Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 2, Pèbruari 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 33 14/Ha I/29

Bab Ngonjukakên Kasugêngan Dalêm

Sêratipun pangagênging parentah karaton dhumatêng pangrèhing Narpawandawa.

Sêrat katitimasan tanggal kaping 11 Dhesèmbêr punika, sampun kula tampèni sarta sampun lajêng kula caosakên konjuk kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mênggah anggèning pangrèhing Narpawandawa jalêr èstri ngonjukakên sêmbah sumungkêmipun para warga sadaya, tuwin ngonjukakên pêpuji kasugêngan dalêm anggènipun jumênêng dalêm dados pangayomanipun Narpawandawa dumugi taun Wawu punika sampun 20 taun, sarta

--- 14 ---

ngonjukakên kasugêngan dalêm tingalan dalêm wiyosan têtêp yuswa 70 taun, makatên malih ngonjukakên pisungsung awarni gambar, minôngka tôndha sêtyatuhunipun, wiyosing dhawuh timbalan dalêm, paring tarima kasih tuwin paring pangèstu wilujêng, awit saking punika, andadosna sumêrêp saparlunipun.

Kaping 24 Dhesèmbêr 1934.

Pangagênging parentah karaton: Wg. Kusumayuda.

Garapan Ha I

Wg. Atmasupana.

Pawartos Saking Pangrèh

Nuwun, pangrèh nampèni sêrat dipun tandhani para sadhèrèk warga Narpawandawa sawatawis, wosing suraosipun, nêdha pitulungan sagêdipun para lare murid ing Kasatriyan saha Pamardi Putri, tumindakipun anggènipun ngêdalakên tumrapipun lare-lare ingkang botên sagêd minggah, wontêna parimarma tumindak kados kala sadèrèngipun taun 1933, saha buku-buku pangajaran kasuwun kaparênga kabêkta mantuk, supados para lare wau sagêd sami nyinau wontên ing griya. Sêrat wau lajêng dipun aturakên dhatêng kumisi sakolahan, kadospundi panggalihanipun, amargi pangrèh Narpawandawa botên wênang ngewahi utawi damêl tatanan tumrapipun bab punika, samangke pangrèh sampun nampèni katrangan saking kumisi sakolahan, kawrat sêrat katitimasan kaping: ... Dhesèmbêr 1934 ôngka 239, sarèhning prakawis punika prêlu kauningan ing para santana dalêm, saha para sêpuhipun murid-murid sakolahan Kasatriyan tuwin Pamardi Putri, amila turunan sêrat katrangan saking kumisi sakolahan wau kaêwrat wontên ing organ ngriki, supados para ingkang sami wajib sagêd anggalih prayogining anak putranipun ingkang sami sakolah, wêkasan sagêd kalêksanan punapa ingkang dados èsthining panggalih, kados ing ngandhap punika:

--- 15 ---

Turunan

Ôngka 239

Kanthi 1 lêmbar

Sêratipun kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan, katur pangarsaning pangrèh Narpawandawa.

Nuwun, sêratipun pangrèh katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1934 ôngka 44/454 sakanthinipun sampun dipun sumêrêpi kumisi, awit saking punika bab anggènipun para warga Narpawandawa nyuwun kamirahan tumrap anakipun ingkang sampun kawêdalakên saking kagungan dalêm pamulangan punika katranganipun kados ing ngandhap punika:

I. Panyuwunan wau kumisi botên sagêd amarêngakên, jalaran saking ngrêksa ajining kagungan dalêm pamulangan sarta ugi ngrêksa murid ingkang sami sinau, dados kêdah ngêncêngakên tatananipun.

II. Wêwatonipun bab umur dalah tatanan tumindakipun murid-murid ingkang dipun tampèni sarta ingkang kêdah kawêdalakên, saking kagungan dalêm pamulangan punika sadèrèngipun taun 1934 sampun miturut tatananipun H.I.S. guprêmèn, nanging sarêng ing mangke tatanan wau dipun ewahi ingkang atêgês langkung awrat tinimbang ingkang sampun, tatananipun ing kagungan dalêm pamulangan ugi kêdah dipun ewahi, parlunipun ing ngriki anggondhèli utawi anggayuh sagêdipun angsal, gelijkwaardigheidsverklaring ingkang supados:

1. Samasa murid ing klas pitu sampun tamat pasinaonipun, lajêng tampi sêrat pratôndha Schoolverklaring.

2. Ingkang angsal sêrat wau manawi badhe nglajêngakên pasinaonipun, upami dhatêng Milo, pandadaripun langkung mayar sarta kathah pangajêng-ajêngipun katampèn.

3. Ananging manawi kagungan dalêm pamulangan botên angsal, gelijkwaardigheidsverklaring punika murid klas pitu manawi sampun tamat pasinaonipun, botên sagêd angsal Schoolverklaring sarta samôngsa badhe nglajêngakên dhatêng pamulangan nginggilipun, pandadaripun kêdah jangkêp, volledig examen dados kathah botên sagêdipun katampèn, amargi muridipun pancèn kirang nyêkapi kasagêdanipun, amila gelijkwaardigheidsverklaring wau parlu kaangkah sampun ngantos kasuwak.

--- 16 ---

III. Gêgandhengan kalihan kasbut nginggil, bab umur parlu dipun watêsi, amargi murid kengingipun anglajêngakên pasinaonipun, manawi nalika tamatipun saking pamulangan H.I.S. umuripun dèrèng 16 taun, dados manawi tansah botên minggah kemawon, punika sagêd dèrèng ngantos tamat pasinaonipun, sampun kawêdalakên jalaran umuripun botên nyêkapi, amila kumisi gadhah tatanan kados cathêtan katur asarêng punika:

IV. Manawi ing klas punika wontên muridipun 30 upami wontên muridipun satunggal ingkang kasangêtên bodhonipun punika damêl rêndhêting tumindakipun pangajaran, atêgês damêl kapitunanipun murid 29 sanèsipun, sarta manawi ingkang botên minggah kathah, dipun kèndêlakên kemawon, punika mêpêti marginipun murid ing klas ngandhapipun.

V. Awit saking kumisi nindakakên tatanan enggal wau, amila taun punika kapêksa kathah sangêt murid ingkang kakêrêpên botên minggah lajêng kawêdalakên, amung ing taun ngajêng têmtunipun ingkang kawêdalakên suda, makatên salajêngipun saya suda-suda.

VI. Dene bab buku pangajaran punika, ing ngajêng anggènipun botên kaparêngakên kabêkta mantuk, amung saking kabêkta masa rêkaos, sagêda ngirid wêdalipun kagungan dalêm arta: ing mangke kasuwun kabêkta mantuk kangge sinau wontên ing griya, kumisi amarêngakên, nanging sadèrèngipun, sarèhning ingkang nandhani sêrat-sêrat punika namung warga sawatawis, amila kumisi nyuwun katrangan, punapa warga sanèsipun sampun sami rujuk, upami ngêdalakên wragad kangge nglintoni buku ingkang dipun icalakên utawi risak, jalaran suwèk, bodhol sasaminipun. Ingkang punika kumisi anyumanggakakên.

Katur kaping ... Dhesèmbêr 1934.

Wisesa, Wg. Kusumabrata.

Cathêtan

Malêbêtipun sinau pitung klas

1. Mlêbêt klas I umur 6 taun, kenging kèndêl kaping 3.

2. Mlêbêt klas I umur 7 taun, kenging kèndêl kaping 2.

--- 17 ---

3. Mlêbêt klas I umur 8 taun, kengingipun kèndêl namung sapisan.

4. Botên kenging kèndêl wontên ing klas kalih urut-urutan.

5. Botên kenging kèndêl kaping kalih wontên ing saklas, dados têgêsipun wontên ing saklas, botên kenging langkung saking 2 taun.

Miturut suraosing sêrat wangsulanipun kumisi sakolahan wau, sampun têrang yèn lare-lare ingkang pancèn bodho punika bilih tansah dipun paringi parimarma, adamêl kapitunan agêng tumrap murid sanès-sanèsipun, saha damêl sudaning ajinipun pamulangan, panuwun pangajêng-ajêngipun pangrèh Narpawandawa, sarèhning wontênipun kagungan dalêm pamulangan-pamulangan wau inggih botên sakêdhik waragadipun ing dalêm sataun-taunipun, supados sagêd jumbuh kados kaparênging karsa dalêm, amintêrakên para putra santana sarta anaking abdi dalêm sadaya, mugi-mugi para sêpuhipun murid-murid samia ambiyantu, sarana mardi dhatêng para anak putranipun kalayan talatosing panggalih, kanthi kawaspadan murih pandaleyaning lare botên kalajêng-lajêng, wêkasan sagêd kalaksanan panggayuhipun, dados tiyang utami ingkang trêsna dhatêng siti wutah rahipun, sêtya ing praja undhagi ing sabarang damêl, sagêd anjunjung drajading tiyang sêpuh, sumrambahipun dhatêng bôngsa, nêtêpi ujaring paribasan Jawi: anak anung inggih ing ngriki wahyaning masakala mulyaning praja Surakarta.

Namung ingkang kasêbut adêg-adêg VI bab suwunanipun buku-buku kabêkta mantuk, punika kumisi inggih marêngakên, nanging para sêpuhipun murid-murid kêdah sanggêm anglintoni manawi wontên risak utawi icalipun, punika para warga Narpawandawa utawi para sêpuhipun murid-murid punapa sami rujuk, liripun sanggêm anglintoni, pangrèh angajêng-ajêng katrangan.

Kasêrat kaping 1 Pèbruari 1935.

Pangrèh.

Wara-wara Opisil

Pêthikan saking D.K. ôngka 149

Bab parêpatanipun para guprênur ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta akalihan [akali...]

--- 18 ---

[...han] para wakilipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên, ingkang kaping 47 rambahan, wontên ing dalêm guprênuran ing Surakarta, nalika tanggal kaping 10 Dhesèmbêr 1934.

I. Bab badhe angwontênakên Gemeenscappelijke Accountantsdienst. Para sèlêpbêstirên anggalih parlu, bilih wiwit benjing tanggal 1 Januari 1935, punika badhe angwontênakên gemeenschappelijke accountantsdienst. Dene rèngrèngipun pranatan tuwin insêtruksinipun ingkang sampun karêmbag sêsarêngan, punika wosipun sampun dipun mupakati, sarta lajêng badhe kasuwunakên palilah ing ngarsanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan. Ananging wontên ricikanipun sawatawis (enkele details) ingkang taksih kêdah katata, kangge anjagi bokbilih wontên ingkang ragi nyêbal saking tatananing kontrolê bironipun sèlêpbêstirên ingkang sampun tumindak.

II. Bab pajêg bêrahan sarta kêmpalipun pajêg pamêdal tuwin pajêg krisis dados satunggal. Ing sarèhning wiwit benjing tanggal 1 Januari 1935, punika pajêg krisis tuwin pajêg pamêdalipun kangjêng guprêmèn badhe kakêmpalakên dados satunggal, pramila para sèlêpbêstirên sami anggalih, pajêgipun krisis tuwin pajêgipun pamêdal sèlêpbêstirên ugi badhe kakêmpalakên dados satunggal. Dene bab badhe tumindakipun pajêg bêrahan tumrap para kawulanipun sèlêpbêstirên, punika taksih badhe karêmbag rumiyin, amargi bab prakawis punika taksih kapahamakên dening nagari Surakarta, Ngayogyakarta sarta praja Pakualaman.

III. Bab pranatan rêklamê. Sarèhning para sèlêpbêstirên agolong sami badhe mupu pajêg tumrap pandamêlipun rêklamê sarana pirantos rêklamê (objecten) ingkang sanès kagunganipun para sèlêpbêstirên, pramila bab prakawis punika badhe kasuwunakên palilah ing kangjêng guprêmèn rumiyin. Kajawi punika kangjêng guprêmèn ugi badhe dipun prayogèkakên supados andhawuhakên pranatan ingkang kados makatên wau tumrap kawulanipun.

IV. Bab ewah-ewahan tumrap pamupunipun pajêg têtumpakan. Sarèhning plombê pelosipèt tumrap taun 1935, punika sampun kêlajêng dipun wêlingakên, pramila bab badhe pamasangipun bêwèis kangge tôndha manawi pajêgipun pilosipèt sampun kabayar miturut tatanan ing Makasar, punika botên sagêd katumrapakên [katumrapakê...]

--- 19 ---

[...n] ing taun 1935 wau, awit saking punika tatanan ingkang kados makatên wau badhe katindakakên wiwit benjing tanggal 1 Januari 1936 kemawon. Dene tatanan bab pamasangipun plombê tumrap têtumpakan sanès-sanèsipun lastantun kados ingkang sampun tumindak samangke punika.

V. Bab tatanan dhêndhan tumrap opstalvergoeding ingkang walêd. Miturut pranatanipun ingkang sampun tumindak bab pambayaripun opstalvergoeding, manawi opstalvergoeding wau botên kabayar ing salêbêtipun 14 dintên sasampuning wanci katêmtokakên ambayar, punika lajêng kadhêndha 5% saking arta opstalvergoeding ingkang dèrèng kabayar wau, sarta ing salajêngipun ugi kadhêndha 5% malih manawi anglowongakên pambayaripun opstalvergoeding wau ing sabên cicilan salêbêtipun 4 wulan wêtah. Makatên sapiturutipun sabên anglowongakên pambayaripun wau kadhêndha kathah-kathahipun ngantos dumugi 25%. Pranatan ingkang kados makatên punika wau ing salêbêtipun jaman ingkang rêkaos punika sangêt adamêl awrating têtiyang ingkang sami anggadhahi gêgadhuhan pasitèn rèh pan opsêtal, ngantos anjalari walêding pambayaripun opstalvergoeding wau.

Ing mangke murih sagêdipun ngènthèngakên panganggenipun têtiyang kados kasêbut ing nginggil wau, guprêmèn badhe kaprayogèkakên supados pêpacakipun ingkang sampun tumindak, punika dipun wêwahi pêpacak malih ingkang suraosipun kadamêl sami kalihan pêpacakipun tumrap pambayaring pajêg ingkang kawastanan erfpachtscanon, inggih punika pambayaripun dhêndhan wau supados sagêda kasumênèkakên manawi bab anggèning katêmtokakên mundhati opstalvergoeding, punika sampun wontên tatananipun bab pambayaripun.

VI. Bab watêrsêkapên badhe kacêpêng dening pangagêng satunggal. Sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun kêparêng anyondhongi bab anggèning watêrsêkapên badhe kacêpêng pangagêng satunggal, pramila guprêmèn kasuwun de Vorstenlandseche Waterschapsordonnantie, punika wiwit benjing tanggal 1 Januari 1935 manawi sagêd sasampuna kaundhangakên. Bab prakawis punika para sèlêpbêstirdhêr sanès-sanèsipun ugi sampun sami anyondhongi.

VII. Bab anyuwak pajêg kareta montor. Manawi pajêgipun kareta montor guprêmèn [guprêmè...]

--- 20 ---

[...n] kasuwak, punika katêmtokakên bilih pajêgipun kareta montor para sèlêpbêstirên ingkang sampun tumindak ugi badhe kasuwak.

Punapa Sampun Wontên Kadadosan Ta

Murih sampun ngantos wontên kadadosan para sêntana dalêm kaangge pirantosipun para kawula (ingkang kula wastani kawula punika tiyang ingkang botên anggadhahi titêl radèn mas utawi radèn ajêng) ingkang ngupados kamayaranipun manawi anglampahi paukuman, punapa botên langkung prayogi upami pamarentah ingkang wajib kêparêng mranata dhumatêng para santana ingkang badhe salakirabi kalihan para kawula. Dene wontênipun kula gadhah pamanggih makatên punika, botên kok kula sumêdya angalang-alangi nyuda kamardikaning salakirabinipun para santana ingkang badhe angsal kawula, punika babarpisan têbih sangêt, nanging namung lugu saking anggèn kula rumêksa ing kaluhuraning gusti sasêmbahan kula ingkang sinuhun dalah sasantananipun, dados saking pamanggih kula manawi parentah ingkang wajib botên lajêng kaparêng campur asta, dhumatêng salakirabining para santana ingkang angsal para kawula, kula anguwatosakên sangêt ambokmanawi wontên akal-akalan, upamènipun wontên satunggaling kawula ingkang kenging prakawis, ingkang prakawisipun wau sampun wontên tanganing pulisi utawi ingkang dèrèng kasumêrêpan sintên kemawon, tur tamtu prakawisipun wau botên sagêd uwal saking griya pakunjaran, mengo ngiwa nêngên sampun botên wontên sêtiyar ingkang sagêd ambebasakên saking griya pakunjaran. Sagêdipun sêtiyar namung murih radi sakeca, manawi nglampahi paukuman, inggih punika botên sanès inggih namung mêndhêt semah santana dalêm, sampun tamtu kemawon tiyang ingkang badhe ngupados kamayaran punika, limrahipun botên ketang bêbasan anggangsal-sukoni tamtu dipun têmpuh, dene sarananipun murih sagêd katampèn, botên sanès inggih angaturakên pisowanipun kyai lan Nyi Blorong, dhasar wêkdal punika nyi utawi Ki Blorong wau tansah kaimpi-impi para tiyang saindênging donya, amila manawi ingkang kangge pirantos wau botên kêrsa ngasta kêncêng dhatêng Si WedhatamaKalatidha. ingkang mungêl: luwih bêja kang eling lawan waspada. Sampun tamtu kemawon pisowanipun Ki Blorong sakalihan wau katampi kanthi

--- 21 ---

angucap suka sokur ring Pangeran, dados manawi miturut kawontênanipun môngsa rêkaos punika, manawi pamarentah ingkang wajib botên kaparêng tumuntên anggalih, kula anguwatosakên sangêt ambokmanawi ngantos wontên kadadosan kados atur kula kasêbut nginggil, botên sanès tamtu namung badhe damêl mloroting ajinipun para santana dalêm saumumipun, sagêd ugi anggêgèndèng sudaning kaluhuran dalêm gusti pêpundhèn kita ingkang sinuhun. Mila manawi atur kula punika lêrês sarta maidahi sadayanipun, punapa botên langkung prayogi lajêng tumuntên wontên panggalihanipun parentah ingkang wajib. Saking anggèn kula ngiyatakên dhatêng atur kula, manawi wontên santana dalêm nêmaha ngêmuli kados atur kula kasêbut nginggil, manawi papriksanipun sampun cêtha lêrês jarag nyemah dhatêng kawula ingkang sampun anggadhahi prakawis, pun santana wau kajabuda ampilanipun pikukuh botên kanthi urmat, malah manawi pêrlu kaprakawis pisan§ Wah, bok sampun rosa-rosa, upami ingkang nindakakên purlopêh ondêrsuk kemawon anliti, rumiyin pundi anggèning imah-imah santana dalêm, kalihan anggèning kenging prakawis, kados sampun cêkap. Red. sabab inggih namung ngawekani sampun ngantos angsal sasêbutan, santana kêna kanggo piranti ambodhokake pamarentah, sarta sanès- sanèsipun ingkang botên kalihan kamirêngakên ing talinganipun para santana. Ambokmanawi atur kula cêkap samantên kemawon, namung saking panyuwun kula sarèhning kula punika bangsaning warga unyik, sampun tamtu kemawon sasêrêpan kula dèrèng sapintêna, amila wontêna kêparêngipun para warganing Narpawandawa utawi ingkang kaparêng anggalih, amêwahi murih saya langkung gamblang ingkang salajêngipun sagêd agêng narik ajining para santana dalêm saumumipun.

Si Unyik, Cakrapangarsa.

Wajibing Wanita Kêdah Damêl Pamarêming Priya

V

Sang prabu marêngakên kyai patih sowan. Sang prabu wêrnanipun bagus, pasêmonipun sumèh, pangandikanipun rècèh, adamêl bingahipun têtiyang ingkang tampi pangandika, kyai patih majêng sarwi nêmbah, kabagèkakên dhatêng sang prabu, sumèh pasêmonipun sang prabu kalihan ngandika makatên: bapa patih, sesuk sapa kang sira ladèkake, [ladè...]

--- 22 ---

[...kake,] pinangkane saka ngêndi, jênênge sapa, bapakane dadi apa, mara kôndhaa kang pratela.

Kyai Patih Nitibadhèswarya ngaturi wangsulan: gusti, lare-lare èstri ing salêbêting nagari dalêm, ingkang pantês kawula unjukakên ing ngarsa dalêm, sampun konjuk sadaya, ingkang punika manawi panjênêngan dalêm marêngakên, anakipun èstri abdi dalêm kawula, anama pun Tantri, badhe kawula unjukakên ing ngarsa dalêm dados lêbêtan. Mugi panjênêngan dalêm karsa mêngku ing kêkiranganipun. Mênggah kawontênanipun, dêdêgipun lênjang, warninipun botên ambucal, candranipun jangkêp, anamung bodhonipun botên siwah kalihan bodho kawula. Ewasamantên manahipun sae sarta têmên.

Sang prabu amangsuli: kuwi kapasang-yoga sangêt, bapa patih. Ingsun tarima bangêt, dene samêngko anakira dhewe kang sira unjukake. Mungguh pawartane anakira iku, wus akèh kang ingsun piyarsa. Kandhane wong-wong kang padha wicaksana, wus cundhuk karo aturing bab ênome lan endahe rupane. Kêjaba iku nganggo diwuwuhi wartane, jarene anakira iku pintêr bangêt, tur lantip linuwih. Wasis marang gêgawean kang alus-alus, putus marang surasaning layang-layang kang isi piwulang kasusilan, kang aran layang Tantra. Mulane anakira dijuluki Tantri. Pawartane mungguh anakira iku sumêbar ing ngêndi-êndi, wong-wong padha asih marang anakira iku. Sajatine ingsun ora wani nêmbung anakira iku, sabab ingsun wêruh, yèn sira satêmêne ora dhêmên marang kalakuan ingsun. Sabab ingsun wayuh garwa sapirang-pirang, prasasat angrusak kêkêmbangan.

Bocah-bocah wadon kang ingsun pundhut iku mêsthine rak padha jijik andêlêng patrap ingsun, ingsun wis krasa dhewe, sabab ingsun iki wus gênah yèn ora kêna diarani wong apik. Sabab, kang aran wong lanang apik iku wong kang manggon ing panggonan kang sêpi. Bojone mung siji, bisa dadi rewang. Wong wadon kang mangkono iku, ora akèh pêpenginane kang kanggo awake dhewe. Kang diladèni, dipundhi-pundhi. Dewa kang ana sajrone awake, bojone aran ngrasakake kanikmataning swarga ana ing bumi. Mungguh sariraningsun iki adoh bangêt sing mêngkono iku. Satêmêne ingsun krasa eman, yèn anakira sira

--- 23 ---

dadèkake lêbon.

Makatên pangandikanipun sang prabu.

Kyai Patih Nitibadhèswarya ngaturi wangsulan: gusti, sakalangkung kaluhuran dhawuh pangandika dalêm. Pancèn lare-lare èstri punika, tumrapipun badan kawula kathah sangêt pangaosipun, anamung panjênêngan dalêm kawula aturi èngêt, bilih panjênênganing ratu, punika botên sae manawi nrimahan, sumôngga kagaliha:

Tanpa kukupan, brahmana ingkang wiyahèn.

Tanpa kukupan, ratu ingkang nrimahan.

Tanpa kukupan, palanyahan ingkang taksih susila.

Tanpa kukupan, pawèstri priyayi ingkang ucul-uculan. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika:

Turunan sêrat dhawuh paring tarima kasih dalêm ... kaca 13 / Pawartos saking pangrèh ... kaca 14 / Wara-wara opisil Conf. zelfbest ... kaca 17 / Punapa sampun wontên kadadosan, ta ... kaca 19 / Wajibing wanita V ... kaca 21 / Pananggalan ... kaca 22 / Nitik Sultan Agungan

--- [24] ---

Marêt 1935

[Grafik]