Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 11, Kaping 12 Rêjêb Be 1864, Utawi Kaping 1 Nopèmbêr 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wajibing Satriya Kêdah Têtêp Dhatêng Sêsanggêman

Sambêtipun organ ôngka 10

Sang Dewabrata ingkang botên nate cidra ing pangandika, dupi priksa bilih taksih wontên ingkang andadosakên awrating manahipun juru misaya mina, lajêng ngandika makatên: he panggêdhening juru misaya mina, mara rungokna prasêtyaningsun kang bakal ingsun wêdharake manèh, ana ing ngarêping para panggêdhening satriya, apadene sira para panggêdhening satriya, kang wus padha nêksèni prasêtyaningsun kang dhingin, samêngko sêksènana manèh prasêtyaningsun kang kaping pindho prakara putra, he, juru misaya mina, ingsun aprasêtya, wiwit ing dina iki ingsun nêdya nglakoni urip dadi brahmacarya (botên nambut silaning akrama) sanadyan ingsun nganti tumêka ing pati ora sêsuta, sun pasthèkake bakal tômpa kamulyan [kamulya...]

--- 157 ---

[...n] langgêng ana ing swarga. Ing wêkdal wau para jawata sarta para rêsi ing kaswargan sami anjawahakên sêkar, sarwi nguwunguwuh. wontên ing ngawiyat makatên: iya iki Bisma, inggih wiwit ing wêkdal wau Sang Dewabrata lajêng apêparab Sang Bisma, têgêsipun anggêgirisi.

Pangagênging juru misaya mina mirêng prasêtyanipun Sang Bisma gumun sêmu bingah salêbêting batos, wulunipun ing badan sakojur ngantos sami anjêgrig sadaya, wasana matur dhatêng sa sang (dan di tempat lain). rajaputra makatên: dhuh gusti, sang utami, sumôngga anak kula pun Satyawati mugi lajêng kapundhuta. Sang Bisma ingkang panggalihipun tansah ngangên-angên anggèning badhe nuju karsanipun ingkang rama, nalika samantên lajêng matur dhatêng wanodya endah misuwur ing jagad, makatên: sumôngga ibu, mugi lajêng kaparênga nitih rata, kondur dhatêng ing Ngastinapura. Sasampunipun matur makatên wau, Sang Bisma lajêng nganthi sa dèwi katumpakakên ing rata, kabêkta kondur dhatêng Ngastinapura, sadumuginipun nagari lajêng konjuk ing sang nata.

Rikala samantên sang prabu sawêg lênggah siniwaka, ingadhêp para nayaka tuwin para punggawa mantri pêpak. Sa Bisma marak ing ngarsanipun ingkang rama, ngaturakên sadaya lêlampahanipun, ing purwa dumugi wasana, para nayaka tuwin para punggawa ingkang sami mirêngakên, ing batos sakalangkung gumun, dene Sang Bisma anggèning nglabuhi karsanipun ingkang rama, ngantos kadugi prasêtya samantên awratipun, wiraosanipun para nayaka makatên: pancèn pantês yèn sinêbut Bisma. Prabu Santanu sakalangkung rêna ngraosakên santosaning panggalihipun ingkang putra, saking sangêt kasoking panggalih, ngantos kawiyos pangandikanipun paring pangèstu makatên: kulup, putraningsun kang tanpa dosa, sira sun nugrahani, pati ora bakal nyêdhaki marang sira, manawa ora saka karêpira dhewe.

Dhaupipun sang prabu kalihan Dèwi Satyawati, dipun wiwaha manut pranataning agami, sang dèwi lajêng katêtêpakên dados pramèswari nata angrênggani kadhaton ing Ngastinapura. Botên watawis dangu sa dèwi anggarbini, dumugining masa ambabar putra miyos kakung, ajêjuluk Sang Citranggada, inggih dados prajurit linangkung, limpat ing budi sarta angsal nugrahaning dewa, kasinungan kasêktèn langkung sabobot, [sabobo...]

--- 158 ---

[...t,] amila dados satriya pinunjul. Kajawi Sang Citranggada Dèwi Satyawati apêputra malih pêparab Sang Citrawirya, punika ugi dados prajurit kinawasa widagda ulah jêmparing. Nalika Sang Citrawirya ngajêngakên diwasa, Prabu Santanu narendra wicaksana, priksa bilih pinarpêkan ing wasesaning masakala, ingkang botên kenging dipun singkiri, satêmah sang prabu lajêng murut ing kasidan jati. Sasedanipun sang prabu, Sang Dewabrata ngêmban dhawuh timbalanipun Dèwi Satyawati, anjumênêngakên nata Sang Citranggada, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, nanging botên dangu jumênêngipun Sang Prabu Citranggada lena ing Ngadilaga, kawon pêrang kalihan Sang Gandarwa Raja Citranggada. Sarêng lêlampahan wau sampun kapêngkêr sawatawis dintên, sabibaring sêsaji minôngka tôndha panalangsaning panggalih, Sa Citrawirya lajêng kajumênêngakên narendra, anggêntosi kaprabonipun ingkang raka, ajêjuluk Prabu Citrawirya, namung sarèhning taksih timur, amila pangastanipun praja dipun êmbani dening ingkang raka Sang Bisma, nanging taksih mawi ngêmban dhawuhipun ingkang ibu Dèwi Satyawati, dupi Sang Prabu Citrawirya sampun diwasa, karsanipun ingkang raka Sa Bisma lajêng dipun pikramakakên dhaup kalihan putri ing nagari Kasi, pêparab Dèwi Ambika tuwin Dèwi Ambalika. Mênggah candranipun pramèswari nata kalih pisan, punika warninipun sakalangkung endah, tanpa cacad, sarira lurus, sambada lan dêdêg pangadêgipun drêgang-drêgang, wadananipun mancorong kados kancana sinangling, rema mêmak cêmêng mêlês angandhan-andhan, driji mêrit mucuk bung, kênaka sêmu abrit agilar-gilar, lambung anawon kêmit, payudara wêwêg maya-maya anyêngkir gadhing, dhasar sang dèwi sawêg sami nêdhêngipun birai, mila pantês sangêt dhaup kalihan Sang Prabu Citrawirya, narendra pêkik ing warni sura sêkti môndraguna, tandang tandukipun prasaja, panggalihipun utami. Sang prabu anggènipun sinihan kalihan pramèswarinipun laminipun pitung taun, lajêng gêrah, ambadal saliring jampi, têmahan lajêng murut ing kasidan jati, sedanipun sang prabu candranipun ing nagari Ngastinapura kados suruping surya ing wanci sontên, Dèwi Satyawati sakalangkung sungkawa, rumaos manawi apês lêlampahanipun, dening darahing narendra bôngsa Kuru namung kantun Sang Bisma piyambak, môngka sampun prasêtya botên badhe jumênêng narendra, saha botên badhe nambut silaning akrama, dados atêgês yèn darahing karajan Kuru ingkang pancêr kakung utawi putri

--- 159 ---

sampun curês, nanging sang dèwi kèngêtan dhatêng wêwaton pranataning agami mila ingkang botên nêdya dipun singidakên, amila lajêng ngandika dhatêng Sa Bisma makatên: Kulup Bisma, sajatine mungguh apêm sêsajine kang katur para lêluhur iku bisane lêstari, sarta lakune paprentahan praja bisa bêcik, apadene turune Prabu Santanu narendra utama têdhak Kuru kang misuwur ing jagad, bisa widada, iku samêngko dumunung ana ing sira, munggah swarga iku ora pisah lan panggawe bêcik, umur dawa ora pisah lan watak têmên sarta mantêp, mangkono uga watak utama, kiraningsun ora pisah lan sira. Marmane kulup, satriya kang ambêg utama, ingsun sumurup yèn sira iku putus marang piwulang kautaman, sumurup marang sarupaning katrangan, sarta surasane kang jêro-jêro, mumpuni marang sawarnaning piwulang sruti lan perang-perangane wedha, apadene têtêpira marang panggawe utama, utawa sêsurupanira marang pranatan ing bab wawênang wajibing waris, sarta kaluwihanira ing bab anggarap prakara kang gawat-gawat, wus ora beda kaya Rêsi Sukra lan Rêsi Anggira. Mulane ingsun pitaya marang sira, sira bakal sun pasrahi kuwajiban gêdhe. Pangarêp-arêp ingsun kulup, supaya sira èstokake, mara samêngko muga gatèkna pangandikaningsun: sarèhning sasedane kaki Prabu Citrawirya, iku ninggal garwa loro isih padha taruna lan endah ing warna, môngka sakaro-karone mau iya isih kapengin bisa nurunake, mulane yèn sambada lan karsanira kulup, saka kaparênging karsaningsun, sira agarwaaanggarwa. putri loro mau murih kalakone banjur padha bisa sêsuta, yèn mangkono lajêre darah Barata dadi bisa widada. Kulup, muga sira karsa anambut silaning akrama supaya lêluhurira aja nganti kalêbu ing yomani.

Para kadang warga, santana saha mitranipun Sang Bisma, sarêng mirêng pangandikanipun Dèwi Satyawati makatên wau, sami amrayogèkakên sarta jumurung, kalampahanipun Sang Bisma nambut kawajiban wau. Atur wangsulanipun Sang Bisma dhatêng ingkang ibu, mawi wêwaton kautaman makatên: Taksih wontên sambêtipun.

--- 160 ---

Wolak- waliking Jaman

Ing jaman kina pêpancèn dhaharipun para putra santana saha têdhanipun para abdi dalêm punika sami kagadhuhan siti, kathah sakêdhikipun manut undha-usuking pangkatipun piyambak-piyambak, sarêng siti katata komplèk, lajêng sami lintu arta sabên wulan tampi saprakalihwêlasaning pamêdal sataun, nyarêngi jaman malèsèd punika kathah para kabudidayan angondurakên siti, srêmang-srêming dhaharipun para putra santana tuwin têdhanipun para abdi dalêm badhe kalintonan anggadhuh siti malih.

Kala jaman mubal-mubalipun kaum komunis, warganipun sami adrêng badhe nyingkirakên para kaum ningrat, amargi kamanah ini dhan itu, yèn dipun mirêngna pating clêbung kadya angganing canthoka nuju môngsa jawah, sasirêping para kaum komunis samangke D.K. ôngka 78 nyariyosakên manawi sadhèrèk Dr. Natanindita warga pinansièn komisi gêmintê sarta rêgènsêkap rad ing Bandhung, malik garembyang èngêt dhatêng Kajawènipun, angadani Parte Pasistèn Indhonesiah, ingkang bakuning tujuanipun sumêdya ambangun pêpulihing kamardikanipun pulo Jawi, kados kala jaman Mataram.

Mênggah rancangan badhe tindakipun Parte Pasistèn Indhonesiah wau, ringkêsanipun kados ing ngandhap punika:

1. Angudi wangsulipun tanah Jawi, kaparentah ing ratu trah Senapatèn, nanging panguwaosipun kapathok wontên ing anggêr bakuning praja (Grondwet).

2. Nêdha wangsuling para kabupatèn môncapraja, sarana mêcah kontrak- kontrak prajanjian kina, wangsul kawêngku ing karaton Jawi, awit kala rumiyinipun para kabupatèn môncapraja wau dunungipun kaganjarakên dhatêng Kompèni (V.O.C).

3. Sadangunipun karajan Jawi ingkang wontên sapunika, inggih punika: 1. Surakarta, 2. Ngayogyakarta, 3. Mangkunagaran sarta 4. Pakualaman, taksih madêg, parlu kawontênakên Porstênrad (Vorstenraad).

4. Damêl non agressie verdrag inggih punika prajanjian bantu- binantu ingatasing kamiliteran, antawisipun karaton Mataram sarta Nèdêrlan, manawi wontên parlunipun.

--- 161 ---

Kathah malih panunggilanipun, nanging bakunipun namung sakawan bab kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Sapunika santun gagrag, karajan ing Siyêm ingkang kina-makina ayêm têntrêm, tur mardika, sapunika malik garembyang tansah wayang-wuyungan, D.K. ôngka 206 ngêwrat barontakan ing Siyêm wau, pêthikanipun kados ing ngandhap punika.

Barontakan ing Siyêm

Repolisi ing Siyêm ingkang kaping 3 kulawarganipun sang prabu, mangagêngi barisaning kraman.

Nyarêngi rêtuning jagad, praja ing Siyêm, ingkang jaman wingi-wingi, kawêntar praja ingkang têntrêm, para kawula trêsna asih dhatêng ratu pêpundhènipun, ing sawatawis taun punika, tansah manggih lêlampahan ingkang botên sakeca.

Kala salêbêtipun taun 1931 ing Siyêm tuwuh barontakan ingkang kapisan, nêdha ewahipun parentah monarsi (apsulitê monarsi) santun dados parlêmèntèrismê. Inggih punika parentahing praja ingkang adhêdhasar suwaraning kawula.

Dèrèng dangu punika, watawis sawêg 6 wulanan sapriki ing Siyêm tuwuh barontakan malih, ingkang tujunipun nêdha ewahing dhapukanipun para ingkang ngasta pusaraning praja, amargi sanadyan paprentahanipun sampun adhêdhasar parlêmèntèrismê, nanging manawi para ingkang ngasta panguwaos taksih dèrèng ewah, taksih kathah kaum kolotipun, saèstu botên sagêd amarêmakên kawula.

Wohing barontakan ingkang kaping kalih punika, anjugarakên para nayakaning praja, ingkang kaanggêp kolot, sarta kaanggêp angalang-alangi kamajênganipun parentah modhèrên ing Siyêm, sawênèh wontên pangeran ingkang kaselong, botên kenging manggèn ing Siyêm, kaanggêp ambêbayani, kados ta: sang pangeran ingkang sapunika dêdalêm ing Bandhung.

Barontakan ingkang kaping tiga punika, wiwit kala tanggal kaping 12 Oktobêr punika, saya anggêgirisi malih, awit dipun pangagêngi para darah ingkang botên narimah manahipun, inggih punika Pangeran Bada, Radey sarta Phyaphya Srisiddhisongrom ing ngajêng tilas pangagênging wadyabala ing Siyêm.

Sakèndêlipun saking pangkatipun, sang pangeran wau damêl pangaruh ing kalanganing rakyat [ra...]

--- 162 ---

[...kyat] sarta militèr, mila barontakan kaping tiga punika, kenging kula samèkakên pêrang kaprabon, kados jamanipun Kumpêni angajawi, para darah sami rêbatan badhe jumênêng nata, wêkasanipun rakyat dados kurban.

Repulisi ing Siyêm ingkang kaping sapisan, sarta kalih, ingkang dipun gumuni tiyang sajagad, dene botên ngantos amutahakên rah, nanging repulisi ingkang kaping tiga punika, nama repulisi sayêktos, amargi wèt pêrang ngantos katindakakên, prajurit milisi kakêrigakên, dene barisan kraman pancèn kiyat sayêktos.

Prajurit krajan pêcah dados kalih, wontên ingkang tumut kraman, wontên ingkang taksih sêtya dhatêng parentah, mila sarêng campuh inggih ngantos nuwuhakên pêpêjah botên amung dasanan, nanging atusan, toko-toko salêbêting kitha, katutup, sarta kantoripun wakil krajan mônca (kantor kunsul sasaminipun) sami kajagi militèr, dening wadya kraman pandhêsukipun sampun cêlak kalihan kithanipun karajan Siyêm ing Bangkok.

Sang Prabu Prayadhepok kacriyosakên, sangêt trênyuhing panggalihipun, dening ingkang dados pangagênging kraman wau sadhèrèk dalêm, wêkdal punika Sang Prabu Prayadhepok sawêg têdhak pêpara dhatêng pasanggrahan ing pasisir.

Pangintên ing jawi, kraman sagêdhagan punika, kadayan saking pêrgêrakanipun bôngsa Tionghwa ing ngrika, rakêt sambêtanipun kalihan ebah-ebahaning rakyat, mila ing pangintên, sagêd ugi repulisi samangke punika, badhe panjang buntutipun, nanging punika punapa ngantos badhe andhawahakên dhamparipun Sang Prabu Prayadhepok, walahualam ...

Putri Narpawandawa

Parlu kula lêksanani, sambêtanipun panjurung kula kawrat ing organ Narpawandawa ôngka 6 taun punika, amargi kirang saêbab anggèn kula nêrangakên bab tatakrama sêsrawunganipun tiyang jajodhoan, inggih punika ingkang sampun kathah tampining pangajaran, sarta pasrawunganipun cara kilenan, lajêng sagêd ngewahakên tata lan kasusilan kita piyambak. Para lare wau angsalipun jodho botên saking pangrêmbagipun [pangrêmbagi...]

--- 163 ---

[...pun] para sêpuh, ananging saking pangrêmbagipun piyambak. Kadadosan makatên wau têrkadhang namung saking nalika sami sêsarêngan dolan. Upaminipun wontên sêtatsêtèn (kêbon raja) sarta sanès-sanèsipun panggenan, jalaranipun lare-lare èstri dipun lilani dening tiyang sêpuhipun dolan piyambak sêsarêngan kônca-kancanipun (Vrijheid) makatên satêrusipun.

Bilih tanah kilenan sampun lênggahipun mawi tatacara makatên, kawastanan tonangan. Dados inggih botên wontên raos punapa-punapa, sarta malih ing tanah Eropah punika kacariyos hawanipun asrêp sangêt. Dados wontên panindak makatên punika, èlèktrisitètipun inggih botên gampil kontak dhatêng satunggal lan satunggalipun. Amargi kêkêmulan hawa asrêp wau, nanging manawi tanah Jawi hawanipun bêntèr, dados kadayan hawa bêntèr wau, pôncadriyanipun tiyang inggih gampil ebahipun. Wasana para maos nun inggih sampun kêrêp anguningani lêlampahan ingkang makatên wau, lajêng wontên kadadosan ingkang kawastanan gege môngsa, jalaran saking lêpat kita para sêpuh piyambak. Bokmanawi bab punika botên parlu kula panjangakên. Sapunika kula parlu nglajêngakên bab panggulawênthahipun lare-lare, nanging pamanah kula ingkang sakalangkung angèl punika panggulawênthahipun dhatêng lare èstri, amargi lare èstri wau ing têmbenipun badhe gumantos dados ibunipun lare, amila para sêpuh kêdah tansah ambudi sampun ngantos lare wau kisèn pamanahan ingkang tundonipun wontên tindak botên lêrês. Amila wiwit lare kalêbêtakên pamulangan, para sêpuh kêdah anjingglêng.

Ha: Tandang-tandukipun padintênan, upaminipun lare rêmên rêmbagan bisik-bisik kalihan ingkang momong, utawi sanès-sanèsipun. Punika kêdah dipun sumêrêpakên, bilih makatên wau kirang prayogi.

Na: Sêsrawunganipun kalihan kônca-kancanipun kêdah dipun mangrêtosakên ing tata ngadat, upaminipun katamuan kônca-kancanipun sanadyan sami èstri kêdah kapurih linggih wontên papan ingkang padatanipun kangge manggihi tamu.

Ca: Ingkang sêpuh kêdah nuwèni ingkang sami lalinggihan, kalihan nyukani tuladhan sagêdipun gadhah pamanahan prasaja sarta kumrakêt, upamènipun tiyang sêpuhipun lajêng akèn dhatêng anakipun supados kasêgah sawontênipun, sanadyan barang

--- 170 ---

[164-169]Halaman 164-169 tidak ada.

3. Nyêpêt aking

4. Kasatriyan

Rôngka wangun gayaman, dhapuripun ingkang baku:

1. Gandhon, bundêr cêlak kados balung gandhu, lênggahipun kangge sangkêlitan ingkang pados ringkês.

2. Gayaman ladrang, agêng panjangipun sêdhêng, bagus sarwa bêsus, lênggahipun kangge srambahan.

Rôngka wangun gayaman ingkang dhapuripun kalawija:

1. Bancehan (alit panjang buwêng)

2. Kagok bancehan, agêngipun sêdhêng panjang buwêng.

3. Pananggalan (kuwung ngajêng wingking mèh timbang)

Dene wanguning rôngka, kalih warni wangun ladrang kalihan gayaman, punika wiwit jaman punapa, dèrèng kasumêrêpan gumathok.

Kabudayan Jawi kina, pêpêthan gambar saha ing candhi-candhi botên wontên ingkang katingal pêpêthan rôngka. Namung cariyosipun ingkang nyumêrêpi Sêrat Nagarakrêtagama, wontên ingkang nyêbutakên wangkingan agêmipun Prabu Hayamwuruk punika rôngka tuwin jêjêranipun kajêng cangkring. Môngka kajêng cangkring punika dhasaripun gopok, sêratipun kasar, warni rêgêd botên guwaya. Manawi kangge dandosan ingkang dipun wangun saha dipun garap alus botên sagêd sae. Mila pamanggih kula kajêng cangkring punika wêwangunanipun, kasêksèn dumugi samangke, peranganing rôngka punika wontên ingkang nama ri cangkring.

Kasêbut ing Sêrat Babad Giyanti, sarêng kangjêng Gusti Pangeran Mangkubumi sampun jumênêng nata ing Giyantipura, lajêng badhami pêpanggihan kalihan ingkang putra ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III wontên ing pasanggrahan Jatisari, ing ngriku wontên rêmbag aprajanji, pangangge: Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamêngkubuwana I mundhut pangangge lami. Ingkang sinuhun ing Surakarta iyasa wanguning pangangge anyar.

Rangkanipun Kyai Kalamunyêng (punapa sintên namanipun) § Katrangan saking Martasuwignyan. Dhuwung pusaka ing pasarean Giri punika nama Kyai Sura Angun- angun. Wontênipun ing ngriku kanthi buslitipun guprêmèn. agêmipun Sinuhun ing

--- 171 ---

Giri, ingkang dumugi samangke wontên masjid pasarean ing Giri, punika ugi wangun cara Ngayogyakarta.

Rangkanipun Kyai Jalak, ing Wôngga, kacariyos agêmipun Sinuhun Kalijaga, kawontênanipun inggih sampun katingal lami mèmpêr sampun pintên-pintên atus taun (sampun kawrat ing Pusaka Jawi mawi gambar) wangunipun rôngka inggih cara Ngayogyakarta.

Nalika taun 1929 kula kautus panjênêngan dalêm pangarsa pahêman Radyapustaka, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kadhawuhan ngiyasakakên pola rôngka wangun ladrang, ngêblak rangkanipun Kyai Baya, pusaka ing kabupatèn Sêmarang.

Mênggah cariyosipun Kyai Baya (dhuwung) dalah upacara ing kabupatèn Sêmarang sadaya punika, paring dalêm ganjaran saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping I ingkang ngadhaton ing nagari Kartasura, dhumatêng Radèn Rôngga Tisnadiningrat (Adipati Suraadimênggala) bupati ing Sêmarang.

Dene kawontênanipun rôngka wau ladrang, Kangjêng Trêmbalo, dhapuripun nyêbal, botên kados rôngka ladrang cara Ngayogyakarta, malah kathah èmpêripun wangun ladrang cara Surakarta sapunika. Kaot agêng cêlak kuwung (mèmpêr capu) dalasan sungloning kandêlan ugi gèpèng, botên gilig mêthit kados sunglon Ngayogyakarta, namung kruwingan sadaya perangan mojok, sarwa kandêl kirang alus, ngantawisi panggarapipun dèrèng mawi pirantos pêpak kados mranggi sapunika. Ing samangke sarungan pola wau sumimpên ing musiyum Radyapustaka ngriki.

Katranganipun Kyai Baya

Kauningana, pusaka prabot mara sowan ing kabupatèn Sêmarang punika ingkang warni dhuwung tiga, wêdhung satunggal, wadhahipun nunggil sagêndhaga. Dhuwungipun ingkang satunggal Kyai Baya, ingkang kalih rôngka saprabotipun wangun ladrang saha gayaman sami cara Ngayogyakarta sadaya. Ing ngriku lajêng damêl musabiyat. Nalika kula kautus mola punika, namung ngêblak sarunganipun Kyai Baya, ingkang wangunipun nyêbal tumrap ingkang kalih, cara Ngayogya, botên kula blak, jalaran saking rôngka limrah cara Ngayogyakarta. Taksih wontên sambêtipun.