh gusti bêbanthènging para satriya, têtela bilih paduka punika agêng pangwasanipun, awit putranipun Sang Prabu Santanu namung paduka piyambak, mênggah wigatosipun rawuh paduka punika kawula ugi sampun mangrêtos, amila kawula ing mangke badhe matur prasaja kemawon, sanadyan putrinipun Bathara Endra pisan ingkang dipun lamar rama paduka sang prabu, môngka botên saèstu kadadosan, jalaran saking eloking bêbana, ingkang minôngka têtumbasaning badhe pangantèn èstri, sayêktosipun tamtu badhe kaduwung, ananging kawuningana radèn, tiyang agung ingkang nurasakên pun Satyawati, kautamanipun ugi satimbang kalihan paduka, sarta sampun nate ngandikakakên sakathahing kautamanipun rama paduka sang prabu, punapadene ugi ngandika, bilih ingkang pantês dados tatimbanganipun Satyawati punika namung rama paduka. Malah kala rumiyin sampun nate wontên brahmarsi apêparab Rêsi Asita, nglamar pun Satyawati, kawula wangsulakên, amargi wontên pakèwêdipun, inggih punika botên lêga manah kawula manawi wontên sutanipun kuwalon, ingkang makèwêdi anakipun jalêr pun Satyawati, dhuh gusti, inggih namung punika atur kawula, mugi paduka angêgungna pangapuntên.

Sarèhning Sang Dewabrata sangêt kêpenginipun badhe adamêl bingahing panggalihipun ingkang rama, sasampunipun midhangêtakên aturipun juru misana mina, lajêng ngandika wontên ing sangajênging para nayaka agung, ingkang sami andhèrèkakên, makatên: he, para têtungguling manungsa kang padha ana ing kene kabèh, mara padha sêksènana prasêtyaningsun, satêmêne durung tau ana, utawa ora bakal ana wong wani prasêtya kaya ingsun. He, juru misaya mina, kêkudanganira marang Satyawati kaya kang wus [wu...]

--- 143 ---

[...s] sira wêdharake mau, sun pituruti, anak lanang kang bakal dilairake dening Satyawati, iku ing têmbe masthi jumênêng nata gumanti kaprabone kangjêng rama prabu, juru misaya mina sarêng mirêng pangandikanipun Sang Dewabrata sangsaya kagugah ardaning kapenginipun dhatêng kaluhuran, mila saya elok panyuwunipun, ngangsêg murih sagêda katurutan, aturipun makatên: dhuh sang utamèng panggalih, rawuh paduka wontên ing ngriki punika ngagêm saupacaraning pangeran adipati anom, ingkang makatên wau nelakakên bilih têdhak paduka ing ngriki, punika ngêmban dhawuh timbalanipun rama paduka sang prabu, dados sadaya purba wasesaning prakawis, sampun kawêngku wontên ing paduka, amila ing sayêktosipun kawula taksih gadhah panyuwun prakawis malih, ingkang kêdah dipun galih, dhuh pangrurahing satru sêkti, sintêna ingkang gadhah anak èstri ingkang pancèn kinudang-kudang mulyanipun, upami mirêng atur panyuwun kawula punika, tamtunipun botên badhe nglêpatakên dhatêng kawula. Dhuh gusti satriya ingkang ngrungkêbi pandamêl têmên, prasêtya paduka ingkang sampun kawiyos, punika luhur-luhuring prasêtya, kawula pitados sangêt bilih badhe paduka têtêpi sayêktos, ewadene manah kawula taksih sêmang-sêmang, bokmanawi ing têmbe paduka kagungan putra, tamtunipun punika ingkang wênang jumênêng nata ing Ngastinapura. Taksih wontên sambêtipun.

Pranatan Pirukunan Layadan Putri Narpawandawa

1. Putri Narpawandawa ngawontênakên pirukunan layadan, kanamakakên: Pirukunan Layadan Putri Narpawandawa.

2. Sadaya warga Putri Narpawandawa, kalêbêt warga darma, kêdah dados warga pirukunan layadan.

3. Pirukunan layadan wau gadhah pangrèh, nama: kumisi pirukunan layadan, cacahipun 3:

1. Pangarsa, 2. Panitra, 3. Artaka, kumisi wau sabên 3 taun sapisan pilihan enggal dening pangrèh Putri Narpawandawa.

--- 144 ---

4. Tujunipun pirukunan layadan:

a. Mitulungi saha nglayad warga ingkang tilar donya, utawi kasripahan anak, bojo utawi sadhèrèk ingkang nunggil sagriya.

b. Sabên warga kêdah ambayar kontribisi têtêp, ingkang ambayar kontribisi dhatêng Putri Narpawandawa sabên wulanipun f 0,25 mangandhap, kêdah ambayar kontribisi pirukunan layadan f 0,05 sawulan. Ingkang kontribisinipun langkung f 0,25 sabên wulan, ambayar kontribisi pirukunan layadan f 0,10 sadaya wau sami sakêdhik-kêdhikipun.

5. Manawi wontên warga tilar donya kirang 24 jam saking panguburipun, waris kêdah lapur dhatêng pangarsa kumisi pirukunan layadan.

6. Kumisi pirukunan layadan lajêng nyaosi pirsa dhatêng sadaya warga.

7. Manawi wontên warga tilar donya angsal pasumbang saking pirukunan layadan, kathahipun f 10.- katampèkakên ingkang wajib.

8. Sadaya warga ingkang manggèn ing kitha Surakarta, sasagêd-sagêd kêdah nglayad, kajawi manawi wontên kuwajiban sanès ingkang langkung pêrlu.

9. Manawi wontên warga kasripahan anak, bojo, utawi kulawarganipun ingkang nunggil sagriya, warga ingkang mirêng sasagêd -sagêd ugi kêdah nglayad, warga ingkang kasripahan wau manawi pêrlu nyuwun dipun layad warganipun Putri Narpawandawa, kenging nyuwun pitulungan dhatêng kumisi, nanging kêdah ambayar waragading lopêr dalah wragading wara-wara.

10. Para warga ingkang sagêd ngêtêrakên dumugi kubur sasagêd-sagêd ngêntosi panguburipun mayit, lan botên kenging rêmbagan ingkang sora-sora, utawi gêgujêngan, malah ing sasagêd-sagêd ngatingalna anggènipun bela sungkawa.

11. Sintên ingkang kasripahan, botên kenging nyadhiyani sêgah dhatêng warga- warga ingkang nglayad.

--- 145 ---

Kawruh Kadhoktêran

Pêthikan saking V.A. Taun 1931.

III.

Bab Têdhanipun Bayi Sasampunipun Radi Agêng

Bayi ingkang sampun umur 4 wulan, môngka badanipun katingal sêgêr, kajawi dipun sêsêpi, kenging dipun dulang pisang ambon utawi pisang raja ingkang sampun matêng saèstu, satunggil ing dalêm sadintên. Anggènipun andulang botên kenging prongkolan, kêdah dipun êjur rumiyin mawi porok utawi sendhok, anggènipun andulangakên sarana sendhok alit, inggih punika ing sadèrèngipun dipun sêsêpi.

Manawi umuripun bayi sampun ngancik 5 wulan, utawi kirang sakêdhik, kenging kadulang mawi bubur glêpung kauworan pisang. Dene pandamêlipun bubur makatên: amêndhêta glêpung sasendhok nêdha, dipun toyani 1 1/2 cangkir, lajêng dipun ublak ngantos waradin. Sasampunipun makatên lajêng dipun latoni kêdah têrus dipun udhak, ngantos bubur wau umob. Bilih sampun umob, lajêng kakèndêlna kemawon sawatawis, lajêng dipun êntas. Bilih bubur wau sampun asrêp, lajêng kauworana pisang ingkang sampun kaêjur.

Manawi ing salêbêtipun saminggu utawi kalih minggu bayi wau nêdha bubur, sarta buburipun sagêd têlas kemawon, pambuburipun dipun tambahana saking sakêdhik ngantos sagêd nêlasakên 5 sendhok, bilih bayi wau sampun sagêd nêlasakên bubur samantên kathahipun, salêbaring nêdha bubur, botên prêlu dipun sêsêpi malih. Yèn bayi sampun andungkap umur 6 utawi 7 wulan, kenging kadulang kaping kalih ing dalêm sadintên, nanging pisangipun sampun dipun tambahi, katêrusna 1 ulêr kemawon, dados anggènipun andulang bubur sapisan mawi pisang, sapisanipun malih botên, utawi sabên andulang kauworana pisang satugêl. Bilih umuring bayi sampun 6 utawi 7 wulan, kenging dipun ombèni toya jêram lêgi utawi jêram garut ing salêbêtipun saminggu sapisan utawi kaping kalih.

Bilih umuring bayi sampun ngancik 8 wulan, bayi wau kenging kadulang bayêm ingkang sampun dipun ratênggi saha kacacah ingkang lêmbat, kathahipun sasendhok nêdha. Anggènipun [Ang...]

--- 146 ---

[...gènipun] nêdhani bayêm saminggu kaping 2 utawi kaping 3. Dene anggènipun ngratêngi sarana dipun kukus, latunipun ingkang alit kemawon, sarta dipun ungkêb, lajêng kaêntas sarta kacarub kalihan bubur. Toyaning bayêm botên kenging kabucal, awit toya wau mumpangati sangêt tumraping lare.

Lare ingkang sampun umur 10-11 wulan, botên susah dipun dulang bubur glêpung malih, kêdah kadulang bubur uwos, sarta pandulangipun sadintên kaping 3. Kajawi sabên dintênipun kadulang kaping 3, ugi kenging dipun dulang bubur tela rambat ingkang jêne, saminggu sapisan utawi kaping kalih. Bilih lare sampun umur 1 taun, sawêg kenging dipun ombèni wedang tèh ingkang bêning sarta sadèrèngipun tilêm biyungipun kenging dipun sêsêpi sapisan kemawon. Manawi lare sampun ngancik umur 13-14 wulan, sampun botên kenging dipun sêsêpi malih, awit agêng bêbayanipun tumrap lare ingkang kadangon nêsêpipun. Susu ingkang sae, sanajana ngantos lami inggih taksih mêdal toyanipun, ananging sanajana makatên, poma sampun dipun sêsêpakên dhatêng bayi, jalaran sarinipun kantun sakêdhik sangêt, sanajana wontên inggih sampun tanpa guna tumraping bayi ingkang sampun agêng.

Bilih bayi wau taksih têrus dipun sêsêpi, masthi lajêng kêtuwukên, samôngsa kêtuwukên tamtu kirang panêdhanipun têtêdhan sanès ingkang adamêl kiyating badan, wusana sanajana badanipun agêng tamtu lêmês, botên sagêd kiyat, saha dangu-dangu badanipun lajêng kêra, sarta asring katrajang ing sêsakit, limrahipun sêsakit kotok ayam. Lare ingkang katrajang ing sêsakit makatên punika, kêdah enggal kapriksakakên dhatêng dhoktêr, awit sêsakit wau bilih taksih enggal, gampil dipun jampèni, ing salêbêtipun saminggu kemawon, manawi biyungipun ngèstokakên dhawuhing dhoktêr, inggih sagêd mantun.

Nanging bilih ngantos talompe, botên enggal-enggal nyuwun jampi dhatêng dhoktêr, lare wau mripatipun ingkang sasisih sagêd picak, malah têrkadhang picak kalih pisan. Lare ingkang katrajang ing sêsakit kotok ayam, limrahipun ingkang sampun umur 4 taun.

Bayi ingkang awon têdhanipun, badanipun kêra, lan saranduning badanipun sami abuh, wontên ugi ingkang katingal sêgêr, ananging asring katrajang ing sêsakit mripat. [mripa...]

--- 147 ---

[...t.] Manawi wontên lare ingkang kêrêp sakit, punika jalaran saking lêpating tiyang sêpuhipun, botên anyukani têtêdhan ingkang maedahi tumrap kasarasaning badan. Lare punika ing sabên dintên kêdah kasukanan pisang, kala-kala bubur tela rambat ingkang jêne, sarta malih yèn nêdha kasukanana lawuh tigan utawi ulam loh, bilih katindakakên makatên, larenipun botên katrajang ing sêsakit mripat. Poma, sampun pisan-pisan anyukani têdha lare namung kalihan sarêm, balur utawi gêrèh, awit botên mumpangati.

Kêrêp kemawon manawi wontên lare ingkang sakit mripatipun, tiyang sêpuhipun sanjang bilih anakipun botên doyan nêdha têtêdhan ingkang mumpangati tumraping badanipun, lawuh ingkang dipun doyani namung sarêm, balur utawi gêrèh kemawon. Ingkang makatên punika saking pamanggih kula tamtu dipun gulang dening tiyang sêpuhipun, awit yèn botên makatên, lare punika tamtu doyan dhatêng samukawis têtêdhan. Kados makatên kadadosanipun lare, ingkang botên nate nêdha sanès-sanèsipun têtêdhan, awit manawi lare wau gadhah panêdha, tiyang sêpuhipun anyêgah utawi angawisi. Saking pamanggihing tiyang sêpuhipun, lare kêdah narimah ing pandum.

Têtêdhan ingkang kajalèntrèhakên ing ngajêng wau, prayogi kangge lare ingkang sêgêr badanipun, saha ingkang lair sampun môngsa. Dene tumrap lare ingkang kêra badanipun, sarta ingkang lair dèrèng mangsanipun, punika prayogi katêdahna dhatêng dhoktêr, lan katakèkna kêdah katêdhanan punapa.

Bayi punika kêdah kajagi ingkang sayêktos ngantos umur 2 taun.

Kawontênaning manungsa botên beda kalihan têtuwuhan, kathah kemawon sêsakit ingkang ngrisakakên badaning lare, inggih punika mênggahing têtuwuhan: ama, ingkang sagêd anjalari pêjahipun, sabab panyakitipun sampun mrasuk, dados botên kenging cinêgah. Dene sababipun kadadosan ingkang kados makatên, punika saking sêmbrananing tiyang sêpuhipun, botên purun enggal-enggal anjampèkakên anakipun dhatêng dhoktêr, bilih sakitipun sampun nêmên, larenipun sawêg kabêkta dhatêng dhoktêran, lan yèn dhoktêr sampun botên sagêd anjampèni, tiyang wau lajêng kemawon amada dhoktêripun, punapa malih bilih [bi...]

--- 148 ---

[...lih] larenipun lajêng pêjah, pandakwanipun dhoktêr ingkang mêjahi, môngka pêjahipun wau jalaran saking kasèping sakitipun. Wusana lajêng wicantên makatên: bocah iki yèn ora ditambakake marang dhoktêr, mêsthi ora mati.

Ingkang makatên wau adamêl aliting manah kula. Wiwit rumiyin kathah tiyang siti ingkang kirang pitadosipun dhatêng dhoktêr, punapa malih lajêng katambahan kathah tiyang ingkang gadhah pangintên awon, tamtu kapitadosan wau sirna babarpisan.

Gumun kula dene tiyang wau botên rumaos, yèn ingkang makatên punika saking lêpatipun piyambak, awit angèndêlakên kemawon sêsakit wau, botên enggal-enggal kadhoktêrakên.

Wontên sawênèhing tiyang cariyos, bilih jalaranipun kathah lare pêjah, punika sabab saking waunipun sampun lêmês. Cêcriyosan ingkang kados makatên punika dhasar lêrês, jalaran limrahipun bayi ingkang mêntas lair punika badanipun katingal sêgêr sarta kiyat. Manawi wontên bayi ingkang lairipun sampun lêmês, punika sagêd dados sêgêr saha kiyat, dening saening pangupakara ngantos bayi wau jangkêp umur 2 taun.

Panjênêngan sadaya mugi sami migatosna kuwajiban ingkang kaandharakên ing ngajêng. Sanajan tiyang ingkang botên kacêkapan, inggih kêdah anglêksanani pitêdah ing nginggil wau, jêr botên kumêdah ngangge barang ingkang sae saha awis rêginipun, sok ugi rêsik kemawon inggih sampun cêkap, punapa malih tiyang ingkang botên gadhah wau sagêd angsal pitulunganing dhoktêr botên kanthi ambayar, saha bilih wontên ingkang sakit, badhe kaparingan jampi lêlahanan.

Dene tumrap tiyang ingkang kiyat ambayar, poma sampun eman ngêdalakên waragad ngantos 50 sèn. Èngêta: angudi kasarasan punika sampun dados wajib kula sadaya, dados botên kenging kawastanan angêbrèh.

Cobi ta sami kagaliha, ngêdalakên waragad ngantos f 0,50 kangge nyuwun jampi dhatêng dhoktêr kalihan nêdha jampi dhatêng dhukun tanpa pituwas, ananging kaèngêtana, nêdha jampi dhatêng dhukun punika kêdah ambêkta angsal-angsal, kêdah ngawontênakên saratipun, sarta bilih ingkang sakit sagêd mantun, kêdah angangsul-angsuli. [angangsul-angsu...]

--- 149 ---

[...li.] Waragading jêjampi ingkang makatên punika sampun tamtu langkung saking f 0,50, nanging sanajan makatêna, manawi ingkang sakit sagêd saras, inggih botên dados punapa. Namung kadospundi limrahipun, dhukun kêpengin lêma, dhukun bayi (dhukun bayi kampung) kêpengin cêkap, ingkang sakit lajêng sakit, tanpa wontên sudanipun. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9

Ing sakawit pamêdhar sabda angandharakên babading manungsa nalika taksih wanan dèrèng gadhah griya, ngantos dumugi tatananipun tiyang gêsang ing jaman samangke. Pamêdhar sabda nyariyosakên bilih lampahing kamanungsan punika wontên kalih bagean inggih punika: I. Lampah jalêr. II. Lampah èstri.

Wondene jalêr kalihan èstri wau lampahipun tansah gêgandhengan andum damêl kalihan sampurna, tiyang jalêr kuwajibanipun ngupados têdha tumandang ing jawi, èstri rêrigên ing griya saha kinarsakakên dados wêwadhahing wiji ingkang kêdah tumangkar, amila inggih botên anèh bilih praboting saliranipun jalêr lan èstri punika botên sami, ingkang lajêng salaras kalihan sêsanggènipun piyambak-piyambak, jalêr rosa sarwa agal, èstri ringkih sarwa alus. Awit saking sêsrawunganipun tiyang jalêr wau wontên ing sajawining griya, amila pikiranipun inggih sagêd lêbda nuwuhakên akal ingkang sagêd minôngka rencangipun, kosokwangsulipun èstri ingkang kuwajibanipun gêsang namung wontên ing griya sampun tamtu kemawon pikiranipun inggih botên patos dipun pigunakakên kados tiyang jalêr, ananging raosipun gêsang ngantos sagêd lêbêt sangêt ngantos sagêd nampèni sasmitaning gêsang, Sêrat Menak ugi sampun nyêbutakên kados ing ngandhap punika:

Pan ati kêkêmbanging sih ingkang apurwa, iya sakèhing panggawe mula dadi ngalamat. Ati punika ingkang parêk lan sasmitanipun, sasmita parêk lan Suksma.

--- 150 ---

Kados ingkang kasêbut ing nginggil jalêr punika gadhah pikiran landhêp sagêd andayani kawontênan ing sajawining griya, èstri gadhah raos lêbêt cêlak saha ingkang damêl krêntêg, ing ngriki sampun cêtha bilih jalêr lan èstri punika sami samad-sinamadan, inggih punika wujuding loro-loroning atunggal ingkang manawi kapisah adêgipun tamtu badhe kirang prayogi, pamêdhar sabda lajêng ngandharakên piwulang-piwulangipun para luhur jaman kina ingkang ngantos dados pakêming panggulawênthahing para putra saha putri. Piwulang dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping 9 ngantos miyosakên wêdharing pôncawisaya ingkang lèrègipun nyantosakakên kabatosan, amung kemawon saya majêng jamanipun ing samangke saya katingal ewahing tatananipun gêsang jalêr lan èstri, ewah gingsiring jaman sagêd andayani ewah gingsiring pamanggih, ing samangke para èstri sampun ngangkah nguculi têtangsulipun manunggil angangkah madêg salira pribadi tumut anjangkah kados para jalêr ing wêwêngkon sajawining bale griya, ing ngriku wiwit udharing têtangsulan ngantos ing sapunika sanès barang anèh manawi para wanita gadhah tindak kados jalêr. Nyambut damêl sêsarêngan kalihan para jalêr anggatosakên tuwin mranata panggêsangan, pakêmpalan, pangrèh praja sarta ugi angudi dhatêng kamardikan. Ing Eropah lan Amerikah kabêkta saking pêcahing nalaripun para wanita ingkang sampun sami angsal pasinaon ngantos wontên ingkang gadhah pamanggih supados ngancas anyuda cacahing manungsa sarana botên laki, ingkang makatên wau bêbrayaning jalêr lan èstri sampun têmtu kemawon lajêng risak, têmahan patrapipun gêgriya inggih lajêng ewah-ewahing sipatipun gêgriya anjalari ewahing bêbrayan. Bôngsa Eropah lan Amerikah ing sapunikanipun sampun purun ngakêni bilih kamajênganing wanita, kabêkta saking madêg piyambak wau, ambêbayani tumrap kautamaning kamanungsan, manawi ing Jawi kina sarta ing Bali saking sampun golonging bêbrayan jalêr lan èstri ngantos wontên adat ingkang tumrapipun bôngsa kilenan dipun wastani tindak ingkang daksiya (wreed) inggih punika labuhipun para wanita manawi katilar pêjah jalêripun, upaminipun ing Bali, ngriku caranipun tiyang pêjah dipun bêsmi punika manawi tiyang èstri katilar pêjah jalêripun ingkang èstri botên purun kantun, lajêng tumut pêjah obong, awit saking bedaning pamanggih kilenan kalihan wetanan, tatacadantatacara. punika

--- 151 ---

tênmakatên.

wau ing sapunika kaawisan. Dados têtela bilih kangge bôngsa wetanan pêjah punika sanès punapa-punapa, ing tanah Indhu kathah sangêt tuladha- tuladha ingkang nelakakên manawi pêjah tuwin gêsang punika botên sagêd misahakên jalêr tuwin èstri ingkang sampun sih-sinihan. Tuladha malih bilih pêjah punika sanès punapa-punapa, inggih punika kala pêrang Cina kalihan Jêpang nêmbe punika, wontên sawênèhing bètèng Cina ingkang santosa sangêt angèl dipun bêdhah, andadosakên judhêging wadya bala Jêpang, lajêng wontên saradhadhu neneman bôngsa Jêpang cacah nênêm ingkang sami sagah sêsabuk bom badhe nêmpuh bètèng wau, sarêng mlêbêt ing bètèng kaêdrèl, bom ingkang kangge sabuk wau pêcah sampun têmtu kemawon tiyang neneman wau badanipun pêcah sawalang-walang, ananging bètèngipun Cina sagêd sumyur têmahan sagêd kalêbêtan wadyabala Jêpang, piandêlipun neneman Jêpang ingkang ngantos purun ngurbanakên badanipun punika botên sanès kajawi gadhah pamanggih bilih pêjah labuh praja punika pêjah ingkang minulya. Miturut kawruh kadhoktêran dayanipun tiyang sêpuh dhatêng lare punika satêmênipun sampun wiwit nalika lare wau taksih wontên guwagarbaning ibunipun, dados lêlampahanipun tiyang sêpuh punika saèstu inggih andayani dhatêng bayi ingkang badhe kalairakên, awit saking punika sadèrèngipun pikiran tumangkar dhatêng lare wau ing ngriku lare sagêda sampun kadayan dhêdhasar ingkang utami, amila manawi ingkang sêpuh upaminipun sakitên punika inggih badhe tumus dhatêng lare wau, punapa malih manawi ibunipun gadhah sakit nratap (maras) punika lare inggih sagêd kadayan ugi, kala taksih alitipun sagêd ugi tumusan wau kandhêg dèrèng katingal, ananging mangke ugi wontên kawontênan ingkang sagêd anjalari kagèting manah têmtu badhe lajêng numusi, awit saking punika para ibu ing tanah Indhu anggènipun anggulawênthah lare inggih kikrik sangêt, sarta mawi wêwaton ingkang andayani supados ing têmbe lare wau sampun ngantos kagetan lan sakitên. Ing sêrat anggitanipun Mokêrji nyariyosakên, panggulawênthahing ibunipun dhatêng sadhèrèkipun, katêrangakên caranipun ngicalakên was sumêlanging manah sarana pangèsthi ingkang botên sagêd kasupèn. Ing satunggiling dintên sadhèrèkipun jalêr Mokêrji punika badhe dipun cakot.[...]Naskah tidak terbaca. Wusana sadèrèngipun ngantos kacakot, sawêr wau sagêd pinêjahan, [pinêjaha...]

--- 152 ---

[...n,] sanajan lare ingkang badhe kacakot sawêr wau sampun oncat saking bêbaya, kagèting manahipun nyumêrêpi rêrupèn ingkang anggêgirisi punika sagêd nuwuhakên was-wasing manah ing salami-laminipun. Amila ibunipun lajêng nyukani usada kangge ngicalakên kêkantunaning kagèt wau, sarta lajêng criyos makatên: ênggèr coba rêmna mripatmu lan gambarên ing batin, ula sapuluh kang arêp padha anggubêd èpèk-èpèkmu. Sarêng pitêdah punika dipun lampahi dangu-dangu lare wau sagêd anggôntha sawêr ingkang anggubêt èpèk-èpèkipun wau, têmahan sadhèrèkipun Mokêrji wau sagêd ngicalakên kagèting manah, manawi kapapagan sawêr. Wontên prayoginipun manawi lare badhe tilêm punika ajêg dipun dongèngi isining Sêrat Bagawat Gita ingkang nênuntun dhatêng pangèsthi ingkang têtêp, kados ta katrangakên bilih Dhêstharastra punika sayêktosipun gambaraning paningalipun manungsa ingkang sêjati, sanadyan mripat kalih pisan botên sagêd sumêrêp, manawi lêbda dhatêng panyipta isining jagad badhe kaèksi, pangajêng-ajênging juru sabda dhatêng para putrining pakêmpalan Narpawandawa sagêda sêsorahipun punika kagêma lêlimbangan manawi sawêg nglaras sêsarênganipun kakung lan putri supados sagêd nglêrêsakên panindak ingkang kagalih botên nocogi dhatêng pikajênganing dumados, saya wigatos malih tumrap caranipun anggulawênthah putra-putra, jêr namung para ibu ingkang sagêd kuwawi nênuntun para putra, sagêdipun ing têmbe tumut ambiyantu angudi mulyaning bôngsa saha prajanipun.

Kawruh Kalang

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9.

Wondene prênah trêping balungan akalihan têtêngêripun wau kados ing ngandhap punika:

Ingkang têngêranipun kaprênah lèr wetan narasunya, kidul wetan ganeya, kidul kilèn nurwitri, sarta lèr kilèn byabya.

Sadaya punika sanadyan griya majêng mangidul mangalèr, mangetan utawi mangilèn, têtêngêr saha prênahipun ugi botên ewah kados ing nginggil wau.

Upami griya ingkang sakanipun sakawan sisih, pangêrêtipun sakawan, punika

--- 153 ---

ingkang cêlak kalihan pojok lèr wetan têtêngêripun ugi narasunya, kados saka utawi pangêrêt ingkang wontên lèr, dene ingkang cêlak kalihan pojok lèr kilèn têtêngêripun ugi byabya, kados saka utawi pangêrêt ingkang wontên kilèn, makatên sapiturutipun.

Upami griya ingkang sakanipun nêm sisih, utawi wolu sisih, pangêrêtipun ugi nêm utawi wolu patraping têtêngêripun ugi kados ing nginggil wau, sapintên cacahing saka utawi pangêrêt kabage kalih, ingkang sapalih nunggil têtêngêring pojok lèr kilèn, makatên ugi ing sisih kidul.

Wondene têtêngêr ingkang tumprap ing molo tuwin ing andêr patrapipun ugi, kados ing nginggil wau, ananging sarèhning molo wau prênahipun wontên ing têngah lêrês, milanipun wontên bedaning patrap sawatawis, kados ing ngandhap punika:

Upami griya majêng mangidul sêmu ngajêngakên pojok kilèn, katêmbungakên malumah molonipun saèstu mujur mangilèn sêmu mangalèr, sisihipun wontên wetan sêmu mangidul, punika ingkang sisih kilèn têngah katêngêran byabya, kados saka ingkang wontên lèr kilèn, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên kilèn wau prênahipun kapara mangalèr, wondene ingkang sisih wetan tatêngêripun kêdah: ganeya, kados ingkang wontên kidul wetan, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên wetan prênahipun kapara mangidul.

Upami griya ingkang majêng mangidul wau sêmu ngajêngakên pojok wetan, katêmbungakên mêngkurêb, molonipun saèstu mujur mangilèn, sêmu mangidul, sisihipun wontên wetan, sêmu mangalèr, punika ingkang sisih kilèn kêdah katêngêran nurwitri: kados saka ingkang wontên kidul kilèn. Amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên kilèn wau prênahipun kapara mangidul, wondene ingkang sisih wetan, têtêngêripun kêdah narasunya, kados saka ingkang wontên lèr wetan, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên wetan wau prênahipun kapara mangalèr, rêringkêsanipun pojoking keblat sakawan wau salah satunggalipun pundi ingkang kapara cêlak, inggih punika ingkang dipun angge waton wujuding têtêngêr ingkang tumrap sawarnining balungan, wondene griya ingkang majêng ngidul lêrês, [lê...]

--- 154 ---

[...rês,] utawi majêng mangalèr lêrês, botên sêmu majêng ing pojok kilèn utawi pojok wetan, punika limrahipun wêwaton Jawi botên wontên, utawi botên kenging, amargi pikajêngipun tiyang Jawi griya ingkang lêrês ajêngipun wau kaanggêp botên prayogi, anjalari kacilakan sapanunggilanipun, upami wontên griya ingkang wujudipun majêng mangalèr utawi mangidul lêrês, punika ingkang limrah botên dipun maha, utawi dèrèng sumêrêp dhatêng wêwatonipun bab keblatipun ajênging griya.

Mênggah wêwatoning keblat ingkang makatên wau saking pangintên amung supados lêstantun dipun estokakên, amargi manawi botên dipun pratelakakên anjalari kacilakan sanunggilanipun sapanunggilanipun. wau, asring botên patos dipun gêga, wondene pikajêngipun tiyang kina bokmanawi pamêndhêtipun saking sabab saha keblat ingkang salêrêsipun wêwaton saking ubêng saha adêging bumi.

Tamat.

Lampahan Kêthoprak Kados Pêrlu Dados Panggalihanipun Narpawandawa

Têtingalan kêthoprak punika samangke saya kathah, ing kitha Sala kemawon sasumêrêp kula tigang panggenan, dèrèng kitha apdhèling, kitha dhistrik saha kitha kaondêran, dalah ing dhusun-dhusun ingkang katingal rêja mèh wontên têtingalanipun kêthoprak, saking cariyosipun tiyang ingkang rêmên ningali, lampahanipun mêndhêt cariyos babad utawi dongèng-dongèng. Ingkang badhe kula aturakên punika manawi lampahan mêndhêt saking babad, kados ta: lampahan Jaka Tarup, Jaka Tingkir wiwit nyuwita dhatêng kraton Dêmak, dumugi dipun tundhung ngantos wangsulipun nyuwita malih, pêjahipun Radèn Pabelan, mlêbêt dhatêng kraton Pajang, pêjahipun Ariya Panangsang, mêngsah Ngabèi Lèring Pasar (Kangjêng Panêmbahan Senapati), babad Mangir, bêdhahipun kraton Mantaram, mêngsah Trunajaya, tuwin sanès-sanèsipun. Lampahan wau manawi panjang lajêng kangge pintên-pintên dalu, dados kangge sèri I, II, III, sapiturutipun, ingkang damêl lampahan wau sok botên paham dhatêng cariyos babad, dados gèsèh- gèsèh. Manawi lampahan Jaka Tarub, mêdal para [pa...]

--- 155 ---

[...ra] kyai agêng utawi para wali, lampahan pêjahipun Ariya Panangsang, mêdal Ngabèi Loring Pasar (Kangjêng Panêmbahan Senapati), Kyai Agêng Pamanahan, Kyai Juru Martani tuwin sanès-sanèsipun, manawi bêdhahipun Mantaram, ingkang kangge jêjêr, Sinuhun Mantaram (Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sumare Têgal Arum), dipun wujudi kados anoman sampun sêpuh, gruyuh-gruyuh, (manawi kula aturakên sadaya taksih kathah ingkang saru-saru, nanging kula pakèwêd. Sudira). Lo: punika sampun katingal mêmêlas, lajêng sok kangge lucon barang, dados manawi namung dipun kèndêlakên kemawon, sagêd ugi mêndhêt lampahan bêdhahipun Kartasura sapiturutipun dumugi Giyanti, punapa botên saya mêmêlas, sarèhning para lêluhur ing nginggil wau dumugi sapunika taksih cêtha sangêt pasareanipun, saha ugi taksih kaluhurakên kalihan kraton saha para luhur ing Porstênlandhên (Sala, Ngayoja, Mangkunagaran saha Pakualaman), môngka lajêng dipun wujudakên sapurun-purun panganggenipun pating kêdhobyah wontên tonil dipun tingali tiyang kathah, kula ingkang kantun lamat-lamat saking para luhur wau kemawon tumut sêrik botên lila. Ewadene sarèhning pangraos punika beda-beda kula nyumanggakakên. Mila manawi andharan kula ing nginggil punika kagalih kalihan Narpa, kados prayogi Narpa caos atur nagari, manawi para kabupatèn pangrèh praja paring idin dhatêng kêthoprak, lampahan kêdah wontên watêsanipun, upami kengingipun namung wiwit kraton Majapait minggah, Majapait mangandhap botên kenging, manawi ngantos nêrak pamainanipun kasêtop, lajêng kacabut idinipun, para pangrèh praja utawi pulisi ingkang bawahakên kêdah ngulat-ulatakên pamainipun, nanging adilipun manawi para pakêmpalan damêl têtingalan tonil sêtêk, kengingipukengingipun. gih namung wiwit Majapait minggah, dene anggèn kula matur kathah-kathah wau kok kula sêngit dhatêng kêthoprak utawi tonil sêtêk, botên pisan-pisan, namung lugu ngrêksa kaluhuranipun para luhur ingkang sampun suwarga mulya, gandhèngipun kalihan kaluhuranipun kraton saha para luhur ing Porstênlandhên.

Sudira.