Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 5, Mèi 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 534 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Nyuwun Gêsanging Cêngklongan Pratigan

Ôngka 24/487

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, nalika parêpatan pangrèh tanggal kaping 11/12 Pèbruari 1935. Angraosakên gêsangipun para putra santana tuwin para abdi dalêm ing wêkdal punika, umumipun pancèn sami rêkaos, jalaran sampun awrat sêsanggènipun pajêg-pajêg, tuwin sudaning blônja utawi pamêdalipun, ingkang dhumawahing dhawuhipun prasasat tanpa antan-antan, langkung mamêlas malih tumrapipun [tumra...]

- -- 50 ---

[...pipun] para putra santana sarta abdi dalêm ingkang sampun kathah cêngklonganipun kangge nicil sambutan, punika sarêng kataman awrating sêsanggèn saha sudaning blônja, sakalangkung ribêt manahipun, wêkasan sagêd ugi anjalari kèthèr dhatêng kawajibanipun.

Awit saking punika, pamanggihipun parêpatan pangrèh Narpawandawa, supados sami kuwawinipun anyanggi sêsanggènipun pajêg-pajêg sapanunggilanipun, tuwin botên angèthèrakên pandamêlan wajibipun, pangrèh Narpawandawa nyuwun gêsangipun cêngklongan pratigan, ingkang dipun suwak kawrat kêkancingan katitimasan kaping 1 Sèptèmbêr 1922, ôngka 1 c/5 amargi pangrèh Narpawandawa anyumêrêpi manawi gêsangipun cêngklongan pratiganing blônja punika agêng pigunanipun, langkung malih kanggenipun ing wêkdal punika, wasana nyuwun dhawuh.

Katur kaping 4 April 1935.

Pangarsa: Wg. Suryaamijaya.

Panitra: Wg. Purwasastra.

Pamardi Putri Kasamèkakên Kalihan H.I.S. Guprêmèn

Awit saking sêrat prasabênipun komisi pamulangan kraton Surakarta, katitimasan kaping 26 Marêt 1935 ôngka 75 wiwit sapunika kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri kasamèkakên kalihan H.I.S. kagunganipun guprêmèn, dados kapala guru ing kagungan dalêm pamulangan wau sapunika sagêd maringi partisara (schoolverklaring) dhatêng murid-murid ingkang sampun tamat pasinaonipun. Dene têrangipun kawrat ing sêratipun tuwan dhirèktur dhêpartêmèn pangajaran, kados ing ngandhap punika:

--- 51 ---

Afschrift.

Uittreksel uit het register der Besluiten van den Directeur van Onderwijs en Eeredienst.

No. 6698/. E Batavia, 15 den Maart 1935.

De Directeur van Onderwijs en Eeredienst.

Herlezen het verzoek van de Kraton - Schoolcommissie gedagteekend

Soerakarta 22 Januari 1935. No. 24

Gelezen enz.

HEEFT BESLOTEN

Het onderwijs op de van het Soenanaat van Soerakarta uitgaande ongesubsidieerde Kraton-Hollandsch-Inlandsche Meisjes School te Soerakarta tot wederopzeggens gelijkwaardig te verklaren met dat eener openbare Holl. Inl. School, in verband waarmede het Hoofd van bovengenoemde school bevoegd is tot het afgeven van de schoolverklaring, bedoeld in het eerste lid onder a. van artikel 2 van de Regeling van de toelatingsexamens en van de toelating van leerlingen voor de openbare en daarmede gelijkgestelde scholen, vastgesteld bij besluit van den Directeur van Onderwijs en Eeredienst van 9 Januari 1934. No. 594/A. en op artikel 4 lid I onder a. van de Regeling van de toelating van leerlingen tot de eerste klasse der openbare Technische scholen met vijfjarigen cursus in Nederlandsch Indie, vastgesteld bij besluit van den Directeur van Onderwijs en Eeredienst van 11 Januari 1934 No. 663/A.

Uittreksel enz.

Stem overeen met Voors. Reg.

de Chef van afdeeling E.

onleesbaar.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, Ngiras Alal Bihalal Narpawandawa, Nalika Tanggal Kaping 2/3 Pèbruari 1935, Wontên ing Dalêm Kusumayudan

Para pangrèh ingkang rawuh:

1. B.K.P.H. Suryaamijaya, mudha pangarsa. 2. R.M.Ng. Purwasastra, panitra II. 3. K.P. Arya Panular, artaka I. 4. R.M.Ng. Atmamijaya, artaka II. 5. K.P.P. Suryadipura, Panitya 6. R.M.H. Cakrawinata, Panitya 7. R.M.T. Purwadipura, Panitya 8. R.M.Ng. Wiraatmaja, Panitya

Para warga ingkang rawuh 250 warga Putri Narpawandawa 200.

Wanci jam 8 mudha pangarsa amêdhar sabda, kados ing ngandhap punika:

--- 52 ---

Nuwun, sampun dados tatacaranipun têtiyang Jawi, sabên ing dintên riyadin, Siyam, dipun utamèkakên silahtulrohmi, sarta alal bihalal, silatulrohmi têmbung Arab, têgêsipun: nyambung sih. Dene alal bihalal punika Jawinipun: apura- ingapura. Tatacara makatên punika sajatosipun agêng sangêt pigunanipun, lan lêbêt sangêt raosipun, awit manungsa punika rintên dalu tansah kinêpang dening panggodha, ingkang nênuntun dhatêng para manungsa supados êcrah lan pasulayan kalihan sadhèrèkipun piyambak, môngka inggih êcrah punika tuking sadaya kacilakan, sawênèhing bôngsa utawi grombolaning manungsa ingkang sampun kalêbêtan raos congkrah tuwin pasulayan, punika ngalamat badhe pêcah, ical kakiyatanipun, lan nistha ing gêsangipun, asor drajadipun tuwin tangèh lamun manggih kamulyan, paribasan ing têmbung Walandi Eendracht maakt macht, tweedracht breekt kracht. têgêsipun: rukun gawe santosa, crah gawe bubrah. Sajakipun sampun nyata pinanggih wontên ing bôngsa kula Jawi. Wontênipun tinitah ringkih, asor lan bodho punika jalaranipun botên liya inggih saking anggènipun rêmên congkrah lan pasulayan sasêdhèrèkipun piyambak.

Nuwun, alal bihalal punika kalêbêt saperanganing sarana kangge ngicalakên sêsakit congkrah lan pasulayan, lan kenging dipun angge ngrukunakên para manungsa. Namung emanipun prakawis ingkang kados makatên saenipun punika têrkadhang namung dipun angge adat lan sajakipun dipun sapèlèkakên dening tiyang kathah, anggènipun damêl alal bihalal namung patut-patute. Mila wontên ing ngriki Narpawandawa pêrlu nêrangakên kadospundi sèlèhipun alal bihalal ingkang saèstu, tuwin kadospundi ingkang nama alal bihalal ingkang tinarimah dalah titikanipun pisan, sampun kula aturakên ing ngajêng bilih para manungsa punika tansah dipun godha dening kawontênan, supados êcrah lan pasulayan, punika panulakipun botên liya kajawi para manungsa punika tansah dipun rukunakên, ing môngka alal bihalal punika satunggaling sarana kangge angrukunakên para manungsa, nitik saking têgêsipun têmbung, nyambung sih: sarta: apura-ingapura. Mila pêrlu kula angaturakên punapa têgêsipun rukun, wontên ingkang nyuraos bilih ingkang nama rukun punika, kêmpaling tiyang sawatawis, ingkang nuju dhatêng satunggaling bab,

--- 53 ---

kosokwangsulipun manawi wontên tiyang ingkang botên purun ngêmpal ing ngriku, lajêng dipun wastani botên purun rukun. Panyuraos ingkang kados makatên punika inggih sampun cêlak lêrêsipun, nanging kirang katranganipun. Sarèhning rukun punika anggadhahi têgês ingkang utami (heeft zijn gunstige beteekenis) amila jangkêpipun kêdah makatên: rukun punika kêmpalipun tiyang sawatawis ingkang nuju dhatêng satunggaling bab, sarta satunggal tuwin sawênèhipun sami anggadhahi pangowêl tuwin sih sarta trêsna. Dados sanajan kêmpal nanging manawi nuju dhatêng prakawis ingkang botên sae, ambêborosi sapanunggilanipun, punika inggih botên kenging winastan rukun, amargi botên adhêdhasar trêsna sarta pangowêl. Gambaripun tiyang ingkang sami nglêbêti kongkrus, sanajan kêmpal dados satunggal, inggih nuju dhatêng satunggaling bab, nanging jalaran sêpên raos trêsna tuwin pangowêl, dêstun malah angangkah kojuring kancanipun, punika dede nama karukunan, dene gêgambaran ingkang gampil tinampi rukun punika pinanggih wontên ing biyung lan anakipun. Wontênipun namung trêsna, owêl sangêt manawi ngantos dados awon, sanajan anakipun awon dikadospunapa wujudipun, ewadene botên angsal saupami dipun lintoni ingkang sae rupinipun, nanging sanès anakipun, mila saupami anakipun wau polahipun wontên ingkang kirang prayogi, namung tansah dipun ewahi sarta dipun lêrêsakên. Watêkipun tiyang ingkang trêsna, sanajan anggènipun anglêrêsakên botên andadosakên rênaning ingkang dipun lêrêsakên, punika sampun botên dipun manah, amargi ingkang dipun èsthi namung tiyang ingkang dipun trêsnani sagêda dados sae, makatên punika ingkang nama rukun sêjati. Satunggal-tunggaling tiyang kêdah anggadhahi raos kados pangrêngkuhing biyung dhatêng anakipun wau, dados pigunanipun alal bihalal punika, supados para manungsa wangsul rukun, sampun ngantos wontên cêcongkrahan, sarta pasulayan, dhawuhipun Pangeran wontên ing Kuran: Waktasijmoe bie hablillah djamingan walaa tafarrokoe Jawinipun: padha gêgondhelana talining Pangeran, lan aja padha crah pasulayan, mila prêlu sangêt kula sadaya para wandawaning nata, nyumêrêpi têgêsipun wau punika. Wondene titikanipun alal bihalal ingkang tinarimah, têgêsipun wontên wohipun punika, manawi sasampunipun alal bihalal, [bi...]

--- 54 ---

[...halal,] karukunanipun malah saya suda katimbang nalika dèrèng alal bihalal, punika titikanipun bilih sêjaning alal bihalal botên dados. Dene manawi sabibaripun alal bihalal, karukunanipun saya tambah, makatên ugi katrêsnanipun dhatêng sanak sadhèrèk inggih wêwah supêkêt, punika satunggaling tôndha tinarimahe alal bihalalipun.

Mênggah margi utawi saratipun, supados alal bihalal cara Narpa punika sagêd kadumugèn sêjanipun, ing ngriki badhe kula bèbèrakên jampinipun, sanajan taksih angèl badhe anindakakên, nanging pangraos kula sampun dumugi kalamangsanipun kula aturakên wontên ing pêpanggihan dalu punika. Inggih punika para manungsa kalêbêt kula panjênêngan sadaya kêdah wani ngangge wêwatêkan sarining asal dumadining gêsang 4 prakawis, angin, toya, latu, sarta bantala. Têrangipun makatên:

1. Ambêging angin, ... ngadil. Andhatêngakên sadhengahing gônda, wangi, bangêr, utawi sanèsipun dhatêng pundi ingkang sinêdya, sintên kemawon botên pilih-pilih, sanajan ingkang kataman mangke cungir- cungir.

2. Ambêging toya ... botên tabêtan, sanajan dipun pêdhang kaping: 1000 sadintên, inggih wangsul pulih sami sanalika, botên tabêt sakêdhik-kêdhika, makatên punika ambêging toya.

3. Ambêging latu, ... botên wêgah tumandang, sanajan kajêng, tosan, waja, cêkakipun punapa kemawon, dipun gulawênthah saingga sagêd bêntèr, saingga sadaya wau nurut dhatêng piyambakipun.

4. Ambêging bantala, ... kadhudhuk kadhudhah tansah ngêdalakên amat, botên pilih-pilih, sintên kemawon sagêd nampi amating siti, janji pangolahipun kalêrêsan.

Samantên punika gawatipun katrangan alal bihalal, mila môngga kula sadaya ngrumiyini nyukani tuladha supados wangsul kaluhuran kamulyan sarta karukunan kula, sadaya trahing nata. Taksih wontên sambêtipun.

--- 55 ---

Kêkiranganipun Arta Nagari

Pangraos kula ardaning kiyai agêng malaisê dèrèng wontên lamuk-lamukipun badhe mêndha, nanging malah katingal saya andadra, dayanipun ngantos amêpêsakên dhatêng manah, rahayunipun ing samangke upami tiyang badhe kêkesahan makatên, pirantosipun sampun sarwa samapta, dados radi ènthèng sawatawis dhatêng manah tur sagêd prigêl panindakipun, liripun, sadhengah tiyang sampun sami gadhah gêgolongan (pakêmpalan) tumrapipun para putra santana gumolong wontên Narpawandawa, dene tumrapipun para abdi dalêm gumolong wontên Pangrèh Praja Bon (P.P.B.) Trêsna Praja, Garap Bon (G.B.S.) tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku para warga sami sagêd anglairakên saraosing panggalih, bab anggènipun nêdya andhèrèk mêmayu hayuning praja, kayakinan kula piyambak, sampun malih têtiyang kathah botêna saya agêng dayanipun, cacak tiyang satunggal, kalih tiga sakawan kemawon, ugêr gumêlêng ciptanipun, tamtu gadhah daya, amila sampun sami kêmba pangrekadayanipun, kanthi santosa lan waspada, tumrapipun pangrèh Narpawandawa kula sampun ngalêmbana anggèning cekat-cèkêlcekat-cèkêt. lajêng tumandang ing damêl, ngaturakên pamrayogi dhatêng nagari kados ingkang kasêbut sêrat paturanipun katitimangsan kaping 31 Januari 1935 ôngka 11/477 (kawrat ing organ ôngka 3) malah pamirêng kula botên namung kèndêl samantên kemawon, ugi lajêng caos unjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, sanadyan sampun samantên pangrekadayanipun, ewadene mêksa taksih kaparêng angêmpali wontên ing parêpatan campuranipun para abdi dalêm (combinatie vergadering) nalika angrêmbag indhaking asilipun nagari, nanging ingkang botên ngindhakakên sêsanggènipun para kawula dalêm, upaminipun, nyuda wêdaling arta waragad nagari, tuwin nagih walêdan pajêgipun para kabudidayan, ingkang dumunung nyambut, sarta ingkang botên dumunung nyambut enz.2 makatên punika larasan kula têtela bilih namung ngrungkêpi dhatêng kasatriyanipun, sabab ing sawaliking partisaranipun para warga Narpawandawa anyêbutakên: tujunipun pakêmpalan Narpawandawa punika, dadosa lêlantaran majêngipun para santana dalêm, ingkang gêgayutan kalihan para kawula dalêm, ingkang sagêd migunani saha mikantuki ing sadayanipun, [sadayani...]

--- 56 ---

[...pun,] tamtu kemawon parêpatan campuran wau lajêng ngrujuki dhatêng wosing paturanipun Narpawandawa wau, enggaling rêmbag putusanipun adamêl sêrat paturan, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèhing paklêmpakaning pakêmpalanipun para abdi dalêm: 1. Pangrèh Praja, 2. Garap Bon, 3. Trêsna Praja, 4. Pananggap, sarta 5. Pangrèh Narpawandawa, katur ing kangjêng parentah agêng nagari.

Kula nuwun, nalika ing dintên Ngahat tanggal kaping 3 Marêt punika, paklêmpakaning pakêmpalanipun para abdi dalêm sarta pangrèh Narpawandawa ing nginggil wau, damêl parêpatan campuran (combinatie vergadering) wontên ing abipraya, dipun dhatêngi warga-warganipun watawis 250. Sasampunipun parêpatan amirêngakên katrangan-katrangan, bab anggènipun nagari kêkirangan arta, ngantos kapêksa lajêng andhawuhakên indhakan sudaning balanjanipun para putra santana tuwin abdi dalêm agêng alit, nyuda waragad lampah, nyuwak indhakan balônja sabên tigang taun sapisan, ngindhakakên sêsanggèn pajêg, sapanunggilanipun. Sanadyan nagari sampun nindakakên rêrigên ingkang makatên, ewadene nagari mêksa taksih nyuda cacahing abdi dalêm. Mênggah ingkang makatên wau sayêktosipun lajêng nuwuhakên raos kêkês dhatêng manahipun para abdi dalêm, môngka nitik dhêdhasaraning manah, anggènipun sami suwita dados abdi dalêm punika botên ambujêng panggêsangan, èsthining manahipun namung sagêda lastari kaabdèkakên ing panjênêngan dalêm nata, kalayan narimah kaparingan balônja sakêdhik, sabab dening namung nglêluri lêlampahaning para lêluhuripun, dados mênggahing para abdi dalêm punika ingkang kathah bab pasuwitan sampun kalêbêt ing balung sungsum, nanging kabêkta saking kiranging arta, nagari ngantos kaparêng nindakakên amêdhot tangsul wau, sanadyan ingkang makatên punika parêpatan ugi sampun sumêrêp bilih amung kapêksa dening kawontênan.

Sasampunipun parêpatan campuran (Combinatie vergadering) ing nginggil wau, ngandharakên raosing manahipun para abdi dalêm, lêlajênganipun amanah prêlu madosi [ma...]

--- 57 ---

[...dosi] sarananipun, kadospundi sagêdipun nagari anyêkapi lêbêtipun arta, pinanggihing pamanahan prêlu angudi indhaking lêbêtipun arta asil nagari, nanging ingkang botên mêwahi awrating sêsanggènipun para putra santana, abdi sarta kawula dalêm, tuwin anyuda wragadipun nagari ingkang kamanah kirang mapan tumanjanipun, inggih punika:

1. Nagari prêlu kaparênga mundhut walêdaning pajêgipun para kabudidayan, ingkang dumunung nyambut, sarta walêdan ingkang botên dumunung nyambut. Kalayan katindakakên punapa mêsthinipun, amargi sapisan prajangjian limrah, tumrap tiyang satunggal lan satunggalipun punika kemawon wajib kêdah dipun têtêpi, langkung malih prajangjianipun para kabudidayan kalihan nagari, ingkang mawi dipun sêksèni wakilipun kangjêng guprêmèn (convertiebeschikking) mêsthinipun inggih saya kêdah dipun têtêpi. Kaping kalihipun, kajawi ing wêkdal punika nagari sawêg kêkirangan arta piyambak, lêrêsipun sambutan sarta walêdan wau inggih kêdah katagih, sanadyan pamanahipun parêpatan badhe wontên èwêd-pakèwêdipun, saèstunipun èwêd-pakèwêd wau ugi kêdah kamanah sagêdipun prayogi, awit jêjêripun panata sarta panindak punika amung murih prayoginipun.

2. Bab waragad pangupakaranipun tiyang sakit ewah, prayoginipun nagari botên ambayar, amargi sêsakit ewah punika sêsêrêpanipun parêpatan, kaewokakên kadosdene sêsakit usum-usuman (èpidhêmi) môngka bab èpidhêmi wau kangjêng guprêmèn ingkang wajib, dados ing pamanggih sampun lêrêsipun bilih pangupakaranipun tiyang sakit ewah punika dados sêsanggèn kawajibanipun kangjêng guprêmèn.

3. Bab mangsulakên arta karugian pagantosan guprêmèn, pamanahipun parêpatan, botên amrayogèkakên manawi nagari mituruti pundhutanipun kangjêng guprêmèn mundhut lintuning karugian pagantosan guprêmèn sarta kapêndhêtakên saking arta paklèkèk, amargi bab pagantosan wau nagari botên nama andhil owêr, ingkang wênang ngrêmbag panindakipun. Manawi kalampahan kados kaparêngipun kangjêng guprêmèn wau tumrapipun nagari manawi botên angsal bagean [ba...]

--- 58 ---

[...gean] saking bêbathèn, malah bayar urunan karugianipun panggaotan pagantosan guprêmèn. Anjawi saking punika pamanggihipun parêpatan, panagihipun kangjêng guprêmèn wau parlu kagalih gandhèngipun kalihan tatanan bab kadaluwarsa.

4. Bab nyuda wragad dilah-dilah salêbêtipun kitha, sarana nyuda cacahing dilah tuwin angalitakên urup. Mênggah panindakipun dilah-dilah ingkang wontên papan ingkang cêlak kalihan toko-toko, punika manawi nagari kaparêng nyuda pamanggihipun parêpatan, botên wontên pakèwêdipun tumrap lampahing têtumpakan, tuwin panjagining kawilujêngan, amargi sampun angsal padhang saking toko-toko sakiwa-têngênipun. Dene tumindakipun angalitakên urup, punika pamanahipun parêpatan, dilah ingkang urupipun agêng-agêng punika amung dados rêrênggan (pasrèn) tumrap ing môngsa rêkaos makatên punika nagari botên prêlu anggalih dhatêng pasrèn rumiyin, mênggah wujudipun dilah-dilah ingkang kenging kasuda urupipun, kados ta: ing krêtêg guprênur pandhêryah, sarta radinan galadhag mangilèn, sasaminipun.

5. Bab amangsulakên abdinipun kangjêng guprêmèn, ingkang samangke taksih kasambut praja Surakarta, amargi pamanggihipun parêpatan, abdinipun kangjêng guprêmèn ingkang kasambut wau, kajawi blanjanipun kathah, nagari taksih mawi maringi pituwas tumrap waragad pêrlop, pènsiyun sapiturutipun, watawis wontên 20% ning blanjanipun sabên wulan, punika inggih botên sakêdhik petangipun, wontênipun nagari kala samantên nyambut abdinipun kangjêng guprêmèn, punika jalaran dèrèng wontên têtiyang Jawi ingkang kagalih sagêd nindakakên, sarèhning ing pamanah samangke sampun kathah têtiyang Jawi ingkang sagêd sarta kadugi nindakakên, kanthi narimah blônja sakêdhik, kawontênan ingkang kados makatên wau lajêng botên laras, langkung malih manawi nagari lajêng botên kaparêng ngagêm, sampun nocogi kalihan kaparêngipun kangjêng guprêmèn bab Indhianisasi.

6. Bab nyuwun sudan sarêman arta sambutanipun nagari dhatêng kangjêng guprêmèn, pamirêngipun parêpatan kathahing sarêman wau ing sapunika 4% môngka manawi kangjêng guprêmèn nyambut dhatêng nagari Walandi sarêmanipun namung 1½% punapa malih gandhèngipun [ga...]

--- 59 ---

[...ndhèngipun] kalihan wêkdal rêkaos punika umumipun sami nyudakakên sarêman, kados ta: Indhisêlènêng punika ing suwau sarêmanipun 4½% nanging sapunika kakantunakên 4%. Dados sampun mungguh sangêt manawi nagari kaparêng nyuwun sudaning sarêman dhatêng kangjêng guprêmèn, kaparêng namung ambayar 1½% sarta salêbêtipun môngsa rêkaos punika nagari kaparênga nyuwun botên ambayar cicilan sambutanipun kangjêng guprêmèn rumiyin.

Nuwun, mênggah punika salajêngipun konjuk kauningan sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, parêpatan anyumanggakakên ing kangjêng parentah agêng nagari.

Wondene turunanipun sêrat paturan punika kaaturakên ing paduka kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, rad nagari, tuwin wakilipun praja Kajawèn wontên ing rad kawula, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Katur kaping 13 Marêt 1935.

Pangrèh paklêmpakanipun pakêmpalan kasêbut nginggil.

Pangarsa, Wg. Kartawadana.

Isining Organ Punika:

1. Paturan bab nyuwun gêsanging pratigan ... kaca 49 / 2. Pamardi Putri kasamèkakên H.I.S ... kaca 50 / 3. Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan I ... kaca 51 / 4. Kêkiranganipun arta nagari ... kaca 55 / 5. Pananggalan ... kaca 60 / 6. Niti Sultan Agungan.

--- [60] ---

Juni 1935

[Grafik]