Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 10, Oktobêr 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Katur Para Warga

Nuwun, wiwit wêdalipun organ ing wulan punika, mawi katambahan cacriyosan kawontênan-kawontênan kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, nata binathara ing nagari Mataram. Tambahan wau botên kagandhèng kalihan organ, sarta angkanipun kaca mawi ôngka Jawi, prêlunipun sagêda ing têmbe bilih sampun ngalêmpak, sagêd kajilidakên lajêng dados buku piyambak, mugi andadosna kauningan.

Rêdhaksi administrasi.

--- 142 ---

Pajêg Kabudidayan

Ing organ ôngka 9 sampun angêwrat turunan sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katur dhatêng kawadanan putra santana dalêm kiwa têngên, bab sudaning pajêg kabudidayan, ingkang samangke sawêg dados panggalihanipun ingkang wajib, gandhèng kalihan bab wau, para sadhèrèk prêlu anguningani pidhatonipun B.K.P.H. Adiwijaya, wontên ing rad kawula, ugi bab pajêg kabudidayan ing praja Kajawèn, kawrat ing D.K. ôngka 197 pêthikanipun kados ing ngandhap punika:

Sapunika kula badhe ngaturakên bab anggènipun kabudidayan badhe anyèlèhakên panyewanipun siti badhe anyudakakên pangasilanipun praja Kajawèn kathah sangêt. kula pèngêti sayêktos anggènipun parentah badhe mawas ingkang satiti bab kadadosanipun sêdya wau manawi saèstu kalampahan, ingkang ngengingi dhatêng praja Kajawèn, rakyat, watêrsêkap tuwin kabudidayan piyambak. Pangandikanipun parentah, manut Vorstenlandsche Grondhuurreglement kabudidayan pancèn cêtha gadhah wêwênang anyèlèhakên panyewanipun, punika kasinggihan sangêt, mila bab punika inggih botên kula rêmbag. Kula namung nyêrêpakên, manawi kabudidayan botên ambayar sewan malih dhatêng praja Kajawèn, kawusananipun pangasilan praja Kajawèn lajêng suda kathah sangêt. Manawi tiyang sumêrêp pangasilan saking kabudidayan wau tumrap Surakarta wontên 40 prêsènipun bêgrutêng, tiyang lajêng sagêd mangrêtos badhe kadospundi kadadosanipun arta nagari.

Saupami kawontênan ingkang makatên wau dipun wêwahi malih kabudidayan botên ambayar tunggakan sewan ngangge wêwaton rêkaosing jaman, tuwan pangarsa lajêng têrang bilih artanipun praja Kajawèn kambah ing bêncana agêng. Kasinggihan sangêt dhawuhipun parentah, manawi prêlu sambutanipun kabudidayan sagêd katagih mêdal ing pangadilan, nanging lajêng dhawuhipun nagari mêksa ragi adamêl gêla.

Tuwan pangarsa, wontên panyuwunan punapa parentah kaparêng nindakakên rêrigên kangge amekani sampun ngantos kabudidayan ing Surakarta angipatakên kawajibanipun ambayar sewan. Sampun mêsthi kemawon, ing bab punika tiyang inggih sampun mangrêtos bilih samôngsa prêlu sambutan wau sagêd katagih kanthi pitulunganing hakim.

--- 143 ---

Nanging tindak ingkang makatên wau namanipun botên nyênêngakên, sarta inggih dèrèng nate anindakakên.

Parentah ngandikakakên, rèhning sagêd katagih mêdal pangadilan, mila botên prêlu angwontênakên rêrigên kangge amekani ingkang makatên wau. Manawi kula, botên makatên punika. Parentah punika kuwasa prabawanipun dhatêng kabudidayan ugi agêng. Kumandêling manah kula manawi parentah karsa maringi pêpèngêt sapisan kemawon, sampun cêkap kangge anjagi sampun ngantos mawi nêdha pitulunganing pangadilan.

Makatên pikajêng kula ingkang kawrat wontên ing afdeelingverslag pangajêng- ajêng kula mugi pamanggihipun parentah ingkang makatên wau sagêd ewah.

Wara-wara Opisil

Pêthikan saking D.K.

Bab parêpatanipun tuwan guprênur ing Ngayogyakarta sarta ing Surakarta akalihan para wakilipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên ingkang kaping 45 rambahan, ingkang dipun wontênakên ing Kaliurang, nalika tanggal kaping 10 Agustus 1934.

1. Bab bale mangu. Bab prakawis badhe adêgipun bale mangu, punika tuwan guprênur ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta badhe tumuntên ngaturakên pamrayogi dhumatêng guprêmèn.

2. Bab pambagening angsal-angsalanipun pajêg sègêl. Sarèhning ing samangke punika pakèwêd sangêt anggèning badhe namtokakên wêwatonipun ingkang patitis tumrap pambagening angsal-angsalanipun pajêg sègêl ing antawisipun guprêmèn sarta para sèlêpbêstirên, pramila badhe angaturakên panyuwunan ing guprêmèn, sasampuning pranatanipun sègêl katumrapakên dhumatêng para kawulanipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên, punika indhakaning angsal-angsalanipun pajêg sègêl supados kaparingakên rumiyin dhumatêng para sèlêpbêstirên, sarta ing salêbêtipun wêkdal wau badhe ngupados wêwaton ingkang patitis kangge pambagenipun angsal-angsalan pajêg sègêl wau, dene manawi sampun angsal lajêng badhe ngaturakên pamrayogi ing guprêmèn, pamaringipun [pa...]

--- 144 ---

[...maringipun] angsal-angsalan pajêg sègêl wau supados kaewahan miturut wêwatonipun ingkang patitis.

3. Bab pamulasaranipun tiyang sakit ewah, miturut katrangan saking pangagênging Dienst der Volksgezondheid bab anggèning badhe ngwontênakên werkkolonies kangge tiyang sakit ewah, miturut rantamanipun Dr. Sêmèru, punika sêpên pakèwêdipun, bab prakawis punika para sèlêpbêstirên badhe andhawuhakên damêl pêpetanganing waragadipun. Dene manawi sagêd para kalurahan katamtokakên tumut urun waragad kangge pamulasaranipun tiyang sakit ewah ingkang wontên ing werkkolonies wau, amargi tiyang sakit ewah ingkang samangke dipun umbar ing kalurahan wau punika namung tansah adamêl ribêtipun para kalurahan.

4. Bab dhêndhan tumrap walêdan pajêg pêrpondhêng. Sarèhning saking pamanggihipun parêpatan, dhêndhan tumrap walêdan pajêg pêrpondhêng, ing wêkdal punika kanggenipun ingkang sami anggadhuh pasitèn kawratên sangêt, pramila badhe ngaturakên panyuwunan ing guprêmèn, pêrsenan dhêndhanipun wau kaparênga dipun andhapakên.

5. Bab para priyayi ingkang dados lid landrad (ambtelijke leden bij de Landraden), ing sarèhning para sèlêpbêstirên sampun anyondhongi, bilih para priyayi abdinipun sèlêpbêstirên ingkang taksih sami cêpêng damêl, punika ing têmbe wingkingipun botên badhe kaparingan arta sitêng manawi tumut sitêng minôngka lid landrad, pramila badhe ngaturakên pramrayogi ing guprêmèn, murih sagêdipun ngirit, arta sitêng punika wau supados kasuwak kemawon, sasampunipun makatên ingkang kadadosakên lid landrad punika ing sasagêd-sagêd badhe kapêndhêtakên saking para priyayi abdinipun sèlêpbêstirên ingkang taksih cêpêng damêl.

6. Bab tatanan successierechten palapuranipun kumisi ingkang kapatah andhapuk rèngrèng pranatan tumrap pamupunipun pajêg successierechten, punika sampun katampi dening parêpatan, sarta lajêng badhe kapahamakên ing saparlunipun dening tuwan guprênur ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta, makatên ugi dening para sèlêpbêstirên.

--- 145 ---

7. Bab kadhastêr. Guprêmèn aparing priksa, kabêkta saking rêkaosing jaman kados ing samangke punika, manawi sèlêpbêstirên badhe angwontênakên, eigendoms Kadaster punika guprêmèn botên karsa nanggêl waragadipun.

8. Bab tatanan, opsèntên tumrap pajêg-pajêg ing Porstênlandhên. Guprêmèn sampun amarêngakên bilih wiwit benjing tanggal 1 Januari 1935, punika opsèntênipun pajêg pêrsonil tuwin pajêg pêrpondhêng badhe kaindhakakên, ingkang samangkenipun 10 pCt badhe kadadosakên 15 pCt., dene lokalê opsèntênipun pajêg pamêdal taksih kalastarèkakên 10 pCt.

Ambokmanawi Sampun Mangsanipun

Saking kêdah-kumêdah kula sagêda nêtêpi wajibipun dados warganing Narpawandawa, botên ketang badhe pamanggih kula punika mangke tampi ganjaran jeweran saking kanan kering, namung badhe kula tampi matur sangêt gênging panuwun, saugi jeweran wau adhêdhasar luhur lan utamaning budi. Amargi saking pamanggih kula dados warganing salah satunggaling pakêmpalan punika, kêdah purun anglairakên punapa pamanggihipun ingkang kamanah badhe maedahi dhatêng pakêmpalanipun, dados anggènipun lumêbêt pakêmpalan wau botên namung kangge sadlèdèr sarta pêrluning badanipun piyambak, nanging kangge pêrluning parte saha ingkang wajib dipun luhurakên, dene manawi wontên salah satunggiling tiyang lumêbêtipun dhatêng pakêmpalan wau namung kangge sade dlèdèr sarta kangge pêrlunipun piyambak, punika sisip- sêmbiripun manawi para sucining panggalih kirang waspaos, tamtu badhe sagêd anjalari kapitunanipun para warga saha gêringing pakêmpalanipun, makatên mênggahing gêgambaranipun kawontênan ingkang badhe bobrok, namung kula satus pêrsèn pitados dhumatêng sadaya warganing Narpawandawa, satunggal kemawon tamtu botên wontên ingkang badhe nyulayani dhatêng ambêgipun satriya tama, pancèn inggih punika dhêdhasaripun warganing Narpawandawa, dados kajawi lumêbêtipun wau sampun kanthi kayakinan ugi sadèrèngipun lumêbêt sampun anggadhahi wiji ambêging satriya, namung kemawon wiji sae wau

--- 146 ---

manawi kirang sae pangruktinipun saha panggenaning panyimpên kirang anocogi, sagêd ugi thukulipun sampun kirang murni, amila panyuwun kula dhumatêng para ingkang kagungan titêl radèn mas, sampun ngantos sami mitambuhi dhatêng Narpawandawa, amargi inggih ing pakêmpalan Narpawandawa punika ingkang kenging kangge lantaranipun anggèn kita badhe ambuktèkakên wasiyat tatilaranipun lêluhur kita ingkang sampun suwargi, inggih ngriki punika manawi kita sampun sagêd buktèkakên yêktos dhatêng wasiyat R.M. tatilaranipun lêluhur kita ingkang misuwur punika, tamtu R.M. ingkang kita ampil punika botên badhe dipun sapèlèkakên ing liya golongan, nanging manawi kita dumugi dintên punika taksih rêmên migunakakên ngampil titêl R.M. sahabat ingkang kapêngkêr, kula namung sagêd matur Allahualam. Mila panyuwun kula ingkang kaping kalih kula ambali malih, sumôngga para ingkang rumaos kagungan titêl radèn mas ingkang dèrèng dados liding Narpawandawa, kula suwun kêparênga lumêbêdlumêbêt. dados warganing Narpawandawa, amargi ampilan titêl R.M. upamia wujud barang makatên, dumugi dintên punika kêdah tumuntên dipun bangun malih (kagosok) sabab sampun kêkathahên naiyèngipun, mangke manawi kalajêng risak sintên ingkang manggih pituna, botên liya inggih basanipun si kunyik: Cakrapangarsa.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan

Sambêtipun organ ôngka 7.

Satêlasipun panitra I maos palapuran kawontênanipun pandamêlan ingkang sampun katindakakên, miturut agendha ôngka III nêtêpakên palapuran lêbêt wêdalipun arta kas, tutupipun taun 1932 saha 1933 kados ingkang sampun kawrat ing organ taun 1934 ôngka 3. 4. 5. para warga sampun sami nglêrêsakên.

Agendha ôngka IV nêtêpakên palapuranipun panitya ingkang mriksa kas taun kapêngkêr, sampun kapacak ing organ taun 1932 ôngka 6 sarta lajêng pilihan panitya ingkang mriksa kas malih ingkang dipun pilih 1. R.M.H. Padmawinata, 2. R.M.Ng. Citrasutarta, 3. M. Tukiman.

Mudha pangarsa ngandika, bilih parêpatan dalu punika badhe pilihan pangrèh anyar, amargi para pangrèh lami sampun sami dumugi wêwangên 3 taun, namung ingkang pêrlu

--- 147 ---

dipun pilih rumiyin ingkang dados pangarsa, amargi sampun sawatawis dangu Narpawandawa punika tanpa pangarsa, ing môngka pakêmpalan tanpa pangarsa punika upami praja makatên tanpa ratu, dene sababipun ngantos dangu wau, awit pangrèh madik-madik milih sintên ingkang pantês kacalonakên pangarsa punika botên gampil, dening adêgipun Narpawandawa punika beda kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun. Samangke pangrèh sampun angsal calonan pangarsa, inggih punika: 1. B.K.P. Angabèi, 2. B.K.P.H. Purbanagara, 3. B.K.P.H. Suryaamijaya, salah satunggal pundi ingkang botên kapilih dados pangarsa, lajêng dados mudha pangarsa. Ewadene bokmanawi para warga sampun wontên ingkang kagungan calonan pangarsa, sintên, prayogi lajêng kausulakên.

R.M. Cakrapangarsa usul, supados mudha pangarsa sapunika (B.K.P.H. Kusumayuda) ugi kalêbêtakên dados calonan pangarsa. Amargi sampun katitik sae pangastanipun dhatêng pakêmpalan.

B.K.P.H. Kusumayuda mangsuli pangandika, yèn awrat kalêbêtakên dados calonan pangarsa, sabab kajawi sampun dangu anggènipun dados pangrèh, pandamêlanipun piyambak sampun kathah.

Sarèhne lajêng karoban rêmbag, B.K.P.H. Kusumayuda kapêksa mituruti kalêbêt dados calonan pangarsa. Lajêng pilihan, pikantukipun swara ingkang kathah piyambak B.K.P.H. Kusumayuda dados pangarsa, ôngka 2. B.K.P.H. Surya Amijaya dados mudha pangarsa, dene warga pangrèh sanèsipun sami lastari, kawêwahan warga panitya 2, ingkang dipun pilih 1. R.M.Ng. Sasraruwiya, 2. R.M.Ng. Wiraatmaja, lajêng katêtêpakên.

Pangarsa enggal ngandika, bilih sangêt panuwunipun dhatêng para warga anggènipun taksih kathah ingkang milih dhatêng panjênênganipun, anelakakên manawi kathah kapitadosanipun, wasana bokmanawi wontên kirang langkungipun anggèning nyêpêng sarta nindakakên pandamêlan, mugi sampun sami kirang ing pamêngku.

Pangarsa ngandika sadèrèngipun parêpatan dipun tutup, bokmanawi wontên sadhèrèk warga ingkang badhe kagungan usul, supados kawêdharakên.

M.Ng. Wignyamargana rumaos kêpranan sangêt, mirêngakên purwakanipun mudha pangarsa [pa...]

--- 148 ---

[...ngarsa] nalika ambukani parêpatan punika wau, bab kêkirangan lêbêtipun arta nagari, ngantos kalampahan nyudani blanjanipun para putra santana saha abdi dalêm, tuwin ngindhakakên sêsanggèn pajêg krisis sapanunggilanipun, amila manawi parêpatan mupakat, langkung prayogi Narpawandawa damêl mosi utawi sêrat paturan dhatêng nagari, bab suwunan sudanipun pajêg kabudidayan punika sampun namung dipun pituruti kemawon, nagari kaparênga anggalih ingkang sayêktos, supados adamêl panrimahing manahipun kiwa têngên, ingkang kawêwahan sêsanggènipun pajêg, utawi ingkang dipun sanggèni pajêg anyar.

R.M. Mangunsarjana usul, bab panganggenipun santana dalêm panji manawi jagong, punika wontêna têtêngêripun, supados sagêd beda kalihan tiyang alit.

R.M.H. Padmawinta usul, gandhèng kalihan purwakanipun mudha pangarsa kala wau, gêgayutanipun para santana tuwin abdi dalêm, sagêdipun santosa jumênêng dalêm nata punika bilih sugih wadyabala, môngka sudaning lêbêtipun arta nagari punika ingkang tamtu badhe nyuda blônja utawi pamêdalipun para putra santana tuwin abdi dalêm, sagêd ugi nyuda cacahing punggawa, mila manawi parêpatan rujuk, pangrèh kaparênga usul dhatêng nagari, bokmanawi lêbêtipun arta nagari wau taksih wêwah-wêwah sudanipun, ing sasagêd-sagêd manawi botên parlu sangêt, sampun ngantos anyuda cacahing abdi dalêm, amargi pamanggihipun nagari taksih sagêd nyuda tadhah utawi wêdaling arta sanès-sanèsipun, ingkang botên ngantos nyuda cacahing abdi dalêm, amargi manawi para abdi dalêm wau kathah ingkang dipun suda, dangu-dangu jumênêngipun panjênêngan dalêm nata prasasat badhe tanpa wadya punggawa, gèk badhe kadospundi namanipun? Beda manawi ingkang dipun suda wau namung blanjanipun, sanadyan ngantos dumugi sapalihing blônja, punika bilih ing têmbe lêbêtipun arta nagari sagêd subur malih, blanjanipun para abdi dalêm saèstunipun sagêd wangsul malih, tur cacahipun taksih wêtah, dene manawi ingkang dipun suda punika cacahing abdi dalêm, ing têmbenipun bilih lêbêtipun arta nagari subur malih, punapa inggih cacahing abdi dalêm sagêd wangsul kados ingkang sampun-sampun, kintên-kintên botên.

--- 149 ---

K.R.T. Dr. Wôngsanagara usul, sarèhning Narpawandawa sapunika sampun kalampahan damêl paklêmpakanipun pakêmpalan ing Surakarta (P.P.S.) langkung prayogi malih yèn Narpawandawa kaparêng anggandhèngakên pakêmpalan- pakêmpalan ing Surakarta kalihan para pakêmpalan ing Ngayogyakarta.

Mudha pangarsa ngandika usul-usul wau badhe kamanah parlunipun, sapunika sarèhning para warga ingkang sami kagungan usul sampun têlas, parêpatan katutup, para warga sami kasuwun andumugèkakên lalênggahan mirêngakên muryararas, tabuhanipun para putra santana dalêm, dumugi jam 1 dalu para warga sawêg sami bibaran, wilujêng.

Wajibing Wanita Kêdah Sagêd Damêl Pamarêming Priya

Mênggahing jiwanipun manungsa punika botên jalêr botên èstri, dados asipat wahdat, namung gumêlaripun ing alam kawadhagan lajêng awujud kalih warni, inggih punika: jalu lan wanita, wontênipun tumitah wujud jalu lan wanita wau, kajawi minôngka dados têtimbangan, saha dados sarananing manjangakên turun, karsaning Pangeran ugi wontên parluning jiwa anggènipun badhe anggêlarakên watak, tuwin ngajêngakên pamarsudinipun dhatêng kasampurnanipun piyambak-piyambak. Dene gathuking watak jalu lan wanita punika wontên tigang prakawis:

1. Karosaning priya punika pancèn mapanipun kangge rumêksa dhatêng rabinipun, dados sampun kangge anyiya-nyiya, pigunanipun winalês watak bêkti amituhu ing sapakon, kosokwangsulipun manawi wanita bêkti ing priya, tamtu badhe rinêksa dening priyanipun.

2. Kaluhuraning priya punika pancèn kangge ngayomi dhatêng rabinipun, dados sampun kok kangge nyawiyah-wiyah, punika klèntu, dene paedahipun, badhe winalês piniluta ing pawèstri, kosokwangsulipun, wanita ingkang gadhah watak mêmêlas, badhe ingayoman dening priyanipun.

3. Kasantosaning priya punika pancèn kangge amidada (amrih wilujêng) dhatêng rabinipun, dados sampun kok malah kangge nyikara, pêrlunipun supados pinilala ing wanita, kosokwangsulipun, bilih pawèstri gumati dhatêng ing priya, badhe

--- 150 ---

widada anggèning palakrami, amargi winêlasan.

Manawi lakirabi sampun sagêd anglênggahi watak wajibipun piyambak-piyambak, pamanah kula kados sampun cêkap, amargi tamtu badhe tinêbihan ing sambekala, sanadyan wontêna rubeda nanging tamtu botên badhe anêdhasi, climènipun wanita manawi sampun adhêdhasar watak gêmi, nastiti, surti lan ngati-ati kados sampun kêdah anggènipun angladosi ing priyanipun, amila tiyang sêsemahan punika manawi sampun sami jodhonipun, kenging binasakakên: curiga manjing warôngka, warôngka manjing curiga. Liripun sadaya tindak-tanduk, golonging manah kabêtahan sampun botên wontên sulayanipun. Malah tumrapipun para priyayi punika bilih sampun angsal têtimbangan ingkang marêmakên manahipun, murka arda angkaraning manah tamtu lajêng lêrêm, têmahan athiluk-thiluk, têtuladaning dêdongenganipun kados ingkang kawrat ing sêrat kabar D.K. ingkang nêmbe mêdal, pêthikanipun kados ing ngandhap punika:

Wontên satunggiling kênya wêdalan pamulangan andhap, dipun rabi ing priya wêdalan pamulangan luhur. Lampahing kabêtahan pawon dipun balônja, dados botên dipun bruki pathuthuk sadaya pamêdalipun kasukakakên. Anggènipun jêjodhoan ing dalêm 10 taun, atut runtut botên nate sulaya, sarta kalêbêt dados wêwicalanipun tiyang artawan, namung kuciwanipun botên anak-anak.

Ing satunggiling dintên ingkang jalêr nêmbung dhatêng ingkang èstri, makatên: dhi, sarèhning anggonku jêjodhoan iki wis 10 taun, durung diparingi momongan, mula aja dadi atimu aku lilanana rabi manèh, dene kowe lastaria dadi bok tuwa. Aku ora mung golèk sênêng, amarga kasênêngaku wus ora kêkurangan, pêrlune mung butuh mijèkake.

Wangsulanipun ingkang èstri: mas, mungguh karsamu iku aku ora bisa mancèni, mung bae aku ulihna mênyang Sala, pasrahna wong tuwaku, amarga aku ora bisa nglakoni yèn kok wayuh, iki lo gêlang kalung suwêng sapanunggalane, tak aturake bali (wincantên makatên wau kalihan nyopoti gêlang kalungipun) amarga dhèk biyèn olèhku karo sliramu paribasan mung tapih rangkêpan. Kajaba kuwi wanita [...]Tulisan tidak terbaca.

--- 151 ---

ra sapiraa, turahane mau tak cèlèngi durung tau tak tiliki (lajêng mênyat mêndhêt celengan) gilo mas, etungên dhewe (sarêng kapetung wontên f 1.500) uga tak aturake. Taksih wontên sambêtipun.

Salêbêtipun Wulan Rêjêb Taun Wawu 1865 Dintên Sae Wontên:

I. Tanggal kaping 5: Akad Lêgi, Kulawu, Hyang Yama, tulus, paningron, sumur sinaba, aras pêpêt, macan kêtawang, sangat wiwit jam 10.18 siyang dumugi jam 1.12 Jabrail slamêt.

II. Tanggal kaping 25: Saptu Lêgi, Watugunung, Hyang Brama, mawulu dadi, sri tumurun taman, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 siyang dumugi jam 1.12 Jabrail slamêt.

Salêbêtipun Wulan Ruwah Ugi Taun Wawu, Dintên Sae Wontên:

I. Tanggal kaping 5: Salasa Lêgi, Landêp, Hyang Endra, tulus, paningron, wasesa sagara, lakuning gêni, kalang kinantang, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12, Jabrail slamêt.

II. Tanggal kaping 12: Slasa Pon, Wukir, Dewi Sri, nohan was, satriya wibawa, aras pêpêt, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 sontên, dumugi sadalu pisan, Ahmad slamêt.

Isinipun Organ Punika

1. Wara-wara saking rêdhaksi ... kaca 141 / 2. Pajêg kabudidayan ... kaca 142 / 3. Wara-wara opisil ... kaca 143 / 4. Mbokmanawi sampun mangsanipun ... kaca 145 / 6. Wajibing wanita ... kaca 149 / 7. Dintên sae ... kaca 151 / 8. Pananggalan ... kaca 152 / 9. Nitik Kasultanagungan

--- [152] ---

Oktobêr 1934

[Grafik]