Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 9, Sèptèmbêr 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Tatêdhakan

Bab Sudan Pajêg Kabudidayan

Ôngka 39/450

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur kawadanan putra santana dalêm kiwa têngên.

Kula nuwun, pangrèh Narpawandawa ngaturi uninga, nalika ing dintên Salasa sontên tanggal kaping 15/16 Mèi kapêngkêr punika, Narpawandawa damêl parêpatan agêng taunan wontên ing pandhapa Panularan, parêpatan agêng wau nampèni usulipun warga bab sudaning pajêg kabudidayan ingkang botên sakêdhik petangipun sarta botên dumunung nyambut, dipun suwun wiwit ing taun punika saha wêwah suwunan ewahing pajêg anyar (herziening van pacht) inggih punika ingkang suwau sadasa taun, lajêng ewah namung sabên gangsal taun. Parêpatan agêng Narpawandawa [Narpawanda...]

--- 126 ---

[...wa] mastani tumrap anggènipun nyuwun sudan pajêg saha ewahing pajêg anyar, punika sanadyan pancènipun sampun kalêbêt ing kontrak prajangjian, amila nalika môngsa rêrêgèn awis, inggih botên mindhak ladosanipun pajêg, nanging minôngka parimarma ing môngsa rêkaos punika Narpawandawa, manah botên dados punapa amaringi sudan pajêg, lajêng dumunung kautamèn, namung ingkang kasangêtên punika anggènipun lajêng nyuwun sudan pajêg sarana kadhapuk bangunan pajêg (herziening van pacht) ingkang botên ngêmungakên kathah gunggunging arta sudan pajêg kemawon, nanging punika badhe angewahi baku waton ingkang nyulayani pranatan saha lajêng badhe têtêp ing salaminipun, suwunan ewahing pajêg anyar wau dèrèng ngantos rampung, lajêng katungka wontên suwunan sudan pajêg dipun suwun wiwit ing taun punika, ing môngka kawontênanipun suwunan ewahing pajêg anyar, punika inggih atêgês badhe nyuda sêsanggèn pajêg, sarta botên dangu rampungipun kintên- kintên sataun utawi kalih taun kemawon sampun sagêd tumindak, makatên punika nama botên manah tumindakipun arta nagari, tuwin botên narimahakên golongan sanèsipun, ingkang lajêng kasêsa dipun indhaki utawi kasanggenan pajêg anyar, punapa malih Narpawandawa ugi mirêng bilih wontên sêdya kawontênanipun badhe malik, para kabudidayan botên majêgi dhatêng nagari, ananging nyewa siti dhatêng kawula dalêm sarana rêmbag piyambakan (vrije inhuur) ing môngka nalika kabudidayan nyuwun bangunan pajêg wau, saking pamirêngipun Narpawandawa sampun kanthi katrangan manawi parimarma punika badhe anjalari botên sami ngondurakên siti, wusana pasudan pajêg inggih kalampahan, bab ngondurakên siti inggih lumintu katindakakên, malah sapunika badhe mawi santun salaga nyewa siti dhatêng kawula dalêm sarana rêmbag piyambakan (vrije inhuur) makatên wau Narpawandawa mastani kangge ing wêkdal punika nama botên lêrês, manawi kalampahan arta nagari tamtu badhe saya wêwah comprèng sangêt, amargi badhe wêwah kathah sudanipun.

Awit saking punika wontêna kaparêng dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana dhawuh dhumatêng nagari, supados bab punika kamanah ingkang sayêktos, saha karêmbaga kalihan para wajib kadospundi prayoginipun.

--- 127 ---

Nuwun, wontênipun Narpawandawa kamipurun angunjukakên pamanggihipun kasêbut ing nginggil, punika botên sanès adhêdhasar rumêksa nagari saha karaton dalêm, anêtêpi wêwaton ingkang sampun kaêwrat ing pranatan baku, mênggah punika salalajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, nuwun sumôngga.

Katur tanggal kaping 30 Juli 1934.

Panitra I, Wg. Sasrakusuma. Pangarsa: Wg. Kusumayuda.

Rèiksêblad Taun 1934 Ôngka 11

Pranatane pêpatih dalêm katitimangsan kaping 27 Juni 1934 ôngka 10.

Manira pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, kang wus kapatêdhan pangawasa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta wus angrêmbug lan kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta.

Sawuse anguningani ordhonansi kasêbut sêtatsêblad 1933 ôngka 442, bab owah-owahane ordhonansi kasêbut sêtatsêblad 1903 ôngka 8, tumrap tumindaking pangadilan ing Surakarta lan Ngayogyakarta, dene ordhonansi kang kèri iki kaya kang kapacak ing layang kabar nagara Surakarta 1929 ôngka 8 murih saya kasumurupan ing akèh.

Anggalih, owah-owahane ordhonansi mau uga parlu kapacak ing layang kabar nagara murih saya kasumurupan ing akèh.

Marmane ing samêngko andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

Pranatan bab angundhangake murih saya kasumurupan ing akèh, owah-owahane ordhonansi tumrap tumindaking pangadilan ing Surakarta.

Bab 1

Ordhonansi kang kasêbut ing sêtatsêblad 1933 ôngka 442, bab ambalèkake wêwênang dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingatase pangadilan tumrap bawahe para parentah Jawa ing Surakarta kang sumlêmpit ana ing guprêmèn Ngayogyakarta, iku murih saya kasumurupan ing akèh ana ing bawah karaton [kara...]

--- 128 ---

[...ton] dalêm Surakarta, kapacak ing layang kabar nagara.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 14 Mulud Wawu 1865.

Utawa kaping 27 Juni 1934.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Wus sarêmbag lan manira, Kangjêng Tuwan Guprênur ing Surakarta M.Y.Y. Trir.

Kaundhangake tanggal kaping 7 Juli 1934.

Pêpatih dalêm: Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Sêtatsêblad ing Indhiya Nèdêrlan

Taun 1933 ôngka 442

Bab Pangadilan ing Surakarta, Ngayogyakarta

Owah-owahaning ordhonansi kang kamot ing sêtatsêblad taun 1903 ôngka 8 bab laku -lakuning pangadilan bêbênêran ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta.

Awit ingkang asma kangjêng sri maharaja putri

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general ing Indhiya Nèdêrlan, aparing wêruh marang sarupaning wong.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, kagungan karsa ambalèkake wêwênange ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, sarta wêwênange panggêdhening trah Mangkunagaran, tumrap tumindaking pangadilan ing bawahe nagara Surakarta, sarta bawahe praja Mangkunagaran kang dumunung ana ing sajroning bawah gêwès Ngayogyakarta (Solosche enclave's).

Anggalih, rèhning bab iki wus andadèkake condhonging panggalihe ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, [Ngayo...]

--- 129 ---

[...gyakarta,] apadene wus dicondhongi dening panggêdhening trah Mangkunagaran sarta Pakualaman.

Marmane sawuse amiyarsakake atur pirêmbage rading Indhiya Nèdêrlan, sarta sarêmbug lan Polêksrad, ing samêngko kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Wiwitane § 1 bab 2, ing ordhonansi katitimangsan kaping 7 Januari 1903 (Sêtatsêblad ôngka 8) kayadene kang wus kaowahan kasêbut ing ordhonansi katitimangsan kaping 26 Dhesèmbêr 1925 (sêtatsêblad ôngka 682) iku kaowahan manèh kaya ing ngisor iki.

§ 1 sakabèhing prakara kang ginantungan paukuman kang kadadeyan ana ing sajroning gêwès Surakarta sarta ing Solosche enclave's sajroning gêwès Ngayogyakarta, sarta sakabèhing prakara parapadu kang panggonan dêdununge kang digugad ana sajroning gêwès Surakarta sarta Solosche enclave's sajroning gêwès Ngayogyakarta, iku papriksan lan karampungane kawêngku dening ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta sarta panggêdhening trah Mangkunagaran, sapira kang dadi wajibe dhewe-dhewe.

Bab 2

Ordhonansi iki tumapake wiwit ing dina candhake titimôngsa anggone angundhangake.

Ordhonansi iki kapacak ing layang sêtatsêblade tanah Indhiya Nèdêrlan supaya aja ana kang mitambuhi ing unine.

Dhawuh ing Bogor ping 2 Nopèmbêr 1933.

Dhêyongê

Algêmènê sèkrêtaris, P.Y. Gèrkê.

Kaundhangake ping wolulikur Nopèmbêr 1933.

Algêmènê sèkrêtaris, P.Y. Gèrkê.

Nawala kêkancingan dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, katitimasan ping 21 Nopèmbêr 1933, ôngka 23.

--- 130 ---

Bale Agung

Ing organ ôngka 8 angêwrat pèngêtan rêmbag parêpatanipun guprênur ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, bab bale agung (mirsanana ing kaca 116) sarèhning suraosipun pèngêtan wau wontên kirang cêthanipun, mila lajêng nuwuhakên sêling-sêrêp sarta lajêng dados rêmbag ing dalêm sêrat-sêrat kabar, samangke kirang cêthaning suraosipun pèngêtan wau dipun susuli katrangan kalihan ingkang wajib, kawrat ing D.K. ôngka 92 pêthikanipun kados ing ngandhap punika:

Awit saking pakabaran ingkang ngrêmbag, pèrês kominike bab parlêmèntèrê onsêkènbarhèid tumrap warganipun bale agung, kantor C/4/I Kapatihan kintun katrangan kawontênanipun pangrêmbag bab wau, kalayan cêkak, kados ing ngandhap punika.

Wiwit pangrêmbag sakawit dumugi samangke, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan anggalih parlu pranatanipun bale agung mawi pêpacak onsêkènbar ingkang jangkêp, inggih punika para warga botên kenging kasêrêg ing pangadilan tumrap rêmbagipun wontên ingkang nêrak sadhengah anggêr utawi pranatan.

Kaparêng dalêm ingkang makatên wau saking panggalihipun kangjêng guprêmèn botên sagêd, amargi pranatanipun parentah Jawi punika botên sagêd adamêl cabaripun pêpacaking anggêr ukum ingkang ugi katumrapakên parentah Jawi, jalaran pranatanipun parentah Jawi wau amung tumrap ingkang sami kawêngku ing panguwaosipun parentah Jawi, awit saking punika manawi pranatan bale agung wau parlu mawi pêpacak onsêkènbarhèid, kêdah kapratelakakên amung tumrap panêraking pranatanipun parentah Jawi.

Ing samangke kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, rèhning bab onsêkènbarhèid wau panggalih dalêm dèrèng sagêd golong kalihan kaparêngipun kangjêng guprêmèn, môngka bale agung parlu tumuntên kaadêgakên, pangrêmbagipun onsêkènbarhèid wau prayogi kasarèhakên rumiyin sarta pranatanipun bale agung cêkap tanpa pêpacak, onsêkènbarhèid kemawon, amargi sampeyan dalêm ingkang wicaksana botên rujuk dhumatêng pêpacak onsêkènbarhèid ingkang botên jangkêp wau. Amung manawi bale agung sampun ngadêg, kangjêng guprêmèn kasuwun supados taksih anggalih sagêdipun para warganing bale agung kaparingan wêwênang

--- 131 ---

onsêkènbarhèid ingkang jangkêp.

Ing pèrês kominike ingkang têmbung Walandi mungêl: Aangezien Z.V.H. de Soesoehoenan uitgesproken heeft tegen opname in de desbetreffende verordening van een bepaling nopens parlementaire onschendbaarheid, voorzoover de regeling daarvan geacht kan worden tot de bevoegdheid van het Zelfbestuur te behooren enz.

Pamanggih kantor C/4/I Kapatihan, ing nginggil punika kenging kajawèkakên makatên: sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan botên anyondhongi manawi pranatanipun bale agung amung dipun dèkèki pêpacak parlêmèntèrê onsêkènbarhèid tumrap sapintên ingkang kenging kaanggêp dados wêwênangipun parentah Jawi, enz.

Suraosipun kominike punika pamanggih kantor Kapatihan C/4/I, pikajêngipun katurutakên kalihan panggalihipun kangjêng guprêmèn kados ingkang kasêbut adêg-agêd ingkang ôngka tiga ing nginggil wau. Dene anggènipun kominêke wau ing ngandhap mratelakakên, manawi ingkang sinuhun kangjêng sultan sampun anyondhongi kaparêng dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan wau, rèngrèngipun bale agung badhe lajêng kaaturakên kangjêng guprêmèn, punika pamanggih kantor C/4/I Kapatihan, pikajêngipun makatên: rèng-rèng ingkang mawi pêpacak, onsêkènbarhèid ingkang botên jangkêp, punika saking kaparêngipun kangjêng guprêmèn sarta para parentah Jawi sanèsipun Surakarta sampun sami rujuk, mila sarêng pêpacak onsêkènbarhèid ingkang botên jangkêp wau samangke badhe dipun icali jalaran sampeyan dalêm ingkang wicaksana botên rujuk, kêdah katantunakên malih dhumatêng parentah Ngayogyakarta punapa ugi rujuk (Mangkunagaran sarta Pakualaman sampun sami rujuk), manawi inggih rujuk, kêdah kasuwunakên dhawuh malih kangjêng guprêmèn, amargi pêpacak onsêkènbarhèid ingkang botên jangkêp wau saking kaparêngipun kangjêng guprêmèn.

Sêrat punika kaparênga macak wontên ing sêrat kabar Darmakôndha, supados sagêd dados katrangan tumrap rêmbaging sêrat kabar bab kasêbut ing nginggil.

Kantor kapatihan kaping 6 Agustus 1934.

Garap kantor kapatihan C/4/I

Prajapradata.

--- 132 ---

Pangasilan Ingkang Dèrèng Kagalih

Gandhèngipun kalihan môngsa rêkaos nagari kakirangan lêbêting arta, upami wontên kêparêngipun pamarentah ngopèni tanêman asêm ingkang katanêm sauruting margi, kintên kula pamarentah badhe sagêd wêwah ing pangasilanipun, amargi asêm punika kabêtahakên ing sabên tiyang, inggih punika kangge olah-olah sasamènipun, ugi kenging kangge sêtrup, inggih punika sêtrup asêm ingkang kabêtahakên para liya bôngsa, dene witipun ugi kabêtahakên sangêt kalihan para paman arêng (tukang damêl arêng) dados sampun têtela sangêt manawi tanêman asêm punika, kajawi sagêd ngeyubi para kawula ingkang lumampah ugi kenging kawêdalakên asilipun, saya upami pamarentah lajêng kaparêng galih wêwahing tanêman asêm, upami sauruting margi ing gupêrmèn Surakarta saha papan ingkang taksih mluwa, dene papan ingkang ngèrèng-èrèng saha jombok katanêman arèn, mênggahing pangasilan arèn wau botên susah kula rumpaka, ambokmanawi para maos botên badhe kakilapan, sasampunipun kalampahan, sokur kasarêng punapa malih ingkang kagalih saugi sagêd ngêdalakên pangasilan, upamia rikuh ingkang dipun rikuhi sintên, pancèn dhasaripun ing wutah rah kita ngriki punika praja tanêm tuwuh, dene manawi kêdah angabdèkakên ingkang ahli tanêm tuwuh, panyuwun kula angabdèkna bôngsa piyambak, amargi dumugi dintên punika bôngsa kula piyambak sampun kathah ingkang anggadhahi titêl R.R. ran, nanging manawi badhe ngabdèkakên kêdah kawawas langkung rumiyin sampun ngantos kalèntu. Dene anggèn kula ngaturi pamrayogi kasêbut nginggil punika kula nate maos sêrat kabar, manawi botên kalèntu ing bawah Sêmarang ondêr dhistrikipun kula kasupèn, wulu pamêdalipun mlinjo kawula ing ondêr dhistrik ngriku, sabên taunipun botên kirang saking f 60.000 sawidak èwu rupiyah, sêkar mlathi wulu pamêdalipun kawula ing Pakalongan, ingkang wêkdal punika tansah dados rêbatanipun liya bôngsa, punika botên winastan ewon, nanging malah atusan ewon rupiyah, dados manawi miturut pun sêkar mlathi kalihan mlinjo, wulu pawêdaling asêm punika manawi dipun opèni yêktos, kintên kula botên kawon kalihan pun sêkar mlathi sarta mlinjo, samantên wau sarèhning kula punika dede satunggaling tiyang ahli tanêm tuwuh, ambokmanawi wontên lêpatipun mugi para maos paringa gênging pangapuntên dhumatêng si unyik, Cakrapangarsa.

--- 133 ---

Turunan Prosès Pêrbal

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 31 Mèi 1934, kula 1. Radèn Mas Arya Padmawinata, 2. Radèn Mas Ngabèi Citrasutarta, 3. Mas Tukiman, angèstokakên putusaning parêpatan agêng Narpawandawa nalika tanggal kaping 15/16 Mèi 1934, angumisi arta kasing pakêmpalan, ingkang kasimpên dening artaka 1. Dhoktêr Radèn Sutarna wiwit tutuping taun 1932 dumugi ing dintên Kêmis tanggal kaping 31 Mèi 1934 punika ing salajêngipun kula anyumêrêpi.

Ha. Sêrat pratôndha lêbêting arta wiwit 1 Januari 1933 dumugi 31 Dhesèmbêr 1933 jangkêp. Gunggunging arta malêbêt f 1244,75 (sèwu kalih atus kawandasa sakawan 75/100 rupiyah).

Na. Sêrat pratôndha wêdaling arta wiwit 1 Januari 1933 dumugi 31 Dhesèmbêr 1933 jangkêp. Gunggunging arta mêdal f 791,585 (pitung atus sangang dasa satunggal 58½/100 rupiyah).

Ca. Sêrat pratôndha lêbêting arta wiwit 1 Januari 1934 dumugi 31 Mèi 1934 jangkêp. Gunggunging arta malêbêt f 731,37 (pitung atus tigang dasa satunggal 37/100 rupiyah).

Ra. Sêrat pratôndha wêdaling arta wiwit 1 Januari 1934 dumugi 31 Mèi 1934 jangkêp. Gunggunging arta mêdal f 855,225 (wolung atus sèkêt gangsal 22½/100 rupiyah).

Ka. Kas buk sae.

Da. Andhil Budiutama 9 iji, (no. 2459; 2460; 2461; 2462; 2463; 2464; 2465; 2466; 2704) a f 5,- f 45,- (kawandasa gangsal rupiyah).

Ta. Andhil bôndha lumaksa 15 iji.

1 iji (no. 812) a f 50,- = f 50,-

7 iji ( no. 840; 978; 641; 669; 680; 682; 807) a f 100,- = f 700,-

1 iji ( no. 1063) a f 150,- = f 150,-

4 iji (no. 868; 930; 1002; 977) a f 200,- = f 800,-

1 iji (no. 963) a f 300,- = f 300,-

1 iji (no. 1374) a f 500,- = f 500,-

Gunggung 15 iji pangaos f 2500,- (Kalih èwu gangsal atus rupiyah).

--- 134 ---

Sa. Andhil Mardimulya 8 iji (no. 1568; 1569; 1570; 1571; 1572; 1573; 1574; 1575) a f 25,- = f 200,- (kalih atus rupiyah).

Wa. Pos sêparbang, no. 19197 sèri B kantor Sala, f 400,- (kawan atus rupiyah).

La. Arta kontan.

Arta krêtas, sèkêt rupiyah 1 lêmbar (G.J. 06495) f 50,-

Arta krêtas salawe rupiyah 4 lêmbar (R.D. 01714; U.B. 05196 N.G.

04814; U.E. 06146 f 100,-

Arta krêtas gangsal rupiyah 3 lêmbar (E.O. 00789; SX. 00426; O.J. 25042) f 15,-

Arta salaka rupiyah 2 iji f 2,-

Arta salaka 1/2 rupiyah 18 iji f 9,-

Arta salaka 1/4 rupiyah 16 iji f 4,-

Arta salaka 1/10 rupiyah 4 iji f 0,40,-

Têmbagi, sèn 1 iji f 0,01

Gunggung f 180,41

(Satus wolung dasa 41/100 rupiyah)

Katrangan sanèsipun kados sêtat ingkang kalampirakên.

Prosès pêrbal punika kadamêl satunggal sarta lajêng katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa.

Kasêrat kangge orisinil.

Warga ingkang ngumisi.

Wg. Padmawinata, Wg. Citrasutarta, Wg. Tukiman.

--- 135 ---

Sêrat Lampiran Prosès Pêrbal Ing Dintên Kêmis Tanggal Kaping 31 Mèi 1934

[Grafik]

--- 136 ---

Cacriyosan Warni- warni Kuburipun Kyai Baki lan Nyai Baki

Ing bawah kalurahan Bantakan (Baki Kartasura) wontên satunggaling kuburan agêng, sapanggenan, mênggah cacriyosanipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang kakubur ing ngriku punika Kyai Baki lan Nyai Baki, sakawit kuburanipun jèjèr, ananging ing wêkdal sapunika sampun ngalêmpak dados satunggal, mila wujudipun kuburan inggih lajêng agêng, amila kalantur dumugi sapriki kanamakakên dhusun Baki, amargi katêlah saking namaning tiyang ingkang cikal bakal, inggih punika Kyai Baki lan Nyai Baki wau, ajalipun kacariyos kirang langkung sampun wontên 500 taun.

Sabên Pon dumuginipun sapunika taksih kaanggêp dados sangaraning pêkênan, tumrapipun tiyang ing dhusun Baki ngriku, ingkang makatên punika bokmanawi kemawon wêkdal ajalipun Kyai Baki punika nuju pêkênan Pon, dene titikanipun manawi wontên tiyang dandos-dandos, tarup tuwin sapanunggilanipun, botên wontên tiyang ingkang purun nêrak pêkênan Pon wau, amargi sampun kalampahan wontên tiyang ingkang purun nêrak inggih lajêng manggih kasangsaran.

Kuburipun Kyai Baki punika asring kangge panêpènipun tiyang, nanging ingkang kathah inggih namung bêbasan anak putunipun Kyai Baki piyambak, prêlu ngalap barkah nyuwun pangèstu wilujêng, saking cariyosipun tiyang môncakaki ing dhusun ngriku, ingkang jodho nênêpi dhatêng pakuburanipun Kyai Baki wau, tumrapipun tiyang ingkang sawêg manggih karibêdan kenging prakawis, adat ingkang sampun kalampahan asring kabul kajatipun.

Sumur Kawak Kangge Nênêpèn Nyuwun Palarisan

Ing dhusun Papringan, bawah kalurahan Mancasan (Baki-Kartasura) wontên satunggaling sumur kina (sumur kawak) ingkang asring kangge panêpèn, ananging sadaya tiyang ingkang dhatêng mriku botên wontên ingkang nyipêng, sasampunipun ambêsmi dupa lajêng wangsul, dene kajatipun warni-warni, wontên ingkang nyuwun laris anggènipun sêsadean, wontên ingkang nyuwun saras sakitipun, sarana mêndhêt toyanipun sumur wau lajêng kaombe, tuwin sapanunggilanipun, ingkang kapurih anjawabakên kêdah ingkang gadhah sumur piyambak nama Bok Ônggadikrama. Dene sakawitipun makatên punika Bok Ônggadikrama piyambak malah botên mangrêtos

--- 137 ---

jawabipun kajawi dhatêng ingkang rumêksa sumur ugi dhatêng ingkang cikal bakal ing dhusun ngriku, manawi katrimah panyuwunipun lajêng sami nanggap ringgit (tlèdhèk) sakuwaosipun.

Canthik Baita Wingit

Kala jamanipun suwarga sampeyan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VIII guprêmèn yasa lèpèn sarana ambêdhèl lèpèn Jêbol kalayan kabêndung, dene bêndungan wau karan bêndungan Tambakan, toyanipun kangge ngoncori bulak wiwit salèripun pabrik Baki Pandheyan mangalèr ngetan dumugi ing kalurahan dhusun Gêdhangan saha Kuwarasan, parlu kacithak sagêda dados sabin gadhu, tuwin toyanipun kalajêngakên mangalèr kailèkakên dhatêng ing karaton Surakarta. Sarèhning tambakan ingkang dhatêng karaton wau sakalangkung nyêngkrèk, miturut dêdongengan saking panggalih dalêm ingkang sinuhun, toya tamtu botên sagêd dumugi ing karaton, ngantos kawêdhar pangandika dalêm dhatêng guprêmèn, manawi toyaning lèpèn wau sagêd minggah kailèkakên dhatêng karaton, ing dalêm saklênthingipun badhe kapundhut tumbas f 1000,-

Anuju satunggiling dintên salêbêtipun bêndungan kagarap, toya sampun sagêd minggah dumugi ing dhusun Tanjunganom, sampeyan dalêm ingkang sinuhun lajêng amêng-amêng baita wontên ing lèpèn bêdhelan wau, sabibaripun baita ingkang kagêm wau kènêp wontên ing lèr wetanipun dhukuh Ganjuran, bawah kalurahan Pêndhêman (Baki-Kartasura) sarèhning lajêng botên kagêm malih, dangu-dangu borot saha lajêng kandhas, amargi kaêsatan toya.

Miturut dêdongengan malih, kacariyos kala samantên Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping IV salêbêtipun tigang dintên tigang dalu manêkung wontên pucaking rêdi Marapi, kalihan ambèbèr Kyai Dhudha, nênuwun supados bêna andhadhalakên bêndungan Tambakan wau, saking wantêring panuwun, lajêng katrimah sagêd jawah riwis-riwis andadosakên bênanipun lèpèn Jêbol.

Kacariyos Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda sarêng anguningani toya saya agêng anyêngkrèk mangalèr, ing wanci dalu lajêng tindak dhatêng bêndungan Tambakan, sarwi ngasta camêthi, bêndungan kasabêt camêthi sanalika dhadhal, mila makatên sabab saking sami kuwatos [kuwa...]

--- 138 -- -

[...tos] badhe têlasipun arta kagungan dalêm, ingkang badhe kagêm ambayari dhatêng guprêmèn, bokbilih kalampahan toya sagêd dumugi ing karaton.

Ing salajêngipun baita titihan dalêm wau kuwalêdan siti lajêng botên katingal, kantun katingal canthikipun kemawon, salêbêtipun canthik taksih katingal wingit sangêt, sok tiyanga utawi lare tranyak-tranyak, alitipun anggrayang agêngipun nuthuk dhatêng canthik wau, tamtu dados tiwasipun, dene sapunikanipun sampun botên katingal, ananging taksih wingit, namung manawi pinuju dintên Jumungah utawi Anggara Kasih dalu, lêrêsing canthik sok wontên tiyang ingkang dipun tingali latu murub kados obor.

Kêdhung Lawu Wingit

Lèpèn bêngawan urutipun bangawan Bacêm, dumuginipun lèr dhusun Manggaran bawah kalurahan Pandhak (Baki-Kartasura) wontên kêdhungipun, winastan ing têtiyang: kêdhung Lawu. Radi wingit saha asring ngalapakên tiyang, malah sampun kalampahan nalika tanggal kaping 4 Mèi 1926 jam ... sontên, wontên tiyang nama Jagasêntana griya ing dhusun Têmulus (kalurahan Pondhok) kalap dalah saanak-semahipun, dipun padosi sadintên sadalu sawêg pinanggih.

Miturut dêdongenganipun tiyang sêpuh ing ngriku, wontênipun kêdhung punika wingit, sababipun makatên: ing nalika jaman bêdhahipun karaton Kartasura, kêplajêngipun sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat, kanthi ambêkta putra, sarêng dumugi ing dhusun Manggaran tindak dalêm kandhêg, sabab kapalang ing lèpèn, kalêrêsan ing sacêlakipun ngriku wontên tiyang sawêg macul ing têgil, sarêng sampeyan dalêm uninga, lajêng andangu namanipun, unjuk wangsulanipun tiyang wau nama Saradrana. Lajêng kadhawuhan nyabrangakên, kalampahan inggih lajêng kasabrangakên, putra dalêm kagendhong, sasampunipun kasabrangakên, ingkang sinuhun lajêng paring dhawuh pangandika makatên: Saradrana, sira sun paringi kêris karo lopak-lopak, iki minôngka têtêngêr, besuk manawa ingsun wus kagungan omah, sira bakal sun timbali.

Sapêngkêr dalêm wau kêdhung punika lajêng dados wingit, sabên taun asring ngalapakên tiyang.

--- 139 ---

Pratelan Dintên Sae Ing Salêbêtipun Wulan Jumadilakir, Kados Ing Ngandhap Punika:

I. Tanggal kaping 7 Sênèn Wage, Prangbakat, Dèwi Sri, tulus, tungle, wasesa sagara, lakuning gêni, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 dumugi sadalu pisan Amad slamêt.

II. Tanggal kaping 19 Sabtu Lêgi, Bala, Hyang Rudra, dangu, tungle, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 Amad rijêki.

III. Tanggal kaping 25 Jumungah Paing, Wuku, Hyang Guru, tulus, tungle, tunggaksêmi, lakuning surya, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 Jabrail.

Isining Organ Punika:

... Kaca:

Turunan paturan bab sudan pajêg kabudidayan ... 125 / Ewah-ewahan pangadilan Surakarta Ngayogyakarta ... 127 / Sêtatsêblad taun 1933 ôngka 442 ... 128 / Bab bale agung ... 130 / Pangasilan ingkang dèrèng kagalih ... 132 / Turunan prosès prêbal ... 133 / Lampiran prosès prêbal ... 135 / Cacriyosan warni-warni ... 136 / Pratelan dintên sae ... 139 / Pananggalan ... 140.

--- [140] -- -

Sèptèmbêr 1934

[Grafik]