Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1933, #412
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #324.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #476.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #477.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #478.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #479.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #480.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #481.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #482.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #483.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #484.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #485.

Ôngka 12, Kaping 12 Ruwah Be 1864, Utawi Kaping 1 Dhesèmbêr 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wajibing Satriya Kêdah Têtêp Dhatêng Sêsanggêman

Sambêtipun organ ôngka 11.

Dhuh kangjêng ibu, pangandika paduka wau saèstu awêwaton kautaman, ananging paduka sampun anguningani piyambak nalika kula mêdharakên prasêtya, ingkang dipun sêksèni tiyang kathah, minôngka patumbasan pikramanipun kangjêng rama prabu kalihan paduka, bilih kula botên badhe nuwuhakên wiji. Kangjêng ibu, samangke kula badhe ngambali ucap kula ing ngajêng: kula kadugi nglilahakên wawênang kula manggèn ing jagad têtiga (triloka) tuwin sadaya rajadarbe ingkang langkung aji tinimbang punika wau, ananging kula botên kadugi nglilahakên pisahing watak kula têmên. Kauningana kangjêng ibu, siti sagêd pisah kalihan watakipun anggônda arum, toya sagêd pisah kalihan watakipun têlês, pêpajar sagêd pisah kalihan watakipun damêl [damê...]

--- 173 ---

[...l] katingal, swasana sagêd pisah kalihan watakipun damêl kraosing gêpokan, surya sagêd pisah kalihan prabanipun, latu sagêd pisah kalihan bêntèripun, rêmbulan sagêd pisah kalihan sunaripun ingkang gadhah daya asrêp, ananging kula botên sagêd pisah kalihan watak kula têmên.

Dèwi Satyawati sarêng midhangêt aturipun ingkang putra Sang Bisma makatên wau lajêng ngandika malih, dhuh kulup, satriya kang kêndêl lan ambêg têmên, samêngko ingsun wus nêksèni yèn sira iku têtela santosa anggonira ngantêpi marang watak têmên, lan angrungkêbi marang sêsanggêmanira dhewe, nanging kapriye manèh kulup, sarèhning ing wêktu iki ana lêlakon kang ora kênyanan dumadine, môngka mung sira kang kajibah kudu anjunjung sêsanggan kang luwih abot tumraping sira, parlu kanggo nambak kamulyaning para lêluhurira, kang samêngko lagi padha nêmu sangsara,§ Kacariyos caranipun ing Indhu, tiyang ingkang kacurêsan turun, punika jiwanipun botên sagêd minggah ing swarga, amila dipun wastani sangsara. dhuh satriya kang ambêg utama, muga èstokna dhawuh ingsun iki kulup, karêbèn darah Barata aja kongsi pêdhot, dadi para kadang kadeyan lan santana kabèh padha ora nandhang kasusahan. Mênggah anggènipun ngandika Dèwi Satyawati makatên wau kalihan muwun, ing sêmu amêksa dhatêng Sang Bisma supados karsaa jumênêng nata, tuwin anggarwa putri rôndha kêkalih wau, amila dhawuhipun sang dèwi ngantos nama nalisir saking wêwatoning kautaman. Atur wangsulanipun Sang Birma makatên: dhuh nata dèwi, mugi sampun ngantos kasluru ing pangandika, nalisir saking lêrêsing kautaman, o kangjêng ibu, mugi sampun ngingêrakên lêrêsing watak kasatriyan, awit satriya punika manawi ngantos botên têmên ucapipun, bôngsa satriya botên badhe linuhurakên.

Samantên antêpipun Sang Bisma anggèning nêtêpi sêsanggêmanipun, samangke gêntos ingkang kacariyosakên, minôngka têtuladan ingkang kaping kalih, inggih punika sêsanggêmanipun Pandhawa dhatêng para kadangipun, kados ing ngandhap punika: Taksih wontên sambêtipun.

--- 174 ---

Turunan

Kêkancingan ôngka 6: C/I/ 2.

Têrang ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anampani dhawuhing timbalan dalêm amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 29 Jumadilawal, taun Be angkaning warsa 1864, sarta angèngêti nawala kêkancingane kangjêng guprêmèn katitimangsan kaping 27 Juni 1933, ôngka 1 bab pêpacak murih têtêping kasêtyan lan sungkême para abdine kangjêng guprêmèn marang kangjêng guprêmèn, anggalih uga parlu anane pêpacak mau tumrap para abdi dalêm kabèh, marmane ing mêngko manira andhawuhake pêpacak marang sakabèhe abdi dalêm sapêpadhane padha ora kalilan lumêbu dadi lid, ambiyantu utawa têtulung, marang pakumpulan Pandhidhikan Natsional Indhonesia (P.N.I) Parte Indhonesia (P.I) Pêrsatuan Muslimin Indhonesia (Permi) sarta Parte Sarekat Islam Indhonesia (P.S.I.I) utawa sadhengah pakumpulan kang duwe sêdya ambalela marang parentah, utawa anjalari sudaning tata têntrêm, apadene kang anjalari sudaning sumungkêming para abdi dalêm marang sampeyan dalêm ingkang wicaksana lan marang parentah nagara, sarta kang bakal katamtokake manèh kamot ing layang kêkancingane pêpatih dalêm.

Para abdi dalêm isih kalilan lumêbu utawa lêstari dadi lide pakumpulan politik utawa liyane kang ora anduwèni sêdya kaya kasêbut ing dhuwur mau, apadene uga kalilan lumêbu utawa lêstari dadi lide pakumpulan tunggal gawe (vakbond) kang dhêdhasar lan sêdyane mung ngudi kaslamêtane sagolongane dhewe, samono iku yèn pangrèhing pakumpulan tunggal gawe mau ana salah sawiji kang abdi dalêm.

Abdi dalêm kang dadi pangrèhing pakumpulan tunggal gawe mau kudu ngaturake prasêtya marang parentahing nagara, kaya pola kanthine layang dhawuh iki.

Sakabèhing abdi dalêm sapêpadhane, manawa ana kang ora ngèstokake sarta nêrak pêpacak ing dhuwur mau, kêna kaundur saka kalungguhane, yèn parlu ora kalawan urmat.

--- 175 ---

Kêkancingan iki kadhawuhake marang para panggêdhe, kawadanan sapanunggalane, supaya andhawuhake lan angulat-ulatake karerehane dhewe-dhewe, lan kapacak ing kabar paprentahan, supaya ora ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 7 Rêjêb taun Be 1864 utawi kaping 27 Oktobêr 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Kawula Surakarta

Nalika malêm Akat kaping 4/5 Nopèmbêr kapêngkêr punika, pakêmpalanipun para kawula dalêm ing Surakarta (P.K.S) sampun kalampahan damêl konggrès ingkang sasapisan,sapisan. manggèn wontên ing kagungan dalêm alun-alun kidul, kaprênah pojok kidul wetan majêng mangilèn, sanadyan pamirêng kula sarêng kalihan dintên tamtuning konggrès wau, kathah rubedanipun, ewadene para warga P.K.S. ingkang dhatêng kirang langkung wontên 10.000 makatên punika nelakakên bilih para kawula sampun kabuka manahipun, sumêrêp yèn sarana badhe damêl mulyaning praja punika sampun botên wontên marginipun malih, kajawi kantun mêdal margi: rukun kanthi lambaran katrêsnan, kula nyumêrêpi untaping têtiyang padhusunan, andalidir sami ngênthu-ênthu andhatêngi papan pakonggresan wau, andadosakên gambiraning manah kula, dene têka samantên santosaning manahipun para kawula Surakarta, môngka jamanipun sawêg nyarêngi kados makatên, lan malih kathah rubeda-rubeda ingkang angrêribêdi, ewadene botên ketang kalayan atêkên janggut asuku jaja, sami katingal amarlokakên.

Dintên malêm Akat wau ingkang sêsorah pangarsa mulya kita K.R.M.H. Wuryaningrat, bab jêjêripun Narpawandawa gandhèngipun kalihan P.K.S. sarèhning kula manah parlu kauningan para warga sadaya, sêsorahipun pangarsa mulya kita wau, kula têdhak sungging kemawon kados ing ngandhap punika.

--- 176 ---

1. Sadhèrèk, ingkang badhe kula andharakên punika pamanggih kula piyambak, awit saking dipun têdha dening pakêmpalan P.K.S. sarta kula manah ing wêkdal punika sarana ngicali sêling-sêrêp, ingkang tundonipun angandhêg-andhêgi kamajênganing praja Surakarta, pancèn pêrlu dipun pratelakakên.

2. Kula piyambak mastani dhatêng pakêmpalan punika sae, ugêr ing ngriku gadhah pikajêngan angajêngakên kawontênan, sarta tumindak ingkang limrahipun dipun wastani prayogi, ing babad-babad sampun dumuki mênggah wijining bêbrayan utawi kamajêngan, punika kathah saking pakêmpalan, sanadyan sakawit pamanggih saking salah satunggaling tiyang. Wontênipun makatên, awit adêging bêbrayan pancèn kathah sarta warni-warni bêtahipun, mila bilih badhe ngenggalakên ajênging bêbrayan, inggih kêdah dipun sanggi pakêmpalan kathah sarta warni-warni, ing ngriku kula badhe mratelakakên sakêdhik bab wijining bêbrayan dumugi adêging praja, supados panjênêngan sami sagêd têrang dhatêng pikajêng kula.

3. Nalika jaman kina, Walandi mastani nomadhê, punika gêsangipun tiyang taksih kadosdene kewan, ngolah-ngalih wontên sangandhaping kêkayon, utawi dhêdhumpil wontên ing guwa-guwa, pandamêlanipun namung ngupados têdha kangge badanipun piyambak, satirahipun dhatêng anak bojo, saking bêburu utawi pados ulam, pirantosipun sawontênipun, sela kangge mathak, utawi kêkajêngan kangge mênthung, sanadyan kados kewan, ewadene botên ijèn kados sima utawi abir, èmpêripun kadosdene kêthèk, grubyug-grubyug sakulawarga, nanging botên manggèn ing kêkayon, ugi nate satunggaling sakulawarga kêkêrêngan kalihan kulawarga sanèsipun, rêrêbatan bêtah, rêkaos manawi kawujudakên, ewadene sampun wontên ingkang wani gôntha gêgambaran, wujudipun tiyang agêng inggil, abrit, mripat andik, untu agêng-agêng pêthak, rambut katingal sae, cêmêng ngandhan-andhan, dene panganggenipun ingkang kathah saking kulit kewan, sarupi namung kangge tutup, dados bêdhahan sekengan dèrèng wontên.

4. Sasampunipun jaman grubyug-grubyug ngolah-ngalih lajêng dados jaman manggèn, ingkang dipun dunungi inggih punika papan ingkang gampil pangupadosipun têdha,

--- 177 ---

wontênipun makatên bokmanawi sampun kagêngên kulawarganipun, inggih lajêng wontên kapalanipun saking sêsêpuhing kulawarga ingkang pinitados angêsuhi, ing ngriku akalipun wiwit katingal binuka, sagêd nênanêm, gêgriya mawi eyub-eyub, kewan botên namung dipun têdha kemawon, salong dipun ingah kangge andhungan têdha utawi kamadamêlakên, ugi adamêl pirantos saking sela utawi kajêng saking sakêdhik, cêkakipun wiwit sumêrêp piguna utawi botên, thukul kapitadosan, kala samantên bêtahipun dèrèng kathah, amargi taksih lugu nyêpaki sakulawarga kemawon.

5. Saking jaman wau lajêng santun jaman cêcampuran, liripun: botên namung sakulawarga kemawon, nanging campur kalihan kulawarga sanès, sababipun, kêrêp sakulawarganipun kajarah rayah dening sanèsipun, punika kulawarga ingkang ringkih lajêng gandhèng kalihan sanès ugi ingkang ringkih, supados lajêng santosa nadhahi panjarah rayah, pandamêlanipun têtiyang lajêng botên maligi, tumrap kulawarga piyambak, nanging ugi nyêpaki kangge bêtahipun sanès, lampahipun ijol-ijolan, arta dèrèng wontên, upaminipun tiyang sugih kapalapêndhêm, pala kapêndhêm. nanging kêkirangan ulam, kalintokakên kalihan tiyang sugih ulam, makatên sapiturutipun. Ing ngriku thukuling pirukunan, kulawarga satunggal ing satunggalipun, ingkang dipun kuwaosakên nyêpêng, kakiyataning pirukunan, saking pilihan golonging kulawarga satunggal ing satunggalipun, mênggah ingkang pêrlu punika dados senapati, wondene kêpala kulawarga dados juru ngrêmbagi sarta taksih prèi, kenging nindakakên ingkang magêpokan bêtahing kulawarga piyambak, tamtunipun wujuding pirukunan sawêg kadosdene adat tatacara padhusunan, dèrèng wontên ingkang kasêrat.

6. Awit saking satunggal-satunggaling tiyang nyambut damêl botên maligi tumrap badanipun piyambak, nanging mawi nyanggi bêtahing kancanipun, dados pandamêlanipun lajêng môntha-môntha, manut kasagêdanipun piyambak-piyambak, ingkang tukang kajêng nyambut damêl bangsanipun kajêng, ingkang tani nyambut damêl têtanèn, mila kêrêp sangêt yêyasan utawi pawêdalanipun tirah, kapêksa kêdah nyade tirahan [ti...]

--- 178 ---

[...rahan] wau, dhatêng panggenan sanès, dening punika satunggal-satunggaling golongan lajêng sami sumêrêp kakiyatan utawi kasugihanipun satunggal lan satunggalipun, môngka satunggal-satunggalipun golongan sampun sami agêng, manawi anjarah rayah wujuding kêkêrêngan lajêng kadosdene pêpêrangan, ingkang kawon dados rencangipun, gadhah kuwajiban bulubêkti utawi pandamêlan dhatêng ingkang mênang, utawi kaparingakên dhatêng tiyang saking ingkang mênang wau, dene siti toya sapanunggilanipun, jêjêripun ingkang kawon namung lajêng angadhuh kemawon, bawahipun ingkang mênang wêwah agêngipun, saya dangu saya kathah barang ingkang kasade, sabab têbanipun saya wiyar, anukulakên juragan utawi bakul, ingkang pêrlunipun anggampilakên lampahing ijol-ijolan, pamanggènipun milih papan ingkang adhakan, têgêsipun gampil dipun dhatêngi sawarnining tiyang, saha nyêlaki ingkang sagêd ngayomi, murih botên gampil kajarah rayah, kados ta: nyêlaki tiyang ingkang mênang utawi pitadosipun ingkang gadhah wêwênang utawi ingkang kathah prajuritipun, manawi papan wau sampun rêja, para pakriyan ugi lajêng tumut manggèn ing ngriku, madêg panggaotanipun, awit saking makatên wau têtiyang ingkang sajawining papan rêja, amung sade bêbakalan ingkang nata sarta andadosakên dalah nyadèkakên barangipun, inggih têtiyang ingkang dêdunung papan wau, gêgambaranipun lajêng dados kitha, mêngkoni padhusunan, sabab dening kawontênan-kawontênan punika, kapêksa mawi pangrèh ingkang dhêdhapukanipun pangagêng saking tiyang ingkang gadhah wêwênang dhatêng wêwêngkon wau, utawi pitadosipun, mawi rad juru panimbang, ugi saking têtiyang ngriku ingkang katingal langkung, dipun têtêpakên dening ingkang gadhah wêwênang wau, lajêng wiwit kenging dipun wastani madêg bêbrayanipun, amargi lajêng mêngkoni warni-warnining tiyang saha gadhah bawah.

7. Sarèhning gêgayutan gêgandhengan kalihan tiyang warni-warni, sarta tiyang ingkang dêdunung mindhak-mindhak agêng, dados bêtahipun sarta pikajênganipun kathah, mila thukul pakêmpalan-pakêmpalan, anjalari pamêkaring kawruh sarta kagunan kangge bêbrayan, raosing têtiyang saya alus sumêrêp awon sae, lêrês lêpat, amargi sabên-sabên bêbajongan sêsêrêpan, lampahing [lampah...]

--- 179 ---

[...ing] ijol-ijolan dipun saranani mawi arta, sêsêrêpan aksara saya pêncar, thukul babagan agami sapanunggilanipun, ugi andamêl pranatan anggêr-anggêr, saha bêbadan, pêrlu anjêjêgakên saha mrigêlakên adêging bêbrayan, kados ta: pangrèh mawi rad juru panimbang, pangadilan kangge ngukumi dhatêng ingkang nêrak parentah, prajurit kangge anjagi katêntrêman, manawi sampun makatên kuwaosipun, môngka botên kêrèh, lajêng nama madêg kaprajanipun.

8. Kabêkta pikajêngan utawi bêtah agêng wau, nanging sampun kadhasaran kawruh saha alusing raos, kamelikan ambawahakên sanès, sanajan lêstari, nanging lampahipun botên mêsthi kagêbag paprangan, nate tumindak saking sarana dagang utawi agami sapanunggilanipun, ingkang kawon lajêng kêrèh, botên kenging sakajêngipun sarta gadhah kwajiban, samôngsa ingkang kêrèh ngantos ical panguwaosipun, inggih nama botên ngadêg prajanipun, lajêng wujud kitha kabawah, kosokwangsulipun ingkang ngêrèh saya agêng panguwaos saha wiyar bawahipun, botên amung padhusunan, nanging dalah kitha-kitha, tamtunipun bêbadan-bêbadan ingkang dipun adêgakên saha punggawa-punggawa saya langkung kathah, upamènipun wujuding punggawa praja, patih, bupati, panèwu mantri sapangandhap, dene panganjur utawi pangagênging praja dipun sêbut ratu.

9. Sadhèrèk, ingkang kula pratelakakên sadaya, punika mêndhêt lêlampahan ingkang limrah, sasêrêpan saking buku-buku Walandi ingkang sampun nate kula waos, dados têgêsipun mêndhêt pêpiridan kilenan, wontênipun makatên, awit buku-buku ingkang isi kawruh wijining bêbrayan dadosipun kaprajan tumrap wetanan, kula dèrèng sagêd maos ingkang nglêmpak utawi cêtha, sanajan kula ngakêni bilih wetanan tamtu wontên bèntênipun kalihan kilenan, sabab dening alam ingkang dipun dunungi kawontênanipun sanès, ewadene pangintên kula pokokipun, mlèncènga botên kathah, amargi adêging kaprajan punika wosipun saking kawontênan sarta lêlampahaning tiyang- tiyang, môngka isènipun satunggal-satunggaling tiyang, punapa kilenan punapa wetanan, sami kemawon, adhêdhasar badan alus sarta kasar. Kajawi

--- 180 ---

punika kula inggih botên nêdya anjèrèng satunggaling kawruh, pancèn amung mêthiki punapa ingkang sakintên dados prabotipun ingkang kula pikajêngakên, ing ngriki pêrlu kula nyêthakakên, mirit waton saking para sarjana, ingkang dipun wastani praja punika satunggaling bêbrayan, ingkang kêmpaling têtiyang sampun rumasuk gandhèngipun satunggal ing satunggalipun, saha gadhah paprentahan ingkang kuwaos, punapa malih amêngkoni bawah.

10. Sasampunipun praja punika ngadêg, inggih sok mundur utawi curês, kosokwangsulipun wontên ingkang mindhak agêng utawi thukul enggal, mênggah majêng mundur curês thukulipun praja wau sêbabipun kenging kagêrba wontên warni kalih, satunggal kadamêl ing praja sanès, satunggalipun saking kawula piyambak, makatên wau wiwit jaman kina dumugi sapunika kados ta: nagari Walandi nate kêrèh, nanging ugi nate ngêrèh, Polên sapunika madêg piyambak, saking pikajênganipun kawula ngriku, pêthal saking Ruslan, Dhansih (Dantzig) madêg saking rekadayanipun praja sanès, pêthal saking Dhitslan, Prangkrik wêwah bawah saking Elsas-Lotaringên (Elzas-Lotharingen) manut suwaraning têtiyang siti, Bèlgi wêwah ambawahakên Èpên saha Malmèdhi, saking pikajêngipun praja sanès, murih têrangipun malih kula badhe mêndhêt kawontênanipun praja Kajawèn, wiwit jaman Majapait praja kita agêng santosa yêktos, ngantos sagêd ngêrèh sajawining tanah Jawi, jaman Dêmak kantun alit prajanipun, dening dayanipun agami, kawulaning praja sami pabênan ngantos pating cruwil, prasasat bupati pasisir madêg piyambak-piyambak, sabab dening praja botên kuwawi nyantosakakên paprentahan dhatêng bawahipun, dumugi jaman Mataram praja kita nama wangsul sawatawis sagêd mêngkoni tanah Jawi, nanging wiwit jaman Kartasura, suda-suda kêrèh ing gupêrmèn Walandi, kawiwitan saking lampah padagangan, dumugi jaman sapunika kantun sawawêngkon Surakarta, mangalèr Bayalali, mangilèn Klathèn, mangidul Wanagiri, mangetan Sragèn tuwin Karanganyar. Ingkang Wanagiri saha Karanganyar kaparêngipun gupêrmèn kawêngkokakên dhatêng kadipatèn Mangkunagaran, sajawinipun punika [puni...]

--- 181 ---

[...ka] sami kaasta gupêrmèn sadaya. Mênggah panguwaosipun inggih sampun botên sangkêp, kados ta: pangadilanipun kawula pêthal saking praja, parentahipun sampun botên sagêd mêngkoni sadaya têtiyang ingkang dêdunung Surakarta, pulisi punika punapa taksih nguwaosi punapa botên, angèl kadumuk, manawi ningali kawontênanipun Surakarta, lajêng kacocogakên punapa ingkang dipun wastani praja kados pangandikanipun para sarjana ingkang sampun kula aturakên, têmtu lajêng kagambar, manawi praja Surakarta punika upami wujud barang thoklak-thaklik.

11. Sadhèrèk, Narpawandawa punika satunggaling pakêmpalanipun para putra santana dalêm, ingkang gadhah tuju botên namung manah ajênging para warganipun, nanging ugi manah kawontênaning praja, wontênipun makatên, amargi panjênêngan dalêm nata punika kawajiban anggalih praja, môngka santana dalêm punika kulawarganing nata, dados lajêng katut ugi, manawi adêging praja thoklak-thaklik, sanadyan ingkang rêkaos punika sadaya isining praja, dening sami ngênggèni, dados pancèn sadaya kemawon wajib ngrekadaya jêjêripun, nanging kabêkta ingkang kula aturakên wau, Narpawandawa dhawah ôngka satunggal. Mênggah miturut sêtatutên saha katrangan-katrangan tujunipun P.K.S. punika nêdya badhe andandosi kawontênaning kawula Surakarta, dhêdhasar karukunan dhatêng kautaman, manawi makatên P.K.S. punika pakêmpalan bêbrayan, dede politik, sarta botên sulaya kalihan ancasing Narpawandawa, malah kula mastani kawajibanipun Narpawandawa salong badhe dipun sanggi dening P.K.S. manawi sagêd kalampahan andum damêl, Narpawandawa nyaèkakên tatanan saha paprentahan, kalarasakên kalihan ajênging bêbrayan kita, P.K.S. nyaèkakên bêbrayan kalarasakên dhatêng santosaning paprentahan kita, ing ngriku thoklak-thakliking praja enggal sirna, nanging manawi panindakipun pakêmpalan ingkang kula aturakên ing nginggil, dhawah kosokwangsul, amung nguja salira priyôngga, praja sagêd wêwah rêngka.

--- 182 ---

12. Sadhèrèk kula sagêd têpa sapintên rêkaosipun pangrèh P.K.S. anggèning badhe andandosi pakêmpalanipun, kajawi nama taksih enggal, warganipun kathah, botên namung ing kitha kemawon, nanging ngantos dumugi ing padhusunan, dados sampun tamtu agêng rubedanipun, ewadene kula pitados, ugêr pangrèh P.K.S. kawontênan ingkang nyata botên sakeca kaparêng ngewahi, kosokwangsulipun manawi punapa ingkang prayogi, Gusti Maha Sukci, masthi badhe amitulungi.

Tutuping atur kula pangarsa, sadhèrèk sadaya, kaparênga mêmuja, mulya praja Surakarta. Badhe kasambêt.

Kawruh Kadhoktêran

Pêthikan saking V.A. taun 1931

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 11.

Ngrêsiki Mripat

Ngrêsiki mripat bayi punika botên pêrlu sabên dintên, amung yèn pêrlu kemawon, inggih punika manawi mripatipun katingal rêgêd. Toya ingkang kangge ngrêsiki botên kenging sadhengah toya, kêdah ngangge toya matêng, dene panyekanipun botên kenging sadhengah kemawon, kêdah mawi kapuk kapas sacuwil, lan malih kapuk wau yèn sampun kangge botên kenging dipun angge malih. Bilih botên wontên kapuk kapas, mawia gombal ingkang alus ingkang taksih enggal, sarta bilih mêntas kangge, lajêng kakumbaha ingkang ngantos rêsik. Kapas utawi gombalan wau yèn mêntas kangge nyeka mripat ingkang satunggal, botên kenging kangge nyeka satunggalipun malih. Dene ingkang dipun seka suluhan lan urang-uranging mripat kalih pisan.

Bilih mripat bayi kathah anggèning ngêdalakên rêrêgêd utawi blobok, nuntên kemawon kapriksakna dhoktêr, sampun talompe, awit manawi ngantos katrajang ing sêsakit mripat ingkang awon, ing salêbêtipun 3-4 dintên [...]Tulisan tidak terbaca. wau sagêd picak. Ananging bilih enggal-enggal nyuwun pita[...]Tulisan tidak terbaca. lare wau limrahipun ing salêbêting saminggu sampun sagêd [...]Tulisan tidak terbaca.

--- 183 ---

Jalaranipun bayi katrajang ing sêsakit makatên, punika saking bibiting kruma sêsakit èstri ingkang tumèmpèl ing tangan utawi sandhanganing tiyang ingkang anggulawênthah utawi tiyang ingkang tansah sêsenggolan kalihan bayi wau. Mila sandhanganing bayi sampun pisan- pisan kauwor kalihan sandhanganing sanès, sarta malih manawi badhe anyêpêng utawi anggrayang bayi, tanganipun kêdah wisuh rumiyin ingkang rêsik. Mila sintên kemawon ingkang gadhah sêsakit kados makatên, enggal kemawon nyuwun jampi dhatêng dhoktêr.

Angrêsiki Cangkêm saha Sêsakit Sriawan

Bayi ingkang saras, cangkêmipun botên prêlu dipun rêsiki, awit sagêd rêsik piyambak jalaran saking idu. Bilih pinanggih wontên bayi ingkang katingal atrotol-trotol pêthak lambenipun ingkang sisih nglêbêt, punapadene pucukipun ilat, sampun lajêng kakèndêlakên kemawon, awit makatên punika mratandhani bilih bayi wau katrajang ing sêsakit sriawan. Sêsakit sriawan punika bilih botên enggal-enggal dipun jampèni, sagêd tumêdhak dhatêng wêtêng, satêmah bayinipun lajêng mèncrèt sarta luntak-luntak.

Mila para ibu sabên enjing lan sontên kêdah anuwènana cangkêming bayi, bilih pinanggih wontên trotol-trotolipun pêthak, enggal kemawon kajampènana mawi boraxglycerine ingkang 3%. Jampi wau sagêd tumbas ing apotik.

Dene anggènipun anjampèkakên kêdah mawi jêgul kapas ingkang ngantos ambêndhol pucukipun, jêgul wau kacêlupna ing jampi boraxglycerine saha lajêng kagosokakên ing panggenan ingkang pating trotol pêthak, dene anggènipun anjampèni sasampunipun nêsêp. Bilih salêbêtipun 2-3 dintên sriawanipun dèrèng ical, prayogi kabêktaa dhatêng dhoktêran kemawon.

Ngrêsiki Sirahing Bayi

Wiwit lair bayi punika sirahipun sampun mêdal rambutipun, rambut wau kêdah dipun rêsiki, prayoginipun mawi sikat ingkang lêmês.

[...]nikaTulisan tidak terbaca. agêng sangêt paedahipun, bayi ingkang dipun cukur, punika [...]Tulisan tidak terbaca. trajang ing sêsakit pilêg, tinimbang kalihan bayi ingkang panjang rambuti[...]Tulisan tidak terbaca. nipun bayi sampun dipun cukur.

--- 184 ---

Tiyang Jawi saha bôngsa Tyonghwa bilih gadhah anak sampun umur 40 dintên, lajêng dipun cukur sarta dipun pupuki êmbun-êmbunanipun. Ingkang makatên punika botên sae tumraping bayi, punapa malih pupuk, punika botên maedahi babarpisan, kenging ugi kacukur nanging sampun dipun pupuki. Mila ingkang makatên punika botên kenging, jalaran sirahing bayi punika sadangunipun kêdah rêsik.

Dene sababipun, kuliting sirah bayi kêdah tansah rêsik, awit kulit wau wontên bolonganipun alit-alit, kangge ngêdalakên kringêt saha bangsaning gajih. Gajih wau dangu-dangu sagêd garing, bilih botên dipun rêsiki saya dangu saya kandêl, warninipun cêmêng, saha lajêng kêmpal dados satunggal, sarta nyokot dhatêng kulit, angèl rêsikanipun, lan malih andadosakên sêsakit, sirahipun lajêng plikêt. Bayi ingkang plikêt sirahipun jalaran saking kirang saening pangupakaranipun, punika asring kêgosot, sarta sirahipun dipun kukuri. Ingkang makatên wau amratandhani bilih sirahipun gatêl, sarta anelakakên bilih tiyang sêpuhipun kirang sae anggènipun ngupakara. Mila sabên dintên sirah bayi kêdah dipun rêsiki mawi sabun.

Plikêting sirah botên sagêd ical sarana sabun kemawon, kêdah dipun osèr-osèri lisah klapa, sarta kakèndêlna kemawon sawatawis jam, lajêng dipun seka mawi toya angêt lan sabun. Manawi sapisan dèrèng sagêd rêsik, kêdah sabên dintên, ngantos ical babarpisan.

Makatên cariyos sêrat karanganipun Mevrouw A. Sterkam, gediplomeerd vroedvrouw (dhukun bayi) ing Bandhung.

Kawruh Bab Warôngka

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 11

Mila manawi kayakinan kula, sarunganipun Kyai Baya wau sampun iyasan anyar, ingkang lami tamtu cara Ngayogya, awit rangkanipun Kyai Baya wangunipun wontên ing pasisir kula asring sumêrêp.

Awit saking pasaksèn: 1. Babad Giyanti, 2. rangkanipun Kyai Kalamunyêng ing

--- 185 ---

Giri, 3. Rangkanipun Kyai Jalak ing Wôngga, 4. Rangkanipun dhuwung ing Sêmarang ugi wontên kalih ingkang wangun cara Ngayogya, kula nêtêpakên wanguning rôngka ingkang kina punika inggih wangun cara Ngayogyakarta wau.

Wêwahipun Peranganing Rôngka

Peranganipun rôngka ladrang ingkang ngajêng wangunipun buwêng punika nama angkup, wêngku ingkang ngajêng wangunipun bulêd, sarêng nalika nêngahi jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX kirang langkung 50 taun, bulêdipun wêngku angkup kang wradin dados kruwingan, lajêng kalimrah dumugi sapunika.

Ananging iyasan dalêm ing karaton, sarêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X sampun yuswa langkung 40 taun, panjangipun sarungan ladrang namung sacêngkang, wangsul kados kina, wêngku angkup wangsul bulêd malih, dumugi samangke iyasan dalêm punika, angkupipun bulêd (botên kruwingan).

Saha kathah iyasan dalêm sarungan wêsi aji, ingkang dèrèng nate dipun rangkani kajêng, sapunika dipun rangkani bêbadhèn kajêng, kados ta: rôngka kudhi, rôngka gada, (ing musiyum ngriki sampun wontên) sapanunggilanipun.

Garapipun Rôngka

Garapipun rôngka wiwitipun bêsus inggih sajumênêng dalêm ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan ingkang kaping IX kirang langkung 60 taun. Rumiyinipun inggih kirang bêsus rêrampinganipun. Nanging dumugi sapunika malah asring lajêng kabêsusên, ngantos tipis sangêt, môngka sayêktosipun ingkang nama garapan sae punika sanès tipisipun. Dene wêwaton mastani awon saening garapan rôngka punika:

1. Kêkêncêngan. 2. Anjing-anjingan. 3. Alus-alusanipun. 4. Têturutan. 5. Lêluwêsan.

Manawi gangsal bab wau sampun anocogi, lajêng sagêd gêsang sae.

--- 186 ---

Bab Widhêng

Sarungan wangkingan agêm dalêm panjênêngan dalêm nata saha agêmipun putra santana dalêm punika mawi widhêng (jangkêpipun nama mata widhêng) manawi anggènipun abdi dalêm, sarta kawula dalêm botên kenging mawi widhêng.

Ingkang dipun wastani widhêng punika tumrap rôngka wangun ladrang saha wujud gayaman, ing perangan gambar ngandhap, sawingkingipun sunggatan ingkang wingking dipun garit wali sarana kaukir, mlampah lajêng buwêng kados ukêl pakis. Ing janggutan ingkang ngajêng ugi kagarit wali kados ing wingking. Tumrap rôngka ladrang lambe angkup ugi kagarit ngantos dumugi pucuk, kados sèrèt.

Tumrap rôngka gayaman, ing lambe gajah kaukir mojok manut dhapuring lambe gajah, kados sèrèt namung botên panjang, kirang langkung panjangipun 4 milimètêr.

Ing jaman kina widhêng ukêl pakis punika wontên ingkang mawi gragèh. Kacariyos punika anggènipun santana dalêm canggah. Manawi sapunika sampun botên wontên ingkang mawi gragèh.

Gotèkipun para sêpuh mranggi bab widhêng.

Rôngka dhuwung mawi widhêng punika ing ngajêng anggenipun abdi dalêm saha kawula dalêm. Dene agêmipun panjênêngan dalêm nata tuwin putra santana dalêm tanpa widhêng.

Ingkang makatên wau saking anggènipun ambedakakên, rôngka anggenipun abdi dalêm utawi kawula dalêm punika, supados cacad, sarana kacorèk pucuk pangot wangun mawi widhêng. Dados rôngka anggening kawula punika saea dipun kados punapa tamtu wontên cacadipun.

Dangu-dangu wontên kaparêng dalêm ingkang jumênêng nata, widhêng kapundhut dados agêm dalêm saha putra santana dalêm. Ing ngriku widhêng lajêng kasaèkakên, ingkang anggarap tukang ukiran, tamtu kemawon ingkang adhakan sae widhêngan garapan tukang ukiran, wiwit punika widhêng botên dados cacad, malah dados sêkar, murugakên sêmu, punika kawula dalêm tuwin abdi dalêm lajêng botên kaparêng rangkanipun mawi widhêng, amung kala jaman punapa ingkang jumênêng nata sintên, kula dèrèng manggih pèngêtan ingkang gumathok.

Cariyos malih, abdi dalêm sarta kawula dalêm punika, nalika jaman satus taun [ta...]

--- 187 ---

[...un] ingkang kapêngkêr, ngangge rôngka kajêng candhana punika taksih ajrih, mindhak nyamèni agêmipun panjênêngan dalêm nata. Malah ing Sêrat Samenspraken C.F. Winter jilid 1 1818-1882 ingkang karan Sêrat Saridin ôngka 61 kaca 133 nyêbutakên awisan karaton, kula pêthik ungêlipun makatên ...

Kawiswara: ing jaman sapunika sampun kathah ingkang purun nêrak awisan ing sawatawis, kados ta: numpak kapal, kreta wontên ngalun-alun, angangge dhuwung kêmalon abrit, ukiran tunggaksêmi, wrôngka kajêng candhana ...

Kawiswara: kala ing jaman kina, sawêg têksih kêncêngipun ing prentah, manawi wontên ingkang purun nêrak awisanipun ratu, karampas panganggenipun, nanging pangrampasipun angêmungakên ingkang dados awisan kemawon.

Kawiswara: inggih, kasêbut wontên ing sêrat anggêr arubiru, ing bab ingkang wêkasan pisan, ananging wêrninipun ing pangangge ingkang dados awisan botên kasêbutakên. Taksih wontên sambêtipun.

[Iklan]