Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 6, Juni 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1135 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Kabatosan

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat, wontên pakêmpalan Narpawandawa, nalika tanggal kaping 2/3 Pèbruari 1935.

III

Sadhèrèk, sajatosipun kula piyambak inggih dèrèng sagêd ngaturakên gêgambaran princènipun, ing ngriki kula amung ngaturi ancêr-ancêr pokok-pokokipun kemawon, kados ing ngandhap punika:

Pokoking pamanggih kula punika wosipun andandosi persoonlijkheden, lampahipun sayogi dipun wiwiti saking lare-lare, amargi taksih gampil dipun dandosi, makatên malih lare-lare wau nama dados wijining bêbrayan, manawi wiji wau kathah ingkang sae, wohipun inggih badhe sae-sae. Dene wontênipun wêkdal punika, panggulawênthah saha pasinaoning lare-lare, [lare-...]

--- 62 ---

[...lare,] amung kabage kalih golongan, ingkang satunggal anggulawênthah ingkang gandhèng kalihan kuwadhagan, wiwit satunggal taun dumugi pitung taun, limrahipun wontên tanganipun tiyang sêpuh, mila tiyang sêpuh kêdah mangêrtos dhatêng panggulawênthah, amargi wêwatêkanipun lare wau sawêg niru tindak-tandukipun tiyang sêpuh, manawi awon inggih badhe katiru awon. Ingkang satunggalipun panggulawênthah ingkang gandhèng kalihan pamikir, wiwit 7 taun dumugi 14 taun, limrahipun kajawi wontên tanganipun tiyang sêpuh, wiwit kasinaokakên dhatêng sakolahan sasaminipun, wêwatêkanipun lare sawêg rêmên pados sêsêrêpan, mila lampah-lampahipun kêdah dipun sêrêp- sêrêpakên, wontênipun awon sarta sae wau. Sarèhning wêwatêkan pikir punika taksih wontên malih kajawi pados sêsêrêpan, inggih punika anglimbang sarta amutus, mila panggulawênthah sarta pasinaonipun ingkang dipun wastani algemeene ontwikkeling inggih kalajêngakên dumugi umur 21 taun, lare-lare wau kenging dipun wastani sampun matêng dados tiyang, dene lampahipun panggulawênthah, wiwit 14 dumugi umur 21 taun wau, lumêbêtipun saking rêrêmbagan utawi tukar pikiran, botên prayogi bilih amung kasêrêp-sêrêpakên, amargi wêkdal wau prêlu anggayuh, ing têmbung Walandi dipun wastani zelfbewustzijn. Inggih wiwit 21 taun punika awon sae sampun angèl ewahipun, ugi wontên ing ngriku lare-lare sampun katingal dhêdhasar kawontênanipun, upaminipun pêlêm punapa jambu punika sampun cêtha, dados pikajênging panggulawênthah ingkang adhêdhasaran insinyur inggih kêdah dhatêng insinyur, botên kasinaokakên dhatêng dhoktêr, ingkang pandhita botên dhatêng pangadilan, supados sagêd dumugi ingkang dipun tuju, kula mrayogèkakên sapunika wiwit dipun wontêni pasinaon dhatêng kaalusan, kadosdene paguron sêpuh, ananging mawi dipun tata lampahipun supados sampurna dhatêng raos jati inggih punika anggèning suka wulangan sapangkat-sapangkat (katundha-tundha) pamrihipun dados botên worsuh panampinipun murid sarta botên kanthi ngaya-aya utawi kasêngkan. Kula mastani paguron sêpuh ing jaman kina anggèning nampèni murid-murid, dipun awrati utawi dipun êngèl-êngèl, inggih punika para murid sadèrèngipun kawêjang ing ngèlmu, lampahipun kêdah nyantrik rumiyin, kacobi warni-warni, ingkang wosipun guru badhe nyumêrêpi antêp, santosaning [santo...]

--- 63 ---

[...saning] manahipun murid, anyumêrêpi saening kalakuan, sayêktosipun pancèn prêlu, amargi samôngsa sampun nindakakên dhatêng kaalusan, môngka watêkipun murid dèrèng sae sayêktos, dèrèng mantêp utawi dèrèng matêng pikiranipun, punika ambêbayani, sabab kawruhipun badhe botên kangge ngêmpal dhatêng raos jati, nanging lajêng kangge tindak ngiwa utawi dudu, sagêd ugi salah kadadèn dados majênun. Kula inggih ngrumaosi yèn ing wêkdal punika ngupados guru wau botên gampil angsalipun, kadosdene pangajêng-ajêng, dados inggih kêdah narimah sawontênipun kemawon rumiyin ugêr sagêd tumindak. Ewadene manawi pun murid punika lampahipun kados pilihan ing nginggil, sampun botên madosi malih sarta ing têmbenipun sagêd ugi pun murid wau dados guru angungkuli gurunipun, amargi pamanggih kula guru makatên namung suka tuladha tuwin mituturi, dados sampurnanipun kawruh punika amung wontên katabêrèn, sarta wahyunipun murid piyambak-piyambak, wondene kawontênan-kawontênan utawi watêkan-watêkan punapa ingkang sagêd lumêbêt dhatêng rasa jati, tamtunipun inggih ingkang sagêd ngangge dhêdhapukanipun dhatêng kawontênan saha wêwatêkaning rasa jati, upaminipun: rasa jati gadhah watêk suci, wêwatêkaning tiyang ingkang badhe lumêbêt wau inggih kêdah gadhah watêk suci, dados kêdah ambucal watêk melik, muthakil, drêngki, sasaminipun, ingkang wêwatêkanipun rasa jati gadhah jinêm, têtiyang kêdah sagêd anglampahi watêk têtêg, sabar tawêkal sasaminipun.

Parêpatan, bokmanawi sampun cêkap sêsorah kula bab kabatosan punika, sanadyan upami pasinaon dhatêng kaalusan ingkang kula usulakên ing nginggil, dèrèng sagêd dipun lampahakên, ewadene bilih sadaya kaparêng anyêbar saha angudi sagêdipun sami lajêng ngangge wêwatêkan rasa jati, kayakinan kula kita sampun badhe langkung majêng saking kawontênan sapunika, amargi lampahipun kamajêngan sampun adhêdhasar lêrês (botên adhêdhasar piguna amung salira kewala).

Sintên ta: ingkang botên nganggêp dhatêng kasuburan, sosial utawi ekonomi, upami dipun dhasari sih-sinihan lung-tinulung. Sintên ta: ingkang botên pitados bilih pulitik dipun dhasari karahayon badhe langkung mapan.

--- 64 ---

Sintên ta: ingkang botên marêm dhatêng pangêmudhining praja, ingkang adhêdhasar waskitha sarta adil.

Sintên ta: ingkang botên gumun aningali tiyang ingkang santosa kajêngipun ngantos wani pêjah.

Sintên ta: tiyang ingkang botên rêmên sêsobatan kalihan tiyang ingkang tansah tumindak prasaja. (Punika sadaya wêwatêkan rasa jati).

Pangarsa, ing ngriki pikajêng kula botên ngaturakên kawrukawruh. sêpuh, mila kula inggih botên mratelakakên paprincènipun ingkang golongan bêbadan wadhag, paprincènipun ingkang kagolong bêbadan pamikir, sarta paprincènipun ingkang golongan bêbadan rasa jati, kadospundi wêwatêkan, lampah dalah pigunanipun, tumrap satunggal-tunggaling paprincèn wau, amargi pangraos kula botên prayogi manawi kaandharakên wontên ing papan parêpatan, ugi manawi sampun sagêd ngadêgakên paguron sêpuh kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, sadaya wau sampun badhe kacakup piyambak. Kajawi punika wontênipun bab kabatosan kula aturakên wontên ing Narpawandawa, botên wontên ing pakêmpalan sanès, punika amung ngèngêti kajawi kula dados pangarsa mulya, ugi ngèngêti ungêl-ungêlan kuwajibaning sinatriya, ingkang tansah kalêbêt ing organ Narpawandawa inggih punika:

Wajibing sinatriya. Angurbanakên salira. Ngèsthi hayuning praja.

Pêthikan Waragad Opisil

Mêthik saking D.K.

Parêpatanipun tuwan guprênur ing Surakarta sarta Ngayogyakarta, akalihan para wakilipun sèlêpbêstirên ing Porstênlandhên, nalika tanggal kaping 11 Marêt 1935 angrêmbag:

Bab sêsêbutan kaluhuran (Adelijke titulatuur) ing sarèhning nalika parêpatan Tuwan [Tu...]

--- 65 ---

[...wan] Gobee - Adviseur voor Indlandsche Zaken pinuju wontên ing Surakarta, pramila lajêng dipun prasabêni dening tuwan guprênur ing Surakarta supados anêrangakên wontên ing parêpatan kaluhuran (Adelijke titels) ing bawahipun guprêmèn, ingkang taksih kagalih dening guprêmèn.

Awit saking rêmbag sarta katranganipun Tuwan Gobee ing parêpatan wau ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sarta ingkang sinuhun kangjêng sultan, badhe dipun suwuni timbangan bab prakawis kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Sêsêbutan radèn mas, punika turun-tumurun dumugi grad sakawan saking para sèlêpbêstirdhêr ing Porstênlandhên, sanadyana saking pancêr jalêr utawi saking pancêr èstri.

2. Sêsêbutan radèn, punika manawi saking pancêr jalêr turun-tumurunipun tanpa watêsan, dene manawi saking pancêr èstri saking para sèlêpbêstirdhêr ing Porstênlandhên, punika namung dumugi grad 6.

Mênggah wêwatonipun guprêmèn bab prakawis sêsêbutan radèn ayu, tumrap ing bawahipun guprêmèn, punika badhe kaunjukakên uninga ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sarta ingkang sinuhun kangjêng sultan, bab prakawis punika wau tumrap ing Porstênlandhên sampun wontên tatananipun, kumisinipun badhe dipun prasabêni supados bab prakawis punika wau ingkang tumrap ing Porstênlandhên, kawawasa malih sadaya.

Rumêksa Padha Prasaja

Kula mêntas dipun cariyosi mitra kula ingkang kenging kula pitados, mênggah suwantên kula wontên kalanganipun Narpawandawa wau, kadakwa manawi namung dados slomprètipun salah satunggaling tiyang kemawon, punika atur kula dhumatêng para maos, suwantên wau dene suwantênipun sintên-sintên, ning inggih suwantên lan slomprètipun Cakrapangarsa piyambak, dados ingkang andakwa wau têtêp namung angawur lan damêl onar kemawon, mila atur kula sampun nun sampun, sampun sok rêmên andakwa, langkung malih damêl poswèl sasaminipun, punika kajawi angatingalakên asoring budi, ugi murugakên gônda têngik dhatêng badanipun piyambak, conto botên kirang- kirang ingkang sami anggônda têngik, rak botên [bo...]

--- 66 ---

[...tên] wontên tiyang ingkang purun mitados ta: mila sarèhning sadaya pandamêl awon wau, dede gêgayuhan kita, langkung prayogi dipun têbihi kemawon, supados sami wilujêng ingkang pinanggih.

Bab suwantên kula wontên kalanganipun Narpawandawa tamtu anyaberawit, punika atur kula ingkang sami mirêng kagungana panggalih duka, namung dukanipun wau sampun namung anggêr duka kemawon, nanging dununging duka ingkang kula suwun, sabab manawi namung anggêr duka, wah kathik mawi apa abamu, punika ingatasipun warganing Narpawandawa nama kuciwa sangêt. Kula inggih mangrêtos murih botên dipun klewa-klewani lan balêndhuk padharan kula, kula kêdah namung matur saurpêksi, nun inggih rujuk, nun inggih kaluhuran, nun inggih nun inggih ... wala, la manawi satunggaling wandawa ingkang dede pangawak wisa lan palsu, kintên kula tamtu kawratan sangêt manawi kapurih ambarang nun inggih lan kaluhuran, sabab inggih taksih lunggar sangêt margining angupaboga ingkang langkung mulya, upamènipun sêsadean, babêrah sasamènipun, punika kajawi sumêrêp ing lêrês, angsal-angsalaning bêrahan inggih lajêng nama bêrahan ingkang suci yêktos, mila para sucining panggalih manawi kapurih ambarang nun inggih lan kaluhuran tamtu dipun pilaur pêjah garing, sabab inggih mangrêtos manawi gêndhing nun inggih lan kaluhuran wau wisa mandi ingkang ngêmu raos lêgi, bêbasanipun sampun wontên inggih punika: pangompak lan pangonggrong iku wisa mandi kang ngêmu rasa lêgi, dados têrangipun sadaya suwantên kula, botên sanès namung atêgês ngaturi pemut sampun ngantos kalêbêtan wisa mandi ingkang ngêmu raos lêgi, amargi manawi taksih anglênyêr mirêngakên ngrangining gêndhing pangompak lan pangonggrong, nanging gêthing lan jêring dhumatêng atur pamrayogi ingkang salêrêsipun, punika kajawi tamtu borot kanthonganipun, inggih taksih nama rêmên dipun angge ... si pangawak wisa, la kirang kojur punapa, sampun dipun gogohi kanthonganipun kathik mawi dipun angge ... hê ... m, samantên kawontênan ingkang taksih kalimput ing pêpêtêng. Punapa inggih sabêjading jagad tansah wontên kadadosan ingkang anyêdhihakên manah punika, kintên kula botên ta, kula pitados sawêdaling pambêngok kula punika tamtu badhe saya tipis, salajêngipun sampun botên sudi malih amirêngakên têmbung-têmbung ingkang ambocorakên kanthongan [kanthong...]

--- 67 ---

[...an] lan damêl asoring dlajad punika, samantên ugi si pangawak wisa lan palsu, sampun mêrtobat turun-tumurun, botên badhe anggimêrakên rolipun malih, nanging lajêng sami emut dhatêng ambêging satriya tama, gumaregah sêsarêngan manah kawontênanipun para kadang kadeyan ingkang sawêk nandhang papa punika, mugi kabula.

Bab anggèn kula ambêngok nalika alal bikalal wontên ing dalêm Sumayudan nêmbe punika, panyuwun kula wêkdal punika sampun ngantos sopyan-sopyan rumiyin, punika botên kok kula mastani manawi Narpawandawa botên sumêrêp ing pêrlu, punika babarpisan botên, nanging saking anggèn kula rumêksa namaning Narpawandawa dalah warganipun. Hara cobi ta kula aturi anggalih, wêkdal punika para kawula saumumipun sawêg nandhang prihatos, kakirangan sandhang têdha sasamènipun, tumrap santana dalêm piyambak samantên ugi, langkung malih nagari, botên kirang-kirang montingipun ingkang sami tinanggênah angêklopakên bêgrutêng, ewadene parêpatanipun Narpawandawa, ingkang têmtunipun kêdah langkung amrihatosakên, têka malah asopyan-sopyan kemawon, punika punapa mênggahing kagunanipun. Kula inggih mangrêtos, wontênipun Narpawandawa sabên damêl parêpatan botên sagêd anilar sopyan, punika botên sanès namung kangge amancing para warganipun supados sami kêparêng amêrlokakên rawuh, amargi sampun nate damêl parêpatan botên mawi kapancing gambyong, para warganipun sami ayas-ayasên rawuh, aliyas sakeca nèng dalêm kewala. Amila Narpawandawa ngantos dumugi dintên punika sabên parêpatan taksih dèrèng sagêd anilar kêkasihipun si nangning, mila atur kula, oklunun, la bok inggih rawuhipun wau botên susah mawi dipun poncang-pancing barang, amargi parêpatan wau dede bêtahipun sintên -sintên, nanging inggih bêtah kita piyambak, mila manawi kêparêngipun rawuh wau taksih kêdah dipun pancing, sampun tamtu kemawon kawontênan kita inggih ajêg lêstantun kuthetheran, ing môngka manawi botên kalèntu pamanggih kula, wontênipun dipun dêgakên pakêmpalanipun para santana (Narpawandawa) punika, botên sanès namung suka papan ajanging suwantênipun para santana, amargi manawi botên dipun sèlèhi pakêmpalan, sadaya suwantên- suwantên wau lajêng nama suwantênipun tiyang grênêngan, la sintên ingkang badhe migatosakên suwantênipun tiyang grênêngan. Mila manawi

--- 68 ---

Narpawandawa damêl parêpatan botên susah dipun uluk-uluki pak bung, samia kêparêng mêrlokakên rawuh, amargi bilih wontên parêpatanipun Narpawandawa punika, kita sagêd usul punapa kemawon saugi botên anilar dhêdhasaripun Narpawandawa lan awisanipun ingkang wajib. Kalêrêsan sangêt wêkdal punika kita angsal pangarsa ingkang jêmbar samudayanipun, dados usul-usul saking bangsanipun si unyik tamtu badhe katampi kanthi dhanganing panggalih, sarta katindakakên sacêkapipun.

Si Unyik reka-rekanipun badhe tumut-tumut urun wudhu ngrêmbag ingkang gawat-gawat, gawating rêmbagipun si unyik punapa, botên sanès inggih bangsanipun ingkang rèmèh-rèmèh lan sapele, la tiyang inggih si unyik, nanging kadospunapa ta: ingkang dipun wastani rèmèh lan sapela punika, amargi pahamipun si unyik, ing donya punika botên wontên kawontênan ingkang pêrlu piyambak, nanging botên wontên kawontênan ingkang botên parlu, dados sadaya wau têtêp manawi sami butuh-binutuhakên, amila si unyik botên wangwang anglairakên pamanggihipun ingkang kamanah pêrlu, manawi kaanggêp pêrlu. Si unyik maos organ Narpa, panjurung saking Tuwan Partaputra, bab sikêpipun Narpa wontên ing bale agung, punika si unyik bêbasanipun saglugud pinara sasra, grugêd-grugêd tumut anyaosi sangu, wakilipun sêntana ingkang lênggah wontên bale agung, mênggah pisungsungipun sangu saking pun unyik wau, namung panyuwun kalih klimah, inggih punika:

1. Inggih kaolaha kadospundi kemawon, saugi botên adamêl kapitunaning kraton dalah sakukubanipun.

2. Inggih kaolaha kadospundi kemawon, saugi botên amêwahi awrating sêsanggènipun kawula ing Surakarta, namung punika pisungsungipun sangu pun unyik, gandhèngipun kalihan wêkdal punika môngsa rêkaos.

Si unyik, Cakrapangarsa.

Noot. Rumêksa kanthi dhêdhasar prasaja punika sae, nanging manawi klèntu anggènipun ngêmpalakên, liripun botên manut papanipun, punika adhakanipun lajêng dados kosokwangsul, mila prayogi kita tansah ngèngêti isining Wulang Rèh, ingkang mungêl: duga-duga aywa kèri.

Red.

--- 69 ---

Dongèngipun Dyah Tantri Dhatêng Sang Prabu Eswaryapala

Sambêtipun organ Narpa ôngka 4

Pêksi Jaka Tuwa Kêkalih

Ing jaman kina wontên nagari saklangkung agêng anama nagari Kusambi, saking salêbêting nagari dumugi kikisipun ngantos lampahan sawulan, ing sacêlaking tapêl watês, keblat sakawan pisan, dipun jagi ing adipati nyatunggal, sêsêbutanipun, sang adipati wetan, sang adipati kidul, sang adipati kilèn, sang adipati êlèr. Para adipati wau ingkang dados bibiting manawi wontên parangmuka badhe andhatêngi. Nagari wau sakalangkung gêmah ripah, krêta raharja, loh jinawi, inggih jalaran sae pranatanipun, kêkah panjaginipun, kanthi adil paramarta pangêrèhipun dhatêng têtiyang sadaya.

Sarêng ratu ingkang ngêrèhakên nagari wau seda, dipun gêntosi putranipun. Sang prabu anyar punika kagungan abdi kêkasih sakawan, abdinipun nalika taksih jumênêng pangeran adipati anom. Punika sami anggubêl dhatêng sang prabu anyar, karsa anglungsur para adipati sakawan ingkang anjagi watêsing nagari. Lajêng kaparênga dipun gêntosi abdi kêkasih wau, wiwitanipun sang prabu botên marêngakên, anamung saking kathah bêbolèhipun, punapa malih sang prabu, kabêkta saking taksih timur, kirang santosa panggalihipun, dangu-dangu kenging pamilutanipun abdi sakawan wau, lajêng mituruti panyuwunipun. Para adipati sakawan, ingkang sami jagi kikising nagari dipun timbali, kadhawuhan sowan dhatêng kadhaton, ingkang kautus ambêkta sêrat sarta lumampah ngêmban dhawuh timbalanipun sang prabu, inggih abdi kêkasih sakawan wau.

Dhawuh ingkang makatên punika anggèsèhi wêwênang pêparingipun sang prabu swargi dhatêng para adipati ingkang jagi watês, manahipun lajêng sami malih mratiga. Makatên: manawi ngrungkêbi dhawuhipun sang prabu suwargi, nama ambalak dhatêng dhawuhipun sang prabu anyar, lajêng anama anglirwakakên dhawuhipun sang prabu suwargi, nilar têtanggêlanipun anjagi watês. Wasana kêkênthêlaning manah, sami ngantêpi sêtyatuhunipun dhatêng sakalih-kalihipun, botên mawi mèncèng sarambut, ngaturi sêrat wangsulan dhatêng

--- 70 ---

ratu gustinipun, suraosipun makatên: sarèhne kumêdah-kêdah ngantêpi sêtyatuhunipun dhatêng ratu gustinipun, pramila sirahipun kaunjukakên dhatêng sang prabu dalah anak semah tuwin andhahanipun, punapadene rencang sarta bôndha tuwin gadhahanipun sadaya. Anamung gêmbungipun kantun wontên ing papan panjagèn, nglêksanani dhawuh timbalanipun sang prabu suwargi. Sasampunipun dados anggènipun damêl sêrat wau, para adipati sami sêsuci, lajêng anigas jangganipun piyambak-piyambak.

Utusan sakawan, kêkasihipun sang prabu anyar wau lajêng sami wangsul dhatêng ngarsanipun sang prabu, ngunjukakên salampahing dinuta, ing ngriku sang prabu sawêg priksa dhatêng antêping sêsanggèn ingkang dipun tampèni sang prabu sarta dhatêng sêtyatuhunipun para adipati têtilaranipun ingkang rama. Anamung kêduwungipun sampun botên kenging dipun tututi. Pramila abdi kêkasih sakawan wau lajêng dipun wisudha, anggêntosi para adipati ingkang sampun sami pêjah nganyut tuwuh. Para abdi wau inggih lajêng sami mangkat dhatêng papan ingkang kadhawuhakên, rumaos sami kadugi nindakakên sêsanggènipun. Sarêng sampun lumampah watawis sawulan dangunipun, lajêng dumugi ing papanipun piyambak-piyambak.

Para adipati anyar punika, saking kados kêdadak anggènipun angsal kamulyan sarta kaluhuran. Barang ingkang botên prêlu, dipun anggêp prêlu sangêt. Dene ingkang prêlu, kados ta: anjagi tata têntrêming nagari, punika dipun sapèlèkakên, dipun gêgampil, punika ingkang dipun agêng-agêngakên ropyan-ropyan, sênêng-sênêng sapanunggilanipun, padamêlan sêsanggènipun lajêng kapiran, amargi botên dipun opèni. Ingkang makatên wau nagari ing sakiwa-têngênipun inggih sami mirêng, pramila lajêng sami sabiyantu ambêdhah nagarinipun prabu anyar wau, sêdyanipun inggih kalêksanan. Para adipati ingkang jagi tampingan sami kèlês, botên môngga puliha, amargi botên sami sadhiya. Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Kaping Sapisan Juli, Dumugi Pungkasaning Wulan Sèptèmbêr 1935

I. Ing salêbêtipun wulan Rabingulakir, wontên:

Tanggal kaping 9 utawi kaping 11 Juli, Kêmis Lêgi, gumbrêg, Hyang Yama, dangu, paningron, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Amad rijêki.

Tanggal kaping 15 utawi kaping 17 Juli, Rêbo Paing, warigalit, Hyang Brama, tulus, paningron, wasesa sagara, lakuning banyu, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Jabrail slamêt.

II. Ing salêbêtipun wulan Jumadilawal, botên wontên, amargi suwung Anggara Kasihipun.

III. Ing salêbêtipun wulan Jumadilakir, wontên:

Tanggal kaping 3 utawi kaping 2 Sèptèmbêr, Sênèn Wage, môndhasiya, Hyang Guru, wurukung, dadi, wasesa sagara, sanggar waringin, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugi jam 10.48 Yusup rijêki.

Tanggal kaping 21 utawi kaping 20 Sèptèmbêr, Jumungah Paing, pahang, Hyang Rudra, wurukung, dadi, tunggak sêmi, lakuning surya, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Isinipun Organ Punika

1. Bab kabatosan ... kaca 51 / 2. Pêthikan wara-wara opisil ... kaca 64 / 3. Rumêksa padha prasaja ... kaca 65 / 4. Dongèngipun Dyah Tantri I ... kaca 69 / 5. Pratelan dintên sae ... kaca 71 / 6. Pananggalan ... kaca 72 / 7. Nitik Sultan Agungan.

--- [0] ---

Juli 1935

[Grafik]