Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 6, Juni 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kawontênanipun Pangrèh Narpawandawa, Miturut Putusan Parêpatan Agêng Taunan Kapêngkêr (Kaping 15/16-5-34) Kados Ing Ngandhap Punika:

1. Pangarsa, B.K.P.H. Kusumayuda. 2. Mudha Pangarsa, B.K.P.H. Surya Amijaya. 3. Panitra I, R.M.Ng. Sasrakusuma. 4. Panitra II, R.M.Ng. Purwasastra. 5. Artaka I, R. Dr. Sutarna. 6. Artaka II, R.M.Ng. Atmamijaya.

7. Para panitya, 1. K.P.P. Suryadipura, 2. K.P. Arya Panular, 3. R.M.H. Cakrawinata, 4. R.M.Ng. Sasraruwiya, 5. R.M.Ng. Wiraatmaja.

--- 78 ---

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan, Nalika ing Dintên Salasa Sontên Kaping 15/16 Mèi 1934 Wontên ing Panularan

Para pangrèh ingkang rawuh:

1. B.K.P.H. Kusumayuda. 2. R.M.Ng. Sasrakusuma. 3. R.M.Ng. Purwasastra. 4. R. Dr. Sutarna. 5. R.M.Ng. Atmamijaya. 6. K.P.P. Suryadipura. 7. K.P. Arya Panular. 8. R.M.H. Cakrawinata

Para warga ingkang rawuh kirang langkung 150 para tamu kakung putri watawis 50.

Para pakêmpalan tuwin sêrat-sêrat kabar ingkang sami ngintunakên wakil, 1. Mardiguna, 2. Garap Bon Surakarta, 3. P.K.S., 4. Darah M.N., 5. P.K.M.N., 6. P.P.B. Surakarta, 7. H.B.P.P.B., 8. H.B.B.O., 9. Kridhawacana, 10. Kadipatèn Anom, 11. Radyapustaka, 12. Abipraya, 13. Kawruh Kaniyagan, 14. Putri Narpawandawa, 15. P.P.K.D., 16. P.B.I. pang Surakarta, 17. Kumandhang Rakyat, 18. Tekad.

Wanci jam 7.45 mudha pangarsa amêdhar sabda, kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, pangrèh Narpawandawa ngaturakên pambagya wilujêng dhatêng para sadhèrèk, utus-utusaning para pakêmpalan, wakil sêrat-sêrat kabar, tuwin para warga sadaya, anggènipun sampun sami kaparêng marlokakên rawuh, sarta ngaturakên panuwun dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Panular, anggènipun sampun kaparêng paring papan sapirantosipun, kangge ajanging parêpatan dalu punika, punapa malih ngaturakên panuwun dhatêng pangrèhing Mardi Raras dalah sawarganipun, anggènipun sampun kaparêng damêl muryararas punika mangke.

Sadhèrèk, wontênipun Narpawandawa sawêg damêl parêpatan dalu punika, amargi nyarêngi môngsa malaisê makatên punika Narpawandawa prêlu kèndêl sawatawis, anjagi wontênipun arta kas, sabab saking palapuranipun artaka lêbêtipun arta urunan (kontribisi) saking para warga, kalêbêt mundur, kalayan mawas angulat-ulatakên ebahing jaman, prêlunipun supados waspada sarta sampun ngantos tuna dungkap pamawasipun, kajawi sawêg nyarêngi môngsa makatên, pangrèh ngiras milang-miling pados calonipun pangarsa, minôngka gêgêntosipun B.K.P.H.

--- 79 ---

Adiwijaya, ingkang samangke sampun dados warga gêdhêlêgirdhê rad kawula. Ewadene salêbêtipun kèndêl wau, pangrèh ugi botên anglirwakakên kawajibanipun, kados ta:

Ha. Tumandang ing damêl manah bab wontênipun tatanan wêwatonipun konprènsi praja Kajawèn, ingkang limrahipun kawastanan pèdhêrasi, lajêng wontên wiyosing dhawuh timbalan dalêm, kawrat sêrat dhawuh nagari katitimangsan kaping 24 Juli 1933 ôngka 464 C/4/I sampun kapacak wontên ing organ kita taun 1933 ôngka 8.

Na. Wakil kita ing P.P.S. nglajêngakên rêmbag tumuntênipun wontên rad bale agung.

Ca. Nuntun adêgipun pakêmpalan Putri Narpawandawa, dumugi sapunika gêsangipun katingal nyênêngakên, warganipun tansah tambah-tambah sarta katingal sayuk rukunipun.

Ra. Utusan andhatêngi pêpanggihanipun para wakil pakêmpalan-pakêmpalanipun para abdi dalêm, ingkang dipun ajangi pakêmpalan Trêsna Praja, angrêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Ing salêbêtipun Narpawandawa kèndêl wau, pangrèh amanoni kawontênan warni kalih, ingkang atêgês kosokwangsul, satunggal kawontênan badhe nyênêngakên manah, satunggalipun nyêdhihakên. Kawontênan ingkang nyênêngakên inggih punika badhe thukulipun rad bale agung, ingkang sampun dangu dados idham -idhamanipun para kawula isining praja Surakarta. Pangrèh mirêng yakin yèn bale agung wau badhe tumuntên ngadêg, ing têmbe manawi rad bale agung punika sampun kalampahan lair, tamtu kemawon tindak tandukipun nagari badhe sagêd sumiyar, sabab parêpatanipun rad bale agung angrêmbag kaparluanipun nagari kadamêl opênbar, dados botên ngêmungakên para pakêmpalan kemawon ingkang sagêd nyumêrêpi, sanadyan sadhengah tiyang ugi sagêd nyumêrêpi kadospundi cak-cakanipun nagari anggènipun ngasta kêmudhining praja, namung kemawon sadhèrèk, pamirêngipun pangrèh taksih wontên gothangipun sakêdhik, dene lairipun rad bale agung wau dèrèng sangkêp prabotipun, inggih punika bab anggènipun dèrèng angsal wawênang onschendbaarheid ananging Narpawandawa pitados, manawi amung bab onschendbaarheid kemawon, ing têmbe tamtu angsal piyambak, awit botên wontên utawi dèrèng wontên têtuladanipun satunggiling

--- 80 ---

bêbadan ingkang makatên wau tanpa wawênang onschendbaarheid dening punika pancèn sampun dados gêgandhenganipun, minôngka prabot.

Sadhèrèk, samangke punapa ta kawontênan ingkang nyêdhihakên manah, inggih punika bab lêbêtipun arta nagari, kapetang kathah sangêt sudanipun, pamirêngipun pangrèh nagari ngantos acomprang-camprèng. Ing ngriki gumyahing ngakathah ingkang dados sêkar lathi, bab suwunan sudaning paos kabudidayan, botên dumunung nyambut, dados têgêsipun ambibrah prajangjian, ingkang sampun dipun sanggêmi. Môngka nalika jaman mubra-mubru, para kabudidayan sami asugih arta, babarpisan botên wontên rêmbag suwunan ngindhaki sêsanggènipun paos, ewadene sanadyan makatêna Narpawandawa mastani dèrèng nama kêsangêtên, amargi kawontênan gêsangipun para kabudidayan ing wêkdal sapunika pancèn inggih nama rêkaos, namung sarêng wontên suwunan malih nyuwun ewahing tatanan paos anyar, (Herziening van pacht) ingkang tundonipun inggih namung sak badhe nyuda paos, dèrèng ngantos rampung panatanipun, lajêng wontên suwunan malih sudanipun paos, ingkang botên sakêdhik petangipun, sarta dipun wiwiti sapunika, makatên wau Narpawandawa mastani yèn katingal ambujêng bêtahipun piyambak, botên ngèngêti cêkaping bêtahipun nagari, lan rêkaosing kiwa têngên, ingkang lajêng dipun sanggèni paos anyar, utawi wêwah paosipun, amila inggih tamtu kemawon yèn lajêng nukulakên botên narimahipun kiwa têngên, sarta tumrapipun nagari inggih tamtu ribêt panindakipun, sabab dèrèng samêkta, jalaran suwunan sudan paos wau kawiwitan sapunika. Amila Narpawandawa angajêng-ajêng mugi nagari utawi pamarentah sagêda waspada, saha kaparêng anggalih ingkang yêktosan, sampun namung mituruti kemawon, supados sagêd narimahakên ing sadayanipun.

Sadhèrèk, nitik gumêlaring kawontênan, ingkang cocog kalihan pangandikanipun para sarjana, lampahing krisis donya katingal taksih dèrèng mêndha, punika Narpawandawa prêlu anjagi nêtêpi anggènipun dados wandawaning nata, rumêksa ing praja murih widada nir sakara-kara.

Sapunika parêpatan kula bikak.

Kèndêl sawatawis, mudha pangarsa nglajêngakên pangandika, miturut agendha ôngka I

--- 81 ---

nêtêpakên pèngêtan parêpatan agêng taunan ingkang kapêngkêr (sampun kawrat ing organ taun 1932 ôngka 5,6,7,8) punapa sampun lêrês. Para warga mangsuli bilih sampun lêrês, lajêng katêtêpakên.

Agendha ôngka II maos palapuran taunan. Panitra I lajêng maos palapuran taunan kados ing ngandhap punika. Taksih wontên sambêtipun.

Sêrat Katur Rêdhaktur Pakêmpalan Narpawandawa

Nuwun, kula Radèn Ngabèi Mangun Hartana, lid kawrat pratôndha kaping 20 Dhesèmbêr 1931 ôngka 607, (sampun anampèni organ Narpawandawa ôngka 3-4 Marêt, April 1934, ingkang ngêwrat sêsorahipun R.M.Ng. Purwasastra nalika ing dintên Saptu sontên tanggal kaping 10-11 Marêt 1934, punapa ingkang dados wosing sêdya kula angrujuki, saha sasagêd-sagêd ambiyantu sagêdipun kasêmbadan saparlunipun, ananging kadospundi sarana utawi ular-ularipun sagêdipun kasêmbadan praja dalêm sampun kalajêng-lajêng thoklak-thaklik, pamanggih kula para santana dalêm dalah putra-putranipun ingkang angguran (dèrèng dados abdi dalêm) parlu dipun opèni utawi kakukup dening nagari utawi kraton langkung rumiyin, lajêng kaparingan kuwajiban utawi pandamêlan mawi kaparingan balônja sapantêsipun, panatanipun kados ing ngandhap punika.

Ha. Para santana dalêm dalah putra-putranipun ingkang wêdalan saking pamulangan Opleiding saha H.B.S. sasaminipun, sadèrèngipun kakarsakakên dados abdi dalêm, kadhawuhan sinau pandamêlan ingkang badhe dipun lampahi, mawi kaparingan tulah samurwatipun, utawi miturut tatanan tulah, manawi wontên lowongan abdi dalêm ingkang pangkat mantri pulisi, mantri anom sasaminipun, katêtêpakên minôngka pancadan anggènipun kakarsakakên dados abdi dalêm.

Na. Ingkang wêdalan saking pamulangan A.M.S., MULO., EUR.A.B.S. sadèrèngipun katêtêpakên dados abdi dalêm, tumindakipun kados aksara ha. Wiwitipun katêtêpakên dados abdi alêm, kawiwitan carik garap kantor kapatihan [ka...]

--- 82 ---

[...patihan] kraton. Carik prangrèh praja ingkang pangkat I lurah kabupatèn nayaka jawi lêbêt dalah anon-anonipun.

Ca. Ingkang wêdalan saking pamulangan H.I.S. sasaminipun, tumindakipun sakawit ugi kados aksara ha. Anggèning nêtêpakên dados abdi dalêm, kawiwitan saking pangkat carik pangrèh praja pangkat II lurah kampung, bêkêl jajar sasaminipun.

Ra. Ingkang wêdalan saking pamulangan ôngka II sadèrèngipun katêtêpakên dados abdi dalêm, kadhawuhan magang langkung rumiyin, manggèn ing pundi saprayoginipun, mawi kaparingan pasangon kangge adêging magang sabên wulan kathahipun nyumanggakakên kaparêngipun nagari utawi kraton, namung katamtokakên sowan sabên dintên sinau pandamêlan ingkang badhe dipun lampahi, wiwitipun katêtêpakên dados punggawa nagari utawi kraton, kawiwitan: kamisêpuh utawi carik kalurahan kampung, punakawan ing kraton, abdi kapatihan ingkang pangkat bêkêl sasaminipun, jagawèsthi, kêbayan kampung, utawi kabupatèn-kabupatèn sasaminipun.

Ka. Ingkang botên gadhah kursus saking pamulangan-pamulangan, jajar sasaminipun, utawi punakawan kraton, ingkang sanès pangkat nèwu, utawi bêkêl.

Da. Wêdalan saking pamulangan Rechtschool utawi ingkang pikantuk titêl Mr. Dr. punapadene saking pamulangan, dhoktêr manawi nyuwun suwita praja dalêm, abdi dalêm golongan ordênas, abdi dalêm èstri, abdi dalêm prajurit jawi lêbêt, punika kasumanggakakên sakaparêng dalêm ingkang sinuhun ingkang wicaksana.

Ta. Kajawi ngimpu (ngopèni) santana dalêm ingkang angguran (dèrèng kaparingan pandamêlan sarta balônja), para abdi dalêm ingkang sakawit baku lênggah sabin, manawi ajal, utawi sabab saking sêpuh, parlu warisipun anak ingkang nyêkapi kagêntosakên kalungguhanipun, utawi kaganjar sanèsipun pangkat, manawi katindakakên makatên, ambokmanawi nyuda paliyasing kalabêndu, amêwahi sêtyanipun para abdi dalêm ingkang sakawit tumut labêt ing kraton.

--- 83 ---

Sa. Balanjanipun abdi dalêm, golongan numbak kêncêng, anon-anon jawi lêbêt, kalêstantunakên kados ingkang sampun, botên mawi kapundhutan pajêg pamêdal sapiturutipun.

Wa. Golongan garap kraton, kantor kapatihan, garap kabupatèn, kabupatèn, pulisi sagolonganipun, kartipraja, marêkwèsên, tuwin sanèsipun, balanjanipun katata malih, kangge têtêping balônja botên mawi indhakan, sarta botên kapundhutan pajêg pamêdal sasaminipun, ingkang lêstantun nyanggi pajêg pamêdal, utawi kaskaya, namung kawula dalêm ingkang manggèn manggaota wontên salêbêtipun bawah dalêm sarta bojonipun ingkang ngrangkêp manggaota gantos, dagang sasaminipun, para abdi dalêm garap ingkang nindakakên mupu asiling nagari sagêd kasuda cacahipun ingkang sagêd dados jalaran suda wêdalipun arta nagari.

La. Sadaya pasitèn utawi pemahan, ingkang kadalêman para putra-putri dalêm, kangge kantoran dalah ingkang kadalêman pêpatih dalêm. Kabupatèn pangrèh praja, kawêdanan, asistèn wadana, sakolahan, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang dados prabot kaparluan nagari, botên nyanggi pajêg pemahan, utawi pasitèn. Ingkang botên kangge kados ing nginggil, sintêna kemawon ingkang manggèn utawi majibi, inggih katamtokakên nyanggi pajêg pasitèn kados ingkang sampun kalampahan.

Atur pamanggih kula ing nginggil sawêg dumugi samantên, manawi sanès dintên utawi wulan thukul pamanggih malih badhe kula aturakên, ewadene nyumanggakakên pangrèhing Narpawandawa.§ Urunan rêmbag ing nginggil punika, mangsanipun ingkang sawêg mutrapacèni.

Katur kaping 24 April 1934

Mangun Hartana. [Hartana...]

--- 84 ---

[....]

Katur Panitraning Organ Narpawandawa, Panjênênganipun Radèn Mas Ngabèi Purwasastra

Kula nuwun, kula sampun anyumêrêpi organ Narpawandawa, ôngka 3-4 ing taun 1934, kaca 34, wontên suraosipun ingkang amarak-marakakên usulipun sadhèrèk warga, sarèhning samangke cacahipun para santana dalêm saya kathah, langkung malih ingkang perangan alit-alit, sarta ingkang kathah-kathah sami botên suwita, dene pamanggènipun salong wontên sajawining gupêrmèn Surakarta. Punika manawi wontên parlunipun lajêng rêkaos anggèning badhe lapur dhatêng kawadananipun. Amargi botên mangrêtos. Amila pamanggihipun sadhèrèk wau, upami sapunika wontên kaparêng dalêm angwontênakên wadana sinatriya kadosdene ing Mangkunagaran, parlunipun supados anggampilakên tumindaking palapuran, utawi kaparluan sanès-sanèsipun, punika pamanggihipun sadhèrèk warga Narpawandawa kadospundi.

Awit saking punika, mênggah usulipun sadhèrèk warga kasbut ing nginggil wau pancèn lêrês, amargi manawi botên kalèntu, tatananipun para santana dalêm wau, ingkang sampun, rèhing wadana namung miturut ingkang rama, ibu sarta eyang, môngka racak-racakipun awis ingkang mèngêti, langkung malih ingkang maligi gêgriya wontên môncapraja, sampun tamtu saya rêkaos anggèning badhe nyumêrêpi, mila saking pamanggih kula saupami wontên kaparênging karsa dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhakên wêwaton pilah-pilahing kawadananipun para santana dalêm, punika kula sakalangkung andhèrèk jumurung, ananging manawi ngawontênakên wadana sinatriya piyambak- piyambak kadosdene tatanan ing kadipatèn Mangkunagaran, kula botên mupakat, prayoginipun lajêng kalêstarèkakên kados lami kemawon (madana ing kawadanan kiwa saha têngên) namung pamerang kados botên wontên pakèwêdipun manawi kapiridakên kalihan tatanan ing kadipatèn Mangkunagaran, upaminipun kados ing ngandhap punika:

1. Para putra-putri dalêm, pangeran santana, riya nginggil, riya ngandhap sarta santana panji wayah buyut, lêstari miturut dhawuhing timbalan dalêm, amargi mirid ingkang sampun, sapintên wontênipun sadaya wau lajêng kapalih, ingkang sapalih kiwa,

--- 85 ---

ingkang sapalih têngên, kangge sisihan, dene santana sanès-sanèsipun ingkang botên kasbut ing nginggil lajêng kapilah makatên.

2. Darah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping I. II. IV. VI. VIII. saha kaping X sami madana ing kawadanan putra santana dalêm têngên.

3. Darah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawi ing Kartasura, tuwin darah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III. V. VII. XI sami madana ing kawadanan putra santana dalêm kiwa.

4. Darah dalêm ingkang gêgayutan kalih utawi tiga, punika mêndhêt ingkang cêlak gratipun, nanging manawi sami lajêng mêndhêt aluran saking eyangipun putra dalêm kakung. Manawi eyangipun wau sami putra dalêm kakung, utawi putri punika mêndhêt aluran ingkang sêpuh awunipun, kados upaminipun canggah dalêm kaping III ngrangkêp canggah kaping IV punika lajêng ngangge wêwaton canggah dalêm kaping III makatên sapiturutipun.

Kula nuwun, mênggah pandamêl kula papilahan kasêbut ing nginggil wau, namung trimah lowung kangge ular-ularing panggalihan, botên langkung kirang langkunging pamanggih kula wau namung kula sumanggakakên panggalihanipun para sadhèrèk warga Narpawandawa.

Kasêrat kaping 30 April 1934.

Sastrawidaya.

Bab Krisis

Nalika parêpatan agêng taunan kapêngkêr punika (kaping 15/16- 5-34) mudha pangarsa kita amêdhar sabda, bab kawontênanipun krisis donya, kawawas taksih dèrèng sagêd tumuntên mêndha. Manawi têmbung krisis makatên para warga têmtunipun inggih sampun botên sami kêkilapan têgêsipun, anamung sabab-sabab dumadosipun lajêng wontên krisis wau, punika kados prêlu dipun uningani, amargi soka sampun uninga sababipun, punika tamtu lajêng mapan panggalihipun, botên kagèt yèn kataman dayaning krisis wau. Mênggah sabab-sabab tuwuhipun môngsa krisis, miturut sêsêrêpanipun [sê...]

--- 86 ---

[...sêrêpanipun] satunggiling sadhèrèk, ingkang kabèbèr wontên ing kalawarti kawruh, makatên:

Miturut pitêdahipun para sagêd, ing donya punika sampun kacathêtan, kados kenging dipun tamtokakên sabên sadasa taun tamtu wontên krisis. Miturut cathêtan ing abad XIX dados pasêksèn lêrêsipun pamanggih wau, inggih punika salêbêtipun abad wau wontên krisis ing taun 1826, 1836, 1839, 1847, 1857, 1866, 1873 salajêngipun, wondene sabab ingkang anjalari wontên krisis punika warni-warni sangêt. Kala ing abad XIX kacathêt ingkang anjalari tuwuhipun krisis punika sababipun saking cidranipun pamêdal têtanèn. Ingkang jalaran saking arubirunipun môngsa srêngenge, ingkang bab punika miturut petang dumados mèh ajêg sabên sadasa taun, punika mirib kados wêwatonipun para sudagaran Jawi ingkang dados wawasan sae awoning padagangan umum inggih wêwaton têtanèn. Panenan sagêd sae sarta botên cidra wancinipun, lampahing padagangan inggih sae, kosokwangsulipun manawi kirang sae sarta dhawah botên tamtu, inggih lajêng nuwuhakên paèthèn. Namung bedanipun ingkang kapratelakakên ingkang kantun punika kalêbêt paèthèn alit utawi sabageaning donya. Namung prêlunipun kapratelakakên kangge pasêksèn èmpêripun kalihan pawêcanipun sarjana ingkang damêl panaliti kados kapratelakakên ing nginggil. Inggih punika Propesor Jevons.

Kados pratelan ing nginggil, paèthèn punika kenging dipun pêsthèkakên wanci lan sababipun sarana prasaja sangêt, nanging miturut pamanggihipun para sarjana sanèsipun ingkang ahli ekonomi, bab krisis punika botên jlêkèthèk makatên, nanging kathah sangêt sabab-sabab sanèsipun ingkang gêgayutan sarta dados titikaning pamêca lan panaliti, upaminipun miturut buku karanganipun Prof. Charles Gide ing pawiyatan luhur, ing Paris, babing Principles of political Economy.

Umumipun sabên krisis adhêdhasar bab prêmati, kados ta: sangking kathahipun barang (Productie) kaprêluaning ngagêsang warni-warni utawi salah satunggal, nanging barang punika wigatos sangêt ingatasing bêtahing bêbrayan. Upaminipun: têdha baku [ba...]

--- 87 -- -

[...ku] (gandum) D.S. (Kapital, punika kacêtha ing panaliti saking kêkathahên (Overproductie) utawi kêsêkêdhikên, wontên kalanipun kêsêkêdhikên (kêkirangan) punika inggih ambêbayani, sanadyan bêbayanipun botên sami kados manawi kêkathahên barang (Overproductie) awit umumipun manawi kêkathahên barang (Overproductie) punika ingkang adhakan sangêt nuwuhakên krisis, malah wontên ingkang mastani satunggaling sêsakit ingatasipun indhustri ingkang modhèrên. Panganggêp punika botên namung cèthèk samantên kemawon, nanging makatên punika satunggiling gancaraning cara kapitalistis.

Kamajênganipun prodhuksi ingkang jêmbar, anggitan-anggitan enggal, sarta gampilipun usung-usung (transportatie) pabrik-pabrik sagêd grujugakên barang-barang damêlanipun ing pêkên, ngantos anjomplangakên timbanganipun ingkang ngangge babaranipun barang kathah sangêt, nglangkungi kêbêtahanipun ingkang ngangge. Punapa makatên punika botên sabab saking kêbêtahanipun manungsa ngangge barang namung cêkap samantên botên gadhah kamajêngan, punika botên makatên. Têgêsipun tiyang satunggal cêkap ngangge topi satunggal ngantos sêtaun, sabab topi wau sêtaun dèrèng bobrok, sabab sajatosipun pajêngipun sêsadean punika gumantung dhatêng têtiyang ingkang gadhah rêdana cêkap kathahipun kangge tumbas barang-barang wau, awit botên mokal tiyang ingkang cêkap artanipun gadhah jam 1/2 dhosin, nanging anggèning ngangge inggih namung satunggal-satunggal gêgêntosan, makatên sapiturutipun. Dados sapunika têtandhinganipun babaraning barang, napsu têtumbas, kalihan gadhahanipun arta, indhak utawi ajêgipun pamêdal.

La punapa asilipun tiyang ing nagari botên mindhak kados thukulipun pabrik-pabrik dalah sêngkutipun ngêdalakên barang, punika têrang botên satimbang, têgêsipun thukuling pabrik saya kathah lan babaranipun makatên ugi. Kangge upami mariksanana thukulipun pabrik rokok ing tanah Jawi dalah babaranipun rokok, katimbang kalihan kala sadasa taun kapêngkêr, bokmanawi sakêdhikipun mindhak 200 prêsèn, punika tumrap ing tanah Jawi (dados thukuling pabrik dalah babaranipun langkung kathah sangêt katimbang indhaking pangasilanipun tiyang).

Sasampunipun makatên sapunika malah wontên rekadayanipun nagari-nagari agung [a...]

--- 88 ---

[...gung] sami ngrekadaya nutup korining pêkênipun sampun ngantos kalêbêtan barang saking mônca, nanging kosokwangsulipun rekadaya ngêdalakên barang-barangipun pajênga malêbêt ambanjiri nagari sanès. Rekadaya ingkang nunggil tuju lajêng bêntusan nuwuhakên pêpêt ilining barang dhatêng sajawining nagari tumpuk-tumpuk wontên salêbêting nagari, sasampunipun makatên para pabrikan rumaos kajudhêgan barangipun tumpuk-undhung, mêsthinipun inggih budidaya reka punapa sagêdipun tumpukan barang wau dipun angge dhatêng para ingkang ngangge (Goncunmeten) reka kangge nuwuhakên kêpêksa kêpengin lajêng ngandhapakên rêgining barang babaran ingkang tumpuk-tumpuk wau, sarta kaparêng saking sêkêdhik nyuda babaran barang damêlanipun. Sudaning rêrêgèn tamtu nuwuhakên sudaning bathi, malah sagêd ugi anjatuhakên kabudidayanipun, woh kalih warni ing nginggil punika sagêd nuwuhakên pangangguran, awit samôngsa kabudidayan suda bathinipun, mêsthi nyuda wêdaling wragadipun, tumraping para punggawa inggih botên lêpat saking pasudan, langkung malih manawi kabudidayanipun jatuh, sadaya punggawa lajêng kemawon dados pangangguran. Makatên punika inggih satunggaling sabab munculipun krisis, sabab ingkang kapratelakakên ing nginggil kalihan cêkak punika salah satunggil sabab jalaran tuwuhipun krisis saking kêkathahên pamêdal (babaran) miturut adat jalaran punika botên sagêd saking kosokwangsulipun upaminipun jalaraning cêndhèk, saka munggah, nanging bab krisis sagêd makatên namung sanepanipun, jalaraning diarani rêsik marga ananing rêgêd. Dene bab wau inggih punika krisis ingkang jalaran saking kêkirangan barang-barang (kêkirangan pamêdalipun) upaminipun makatên, krisis makatên punika dumados nalika wontên brontakan ing Amerikah nêdha mardika, pêthal saking panguwaosipun karajan Inggris. Ingkang kawêntar karan krisis kapas (cotton famine) wêkdal wau kathah nagari ing bawana Eropah ingkang bêtah kapas saking Amerikah, môngka kabêkta sabab wontênipun pêrang sipil punika Amerikah botên sagêd ngêdalakên kapas kathah kangge nyêkapi kabêtahan wau, wasananipun pabrik-pabrik kantunkatun. ing Eropah kêkirangan barang badhe, ngantos nuwuhakên pabrik wau sami nyuda panyambutdamêlipun utawi tutup. Salajêngipun nukulakên pangangguran maèwu-èwu dados tuwuh krisis ingkang sababipun ingkang panjang lajêng amor misah kalihan ingkang kapratelakakên ing ngajêng, namung baku kawitanipun [ka...]

--- 89 ---

[...witanipun] sabab. Ingkang rumiyin saking kêkathahên barang, ingkang kantun sabab saking kêkirangan barang.

Wara-wara Pamulangan

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan ngaturi uninga, lêbêtan taun 1934 punika ing Kasatriyan saha Pamardi Putri botên nampèni murid enggal saking jawi kangge klas I amargi sampun kêbak papanipun, ingkang sagêd katampèn murid kangge klas II sapanginggil, manawi taksih wontên papanipun. Saha sarèhning wêkdal punika sawêg nyarêngi masa rêkaos, amila kaparênging karsa dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tumrap ing Pamardi Siwi Frobelklassen kasuwak sadaya, tumindakipun dipun wiwiti lêbêtan taun 1934 punika kasuwak botên dipun wontêni Frobelklasse I ingkang katamtokakên wontên ing Frobelklasse II namung lare ingkang sakêdhikipun umur 4 taun, sêpuh-sêpuhipun 5 taun, kathah-kathahipun sagêd nampèni murid enggal cacah 40 dene anggèning kagungan dalêm pamulangan anampèni para lare ingkang badhe sinau katata kados ing ngandhap punika:

Kasatriyan.

1. Putra wayah buyut dalêm, tanggal kaping 4 Juni 1934 jam 11 dumugi jam 12 siyang.

2. Canggah dalêm, saha anakipun canggah dalêm, 5 Juni 1934 jam 11 dumugi jam 12 siyang.

3. Anakipun abdi dalêm, tanggal kaping 6 Juni 1934 jam 11 Juni dumugi jam 12 siyang.

Ing Pamardi Putri

1. Putra wayah buyut dalêm, tanggal kaping 8 Juni 1934 jam 11 dumugi jam 12 siyang.

2. Canggah dalêm, saha anakipun canggah dalêm, tanggal kaping 9 Juni jam 11 dumugi jam 12 siyang.

3. Anakipun abdi dalêm, tanggal kaping 11 Juni jam 11 dumugi jam 12 siyang.

Ing Pamardi Siwi

1. Putra wayah buyut dalêm, tanggal kaping 12 Juni 1934 jam 9 dumugi jam 10 enjing.

2. Canggah dalêm, saha anakipun canggah dalêm, kaping 13 Juni '34 jam 9 dumugi jam 10 enjing.

3. Anakipun abdi dalêm, kaping 15 Juni '34 jam 9 dumugi jam 10 enjing.

--- 90 ---

Amila para putra santana dalêm sarta abdi dalêm ingkang sumêdya anglêbêtakên putra utawi anakipun, dintên saha wanci kasêbut nginggil lajêng aprasabêna dhumatêng kapala guru pamulangan wau badhe dipun cathêti rumiyin, kanthi lare ingkang dipun lêbêtakên, sarta ambêkta ampilanipun sêrat pikêkah dalah sêrat pratôndha cacaran, amung tumrap anakipun santana canggah dalêm sarta anakipun abdi dalêm, kêdah mawi dipun têmênakên dening lurah kampung ingkang ambawahakên.

Murid enggal sadaya wau sawêg dipun cathêti rumiyin, kapala guru lajêng badhe nêmtokakên dintên wangsulipun para tiyang sêpuhipun murid, parlu tampi katrangan têmtuning katampèn utawi botên.

Manawi anggèning prasabên dhatêng kapala guru botên sagêd anêtêpi dintên ingkang katamtokakên dening kumisi, punika sagêd botên katampèn.

Kaping 15 Mèi 1934.

Wacaka: Bratadipura. Wisesa: Kusumabrata.

Wara-wara

Nuwun, pangrèh Narpawandawa nampèni sêratipun kumisi, ingkang kapatah manah sakolahipun putra santana dalêm, wara-wara bab badhe wontênipun yasan dalêm kursus anyêpêng bale griya (Huishouding) manggèn ing salêbêtipun kadhaton, murih têrangipun sêrat saking kumisi wau turunanipun kaêwrat ing organ ngriki, kados ing ngandhap punika:

Ôngka 82/I ma.

Sêratipun kumisi ingkang kapatah manah sakolahipun putra santana dalêm, matur pakêmpalan Narpawandawa.

Nuwun, kumisi ngaturi uninga, benjing wulan Agustus ngajêng punika, putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah sampun tamat pasinaonipun wontên kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri, kaparênging karsa dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, putri dalêm wau lajêng kadamêlakên pasinaon, cursus Huishouding wontên salêbêtipun kadhaton, dene ingkang dipun wulangakên kados ing ngandhap punika:

--- 91 ---

1. Basa Jawi, 2. Basa Walandi} nglajêngakên. 3. Basa Inggris, 4. Olah-olah. 5. Nênun, dondom-dondom, damêl sandhangan lare sasaminipun. 6. Girahi sarta nyêtrik (waschbehandeling en strijken). 7. Ilmu bumi (aardrijkskunde). 8. Babad (geschiedenis). 9. Hygiene en babyverzorging. Taksih wontên sambêtipun.

Salêbêtipun Wulan Sapar Dumugi Têngahaning Wulan Mulud, Ing Taun Wawu Ôngka 1865, Dintên Sae Kangge Samukawis Kados ing Ngandhap Punika

1. Tanggal kaping 2: Kêmis Lêgi, Gumbrêg, Hyang Uma, dangu, paningron, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam: 8.24, Jabrail rijêki, utawi jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Ahmad slamêt.

2. Tanggal kaping 15: Rêbo Wage, Warigagung, Hyang Rudra, nohan, was, satriya wibawa, aras tuding, macan katawang, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12, Jabrail slamêt.

3. Tanggal kaping 22: Rêbo Lêgi, julungwangi, Hyang Endra, mawulu, gigis, sri tumurun paturon, sumur sinaba, aras kêmbang, dêmang kandhuruan, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24, Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Ahmad slamêt.

Salêbêtipun wulan-wulan ing taun Wawu ôngka 1865, dintên sae wontên kalih kados ing ngandhap punika:

1. Tanggal kaping 17: Sabtu Kliwon, Kuningan, Hyang Endra, mawulu, dadi, tunggaksêmi, lakuning bumi, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad slamêt. Sambêtipun kapacak organ wulan ngajêng.

Pratelan Isinipun Organ Punika

... Kaca

1. Tatanan kawontênanipun para pangrèh anyar ... 77 / 2. Pèngêtan parêpatan agêng ... 78 / 3. Sêrat pamanggihipun R.Ng. Mangun Hartana ... 81 / 4. Pamanggih bab kawadanan santana dalêm ... 84 / 5. Bab krisis ... 85 / 6. Wara-wara pamulangan ... 89 / 7. Wara-wara saking komisi sakolahan ... 90 / 8. Dintên sae ... 91 / 9. Pananggalan ... 92

--- [92] ---

Juni 1934

[Grafik]