Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 5, Mèi 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom

Ramening swaranipun sêrat-sêrat kabar Wlandi, Jawi tuwin sanès-sanèsipun, ngantos muyêk anggènipun sami ngrêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, tiyang sakula ngantos botên kêduman papan, kangge nglairakên pamanggih, dening kawontênanipun rêmbag ing ngriku sampun kinanthenan katrangan-katrangan sakêcapipun, nanging saking muyêking pangrêmbag tumrapipun tiyang ingkang kirang sêsêrêpan lajêng malah bingung, amargi sadaya-sadaya wau sami lêrêsipun kalayan gêgondhelan wêwatonipun piyambak-piyambak.

Manawi pancènipun prakawis punika botên prêlu karêmbag, amargi gawat, dados tumrap sakawula botên gadug nalar pikiran kula, sarta sampun wontên lêpihan-lêpihan ing kina, ingkang sampun tumindak kalampahan, kados ta: kala jumênêng dalêm [dalê...]

--- 66 ---

[...m] Ingkang Sinuhun kaping V, ping VI-VII saha kaping VIII punika sami botên kagungan putra kakung ingkang miyos saking pramèswari dalêm, manawi tumrap kaping VI sanadyan kagungan putra kakung miyos saking pramèswari, inggih punika P.B. IX nanging kala jêngkar dalêm saking Surakarta sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun kaping IX wau dèrèng miyos, dados miturut adat wêwaton ingkang sampun-sampun wau kemawon, sampun prayogi, ewadene sarèhning bab punika ing wêkdal samangke nama sawêg dados rêmbaging ngakathah, mila inggih prêlu kamanah, supados lajêng wontên jêdhugipun, prêlunipun supados adamêl pamarêming ngakathah, pêpiridan kados kala jaman jumênêng dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VII guprêmèn lajêng adamêl undhang kados ing ngandhap punika:

Awit Ingkang Asma Kangjêng Raja, Ingkang Maha Agung

Kangjêng guprêmèn ing Nèdêrlan Indhiya, wus lawas anggone prêlu amranata, kang bakal anggêntosi ratu ing kadhaton Surakarta Adiningrat, awit saka sêpêning Pangeran Adipati Anom, sarta sêpêne putra kakung ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII marmane kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral ing Nèdêrlan Indhiya, wus mundhut rêmbuge para rad Indhiya, sarta gawe pranatan iku mau murih lastaria raharja lan têntrême karaton ing Surakarta Adiningrat, sarta wus naliti undha-usuke para pangeran, lan para panggêdhe, kang padha anduwèni wajib dadi Pangeran Adipati Anom, amarga saka trahe utawa katrimane, apadene pranatan iki rujuk karo panggalihe lan karsane ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, paring wuninga kalawan layang undhang-undhang, marang para pangeran, utawa para panggêdhe, utawa sarupane kawula ing Surakarta Adiningrat, kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Manawa ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping VII seda, Pangeran Adipati Angabèi kang bakal kaangkat susuhunan ing Surakarta Adiningrat, amarga saka katrima pangabdine, sumurup dadi tandhaning lumuntur saka salirane dhewe.

Dene Pangeran Prabu Wijaya, putrane suwarga ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan [Susuhuna...]

--- 67 ---

[...n] Pakubuwana kaping VI kang sêpuh dhewe, bakal diangkat Pangeran Adipati Anom, yèn Pangeran Adipati Angabèi seda dhingini, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII Pangeran Prabu Wijaya bakal tumuli kaangkat Pangeran Adipati Anom.

Bogor kaping 5 Oktobêr 1857.

Makatên kawontênan kala jaman jumênêng dalêm ingkang Sinuhun kaping VII. Samangke mangsuli kawontênanipun rêmbag-rêmbag ing wêkdal punika, sasampunipun swaraning sêrat-sêrat kabar wau nama sampun dawêg, Trêsna Praja pakêmpalanipun abdi dalêm patuh, nalika tanggal kaping 30-31 Marêt kapêngkêr punika, damêl pêpanggihan kalihan wêwakilipun pakêmpalan putra santana dalêm, sarta para pakêmpalanipun abdi dalêm, inggih punika: pakêmpalan Narpawandawa, garap bon, pangrèh praja bon, pananggap, kadipatèn anom, garap kabupatèn, prajurit kartipraja, kalurahan, tuwin pangrèh agêng punggawa kalurahan, tuwin para ingkang sami amigatosakên, angrêmbag swaranipun sêrat-sêrat kabar wau, amargi manawi namung dipun kèndêlakên kemawon, kamanah sagêd andadosakên kirang prayogi tumrap kaluhuran dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjeng susuhunan, tumrap para putra dalêm sarta sumrambahipun dhatêng praja karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, amila murih andadosakên prayogi ing sadayanipun, para wakiling pakêmpalan-pakêmpalan wau inggih sami rumaos, bilih anggènipun angrêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika nama sumêngka, nanging sarèhning bab punika pancèn prêlu sangêt kêdah karêmbag, dados inggih kapêksa lajêng sami purun tumandang angrêmbag, kalayan sucining manah, adhêdhasar sih sutrêsna bêkti sumungkêm tuwin rumêksa ing salira dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, sumrambahipun dhatêng praja karaton dalêm, wondene pinanggihing rêmbag, para wêwakiling pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami pêpanggihan wau, lajêng ngaturakên sêrat paturan dhatêng nagari, wosing suraosipun kemawon kados ing ngandhap punika:

Ha. Sadaya para wakil wau sami manah pêrlu tumuntên wontênipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, sagêda lajêng nyirêp [nyi...]

--- 68 ---

[...rêp] wontênipun swara warni-warni wau, supados sampun ngantos anjalari kirang prayogi tumrap kaluhuraning praja karaton dalêm, saha pêrlu kangge rumêksa sarira dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Na. Botênipun, inggih nyuwun dipun wontêni wêwakil utawi calon ingkang têtêp, kangge nyalangi, bokmanawi prêlu lajêng kenging kalastarèkakên jumênêng nata, dene wontênipun ngangge têtêmbungan wakil utawi salon ingkang têtêp ing ngriki punika, amargi para pakêmpalan ingkang sami ngintunakên wakil wau taksih sami angajêng-ajêng sarta mêmuji sangêt, mugi-mugi tumuntêna wontên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ingkang miyos saking pramèswari dalêm. Ewasamantên sadaya wau inggih namung kasumanggakakên sakaparêngipun karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana.

Ca. Mênggah ingkang kasêbut aksara: ha, sarta na, ing nginggil wau, ingkang minôngka sarana kangge ngicalakên èwêd pakèwêd, saha anjagi sampun ngantos andadosakên ebahing praja, punapa malih lajêng dadosa wêwaton salami-laminipun, inggih punika calon panjênêngan dalêm nata utawi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Punika prayogi kaurutakên miturut wêwaton ingkang sampun kêrêp tumindak kalampahan kados ingkang sampun-sampun, ingkang prasasat sampun dados adat waton, sarta sampun nocogi raos tuwin larasan Jawi, mêndhêt larasipun ingkang kajumênêngakên. Dene manawi ingkang lêrêsipun kajumênêngakên wau, wontên cacadipun ingkang gêgayutan praja, punika sawêg mêndhêt ingkang rayi kakung tumuntên, makatên sapiturutipun. Wondene ingkang nama cacad punika botên namung sacacad-cacadipun, nanging kêdah cacad agêng utawi ingkang gêgayutan praja.

Makatên putusaning rêmbag pêpanggihanipun para wêwakiling pakêmpalan- pakêmpalan kasêbut ing nginggil, samangke kita kantun amêmuji kemawon, mugi-mugi sêrat paturan dhatêng nagari wau sagêda tumuntên kinabulakên lan dipun sêsuwun ing Gusti Ingkang Murbèng Alam tumuntênipun anurunakên wahyu Pangeran Adipati Anom, [Ano...]

--- 69 ---

[...m,] supados lajêng sagêd anyêmbuh karaharjan, kaluhuran lan karahayoning praja karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, sumrambahipun dhatêng putra santana, abdi tuwin kawula dalêm sadaya.

Turunan Wara-wara

Batawi kaping 2 Pèbruari 1934.

Bab Anglêmpakakên Wang Krêtas

Katur para algêmènê onpangêrsêlan kas ing Indhiya Nèdêrlan.

Kados kawrat ing sêrat wara-wara katitimasan kaping 7 Juli 1932 ôngka G.P.d. (54) 3. Bab nyuwak sarta nglêmpakakên wang krêtas ingkang kawêdalakên Yapasê Bang, wêdalan taun 1897, 1898, 1899, 1900, 1901, 1902, 1903, 1905, 1906, 1907, 1908, 1910, 1911, 1912, 1913, 1914, 1916, 1917, 1918, 1919, 1920, 1921, 1922, 1923 sarta 1924 ingkang kengingipun kalintokakên kêdah sadèrèngipun tanggal 31 Marêt 1934 panyuwun kula sanadyan sasampunipun tanggal 31 Marêt ngajêng punika, wang krêtas wau namung lampah kabayarakên dhatêng up kantor Yapasê Bang ing Batawi, manawi wontên krêtas wêdalan kados ingkang kasêbut ing nginggil wontên tanggal 31 Marêt, utawi sasampunipun kalintokakên dhatêng kas panjênêngan, supados lajêng dipun lintoni.

Wondene bab anggèn panjênêngan badhe nyêtorakên utawi ngintunakên wang krêtas ingkang sampun panjênêngan tampi, kula aturi mriksani wara-wara kaping 7 Juli 1932, kajawi punika kas odhêr, P.T.T. ugi kawajiban mitulungi nampi, amila manawi ing sêtoranipun wontên wang krêtas ingkang pancènipun kasuwak wau, kenging panjênêngan tampi.

Salajêngipun kajagia, wang krêtas wêdalan kasêbut ing nginggil sampun ngantos kalampahan malih.

Tesoring Jendral

Kasêbut wara-wara ing nginggil punika, bokmanawi wontên warga Narpawandawa ingkang kagungan wang krêtas wêdalan taun wau, tumuntên lajêng kalintokna, dados botên badhe nandhang karugian.

--- 70 ---

Ngwontênakên Kawadanan Sinatriya

Nyêkapi pamundhut katrangan ing N.W. ôngka 3-4 taun punika, bab usulipun satunggiling sadhèrèk warga Narpawandawa, supados wontêna kaparêng dalêm, ngwontênakên kawadanan sinatriya, kados ing Mangkunagaran, ingkang murih sagêd anggampilakên palapuran manawi wontên parlu, kabêkta cacahing santana dalêm saya kathah, saha kathah ingkang botên mangêrtos dhatêng kawadananipun, punika pamanggih kula kados ing ngandhap punika:

I. Bab botên mangêrtosipun dhatêng kawadananipun piyambak punika pancèn nyata. Saya kula tiyang dhusun, babarpisan botên mangêrtos. Dene sababipun kajawi pancèn lêpat kita piyambak botên patos anggatosakên, kabêkta botên wontên sêsambêtanipun rêmbag kajawi amung babagan pikêkah asal-silah, bokmanawi ugi kirang sumêbar anggènipun bayawarakakên, punapa malih pilah-pilahipun ingkang tumut golongan kiwa wau utawi têngên, punika kathah ingkang botên mangêrtos watonipun. Manawi anggènipun ngumumakên wau sagêd sumêbar saha kagatosakên, punapa malih pilahing kiwa tuwin têngên wau sadaya para santana dalêm kaparingan sumêrêp watonipun, punika saking pamanggih kula sampun botên parlu dipun wontêni kawadanan sinatriya. Amung wanci bikaking kantor kawadanan putra santana dalêm ingkang sampun wontên punika, dalah priyantunipun ingkang dados garap, ugi parlu kabayawarakakên, supados sagêd anggampilakên tumindakipun para santana dalêm manawi wontên parlu. Awit kula kuwatos, badhe wontênipun kawadanan sinatriya wau amung badhe mêwahi wêdaling arta kas (nagari utawi karaton).

II. Ewadene, manawi badhe wontênipun kawadanan sinatriya wau botên badhe mêwahi wêdaling arta kas, ananging malah sagêd angwontênakên tatanan inggal (0rganisatie) ingkang langkung sae saha ingkang sagêd laras kalihan jamanipun, inggih punika sagêd amêwahi raos sêsambêtanipun para santana dalêm dhatêng panjênêngan dalêm nata saha praja dalêm, lajêng ngwontênakên kantor piyambak ingkang mligi kangge manah dhatêng bot repotipun para santana dalêm, kados ta:

Ha. Manah para santana dalêm ingkang sami botên gadhah padamêlan (Werkloos).

--- 71 ---

Na. Manah para santana dalêm ingkang badhe nyakolahakên utawi badhe nglajêngakên pasinaoning anakipun etc. karibêdan waragad utawi pamanahan kabêkta kirang jêmbar sêsêrêpanipun.

Ca. Manah para santana dalêm ingkang sami karibêdan sabab kenging prakawis punapa kemawon, kabêkta saking kirang jêmbar sêsêrêpanipun. (Nanging sadaya wau amung lugu maringi sêsêrêpan saha adphês), ewadene sagêd dados rèh kêndhêhbirao pisan, inggih saya prayogi.

Ra. Manah para santana dalêm ingkang sami risak panggêsanganipun ingkang sami lajêng atindak asor saha dudu, ingkang lêlajênganipun lajêng sagêd damêl kucêming karaton dalêm, punika sagêda tansah kaèngêtakên sarana sêsorah, kaprêdi utawi kapadosakên padamêlan ingkang lajêng sagêd nama botên risak sangêt-sangêt gêsangipun. (Sukur lajêng sagêd anggalih wontênipun sêtatèksêp kuwitasi kang kangge para santana dalêm).

Ka. Manah para santana dalêm ingkang supados mangrêtos yêktos saha katuntun dhatêng watak kasatriyan, ingkang tundonipun lajêng sagêd mahanani wêwahing sumungkêmipun dhatêng panjênêngan dalêm nata saha praja dalêm.

Punika kados inggih prêlu kawontênanakên bêbadan satunggal kados usul wau. Nanging manawi botên badhe kabangun inggal kados atur kula ôngka II, kasêbut ing nginggil, botênipun inggih mirib kalihan punika, kados botên prêlu kawontênakên kawadanan sinatriya. Cêkap kaundhangakên kados pamanggih kula ôngka I.

Wasana kula amung sumôngga dhatêng para ingkang kawogan.

Têmon kaping 21 April 1934.

Warga ôngka 85, Dirjasastra.

Kawadanan Santana Dalêm

Wêdalipun organ Narpawandawa ôngka 3-4 angêwrat usulipun salah satunggaling sadhèrèk warga, amrayogèkakên dipun wontêni wadana sinatriya, kadosdene ing kadipatèn Mangkunagaran, prêlunipun supados ang [...]Tulisan tidak terbaca.

--- 72 ---

nindakipun bilih wontên para santana kagungan prêlu ingkang gêgayutan kawadananipun ing sawanci-wanci, punika manawi pamanggih kula botên rujuk, amargi para santana dalêm wau dipun wontêni wadana kalih kados kawontênanipun sapunika kemawon, prasajanipun kathah ingkang kirang mangrêtos dhatêng silah-silahing kawadananipun (kiwa punapa têngên) langkung malih para santana alit-alit ingkang botên adêdunung wontên ing nagari Surakarta, punika sagêd ugi mirêng kemawon dèrèng, manawi para santana dalêm punika wontên wadananipun, jalaran kajawi têbih gêgandhenganipun para santana ingkang sami botên angsal balônja waris, utawi botên suwita dados abdi dalêm, punika kalihan kawadanan awis sangêt, prasasat kenging kabasakakên botên wontên babarpisan, cacak santana ingkang suwita dados abdi dalêm kemawon inggih awis sêsrawungan kalihan kawadananipun santana, punapa malih nitik kawontênan tangkar-tumangkaripun para santana saya dangu saya kathah, têturutanipun awarni-warni, dening campuripun anggèning salakirabi, punika ugi badhe adamêl bingungipun sintên ingkang madanani, upaminipun makatên, canggah dalêm kaping III imah-imah angsal wayah dalêm kaping V lajêng anak-anak, punika putranipun wau madana dhatêng kawadanan pundi (kaping III punapa kaping V) amila saking pamanggih kula wadananing putra santana dalêm punika malah langkung prayogi amung satunggal kemawon, botên kiwa botên têngên, tur ugi nyuda wragad, dening sudanipun balônja garap sabêbaunipun, sarta arta tulah wadana, pigunanipun tumrap para santana alit-alit botên adamêl bingung, tumrapipun wêdaling arta karaton inggih sagêd irit, punika nama laras kalihan mangsanipun.

Awit saking punika kula amung mêmuji tumuntên wontênipun jumênêngan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang minôngka pandam pangayomanipun kita para putra santana dalêm, sumrambahipun dhatêng para abdi tuwin kawula dalêm sadaya. Manawi pamuji pangajêng-ajêng kula wau sagêd kalêksanan, kados-kados botên badhe mlèsèt sarambut pinara sasra, swara-swara sarta angkara murka tamtu sirêp, para putra santana madhêp, abdi dalêm sami têtêp, mratandhani yèn praja badhe mulya, para kawula sami asuka-suka, wasana kula amung sumôngga.

Warga ôngka 300.

--- 73 ---

Dongèngipun Sang Bagawan Wasusarma Dhatêng Radèn Kijing Wahana Sasadhèrèk

Sambêtipun organ ôngka 3-4.

[Pocung]

kang katêmu duk ambujung sangsam wau / wisma dhusun Patra / kang darbe wisma jurungi / sang brahmana tandya mêdal saking wisma //

mangkat sampun lan ambêkta siswanipun / namung catur janma / wasta pun Kridha satunggil / kalihira siswa kang wasta pun Trasna //

kang katêlu wasta pun Sangga puniku / jangkêpe sakawan / pun Carma ingkang wêwangi / wontên marga siswa catur binisikan //

wosing parlu dènira kesah ing dalu / sêdyane ing driya / amung nêdya nguningani / wasananing si sangsam lawan sardula //

wit duk wau sangsam lan sima puniku / nalika sangsaya / kinuya-kuya kèh janmi / karo pisan padha ngatokkên kasêtyan //

nêdya tulung samining buron wana gung / kang kênèng wisaya / saking pakartyèng sujanmi / sagaduge nêdya tulung kang sanyata //

siswa catur suka miyarsa pitutur / malah sanityasa / mangônta-ônta jro ngati / nuli wruha paran wêkasing parasdya //

marma laju lampahe brahmana wau / pra siswa tut wuntat / tan dangu lampahe prapti / sacêlaking bakungkung kang isi sima //

amrih patut sang brahmana anyalinthut / lan kang para siswa / tanpa nyuwara kalêsik / ragi ngiwa amèt papan kang prayoga //

manggèn sampun ampingan witing trênggulun / lawan siswanira / pados titining pangintip / kadiparan wasanèng sangsam lan sima //

ya ta wau datan sawatara dangu / sangsam nulya prapta / gèning sima kang kaswasih / langkung susah nèng bakungkung tan bisobah //

sangsam jêtung jêngêr nèng ngarêp bakungkung / nulya dènnya ngucap / sangsam winoran mêmanis / hèh sardula tuhu kêkasihing dewa //

wruhanamu sun iki rikala mau / ngrasa kapotangan / maring sira kang sayêkti / jêr ta ingsun nalika kinuya-kuya //

ing janma gung kinitêr-kitêr kinêpung / wus mèh kaprawasa / kurang thithik bae mami / wurung sangsam dadi dhèndhèng kalampahan //

nging rahayu dening ta pitulunganmu / môngka kaprahira / lupiyane ingkang mêsthi / ingsun ingkang mung dadya mêmangsanira //

nanging wêktu iki lêlakone dudu / eloking jawata / kinarya buwana balik / dene sira maringsun malah sung gêsang //

yêkti ingsun kudu rumasa kalamun / utang kabêcikan / maring pakênira yêkti / marma mêngko sardula sabisa-bisa //

sêdyaningsun maring pakênira ayun / nyaur kabêcikan [kabê...]

--- 74 ---

[...cikan] / ponang sima amangsuli / iya sangsam bangêt ing panrimaningwang //

nging wruhamu / gon ingsun têtulung mau / sangsam marang sira / sajatine kang sayêkti / sira ingkang dhihin potang kabêcikan //

mring wak ingsun rikalanira rumuhun / sutaningsun priya / nandhang sangsaya katindhih / dening sela wus tan bangkit ngingkêtana //

wus mèh layu dening katindhihan watu / luwar saking sira / wurung mati dadi urip / praptèng mêngko sutèngsun wus bêbranahan //

kang kadyèku prasasat sira satuhu / nyambung turun ingwang / kongsi tulus lumastari / kang mangkana tarlèn saking sih marmanta //

mulanipun sanadyan ta mêsthinipun / karsaning jawata / sira iku wajib dadi / mêmangsane bangsaku bôngsa sardula //

nanging tyasku têka kumêdah kumudu / mèngêt kabêcikan / ngong lali-lali tan lali / mulanira nalika sira sangsara //

pinrih layu kinêpung mring janma dhusun / ingsun manrang baya / nirwikara andêrpati / saka dening èngêt kabêcikanira //

sangsam ngrungu pangucape sima wau / manggut lawan ngucap / bênêr tekadmu kesari / tyas kang nêdya widadaning pawong mitra //

kudu-kudu ngèngêti tingkah rahayu / alane binuwang / siningkur dèn lali-lali / beda lamun mangèsthi crahing pamitran //

kang ginêlung ardaning tyas kang dèn ugung / gêbênganing cipta / alane dèn eling-eling / de bêcike siningkur nèng pêpungkuran //

[Pangkur]

kalakuan kang mangkana / wus tan nêdya eling samèng dumadi / ardaning tyas kang dèn êtut / suka andhêdhêr mêngsah / beda kang wus lêbda myang ywanjanèng kewuh / tumuwuh mung amrih wêwah / kautamaning ngaurip //

uripe nèng marcapada / widadaning dêdalan mrih utami / iku ngamal kang mulya gung / kanggo ing kene kana / he wruhanta sardula sajatinipun / kabèh saisining jagad / nora ana kang lêstari //

upama gêbyaring kilat / iya iku gambare ing ngaurip / yèn bangêt gone tan urus / urip nèng marcapada / parlu apa kapati-pati toh lampus / rêbut pangan myang kamulyan / linakon lan tyas dur karti //

tibane amung sapala / yèn wus blêndhang thokthêle banjur mati / iku kawruhana tuhu / sardula jroning gêsang / sayogyane mung mamèta tyas rahayu / tulung maring kabêcikan / kalayan eklasing ati //

marma samêngko sardula / karêp ingsun ihtiyar mrih basuki / luware saking bakungkung / ananging kudu sira / manut maring ngakal myang pratikêl ingsun / sardula mangsuli nabda / ngong manut rèhira yêkti //

sangsam malih sabdanira / sesuk esuk yèn ana janma prapti / marani maring bakukung / yun ngambil [ngambi...]

--- 75 ---

[...l] maring sira / ingsun banjur ngaton nêdya ambêbedhung / supaya janma kang samya / ngêpung bakungkung prasami //

banjur ngudia maringwang / dadimène padha katungkul sami / mêngko yèn ingsun binujung / nuli sira sardula / amêngkanga maring dwaraning bakukung / pêsunên sajroning cipta / nuwuna sihing dewa ji //

prasudinên dipun kandhas / kongsi praptèng dhêdhasar poking ati / yèn têmên-têmên ing kalbu / sayêkti tan rêkasa / pinrih mênga wiwaranirèng bakungkung / de lamun wus tinarima / dening jawata linuwih //

kang wiwara wus kabuka / sira banjur ngendranana kang têbih / lawan ing panjaluk ingsun / yèn sira wus bisoncat / ing bêbaya nèng têba yogya sira sung / pratandhaning karaharjan / luwaring duhkita jati //

anggroa ingkang sarosa / dimèn ngrungu dening kuping ngong kalih / parlune supadi ingsun / wêruh kaananira / yèn wus luwar saking jronirèng bakungkung / ingsun banjur milar gêblas / pambedhung ingsun uwisi //

rèh sira wus bisa oncat / ucul saka bêbaya kang bayani / lan maning panêdhaningsun / prasêtyaa ing dewa / bokmanawa têmbe wuri turun ingsun / yun kamôngsa turunira / yèn wus sung pratôndha muni //

anjrit sumêngèr amilar / wèh sasmita yèn iku têdhak mami / sanadyan turunmu mau / yogya nulya cinêgah / ing jawata pamangsane dadi wurung / banjur padha rumakêta / atut-runtut ing sasami //

wondene lamun manawa / ana turun ingsun salah sawiji / ayun dèn môngsa turunmu / nora suka pratôndha / lah ing kono iku wus kêni kalamun / binanjurakên minôngsa / rèh têgêse iku yêkti //

wus kalilan ing jawata / tan dadyapa iku lamun binukti / rèh wus kaidèn satuhu / dening Hyang Siwahboja / kang amêngku jroning bawana sawêgung / lah wis mung iku kewala / pitungkas ingsun kesari //

yogya sira èstokêna / lah ta uwis karia ingsun bali / nyingit mring sajroning grumbul / singa mangsuli sabda / iya sangsam bangêt ing panrimanipun / muga jawata minulya / asiha maring kaswasih //

kanang sangsam sampun milar / ragi nêbih saking gèning kesari / ya ta sang brahmana wau / dangu dènnya miyarsa / mring gunême sato kewan kalihipun / dahat pangunguning driya / dene buron wana sami //

darbe antêp mring kotaman / susêtyane satata lir sujanmi / têmah kacathêt ing kalbu / wau ta duk samana / sang brahmana lawan catur siswanipun / tandya linggar sing panggenan / wangsul mring pondhoke malih //

nèng marga anggung rêrasan / mring pra siswa bab ingkang wus ingaksi / pra siswa sru dènnya ngungun / wit padha tan uninga [uning...]

--- 76 ---

[...a] / mring basane sato kewan kutu-kutu / wruhe saking winêdharan / mring guru sang brahmana di //

ngungun kanthi sukèng driya / dene antuk tuladan kang utami / ya ta sang brahmana iku / sajroning lumaksana / gung mêmulang mring sakawan muridipun / nanging tan winarnèng kôndha / wêdharing Wedhatama di //

nanging datan winuwusa / sang brahmana sampun prapta ing dèsi / desa pamondhokanipun / wus panggih lan sanggyannya / para siswa kang nèng pamondhokan kantun / ing dalu tan winursita / kunêng kawuwusa enjing //

pra janma desa wus pêpak / sampun sami wangsul maring wadri Kurang satu suku kata: sampun sami wangsul maring wanadri. / angambil sima ingkang wus / kênèng dening sarana / kalêburing sardula jroning bakungkung / wus sami mirantos samya / tan ana kang nguciwani //

dènnya yun anyêpêng sima / Sang Brahmana Marica datan kari / lawan para siswanipun / sami ngupêng angêpang / sakancane sikêp grantang lawan pênthung / dupi janma kèh wus prapta / nyakêti bakungkung nuli //

ponang mangsamsangsam. gya ngatingal / sasolahe dahat mêmanas ati / kagyat pra janma sawêgung / dupi umyat mring sangsam / datan pandung wingi kang mêntas binujung / samya alok barêng surak / he iki sangsam dhèk wingi //

tandya janma sarêng nrajang / ambêbujung ngoyak mring sangsam malih / prasami nilar bakungkung / ya ta kanang sardula / wusnya sami tinilar dening janma gung / katungkul angubrês sangsam / saklangkung suka jro ati //

myang suka sukur ring dewa / nulya krodha sardula mangkrak aglis / bêdhat waraning bakungkung / lawan mêsu ing cipta / anênuwun pitulunging jawata gung / wiwara binêdhat mênga / sardula oncat ngendrani //

wusnya têbih purugira / singa rodra sru anggro gêgirisi / sora swara lir galudhug / yayah ngèbêki wana / duk ing wau sangsam myarsa swaranipun / sardula anggro wèh tôndha / wus luwar saking piranti //

dahat suka jroning driya / sangsam milar ngilang nêdya ngoncati / samana mêsat sumêbut / janma kèh wus kelangan / datan wêruh sangsam ngêndi purugipun / wus samya kapatèn lacak / janma kèh gya wangsul sami //

nêdya angambil sardula / kang wus anèng bakungkung wiwit wingi / ya ta dupi prapta sampun / gèning sardula miyat / samya kagyat de bakungkung katon suwung / sardula wus nora nana / bêjat rusak ingkang kori //

sadaya wus samya nyipta / lamun sima miruda bêjat kori / wêkasan mung sami gêtun / nulya janma sadaya / bubar saking wana sowang-sowang mantuk / ya ta wau sang brahmana / lan sagung siswane sami // Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Palapuran Lêbêt Wêdalipun Arta (Sêtidhipon) Bôndha Pasinaon Narpawandawa, Wiwit ing Wulan Juli 1930, Dumugi Tutupipun Wulan Dhesèmbêr Taun 1932

[Grafik]

--- [0] ---

Palapuran Wêdalipun Arta Narpawandawa, Wiwit ing Wulan Januari Taun 1932 Dumugi Tutupipun Wulan Dhesèmbêr Taun 1932

[Grafik]

--- [0] - --

Salêbêtipun Wulan Sapar Taun Wawu, Ôngka 1865 Dintên Sae Wontên:

I. Tanggal kaping 2, Kêmis Lêgi, Gumbrêg, Hyang Uma, dangu, paningron, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki. Utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad slamêt.

II. Tanggal kaping 15, Rêbo Wage, Warigagung, Hyang Rudra, nohan, was, satriya wibawa, aras tuding, macan katawang, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12 Jabrail slamêt.

III. Tanggal kaping 22, Rêbo Lêgi, Julungwangi, Hyang Endra, mawulu, gigis, sri tumurun paturon, sumur sinaba, aras kêmbang, (rakamipun botên sae, dêmang kandhuruan, namung sampun kaayoman dening tumuruning sri, dados sae) sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Ahmad slamêt.

--- [0] ---

Mèi 1934

[Grafik]