Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 8, Agustus 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1135 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningat, Wontên Pêpanggihanipun Para Warga Putri Narpawandawa Kala Tanggal Kaping 5/6 Juli 1935 Bab Pamanggih Anyar Tumrap Tuwan Panggulawênthah

I

Parêpatan, ingkang badhe kula aturakên punika, pancènipun nama nglajêngakên sêsorah kula wontên parêpatan agêng Narpawandawa nalika tanggal kaping 2/3 Pèbruari kapêngkêr punika, bab kabatosan, wontên ing ngriki ingkang badhe kula andharakên, tuju ingkang dhatêng panggulawênthahipun kemawon, têgêsipun: tuju panggulawênthahing badan dalah kabatosanipun, dados dèrèng dumugi tumindakipun, sarèhning kula sumêrêp para Putri Narpawandawa sawêg manah bab panggulawênthah, [panggula...]

--- 84 ---

[...wênthah,] mila pangraos kula badhe atur kula punika sampun mapan, upami dados wawasan utawi rêmbag wontên kalanganipun para putri punika, ewadene manawi badhe langkung cêtha dhatêng pikajêngan-pikajêngan kula utawi piguna-pigunanipun, kêdah kasambêt kalihan sêsorah kula kala wontên Narpawandawa kasêbut nginggil.

Parêpatan, sadèrèngipun kula nêrangakên bab panggulawênthah, langkung rumiyin kula ngaturakên condhong kula dhatêng tancêping Putri Narpawandawa, ingkang sampun kêrêp kawêdharakên ing parêpatan-parêpatanipun, inggih punika ngajêngakên dhatêng kuwajibaning putri, dados botên gadhah pikajêngan, nyami kawontênanipun kalihan para kakung, tamtunipun ing ngriku wontên raos: nanging iya aja kok rèmèhake, kok anggêp yèn para putri luwih asor, makatên punika pamanah kula sampun maton sangêt, amargi kawontênanipun putri botên amung ingkang katingal lairipun badan jawi ingkang beda, dalasan pirantosing kabatosan ingkang botên kasatmata, sanajan sami kawontênanipun, amung ingkang makarti sangêt, inggih beda, limrahipun para putri punika ingkang kathah makarti raosipun, manawi para kakung ingkang makarti agêng pikiranipun, awit saking sabab-sabab ingkang kula aturakên kasêbut nginggil, môngka satunggal lan satunggalipun wau kêdah samad-sinamadan, mila pandamêlan sarta kawajibanipun putri kalihan kakung sanajan beda, nanging kêdah andum damêl sêsarêngan salêbêting gêsang, upami botên makatên, têrang badhe botên sangkêp utawi risak, amargi nama nyulayani anggêring kodrat, ing ngriki kula botên badhe nêrangakên pilah-pilahing kuwajibanipun putri sarta kakung, amargi nyêbal kalihan badhe sêsorah kula dalu punika, dene anggèn kula mratelakakên kuwajibaning putri wau, sabab dening panggulawênthah punika, inggih satunggaling bagean tinakdir dados kuwajibaning para putri, môngka kula wastani pandamêlan luhur sangêt, amargi manawi kalêrêsan prasasat sagêd damêl kawontênaning manungsa, môngka manungsa punika ingkang ngawontênakên bêbrayan, dados têrangipun: mulya utawi botênipun bêbrayan wau, sabagean agêng gumantung wontên awon saening panggulawênthah.

Parêpatan, manawi panjênêngan sadaya anggalih dhatêng panggulawênthah pancènipun kêdah priksa adêging satunggal-satunggalipun manungsa rumiyin, limrahipun punika ngangge [ngang...]

--- 85 ---

[...ge] bêbadan utawi pirantos punapa, wêwatêkaning pirantos utawi satunggal-satunggalipun badan, kadospundi, makatên malih punapa ta, jêjêring kamanungsan punika, amargi panggulawênthah wau lampahipun badhe sami tumanduk dhatêng pirantos utawi badaning manungsa wau, bilih badhe têrang kawontênan warni-warnining pirantos utawi bêbadaning manungsa, prayogi maos kawruh Physiologie saha Phsychiologie lêlajênganipun kaparênga nocogakên kalihan kawruh sêpuh bab adêging manungsa, dados dede bab ka-Allahan, utawi tujuning pati, dene anggèn kula anggêpok kawruh sêpuh, amargi kawruh ingkang kula sêbut Physchiologie punika pangraos kula dèrèng bontos sayêktos, nanging bilih kaparêng nglaras lajêng kadhapuk-dhapuk dados satunggal, pamanggih kula prayogi sangêt. Ing ngriki kula botên badhe ngandharakên kawruh-kawruh ingkang kula sêbut sadaya wau, mindhak anggladrah kadangon, pikajêngan kula badhe kula pêndhêt wos-wosipun kemawon, ingkang gandhèng kalihan panggulawênthah.

Parêpatan, manawi panjênêngan anguningani satunggal-satunggaling tiyang, upaminipun kula, kajawi panjênêngan priksa badan kula: suku, tangan, kuping, mripat, sapanunggilanipun, ugi panjênêngan sadaya nadyan botên priksa kalayan kasatmata, nanging tamtu kraos, bilih kula gadhah pamirêng, pikir, sumêrêp, raos, sapanunggilanipun. Mênggah sadaya ingkang kula sêbut punika, kula wastani wêruh kemawon, makatên malih kula ugi gadhah kêkiyatan sagêd tumandang, saha gadhah niyat, punika kula wastani karêp. Dene wêruh kalihan karêp wiwit brol jabang bayi lair sampun mulêt wontên ing angga, gadhah wêwatêkan ambujêng pêrluning piyambak, kados ta: nêdha, ngombe, tilêm, sapanunggilanipun, cêkak ngupados sakeca, sênêng tuwin piguna, sintên utawi pundi ingkang ngalang-alangi, botên dados manahipun, lajêng sasagêd-sagêd dipun sirnakakên, wondewondene. tumindakipun warni- warni, punika grêbanipun dipun wastani hawa napsu, manawi badan kalihan wêruh wau sampun sami tumangkaripun, punika hawa napsu sagêd ewah-ewah, murih têrangipun cobi kula gambaripun mêndhêt sabagean saking kawruh Psychiologie kados ing ngandhap punika:

Wiwit jabang bayi dumugi lare alit, dados salêbêtipun 7 taun, ingkang makarti cêtha badan, pôncadriya sampun malampah, nanging sakêdhik, mila wêruh kirang sangêt, [sa...]

--- 86 ---

[...ngêt,] wêwatêkanipun lare-lare wau, sawêg ngupados sakecaning badan, inggih punika: tilêm, nêdha, sapanunggilanipun, ajrih dhatêng ingkang damêl sakit, saking 7 taun dumugi 14 taun nama lare jaka kumala-kala, ingkang makarti agêng bab pôncadriya, wiwit anglêmpakakên wêruh, wêwatêkanipun lare wau kapengin sumêrêp punapa-punapa ing saindêngipun, ingkang dados kasênênganing badanipun, kipa-kipa dhatêng ingkang botên dipun rêmêni. Saking jaka kumala-kala dumugi jêjaka, dados umur 14 dumugi 21 taun, wiwit sagêd anglimbang saking sadaya ingkang dipun wêruhi, pundi ingkang piguna utawi botên kangge badanipun, dados ingkang piguna dipun angge, nanging ingkang botên dipun bucal, wêwatêkanipun lare wau rêmên anglalar, manawi sampun umur 21 taun minggah, badan kèndêl tumangkaripun, wêruhipun sampun kathah, sampun sagêd anglimbang, wêwah nalaripun dipun wastani sagêd mikir, lajêng sumêrêp sae awon, manawi saya wiyar nalaripun, sae awon wau botên namung tumrap badanipun, nanging ugi kangge sanès-sanèsipun, utawi dhatêng kawontênan, amargi sampun lajêng gadhah têpa, dados ingkang awon dipun singkur, ingkang sae dipun èsthi, wontên ing umur 21 taun ngriku, sampun lajêng cêtha têtêping watêkan saha tujuanipun, mila umur samantên wau dipun wastani sampun madêg tiyangipun, dene wontênipun dipun wastani kados makatên wau, badhe kula jèrèng sawatawis, murih sagêd gamblangipun kalihan panggulawênthahipun, manawi panjênêngan sadaya kaparêng ngurut lampahing kawontênan utawi wêwatêkan adêging tiyang, kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, wiwit bayi dumugi umur 21 taun, hawa napsu ingkang makarti, saya dangu saya suda dêrêngipun, utawi saya mapan, makatên ugi ingkang dipun ajrihi sarta dipun gilani utawi kapurunanipun inggih saya mapan, sabab tansah dipun tuntun dening kawruhipun. Kados ta: wiwit bayi dumugi umur 14 taun, hawa napsu taksih agêng makartinipun, dipun wastani wêktu wau karêpipun wuta, ingkang dipun ajrihi ingkang badhe botên nyakecakakên dhatêng badan, nanging wiwit umur 14 taun dumugi 21 taun saya langkungipun saking samantên, dening kawruhipun sampun kathah, karêp dipun wastani mawi kawaspadan, ingkang dipun ajrihi botên gandhèng kalihan badan, nanging dhatêng kawontênan.

--- 87 ---

Mênggah ingkang kula aturakên punika wau, ingkang lêrês lampahipun, ewadene inggih kathah ingkang botên makatên. Dados kawruh botên kangge nuntun hawa napsu, nanging malah katut dados pirantosing hawa napsu kabêkta tansah kabuntêl ing badan wau, mila lajêng wontên panggalihan pêrlu ngwontênakên panggulawênthah wau, upaminipun tiyang ingkang umuripun langkung saking salikur taun, dados sampun kathah sasêrêpanipun sarta nalaripun, punika sagêd ngangge hawa napsuning lare pitung taun, dados namung pados sakecaning badanipun piyambak, sampun tamtu kawruh saha kanalaranipun inggih kangge ngakali utawi mêjahi sanès, pêrlu kangge badanipun piyambak, dados tiyang ingkang kawontênanipun kados makatên wau, inggih pancèn sampun dados wêwatêkan, dhêdhasaran utawi tujuan adêging tiyangipun wau, rêkaos ewahipun kajawi manawi dêrêng sayêktos, sajatosipun bilih kaparêng angraosakên salêbêting galihing sabên dintênipun pancèn nganyêlakên, kula piyambak gumun dhatêng badan kula, anggènipun kêrêp nyat-nyut, nêdya mrika-mriki. Niyat makatên dèrèng rampung, sampun santun niyat sanèsipun malih, sabên-sabên grêjêgan piyambak salêbêting manah, ingkang satunggal akèn, satunggalipun mênging, botên liya tamtu saking sulayaning hawa napsu kalihan kawruh, pundi ingkang langkung dêrêng inggih sagêd mênang. Taksih wontên sambêtipun.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan

Sambêtipun organ ôngka 5

Satêlasing pangandikanipun mudha pangarsa bab alal ihalal, mudha pangarsa lajêng ngandika bilih B.K.P.H. Kusumayuda mundhut lèrèh saking anggènipun ngasta dados pangarsaning Napawandawa, amargi kajawi sampun kathah pandamêlanipun, saliranipun kêrêp gêrah, mila ing mangke sintên ingkang dipun pilih dados pangarsa. Lajêng dados rêmbag sawatawis, putusanipun ingkang dipun pilih dados pangarsa B.K.P.H. Suryaamijaya, ingkang dados mudha pangarsa K.P.P. Suryadipura, gêgêntosipun warga panitya tilasipun K.P.P. Suryadipura wau, R.M.Ng. Atmamijaya, dene ingkang kapilih dados artaka II R.M.Ng. Atmasaputra. Wondene warga pangrèh sanès- sanèsipun sami botên ewah.

--- 88 ---

Sasampunipun pilihan pangrèh kasêbut ing nginggil, pangarsa anyar ngandika malih bokmanawi wontên sadhèrèk warga ingkang kagungan prêlu badhe usul, supados lajêng kawêdharakên.

B.K.P. Angabèi usul, sarèhning ing taun punika rad kawula kalêrês pilihan warga, amrayogèkakên dhatêng Narpawandawa supados nyalonakên, sintên warganipun ingkang pantês kaajêngakên dados warga rad kawula wêwakilipun praja Kajawèn, amargi adat ingkang sampun-sampun Narpawandawa makatên tamtu ngaturakên calonan warga rad kawula, namung sarèhning sapunika santun tatanan, kadospundi prayogining lampahipun, pasrah pangrèh.

Pangarsa mangsuli bilih usulipun B.K.P. Angabèi wau sampun katampèn sarta badhe kamanah kalihan pangrèh.

R.M.H. Natadilaga usul, badhe adêgipun kagungan dalêm rad bale agung, punika Narpawandawa supados angisèni rêmbag-rêmbag dhatêng putra santana ingkang dados warganipun bale agung wau.

K.R.T. Mr. Wôngsanagara angrujuki kados usulipun B.K.P. Angabèi wau, manawi pancèn Narpawandawa badhe nyalonakên warga rad kawula prayogi cekat-cèkêt tumuntên katindakakên, mupung dèrèng kasèp sangêt.

Sasampunipun nampèni usul-usul kasêbut ing nginggil, pangarsa lajêng ngacarani K.R.M.H. Wuryaningrat supados asêsorah bab kabatosan, K.R.M.H. Wuryaningrat majêng asêsorah: (sêsorahipun sampun kawrat ing organ ôngka 3-4 saha 5 taun 1935 punika).

Satêlasing sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat, kasambêtan pamêdhar sabdanipun K.R.T.Mr. Wôngsanagara, ingkang wosipun, prêlu sangêt ukaranipun sêsorah wau kacêthakakên supados bab kabatosan wau sampun ngantos cêngkah kalihan politik, inggih sampun lêrês bilih kalihan sosial pancèn botên cêngkah, nanging manawi kalihan politik sagêd ugi cêngkah, amargi manawi lampahing kabatosan tamtu botên cocog kalihan wontênipun paprangan, mila kadospundi prayoginipun supados sagêd mêndhêt lampah têngah- têngah.

--- 89 ---

R.M.Ng. Karta Astana urun katrangan wêwaton kawruh kaislaman kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, anyambêti sêsorahipun pangarsa mulya punika wau, sarèhning ing wêkdal punika bab kabatosan makatên nama sawêg dados sêkar lathi, ing ngriki kula badhe ngaturi urun sasêrêpan awêwaton kawruh kaislaman. Namung anggèn kula dêrêng ngaturi urun katrangan punika sampun pisan -pisan kagalih manawi kula badhe ngatingalakên kasagêdan kula tumrap bab wau, utawi kagalih badhe mêmulang dhatêng panjênêngan sadaya, punika tancêbing manah kula botên makatên, dados atur kula punika namung lugu nêtêpi dhawuhipun gusti kangjêng nabi panutan kita, makatên ungêlipun: sira padha nêkakna kawruhira marang brayatira, lan kônca-kancanira, sanadyan kawruhira mau mung satètèsing banyuning êbun. Awit saking wontên dhawuh pangandikanipun gusti kangjêng nabi ingkang makatên wau, katêtangi manah kula lajêng kamipurun ngaturakên urun katrangan kados ingkang badhe kula lairakên ing mangke, namung manawi urun kula katrangan punika wontên lêpatipun, punika botên saking lêpating sêrat piwulang Islam, nanging sagêd ugi saking kirang pananing panyinau kula dhatêng piwulang wau, panjênêngan sadaya mugi sampun ngantos kirang ing pamêngku, samangke punapa ta ingkang dipun wastani kabatosan punika, bokmanawi para sadhèrèk taksih kathah ingkang tidha -tidha anggèning ngêncupi dhatêng bab wau, sabab saking warni-warni pamanggihipun, sawênèhing golongan wontên ingkang anekadakên mangeran dhatêng karêp, awit kayakinanipun karêp makatên sagêd angwontênakên kawontênan (kaanan kabèh) manawi botên wontên karêp cariyosipun badhe botên wontên kawontênan. Mênggah ingkang makatên punika sayêktosipun karêp wau tumraping kawruh kaislaman, sanès punapa-punapa, dados namung lugu prabot utawi pirantosing gêsang, amargi manawi panjênêngan sadaya kaparêng anggalih kalayan panjang, tiyang gadhah karêp punika tamtu wontên sababipun, manawi botên wontên sabab tamtu tiyang botên gadhah karêp, namung ing ngriki kula botên badhe nêrangakên sabab-sababipun wau, amila karêp wau kula wastani sanès punapa-punapa. Wontên malih ingkang nekadakên jumênêng pribadinipun, sabab dening kayakinanipun bilih wontênipun alam sadaya punika (jagad agêng) sampun karingkês [karing...]

--- 90 ---

[...kês] dados satunggal lajêng dados jagat alit, Mêkah, Madinah, Baitul Mukharom, sapanunggilanipun, sampun winêngku ing jagad alit wau, liripun: sadaya punika sampun kawêngku wontên ing badanipun, kula mirêng katrangan makatên punika manah kula gumun kanthi ngungun, kadospundi dene badan (raga) ingkang alit sarta ringkih têka sagêd amêngkoni ing kawontênan sadaya, nanging ingkang dipun wêngkoni wau têka namung pilihan inggih punika namung Mêkah, Madinah, sapanunggilanipun, nanging nagari Amerikah, Dhitslan, Prangkrik sapanunggilanipun, têka botên winêngku pisan, malah lacuting ginêm tiyang ingkang makatên punika manawi mirêng salah satunggaling sadhèrèk ingkang badhe kesah kaji anêtêpi rukuning Islam, kaungêl-ungêlakên bilih nagari Mêkah, Madinah makatên rak sampun wontên ing badanipun piyambak, namung kosokwangsulipun manawi mirêng wontên sadhèrèk ingkang badhe kesah dhatêng Jêpan, kendèl kemawon, malah ing sêmu katingal bilih kapengin badhe kesah dhatêng Jêpan wau. Amangsuli katranganipun sadhèrèk ingkang jumênêng pribadinipun, punika samasa dipun suwuni katrangan, adhakanipun paring wangsulan, kowe kudu anggilut sajatining rasa (rasa jati) dene bisane tumêka ing rasa jati mau kudu wêruh lakuning napas lan nupus, napas iku sing mêtu, nupus iku sing mlêbu, pujine Allahu, têgêse: Allah iku mêtu, hu: iku mlêbu, yaiku kang diarani salat daim, yèn kowe wis bisa gonah, ya ing kono kowe bisa têkan ing rasa jati, yaiku kumpule kawula lan Gusti, kayadene curiga manjing warôngka, ing kono wis ora ana bungah susah, lara kapenak, batal karam, dene anane mung nikmat lan mupangat, awit kana-kene mau mapan wis duwèke dhewe kabèh, mula parlune apa golèk donya tiwas mundhak rêkasa, dadi ugêr wis bisa anggilut marang kawruh mau lan wis gonah wis ora parlu, amarga tumrape wong kang wis gonah iku wis ora ana rasa apa-apa, anane mung sênêng têntrêm, makatên katranganipun sadhèrèk ingkang ngakên jumênêng pribadinipun, amila inggih sampun samêsthènipun manawi lajêng kathah para sadhèrèk ingkang tidha-tidha anggènipun ngêncupi, jalaran pancèn inggih kathah, nanging katranganipun botên namung kados ingkang kasêbut ing nginggil kemawon, taksih wontên tunggilipun malih ingkang ing ngriki botên prêlu kula têrangakên sadaya, ala [a...]

--- 91 ---

[...la] inggih botên lêpat bilih para ahli sosialismê mastani yèn kabatosan makatên bêntrok kalihan kawruh sosial. Taksih wontên sambêtipun.

Kangjêng Pangeran Arya Panular

Nalika ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 9 Rabingulakir Jimakir 1866 utawi kaping 11 Juli 1935, wanci jam 2 siyang langkung 30 mênit, Kangjêng Pangeran Arya Panular, warga pangrèh Narpawandawa ingkang nindakakên pandamêlan artaka I seda, dumugi yuswa 44 taun, jalaran gêrah longonsêtèkên. Sedanipun Kangjêng Pangeran Arya Panular para warga pangrèh, saha rêdhaksi administrasi Narpawandawa, sami abela sungkawa, amung mêmuji mugi arwahipun ingkang nêmbe seda tinampèna wontên ing ngayunaning Pangeran, kaapuntêna punapa ing sadosanipun, amin, amin, ya rabul ngalamin.

Dongèngipun Dyah Tantri Dhatêng Sang Prabu Eswalapala

Sambêtipun organ Narpa ôngka 6.

Sarêng mêngsah dumugi ing kitha, sang prabu inggih botên sagêd lumawan, pramila lajêng kèngsêr, lumajêng malêbêt ing wanapringga, wontên ing satêngahing wana ngupados papan pasipêngan, angsal griya katingal sêpên, kados sampun botên dipun ênggèni tiyang. Griya wau dipun lêbêti, badhe ngaso wontên ing ngriku. Anamung sarêng badhe mapan lênggah, mirêng wontên swara bantêr mungêl makatên: wah, ambune olèhe badhêg, olèhe ora enak. Aja ana ing kono, minggata. Ingkang mungêl makatên wau jêbul pêksi jaka tuwa, gadhahanipun grêma ingkang kasar wêwatêkan sarta ginêmipun. Pêksi jaka tuwa wau kêtularan ginêmipun tiyang ingkang mêngku. Sagêd ngina, sagêd nundhung.

Sang prabu sakalangkung lingsêm, lajêng sumingkir saking ngriku, dumugi ing padhepokanipun pandhita, sang prabu badhe mlêbêt ing griya, panggalihipun rangu-rangu, lajêng mirêng swara dumêling sumanak, ngacarani. Makatên ungêling swara: sumôngga pinarak, bêndara, sampun mawi taha-taha, sang panêmbahan punika lo, wontên tamu, sampeyan bagèkakên. Sampeyan jèrèngakên gêlaran, sampeyan sukani kasuran. Sampeyan bêktakakên toya kangge wijik, sarta kangge kêmbêng, [kê...]

--- 92 ---

[...mbêng,] sampeyan sêgah woh-wohan sarta sanès-sanèsipun ing sawontênipun. Ingkang mungêl makatên punika inggih pêksi jaka tuwa, sang prabu sakalangkung ngungun panggalihipun, lajêng nyariyosakên lêlampahanipun dhatêng pandhita ingkang manggèn ing padhepokan wau, wasana lajêng andangu punapa jalaranipun, dene pêksi jaka tuwa kêkalih ingkang satunggal ginêmipun sakalangkung kasar, satunggalipun têka manis, adamêl sakeca dhatêng manah makatên. Sang pandhita lajêng ngaturi katrangan, bilih pêksi jaka tuwa kêkalih punika botên namung sami jaka tuwa kemawon, malah sami sadhèrèk. Nalika taksih sami piyik, dhawah saking susuh. Ingkang satunggal dados gadhahanipun grêma, sarwa kasar ginêm tuwin tindak- tandukipun, satunggalipun dipun opèni dhatêng pandhita. Pramila botên nama anèh, dene wêdaling ginêmipun têbih sungsatipun, sabab sami katularan ginêmipun têtiyang ing sakiwa-têngênipun piyambak-piyambak, tiyang punika manawi kêkêmpalan kalihan tiyang sae, inggih mindhak sae solah-bawanipun. Manawi kêkêmpalan kalihan tiyang ingkang asor budinipun, inggih katularan awon budinipun. Panjênênganipun sang prabu rak inggih makatên, sarèhne nyêlakakên têtiyang ingkang asor bêbudènipun, lajêng dhumawah kapiran saliranipun.

Tuma Kalihan Lintang

Wontên tuma manggèn ing pasareanipun ratu, sampun lami anggènipun manggèn wontên ing ngriku, botên konangan, sabab pancèn ngatos-atos. Manawi sang prabu taksih wungu, botên nate tuma wau purun nyakot. Ngêntosi manawi sang prabu sampun sare kêpatos. Lajêng purun nyakot wêntisipun, nêsêp êrahipun. Wondene manawi sang prabu taksih klisikan, tuma wau botên pisan-pisan purun nyakot, dipun pilalah nglikik wêtêngipun. Sabab kuwatos manawi kadênangan.

Ing sacêlaking pasareanipun sang prabu wau wontên aling-alingipun gêdhèg. Ing sasêla-sêlaning dêling ingkang kaênam, wontên tingginipun, manwi wontên tiyang sèndhèn ing gêdhèg wau, pun tinggi enggal-enggal murugi, nyakot gêgêring tiyang wau. Tiyangipun anjingkat, botên purun sèndhèn malih. Pun tinggi anggènipun mamôngsa lajêng kêcongah, botên sagêd dumugi, botên tuwuk. Pramila badanipun [badani...]

--- 93 ---

[...pun] tansah kêra tur kusi. Môngka pun tuma badanipun gêmuh tur gilap amêlês, pun tinggi sangêt kêpengin gadhah badan sae makatên, pramila lajêng murugi pun tuma, taklim patrapipun, andhap asor ginêmipun, mratelakakên rêkaosing badanipun, sarta nêdha wulang, kadospundi sagêdipun gêsang sakeca, botên kirang têdha, murih badanipun sagêd lêma kados pun tuma.

Pun tuma anggènipun nampèni sarta manggihi pun tinggi sumanak, tur sarèh, suka wêwulang, kapurih sarèh sarta ngatos-atos, tuwin angèn môngsa, sampun ngantos kasêsa ing tindak, kajawi punika pun tinggi dipun cariyosi. Kêdah sagêd nyandhêt pikajêngan, utawi pêpenginan ingkang botên cundhuk kalihan kalamangsanipun, sampun ngantos pêpenginan wau adamêl kêndhoning pangatos-atos, mindhak kados cariyosipun pêksi bango ingkang manggih tiwas, amargi anjurungi pêpenginanipun, botên mawi ngatos-atos, tinggi pitakèn: kadospundi cariyosipun, pun tuma lajêng cariyos makatên:

Wontên talaga kathah ulamipun, ulam wau dados têdhanipun pêksi bango pintên-pintên taun botên katawis suda. Sarêng bango wau sampun sêpuh, badanipun sampun kêndho, paningalipun suda sangêt, mantun trêngginas, mantun awas, manawi nothol ulam asring lêpat, andadosakên prihatosipun. Taksih wontên sambêtipun.

Pratelan Isining Organ Punika

... Kaca

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat ... 83 / Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan II ... 87 / Kangjêng Pangeran Arya Panular seda ... 91 / Dongèngipun Dyah Tantri ... 91 / Pananggalan / Nitik Sultan Agungan.

--- [94] ---

Sèptèmbêr 1935

[Grafik]