Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 3, Marêt 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Kêkiranganipun Arta Nagari

Ôngka 11/477.

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm. Kula nuwun, nalika ing dintên Kêmis sontên tanggal kaping 24/25 Januari punika, pangrèh Narpawandawa damêl parêpatan angrêmbag: suwaraning sêrat-sêrat kabar, bab anggènipun nagari kêkirangan arta, amila nagari kapêksa lajêng andhawuhakên indhaking pasudan balanjanipun para abdi dalêm agêng alit, nyuda waragad lampah, nyuwak indhakan balônja sabên tigang taun sapisan, ngindhakakên lêbêtipun arta asil nagari, tuwin sapanunggilanipun, sanadyan nagari sampun nindakakên rêrigên ingkang makatên, [ma...]

--- 26 ---

[...katên,] ewadene pamirêngipun pangrèh Narpawandawa nagari taksih badhe nyuda cacahing abdi dalêm, malah badhe wontên golonganing abdi dalêm ingkang dipun suwak babarpisan (dipun icali) mirêng kabar ingkang makatên punika sayêktosipun lajêng nuwuhakên raos kêkês dhatêng manahipun para abdi dalêm, môngka mênggahing dhêdhasaraning manah, anggènipun sami suwita dados abdi dalêm punika wawasanipun pangrèh Narpawandawa, miturut dhasar wêwatakanipun botên amung ambujêng panggêsangan, nanging èsthining manahipun namung sagêda lastari kaabdèkakên ing panjênêngan dalêm nata, kalayan narimah kaparingan balônja sakêdhik, amargi muhung nglêluri para lêluhuripun, dados mênggahing para abdi dalêm punika ingkang kathah bab pasuwitan sampun kalêbêt ing balung sungsum, dening trah-tumêrah sami turunipun abdi dalêm ing kina-kina, nanging kabêkta saking kiranging kawontênanipun arta, nagari ngantos kapêksa kaparêng nindakakên amêdhot tangsulipun wau, sanadyan ingkang makatên punika pangrèh Narpawandawa ugi sumêrêp bilih amung kapêksa dening kawontênan.

Sasampunipun pangrèh Narpawandawa ngaturakên andharan kasêbut ing nginggil, lêlajênganipun ingkang pêrlu amadosi sabab-sababipun, dene lêbêtipun arta nagari ngantos kirang kathah, pinanggihing wawasan, miturut swara umum sabab saking walêdaning pajêg kabudidayan, ingkang udakawis wontên f 700.000,- tuwin indhaking sêsanggènipun nagari dhatêng gupêrmèn, kados ta: mangsulakên pajêg pagantosan, tuwin kawêwahan sêsanggèn amragadi griya sakit ewah ing Mangunjayan, ingkang botên sakêdhik petangipun.

Awit saking punika murih adamêl pamarêmipun sadaya putra santana, abdi tuwin para kawula dalêm, ingkang sami kataman indhakan sêsanggèn pajêg, sudan balônja tuwin sanèsipun, manawi swaraning sêrat-sêrat kabar wau lêrês, pangrèh Narpawandawa nyuwun: supados nagari kaparêng mundhut wangsulipun arta-arta, walêdan pajêg kabudidayan wau kalayan punapa mêsthinipun, sanadyan angsalipun sêsaur saking para kabudidayan tamtunipun botên badhe têtêp sapintên walêdanipun pajêg, amargi saking wontên kabudidayan ingkang sampun têtela rêkaos gêsangipun, kosokwangsulipun tumrap kabudidayan ingkang taksih sagêd gêsang, langkung malih

--- 27 ---

kabudidayan ingkang sanès rosan, sampun samêsthinipun bilih kapundhut lumadosipun walêdaning pajêg, dados nagari lajêng nglênggahi adil, saha nagari kaparênga nyuwun dhatêng guprêmèn, botên ambayar arta pajêg pagantosan tuwin wêwahan sanggèn waragad griya sakit ewah ing Mangunjayan, ing pangintên guprêmèn ugi botên awrat minangkani, sabab tamtu sampun anguningani manawi nagari Surakarta sawêg kados makatên kawontênanipun, môngka sêsanggèn nagari kalih bab ing nginggil wau rumiyin-rumiyinipun botên, dados nama tambahan sêsanggèn anyar. Mênggah punika salajêngipun dados panggalihanipun pêpatih dalêm anyumanggakakên, saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 31 Januari 1935.

Panitra, W.G. Purwasastra. Mudha pangarsa, W.G. Suryaamijaya.

Narpawandawa - Bale Agung

Kadospundi sikêpipun wakil Narpawandawa, wontên ing bale agung.

Bokmanawi para sadhèrèk sampun sami mirêng, tuwin maos wontên ing sêrat-sêrat kabar, bilih ing wulan Marêt 1935 bale agung saèstu badhe madêg. Miturut sêrat kabar: Kumandhang Rakyat, ingkang mêdal tanggal kaping 18 Januari 1935 lampiran ôngka 5: ingkang asma tuwin namanipun calon warga bale agung, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

Wakilipun santana dalêm:

1. B.K.P.H. Adiwijaya (ngrangkêp pangarsa), 2. B.K.P.H. Suryaamijaya, 3. R.M. Sudarya Cakrasiswara.§ Punapa sampun tamtu, ta, amargi pamirêng kula saking ingkang nyalirani kok dèrèng tampi dhawuh punapa-punapa. Red.

Wakil abdi dalêm:

1. K.R.Tg. Dr. Wedyadiningrat (ngrangkêp mudha pangarsa), 2. K.R.Tg. Martanagara, 3. R.Tg. Suradipura, 4. R.Ng. Prajapradata, 5. R.Ng. Kartasupana.

Wakil kawula dalêm:

1. R.Dr. Suratman, 2. R. Muhamad Yusup, 3. R. Wignya Amijaya.

--- 28 ---

Wondene ingkang dados wakilipun gupêrmèn (buitengewone leden).

1. Von Rudnay (babagan arta).

2. Dr. Angenent (babagan siti).

3. Mr. Koster (pangarsa landrad Sragèn).

Ing ngriki kula botên badhe mawas satunggal- satunggaling calon liding bale agung, amung ngaturi pamrayogi dhatêng para sadhèrèk, sarèhning idham-idhaman kita badhe kalêksanan, inggih punika:

1. Nyuwun wontênipun rad bale agung.

2. Nyuwunakên wakilipun santana wontên ing bale agung.

Namung satunggal bab ingkang dèrèng kalêksanan, inggih punika: kadospundi badhe sikêpipun wakil Narpawandawa, wontên ing bale agung. Saking pamanggih kula, kados wontên prayoginipun pangrèh Narpawandawa andamêl Algemeene Leden Vergadering ngrêmbag bab kasêbut ing nginggil. Kalêrêsan dene pursitêr kita B.K.P.H. Suryaamijaya, tuwin sadhèrèk R.M. Sudarya, kacalonakên dados wakilipun santana dalêm wontên ing bale agung, kados wontên prayoginipun kados atur kula ing nginggil, andamêl algêmènê lèdhên pêrgadring rumiyin. Nampèni usulipun para warga, ingkang sampun kaputus ing pêrgadring "dipun rujuki" salajêngipun kangge sangu calon wakil kita wontên ing bale agung, samôngsa bale agung ngrêmbag bab ingkang gêgayutan kalihan bêtahing kita santana dalêm sadaya, kula taksih kèngêtan, nalika panjênênganipun B.K.P.H. Adiwijaya, lênggah wontên ing Volksraad dados wakilipun Porstênlandhên, manawi wontên rêmbag ingkang gêgayutan kalihan Porstênlandhên, upamènipun Surakarta, panjênênganipun tamtu lajêng mundhut prabot-prabot ingkang gêgayutan rêmbag wontên ing Volksraad.

Bab wakil Narpawandawa, wontên ing bale agung kados prayogi, atur kula kasêbut nginggil murih saya pratitis badhe usulipun wakil kita.

Putra: Parta.

--- 29 ---

Bab Kabatosan

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat, wontên pakêmpalan Narpawandawa

I

Parêpatan anggèn kula badhe sêsorah bab kabatosan, punika sampun ngantos kagalih bilih kula sampun mumpuni kawruh bab wau, saha sampun ngantos kagalih bilih kula badhe mituturi kadosdene guru, punika babarpisan botên, dados wigatining pikajêng kula botên ngandharakên kawruhipun, nanging amung nênangi panggalihan dhatêng kabatosan, kajawi punika anggèn kula purun sêsorah bab wau, namung saking kadêrêng wêkdal punika sawêg dados sêkar lathi wontên ing pundi-pundi panggenan sarta rêmbaging pakêmpalan-pakêmpalan, makatên ugi tumrap Narpawandawa pamanggih kula inggih satunggaling pokok, amargi tujunipun Narpawandawa pancèn badhe andamêl ajining para santana, langkung malih tumrap pakêmpalan Putri Narpawandawa ingkang wêkdal punika sawêg dados pêlênging pamanahan, inggih punika kadospundi sagêdipun para putri anêtêpi putrinipun, utawi dados sanyataning ibu, liripun: sagêda anggulawênthah utawi andandosi putranipun, supados dados tiyang ingkang utami, punika bab kabatosan gandhèng sangêt. Makatên malih botên ngalang-alangi dhatêng tumindak sosial, ekonomi saha politik, tamtunipun politik atêgês kaprajan, dados dede politik ingkang atêgês akal-akalan, langkung malih tumrap dhatêng pakêmpalan, malah nyuburakên saha nyantosakakên, amargi punika pancèn wiji pasadherekan, kosokwangsulipun, manawi kita sami nyingkur dhatêng kabatosan, bokmanawi rêkaos ajêng kita, sagêd langkung risak, mangke badhe kula têrangakên.

Sadhèrèk, wontênipun ing wêkdal punika bab kabatosan lajêng dados rêmbag, pangraos kula kabêkta saking jaman malaisê punika, botên amung kataman rêkaos kemawon, nanging ugi ningali jalaraning malaisê wau, ingkang kathah mastani saking tumpuk-tumpuking barang dêdagangan botên sagêd pajêng malih, sabab saking kiwa têngên sami jor-joran, mligi manah kasugihanipun piyambak-piyambak, môngka jor -joranipun ingkang kathah saking pabrik indhustri. Mênggah sajatosipun thukuling panggigah kabatosan, pancèn sampun nalika bibar paprangan agêng,

--- 30 ---

awit saking angraosakên kawontênan-kawontênan, wiwit salêbêt saha sasampunipun papêrangan, satunggal lan satunggalipun tiyang taksih kathah ingkang sami nindakakên kamurkanipun, pirantosipun warni-warni, dados kawusananipun anggèning gadhah kasagêdan kalangkung-langkung badhe kangge ngrisak ing satunggalipun, lêlajênganipun anjalari cêcongkrahan ingkang ebat, sirna tata têntrêmipun, wontên sarjana sawatawis gadhah pamanggih, mênggah makatên wau saking dêrênging pamikiripun dhatêng kadonyan, dhêdhasaranipun angêndêl-êndêlakên kasagêdanipun, samukawis ingkang kasat mata, ugêr niyat kemawon, rumaos kadugi amisesani, amila inggih lajêng tipis raosing kamanungsanipun, manawi kalajêng-lajêngakên satêmah lajêng mêngsahan sampyuh dados risak sadaya. Tumrapipun tiyang wetanan, ingkang kasagêdanipun dèrèng sak tiyang kilenan, kadayan rêkaosipun jaman malaisê utawi paprangan agêng, langkung malih bôngsa wetanan ingkang winêngku ing liyan bôngsa, panyawang sarta pangraosipun sangsaya trawaca.

Sadhèrèk, manawi kita mawas dhatêng kamajêngan, kawontênanipun wiwit kina dumugi sapunika, sajaman-jamanipun pancèn gadhah lêlampahan piyambak-piyambak, wujudipun sontan-santun, sarta botên manggèn satunggaling panggenan kemawon, kados ta: kala jaman ingkang dipun wastani: nomade (nomadhê), têtiyang limrahipun dèrèng gadhah kalangkungan, badaning manungsa santosa-santosa, katingal wani-wani, rêmênipun kêkêrêngan jarah rayah pados bêtahipun piyambak, raosipun namung piguna, dumugi jaman Egyptianaren (Ègèptêanarên) ing ngriku wiwit gadhah kalangkungan, inggih punika andamêl candhi-candhi, bêndungan sarta thukul sêsêmbahan, namung tumrap dhatêng ingkang kasat mata, ingkang wontên pigunanipun utawi ingkang damêl sangsara, upaminipun ajrih dhatêng surya, blêdhèg, baya sapanunggilanipun, sanadyan makatêna dèrèng ical jarah rayah sami tandhing agêngipun dados nama pêpêrangan, dumugi jaman Grieken (Grikên) ing ngriku botên namung kasagêdan kemawon, ananging wêwah ngudi kawruh warni-warni, kados ta: ajênging têmbung, ngèlmu alam, kadhoktêran sapanunggilanipun. Namung dhêdhasaripun sêsêmbahan dèrèng ewah, ananging wêwah kathah warni- warninipun sarta dipun wujudakên rêca, wontên ing ngriku wiwit ngandêl dhatêng barang ingkang botên katingal, ugi sampun sagêd sawatawis [sa...]

--- 31 ---

[...watawis] dhatêng gaib-gaib, kados ta: sumêrêp sadèrèngipun winarah, anjampèni amung saking andêdonga, nanging rêmênipun paprangan pados bêtah dèrèng sagêd suda, namung sampun wiwit tumanêm raos lêrês lêpat. Makatên wau dumugi jaman Romeinen (Romênên) wêwahipun tatanan kaprajan warni-warni, saha ngêdêgakên pangadilan. Saking jaman Romênên ngantos dumugi jaman Napoliyun têtiyang Eropah wiwit sagêd manggih kawontênan saha yêyasan enggal. Kados ta: bangsaning damêl kaca, têsmak, kèkêr, saha tirmomètêr sasaminipun. Damêl Procelein, graveerkunst, damêl pangêcapan, èrloji, pompa, pabrik dalancang, prabrik tênun. Ugi sagêd damêl obat, zwavelzuur, alcohol, manggih anggêr- anggêring kawruh alam, kados ta: zwaarte kracht, wet van het licht, sapanunggilanipun. Nganggit wontênipun sêsêratan nut, wiwit sumêrêp dhatêng sêtum, sarta balon. Inggih ing wêkdal wau lêkasipun wontên dhoktêr purun ambêdhèl tiyang saha wiwit sumêrêp kawruh experimenteele dieranatanomie. Makatên malih ugi nyumêrêpi tanah- tanah ingkang suwau dèrèng dipun sumêrêpi, kados ta: Amerika, Australie, sasaminipun. Wontên ing ngriku thukul ingkang nama agami, lajêng sumiyar, liripun, anêmbah dhatêng satunggal, inggih punika Gusti Allah, saking agami Kristên utawi Islam. Sami isi raos kamanungsan inggih punika wiji pasadherekan, lung-tinulung, sumêrêp awon sae. Kangge umum. Ewadene taksih kêrêp wontên pêpêrangan. Malah ngangge pirantos bêdhil, mriyêm, ingkang suwaunipun namung limrah gêgaman landhêp, pêdhang, tumbak, panah. Nate agami Islam kalihan Kristên campuh, ugi salêbêting agami Kristên sami Kristên, Islam sami Islam piyambak cêcongkrahan, pêcah, lajêng ngawontênakên tatanan beda-beda, inggih punika Kristên Katolik, Protestan, tumrap Islam, Sapingi, Kanapi, enz. Jaman Napoliyun dumugi sapunika, saya ngedab-edabakên, angsal-angsalaning kawruh saha yêyasanipun bôngsa Eropah, kados ta: manggih bangsaning gas rupi-rupi, electris, photograaf, jampi serum warni-warni, rontgen - x - stralen, dinamiet, netto glicierine, langkung malih manawi dumugi bangsaning techniek, sintên ingkang botên eram ningali pabrik-pabrik, motor mabur, kapal silêm, gramopun, tèlêgrap, radhio, gêgaman-gêgaman sampun mawi mêsin, tatananing praja sarta pangadilan saya majêng, tujuanipun [tujuani...]

--- 32 ---

[...pun] têtiyang katingal warni-warni, lajêng dados parte, kados ta: Liberaal, Sociaal, Democrat, Communist, golongan santri, sasaminipun, dhêdhasaran pasadherekan inggih punika isining agami, katingal kathah sudanipun, malah wontên sawatawis golongan, ingkang botên pitados dhatêng wontênipun Gusti Allah (Ingkang Maha Kuwasa) mênggah pangudinipun bêtahipun piyambak-piyambak taksih lastari wontên, mila pikajêngan paprangan botên sirna. Taksih wontên sambêtipun.

Wajibing Wanita Kêdah Damêl Pamarêming Priya

VI.

Makatên punika, gusti, satunggal-tunggaling pangkat gadhah pêpêthingan piyambak-piyambak. Kitab-kitabipun para bijaksana wontên ingkang nyêbutakên makatên:

Kang kudu diturut marang sawiji-wijining ratu iku:

Gêbyaring panggawe.

Gêbyaring Hyang Endra, Hyang Surya, Hyang Bayu, Hyang Yama.

Gêbyaring rêmbulan, gêni, bumi, aruna.

Mênggah têrangipun: tindak-tandukipun ratu punika kêdah cakrak kados para dewa.

Kajawi punika wau sadaya kyai patih taksih kathah malih aturipun wêwulang sae-sae, punapa malih bab pamilihipun calon garwa, sarta bab kasucian, makatên aturipun: saèstu, kawula saèstu bingah, sagêd ngunjukakên anak kawula dhatêng panjênêngan dalêm, pangajêng-ajêng kawula mugi ngraosakên rêna ing galih mêngku anak kawula wau.

Sang prabu bingah sangêt. Kyai patih kapatêdhan ganjaran adi, awarni gantèn ing panggantenanipun sang prabu. Kêpêt antakusuma, palênggahan tinarètès ing sêsotya nawarêtna, tuwin pêparing sanès-sanèsipun malih. Kajawi punika dipun kaparêngakên ngangge panggantenan kancana, sarta kêndhaga êmas. Anakipun kyai patih kayasakakên pangangge, agêm-agêmanipun putri, dalah upacaranipun: songsong, kêpêt, jangkêp. Supados enjingipun Dyah Tantri sagêd dipun dandosi cara pangantèn mawi dipun paèsi sae sangêt. Sarêng sampun makatên, sang prabu jêngkar saking anggènipun siniwaka. Kyai patih inggih lajêng mundur saking kadhaton, [kadha...]

--- 33 ---

[...ton,] mantuk dhatêng griyanipun.

Tiyang-tiyang lajêng sami tata-tata marnèkakên samukawis ingkang badhe kangge ambayangkare pangantèn ratu. Dyah Tantri anêtêpi pranatan pitung warni pranataning kraton, sabab enjingipun badhe kadadosakên pangantèn, uparêngganipun sakalangkung sae saha sakalangkung endah. Rumiyin-rumiyin dèrèng nate wontên rêrênggan ingkang makatên saenipun, jalaran sapunika ingkang badhe dados pangantèn putranipun kyai patih.

Mênggah rêrêngganipun makatên: ing sakubênging singangsananipun sang prabu, sangandhaping langitanipun, dipun sukani tratag rambat sae sangêt. Gêbêripun sêsêkaran ingkang kaêtrapakên ing sangajênging singangsana, wontên sêsêkaranipun muyêg, wondene wuwungipun, kancana mulya. Ulêsipun sutra diwôngga pêthak sarta jêne, sinongkèt môncawarni, sarta kasukanan gambar êlung-êlungan êmas tinabur. Kajawi punika songsong sutra diwôngga sunggingan pintên-pintên katata marik-marik, wontên ingkang pêthak, abrit, jêne, cêmêng. Samantên ugi sinjang inggih warni-warni makatên, punika sadaya dados pranataning karaton.

Ing sawingkinging tratrag rambat panggenaning bangsal witanarêtna dipun lungsir-lungsir ing buntal adi, sêkaran môncawarni sumêrot arum gandanipun, pêndhêtan saking patamananipun kyai patih. Ing salêbêting bangsal wau papaning kanthil pangantèn, rinêngga ing kêbut sinungging endah, pinatik ing sêsotya nawarêtna, murub mubyar, mawi panunggul manik agêng, cahyanipun tumeja ngênguwung. Manawi kasorotan ing Sang Hyang Bagaskara gumêbyar ambalêrêngi. Tanpa wusana yèn ta rêrêngganing bangsal pangantèn kacariyosna sadaya.

Wondene palataranipun sinêratan ing rabuk lêmbu sarta dipun sêbari sêkar ingkang arum-arum. Ing iring sakawan pisan kasukanan dupa ratus ingkang pancèn badhe kabêsmi, punapa malih kajêng laka, candhana, garu tuwin mênyan, kalêmbak sarta kapur barus tuwin dhèdhès. Kajawi punika kasiraman ing mabên pinathi. Saking ing pasiraman pinanjêran ing rontèk ambanjêng, têtabuhan sarta salomprèt mungêl umyung, makatên ugi pirantos ingkang badhe kaangge mahargya rawuhipun rêsi kawan golongan inggih dipun tata, wasana lajêng sampad sadaya. Para brahmana ingkang [ing...]

--- 34 ---

[...kang] agami Siwah sarta ingkang agami Wisnu tuwin para satriya sarta para wèsiya sami malêbêt ing kadhaton mangangge sarwa endah. Para abdi ing kadhaton sami angladosi. Tiyang jalêr tuwin èstri sami mrabot abayak-abayak. Para kawula sami jèjèr-jèjèr ngungêlakên sôngkakala tuwin têtêg. Ringgit tiyang sami wiwit main mawarni-warni patrapipun. Wontên tukang sulap utawi jantur, wontên tukang narik tangsul. Ingkang ningali jèjèr-jèjèr, nanging botên uyêl -uyêlan, sami mapan ing panggenanipun piyambak-piyambak. Para pandhita, para pujôngga sami ngungêlakên pêpuji ingkang kawrat ing salêbêting wedha sarta slaka, sarta sami èngêt-ingèngêtakên manawi wontên kalèntunipun anggènipun ngungêlakên, wondene para biksu sami tabêri anggènipun mungsal-mangsuli pêpuji. Makatên wau andadosakên swaraning tiyang sakalangkung rame, kados swaraning tiyang ingkang sami pêpêrangan, gumuruh angêbêki nagari. Para dewa sami atilar kahyanganipun, mrêlokakên ningali anggènipun dados pangantèn sang prabu.

Sang prabu sasampunipun siram, lajêng ngagêm busana kaprabon, sakalangkung bagus warninipun.

Ing nalika samantên ubarampening manggihakên pangantèn, sampun mirantos sadaya. Ing salêbêting kadhaton sarta ing sajawinipun, botên wontên kêkiranganipun, Sang Dyah Tantri sampun dipun paèsi, warninipun mindhak endah ambalêrêngi, kados murca manawi kinêdhèpakên. Punika kapêthuk ing para brahmana, purohita, tuwin sang maha brahmana. Sang prabu tansah ngungêlakên puja môntra.

Sarêng sang prabu sampun atur pêpuja tigang warni ingkang dados pêpacaking agami, lajêng sampurna ing sucinipun, tumuntên malêbêt dhatêng bangsal pangantèn. Ing ngriku Dyah Tantri sampun linggih wontên ing dhampar ingkang rinêngga endah. Sang prabu lajêng minggah pinarak ing singangsana. Inggih nalika punika panggalihipun pangantèn sakalihan kakung lan putri. Sang prabu lajêng anggêganjar dhatêng para dwija, para purohita, para pujôngga, para wiku tuwin para pandhita. Para abdi dalêm ing kadhaton sami angluhurakên pangantèn sakalihan wau, inggih sami kaparingan ganjaran arta busana. Punapa malih kyai patih, sampun saèstu kaparingan ganjaran ingkang pinunjul. Taksih wontên sambêtipun.

--- [35] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan April, Dumugi Pungkasaning Wulan Juni 1935

I. Ing salêbêtipun wulan Bêsar, wontên:

Tanggal kaping 27 utawi kaping 2 April, Salasa Lêgi, wuye, Hyang Yama, mawulu, gigis, sri tumurun kandhang, wasesa sagara, lakuning gêni, kalang kinantang, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 dumugi sadalu pisan, Amad slamêt.

II. Ing salêbêtipun wulan Mukharam Jimakir 1886 wontên:

Tanggal kaping 28 utawi kaping 2 Mèi, Kêmis Lêgi, wugu, Hyang Endra, mawulu, wogan, sri tumurun lumbung, sanggar waringin, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugi jam 10.48 Yusup rijêki.

III. Ing salêbêtipun wulan Sapar, wontên:

Tanggal kaping 28, utawi kaping 1 Juni, Sabtu Lêgi, watugunung, Hyang Yama, mawulu, dadi, sri tumurun lêsung, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugui jam 10.48 Yusup rijêki.

IV. Ing salêbêtipun wulan Rabingulawal (Mulud) wontên:

Tanggal kaping 17 utawi kaping 19 Juni, Rêbo Wage, wukir, Hyang Endra, mawulu, wogan, satriya wibawa, aras tuding, macan katawang, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24, Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad slamêt.

Isining Organ Punika

Bab kêkiranganipun arta nagari ... kaca 25 / Narpawandawa - bale agung ... kaca 27 / Bab kabatosan ... kaca 29 / Wajibing wanita VI ... kaca 32 / Pratelan dintên sae ... kaca 35 / Pananggalan ... kaca 36 / Nitik Sultan Agungan

--- [36] ---

April 1935

[Grafik]