Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 8, Agustus 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 29/443

Katur R.M. Cakrapangarsa

Sêrat katitimangsan kaping: ... Mèi kapêngkêr punika, sampun katampèn, sarta usul-usulipun radèn mas kala wontên ing parêpatan agêng kapêngkêr, sampun lajêng karêmbag ing parêpatanipun pangrèh Narpawandawa, kala tanggal kaping 11/12 Juni punika, pinanggihing rêmbag kados ing ngandhap punika.

I. Bab sabên parêpatan agêng, usulipun para warga, botên kaparingan wangsulan utawi katawèkakên dhatêng parêpatan, kados ingkang kasêbut sêrat, punika miturut kawontênan ingkang sampun tumindak, botên makatên, mawa-mawa prêlu lan botênipun ingkang dipun usulakên, liripun: manawi usulipun warga [war...]

--- 110 ---

[...ga] wau kamanah pangrèh prêlu mawi putusanipun parêpatan agêng, tamtu katawèkakên sarta karêmbag, dene manawi amung kacêkap kamanah para pangrèh kemawon, inggih cêkap dipun sukani katrangan, yèn usulipun badhe dipun manah.

II. Usul bab manawi parêpatan agêng kaprayogèkakên botên mawi gôngsa (klênengan) sarèhning kawontênanipun para warga punika sagêdipun kathah ingkang rawuh, manawi mawi klênengan, dados pamanahipun para pangrèh taksih prêlu katindakakên makatên rumiyin, namung saking sakêdhik pangrèh ugi badhe ngangkah sagêda kaparêngipun rawuh para warga wau, botên saking sabab mawi klênengan, nanging ngrumaosana yèn andhatêngi parêpataning pakêmpalanipun wau dados bakuning kawajibanipun para warga.

II. Usul bab wontênipun kantoran Narpawandawa ingkang têtêp, punika kala samantên pangrèh sampun nêtêpakên, sabên tanggal kaping 5/6 wulan Walandi, pangrèh padintênan sami kantoran wontên ing dalêmipun pangarsa, ngiras nampèni para warga ingkang sami kagungan prêlu rêrêmbagan kalihan pangrèh, nanging kawontênanipun botên wontên warga ingkang kaparêng rawuh, mila lajêng dipun suwak, dene para warga ingkang kagungan prêlu punapa-punapa, cêkap lajêng kapanggih kalihan panitra I utawi II.

III. Usul bab aksara Latin ingkang mungêl beschermheer sapiturutipun kasêrat ing sanginggiling aksara Jawi, punika badhe katindakakên saprayoginipun.

Sadaya wau mugi andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 18 Juni 1934.

Pangarsa: Wg. Kusumayuda.

Panitra: Wg. Purwasastra.

--- 111 ---

Turunan

Bab Pasarean ing Ngèndhèn

Ôngka 30/444.

Katur pangagênging parentah karaton.

Kula nuwun, pangrèh Narpawandawa nampèni sêrat paturanipun warga Radèn Ngabèi Ardapranata, ngaturakên bilih kala anakipun Radèn Ayu Ardapranata tilar donya, parentah karaton sampun marêngakên dipun pêtak ing astana Ngèndhèn, kalayan lêlahanan, ewadene sarêng sampun rampung pamêtakipun, juru kunci taksih mêksa nêdha arta waragad dhudhukan, kathahipun f 6,- sampun lajêng kabayar sah.

Awit saking punika, sarèhning pangrèh Narpawandawa dèrèng sumêrêp kadospundi pranatanipun ing pasarean Ngèndhèn wau, amila manawi sampun wontên tatananipun, pangrèh Narpawandawa nyuwun pranatanipun, prêlunipun supados para santana dalêm ingkang badhe kapêtak ing ngriku, warisipun sagêd sami sumêrêp, mênggah punika nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 18 Juni 1934.

Pangarsa: Wg. Kusumayuda.

Panitra: Wg. Purwasastra.

Turunan

Ôngka 1280 Ha IV Ka/7/3

Bab Panguburipun Mayit ing Pasarean

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa.

Kula sampun anampèni sêrat katitimasan kaping 18 Juni 1934 ôngka 30/444 bab anggènipun Radèn Ngabèi Ardapranata, mratelakakên bilih nalika anakipun Radèn Ayu Ardapranata tilar donya, parentah karaton sampun [sampu...]

--- 112 ---

[...n] marêngakên kakubur ing astana Ngèndhèn kalayan lêlahanan, nanging sarêng sampun rampung panguburipun, juru kunci taksih mêksa nêdha arta waragad f 6,- nêm rupiyah sapituruting suraos sampun kula sumêrêpi.

Awit saking punika, tumindakipun juru kunci kasêbut ing nginggil wau sampun lêrês, awit miturut bab 9 ing sêrat tatanan pasarean Lawiyan ingkang ugi tumrap ing Ngèndhèn, katitimasan kaping 15 Ruwah Jimakir 1858, utawi kaping ... Pèbruari 1928, têmbung lêlahanan wau botên atêgês kalêpatakên saking sakathahipun waragad pangubur, nanging namung mligi kalêpatakên saking waragad bêdhah bumi, dados waragad dhudhukan, slawat sarta sanès-sanèsipun taksih kasanggi ing para waris, katamtokakên satunggaling mayit f 6,- nêm rupiyah, têrangipun kados pêthikan tatanan ingkang asarêng punika, nanging ing mangke waragad wau kadhawuhakên suda f 2,- kalih rupiyah, kantun f 4,- rupiyah, ewasamantên tumapaking dhawuh sêsudan punika taksih kawon rumiyin kalihan tilaripun donya anakipun Radèn Ayu Ardapranata, inggih punika sawêg nalika kaping 15 Marêt 1934, môngka tilar donyanipun wau nalika Oktobêr 1933, mênggah punika salajêngipun kadhawuhakên dhumatêng Radèn Ngabèi Ardapranata supados sumêrêp saparlunipun kula borong, dene bab tatanan anggèn kula namung amêthikakên wau, jalaran wêkdal punika sawêg wontên sanès-sanèsing bab ingkang pêrlu kaewahan, sarampungipun kemawon kula badhe ngintunakên turunanipun sadaya.

Bale krêta kaping 5 Juli 1934.

Pangagênging parentah karaton, W.g. Kusumayuda.

Garapan bale krêtarta ha IV.

W.g. Kartasudarta.

Turunan

Pêthikan tatanan pasarean ing Lawiyan, katitimasan kaping 15 Ruwah Jimakir 1858, utawi kaping ... Pèbruari 1928, kados ing ngandhap punika.

Bab 9

Putra santana dalêm sarta wong utawa kang wus dadi kaparêng dalêm kang nyuwun ngubur mayit ana ing pasarean, kono, [ko...]

--- 113 ---

[...no,] sawise ana dhawuh kalilan, ora nganggo bêdhah bumi, mung bayaran bau kang dhudhuk-dhudhuk, kalêbu slawat utawa liya-liyane kèhe manira tamtokake sawijining mayit: nêm rupiyah. Kasôngga para waris, manawa waris anganani bau dhewe sacukupe kalilan, mung ambayar slawat iku isih tumindak ing sasihe dhewe.

Turunan

Ôngka 32/445

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, kala parêpatan agêng taunan tanggal kaping 15/16 Mèi kapêngkêr punika, pangrèh nampèni usulipun warga, bab kacêkapipun arta nagari, manawi kawontênanipun arta pamêdalipun nagari, taksih tambah-tambah sudanipun, ing sasagêd-sagêd nagari sampun ngantos anyuda cacahing abdi dalêm, manawi botên parlu sangêt, dene manawi kapêksa kêdah nyuda abdi dalêm, inggih sampun ngantos nyuda abdi dalêm ingkang baku, amargi pamanggihipun warga ingkang gadhah usul wau, nagari taksih sagêd nyuda wêdalipun arta tadhah sanès-sanèsipun, wosipun kemawon, manawi abdi dalêm kathah ingkang dipun suda, dangu-dangu prasasat nata tanpa wadyabala, punika kamanah botên prayogi, sarta malih bilih ing têmbe wingking arta asilipun nagari sagêd wangsul subur malih, punapa inggih cacahing abdi dalêm badhe wangsul kados ingkang sampun-sampun, kintên-kintên kemawon botên.

Mênggah usulipun warga kasêbut ing nginggil punika, pangrèh Narpawandawa namung anglajêngakên kemawon, dèrèng gadhah pamanggih punapa-punapa, amargi pangrèh Narpawandawa sumêrêp manawi ing nagari sampun angwontêni bêbadan komisi ingkang kapatah manah bab kasaitipun arta nagari, amila bab punika amung kasumanggakakên panggalihanipun nagari.

Katur tanggal kaping 19 Juni 1934.

Pangarsa, Wg. Kusumayuda.

Panitra, Wg. Purwasastra.

--- 114 ---

Turunan

Sêratipun pangrèhing pakêmpalan Putri Narpawandawa katur dhatêng pangrèh agêng I.P.P.B.

Sasampunipun kadya punika awiyosipun, pangrèhing pakêmpalan Putri Narpawandawa sampun nampèni sêratipun pangrèh agêng I.P.P.B, katitimasan kaping 16 Mèi 1934. Sakanthinipun, punapa suraosipun sampun dipun sumêrêpi sarta sampun karêmbag ing parêpataning pangrèh, mênggah kênthêling rêmbag, pangrèh Putri Narpawandawa ugi angrujuki dhatêng wosing pikajêngipun I.P.P.B. inggih punika amrayogèkakên, nagari anggalih wontênipun Weduwenfonds nanging kêdah adil tumrap sadaya abdi dalêm, makatên malih ugi kêdah ngungak kakiyatanipun arta nagari.

Ingkang punika mugi andadosna kauningan, saha borong pangrèh agêng I.P.P.B.

Kasêrat kaping: ... Juni 1934.

Pangarsa: Wg. Wuryaningrat.

Panitra: Wg. Sukirsa Bratapurwaka.

Turunan

Kêkancingan ôngka 3, C/2/I

Manira pêpatihing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, angèngêti layang dhawuh manira kêkancingan katitimasan kaping 7 Rêjêb Be 1864, utawa kaping 27 Oktobêr 1933, ôngka 6 C/2/I bab pêpacak marang sakabèhe abdi dalêm sapêpadhane, ora kalilan lumêbu dadi lid, ambiyantu utawa têtulung marang pakumpulan P.N.I. - P.I. - P.E.R.M.I sarta P.S.I.K. Kang muni: utawa sadhengah pakumpulan kang duwe sêdya ambalela marang parentah, iku têgêse têmbung parentah mau kajaba karaton dalêm Surakarta, uga para parentah Jawa liyane, iya iku Ngayogyakarta, Mangkunagaran sarta Pakualaman, mangkono uga parentah guprêmèn.

--- 115 ---

Kêkancingan iki kadhawuhake marang para panggêdhe kawadanan sapanunggalane, supaya andhawuhake lan angulat-ulatake rèh-rèhane dhewe-dhewe, sarta kapacak ing layang kabar paprentahan, supaya ora ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 22 Sapar Wawu 1865. Utawa kaping 6 Juni 1934.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Wara-wara Opisil

Pêthikan saking D.K.

Parêpatan guprênur ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta akalihan para wakilipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên ingkang kaping 44 rambahan, nalika tanggal kaping 9 Juni 1934.

I. Bab bale mangu, pangrêmbagipun pêrslah saking kumisi bale mangu, punika sampun rampung, rèhning ing têmbe wingking saèstunipun ugi badhe andhapuk tatananipun ingkang kawastanan proces-en executieregeling tumrap bale mangu, pramila sanadyan dèrèng wontên katêtêpan bab badhe wontênipun pangadilan bale mangu, ewasamantên para sèlêpbêstirên badhe angwontêni kumisi (studie-commisie) ingkang badhe kapatah nglêmpakakên katrangan-katrangan saking kawontênanipun adatrecht sarta pangadilanipun para nata (Vorstenrechtspraak) tumrap bale mangu.

II. Ewah-ewahan bab pamupunipun pajêg têtumpakan.

Ing sarèhning tatananipun bab prakawis punika ing samangke taksih nguciwani, inggih punika plombê ingkang sampun kapasang ing têtumpakan gampil sangêt sagêdipun dipun colong, pramila Tuwan Adjunct-Hoofdcommissarissen van Politie ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta sami badhe ihtiyar kadospundi prayoginipun, plombê ingkang sampun kapasang têtumpakan wau murih sampun ngantos kenging dipun colong manawi botên sarana ngrisak.

--- 116 ---

III. Bab pasitèn gêgadhuhanipun S.S. sarta N.I.S. awit ingkang karêmbag kalihan S.S. sarta N.I.S. bab kawontênanipun pasitèn gêgadhuhanipun S.S. sarta N.I.S. ingkang botên dipun pigunakakên tumrap kaparluaning panggaotanipun S.S. sarta N.I.S. punika Tuwan Assisten Residenten ter beschikking voor Agcarische Zaken ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta sami kapatah andhapuk pratelan bab kawontênanipun pasitèn kados kasêbut ing nginggil wau, wosipun sasampunipun karêmbag kalihan S.S. sarta N.I.S. pasitèn punika wau sagêda kakondurakên dhumatêng sèlêpbêstirên.

IV. Bab bale agung, sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun angandikakakên, bilih anggalih pakèwêd manawi ing pranatanipun bale agung dipun wontêni pêpacak bab parlementaire onschendbaarheid ingkang tatananipun namung kenging kaanggêp dados wêwênangipun sèlêpbêstir, sarta ingkang sampun dipun condhongi dening pangagênging trah Mangkunagaran sarta pangagênging trah Pakualaman, pramila manawi sampun têrang bilih karsanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kados kasêbut ing nginggil wau ugi dipun condhongi dening ingkang sinuhun kangjêng sultan, bab prakawis punika lajêng badhe kaaturakên uninga ing guprêmèn. Sasampunipun punika, rèhning tumrap rèng-rèngipun pranatan bale agung ingkang pungkasan piyambak sampun andadosakên kêparêngipun guprêmèn, pramila bab badhe wontênipun bale agung wau sampun botên wontên pakèwêdipun.

V. Bab dhêndhan walêdan pajêg recht van opstal kabêkta saking rêkaosing jaman, parêpatan angrêmbag sagêda angaturakên prayogi ing guprêmèn supados kaparênga anyudakakên dhêndhanipun tumrap walêdan pajêg recht van opstal.

VI. Bab pranatan sègêl. Ing sarèhning para sèlêpbêstirên sampun sami anyondhongi bab anggèning pranatan sègêl kagunganipun guprêmèn badhe katumrapakên kawulanipun sèlêpbêstirên, pramila pranatanipun badhe kasuwun ing guprêmèn sagêda tumuntên katumrapakên dhumatêng kawulanipun sèlêpbêstirên, sarta manawi sagêd ing sadèrèngipun tanggal 1 Juli 1934.

VII. Bab pajêg krisis taun 1934. Pranatanipun pajêg krisis taun 1934 tumrap nagari Surakarta tuwin praja Mangkunagaran, punika badhe tumuntên kaundhangakên. [kaundhang...]

--- 117 ---

[...akên.]

VIII. Bab arta sitêng tumrap lid landrad. Sarèhning arta sitêng ingkang kabayar dening guprêmèn, punika namung tumrap para lid ingkang sanès priyayi (niet ambtelijke leden) sarta para priyayi abdinipun para sèlêpbêstirên ugi kaewokakên niet ambtelijke leden wau, pramila murih guprêmèn sagêdipun ngirit wêdaling arta, para sèlêpbêstirên badhe dipun prayogèkakên supados tumrap para priyayi abdinipun ingkang sami dados lid landrad, punika sagêda katindakakên kadosdene para priyayi abdinipun guprêmèn ingkang ugi sami dados lid landrad, amargi karampungan ingkang katindakakên dening pangadilan landrad ing Porstênlandhên, punika ingkang sabagean agêng namung tumrap para kawulanipun sèlêpbêstirên, sarta tumrapipun para priyayi abdinipun sèlêpbêstirên ingkang sami tumut lênggah sitêng wau kenging kawastanan pasinaon ingkang prayogi sangêt.

IX. Bab sèkrêtarisipun parêpatan. Kabêkta saking anggèning badhe pêrlop dhatêng Eropah, pramila Tuwan Dr. B. Ockers lajêng kèndêl saking anggèning dados sèkrêtarisipun parêpatan. Tuwan guprênur ing Surakarta, makatên ugi awit saking namanipun para warganing parêpatan, asuka tarima kasih dhumatêng Tuwan Dr. B. Ockers wau tumrap saening anggènipun nindakakên kuwajibanipun minôngka sèkrêtarisipun parêpatan, dene ingkang kapilih anggêntosi dados sèkrêtarisipun parêpatan wau Tuwan Dr. P. H. Angenent.

Bab Pratelan Asmanipun Para Putra Saha Putri Dalêm

Kula nuwun, manawi pangrèh Narpawandawa angrujuki, kula nyuwun kalihan sangêt, mugi pangrèh karsaa macak ing organ, tumrap pratelan asmanipun para putra saha putri dalêm wiwit ingkang sinuhun ing Pajang. Dene paedahipun:

I. Supados sadaya sami ngêrtos kawontênanipun para putra saha putri dalêm, amargi kula sampun kêrêp nyuwun sêsêrêpan dhatêng para santana dalêm, sami botên sagêd maringi katrangan.

II. Manawi sampun sami ngêrtos, bilih sami pêpanggihan lajêng sagêd anggampilakên anggènipun mastani pundi ingkang sêpuh saha ingkang ênèm, ingkang makatên wau lajêng [la...]

--- 118 ---

[...jêng] sagêd anambahi rumakêting anggènipun pasadherekan.

III. Kathah para santana dalêm ingkang sami nyambut damêl wontên ing pasisir, punika manawi dipun takèni sadhèrèk pasisir wau sagêda anêrangakên, supados andamêl indhaking ajinipun.

VI. Lan sanès-sanèsipun.

Wondene pratelan wau kadamêl upami kados ing ngandhap punika:

Sêtat pratelan asmanipun para putra saha putri dalêm.

[Grafik]

Makatên sapiturutipun.

Wasana kula matur sèwu nuwun, tuwin manawi wontên ingkang lêpat panyêrat kula utawi kirang, kula nyuwun gunging pangapuntên, saha kaparênga nglêrêsakên saha nambahi.

Katur kaping 7 Juli 1934.

Singa Suharta.

Parêpatan

Kula nuwun sadhèrèk rêdhaktur, mugi kaparênga paring papan anggèn kula reka-reka badhe andhèrèk ngisèni organ kita, nyaosi panjurung amung sapala minôngka ular-ular, bokmanawi sagêd nambahi sasêrêpanipun para kadang kadeyan kita, ingkang dèrèng priksa dhatêng cara-caranipun parêpatan, kula kumacèlu badhe ngandharakên sawatawis, angsal anggèn kula pados sasêrêpan dhatêng para mudha ingkang sami mangrêtos dhatêng lampah-lampahing parêpatan, mila manawi wontên klenta-klèntunipun anggèn kula ngaturakên, punika botên saking klèntunipun [klèntunipu...]

--- 119 ---

[...n] ingkang paring sêsêrêpan dhatêng kula, nanging muhung saking klèntuning panampi kula piyambak, mugi sampun kirang pangaksama.

Parêpatan punika katranganipun sanès têmbung anyar, duk ing kinanipun inggih sampun wontên têmbung makatên wau, namung kêdalipun kemawon ingkang gèsèh, inggih punika limrahipun kawastanan prêpotan. Nalika jaman adêging para kabupatèn nayaka wolu taksih pêpak karerehanipun, kados ta: jaksa, pulisi, sapanunggilanipun, dèrèng sami dipun rucat, para kabupatèn wau kalamasa ingkang bupati lênggah prêpotan wontên ing pandhapa kabupatèn, ingadhêp para panêkaripun, angrêmbag prêlu-prêluning kabupatèn. Minggahipun malih kala jaman ngajêngakên prang Bratayuda Jayabinangun, para dewa sami prêpotan wontên ing ngarsanipun Sang Hyang Jagad Girinata, ngrêmbag têtandhinganipun prajurit Pandhawa lan prajurit Kurawa, pundi ingkang badhe kadamêl unggul (Zie lampahan Krêsna gupuh) dados pamanggih kula têmbung parêpatan utawi prêpotan punika kina-makina sampun wontên, namung tatacaranipun prêpotan jaman kina kalihan parêpatan jaman sapunika tamtunipun inggih beda, sabab dening beda-bedaning kawontênan. Manawi tatacaranipun parêpatan ing jaman sapunika, ingkang sampun anglênggahi tatacara ingkang prayogi, punika:

Para warga, para tamu utawi sintên-sintêna ingkang sami wontên ing parêpatan ngriku, punika kêdah kanthi patrap kasusilan, liripun botên kenging sami ngangge sakajêngipun piyambak, omong-omong, solah-tingkah, sapanunggilanipun, botên kenging sakarsa-karsa, sadaya kêdah amigatosakên dhatêng pêrlu-pêrluning parêpatan ingkang karêmbag ing wêkdal wau, langkung malih manawi nuju wontên ingkang mêdhar sabda (sêsorah, lèsêng, tuwin sasaminipun) kêdah botên kenging anggidhuhi, sarana nyuwara ingkang adamêl kèndêlipun juru sabda.

Manawi badhe kesah saking ing parêpatan ngriku, sabab wontên pêrlu ingkang wigatos, lampahipun kêdah jinjit, supados sampun ngantos anyuwara.

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika, manawi ngantos wontên ingkang nêrak, pangarsa utawi panuntuning parêpatan wênang ngemutakên, sarana tôndha gêdhoging gandhèn, dene manawi mêksa andadra (botên ngendahakên) pangarsa utawi panuntuning [panu...]

--- 120 ---

[...ntuning] parêpatan wênang nundhung supados kesah saking ing parêpatan ngriku, sabab pangarsa utawi panuntuning parêpatan punika agêng sangêt panguwaosipun tumrap parêpatan ingkang dipun tun,tuntun. sampun malih nundhung tiyang ingkang adamêl gidhuh, sanadyan ingkang sawêg amêdhar sabda manawi pêrlu pangarsa wênang ngêndhakakên, utawi ngakèn kèndêl sanalika.

Kauningana, tiyang damêl gidhuh ing parêpatan punika gadhah raos angrèmèhakên dhatêng ingkang sawêg amêdhar sabda, dados inggih kalêbêt tindak murang tata, tumrap sadhèrèk warga sanèsipun ingkang cêlak lênggahipun, inggih sêdhih, sabab dening gidhuh anggènipun badhe migatosakên dhatêng sêsorahipun juru sabda, langkung malih tumrapipun panitra ingkang kawajiban amèngêti rêmbag-rêmbagipun parêpatan, umyunging swaranipun para ingkang sami lênggah, adamêl kirang cêthaning pamirêngipun panitra, wêkasan badhe tuna dungkap anggènipun damêl palapuran (verslag) dados gunggung kêmpalipun tiyang andhatêngi parêpatan punika inggih botên mardika, mila manawi kêdangon dhatêng badan kêsêl sangêt, langkung malih manawi kêtanggor angsal pangarsa utawi panuntun ingkang rêmên gabug galur, sarana manjang-manjangakên rêmbag, punika para warga utawi tamu ingkang rawuh sami ngrêsula ing panggalih, katitik saking: nora jênjêm palinggihe, pratôndha sêdhih atine, kakang Janaraga. Môngka ambolos saking parêpatan punika ugi nama botên prayogi. Amila tumrapipun para juru pamêdhar sabda inggih kêdah damêl andharan ingkang cêkak aos, sabab juru sabda makatên nama sawêg dipun ayomi pangarsa, tandhanipun sadaya warga kêdah amigatosakên, botên kenging anggidhuhi, tuwin sapanunggilanipun, makatên ugi tumrapipun pangarsa, sarèhning agêng sangêt wawênangipun inggih sampun rêmên angulur-ulur rêmbag, mindhak adamêl pêgêlipun ingkang sami ngèstrèni parêpatan.

2. Manawi tumindakipun parêpatan wau sagêd cekat-cèkêt, barang-barang sarta barès, putusanipun sagêd mêntês, têgêsipun ing salêbêting parêpatan sêpên godha rêncana, punika parêpatanipun nama trêtip. Saya prayogi bilih wiwitipun parêpatan sagêd nêtêpi wanci ingkang sampun kaumumakên, amargi awis sangêt parêpatan ingkang tapukipun sagêd ngêplêki wanci kados ingkang kawrat wara-wara, sabab dening rawuhipun para warga kathah ingkang botên nêtêpi kados ungêling sêrat sêdhahan, [sê...]

--- 121 ---

[...dhahan,] utawi wara-wara, makatên punika kajawi andadosakên kirang trêtiping parêpatan, ugi damêl pituna, jalaran munduring wanci wiwitipun punika inggih damêl munduring wanci bibaranipun, malah sagêd ugi pangrèh kapêksa nyuda rêmbag, amila sadaya kemawon ingkang tampi sêrat wara-wara parêpatan, punika wajib anggatosakên bab-babipun ingkang badhe karêmbag, prêlunipun sagêd patitis anggèning mêdharakên pamanggihipun, utawi manawi damêl putusan, kaping kalihipun anggèning rawuh ing parêpatan sampun ngantos kasèp, sokur kirang 1/2 utawi 1/4 jam kalihan wiwitipun parêpatan, para warga sampun sami rawuh sadaya, (kathah ingkang sampun rawuh) punika nama kautamèn, amargi kasèping rawuhipun warga punika inggih damêl godha rêncana (verstoren)ning parêpatan, saya malih manawi ingkang rawuh kantun wau prayagung luhur, ingkang kagungan pangaribawa, punika sagêd damêl pituna ing sadayanipun, sapisan tumrap ingkang nuju sawêg mêdhar sabda kapêksa kèndêl (kapêdhotan klimah) kaping kalih para warga sanèsipun ingkang sampun linggih lajêng sami ngadêg, kaping tiganipun tumrap ingkang sawêg nêmbe rawuh punika botên uninga bibit sakawitipun sêsorah. Pêdhoting sêsorah punika angicalakên raos utawi dêrêngipun bab ingkang dipun sorahakên. Dados manawi parêpatan punika sagêd runtut (ordelijk) punika parêpatanipun nama botên kuciwa.

3. Parêpatan punika inggih prêlu pados wilujêng, liripun sêpên grêjêg ingkang tuwuhipun saking pun adrêng kalihan pun rêngkêng, langkung malih manawi sulayanipun wau nyêbal saking jêjêr bakuning rêmbag, awit asring-asring wontên tuwuhing pasulayan wau saking tindak sêsêngitan ing griya katut kabêkta dhatêng parêpatan, sawênèh suraosing sêsorah sêmu mêmiringi dhatêng salah satunggaling warga ingkang dhatêng, punika bilih pangarsa utawi panuntuning parêpatan botên waspada, cêpak dadosipun pasulayan, satêmah parêpatanipun inggih nama botên wilujêng. Mênggah dhêdhasaranipun tiyang mêdhar sabda wontên ing ngajênganing tiyang kathah punika ing pangangkah sagêda kagatosakên sêsorahipun, lan ugi kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl raos-rumaosipun tiyang (natoni manah) utawi malih sampun ngantos nêrak anggêr-anggêring parentah (spreekdelict) punapadene salêbêtipun mêdhar sabda wau sampun ngantos dipun arubiru dening wakilipun parentah ingkang nênggani, bilih parêpatanipun [parê...]

--- 122 ---

[...patanipun] ngantos kabibarakên sadèrèngipun dumugi rampunging prêlu, punika ugi nama parêpatan botên wilujêng, sarta inggih adamêl kapitunanipun parêpatan. Kathah kemawon juru pamêdhar sabda nêrak anggêr-anggêr wau malah rumaos yèn brêgas, adamêl kondhanging namanipun, punika kalêbêt pamanggih ingkang klèntu, manawi juru sabda ingkang sampun lêbda dhatêng saulah kridhaning tatêmbungan, tamtu botên sagêd ngantos kaarubiru pulisi, sabab èsthining panggalih namung ngangkah têtêping paribasan: sing kêna iwake, nanging aja nganti buthêk banyune. Dados manawi wontên juru sabda ingkang namung badhe sêsongaran, cikbèn diarani ... punika têtela yèn namung badhe damêl kapitunaning ngakathah, sabab dhatêngipun para warga ing parêpatan wau, masthi mawa prabeya, sêdyaning manahipun angênthu-ênthu dhatêng punika kajawi ngèstrèni parêpatan, inggih badhe mirêngakên rêmbag- rêmbag, dados botên kok badhe mirêngakên grêjêgan utawi pangarubirunipun pulisi, kosokwangsulipun ingkang sêsorah inggih kêdah adhêdhasar sagêda sêsorahipun katampèn kalayan tumanêm ing manah, makatên mênggahing sasêrêpan kula tumrapipun bab parêpatan, wasana tutuping atur kula amung matur nuwun dhatêng sadhèrèk rêdhaktur, anggènipun sampun kaparêng minangkani panuwun kula kasêbut ing nginggil.

Balilu tau.

Cacriyosan Patilasan

Pasareyanipun Kyai Arèn

Ing dhusun Dêmalang kalurahan Kudhu (Baki, Kartasura), wontên kuburan kina kalih badan, dumunung sapinggiring sabin sacêlakipun margi sakilèn dhusun Dêmalang wau, mawi kakijing kajêng jati, dipun tumpuk-tumpuk watawis 9 tumpuk, kuburan wau karanipun Kyai Arèn, kangge pasadranan tiyang sakiwa-têngênipun ing dhusun ngriku, malah sabên dintên malêm Jumungah utawi Salasa Kliwon (Anggara Kasih) asring kadhatêngan tiyang saking sanès dhusun, saha saking kitha nagari, prêlu nênêpi, dene kuburan wau saking cacriyosanipun tiyang sêpuh ing dhusun Dêmalang makatên:

Kuburan kasêbut ing nginggil wau pamanggènipun kalêrês wontên ing gisiking lèpèn, ing ngriku wontên witipun arèn, kala jamanipun swargi Kangjêng Susuhunan Kalijaga [Kali...]

--- 123 ---

[...jaga] anuju satunggiling dintên lênggah kèndêl ing sangandhaping wit arèn wau, lajêng ngore rema, jalaran mêntas siram, wasana remanipun punika wontên ingkang bodhol, rêntah wontên ing panggenan wau, lajêng kadhawuhan mêtak.

Anuju satunggiling dintên malih ing lèpèn punika pinanggih wontên bangkenipun tiyang jalêr, sumangsang wontên ing wit arèn tilas ingkang kagêm lênggah Kangjêng Susuhunan Kalijaga wau, gandanipun sampun bacin, botên sagêd kasumêrêpan nama tuwin griyanipun, wasana lajêng kapêtak nunggil rema kasêbut ing nginggil, sapêngkêripun punika dumugi samangke dados pasadranan tuwin panêpèn, karan nama pasareyanipun Kyai Arèn.

Salêbêtipun Wulan Jumadilawal Taun Wawu 1865 Punika Dintên Sae Namung Satunggal, Kados Ing Ngandhap Punika

Tanggal kaping 19, Kêmis Lêgi, Maktal, Hyang Kala, tulus, tungle, satriya wibawa, lakuning linrang, sanggar waringin. Sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12 Ahmad rijêki.

Isinipun Organ Punika

Wangsulan dhatêng R.M. Cakrapangarsa ... kaca 109 / Paturan bab pasarean Ngèndhèn ... kaca 111 / Katrangan bab ngubur mayit dhatêng Ngèndhèn ... kaca 111 / Pêthikan pranatan pasarean Lawiyan ... kaca 112 / Turunan sêrat paturan katur pêpatih dalêm ... kaca 113 / Sêratipun putri N.W. dhatêng I.P.P.B ... kaca 114 / Kêkancingan nagari ôngka 3 C/2/I bab pêpacak ... kaca 114 / Wara-wara opisil ... kaca 115 / Usul pratelan asmanipun para putra dalêm ... kaca 117 / Bab caranipun parêpatan ... kaca 118 / Cacriyosan patilasan ... kaca 122 / Dintên sae ... kaca 123 / Pananggalan ... kaca 124

--- [124] ---

Agustus 1934

[Grafik]