Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 7, Juli 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan

Sambêtipun organ ôngka 6.

Palapuranipun pangrèh Narpawandawa ing taun 1934 wiwit sasampunipun parêpatan agêng taunan, kala kaping 8/9 April 1932 dumugi dalu punika.

I. Cacahing pangrèh:

Pangarsa B.K.P.H. Adiwijaya, nanging sarêng dumugi tanggal kaping 25 Sèptèmbêr 1932 mundhut lèrèh, amargi katêtêpakên dados gedelegeerde lid rad kawula.

Mudha pangarsa B.K.P.H. Kusumayuda.

Panitra I R.M.Ng. Sasrakusuma.

Panitra II R.M.Ng. Purwasastra.

Artaka K.R.M.H. Suryaningrat, lajêng lèrèh, amargi gêrah, dipun gêntosi R. Dr. Sutarna.

--- 94 ---

Artaka II R.M.Ng. Atmamijaya.

Warga panitya: 1. R.M.H. Cakrawinata.

2. K.P.P. Suryadipura.

3. K.P. Arya Panular.

II. Pangrèh damêl parêpatan rambah kaping 8 damêl pêpanggihanipun para warga ngiras alal bihalal 2 rambahan, damêl muryalaras 1 rambahan, saha damêl parêpatan agêng mirunggan 1 rambahan, ngrêmbag bab pèdhêrasi praja Kajawèn, putusanipun kados ingkang sampun kawrat ing organ taun 1932.

III. Kawontênanipun padamêlan ingkang katindakakên, sarta ingkang prêlu kauningan ing para warga, kados ing ngandhap punika:

1. Andhatêngi parêpatanipun P.H.M.N. Trêsnapraja,. P.P.S., B.O., P.P.B. pahargyan K.W. ngadêg 20 taun. Pahargyan B.O. ngadêg 25 taun. Pahargyan P.O.S.I.S. tuwin sapanunggilanipun.

Andhatêngi pêpanggihan ingkang dipun ajangi pakêmpalan B.O. ngrêmbag bab indhaking pasewan pêkên-pêkên kagunganipun nagari, saha nyuwunakên sakolah lêlahanan tumrap lare-lare anakipun tiyang kêkirangan.

Andhatêngi pêpanggihan ingkang dipun ajangi pakêmpalan Muhamadiyah, ngrêmbag bab sakolahan.

Andhatêngi pêpanggihan ingkang dipun ajangi pakêmpalan Trêsnapraja, ngrêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, pinanggihing rêmbag lajêng macak atur dhatêng pêpatih dalêm, suraosipun kados ingkang kawrat organ taun 1934 ôngka 5.

2. Matah R.T. Sastrawadana (sapunika asma K.R.T. Yudanagara) dados pangarsaning panitya bôndha pasinaon, anggêntosi B.K.P.H. Suryaamijaya, kasêbut kêkancinganipun pangrèh kaping 9 April 1932 ôngka 47/363 (kawrat ing organ taun 1932 ôngka 6).

3. Sêrat kaping ... April 1932 ôngka 49/363 dhatêng sèkrêtaris raad van beheer kabudidayan kagungan dalêm, bab anggènipun R.Ng. Purwasuwignya nyuwunakên pandamêlan anakipun nama R.M. Sumarya.

4. Sêrat kaping 12 April 1932 ôngka 50/365 dhatêng pangarsa panitya bôndha pasinaon, [pasina...]

--- 95 ---

[...on,] masrahakên sêrat wangsulanipun R.M.P. Gôndakusuma (R.M. Arisman).

5. Sêrat kaping 12 April 1931 ôngka 51/365 dhatêng warga 1. R.M.Ng. Atmasumitra, 2. R.M.Ng. Atmasutirta, 3. R.M.Ng. Wiraatmaja, sami kapatah mariksa arta kas, palapuranipun sampun kawrat ing organ taun 1932 ôngka 6.

6. Sêrat kaping 27 April 1932 ôngka 53/365, dhatêng tuwan gewestelijk sèkrêtaris ing Surakarta, ngaturakên organ ingkang ngêwrat bab bale agung.

7. Sêrat kaping 30 April 1932 ôngka 54/366, kanthi paring dalêm têtêngêr tumbuk dalêm jumênêng 40 taun cacah 8 dhatêng R.M.Ng. Kartapraja.

8. Sêrat kaping 4 Mèi 1932 ôngka 56/367, suka katrangan dhatêng Tuwan Kohyo, bilih gambar-gambar nalika parêpatan agêng sampun kapacak ing wara-wara wontên organ.

9. Sêrat kaping 13 Mèi 1932 ôngka 59/368, ngenggalakên dhatêng panitya ingkang kapatah ngudi wontênipun pitulungan dhatêng para santana dalêm ingkang lola, kadospundi pinanggihing rêmbagipun panitya wau, dèrèng angsal wangsulan.

10. Sêrat kaping 13 Mèi 1932 ôngka 62/369, dhatêng raad van beheer kabudidayan kagungan dalêm, ngintunakên sêratipun sadhèrèk Sastrasutirta, bab nyuwun dados punggawa, sampun angsal wangsulan saking tuwan sèkrêtaris, raad van beheer turunanipun lajêng dipun kintunakên dhatêng sadhèrèk Sastrasutirta, kawrat sêrat kaping 17 Mèi 1932 ôngka 78/377.

11. Sêrat kaping 31 Mèi 1932 ôngka 65/371 dhatêng panitya bôndha pasinaon bab bayaranipun R. Alimarsaban.

12. Sêrat kaping 1 Juni 1932 ôngka 66/372 dhatêng pangrèh B.P.P. bab anggènipun Narpawandawa botên ngintunakên wakil, amargi sampun kaslêpêk tampinipun sêrat sêdhahan.

13. Sêrat kaping 2 Juni 1932 ôngka 68/372, dhatêng sadhèrèk Sasrakusuma ing Wanasaba, katrangan bab pawartos wontênipun P.K.S. tumrap Narpawandawa botên manah punapa-punapa, dening sampun damêl lokal komite.

14. Matah panitya ingkang manah runtutipun sasêbutan, tumrap para santana saha abdi [a...]

--- 96 ---

[...bdi] dalêm, kasêbut kêkancinganipun pangrèh kaping 3 Juni 1932, ôngka 69/372, sampun kaenggalakên, kawrat sêrat kaping 5 Sèptèmbêr 1932, ôngka 97/390 dèrèng nglapurakên.

15. Sêrat paturan kaping 2 Juni 1932, ôngka 71/374 katur pêpatih dalêm, bab nyuwunakên lilah dalêm tumrap para santana ingkang sami dados abdi dalêm, kalilana sami ngangge kandêlan kêmalo abrit. Sampun kaparêngakên kawrat sêrat dhawuh kêkancingan nagari katitimasan kaping 7 Agustus 1932 ôngka 45 A1/I. (Kawrat ing organ taun 1932 ôngka 9).

16. Sêrat kaping 2 Juni 1932 ôngka 72/374, dhatêng panitya bôndha pasinaon tumbuk dalêm, mitêrangakên bab pranatanipun.

17. Matah dhatêng R.M.Ng. Sasrasunarya dados panitraning panitya bôndha pasinaon, anggêntosi K.R.T. Côndranagara, kasêbut kêkancinganipun pangrèh kaping 3 Juli 1932 ôngka 80/378 (kawrat ing organ taun 1932 ôngka 8).

18. Matah R.M.T. Atmadipura dados pangarsaning panitya ingkang ngudi wontênipun pitulungan dhatêng para santana dalêm lola. Kasêbut kêkancinganipun pangrèh kaping 16 Juli 1932 ôngka 83/380 (kawrat ing organ taun 1932 ôngka 10) sampun kaenggalakên kawrat sêrat kaping 5 Sèptèmbêr 1932 ôngka 95/388 dèrèng nglapurakên.

19. Sêrat kaping 24 Juni 1932 ôngka 86/381 dhatêng sèkrêtaris Java Instituut mitêrangakên bab kontribisi.

20. Sêrat kaping 3 Agustus 1932 ôngka 87/382 dhatêng pangrèh P.K.V.B. ing Kaliyasa, suka sumêrêp nalika pambikakipun poliklinik Kaliyasa, Narpawandawa botên sagêd ngintunakên wakil, amargi tampinipun sêrat sêdhahan sampun kasèp.

21. Sêrat paturan kaping 16 Agustus 1932 ôngka 88/382 katur pêpatih dalêm, ngaturakên pasêksèn kirang prayoginipun pèdhêrasi praja Kajawèn, miturut putusan, opênbar pêrgadêring kala kaping 20/21 Juni 1932 (kawrat ing organ taun 1932 ôngka 9), sampun angsal dhawuh katrangan kawrat sêrat katitimangsan kaping 8 Nopèmbêr 1932 ôngka 909 C/4/I, kapacak ing organ taun 1932 ôngka 12.

22. Sêrat kaping 22 Agustus 1932 ôngka 90/385 dhatêng kantor sasanapustaka, ngaturakên [ngaturakê...]

--- 97 ---

[...n] organ kangge simpênan ing kantor sasanapustaka karaton.

23. Sêrat kaping 6 Sèptèmbêr 1932 ôngka 92/387 katur K.G.P.H.H. Mangkunagara, saha K.G.P.H.H. Pakualam. Sêrat ôngka 96/389 katur paduka tuwan gupêrnur jendral tuwan gupêrnur Surakarta sarta Ngayogyakarta, Directeur van Binnenlandsche Bestuur, Adviseur voor Inl. zaken, Regeering gemachtigde voor Algemeene zaken R.A.A. Wiranatakusuma, R.M. Wiwaha Purbaadijaya, R.M. Natasutarsa, ngaturakên têtêdhakan sêrat paturan ôngka 88/382 bab pèdhêrasi praja Kajawèn ing nginggil, supados dados panggalihan.

24. Sêrat kaping 2 Sèptèmbêr 1932 ôngka 93/388 dhatêng R. Sumaharja, ing Candhirata (Kêdhu) Narpawandawa pakèwêd anglajêngakên suwunanipun R. Sumaharja, sabab sampun wontên pakêmpalan darah Mangkunagaran.

25. Sêrat kaping 21 Sèptèmbêr 1932 ôngka 99/391 katrangan dhatêng R. Sastrasucitra, bab kawajibanipun warga Narpawandawa sarta lampah-lampahipun bilih badhe malêbêt dados warga.

26. Sêrat paturan kaping 20 Oktobêr 1932 ôngka 104/394 katur pêpatih dalêm, ngaturakên panimbang bab suwunanipun Yasasukarta jajar kabayan juru suranata, santana canggah kadipatèn Mangkunagaran, nyuwun lilah badhe ngangge pêndhok kêmalo abrit, kaprayogèkakên dèrèng kalilan.

27. Sêrat kaping 26 Oktobêr 1932 ôngka 106/395 dhatêng pangrèh Putri Narpawandawa, katrangan ingkang kawrat sêratipun kaping 19 Oktobêr 1932.

28. Sêrat kaping 27 Oktobêr 1932 ôngka 107/396 dhatêng sèkrêtaris Java Instituut, mrasabênakên bab lampahing bayaran kontribisinipun Narpawandawa, supados sampun katagih ngangge pos kwitansi, amargi kathah wragadipun.

29. Sêrat kaping 10 Nopèmbêr 1932 ôngka 109/397 dhatêng pangrèh P.P.P.K. bab Narpawandawa botên sagêd ngintunakên wakil ing konggrèsipun, sabab nyarêngi parlunipun Narpawandawa piyambak, dados namung kintun pamuji kemawon.

30. Sêrat kaping 10 Oktobêr 1932 ôngka 110/397 dhatêng K.R.T. Mr. Wôngsanagara, kapatah mêdhar sabda wontên ing openb. comb. verg tanggal kaping 25/26-11-'32 ngrêmbag bab bale agung.

--- 98 ---

31. Sêrat kaping 17 Oktobêr 1932 ôngka 111/398 dhatêng pangrèh Putri Narpawandawa, katrangan ingkang kawrat sêratipun kaping 9-11-'32.

32. Sêrat paturan kaping 7 Dhesèmbêr 1932 ôngka 112/399 katur pêpatih dalêm, katranganipun ingkang kawrat sêrat dhawuh nagari kaping 8 Nopèmbêr 1932 ôngka 909 C/4/I minôngka pambengkasing sêling-sêrêpipun konpêrènsi, supados ngrêsikakên ing pamawas. (Sampun kawrat ing organ taun 1933 ôngka 1).

33. Sêrat kaping 22 Dhesèmbêr 1932 ôngka 114/404 dhatêng sèkrêtaris P.P.S. ngintunakên arta f 12,08 urunan anggènipun damêl openb. comb. verg sarta arta kontribisinipun N.W. dhatêng P.P.S.

34. Sêrat kaping 22 Dhesèmbêr 1932 ôngka 115/404 dhatêng pangrèh P.K.S. ngintunakên sêratipun R. Mangunwarsita, saha Yasarêja, bokmanawi P.K.S. kaparêng mitulungi dhatêng sadhèrèk kalih wau.

35. Sêrat kaping 31 Dhesèmbêr 1932 ôngka 117/405 katrangan dhatêng sadhèrèk Sasrakusuma, tumrap sêratipun katitimasan kaping 14-11-32.

36. Sêrat kaping 4 Januari 1933 ôngka 2/406, kanthi ngintunakên pêthikan pranatan baku, dhatêng pamili Riya Dipura Bandhongan Magêlang.

37. Sêrat kaping 22 Januari 1933 ôngka 5/408 dhatêng para Putri Narpawandawa, supados pindhah dados warga Putri Narpawandawa.

38. Sêrat kaping 24 Januari 1933 ôngka 6/408 dhatêng B.K.P.H. Kusumabrata, badhe kacalonakên dados pangarsa bale agung, sasampunipun katrangakên kawrat sêrat kaping 8 Marêt 1933 ôngka 19/415, katrangan saking Sumabratan botên kadugi.

39. Sêrat kaping 27 Januari 1933 ôngka 8/410 dhatêng Trêsnapraja, nyondhongi ajak ajakanipun badhe damêl Com. vergadering, ngrosakakên sêsorahipun R.M.T. Kartawadana.

40. Sêrat kaping 27 Januari 1933 ôngka 10/410 katur pêpatih dalêm, anglairakên sangêt botên mupakatipun Putri Narpawandawa, bab badhe wontênipun pranatan gupêrmèn tumrap para putri santana dalêm, ingkang imah-imah angsal abdinipun gupêrmèn, [gu...]

--- 99 ---

[...pêrmèn,] ingkang botên angsal sêsêbutan punapa-punapa, turunipun badhe botên angsal sêsêbutan samasthinipun, kados ingkang tumindak wontên ing bawah dalêm Surakarta ngriki. Makatên wau kajawi para putri santana dalêm rumaos kecalan wêwênang, ugi badhe ngrèmèhakên jumênênging panjênêngan dalêm nata, sampun tampi dhawuh wangsulan saking nagari kaping 18 Pèbruari 1933 ôngka 74 C/1/I bab punika sawêg dados panggalihan (sampun kawrat ing organ taun 1933 ôngka 3.4.)

41. Sêrat kaping 27 Januari 1933 ôngka 11/411 katrangan dhatêng M.Ng. Wignyamargana, bab usulipun supados Narpawandawa ngwontêni kring lèidhêr sabên sakadhistrikan 1 kamanah dèrèng pêrlu, sabab cacahing warga ingkang manggèn sajawining kitha Surakarta dèrèng sapintêna.

42. Sêrat kaping 3 Pèbruari 1933 ôngka 15/413 dhatêng Putri Narpawandawa, katrangan kawrat sêratipun kaping 7 Nopèmbêr 1932.

43. Sêrat kaping 4 Pèbruari 1933 ôngka 17/414 katrangan dhatêng R.M.Ng. Sastrasewaya, bab kupi suwunan suwakipun balônja warisipun para santana dalêm, botên wontên. Wontênipun namung pèngêtan rêmbag ing parêpatan agêng kala kaping 30 Agustus 1920.

44. Sêrat kaping 18 Mèi 1933 ôngka 20/416 dhatêng R.M.H. Panyangkringan, bab anggènipun R.Aj. Yasadimêja manggèn ing pawèstrèn masjid Agêng, kadospundi sagêdipun lajêng pindhah saking pawèstrèn wau. Sampun angsal katrangan bilih R.Aj. Yasadimêja lajêng kabêkta mantuk dhatêng ing griyanipun R.M.H. Panyangkringan.

45. Sêrat kaping 28 Mèi 1933 ôngka 21/416 dhatêng K.P.P. Suryadipura saha K.P. Arya Panular, sami katêtêpakên dados pangrèh kangge sawatawis môngsa (voorloop, bestuur) Narpawandawa.

46. Sêrat kaping 10 Juni 1933 ôngka 23/417 katur B.K.P. Angabèi, bab kasuwun dados pangarsa Narpawandawa.

47. Sêrat paturan kaping 18 Juli 1933 ôngka 26/418 katur ing pêpatih dalêm, mitêrangakên kadospundi dhawuhing timbalan dalêm bab pèdhêrasi ing praja Kajawèn, kados ingkang kawrat sêrat paturan katitimasan kaping 16 Agustus 1932 ôngka

--- 100 ---

88/382. Angsal dhawuh katitimasan kaping 24 Juli 1933 ôngka 464 C/4/1 sampun sami kawrat ing organ taun 1933 ôngka 8.

48. Sêrat kaping 11 Agustus 1933 ôngka 28/419 dhatêng pangrèh P.K.N. mratelakakên bilih Narpa botên tampi sêrat sêdhahan konggrès P.K.N. mila botên ngintunakên wakilipun.

49. Sêrat kaping 11 Agustus 1933 ôngka 29/419 dhatêng pangrèh grombolan Muhamadiyah ing Panularan, mratelakakên bilih Narpa botên tampi sêdhahan, mila botên ngintunakên wakilipun kala damêl pêpanggihan wontên ing Saradimêjan.

50. Sêrat kaping 22 Agustus 1933 ôngka 30/420 dhatêng Rm.Ng. Prajakintaka, katrangan kawrat sêratipun katitimasan kaping 12 Agustus 1933.

51. Sêrat kaping 3 Sèptèmbêr 1933 ôngka 31/420 dhatêng R. Supadma, bab anggènipun nêdha pitulungan nyuwunakên santunipun pikêkah santana R.Aj. Supadma, saha pikêkah tumrap anakipun èstri, tuwin pikêkah sêsêbutan radèn dhatêng R. Supadma piyambak, sagêdipun pangrèh namung ngaturi karigênan.

52. Sêrat kaping 9 Nopèmbêr 1933 ôngka 34/422 katur kumandhaning prajurit dalêm, punapa lêrês andhawuhakên kados pakabaran D.K. ôngka 245 ngawisi para abdi dalêm prajurit malêbêt pakêmpalan politik, sampun tampi wangsulan bilih botên ngawisi, kajawi pakêmpalan ingkang dados awisanipun nagari.

53. Sêrat kaping 13 Nopèmbêr 1933 ôngka 35/423 kanthi pêthikan D.K. ôngka 252 katur K.P. Arya Panular, bab anggènipun kumisi bôndha pasinaon tumbuk dalêm, botên damêl palapuran (pêrslah) saha nyiyarakên pranatanipun.

54. Sêrat kaping 19 Nopèmbêr 1933 ôngka 36/423 dhatêng warga sawatawis, kasuwun darma wragad adêgipun tugu kabangsan, pikantukipun arta darma f 21,27½ jangkêpipun dados f 30,- kawêwahan saking kas, sampun kalampahan kadarmakakên dhatêng komite, katampèn kawrat kwitansi kaping 21-22-'33 ôngka Bl. 64.

55. Sêrat kaping 22 Pèbruari 1934 ôngka 5/430 dhatêng komite pangangguran ing Surakarta, ngintunakên arta darmanipun para warga Narpawandawa dhatêng para sadhèrèk Jawi ingkang sami nganggur, kathahipun f 30,- (sampun kawrat ing organ taun 1934 ôngka 3.4).

--- 101 ---

56. Sêrat kaping 21 Pèbruari 1934 ôngka 6/430 dhatêng Rm.Ng. Sasrakusuma, R.Ng. Ônggapradata, R.M. Sudarya, sami kapatah dados panitya manah bab recht van positie.

57. Sêrat kaping 22 Pèbruari 1934 ôngka 7/431 katur komandhaning prajurit dalêm, bab abdi dalêm prajurit gadhah tindak murang kasusilan, sampun angsal katrangan kawrat sêrat kaping 12 Dulkangidah Be 1864 ôngka 166/2 Ha V bilih bab punika sampun kadhawuhan nyorahakên dhatêng para abdi dalêm prajurit, supados sampun sami nêrak kasusilan.

58. Sêrat kaping 16 Marêt 1934 ôngka 3/428 katur B.K.P. Angabèi, pangrèh nyuwun pêpanggihan kalihan para bandara kangjêng pangeran putra dalêm, ngrêmbag prakawis prêlu.

59. Sêrat kaping 16 Marêt 1934 ôngka 14/436 katur B.K.P.H. Adiwijaya, ngaturakên sêrat saking pangrèh agêng Pèrdhi, bab anggènipun sadhèrèk Yusup Yahya kapriksa ing pangadilan. Prakawis persdelict, mawi dipun kêcrèk sarta dipun panganggèni sandhangan tiyang ukuman.

Kawontênanipun warga dumugi parêpatan taunan kapêngkêr wontên 550 tilar donya 10 mêdal 2, amargi sami pindhah padamêlan, lajêng katambahan warga anyar 50 dados mindhak 38.

Mênggah anggènipun pangrèh nindakakên padamêlan, salêbêtipun taun kapêngkêr dumugi sapunika wilujêng.

Kasêrat tanggal kaping 14 Mèi 1934. Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara Saking Kumisi Sakolahan

Sambêtipun organ ôngka 6.

Dhawuh dalêm, para santana dalêm kalilan andhèrèk sinau putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, dene ingkang katampèn namung murid 6, ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên pamulangan H.I.S. utawi pamulangan saminipun H.I.S. wêdalan taun 1933, sarta taun 1934, mawi bayaran sakolah. Ingkang karumiyinakên santana dalêm wayah lajêng buyut sapiturutipun, [sapituru...]

--- 102 - --

[...tipun,] amila sintên ingkang sumêdya nyuwun dhèrèk sinau putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, supados macak sêrat suwunan dhatêng B.K.P.H. Kusumabrata, kanthi ampilanipun pikêkah saha sêrat pêrklarêng saking pamulanganipun, suwunan wau manawi langkung saking tanggal kaping 23 Juli ngajêng punika badhe botên katampèn. Ingkang punika kumisi nyuwun pitulunganipun pakêmpalan Narpawandawa, badhe wontênipun pasinaon wau, supados kawarak-warakakên wontên organ Narpawandawa.

Katur kaping 29 Mèi 1934.

Wg. Kusumabrata.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika, bokmanawi wontên warga ingkang kaparêng badhe andhèrèkakên anak putranipun sinau Huishouding lajêng ngladosna sêrat suwunan, nêtêpi wara-wara kasêbut ing nginggil.

Pangrèh.

Noot. Mugi sampun andadosakên panggalihipun komisi, pamacakipun wara-wara ing nginggil punika kapacak rambah kaping kalih, amargi dhatêngipun sêrat kala samantên kupi-kupi sampun kalajêng dipun cithak, dados sagêdipun kacêkap kapêksa kabage kalih.

Red.

Pursêtelan

Nyuwun dhatêng ingkang wajib supados kawontênaning organ kita Narpawandawa dipun tata kados ing ngandhap punika:

I. Ing tapihing organ bagean jawi utawi nglêbêt supados dipun sukani katrangan cêkakaning isinipun. Dene paedahipun, manawi wontên parlu sawanci-wanci badhe ambêtahakên isinipun organ, gampil anggènipun madosi.

II. Nyuwun dipun wontêni dhamêsrêbrik, manawi sagêd dipun wontênana rêdhaksi wanita piyambak, botênipun inggih kumisi phan rêdhaksi, kapasrahakên pangrèhing Putri Narpawandawa.

III. Nyuwun ajêg dipun isèni pêthikan riksêblad, dados para warga sagêd nyumêrêpi pranatan -pranatan ingkang kawrat ing riksêblad.

--- 103 ---

IV. Nyuwun dipun isèni dêdongengan (pèlêton) ingkang laras kalihan jaman sapunika.

V. Nyuwun dhatêng para warga ingkang kagungan kawruh ingkang asli pangangsu saking kawruh kilenan, kaparênga saking sakêdhik kapanjurungakên wontên ing organ N.W. kados ta: bab ekonomi, sêtatkêndhê, baokêndhê, watêrbaokêndhê, lanbaokêndhê, lanishutkêndhê, muhamaddhansêrèh, agrarisrèh, atminisêtrasirèh, bêrgêlêkrèh, biologi, phisologi tuwin bab koopêrasi, saha sanès-sanèsipun ingkang dèrèng kalêbêt cathêtan punika. Awit kula gadhah pamanggih kita warga N.W. parlu sangêt sagêd mangrêtos dhatêng kawruh-kawruh wau.

VI. Dalancangipun, organ nyuwun dipun saeni kados nalika tapihipun jêne, amargi rêgining dalancang sampun suda sangêt.

VII. Tagihan kuntribisi tuwin rêgining organ, ingkang tumrap sajawining kitha, nyuwun sagêda kakintunan balangko pos wisêl ingkang sampun dipun isi cacahing arta ingkang badhe kabayar (tagihan) murih botên kêkathahên pambayaripun, inggih sabên taun kemawon, apêsipun inggih sabên kalih taun, awit manawi ngantos langkung saking kalih taun punika lajêng kêkathahên.

Wusana sadaya wau sagêdipun kalampahan kula amung sumôngga.

Têmon kaping 1 Mèi 1934.

Dirjasastra.

Pakulinan Sagêd Dados Watêk Susulan

Manawi miturut kawruh kodrat, dhêdhasaring wêwatêkan punika botên sagêd ewah. Upaminipun, manawi dhêdhasaring wêwatêkanipun culika, bok inggih dipun jujua kawruh adi luhung kadospunapa kemawon, dhêdhasaring kaculikanipun inggih taksih kemawon. Mila ngantos dados rêmbag, dhasar punika kalihan ajar mênang ingkang pundi.

Ing tanah Eropah wontên dêdongengan, satunggiling pastur gadhah anak kalih jalêr sadaya. Anak kalih wau sami dipun sinaokakên dados pastur. Nanging wusananipun ingkang satunggal malah dados pangagênging durjana. (Benggoling koyok), [koyo...]

--- 104 ---

[...k),] dados têgêsipun, ing ngriki sagêd ambuktèkakên, manawi dhasar punika kalihan ajar mênang dhasar.

Nanging kawuningana, sadaya tumindak ingkang ajêg punika lajêng dados pakulinan, sabên sampun kulina lajêng nama matuh. Manawi sampun matuh lajêng angèl ewah-ewahanipun. Ing ngriku punika ingkang lajêng sagêd têtêp kabasakakên watêk susulan, mila bôngsa Walandi lajêng sagêd nêtêpakên, adat ingkang sampun matuh punika lajêng dados watak susulan. (Gewoonte is de tweede natuur).

Mênggah suda lumungsuripun kawontênan punika saking pamanggih kula ugi sagêd ngewahakên padatan, kados upaminipun jaman ingkang taksih kita idaki punika, ingkang umumipun dipun wastani jaman awis arta utawi malèsê, punika ugi sagêd ngewahakên dhêdhasaring watêk kita.

Ewahing wêwatêkan ingkang jalaran saking pakulinan punika wau, miturut kodrat (natuur) manawi ewahipun wau dhatêng babagan ingkang sae-sae utawi golonganing kautamèn, punika adatipun mêsthi angèl. Nanging manawi ewahipun wau lajêng katuntun dhatêng ingkang sanès kautamèn, punika adatipun gampil tur mawi sangêt.

Awit saking makatên punika wau, sumantuning jaman malèsê punika, kula pêpuji sampun ngantos ngewahakên dhêdhasaring watêk kasatriyan kita. Awit kula yakin, botên kanthi dhêdhasaring watêk kasatriyan, praja rêkaos sagêdipun têntrêm, mila bab lairipun jaman malèsê punika, manawi kita kirang waspada sagêd ngalentokakên trajang kita, inggih punika lajêng supe dhatêng watak kasatriyan kita, nanging santun rêmên dhatêng arta, kabêkta sulap dhatêng jaman awis arta punika wau.

Kula kala wau matur rêmên dhatêng arta. Rêmên ing ngriki kula têgêsi rêmên thok, botên kaparêng nindakakên dayaning arta ingkang mêdal margi dhêdhasar kasatriyaning panggalih, awit tiyang ingkang rêmên arta punika lacutipun lajêng nama mangeran dhatêng arta. Punika adatipun malèsètipun lajêng malêbêt dhatêng watêk waisa. Manawi sampun ngancik dhatêng laladan mriku, dhêdhasaring kasatriyan lajêng saya katutup, ingkang wusananipun lajêng sagêd ical babarpisan. Ing ngriku watêk ingkang amung buru bêtahipun piyambak (egoisme), pintêr dhewe, brêgas dhewe, sugih dhewe, etc. saya kandêl, sampun [sampu...]

--- 105 ---

[...n] malih sanak sadhèrèk piyambak botêna kolu, cacak badanipun piyambak dipun rèkêning, samantên agênging pangaruhing kawontênan ingkang pancèn anggadhahi daya, bab punika kados inggih botên andupara, amargi sontan-sumantuning kawontênan punika ugi kalêbêt golonganing panggulawênthah (didikan) tumrap kita ngagêsang.

Bab punika bokmanawi panjênênganipun sadhèrèk Sukisman, ingkang badhe sagêd paring sêsuluh katrangan mênggah pilah-pilahing awon lan saenipun watak kalih warni wau, inggih punika watak: satriya tuwin watak waisa awit kula sampun nate dipun ngandikani manawi watak waisa punika inggih wontên saenipun.

Wasana sadèrèng sasampunipun kula ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng panjênênganipun sadhèrèk Sukisman.

Kasêrat kaping 30 April 1934.

Sud.

Damêl Kagèt

Nalika parêpatan agêng Narpawandawa ingkang nêmbe kapêngkêr punika, wontên ing dalêmipun Kangjêng Pangeran Arya Panular. Kula ngaturi prayogi dhumatêng parêpatan, murih langkung prayogi saha runtutipun, manawi pinuju parêpataning Narpawandawa, sampun ngantos mawi kalênengan saha lêlangên, dene anggèn kula ngaturi pamrayogi supados botên mawi kalênengan saha lêlangên wau botên kok kula gêthing dhatêng wontênipun kalênengan saha lêlangên, punika babarpisan botên, amargi parêpataning Narpawandawa punika, saking pamanggih kula (Cakrapangarsa), inggih punika sêsaringaning rêmbagipun para putra sêntana, kajawi ngrêmbag bêtahipun putra sêntana saha kawula, ingkang langkung wigatos angluhurakên gusti pêpundhèn kita sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, saha santosaning adêgipun karaton. Ing môngka lajêng kamangsak campur kalihan kalênengan, sampun tamtu kemawon rêmbag ingkang pêrlu wau lajêng burcangak, mila panyuwun kula dhumatêng para warganing Narpawandawa, sumôngga cekat-cèkêt sêsarêngan anyantosakakên adêgipun Narpawandawa kanthi sucining panggalih, supados ing têmbe manawi kita sampun murut dhatêng jaman kalanggêngan botên dipun uring-uring ing anak putu kita. Botên langkung lêrês utawi lêpating atur pamrayogi [pamrayo...]

--- 106 ---

[...gi] kula kasêbut nginggil, amung kula sumanggakakên ing kawicaksananipun sadaya warganing Narpawandawa.

Warga unyik, Cakrapangarsa.

Dongèngipun Sang Bagawan Wasusarma Dhatêng Radèn Kijing Wahana Sasêdhèrèk

Sambêtipun organ ôngka 5.

[Pangkur]

budhal mantuk marang sabrang / urut marga sêsambèn jro lumaris / mêmulang mring siswanipun / lêpiyan kang utama / kadidene lêlakyan ingkang kapêthuk / duk lêlana jajah praja / pra siswa suka angênting //

têlasing caritanira / Sang Bagawan Wasusarma turnya ris / mring kang para narpasunu / dhuh anggèr gih punika / dongèngipun pun bapa ingkang pakantuk / ingagêm kaca bênggala / liripun makatên gusti //

yèn janma kang kirang sêtya / nadyan ciptanira ingkang sakawit / nêdya tama myang rahayu / nanging dumuginira / ing wusana tundonipun dadya santun / têmah wangsul dadya ala / makatên ingkang waradin //

nanging janma kang utama / datan arsa nyalèwèng ing pakarti / mantêp têtêp ing pamuwus / punika kang prayoga / dèn cêlakna maring panjênêngan ratu / dene janma kang tyas nistha / liring nistha kandêl melik //

adatipun tan antêpan / pangucape mung tansah ngudi pamrih / sêsambène rêmên gunggung / ngalêm ngonggrong myang ngumpak / yèn tinantun adate cêkap anggandhul / rêrewa pados pikiran / nanging jatine mung nglirik //

maring kang mundhut timbangan / yèn wus katon sêmune dèn condhongi / nuju prana rekanipun / jatine mung angalar / ala bêcik masa bodho dudu ingsun / sok uga ngong antuk pangan / asile mung tansah mintir //

kang makatên wong musibat / botên pantês anggèr lamun kinathik / kalawan anggèr kalamun / wontên abdining nata / ingkang karêm kawibawan myang kumluhur / tan pantês dèn abdèkêna / sagêd ugi ngêngirangi //

maring darajad karajan / ujêr mamrih luhurira pribadi / dene kang yogya puniku / manuswa ingkang dawa / wêwatêkan kadi lêlampahanipun / sangsam kalihan sardula / kang sampun kawahyèng ngarsi //

margi kalih-kalihira / sami mantêp dhatêng ing tyas utami / tuwin timbang labêtipun / makatên têgêsira / pun sardula sapisan wêwalêsipun / pun sangsam dènira karya / kabêcikan kaping kalih //

duk nguni

--- 107 ---

sutaning sima / katindhihan sela kongsi saari / luware saking puniku / sangsam ingkang akarya / sima sêpuh anèng sajroning bakungkung / ugi luwar saking sangsam / gunggung labêt kaping kalih //

dene labête pun sima / mung sapisan dènira angluwari / mring sangsam sangsaranipun / kongsi nêmahi lara / kênèng kala kalap kalêbèng bakungkung / lan malih pun sima nêdya / tan badhe mamôngsa malih //

maring turunipun sangsam / dadya malah langkung saking utami / pun sardula labêtipun / mila kulangge timbang / labêtipun kêkalih punika wau / samya nêtêpi utama / mantêp maring rèh arjanti //

yèn mirit lakyan punika / dene sami sato kewan wanadri / darbe tyas ingkang linangkung / lah punapa manungswa / nadyan sami titahing jawata luhung / ananging kinarya beda / tinitah unggul pribadi //

kadipundi lamun kandhap / bêbudène lawan kewan wanadri / sayêkti nistha kalangkung / dhuh anggèr koningana / botên wontên agênging nistha puniku / tiyang tan wrin kabêcikan / punika ratuning nisthip //

lawan kosokwangsulira / utamine janma kêdah nitèni / maring kasaenanipun / sadhengah ingkang karya / kabêcikan wajib winalês rahayu / nadyan mêngsah bêbuyutan / yèn patrape wus utami //

kêdah winalês utama / adatipun anggèr ing têmbe wingking / manggih kaluhuran agung / dene agung sinihan / dening janma ing sakanan keringipun / karobaning sabda tama / têmah dudukwuluh sami //

Têlas

Dintên sae wiwit têngah- têngahaning wulan Mulud dumugi wulan Rabingulakir, amung 1 inggih punika dhawah tanggal kaping 24 Mulud dintênipun Sêtu Paing, Langkir, Dèwi Sri, tungle, tulus, satriya wibawa, lakuning gêni, macan katawang, sangat wiwit jam 10.48 dumugi jam 12 Amad rijêki.

Dene salêbêtipun wulan Rabingulakir punika suwung Anggara Kasihipun, dados sawulan punika botên sae kangge gadhah damêl mantu sapanunggilanipun.

Isinipun Organ Punika:

1. Sambêtipun pèngêtan parêpatan agêng ... kaca 93 / 2. Sambêtipun wara-wara saking kumisi ... kaca 101 / 3. Pursêtelan ... kaca 102 / 4. Pakulinan dados watak susulan ... kaca 103 / 5. Damêl kagèt ... kaca 105 / 6. Dongèngipun Bagawan Wasusarma ... kaca 106 / 7. Dintên sae ... kaca 107 / 8. Pananggalan ... kaca 108

--- [108] ---

Juli 1934

[Grafik]