Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 4, April 193 5

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 534 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan Dhawuhing Pangandika Dalêm

(Pêthikan kabar paprentahan)

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Angabèi, wadananing putra santananingsun têngên, Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananing kiwa.

Kapindhone, ingsun paring wêruh, dina Rêbo tanggal kaping: 17 sasi Sawal kapungkur iki, bocah santana riya ngisor, panji wayah buyut, padha ingsun lilani ngabêkti ing panjênêngan ingsun, bocah santana panji wayah buyut akèh kang arang-arang seba. Ing saiki karsaningsun, bocah santana riya ngisor panji wayah buyut, kang sataun ora seba, bakal ingsun undur, amarga saiki seje jamane karo biyèn, mula manawa ana bocah santana riya ngisor panji wayah buyut mau

--- 38 ---

ora seba sataun, banjur gawea palapuran konjuk ing panjênêngan ingsun.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Jumungah, tanggal kaping 4 wulan Dulkangidah, ing taun Wawu 1865.

Wara-wara Opisil

Pêthikan saking D.K.

Bab parêpatanipun tuwan guprênur ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta akalihan para wakilipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên, wontên ing Ngayogyakarta, nalika tanggal kaping 11 Pèbruari 1935.

I. Bab Zelfbestuursaccountantsdienst nalika parêpatan ingkang kaping 47 rambahan, punika Tuwan den Dulk sampun kapatah supados dhêdhapukaning pêpacak-pêpacakipun bab Zelfbestuursaccountantsdienst kawawas malih akalihan Tuwan Dr. Angenent tuwin Tuwan Mr. Verhooff.

Awit saking punika kamanah langkung prayogi supados dipun dhapukakên pranatan enggal kemawon ingkang langkung cêtha tinimbang ingkang rumiyin tumrap ing wêwatonipun een gemeenschappelijke dienst. Kajawi punika tumrap pangagênging gemeenschappelijkenaccountanstdienst wau supados ugi dipun dhapukakên insêtruksi enggal pisan.

Mênggah rèngrèngipun pranatan sarta insêtruksi enggal wau sampun kaaturakên dhumatêng para sèlèpbêstirên, ananging kabêkta saking kathahing pandamêlan bab bêgrutêng (begrootingswerkzaamheden) punika lajêng botên sêmpêt anyinau rèngrèngan punika wau ingkang kalayan talêsih.

Awit saking punika bab prakawis wau miturut golonging rêmbag lajêng badhe kagarap sarana sêsêratan kemawon, supados benjing parêpatan ing ngajêng punika ing sasagêd-sagêd sasampuna wontên putusanipun ingkang têtêp.

II. Bab pangadilanipun para putra santana. Mênggah rèngrèngipun pranatan bab pangadilanipun para putra santana, punika sampun dipun condhongi dening para wakilipun sèlêpbêstirên, sarta namung kantun ngêntosi lilahipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, [susuhu...]

--- 39 ---

[...nan,] samôngsa-môngsa sampun kaparingan lilah, pranatanipun lajêng kenging kaundhangakên.

III. Bab sasêbutan kaluhuran. Adelijke titulatuur mênggah palapuranipun komisi tumrap Adelijke titulatuur punika sampun dipun rêmbag.

Tumrap pamrayoginipun komisi bab sêsêbutan radèn mas sarta radèn ajêng supados sagêda turun-tumurun dumugi grad sakawan sanadyan namung ingkang makatên wau saking pancêr jalêr utawi èstri, punika sampun dipun condhongi.

Dene bab sêsêbutan radèn, punika parêpatan dèrèng sagêd mutus.

Tumrapipun sêsêbutan radèn ayu, punika badhe kaprayogèkakên supados botên katata kemawon, utawi panatanipun bab punika wau namung tumrapipun pasamuwan opisil (officieele gelegenheden) ing Porstênlandhên.

IV. Bab ngingah ulam loh ing sabin-sabin. Mênggah bab paringipun toya tumrap ngingah ulam loh wontên ing sabin-sabin, punika wêwatonipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap.

Mênggah pamaringipun toya punika wau kaanggêp kadosdene pamaringipun toya oncoran, sarta ulamipun loh kaanggêp kadosdene tanêmanipun tiyang alit. Amila heffingrijfer ripun tumrap pambagening toya, punika badhenipun 3.

Kangge pamaringipun toya tumrap kaparluan kados kasêbut ing nginggil wau, punika para rad watêrsêkap sami kawênangakên nata kadosdene pamaringipun toya tumrap tanêman gadhu.

V. Bab ewah-ewahanipun Waterschapsreglement kabêkta saking tumindakipun eenhoofdige leiding. Ing sarèhning kabêkta saking tumindakipun eenhoofdige leiding, punika para sèlêpbêstirên ingkang sami magêpokan sarta para rad watêrsêkapên sampun sami anyondhongi ewah-ewahanipun Waterschapsreglement kados ingkang kagalih parlu dening kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta, pramila rèngrènging sêrat-sêratipun kêkancingan bab punika wau lajêng badhe tumuntên kaaturakên ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general, parlu dipun suwunakên idi.

VI. Bab Reorganisatie Veeartsenijkundige - en Landbouwvoorlichtingsdienst ing sarèhning tumrapipun pamrayogi bab prakawis punika sampun andadosakên [andadosa...]

--- 40 ---

[...kên] kêparêngipun kangjêng guprêmèn, pramila reorganisatie tumrap veeartsnijkundigen sarta Landbouwvoorlichtingsdienst wau sagêd ugi lajêng tumuntên katindakakên.

VII. Bab pajêg kareta motor. Mênggah rèngrèng-rèngrèng pranatanipun bab panyuwakipun pajêg kareta motor sarta bab pamupunipun pajêg tumrap kareta motor ingkang kawastanan dissel, houtgas sarta zwarebenzine motorrijtuigen punika sampun dipun suwunakên idi dhumatêng para sèlêpbêstirên.

Para sèlêpbêstirên ing Ngayojakarta sampun sami kapratelakakên bilih tumrap rèngrèng- rèngrèng pranatan kados kasêbut ing nginggil wau sampun sami anyondhongi. Dene para sèlèpbêstirên ing Surakarta sami badhe tumuntên asuka katrangan bab pamanggihipun tumrap prakawis punika.

Wara-wara Pamulangan

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan, angèngêtakên wara-wara taun 1934 lêbêtan taun punika ing Pamardi Siwi botên nampèni murid enggal.

Ing Kasatriyan sarta Pamardi Putri, sagêdipun nampèni namung ingkang tumrap klas II sapanginggil, samantên punika manawi taksih wontên papanipun, dene anggèning kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan nampèni para lare ingkang badhe sinau katata kados ing ngandhap punika:

Tumrap Kasatriyan.

Putra wayah buyut dalêm, tanggal 4 Mèi 1935 jam 11 dumugi 12 siyang.

Canggah dalêm, saha anaking canggah dalêm, tanggal 6 Mèi 1935 jam 11 dumugi 12 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, tanggal 7 Mèi 1935 jam 11 dumugi jam 12 siyang.

Tumrap Pamardi Putri

Putra wayah buyut dalêm, tanggal 8 Mèi 1935 jam 11 dumugi 12 siyang.

Canggah dalêm saha anaking canggah dalêm, tanggal 9 Mèi 1935 jam 11 dumugi 12 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, tanggal 11 Mèi 1935 jam 11 dumugi 12 siyang.

--- 41 ---

Amila para putra santana dalêm saha abdi dalêm ingkang sumêdya anglêbêtakên putra utawi anakipun, sakêdhik-kêdhikipun kirang tigang dasa dintên saking titimasa panampining murid kasbut nginggil, supados angladosakên suwunan dhatêng kumisi, kanthi ampilanipun sêrat pikêkah, sêrat tôndha cacaran, sarta tatêdhakan biji saking raporêt ingkang kantun piyambak saking guruning murid. Dene ingkang tumrap anaking santana dalêm canggah sarta abdi dalêm kêdah mawi katêmênakên dening abdi dalêm lurah kampung ingkang ambawahakên.

Ing dintên sarta wanci ingkang sampun katamtokakên wau tiyang sêpuhipun sarta murid ingkang kasuwunakên sinau supados dhatêng pamulangan, parlu badhe nampèni katrangan saking kapala guru.

Manawi anggèning angladosakên sêrat panyuwunan botên anêtêpi wara-wara, punika sagêd botên katampèn.

Kaping 1 Marêt 1635.1935.

Wacaka: Bratadipura. Wisesa: Kusumabrata.

Griya Pamondhokan

Nuwun, wiwit alitan kula dumugi samangke, kula sampun sagêd nyumêrêpi marupi-rupi kawontênan, makatên ugi pranatan-pranatan nagari ingkang tumanduk dhatêng para santana utawi kawula dalêm, sami nyuwun suwita dados abdi dalêm ugi mawarni-warni, têgêsipun sontan-santun. Kula botên badhe angaturakên pranatan-pranatan ingkang sampun kalampahan, mindhak karoncèn, mila ingkang kula aturakên amung jaman majêng punika. Manawi botên kalèntu pangintên kula, ing mangke manawi nagari badhe nyuwitakakên santana utawi kawula dalêm, ingkang dipun uningani langkung rumiyin dhiplomanipun sakolahan, pundi ingkang dhiplomanipun unyik inggih dhumawah andhap, kapara botên sagêd kagêm pasuwitanipun. Ingkang makatên wau babarpisan kula botên badhe anyeda, dêstun kula suka sukur, jêr nagari dalêm sampun sagêd anglênggahi jaman, ambokmanawi sagêd amêwahi santosaning praja dalêm Surakarta, sawêwêngkonipun: amung ingkang kula prihatosakên [prihatosakê...]

--- 42 ---

[...n] punika, putra-putranipun santana dalêm, sampun ngantos dhawah kantun, nanging kadospundi mênggah rekadayanipun, botên sanès inggih amung mêmpêng nyinaokakên putra-putra. Ingkang tundonipun angsal dhiploma ingkang ambêbaji kangge suwita wontên praja dalêm Surakarta.

Ing sarèhning nyinaokakên putra punika pancèn angèl, langkung malih tumrap putra èstri pancèn gawat kaliwat, punapa malih saking tangkar-tumangkaripun santana dalêm, pamanggènipun botên cêkap wontên têlênging kitha Surakarta, nanging mêncar dhatêng dhusun ngadhusun ingkang têbih sakolahan, malah wontên ingkang mêncar dhatêng môncapraja, ingkang kula wastani angèl punika: 1. Panjagi. 2. Panggulawênthah. 3. Pasinaon. 4. Lampah (saking têbihipun papan) tuwin sasaminipun. Amila pamanggih kula angèl lan dangu sagêdipun kabirat, botên sanès, manawi pangrèhing pakêmpalan kita Narpawandawa, kaparêng angadani angwontênakên griya pamondhokan, mligi kangge putranipun santana dalêm, manggèn wontên kitha Surakarta, kaangkah cêlak kalihan sakolahan Kasatriyan, Pamardi Putri, tuwin Pamardi Siwi. Ing pondhokan ngriki dipun paringi juru pamong ingkang sumêrêp dhatêng kridhaning pasinaon. Para santana dalêm ingkang nitipakên putranipun wontên griya pamondhokan, sami kapupu bayaran, nanging inggih sampun awrat-awrat, sokur mawi angèngêti undha-usuking pamêdalipun tiyang sêpuh.

Amung punika atur kula mugi-mugi kabula.

Imagiri kaping 20 Pèbruari 1935.

Pra, Karsônta. (Warga).

Bab Kabatosan

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat, wontên pakêmpalan Narpawandawa nalika tanggal kaping: 2/3 Pèbruari 1935.

II

Sadhèrèk, kadosdene cariyos ingkang kula andharakên wau, sanadyan kamajêngan punika sontan-santun, botên manggèn sapanggenan, ewadene katingal [ka...]

--- 43 ---

[...tingal]

têrang urut-urutanipun sausap-usap, saya alus-alus, cocog kalihan adêging manungsa piyambak, sanadyan ing tanah wetanan inggih punika saindênging Britisch Indie, saha Indonesië sapangetan, ingkang wêkdal sêsrawunganipun kalihan bôngsa Eropah dèrèng kados sapunika gampilipun, ewadene lampahing kamajêngan ing sajaman-jamanipun mèh sami, ingkang kaot punika sabagean agêng kabêkta saking kodrat panggenan ngriku. Tumrap tanah Jawi kemawon, kacariyos nate ugi têtiyangipun kados sarupi tiyang wanan, nate sagêd damêl candhi sasaminipun, ugi ngalami angsal kawruh warni-warni, sumêrêp gaib-gaib sapanunggilanipun, ingkang katingal beda punika kawruh-kawruh dhatêng techniek, kawon sangêt kalihan kilenan, kosokwangsulipun dhatêng pathining agami, tiyang Jawi limrahipun taksih mênang kraos, sarta pitados dhatêng wontênipun Gusti Allah, katôndha kathah sêrat-sêrat Jawi ingkang isi rêmbag utawi anggêlar babagan wau dumugi padhusunan pisan. Wondene kula mastani kamajênganipun jaman, sampun cocog kalihan adêging manungsa, têrangipun makatên:

Adêging manungsa punika kabage kalih golongan agêng, 1. bab wadhag, 2. bab alus. Tumrapipun wètênsêkap alusing bêbadan punika namung dumugi pikir, dene badan wadhag punika gadhah watak warni-warni, wosipun anuju kangge kêkiyatan pigunanipun piyambak, kawruhipun inggih punika ingkang badan wadhag sumêrêp utawi kraos sasaminipun, dene badan pamikir, wêwatêkanipun angudi anglimbang, kawruhipun sagêd sumêrêp lêrês lêpat sarta ingkang alus-alus ingkang botên kasat mata, botên karaos ing badan, ugêr taksih wontên gêgandhenganipun kemawon saking sêsêrêpan utawi kraos, sagêd kacêpêng ing pamikir, tumrap kawruh sêpuh wontên malih golongan bêbadan, ingkang langkung alus saking badan pamikir, anggènipun mastani warni-warni, wontên ingkang mastani babagan rasa jati, wontên ingkang mastani bêbadan ka-Allahan, ugi wontên ingkang mêstani jatining kamanungsan, dene badan pamikir kaanggêp amung dados têngah-têngahipun utawi lantaranipun rasa jati kalihan badan wadhag, mênggah watêking bêbadan rasa jati pokokipun asih sarta rêsik, kawruhipun sagêd sumêrêp, utawi kraos tanpa sarana punapa-punapa, sapunika dipun gathukakên lampahing

--- 44 -- -

kamajêngan kalihan adêging manungsa wau, kados ta: kala jaman nomadhê dumugi jaman Egyptenaren punika babaranipun bêbadan wadhag, mila namung piguna ingkang dipun èsthi, saking Egyptenaren dumugi jaman Romeinen, punika babaranipun saking pikir, ingkang dipun èsthi budi ajênging barang saha kawontênan, amung taksih ambêkta wêwatakan badan wadhag, wiwit Romeinen mangandhap, pancènipun sampun wiwit thukul wiji saking rasa jati, inggih punika asih, kasêbar para nabi, wêwêdalanipun lung-tinulung pasadherekan, nanging nama dèrèng sagêd rumasuk ngrêmbaka gêsang maturun, dados ingkang kabêkta dumugi jaman sapunika taksih wêwatêkan badan wadhag sarta badan pamikir, lajêng wujud ngudi piguna, mila taksih wontên cêcongkrahan agêng, mênggah sampurnaning kamajêngan, jumbuhipun kalihan adêging manungsa kados ingkang sampun kula aturakên wau, manawi pitados dhatêng wontênipun bêbadan alus malih salêbêting manungsa langkung saking badan pamikir, tamtunipun kamajêngan punika taksih kirang dèrèng rampung, dados badhe lajêng, pêrlu nyêpêng wêwatêkan rasa jati, ingkang dèrèng ngrêmbaka wau, punapa sarana mawi pêrang utawi sangsara rumiyin, botên pêrlu karêmbag, namung têgêsipun wêkdal punika ingkang cêtha sawêg kenging dipun wastani stoffelijk welvaart dèrèng maatschappelijk welvaart. Sarèhning kula punika pancèn pitados salêbêting manungsa punika wontên badan alus malih, langkungipun saking pamikir, inggih punika ingkang kawastanan rasa jati, kajawi punika kula pitados bilih ajênging jaman pancèn miturut adêging manungsa, môngka katingal dèrèng dumugi, punapadene inggih pitados wêwatêkaning rasa jati, bilih kangge ing donya langkung rahayu katimbang wontênipun sapunika, awit saking dhêdhasar tigang prakawis wau, mila kula wani angajêngakên ngrêmbag bab punika wontên ing parêpatan agêng Narpawandawa, wosing pikajêng kula kalihan cêkak, sanadyan kita sadaya pêrlu ngudi ngajêngakên bêbadan wadhag, liripun andamêl santosa sarta sarasing badan, sarana punapa kemawon, upami sêporêt, têtêdhan sapanunggilanipun, supados kita sagêd nyambut damêl kanthi kêkiyatan sarta rikat, ugi pêrlu ngajêngakên jêmbaring pamikir, punapa sarana sakolah, punapa sarana nyinau piyambak, parlunipun supados mindhak pirantosipun kangge gêsang, kadosdene bôngsa Eropah, nanging ugi mrayogèkakên kalihan sangêt wêwah angudi landhêp sarta rêsiking raos murih malêbêt [ma...]

--- 45 ---

[...lêbêt] raos jati, amung sarèhning nênangi bab rasa jati punika kenging dipun wastani babagan anyar, kangge wêkdal punika, mila pêrlu dados rêmbag sarta panggalihan rumiyin, kadospundi sayogining lampah, inggih punika ingkang kula wastani manah dhatêng kabatosan. Taksih wontên sambêtipun.

Wajibing Wanita Kêdah Damêl Pamarêming Priya

VII

Sasampunipun rampung lampah- lampahing panggihipun pangantèn, sang prabu lajêng lèngsèr, pinarak ing dhampar sacêlakipun Dyah Tantri, tumuntên sami malêbêt dhatêng pura. Ing ngriku wiwahaning pikraman inggih sampun samêkta sakalangkung asri, sang prabu sakalihan pinarak ingadhêp ing para bupati mantri jalêr èstri sami mangangge endah pêpilihan. Sang prabu lajêng lênggah dhahar sarta ngunjuk. Dilah lajêng kasirêp, pasindhèn sami malêbêt, sami ngidung sarta sêsindhèn anganyut-anyut. Wontê-wontênWontên. ingkang sami dêdongengan, gôngsa tansah mungêl angrangin.

Sarêng sampun pêtêng babarpisan, sang prabu jêngkar saking anggènipun dhahar. Para abdi sami mundur sadaya. Sang prabu lajêng tindak dhatêng salêbêting kamar pangantèn, santun agêman-agêman. Warninipun sang prabu katingal sangsaya endah, pantês sagêd adamêl karungrunganing tiyang. Tumuntên minggah dhatêng pasareyan pangantèn ingkang rinêngga sakalangkung asri. Pantês dados padalêmanipun Sang Hyang Asmara. Hyang Bathara Wisnu inggih anjênêngi, namung botên katingal. Sang bathara paring kanugrahan dhatêng sang prabu kalihan dhatêng Dyah Tantri. Sang prabu enggal mapan sarean sarta angêrêmakên socanipun, Dyah Tantri mêtêki sampeyanipun.

Ing salêbêting kamar wau wontên para nyai bucu, damêlipun nyuthik ucêng-ucênging dilah, Dyah Tantri wicantên dhatêng para nyai wau, laguning wicantên kadamêl-damêl kados sêmu arip. Para nyai wau kapurih andongèng-dongèng, kangge cagak êlèk.

Para nyai mangsuli, bilih botên gadhah dongèng. Wicantênipun makatên: prayogi bêndara kemawon ingkang andongèng, kula ingkang mirêngakên. Sang prabu lajêng paring sasmita dhatêng para nyai wau, sarana anjawil mawi sampeyan, supados ngaping kalihi anggènipun gadhah panêdha dhatêng Dyah Tantri. Para nyai inggih tanggap ing

--- 46 ---

sasmita, pramila sangêt-sangêt anggènipun ngaping kalihi panêdhanipun. Dyah Tantri mawi rewa-rewa radi kêpèpèt, inggih lajêng wiwit andongèng.

Rumiyin mawi dipun bêbukani mawi wêwulang ingkang lêbêt suraosipun, lajêng anyariyosakên lêmbu mêmitran kalihan singabarong. Bôngsa ingkang nêdha rumput têka mêmitran kalihan bôngsa ingkang nêdha daging. Wusananipun kêkalihipun dipun êbên dhatêng sagawon ajag, pêpatihipun singabarong wau. Lajêng sami pêjah-pinêjahan. Ingkang makatên wau mawi dipun sêlani cariyos pintên-pintên awarni-warni tuwin kêkidungan ingkang isi wêwulang sae-sae. Pramila sawêg angsal pêpucukipun kemawon, sampun dumugi wanci lingsir dalu. Sang prabu katingal ebah-ebah, Dyah Tantri lajêng kèndêl anggènipun andongèng. Wicantênipun makatên: o la, sang prabu sajake ora rêna mirêng aku andongèng iki. Bokmanawa ambribèni anggone sare.

Para nyai bucu wau lajêng pamit mêdal, sabab gadhah pangintên, bokmanawi sang prabu bingah manawi namung dipun tênggani Dyah Tantri piyambak kemawon. Sarêng para nyai wau sampun mêdal, sang prabu lajêng wungu sarwi ngandika: Tantri, ênggonira andongèng têka mandhêg, nganggo santolan, kuwatir bokmanawa ambribèni ênggon ingsun sare, marga kêsênêngên ênggon ingsun midhangêtake, ênggonira ngunèkake kêkidungan têka rèntès sarta cêtha têmên. Sira rak durung sayah ta, ênggonira andongèng, wong ayu. Sanadyan ingsun mêrêm, ewasamono ora pêdhot-pêdhot ênggon ingsun ngrasak-ngrasakake dongèngira. Ora pisan-pisan bisa ngantuk. Malah dadi cagak êlèk. Kang iku pamundhut ingsun, tutugna ênggonira andongèng.

Enjingipun sang prabu miyos saking pasarean, sasampunipun sêsuci sarta mêmuja dhatêng Sang Hyang Pratônggapati wontên sanggar pamujan, lajêng miyos ngagêm busana kaprabon, pinarak ing sitinggil, ingadhêp para mantri bupati. Ingkang wontên ing ngajêng piyambak Kyai Patih Nitibadhèswarya. Punika dipun bagèkakên makatên: bapa patih, aja andadèkake kagèt utawa gêtêring atinira. Ênggon ingsun ngesuki lênggah siniwaka iki marga ngawekani bokmanawa sira kêpengin arêp ngunjukake lêbon bocah wadon manèh kaya adate. Ananging saikine wis [wi...]

--- 47 ---

[...s] ora prêlu kaya adate. Ingsun midhangêtake dongènge anakira Tantri kêpranan bangêt, nganti ingsun ora duwe kapengin turu, malah kêpengin wêruh banjure bae. Bangêt ênggon ingsun kêpengin wêruh critane nganti sacuthêle. Nganggo ana kakidungane barang apik-apik, kang iku mulane ênggon ingsun palakrama sabên dina iku ingsun lèrèni dhisik.

Makatên pungkasaning karsanipun Prabu Eswaryapala, anggènipun tansah krama sabên dintên, sarêng sampun mundhut anakipun Kyai Patih Nitibadhèswarya anama Dyah Tantri wau, lajêng botên kêpengin mundhut lare sanèsipun, awit lajêng kacanthol, tansah kêpengin mirêngakên lajênging cariyosipun, isi wêwulang sae-sae, sumusup ing salêbêting cariyos ingkang angrêsêpakên, pêpêthikan saking sêrat dongèng sarta sêrat piwulang ing pasraman, cariyos wau damêl lêjaring manah sarta adamêl padhanging angên-angên, angungkuli padhanging surya wulan ingkang madhangi jagad raya. Ing ngandhap punika pêthikan sawatawis saking cariyos ingkang dipun dongèngakên dhatêng Dyah Tantri. Taksih wontên sambêtipun.

Kabar Rêdhaksi

Para sadhèrèk ingkang panjurungipun dèrèng dipun pacak, mugi sami anyabarna ing panggalih, amargi papanipun kirang cêkap, dados kêdah ngêntosi sêlanipun.

Kajawi punika, wiwit tanggal kaping sapisan Marêt kapêngkêr punika, kantoripun panitra II sarta kantor rêdhaksi administrasi organ Narpawandawa, pindhah ing kampung Bratadipuran (Kawatan) andadosna kauningan.

Red.

Isining Organ Punika

Turunan dhawuhing pangandika dalêm ... kaca 37 / Wara-wara opisil ... kaca 38 / Wara-wara pamulangan ... kaca 40 / Priya pamondhokan ... kaca 41 / Bab kabatosan ... kaca 42 / Wajibing wanita, VII ... kaca 45 / Kabar rêdhaksi ... kaca 47 / Pananggalan ... kaca 48 / Nitik Sultan Agungan

--- [48] ---

Mèi 1935

[Grafik]