Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 3-4, Marêt, April 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 5/430.

Katur komite pangangguran ing Surakarta.

Nuwun, asarêng punika pangrèh Narpawandawa ngaturakên arta, kathahipun f 30,- sumêrêp darmanipun para putra santana dalêm warganipun Narpawandawa, dhatêng para sadhèrèk Jawi ingkang sami nganggur, sasampunipun arta wau katampèn, pangrèh angajêng-ajêng katrangan.

Kasêrat kaping 22 Pèbruari 1934.

Mudha pangarsa: Wg. Kusumayuda.

Panitra: Wg. Purwasastra.

--- 34 ---

Turunan

Surakarta surya kaping 23 Pèbruari 1934.

Nuwun, komite pangangguran ing Surakarta, sampun nampèni arta saking darmanipun para putra santana dalêm warganipun pakêmpalan Narpawandawa, kathahipun f 30,- (tigang dasa rupiyah) dene arta wau lajêng kasêtorakên dhatêng paktorèi, botên langkung komite ngaturakên gênging panuwun.

Awit saking namining komite pangangguran ing Surakarta.

Pangarsa: Wg. Darmasayana.

Panitra: Wg. Wiryadarsana.

Kawadanan Putra Santana Dalêm

Wontên usulipun satunggaling sadhèrèk warga, sarèhning samangke cacahipun para santana dalêm saya kathah, langkung malih ingkang perangan alit-alit, sarta ingkang kathah-kathah sami botên suwita, punika manawi wontên pêrlunipun lajêng rêkaos anggènipun badhe lapur dhatêng kawadananipun, sabab ingkang kathah-kathah sami botên mangrêtos pundi kawadananipun, mila pamanggihipun sadhèrèk wau, upami sapunika wontên kaparêng dalêm ngawontêni wadana sinatriya kadosdene ing Mangkunagaran, pêrlunipun supados anggampilakên tumindaking palapuran, utawi kaparluan sanèsipun, punika pamanggihipun para sadhèrèk warga Narpawandawa kadospundi? Katrangan-katrangan bab punika kasuwun lajêng katampèkakên dhatêng panitra II R.M.Ng. Purwasastra.

Turunan Kêkancingan Ôngka 1 C/2/I

Têrang ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anampani [anampa...]

--- 35 ---

[...ni] dhawuhing timbalan dalêm amarêngi ing dina Salasa tanggal kaping 27 sasi Sawal ing taun Be, angkaning warsa: 1864 ôngka 306, ing mêngko anusuli layang dhawuh manira kêkancingan katitimasan kaping 7 Rêjêb Be 1864 utawa kaping 27 Oktobêr 1933 ôngka 6 C/2/I sarta kaping 24 Ruwah Be 1864 utawa kaping 23 Dhesèmbêr 1933 ôngka 7 C/2/I bab pêpacak marang sakabèhe abdi dalêm sapêpadhane kaya kang kasêbut ing kêkancingan ing dhuwur mau, uga katumrapake marang putra santana dalêm tumêka canggah, manawa ana kang ora ngestokake utawa nêrak pêpacak mau, bakal kasuwak pamêtu utawa balanjane, sarta ora kalilan lumêbu ing pasamuan karaton, sarta pasamuan nagara sapanunggalane, utawa kasumanggakake sakaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Kêkancingan iki kadhawuhake marang para panggêdhe sarta kawadanan sapanunggalane supaya andhawuhake lan angulat-ulatake karerehane dhewe-dhewe, sarta kapacak ing layang kabar paprentahan, supaya ora ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 6 Dulkangidah Be 1864.

Utawa kaping 21 Pèbruari 1934.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati: W.G. Jayanagara.

Sêsorahipun R.M.Ng. Purwasastra Wontên Ing Pêpanggihanipun Warga Narpawandawa Kakung Saha Putri, Nalika Dintên Saptu Sontên Tanggal Kaping 10/11 Marêt 1934 Manggèn Ing Dalêm Kusumayudan

Kula nuwun, sadèrèngipun kula ngaturakên bab punapa ingkang badhe kula andharakên wontên pêpanggihan dalu punika, ingkang rumiyin kula matur nuwun dhatêng pangrèh Narpawandawa, dene sampun kaparêng miji dhatêng kula asêsorah wontên ing ngarsanipun [ngarsani...]

--- 36 ---

[...pun] para sadhèrèk warga kakung putri, kaping kalihipun atur kula dhatêng panjênêngan sadaya, mugi sampun kirang pamêngku, bokmanawi wontên kirang langkungipun anggèn kula ngandharakên sêsorah kula, sabab dening kula ngrumaosi yèn sarwa cingkrang ing sasêrêpan, namung saking kadêrêng dayaning swara-swara ing jawi, ingkang andadosakên kagugahing manah kula, mila kula lajêng nêmpuh biyat abôndha kadugi, mêdhar sabda wontên pêpanggihan dalu punika, sokur- sokur bilih atur sêsorah kula punika isi woh piguna ing pawingkingipun, botênipun inggih trimah lowung kangge sambèn gêgujêngan, minôngka rêrakêtaning pasadherekan, sami dados warganing pakêmpalan Narpawandawa.

Mênggah wigatining andharan kula punika, panjênêngan sadaya sampun ngantos kalèntu panampi, kula botên badhe mêmulang, langkung malih ngerang-erang, punika babarpisan sanès ingkang kula kajêngakên. Ing ngriki tancêbing manah kula namung nêdya ngrêksa, murih prayogi ing sadayanipun.

Nuwun, ingkang minôngka ular-ularing sêsorah kula punika, kula badhe nêrangakên têgêsipun têmbung kêmpal, kêmpal makatên botên sagêd linampahan ing tiyang satunggal, dados kêdah dipun lampahi tiyang kalih utawi langkung, ingkang nunggil ancas utawi nunggil tuju, upaminipun, wontên tiyang kalih Suta kalihan Naya, sami nunggil sagriya, pun Suta gadhah sêdya andandosi griya, pun Naya ugi gadhah sêdya mulyakakên griya, lajêng sêsarêngan tumandang ing damêl mulyakakên griyanipun, inggih tindak makatên punika ingkang dipun wastani kêmpal. Narpawandawa punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm, sêdyanipun kaêwrat ing pranatan baku (statuten) inggih punika:

1. Ngajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun para santana dalêm.

2. Anjagi wilujêng saha prayogining nagari tuwin karaton dalêm.

Murih kadumugèning sêdya dipun saranani rekadaya sakadaripun, ingkang botên nyulayani anggêr-anggêr tuwin tata ngadatipun nagari, sarta ingkang botên dados awisan.

--- 37 ---

Miturut ing nginggil wau, ancas tujunipun Narpawandawa punika nama sampun wiyar têbanipun, namung mênggahing tumindakipun kemawon saèstunipun inggih manut putus-putusaning parêpatan, nanging ugêr sami têmên-têmên anggèning nindakakên, têmtu badhe kadumugèn sadaya tuju-tujunipun Narpawandawa.

Kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, sagêdipun pakêmpalan punika lajêng ngadêg, kêdah wontên tiyang sawatawis ingkang nunggilakên tuju, tumrap Narpawandawa inggih para putra santana dalêm ingkang sampun dados warga punika nama sampun tunggil sêdya, kados ingkang kaêwrat ing pranatan baku wau, wondene kalampahanipun kita para warga kêdah tumandang ing damêl, dados sagêd santosa kiyat. Kauningana, sampun dados watêking kodrat, gêsanging manungsa punika sami gêgolongan, ing dalêm sagolong-golonganipun sami gadhah wêwênang lan kawajiban piyambak-piyambak, kados ta: golonganing para brahmana punika kawajiban ulah tapabrata, ulah puja, tuwin sapanunggilanipun.

La samangke punapa ingkang dados kawajibanipun para darahing nata, ingkang umumipun sinêbut para satriya. Manawi pamanggih kula mênggah kawajibanipun para satriya punika ingkang ôngka satunggal kêdah rumêksa adêging praja, jêr para satriya wau putra santananing nata, môngka nata mêngku praja, têgêsipun praja inggih bêbrayan dalah sapaprentahanipun, dados sampun samêsthinipun manawi kita para wandawaning nata wajib rumêksa ing praja. Pangarsa mulya nate kawêdhar ancêr-ancêripun wontên konggrèsipun para kawula Surakarta, murih prayogining lampahipun Narpawandawa kalihan pakêmpalan kawula Surakarta, prayogi andum damêl kemawon, Narpawandawa majibi saening paprentahan dalah saprabotipun P.K.S. nyaèkakên gêsanging bêbrayanipun para kawula, dados tumrap Narpawandawa nama radi ènthèng sêsanggènipun, dening ingkang suwau ruwêt rêntêng awon saening praja kajibah dados wajibipun Narpawandawa piyambak, sapunika salong wontên ingkang majibi, inggih punika tumrap gêsanging bêbrayan kita sampun dipun wajibi P.K.S, sarèhning sampun wontên sudaning kawajiban, langkung prayogi yèn para wandawaning nata sapunika lajêng cancut gumrêgut tumandang ing damêl, anjêjêgakên adêging praja, amargi dhoyonging praja punika ugi andayani botên jêjêgipun sugênging para putra santana dalêm, lan saisinipun [sa...]

--- 38 ---

[...isinipun] sadaya.

Sadhèrèk, panjênêngan saèstunipun sami nguningani, manawi adêging praja ing wêkdal punika yèn dipun cocogakên kalihan ingkang dipun wastani praja pangandikanipun para sarjana, saupami barang makatên wujud athoklak-thaklik, sarta inggih nama botên sangkêp, kados ta: pangadilaning kawula sampun botên nguwaosi, pulisi punika taksih nguwaosi punapa botên, dumukanipun angèl, tuwin sapanunggilanipun. Dene sabab-sababipun kadospundi, punika botên parlu kula aturakên, awit mindhak nyimpang kalihan jêjêring sêsorah kula namung sumôngga ta sami dipun raosakên, kawujudan ingkang kados makatên punika punapa botên andadosakên trênyuhing panggalih panjênêngan sadaya. Manawi thoklak-thakliking praja wau lajêng botên enggal-enggal dipun dandosi, saèstunipun nun inggih badhe kalajêng-lajêng saya soyag-sayig. La samangke sintên ingkang kawajiban andandosi, punika inggih kita kaum Narpawandawa, awit praja makatên dumununging para satriya, dados sampun samêsthinipun bilih kita kawajiban ingkang mulyakakên, la witikna saupami sanès kita para satriya ingkang purun tumandang ing damêl andandosi, la gèk sintên? Ing ngriki kula gadhah kayakinan, ugêr panjênêngan niyat kemawon, Insa Allah tamtu kinabulakên ing Pangeran, bêbasanipun Arab: wajida wajidahu, têgêsipun: sing sapa têmên bakal tinêmênan.

Pangandikanipun Prabu Parikêsit duk badhe muksa dhatêng Prabu Anom Yudayana saha wadya punggawa, wosipun kemawon makatên: mungguh kawajibane para putra lan punggawaning narendra iku dikaya wajibing biyung marang siwayanira, diarani pôncaguna, yaiku:

1. Rumêksa, lire kudu rumêksa hayuning praja dalah saisine.

2. Rumanti, têgêse nyadhiyakna ilat, ulat, ulah, dènnya sung tuladha lan wêwarah.

3. Rumasuk, lire numplak katrêsnan marang sakukubane.

--- 39 ---

4. Rumêsêp, têgêse rumakêt marang nata lan sawawêngkone.

5. Rumasa, têgêse ngrasa nalôngsa, sarèhning kawêngku lan kabubuhan ing têtanggungan, apa kang dadi wajibe sowang-sowang.

Dados sampun cêtha têrang yèn kita para putra santana punika ugi gadhah kawajiban rumêksa rahayuning praja.

Wontên pasaksèn malih bab kawajibanipun putra santana, gandhèngipun kalihan praja dalah saisinipun wau, kawrat ing pranatan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 kala taksih jumênêng wontên ing nagari Kartasura, amarêngi taun Jawi 1655, kasêbut ing bab 14. Mênggah kawajibanipun para putra santana dalêm punika kêdah dados sêkar busananing praja, minôngka têtingalanipun para kawula, supados andadosakên cahyaning praja, amêwahi raharja sênêning nagari.

Manawi panampi kula maksud têgêsipun dhawuh dalêm wau, kita kêdah dados sêkar busananing praja, punika liripun: botên kok kita namung mangagêm ingkang sarwa endah, lajêng bêsiyar angidêri loji, mrih sinawang ing ngakathah, punika botên, nanging kita kêdah ngatingalakên rumagang ing damêl kita, angrêksa adêg jêjêging nagari, kados dhawuhipun Sang Prabu Parikêsit wau, sarta tumrap kapêrluaning ngakathah (alg. belang) kita kêdah tansah anggatosakên, lan ngatingalakên tandang tanduk kita, supados kita para putra santana dadosa pandam pangayomanipun para kawula alit-alit, ingkang tundonipun damêl aruming asmanipun para putra santana dalêm, lumèbèripun dhatêng pakêmpalan Narpawandawa, ingkang sampun dangu anggènipun angidham- idham, katôndha wontên sawaliking partisaranipun para warga sadaya, ungêlipun makatên: wondene tujunipun pakêmpalan punika (Narpawandawa) dadosa lêlantaran majêngipun para santana dalêm, ingkang gêgayutan kalihan para kawula dalêm, ingkang sagêd migunani saha mikantuki ing sadayanipun. Dados têgêsipun, Narpawandawa [Narpawa...]

--- 40 ---

[...ndawa] punika pancèn tujunipun dados sêsambêtanipun (wod) kawula lan gusti. Awit saking sampun gadhah ancas ingkang makatên punika, eman-eman sangêt bilih kita para warga lajêng sami mitambuhi, tuwin botên niyat karsa lajêng cancut tumandang ngrakêt dhatêng para kawula, sarana anggalih dhatêng kabêtahan utawi kapêrluanipun, punika tamtu badhe piduwung ingkang pinanggih, tur piduwungipun wau badhe botên sagêd ical ing salami-laminipun, sabab dening koncatan katrêsnaning kawula, ingkang sajatosipun namung saking weyanipun tindak kita piyambak, yèn ta kita para bandara kalampahan koncatan katrêsnan, sêdya sumungkêmipun para kawula, gèk lajêng sintên ingkang purun nanêmakên pantun ing sabin, awit tiyang botên sagêd nêdha sêkul sapulukan, yèn botên wontên tiyang sèwu ingkang tumandang ing damêl, rèmèh- rèmèhipun lajêng sintên ingkang purun angaji-aji dhatêng kita, kajawi rencang kula piyambak, amila mupung katrêsnanipun para kawula wau dèrèng kalajêng-lajêng tipisipun prayogi sangêt manawi kita para satriya lajêng tumuntên tumandang anyirnakna piguna, angurbanakên salira, kinarya mêmayu hayuning praja tuwin para kawula, supados praja Surakarta botên saèstu rêngka, nanging malah dados mulya. Têtuladanipun kados cêcariyosan ing kina (Indhu) lêlampahanipun Sang Arya Bratasena lan Sang Arjuna, rêringkêsaning cariyos kados ing ngandhap punika:

Kacariyos saoncatipun para Pandhawa saking Bale Sagala-gala, lampahipun kalunta-lunta, nusup- nusup wana bêbondhotan, lajêng dumugi ing nagari Ekacakra, satunggaling nagari ingkang kabawah raja raksasa Baka, sakalangkung prawira sura sakti môndraguna, para Pandhawa wau mondhok ing griyanipun satunggiling brahmana, kala samantên nuju satunggiling dintên para Pandhawa sakawan sawêg sami papriman, ingkang kantun namung Sang Bima tuwin ingkang ibu Dèwi Kunthi. Lajêng mirêng swaraning tangis ingkang sangêt kawêlasasih, sarêng kadêlingakên cêtha bilih swaraning tangis punika ing sênthongipun sang brahmana, rêrêmbagan kalihan anak semahipun diya-diniya sintên ingkang badhe kangge ladosan minôngka bulubêkti sêsanggènipun para têtiyang ing nagari Ekacakra ngriku, dhatêng sang raksasa Raja Baka, ingkang ambawahakên nagari Ekacakra wau. Saking sangêting trênyuh panggalihipun sang dèwi, mirêng sêsambatipun sang brahmana [brah...]

--- 41 ---

[...mana] kalihan anak semahipun wau, sang dèwi lajêng ngandika dhatêng ingkang putra Radèn Bratasena, supados atêtulung kasusahanipun sang brahmana. Sang Bima ingkang luhur pambêganipun, sanggup nyirnakakên kasusahanipun sang brahmana, sanadyan dikados punapa kemawon awrating sêsanggènipun, ugêr dipun prasajani ingkang dados witing kasusahan. Salêbêtipun Dèwi Kunthi ngandika kalihan ingkang putra makatên, lajêng mirêng swaraning tangis malih, mila sang dèwi enggal-enggal murugi dhatêng dununging tangis, mirsa sang brahmana kalihan anak semahipun sami ngêmpal, katingal sami prihatos sangêt, sarwi sêsambat sakalangkung mêlasasih. Sasampunipun sang dèwi waspaos anggèning maspadakakên sasolahbawanipun sang brahmana dalah anak semahipun, lajêng malêbêt ing sênthong ngandika kathah-kathah, murih sirnaning prihatosipun sang brahmana. Sarêng sampun katingal lipur sawatawis, sang dèwi lajêng andangu mênggah ingkang dados witing prihatos. Sang brahamana matur walèh, yèn kalêrês kadhawahan urak caos bulubêkti dhatêng sang raksasa raja, awarni sêkul sagrobag, maesa kalih dalah satiyangipun ingkang ngaturakên satunggal. Môngka kawontênanipun sang brahmana wau mlarat, dados botên sagêd tumbas tiyang, badhe oncat saking nagari ngriku ugi botên sagêd, mila pêpuntoning manahipun amung badhe pasrah bongkokan, sowan dalah saanaksemahipun, supados dipun môngsa sadaya kemawon, sang dèwi lajêng ngandika kalayan anglêlipur, murih sang brahmana ical prihatosipun, wasana lajêng nyagahi, putranipun salah satunggal kangge lêlintu bulubêkti, katur dhatêng sang raksasa raja, sang brahmana dalah anak semahipun sakalangkung bingahing manahipun, asrêping manah prasasat siniram toya sawindu, lajêng tut wingking salampahipun sang dèwi, anggènipun badhe andhawuhi dhatêng ingkang putra Sang Bima. Radèn Arya Bratasena sasampunipun midhangêt dhawuh pangandikanipun sang dèwi, punapa ingkang dados darunaning prihatosipun sang brahmana, matur sagah kangge lintunipun bulubêkti. Tumuntên katungka konduripun para Pandhawa, kalayan ambêkta angsal-angsal anggènipun papriman, Sang Yudhisthira priksa yèn ingkang rayi panênggak katingal sawega ing damêl, enggal matur mitêrangakên dhatêng ingkang ibu, pandamêlan punapa ingkang badhe dipun lampahi Sang Bimasena, tuwuh saking manahipun piyambak punapa atas saking karsanipun ingkang ibu. Sang Yudhisthira sasampunipun [sa...]

--- 42 ---

[...sampunipun] dipun prasajani sabab-sababipun anggèning Sang Bima rumantos ing damêl, badhe kangge ngêntas kasusahanipun sang brahmana tuwin amrih tata raharjaning praja Ekacakra, anêtêpi ngandikanipun Sang Wiyasa, inggih punika:

1. Satriya ingkang mitulungi kasusahaning brahmana punika badhe angsal kamulyan ing dêlahan.

2. Yèn satriya ngêntas samining satriya saking bêbaya pêjah, badhe misuwur ing donya.

3. Bilih satriya mitulungi tiyang papa, badhe kajèn kinamulèn.

4. Para darahing narendra punika kawajiban ngayomi para sudra, supados ing têmbe tampi nugraha.

Sang Yudhisthira lajêng mangayubagya, sarwi sêsanti wilujêng dhatêng ingkang rayi sang panênggak.

Enjingipun wanci plêthèking surya, Sang Bima pangkat dhatêng wana dhangkaning sang raksasa raja, ngirit bulubêkti sêkul sapirantosipun sagrobag, katarik ing maesa kalih. Dupi sampun cêlak kalihan dhangkaning sang raksasa lajêng nguwuh sora, kalihan dhahar sêkul bulubêkti babêktanipun wau. Raksasa Baka mirêng panguwuhipun Sang Bima ingkang anjangkar namanipun, lajêng mêdal ing jawi sakalangkung nêpsu, saya sarêng priksa Sang Bima dhahar sêkul bulubêkti saking kawulanipun, krodha mangsah lumajêng nyêlaki Sang Bima kalihan anggêgêt untu, mripat marbabak, ewadene Sang Bima mêksa katingal ayêm, namung tumolih dhatêng sang raksasa raja sarwi mèsêm, ing sêmu nyêpèlèkakên, awit lajêng mungkur nglajêngakên anggènipun dhahar, sang raksasa katingal dipun sapèlèkakên wau, lajêng ngumbulakên tanganipun kalih pisan, sarwi anggêro-gêro rèh anggêgirisi, sêdyanipun amung badhe dipun sirnakakên mêngsahipun sami sanalika, Sang Bima nglajêngakên anggènipun dhahar, botên pisan-pisan mingkêt lênggahipun, amung nglirik sagêbyaran dhatêng sang raksasa kruraya wau, ingkang sangêt bramantya, sang raksasa enggal andhodhog pêngkêranipun Sang Bima, nanging Sang Arya Bratasena mêksa botên anolih, mila sang raksasa saya wimbuh nêpsunipun. Lajêng ambêdhol mandira kapupuhakên dhatêng Sang Bima, kawuwuskawuwusa. Sang Arya Sena dupi sampun dumugi anggènipun dhahar, lajêng wijik, sarta tumuntên jumênêng kalihan [kaliha...]

--- 43 ---

[...n] sangêt rêna ing panggalih, sawega mapagakên mêngsah, enggalipun lajêng têmpuh pêrang rame asilih ungkih, ngabên karosan, larak-linarak, pupuh-pinupuh, sakalangkung anggêgirisi, kajêng agêng-agêng sami jêbol, ingkang alit- alit sami sirna kèlês, satêmah angilak-ilak dados ara-ara, saya dangu saya riwut tandangipun ingkang sami abôndayuda, sami ngêtog karosan, gêdruging sukunipun sang yuda kalih, ngantos anggonjingakên bantala.

Sarêng tandangipun sang raksasa raja katingal saya kêndho, Sang Bima enggal nyandhak, sang rêksasa raja lajêng kakurêbakên ing siti, boyokipun dhinêngkul, githok katêtêpakên asta têngên, asta kiwa nyêpêng cêcawêtipun, lajêng kadêngkèk, têmah putung ula-ulanipun, sang raksasa Baka anggêro sora kalihan mutah ludira, lajêng pêjah anjêrbabah andhêpani bantala. Para putra santananipun sang raksasa raja sami kagèt mirêng suwara panggêronipun wau ingkang sakalangkung sora wau, mila lajêng sami mêdal ing jawi, sadaya sami anjêngêr sêmu ajrih, enggal dipun arih-arih dhatêng Sang Bima, sasampuning sami asrêp manahipun, lajêng sami kadhawuhan prasêtya, yèn botên badhe môngsa janma malih, sadaya sami saur paksi sandika badhe ngèstokakên. Sasampunipun Sang Bima ngandikani dhatêng para raksasa putra santananipun Prabu Baka, lajêng nglarak kunarpanipun sang raksasa raja, katilar wontên sakèthènging kitha, kalayan botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang nyumêrêpi.

Enjingipun malih para têtiyang ingkang sami langkung sakèthènging kitha, priksa kunarpanipun sang rêksasa raja ingkang saardi anakan agêngipun, gumuling ing siti, sarwi agubras ludira, sadaya sami ajrih, wulunipun anjêgrig, kamitênggêngên pamawasipun. Sarêng sampun jangkêp malih èngêtanipun, enggal wangsul dhatêng salêbêting kitha, wigatos suka pawartos dhatêng para têtiyang saisining kitha, para tiyang jalêr èstri, anèm sêpuh sami karaya-raya dhatêng sakèthènging kitha, ningali kunarpanipun sang rêksasa raja wau, sadaya sami kagawokan, têka wontên kaelokan makatên, dene raksasa raja ingkang samantên agêngipun, saha linangkung guna kaprawiranipun, sagêd kalampahan sirna, wasana lajêng sami mêmuji ing dewa kalayan sukaning manah. Inggih wiwit dintên kalênggahan punika para raksasa ing talatah nagari [na...]

--- 44 ---

[...gari] Ekacakra sami sih-sinihan kalihan tiyang ing ngriku. Wontên cêcariyosan malih ingkang kenging kangge têtuladan, inggih punika luhuring pambêganipun Sang Dananjaya, anggènipun rêmên têtulung lan têtêp dhatêng sêsanggêman, angurbanakên saliranipun kangge mêmayu hayuning praja, ringkêsaning cariyos makatên:

Sabidhalipun para Pandhawa saking praja Ekacakra, lajêng nglêbêti sayêmbara pilih dhatêng nagari Pancalaradya, kalampahan sagêd angsal damêl, Dèwi Drupadi lajêng kadhaupakên kalihan Pandhawa, dhawuhipun Sang Maharsi Naradha supados sampun acêcongkrahan sami kadang, kaprayogèkakên damêl prajanjian, nguwayani murih sampun ngantos wontên pasulayan ing têmbe wingkingipun, dene prajanjianipun manawi salah satunggal sawêg nuju lalênggahan kalihan ingkang garwa, sintên ingkang nêmaha nyumêrêpi anggèning pêpanggihan, kêdah lajêng kaukum adêdunung wontên wana laminipun 12 taun, kalayan sacaraning brahmacarya.

Botên dangu kalihan anggèning damêl prajanjian wau, wontên brahmana kêpandungan lêmbunipun, saking judhêging manahipun sang brahmana, enggal lumajêng nyuwun tulung dhatêng Sang Arjuna, supados ngrêbat wangsul lêmbunipun. Sang Arjuna ingkang ambêgipun wêlasan lan rêmên têtulung, nyagahi panêdhanipun sang brahmana, nanging kawêkèn ing galih, sabab dening gêdhong pasimpênaning dêdamêlipun sawêg kagêm lênggahan ingkang raka Prabu Yudhisthira kalihan Dèwi Drupadi. Pangunandikanipun Sang Arjuna: iki ana brahmana kêmalingan, banjur tawan-tawan tangis, jaluk tulung mênyang aku (satriya). Iki bênêre aku sing kawajiban nulung ribêt kasusahane sang brahmana mau, amarga yèn kongsia ora dak tulungi, dosane bakal anglèlèti marang kakang prabu, lan para Pandhawa kabèh, mung marga saka weyaku, nanging kapriye anggonku têtulung marang sang brahmana, yèn aku ora anggawa gêgaman, môngka ing wêktu iki gêdhong panggonan pasimpênan lagi diagêm lênggahan kakang prabu karo garwane, yèn ta aku banjur mlêbu bae iku jênêng nêrak kasusilan, ora ngajèni marang ratu, dadi manawa aku wani banjur mlêbu, mêsthine aku kudu diukum ana ing alas nganti suwe, nanging bêcik aku ora anggagas prakara iku bae, kang pêrlu saiki têtulung marang wong kasusahan, awit tumraping aku kautaman iku luwih aji tinimbang badan sarta ora bisa rusak. Sasampunipun Sang Arjuna ngunandika makatên, enggal malêbêt ing gêdhong mêndhêt dêdamêl, lajêng nututi durjana ingkang andhustha lêmbu, enggalipun durjana sagêd katututan, lajêng dipun prajaya, dene lêmbunipun dèrèng cicir cacahipun, lajêng kawangsulakên dhatêng sang brahmana, pandamêlipun Sang Arjuna makatên wau kasumêrêpan ing ngakathah, mila konduripun dhatêng praja ing samargi-margi tansah sinurakan, sadumuginipun ing kitha [ki...]

--- 45 ---

[...tha] Sang Arjuna enggal marak ingkang raka Prabu Yudhisthira, sasampunipun manêmbah lajêng matur nyuwun lilah badhe nêtêpi prasêtya ingkang sampun dipun sanggêmi, nglampahi gêsang sacaraning brahmacarya wontên ing wana laminipun 12 warsa, sabab ngrumaosi yèn sampun nêrak kasusilan wêwalêring prajanjian, sanadyan ingkang raka Prabu Yudhisthira botên marêngakên panyuwunipun lilah Sang Dananjaya nglampahi paukuman wau, sabab anggèning nekad nêrak anggêr-anggêr punika, jalaran kabêkta saking wontên parlu ingkang wigatos, sarta inggih saking pangrêksanipun dhatêng ratu, dados panêrakipun Sang Arjuna wau kagalih botên dosa, ewadene Sang Arjuna adrêng karsanipun badhe nglampahi paukuman, anêtêpi ujaring wasita: tiyang botên kenging mawali anggêr-anggêring kawajiban. Enggaling cariyos Sang Arjuna lajêng pangkat dhatêng wana pambucalan, laminipun ngantos 12 warsa, gêsang sacaraning brahmacarya, samantên awrating nêtêpi kawajibanipun satriya punika, nanging bilih dipun têtêpi kautaman tuwin aruming asmanipun angambar, ngantos sabujating jagad botên ical-ical, trah tumêrah darahipun sami manggih kaluhuran.

Kauningana, ing wêkdal samangke dêrênging manahipun para kawula saya katingal ngangsêgipun dhatêng kamajêngan, kuwatosing manah kula bokmanawi kita para satriya katalompèn, kabêsturon kalimput ing pêpadhang, satêmah kadhêsuk saking wingking, dinakwa ing ngakathah ngandhêg-andhêgi lampahing kamajêngan, punika mangke pêpindhanipun kadosdene sêpur ingkang sirahipun (Locomotief) ambêgêgêg botên nêdya ebah sarta lumampah samêsthinipun, nanging pun grêbong saya rosa pandhêsêkipun saking wingking, nêdya ngajak lumampah, wêkasan manawi sami rosanipun, sagêd angwontênakên salang tunjang, utawi karisakan ing sadayanipun, pangandikanipun satunggiling sarjana, nyanepakakên upami wujud kareta, para satriya makatên kaupamèkakên kapal rakitanipun, para kawula punika minôngka rodhanipun, manawi pun rakitan kalayan pun rodha wau sami purun nyambut damêl sêsarêngan, tangèh sangêt yèn ubênging rodha sagêd nututi plajênging kapal, nanging kosokwangsulipun bilih pun kapal wau mandhêg, saèstunipun inggih kagilês dening rodha, lah manawi sampun wontên kadadosan ingkang makatên, bathi kita inggih namung badhe nandhang pituna agêng ingkang tanpa pêpindhan, [pêpi...]

--- 46 ---

[...ndhan,] tundonipun namung badhe sak ngonggo-onggo ing salami-laminipun, amila mupung dèrèng kalajêng, prayogi sangêt yèn kita para wandawaning nata lajêng anggêbyur campur ebah-ebahaning kawula, tamtunipun inggih amung pundi ingkang dipun kaconggahi sarta dipun rujuki ancas tujunipun, punapa malih ingkang botên dados awisaning nagari. Manawi para santana lajêng kathah ingkang makatên, kados sampun radi lowung tinimbang kita namung andhuwêl, awit jêmbaring sêsrawungan punika ugi ambingarakên dhatêng polatan, tur pigunanipun inggih kathah, kados ta: setan-setan ingkang nêdya badhe damêl pêpisahanipun para kawula lan santana, punapa malih anggèning damêl cap warni-warni, tamtu sirna piyambak saking karsaning Allah. Manawi pancènipun ing wêkdal punika pancèn sanès mangsanipun iyasa cap warni-warni wau, nanging malah sawêg mangsanipun manunggil, dados pundi ingkang damêl pêpisahan, sanadyan ngakêna pakêmpalan punapa kemawon, punika kenging winastan golongan sêsakit.

Swaraning sêrat-sêrat kabar sami nukarta, kadospundi dene para satriya têka dèrèng kathah ingkang anggatosakên dhatêng kapêrluan umum, kados ta: kêrêp ngrawuhi parêpatan umum, ngrawuhi têtingalan darma, tuwin sapanunggilanipun, panukarta-panukarta makatên punika sayêktosipun ing raos pancèn inggih damêl kagèt, namung pitakèn kula, punapa inggih pêrlu ta kita para santana ngatingal- ngatingalakên kadarman kita, awit miturut wasitanipun para sêpuh ing kina, kacariyos yèn kita adamêl kasaenan punika kapurih nyêrata wontên ing wêdhèn, nanging kosokwangsulipun yèn kita dipun saeni ing liyan, kêdah dipun sêrat wontên ing salêbêtipun sanubari, murih botên badhe kasupèn utawi ical ing salami-laminipun, ewadene pamanggih kula panukarta-panukarta wau prayogi katampènana sae kemawon, idhêp-idhêp minôngka kangge pamasuhing budi, bokmanawi sagêd saya langkung prayogi ing têmbe wingkingipun, ugêr kita karsa sayuk rukun lajêng gumregah ing damêl, kadospundi murih raosing para kawula ingkang badhe pisah wau, sagêd wangsul kadi duk jaman Mataram, punika sampun ical piyambak panukarta-panukarta wau, sarta kula wani masthèkakên bilih praja Surakarta badhe mulya, pangandikanipun sarjana ingkang sampun nate anjajah dhatêng praja mônca, caranipun ing nagari Inggris punika para darahing nata sami dipun wajibi [waji...]

--- 47 ---

[...bi] ngrakêt manahipun para kawula, sarana anggêbyur dhatêng pandamêl sosial, dene sang nata namung majibi angasta pusaraning praja, amila kawontênanipun ing nagari Inggris wau inggih lastari kêdah santosa, sabab dening raosipun kawula lan gusti gêlêng gumolong dados satunggal.

Sadhèrèk kados sampun cêkap samantên sêsorah kula tumrap para sadhèrèk warga Narpawandawa kakung, samangke gêntos atur kula dhatêng para warga Putri Narpawandawa.

Kulunun manawi pamanggih kula wajibing putri makatên botên kok namung dados pambantu (helpster)nipun para kakung, nanging pancèn kagungan kawajiban piyambak, inggih punika nata bale griya, saha anggulawênthah putra. Anggulawênthah putra punika katêranganipun botên kenging dipun sêpèlèkakên, amargi anak putra kita punika ing têmbe inggih badhe dados wijining bêbrayan donya, amila panggulawênthahipun nalikaning lare taksih alit, sasagêd-sagêd kêdah ingkang ngatos-atos, sabab awon saening panggulawênthah punika dados têtanggêlanipun para sêpuh, babaranipun ing têmbe bilih lare sampun diwasa ingkang ngraosakên, mila lajêng wontên bêbasan: wong tuwa wajib bêbakal, wong anom darma nglakoni, dados pun lare punika mênggahing sayêktosipun namung sadarmi kemawon, nglampahi punapa dhêdhasaranipun (bêbakalipun) tiyang sêpuh.

Sarèhning bab panggulawênthah punika inggih nama sanès pandamêlan sapele, parlu kula andharakên sawatawis, minôngka ular-ularing panggalihipun para putri, kados ing ngandhap punika:

Kauningana, kita para manungsa punika sami-sami titahing Gusti Allah kaanggêp ingkang luhur piyambak, sabab kacriyos manungsa punika minôngka warana utawi wêwayanganipun ingkang Maha Kawasa, mila kita para manungsa kêdah luhur pambêganipun, punika sabab kita wau katitipan nuripun ingkang Maha Luhur. Utamining wêwatakan punika kêdah ginulawênthah sangkaning alit, inggih ing ngriki punika kawajibanipun para kaum ibu, anggèning ngrêksa tuwin nuntuni anak putranipun, kêdah katujokakên sagêda ngindhaki dlajading kamanungsan, luhuring pambêgan lan utamining wêwatakipun, sarana mintiring pangèsthi saha lumintuning pamikir. Dados botên kenging yèn kita [ki...]

--- 48 ---

[...ta] para sêpuh amung masrahakên thok dhatêng pamardining kodratipun kemawon, (sumendhe ing pasthi), amargi têmbung pasthi punika amung têgês karampungan, dados botên wontên pasthi manawi dèrèng wontên pastha. Pasthi wau ing basa Arab winastan: takdir, saking têmbung kodar, yèn tiyang Jawi mastani kadar, têgêsipun kasagêdaning panindak. Takdir wau wontên warni kalih, inggih punika:

1. Takdir mualak, 2. Takdir mubaram

Takdir mualak punika panyipta ingkang dèrèng dipun laksanani ing pandamêl (pakarti) ngantos dumugi sajêdhugipun, amila inggih taksih sagêd ewah gingsir utawi wurung, beda kalihan takdir mubaram, punika panyipta ingkang sampun sinêmbadan ing pandamêl ngantos dumugi sarampungipun (sajêdhugipun) tamtu kemawon sampun botên sagêd ewah gingsir.

Awit saking punika manungsa kawajiban istiyar, ambudidaya ngangkahakên ingkang dhumawah ing karaharjan, sarana pamawas tuwin kalantipaning manah, ewadene sarèhning manungsa makatên sarwa apês gêsangipun, saèstunipun inggih kêdah adhêdhasar panarimah sabar tawêkal. Dados bokmanawi klèntu utawi wontên tuna dungkaping pamawas satêmah malèsèt utawi kacidran gêgayuhanipun, punika botên kok saking cidraning kodrat, nanging kita kêdah nyampurnakakên pambudinipun piyambak, supados langkung patitis.

Mênggah kodrating Pangeran punika langgêng, nanging manawi dipun sumêrêpi sarta dipun pirantosi, lajêng santun kadadosan, kados ta: upaminipun tiyang dhawah saking awang-awang, punika dumuginipun ing siti, têmtu rêmuk dados galêpung, nanging manawi dipun saranani dhawahipun wau anggandhul balon, utawi payung, dhawahipun ing siti tamtu wilujêng, tiyang slulup ing toya botên sagêd dangu, amargi manawi dangu têmtu pêjah kaplêpêgên, nanging bilih dipun pirantosi, sagêd dumugi dhasaring sagantên, kadumugèn anggèning ngupados mutyara, samantên dayaning istiyar ingkang sampurna, dados sanadyan tumitahipun manungsa punika sampun gadhah tulis (lohkilmapul) ingkang minôngka pêpakêming gêsangipun, nanging sampun ngantos manungsa nyupêtakên istiyaripun, amargi istiyar wau sampun dados wajibing manungsa, kados ta: lare

--- 49 ---

ingkang ringkih sagêd dados santosa, sarana dipun upakara, punapa malih lare ingkang jirih manahipun, inggih sagêd dados kêndêl. Sarèhning daya sampurnaning istiyar wau têrang bilih sagêd ngewahakên kodrating Pangeran, amila kita para tiyang sêpuh lêpat sangêt manawi botên gadhah sêdya amardi mrênahakên dhatêng para anak putranipun, amargi bab pamardi punika botên kenging kita selaki, jalaran sampun kalêbêt sêsanggêman kita anggèning dados lantaraning tumuwuh. Mênggah awon saening dhêdhasaranipun lare punika namung gumantung wontên tiyang sêpuhipun, pramila utaminipun ing sasagêd-sagêd kita kêdah mangrèh cipta kita murih matuh gadhah pambêgan sae, langkung malih manawi kita gadhah raos sêngsêm badhe nitisakên wijining putra, pêrlunipun inggih punika yèn kita katuwuhan wijining manungsa ing têmbe sagêda lare wau kadhasaran saening pambêgan utawi wêwatakan. Inggih dhêdhasar makatên punika ingkang dipun wastani tulis, têgêsipun cithakaning watak saking bapa biyung (rama ibu), ingkang dipun sangokakên dhatêng putra kangge ing gêsangipun. Ewadene sanadyan makatêna kenging kaewahan sawatawis, sabab wataking lare wau kadosdene pasitèn ingkang kasêbaran wiji warni-warni, kita tiyang sêpuh kantun andhangiri punapa kawontênanipun ing ngriku, milih pundi tuwuhan ingkang botên nêdya dipun lastarèkakên, kêdah kabubut utawi dipun pêjahi, kosokwangsulipun pundi tuwuhan ingkang nêdya dipun lastarèkakên lajêng kadhangir sagêdipun subur nuntên angrêmbaka agêng. Dene manawi kita botên èngêt dhatêng watak idham-idhaman kita nalika badhe nitisakên putra, môngka badhe ambombong murih ngrêmbaka tuwuhipun wiji-wiji ingkang sae, tiyang sêpuh sagêd mawas nalikaning lare taksih alit, punapa ingkang dipun sêngsêmi, tumrapipun para sêmbada sagêd nitik sarana nyukani dêdolanan warni-warni ingkang sae-sae, ing ngriku tamtu badhe katingal dolanan punapa ingkang dipun sêngsêmi, inggih punika dhêdhasaraning wêwatakanipun (aanleg).

Sadhèrèk, samangke atur sêsorah kula dhatêng panjênêngan sadaya, cêkap kula punggêl samantên kemawon rumiyin, awit manawi kula lantur ngantos dumugi satêlasipun, ambokmanawi dumugi byar benjing enjing dèrèng rampung, nanging eman-eman paring dalêm lêlangên lajêng botên kêduman wanci, amung minôngka tutuping atur [a...]

--- 50 ---

[...tur] kula, wiwit dalu punika para sadhèrèk warga Narpawandawa kakung, mugi lajêng karsa antêtêpi kawajibaning satriya, anggalih saening praja dalah kawula, tumrapipun para sadhèrèk warga Putri Narpawandawa karsa anêtêpi wajibing wanodya, adamêl wiji ingkang murni, sarana anggulawênthah siwi, supados ing têmbe gêsanging bêbrayan para santana sagêd utami. Manawi pamuji saha idham-idhaman kula punika sagêd kalêksanan, kula wani namtokakên, praja nata sampurna, para santana mulya, sumôngga sami kajôngka.

Wara-wara

Benjing ing dintên Salasa sontên kaping 15/16 Mèi 1934 Narpawandawa badhe damêl parêpatan warga, wontên ing dalêm Panularan (Cakraningratan) pilihan gêgêntosipun pangarsa, saha santun pangrèh anyar, amila para warga supados sasampuna sami isi panggalihan sintên ingkang badhe dipun pilih.

Tiyang Gajah Mati Lan Tiyang Pinggir

Sambêtipun organ ôngka 2.

Wontên kaol malih, mulabukanipun tiyang Pinggir dados inya, punika naluri Kangjêng Pangeran Pugêr nalika timuripun botên wontên toya sêsêpan jodho, namung tansah mular kemawon. Sarêng kasêsêpan tiyang Pinggir, sanalika lajêng kèndêl, sarta sagêd jodho sapanginggilipun, sarêng akiripun Kangêng Pangeran Pugêr wau sagêd jumênêng nata P.B. I. putra-putra dalêm inggih kadhawuhan ngêmpèngi tiyang Pinggir.

Kaol tigang warni ingkang sampun kula andharakên wau, punika sami namung sarining panaliti kula wontên ing Kartasura. Saupami kula cariyosna sadaya kados salugunipun, bokmanawi sadalu dèrèng sagêd kêmput, mila inggih amung kula pêndhêt samantên kemawon. Dene wosipun ingkang dados bêtah kula:

--- 51 ---

1. Tiyang Pinggir asli boyongan lajêng dados coban.

2. Kinanipun botên kenging salakirabi mêdal saking bangsanipun piyambak, Walandi mastani Endogamie kosokwangsulipun Eogamie.Exogamie.

3. Manawi salakirabi ingkang malèni sampeyan dalêm piyambak.

Warni sakawan punika ingkang ngèmpêri kawontênanipun tiyang Gajahmati ôngka 2 inggih punika ingkang nama Pinggir namung ingkang èstri, môngka tiyang Gajahmati pancêring waris ugi wontên èstri, dados kalih pisan ngangge cara Matriarchaat ôngka 3 nêtêpakên ngangge cara Endogamie punika pamanggih kula tuwuhipun saking cara Matriarchaat wau, amargi manawi salakirabinipun punika mêdal saking bangsanipun piyambak, sampun tamtu badhe sirna Matriarchaat tipun, amargi bôngsa sanès-sanèsipun sami ngangge cara Patriarchaat.

Sanadyan cariyosipun tiyang Gajahmati kala wau botên wontên antawisipun ingkang nêtêpakên salakirabinipun kêdah botên mêdal saking bangsanipun piyambak, ewadene nyumêrêpi glagating tatacaranipun Matriarchaat kintên kula kinanipun inggih kaawisan kados caranipun tiyang Pinggir, jalaran sami ngangge cara Matriarchaat wau, dados tamtu inggih botên nyirnakakên caranipun piyambak, malah sagêd ugi tiyang Gajahmati kalihan tiyang Pinggir makatên tunggil jinis sanès nagari, Walandinipun Twee stammen van een ras.

Ing Ngayogya ugi wontên tiyang Pinggir sami adêdunung wontên kampung Pinggiran sakidul Gadhing, karanipun ing ngrika inggih tiyang Pinggiran. Cariyosipun êmbok Ajêng Sinduprêtôndha, randhanipun lurah Pinggiran rumiyin, samangke sampun umur 74 taun, ingkang miwiti ngagêm inya tiyang Pinggiran, punika ingkang Sinuhun Sultan Sapisan, ngantos dumugi Sinuhun Sultan VII punapa sababipun ngagêm inya tiyang Pinggiran, piyambakipun botên mangêrtos, wondene wontênipun nama tiyang Pinggiran, kabêkta saking griyanipun kaprênah pinggiran kitha Ngayogya, dados namung karaning dhusun, mênggah aslinipun saking Blambangan nalika jaman Sultan Agungan, dhatêngipun Ngayogya nyarêngi nalika palihan nagari. Wontên cariyosipun malih saking Kangjêng Pangeran Danurêja, makatên:

Kacariyos salêbêtipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi ngraman, adhêdhukuh wontên ardi [ar...]

--- 52 ---

[...di] Sundara, kagungan putra miyos kakung kanamakakên: Radèn Mas Sundara, punika ingkang kadhawuhan nginyani tiyang saking Blambangan. Dhawuh dalêm, manawi putra dalêm, R. M. Sundara wau sagêd lêstari wilujêng botên wontên satunggal punapa, dipun kauli: samôngsa anak palihanipun imah-imah, ingkang sinuhun kaparêng ningkahakên piyambak, minôngka ganjaraning biyungipun anggèning ngêmpèngi sarta andhèrèk kasakit-sakit salêbêtipun wontên paprangan. Wasana sayêktos sagêd wilujêng sadayanipun, Kangjêng Pangeran Mangkubumi sagêd jumênêng sultan ing Ngayogya, inya wau kaganjar pangkat lurah saturun-turunipun pancêr èstri, mawi kagadhuhan siti sakidulipun nagari. Sarèhne siti wau kalêrês wontên poncoting kitha, mila inggih karan dhusun Minggiran, tiyangipun nama tiyang Minggiran. R.M. Sundara wau akiripun sumilih kapraboning rama jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Sultan Kaping II. Kaparêng dalêm napak tilas sarira dalêm, putra-putra dalêm ugi kadhawuhan ngêmpèngi tiyang Minggiran.

Namung samantên sêsêrêpan kula saking Ngayogya. Sanadyan sajarahipun beda kalihan ing Surakarta, ewadene wontên ingkang sami raosipun inggih punika:

1. Ingkang sinuhun sultan kaparêng malèni. 2. Pangkating lurah tumurun pancêr èstri.

Samangke mangsuli malih dhatêng sêsêrêpan Surakarta kalihan ringkêsan sarta sêsêrêpan sanès- sanèsipun: inggih punika: ingkang sapisan, limrahipun tiyang Surakarta, tiyang Pinggir makatên kawastanan tiyang ingkang dêdunung sapinggiring bangawan, botên sumêrêp manawi punika asli saking Blambangan adêdunung ing Kartasura, dados nama kacawuh kalihan tiyang Minggiran, inggih punika lêrês tiyang ingkang dêdunung sapinggiring bangawan, dede sapinggiring sadhengah lèpèn. Dados têgêsipun, bab wontênipun tiyang Pinggir asli Blambangan, limrahipun tiyang Surakarta sampun sami botên sumêrêp, kajawi para abdi dalêm èstri ingkang kina, amargi nama gulat-gulêt sadintên-dintênipun, wondene tiyang èstri kina wau sumêrêpipun namung anggèning tiyang Pinggir wau asli saking Blambangan nalika jaman Mataram, anggènipun rumiyin kagêm coban, manawi salakirabi ingkang malèni sampeyan dalêm piyambak, jalaran saking anggèning dados kêkasih dalêm. Sarta èstrinipun kajawi dados inyanipun putra

--- 53 ---

putri dalêm, inggih dados abdi dalêm jamban, ugi ambucal sadaya sêsukêr ing ngriku. Kawajiban ambucal sêsukêr makatên punika pamanggih kula nunggil raos kalihan cobanipun tiyang jalêr, wosipun ngêsorakên drajadipun tiyang Pinggir "vernederend" tuwuh saking anggèning piyambakipun punika asalipun tiyang tawanan = slaaf.

Radèn pangulu, kaum Kartasura, Kyai Muhammad Ilham ing Langênarja, sarta pradikan ing Jatisaba, sami nyariyosakên bilih wontênipun tiyang Pinggir kagêm coban, punika jalaran piyambakipun tiyang tawanan saking Blambangan, dados dipun pêjahana dipun pisakita, sampun kalal kemawon. Manawi salakirabi kêdah ngangge wali kakim, sarta talakipun namung kalih, punika sadaya klêbêt wajib wêwênangipun tiyang tawanan slaaf sapriki dèrèng dipun mardikakakên.

Tuwan Wintêr amêwahi sêsêrêpan kawrat ing Tijdschr. v. Ned. Ind. taun kanêm jilid I suraosipun tiyang Pinggir punika manawi wontên prakawis botên kenging dados saksi. Dene cariyos sanèsipun sarta karanganipun para Walandi taksih kathah, kados ta: Tuwan Veth. (Java. dl. I. p. 390). Rooffaer (Encyclop. v. Ned. Indie. III p. 264) Rudolp. (Ind. Gids 6e. jrg. dl. I. p. 85) Altona. tijdschr. Bat. Gen dl. XII aflev. 2) lan sanès-sanèsipun. Nanging sadaya punika langkung cêkak sarta salêsih kalihan ingkang sampun kula andharakên wau, dados kula manah sampun botên wontên paedahipun saupami kula cariyosna sadaya, dene pathining cariyos-cariyosipun ingkang sawêg kemawon kula andharakên punika:

1. Tiyang Pinggir, punika tiyang tawanan slaaf Arabipun, abid, dadosipun têmbung Jawi abdi. Dumugi dintên punika dèrèng dipun mardikakakên (dipun luwari anggèning dados tiyang tawanan).

2. Manawi salakirabi kêdah ngangge wali kakim.

3. Manawi wontên pangadilan botên kenging dados saksi.

4. Talakipun kalih.

Dados gunggungipun kêmpaling pathining gotèk wau warni-warni:

1. Tiyang Pinggir asli tawanan saking Blambangan. 2. Ingkang nama Pinggir namung ingkang èstri.

--- 54 ---

3. Kinanipun botên kenging salakirabi kalihan bôngsa sanès. 4. Manawi imah -imah ingkang malèni sang nata piyambak. 5. Pancêring waris èstri. 6. Anggèning dados tiyang tawanan dumugi sapriki dèrèng dipun mardikakakên. 7. Manawi imah-imah kêdah ngangge wali kakim. 8. Manawi wontên prakawis botên kenging dados saksi. 9. Talakipun namung kalih.

Saking pangintên kula sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula ngèbèr dêdongengan asal-usulipun tiyang Gajahmati tuwin tiyang Pinggir, samangke prêlu ngupadosi sababipun punapa, dene bôngsa kalih warni wau sami gadhah tatacara warni-warni, ingkang talêsipun sulaya sangêt kalihan tatacaranipun tiyang Jawi walaka, pamanggih kula makatên:

Pancêring waris èstri kalihan ingkang winastanan Pinggir punika namung èstrinipun, punika pamanggih kula nunggil têgês synoniem, amargi sok ugi warisipun èstri vrouwelijk erf recht, inggih punika ingkang winastan matriarchaat kawontênan makatên punika sadlerengan radi mokal, nanging sajatosipun botên, ing tanah Minangkabo Sumatra, inggih wontên cara makatên, malah dumugi sapriki taksih tumindak, kangge pasaksèn sakêdhik, dhatuk tumênggung, patih têrbêskikêng Inlansê adpisir ing Batawi, ingkang sadhèrèk ngriki kathah ingkang sampun têpang utawi uninga, punika rumiyin namanipun sutan tumênggung, asalipun sêsêbutan dhatuk sawêg sawatawis taun saking bibèkipun ingkang tilar donya. Sutan maharaja tilas warga rad kawula, punika manawi kula pitakèn anakipun, wangsulanipun kalayan gujêngan, aku ora duwe anak, kuwi anake bojoku. Punika dede sêmbranan, têtêp atasipun tiyang Minangkabo makatên, kawastanan cara matriarchaat wau.

Caranipun tiyang Minangkabo manawi salakirabi, punika botên kok èstrinipun lajêng kaboyong ingkang jalêr, malah jalêripun ingkang ambruk dhatêng griyanipun ingkang èstri, kinanipun wontênipun ngriku satêngah dipun anggêp batur. Caranipun tiyang Gajahmati lan Pinggir, manawi ningali kawontênan makatên punika lajêng kacocogakên kalihan pamanggih kula sampun botên kenging dipun selaki malih bilih tiyang

--- 55 ---

pinggir lan Gajahmati wau jaman rumiyin ngangge cara matriarchaat mila sambêtipun ngantos salakirabi kalihan bôngsa sanès (endogamie) dening bôngsa sanès-sanèsipun sami ngangge cara patriarchaat dados mawi lajêng ngajak bêbesanan, saèstunipun badhe kecalan cara, awit saking kawon kathah cacah jiwanipun sarta kawon wêwênang. Ing alami-lami sarêng kawon suk kalihan jamanipun, sawêg sami purun jêjodhoan kalihan sanès bôngsa, wêkasanipun, inggih kecalan lacak sayêktos, malah samangke asal-usulipun kemawon sampun botên wikan. Sanadyan tumrapipun tiyang Gajahmati botên wontên cariyosipun manawi gadhah cara endogamie ewadene sarèhne ugi ngangge matriarchaat kintên kula rumiyinipun inggih botên purun salakirabi kalihan sanès bôngsa, malah sagêd ugi sakalih-kalihipun wau nunggil jinis, sarta nunggil aslinipun.

Wontên pasaksèn malih tumrap anggèning tiyang Pinggir lan Gajahmati ngangge cara matriarchaat inggih punika anggêr-anggêr bab 18 sarta nawala pradata bab kaping 24 sami mungêl, bilih pabên bab salakirabi tumrap tiyang Kalang kuwawi jalêripun, manawi tiyang Gajahmati lan tiyang Pinggir kuwawi èstrinipun. Sanajan ungêling anggêr kêkalih wau namung sami kêmêngan kemawon, ewadene pamanggih kula sampun cêtha manawi kaparêngipun ingkang iyasa rumiyin mathok bab wawênangipun erfrecht punapa malih manawi nyumêrêpi panyuraosipun Tuwan Mounier bab 24 nawala pradata wau, nalaripun tamtu lajêng saya gamblang dhatêng kaparêngipun ingkang iyasa. Tuwan Mounier anggènipun nêgêsi têmbung: kuwat = wênang, utawi baku, dados bakuning tiyang Pinggir lan Gajahmati punika èstri. Dene anggèning kapacak ing anggêr wau, kintên kula sabab saking kaparêng dalêm angidèni anggènipun kawula dalêm tiyang tawanan anglêstarèkakên tata ngadatipun piyambak, Walandinipun eerbiediging van andermans geloof utawi vrijheid van godsdienst cariyos kula makatên punika amargi sagêd ugi tiyang tawanan wau sami kalilan lastari ngangge agaminipun piyambak.

Anggèning kacariyosakên bilih tiyang Pinggir sarta tiyang Gajahmati punika tiyang tawanan, ingkang ngantos dumugi sapriki dèrèng sami dipun mardikakakên, punika tumrapipun tiyang Gajahmati kula dèrèng angsal pasaksèn ingkang gumathok,

--- 56 ---

kajawi namung saking cariyosipun pradikan Jatisaba kala wau, namung tumrapipun tiyang Pinggir, pasaksènipun sampun maton sangêt, wujudipun sabên bakda Siyam sampeyan dalêm maringi pitrah dalêm kawula dalêm tiyang Pinggir dhatêng pangulon, kasarêng kalihan pitrah dalêm, pitrahipun putra-putri dalêm, sadhèrèk dalêm sêpuh anèm, priyantun dalêm, santana dalêm, sarta abdi dalêm jalêr èstri sadaya, dados têgêsipun tiyang Pinggir punika kaanggêp dados kukuban dalêm = eigendom = slaaf. Tandhanipun sampeyan dalêm botên mitrahi kawula dalêm sanès-sanèsipun, punika sampun cocog kalihan cariyosipun mitra kula bôngsa Arab, awêwaton anggêr agami, suraos bilih tiyang tawanan = abid = slaaf makatên wajib dipun pitrahi, jalaran punika dipun ewokakên ngamal, bôndha rijkdom = bezit wondene punapa sababipun dene tiyang Pinggir taksih kaparingan pitrah (= dèrèng kamardikakên) tiyang Gajahmati sampun botên (sampun mardika), punika kintên kula namung saking kalepyan kemawon, kalih pisan sampun utawi dèrèng sami kamardikakên dening ingkang kagungan. Mardikanipun punika ambokmanawi namung saking kadayan suwakipun sadaya tiyang Abid (slaaf) ing tanah Jawi kawrat wèt katitimangsan kaping 7 Mèi 1859 ordonnansi kaping 7 Mèi 1859 ôngka 46, mila paring dalêm pitrah taksih kalantur sapriki.

Bab anggèning kacriyos manawi salakirabi ingkang malèni sang nata piyambak, jalaran saking anggènipun dados kêkasih dalêm sarta kaanggêp kulit daging piyambak punika sajatosipun botên makatên. Punika yêktinipun wali kakim kados cariyosipun radèn pangulu, kaum Kartasura tuwin Kyai Muhammad Ilham, amargi miturut anggêr agami, tiyang Abid makatên botên wênang malèni, jalaran piyambakipun botên mardika utawi dèrèng têtêp manungsanipun "onmondig" makatên malih sarira dalêm sang nata punika wênangipun malèni namung dhatêng putra santana dalêm piyambak sarta dhatêng sadhengah kawulanipun, ingkang kasêpênan waris, punika winastanan wali kakim. Sarèhne miturut ngadatipun piyambak tiyang Pinggir lan Gajahmati punika ngangge cara matriarchaat, têgêsipun waris èstri, môngka miturut anggêr agami Islam tiyang èstri makatên botên wênang malèni, dados sampun saya cêtha bilih anggèning sampeyan dalêm malèni punika botên sabab saking tiyang Pinggir wau kinasih, namung [na...]

--- 57 ---

[...mung] maligi sabab saking botên wênang malèni utawi wali kakim.

Gandhèngipun kalihan punika lajêng sampun cêtha kemawon anggèning tiyang Pinggir botên kenging dados saksi, amargi piyambakipun rak dipun anggêp onmondig jalaran saking botên mardika, dados kadospundi sagêdipun manjing dados saksi, miturut cariyosipun Tuwan Wintêr ing Tijdschr. v Ned. Ind nalika pangadilan dalêm taksih wontên ngasta dalêm, ingkang botên kakengingakên dados saksi ing pangadilan punika:

1. Tiyang èstri. 2. Lare. 3. Tiyang ingkang botên jangkêp kaèngêtanipun. 4. Tiyang awon (eerlooze lieden). 5. Tiyang pidak padarakan = personen, die een laag of gemeen beroep uitoefenen. 6. Tiyang Pinggir, dados tiyang Pinggir punika kaewokakên tiyang 5 golongan wau.

Namung punapa sababipun dene tiyang Gajahmati botên katut kasêbut, môngka ing nawala pradata anggêr-anggêr kapratelakakên, punika wêktu samangke kula dèrèng sagêd anggagapi, ambokmanawi ing têmbe angsal wêwêngan malih.

Prakawis talak kalih punika miturut cariyosipun mitra kula bôngsa Ngarab awêwaton kitab Al oem lic sjafii. Sampun dados wajib wênangipun tiyang Abid, wontênipun kasuda kalihan wêwênangipun tiyang limrah = Burger Moehammadaan jalaran piyambakipun kaanggêp botên têtêp manungsanipun, nunggil kaol kalihan anggènipun botên wênang dados saksi sarta botên wênang malèni, dados inggih sampun cocog kalihan cariyosipun Kyai Muhammad Ilham sarta kaum Kartasura.

Sasampunipun anggrejah sadaya wajib wênangipun tiyang Pinggir lan Gajahmati awêwaton warni- warni, pamanggih kula samangke prêlu ngupadosi aslinipun tiyang kalih golongan wau supados anambahi dhamanging mainah, namung sarèhne bab punika kula sampun kecalan lacak, dados pangupados kula inggih namung gagap-gagap, lowung kangge [kang...]

--- 58 ---

[...ge] sambèn lêlinggihan.

Miturut limrahipun cariyos, tiyang Pinggir makatên aslinipun boyongan saking Blambangan. Wontên satunggiling kaol saking Rajêgwêsi ing Bojanagara utawi saking Sêngguruh, nanging manawi ningali anggèning gadhah cara matriarchaat punika kula lajêng nuwuhakên pamaibên, jalaran sampun kula cariyosakên kala wau. Tanah Jawi punika kina makina caranipun, patriarchaat dados kasêlak mokal bilih ing Blambangan wontên cara ingkang nyulayani sangêt kalihan caranipun tiyang Jawi limrah, dene Blambangan punika taksih siti tanah Jawi. Mila pangupadosipun pamanggih kula inggih kêdah dhatêng tanah sabrang ingkang wontên cara matriarchaat.

Pamanggih kula makatên punika, angsal biyantu saking Tuwan Rudolph. Dene cariyosipun, nalika jaman Majapait sarta Mataram, inyanipun putra-putri dalêm punika kapêndhêtakên saking Blambangan utawi saking Bali, amargi kacariyosakên bilih toyanipun sêsêpan langkung sae tinimbang toyanipun sêsêpan tiyang Jawi. Sanajan bakuning cariyosipun Tuwan Rudolph wau namung tumrapipun inya sarta taksih miring, ewadene sarèhne inya kraton kala samantên tamtu mêndhêt tiyang Pinggir, dados cariyosipun sang sastrawan wau sampun kenging kula angge ancêr-ancêr pangupados kula dhatêng sajawining tanah Jawi, punapa malih anggèning tiyang Blambangan langkung sae toyanipun sêsêpan, pangraos kula inggih sampun gadhah têgês manawi punika dede tiyang Jawi walaka, amargi manawi tiyang tulèn, punapa sababipun dene toyanipun sêsêpan langkun sae, mokal sangêt. Namung Tuwan Rudolph kula sulayani sakêdhik, dene pangupados kula botên dhatêng Bali, jalaran agaminipun tiyang Bali makatên Siwah Buda, limrahipun botên gadhah cara matriarchaat, namung kadospundi pangupados kula, punika ingkang dados pamanahan lêbêt. Mila cobi dipun saranani saking ngupadosi aslinipun tiyang Gajahmati kemawon, ambokmanawi lajêng sagêd angsal aluran.

Tuwan Altona gadhah kintên bilih tiyang Pinggir sarta Gajahmati punika aslinipun saking [sa...]

--- 59 ---

[...king] tanah sabrang, lêbêtipun tanah Jawi mêdal ing Blambangan. Wontênipun lajêng karan tiyang Gajahmati jalaran saking anggèning cêmêng-cêmêng sarta agêng inggil dêdêgipun.

Kula kala wau nyariyosakên bilih abdi dalêm Gajahmati makatên manawi pinuju pasamuwan agêng dodotipun sêmbagi utawi kurasi, dados beda kalihan kônca-kancanipun sadaya. Kajawi punika sayêktosipun taksih wontên malih bedanipun, inggih punika ukiranipun gana dhapur kodhok mêthongkrong, dede tunggaksêmi. Makatên punika sanajan kula dèrèng nêtêpakên punapa bakuning ukiraning tiyang Jawi rumiyin, tunggaksêmi punapa gana, nanging guru wujudipun sapunika kemawon, ukiranipun tiyang Gajahmati punika nyalênèh sangêt, pamanggih kula ugi sampun kenging kangge ancêr-ancêr malih asalipun tiyang saking sabrang. Wondene sasumêrêp kula, ingkang nggangge ukiran sawarni makatên punika tiyang Sumatra, môngka sa-Indhonesiah ingkang gadhah cara matriarchaat sasumêrêp kula namung tiyang Sumatra, kados cariyos kula kala wau, makatên malih ing tanah Sumatra ugi kathah kapalipun, dados manawi kula piyambak, sampun purun mastani bilih tiyang Gajahmati wau aslinipun saking Sumatra, dhatêngipun ngajawi kaboyong kangge abid, dening pêrang kalihan tiyang Jawi kasoran, namung kala taun punapa dhatêngipun, punika ingkang kula botên sagêd angintên-intên, jalaran saking sêrat babad sêpên babarpisan.

Samangke saking pundi aslinipun tiyang Pinggir, mirid tunggilipun cara matriarchaat kalihan tiyang Gajahmati, pamanggih kula sagêd ugi nunggil asal, namung beda jinisipun kemawon, Walandinipun "twee stammen van hetzelfde ras" kalih-kalihipun saking Sumatra. Namung punapa jalaranipun kanamakakên tiyang Pinggir sarta lêbêtipun dhatêng tanah Jawi punapa inggih lêrês mêdal Blambangan, kados pangintênipun Tuwan Altona punika, kula dèrèng sagêd nêtêpakên, namung wosipun kemawon tiyang Pinggir punika asli saking tanah sabrang ingkang nagarinipun gadhah cara matriarchaat, wontênipun tanah Jawi kadadosakên abid, dumugi sapriki dèrèng dipun mardikakakên. Namung punika sêsêrêpan kula.

--- 60 ---

Dongèngipun Sang Bagawan Wasusarma Dhatêng Radèn Kijing Wahana Sasadhèrèk

Sambêtipun organ ôngka 2.

[Pocung]

nanging rangu tyase sang brahmana wau / dènira miyarsa / sêsambate angrêrintih / wit sang brahma basèng sato wus uninga //

wêdharipun manjangan sêsambatipun / dhuh dewa bathara / baya nora angyêktèni / mring lakuning titah kang mamrih raharja //

amêmayu mring bôngsa pinrih rahayu / kèh lêlabêt ingwang / mring sagung buron wanadri / ingkang padha kênèng wisayèng sujanma //

padha ingsun luwari sangsayanipun / de samêngko ingwang / nandhang sangsaya bilai / dening janma binujung sêdya binêsta //

ngaru napung sambating sangsam kalangkung / ya ta tan antara / ana parmaning dewa di / duk nalika sangsam wus kinêpang- kêpang //

ana muncul sardula lir agul-agul / agro gora sabda / solahe anggêgilani / para janma kang samyarsa mikut sangsam //

ambyar ambyuk sadaya tyase tinêkuk / wangsul nêdya mikat / mring sima kang bêbayani / tandya janma sadaya bujung mring sima //

angarubut ana nyrampang mêdhang luput / sardula wiyana / kadi pakaryèng dewa di / tan tumama warastra kang tibèng angga //

janma agung wênèh akarya bakungkung / ya ta ponang sangsam / sarêng janma ngêbyuk maring / kanang sima pun sangsam lêga tyasira //

sabab sampun sagêd wal saking piyungyun / sangsam tandya milar / sampun mire langkung têbih / wus tan ana sujanma kang munasika //

nging jro kalbu sangsam kanggêg datan kolu / wêlas mring sardula / kang kinuya dening janmi / dadya sangsam nêdya mulat solahira //

mring sima gung kang lagya kinêpung-kêpung / mangkana winarna / duk arsa surup Hyang Rawi / ponang sima wus kalêbèng kala desa //

nanging nanggung singa malbêt ing bakungkung / wus silêm basônta / ginantyan ing waktu ratri / para janma sami mantuk sowang- sowang //

ciptanipun enjinge kewala sampun / sardula kang kêna / ing bakungkung dèn balèni / dipun pikut pinurak gya kinêletan //

duk ing wau Brahmana Mrica puniku / dalah siswanira / ngaturan lêrêm ing dèsi / sacêlaking wana panggenan punika //

mung anurut sang brahmana nulya anut / lêrêm maring desa / lawan sasiswane sami / nèng wismane umbul gung sinuba-suba //

dupi dalu risang brahmana puniku / adarbe panêdha / mring kang gadhah wisma pamit / sêngadine yun têtuwi mitranira // Badhe kasambêt.

- -- [61] ---

Palapuran Lêbêt Wêdalipun Arta Bôndha Pasinaon Narpawandawa (Studiefounds) Wiwit Wulan Januari Dumugi Wulan Dhesèmbêr Taun 1933

[Grafik]

--- [62] ---

Palapuran Lêbêt Wêdalipun Arta Narpawandawana, Wiwit ing Wulan Januari, Dumugi Tutupipun Wulan Dhesèmbêr Taun 1933

[Grafik]

--- [63] ---

April 1934

[Grafik]

--- [64] ---

Salêbêtipun Wulan Besar Taun Be, Ôngka 1864. Dintên Sae Sasampunipun Tanggal Kaping 15 Namung Wontên Kalih

I. Tanggal kaping 21 Sabtu Lêgi, Watugunung, Hyang Uma, mawulu, dadi, sri tumurun lêsung, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

II. Tanggal kaping 27 Jumungah Paing, Sinta, Hyang Brama, mawulu, gigal, tunggaksêmi, lakuning surya, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugi jam 10.48 Jabrail rêjêki.

Salêbêtipun Wulan Mukaram Taun Wawu, Ôngka 1865, Dintên Sae Wontên kalih

I. Tanggal kaping 9 Slasa Pon, Wukir, Dèwi Sri, nohan, was, satriya wibawa. Aras pêpêt, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi 1.12 Ahmat rijêki.

II. Tanggal kaping 26 Jumuwah Kliwon, Tolu, Hyang Endra, kerangan, paningron, wasesa sagara, lakuning rêmbulan, dêmang kandhuruan, sangat wiwit jam 1.12 dumugi 3.36 Yusup slamêt.