Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 9, Sèptèmbêr 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1833 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat, Wontên Pêpanggihanipun Para Warga Putri Narpawandawa Kala Tanggal Kaping 5/6 Juli 1935, Bab Pamanggih Anyar Tumrap Tujuan Panggulawênthah

II

Parêpatan, amangsuli ingkang kula aturakên ing nginggil, tiyang gêsang wontên ing donya punika, dados ngangge pirantos, badan karêp hawa nêpsu, saha wêruh. Mênggah karêp kalihan hawa napsu pancènipun pilah, amargi wontên karêp tanpa gêpokan hawa napsu, dados têrangipun karêp punika inggih pokok piyambak, wontên salah satunggaling guru kawruh sêpuh anggènipun anjèrèng pirantos adêging manungsa cêkak aos, makatên ungêlipun: manungsa iku duwe wiji urip, [uri...]

--- 96 ---

[...p,] kang duwe sipat uninga sarta karsa, wong ora bisa wêruh wiji mau, kang diwêruhi ya mung sipate uninga sarta karsane. Nalikane wiji mau urip ana ing donya, nganggo piranti utawa bêbakalan, yaiku pikir, hawa napsu sarta badan, dene kang dak pratelakake wiji mau, panyêbute wong-wong pancèn warna-warna, ana kang ngarani rasa jati, ana kang ngarani manungsa jati, uga ana kang ngarani wiji ka-Allahan, anggone mangkono mau amarga saka wêrite, bisa uninga sadurunge winarah, uga uninga samubarang kang ora katon, ora sarana piranti. Ing ngriki murih gampilipun kula mêndhêt têmbung: pribadinipun kemawon, supados botên cawuh kalihan sanès-sanèsipun. Mirit kawruh kêkalih ingkang kula andharakên ing nginggil, parincènipun kula wastani sami, namung kaotipun ingkang satunggal saking jawi malêbêt, satunggalipun saking lêbêt dhatêng jawi, nanging kawruh sêpuh langkung bontos, cêtha pokokipun, inggih punika karêp saha wêruh, dene sanès-sanèsipun namung nama pirantos kemawon.

Parêpatan, sarèhning lampahipun pamêngkar kados ingkang sampun kula aturakên, saking jawi mlêbêt, inggih punika saking badan, lajêng dhatêng hawa napsu, sawêg dhatêng pikir, mila lampahipun panggulawênthah inggih kêdah mêdal margi wau, kadosdene pikajêngipun kawruh Psychiologie sarta botên nyulayani kawruh sêpuh. Mênggah tujuanipun panggulawênthah kula rêmên dhatêng kawruh sêpuh, dados dipun bontosakên, sagêda madêg pribadinipun, liripun, inggih madêg karsa lan uninganipun, dados karsa ingkang santosa, uninganipun ingkang pana, sampun ngantos katêkuk ing pirantosipun. Mênggah tuju ingkang kula andharakên punika sajatosipun sampun kula ajêngakên wontên ing parêpatanipun paedagogische club, nalika tanggal kaping 25/5'35. Dene panggulawênthahipun tumrap badan sarta pikiran, kados cara sapunika mêndhêt wêwaton saking Eropah punika pamanggih kula sampun prayogi (dados dede ricikanipun) inggih punika: badan sagêda rêsik sarta kiyat, dipun lampahakên saking bangsaning sêporêt, tumrap pikiran sagêda kathah kawruhipun, sagêda anglalar ingkang pratitis, dipun lampahakên ing sakolahan, amung tumrap panggulawênthahing hawa napsu ingkang anjalari dadosipun wêwatêkaning tiyang, saking karêmênan sarta pakulinan saha kêkiyatanipun [kêkiyatanipu...]

--- 97 ---

[...n] piyambak, punika ing ngriki nama dèrèng kopèn, inggih punika panggenan kangge anggulawênthah dèrèng wontên, sakolahan botên sagêd nindakakên makatên, lampahipun panggulawênthah inggih dèrèng katata, beda sangêt kalihan panggulawênthahipun pikiran sarta badan, sampun tharik-tharik tatananipun, môngka bilih punika botên dipun tututakên panggulawênthahipun inggih badhe dèrèng sae, sabab dening badan sarta kawruhipun taksih dipun angge nuruti kamurkaning hawa napsunipun. Pancèn kula gadhah pangajêng-ajêng wontên ingkang damêl tatanan panggulawênthah wêwatêkan wau, mila kula bingah sangêt ing ngriki wontên pakêmpalan paedagogie bokmanawi sagêd lajêng nyêpêng pangajêng-ajêng kula punika, dene wosipun panggulawênthahipun hawa napsu pamanggih kula namung dipun papanakên dhatêng ingkang têrang piguna, utawi sae tumrap kawontênan (rahayu). Amargi salêbêtipun gêsang wontên donya gandhèngipun kalihan bêbadan wadhag botên sagêd nilar hawa napsu, panggenaning panggulawênthah bilih taksih lare kêdah taksih wontên têtiyang sêpuhipun piyambak, manawi sampun wiwit ngancik jêjaka sayogi dipun wontêni pondhok, ingkang maligi nindakakên panggulawênthah wêwatêkan wau, amargi jêjaka makatên pêrlu sumêrêp sêsrawungan kawontênan donya, nanging taksih bêtah panggulawênthah, upami ingkang anggulawênthah wau tiyang sêpuhipun piyambak, ingkang kathah-kathah inggih botên sagêd, môngka jêjaka makatên sawêg gawat-gawatipun, kajawi punika kula pancèn taksih gadhah pangajêng- ajêng malih sagêda wontên pasinaon kawruh sêpuh ingkang mawi tatanan, liripun: kajawi dipun tundha-tundha pangajaranipun, kados ta: patraping salira, pamanthênging cipta, sapanunggilanipun, punapadene têranging daya- dayaning pirantosing pribadinipun, ugi panampinipun murid kêdah mawi katliti, têgêsipun punapa calon murid wau gadhah dhêdhasar, saha umuripun punapa inggih sampun nyêkapi badhe nampèni piwulang kawruh wau, dados sampun ngantos prusan kemawon, kadosdene ingkang sampun kula aturakên nalika parêpatan agêng Narpawandawa kasêbut nginggil, amargi pangraos kula badhe dèrèng sagêd sampurna panyêpêngipun tujuan madêg pribadinipun sayêktos, kados ingkang dipun jôngka usul kula punika, bilih dèrèng wontên pasinaon kawruh sêpuh ingkang mawi tatanan wau, dados têranging pikajêngan kula punika, wontêna papan [pa...]

--- 98 ---

[...pan] panggulawênthahing hawa napsu utawi wêwatêkan, pêrlunipun upami dadosa punapa kemawon, sasampuna wêwatêkan utawi tujunipun laras sadaya, dene ingkang wontên dhêdhasaripun dhatêng kawruh sêpuh, sagêd lajêng malêbêt dhatêng pasinaon wau, murih sagêd sampurna ing gaibipun.

Parêpatan, pangraos kula sampun cêkap anggèn kula nêrangakên pokok-pokoking panggulawênthah sarta tujuanipun, ingkang dèrèng kula andharakên punika amung badhe tindak-tandukipun, tamtunipun saya prayogi bilih ing wingkingipun wontên ingkang sêsorah bab tindak-tanduk wau, cêkakipun tuju panggulawênthah kados ingkang kula usulakên punika, wosipun kêdah ngênêr sagêda pribadinipun mandhirèng sayêktos, liripun: wiji gêsang ingkang asipat karsa sagêd santosa, sarta uninganipun sagêd pana, pirantosing pribadinipun laras, amargi punika badhe nindakakên, dados sagêda badan kuwawa, napsu prayoga, pikiran sanyata. Mênggah wontênipun tujuan panggulawênthah sapunika, ingkang sampun kula sumêrêpi nama sawêg dumugi pikir, dados dèrèng bontos angênêr dhatêng pribadinipun, sarta taksih mawi manah gandhèngipun kadonyan, têgêsipun taksih nama katanêman utawi katarik ing hawa napsu, môngka pamanggih kula, manawi pribadinipun sampun mandhirèng sayêktos, dening sampun gadhah kawaspadan, pirantosipun sampun sae sadaya, was sumêlang tamtu sirna, punika dhatênga ing pundi-pundi, tindak-tanduk punapa-punapa, tamtu badhe lobok, kajawi punika dhatênging wahyu kawiryan, kawibawan sapanunggilanipun, tamtu badhe klayan murni. Ewadene sarèhning kula punika sanès ahli (deskundige) dhatêng bab panggulawênthah, bokmanawi wontên lêpat utawi kêkiranganipun namung nyuwun pangapuntên, wondene wontênipun kula wani sêsorah punika sajatosipun namung katarik ing kayakinan kula, inggih punika bôngsa kita tangèh mulya sayêktos, yèn botên ginulawênthah ingkang sanyata, liripun: ginulawênthah ingkang cocog lan kawontênan kita sarta sukma.

Pangarsa, sêsorah kula sampun rampung, kula amung nyumanggakakên.

Têlas.

--- 99 ---

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 8.

Parêpatan, amangsuli bab têmbung salat daim, punika limrahipun wêjangan ing sajawining kaislaman, mawi rapal Allahu, Allahu, Allahu, kaucapakên ing sabên dintênipun manut lêbêt wêdaling napas, kacariyos tiyang ingkang sampun anglampahi salat daim makatên sampun botên susah sêmbahyang, awit pangraosipun sampun sêmbahyang sabên dintên, lacutipun mirêngakên kutut inggih sampun sêmbahyang, nayuban, klênengan sapanunggilanipun, inggih sampun sêmbahyang. Mênggah katrangan ingkang makatên wau sayêktosipun klèntu sangêt, amargi têtela bilih ingkang mulang makatên punika dèrèng mangrêtos dhatêng têgês tuwin pikajêngipun têmbung salat daim, nanging kasêsa sêlak kangge suka piwulang, mila inggih lêpat. Wondene lêrêsipun têmbung salat daim wau kêdah kapilah, inggih punika saking têmbung: salat lan daim. Têgêsipun: pangajêng-ajêng sêmbahyang candhakipun ingkang dipun wajibakên, upaminipun makatên, wontên tiyang bakda nglampahi sêmbahyang subuh, lajêng ngajêng-ajêng dumuginipun majêng sêmbahyang luhur, sarêng badhe tumuntên sêmbahyang luhur, dumugining manjing luhur inggih lajêng tumandang sêmbahyang, môngka dèrèng ngantos manjing sêmbahyangipun, tiyang wau lajêng pêjah kêdadak, tindak ingkang makatên punika tiyang wau sampun dipun kukumi angsal ganjaran anggèning tumêmên ngèstokakên dhawuhing Pangeran, inggih makatên punika ingkang dipun wastani salat daim. Môngka miturut katrangan ing ngajêng sagêdipun dumugi rasa jati punika kêdah sarana mawi salat daim, nanging lampahipun anggèning salat daim, klèntu, lah punapa inggih sagêd dumugi ing rasa jati, sumôngga kemawon. Dados pancènipun sampun ngantos para sadhèrèk kita sadaya ngagêm utawi anggêga dhatêng piwulang ingkang lêpat wau, sabab tamtu badhe botên sagêd jumênêng pribadinipun, mila manawi kula langkung prayogi angakêni kemawon bilih kita punika titah walaka, sabab pancèn sipat-sipatipun inggih dede gusti, dados sampun cêtha yèn kawula punika inggih kawula, nanging kosokwangsulipun, gusti punika inggih gusti, beda-beda sipatipun, cobi kaparênga kula ngaturakên pasêksèn, manawi kita para manungsa punika têtêpipun yèn kawula, ugêr botên selak kemawon kita punika limrahipun [limrah...]

--- 100 ---

[...ipun] gadhah sirikan tigang prakawis, ingkang katranganipun sirik-sirikan wau malah pijêr namani kemawon, dene wujudipun sirikan tigang prakawis wau, inggih punika:

1. Êmoh susah, êmoh ina lan papa. 2. Êmoh lara lan sangsara. 3. Êmoh mati.

Dados upami sagêda kasêmbadan makatên pikajêngipun para manungsa punika amung sênêng, parêng, enak kapenak, lan sarwa kasêmbadan, dawa umure (botên pêjah-pêjah), nanging kawontênanipun kadospundi, jêbul sulaya sadaya, adhakanipun malah sirikanipun wau namung tansah kêpêthuk kemawon, purunipun para manungsa ngakêni yèn Gusti Allah punika wontên, lan purun pêjah, sapanunggilanipun, punika kapêksa dening kawontênaning lêlampahanipun, inggih punika manawi nuju kataman utawi nandhang kasusahan, nanging kosokwangsulipun yèn nuju bingah, babarpisan sami kasupèn dhatêng Pangeranipun, lacuting ginêm lajêng ngakên manawi jumênêng pribadinipun, kawontênan ingkang makatên punika cocog lan dhawuhing Pangeran, kawrat ing surat Mangarij salêbêtipun ayat 19, 20, 21, 22, 23, suraosipun makatên: manungsa iku satêmêne tinitah makewuh, manawa kataman kasusahan, ngrêsula, yèn nômpa kabungahan, lali marang Pangerane, kajaba wong kang nêtêpi salat. Dene salat makatên wiwitipun takbir, dipun pungkasi salam (dados botên cêkap namung Allahu, hu Allah), lair batosipun kêdah kêplok badanipun jasmani lan rohkani, samantên kemawon pasêksènipun yèn kita para manungsa punika têtêp sipating kawula walaka, dados prayogi lajêng nêtêpi anggèning dados kawula kanthi nêtêpi sarat rukunipun, wondene sarat rukunipun badhe kula andharakên sawatawis, kalêbêt ing kawruh kabatosan, kados ing ngandhap punika:

Manawi kula botên kalèntu kawruh kabatosan makatên panggulawênthahing manah, ingkang ngênêr dhatêng kasukcèn, dados pikajêngipun supados manah punika kagulawênthah dipun tuntun dhatêng tindak ingkang sukci, liripun: sadaya tindak-tanduk, solah muna-muni kêdah katujokakên ngibadah dhatêng Gusti Allah, wontênipun makatên, sabab manungsa punika kadunungan sipat-sipat ingkang kêdah dipun angge, utawi [uta...]

--- 101 ---

[...wi] kêdah dipun singkiri, makatên ugi tumrapipun hawa napsu inggih wontên ingkang kêdah dipun angge, lan wontên ingkang kêdah dipun singkiri, têrangipun badhe kula andharakên ing mangke, namung ing ngriki ingkang langkung prêlu kula têrangakên rumiyin tumrap pathokanipun kawruh kabatosan, ingkang wos-wos kemawon wontên 4 bab.

1. Kêdah iman dhatêng Gusti Allah, têgêsipun pitados sayêktos bilih Gusti Allah punika wontên, sarta pitados dhatêng para rusul tuwin para nabi (badhe katêrangakên wontên ing bab rukun iman 6 prakawis).

2. Purun nindakakên sadaya dhawuh tuwin nyingkiri sadaya cêcêgahipun Gusti Allah ingkang sampun katêtêpakên mênggahing awon saenipun, wontên ing agami Islam.

3. Ngadil, têtêp ing janji, mantêp ing kasagahan, botên amblenjani lan paracidra.

4. Sagêd nutupi bolongan kêkalih, inggih punika bolonganing tutuk tuwin prêji. (Punika sampun kalêbêt anglampahi dhawuh cêcêgah)

Wondene pathokan kawan bab ing nginggil wau têrangipun makatên.

Sapisan kêdah pitados dhatêng Gusti Allah, liripun, kêdah angakêni bilih botên wontên Pangeran ingkang sinêmbah kajawi namung Gusti Allah, sarta pitados sayêktos dhatêng khukum lan siksanipun, ing donya tuwin ing akirat, punapa malih pitados sayêktos yèn Kangjêng Nabi Muhkhamad punika utusanipun Gusti Allah, sarta pitados dhatêng para rusul, para malaekat (badhe katêrangakên wontên ing bab rukun iman) amargi manawi kita para manungsa botên gadhah kapitadosan makatên (iman) punika tamtu botên sagêd badhe olah kabatosan, langkung malih makripat dhatêng Gusti Allah, awit botên wontên ingkang kaênêr, mila wontênipun lajêng bingung lan sasar, ungêling paribasan, wong bingung iku tôndha yèn koncatan Pangerane, amila lajêng kayu, watu, wêsi aji, lêmah sangar dipun pêpêtri, pinundhi-pundhi, kakintên sagêd andayani, wusana katranganipun inggih botên sagêd andayani punapa-punapa, bab punika cocog lan dhawuhing Pangeran ingkang kasêbut wontên ing Kuran, surat Akoph jus 26 ayat 5 suraosipun makatên: [maka...]

--- 102 ---

[...tên:] ora ana wong sasar ngungkuli karo wong kang nyêmbah marang liyane Allah, kang ora bisa nêmbadani panyuwune wong kang nyêmbah tumêka ing dina kiyamat, apadene malah ora padha rumasa yèn disêmbah. Taksih wontên sambêtipun.

Yèn Wania Ing Gampang, Wêdi Ing Pakewuh, Sabarang Sêdyane Nora Katêkan

Clês. Raosing manah kula ngantos kadosdene siniram toya sawindu, dene panjurung kula ingkang mawi kêpalan: rumêksa padha prasaja, ing organ Narpawandawa ôngka 6 Juli 1935 dipun nut ing panjênênganipun ki raka rêdhaktur mêndhêt Wulang Rèh ingkang mungêl: duga-duga aywa kèri.

Kula nuwun ki raka atur kula sangêt nuwun, sarta andadosakên bingahing manah kula, dene panjênênganipun ki raka sagêd minangkani panyuwun kula, inggih punika botên namung anggêr duka, nanging paring pemut mêndhêt Wulang Rèh ingkang mungêl, duga-duga aywa kèri. Pancèn inggih makatên punika ingkang tansah dados idham-idhaman kula, botên langkung mênggah pemutipun ki raka piwulang sae wau, badhe kula pundhi ngantos sabêjading jagad, ingkang salajêngipun kula tindakakên kanthi katêtêpaning manah. Dene wontênipun kula gumagah sagah mundhi piwulang sae inggih saking sintêna kemawon, sabab kula mangrêtos inggih sintêna kemawon, ingkang nyingkur dhatêng piwulang sae bêbasanipun sakêdhèp netra kemawon tamtu badhe anêmahi babar kacêpêk, nanging kosokwangsulipun manawi piwulang sae wau tansah kita pundhi kanthi sucining manah (dados botên namung dipun cêngkung-cêngkungakên nanging katranganipun nul) sampun tamtu kemawon badhe agêng sangêt mênggahing sawabipun.

Kula nuwun para maos langkung-langkung para warganing Narpawandawa saumumipun, mênggah panjurung kula ingkang mawi kêpalan rumêksa padha prasaja, punika botên kok kula namung anggêr mungêl bêbasanipun kaduk wani kurang duga, wah punika sakêlangkung têbih sangêt, nanging inggih atur kula ingkang têrus têrang punika wohipun anggèn kula tansah nyinau piwulang sae, mila saking coplokipun manah kula dhatêng piwulang sae, kula

--- 103 ---

ngantos anggadhahi gagasan ingkang radi damêl kèlinipun ingkang anggadhahi watêk ewan, namung sadèrèng sasampunipun kula matur nun inggih sèwu-sèwu lêpat kula.

Kula nuwun, saking anggèn kula tansah manah kawontênanipun putra santananing gusti sasêmbahan kula ingkang sinuhun ing têmbe wingkingipun, raosing manah kula ngantos sakêlangkung kêtir-kêtir sangêt, amargi miturut glagading kawontênanipun botên saya mumbul, nanging katingal anggènipun saya nglèmprèh sangêt, makatên punika botên sanès inggih jalaran saking lêpat kita piyambak, mila mupung taksih radi jêmbar kalanganipun, punapa botên langkung prayogi para warganing Narpawandawa cancut sêsarêngan anggolongakên karsa, nindakakên suraosing simbulipun Narpawandawa ingkang mungal: eka paksa karya sakti. Dene murih sagêdipun kalampahan, manawi saking pamanggih kula sakêlangkung gampil sangêt, saugi sami kêparêng anglampahi kanthi sucining panggalih yêktos, têgêsipun kêrsa punika inggih ingkang kêrsa yêktos, sampun kok kêrsanipun wau namung kangge lêlamisan, manawi wontên ing parêpatan sêdhorak-sêdhèrèk, nanging manawi sampun bibar parêpatan lajêng cuh nya kadhasmu. La manawi makatên punika nama dèrèng kêrsa lair batin yêktos, sampun tamtu kemawon tanduk ingkang namung lêlamisan punika wohipun botên sanès namung: 0, bukan, mila cobi badhe atur kula pamrayogi ingkang namung sapele punika, kula babaripun ambokmanawi sagêd anjalari thukulipun katrêsnan ingkang sajatos, ingkang salajêngipun sagêd anjunjung drajadipun praja SurataSurakarta. dalah isinipun.

Kula nuwun, sarèhning ingkang dados warganing Narpawandawa punika, wiwit ingkang agêng ngantos ingkang unyik têtêp kaakên sah putra santananipun panjênêngan dalêm nata, mila manawi parêpatanipun Narpawandawa, sokur wontên ing jawi pisan, sami kêparênga angrêngkuh kanthi sucining panggalih parêpatan kalihan kulit daging piyambak, ngrêmbag bêtahipun piyambak, manawi radin-radin sampun kêparêng makatên, kintên kula ancasipun Narpawandawa ingkang luhur punika, bêbasanipun sakêdhèp netra sampun sagêd kacêpêng kanthi bèrès. Manawi kirang pitados sumôngga kacobia, botên- botênipun manawi dhawah ing asor, nanging dados luhur ingkang sêjatos punika nyata,

- -- 104 ---

tutuping atur kula, mênggah panyuwun kula kasêbut nginggil punika botên sanès namung sagêda anyêpêtakên tindak, la walakabula.

Si Unyik, Cakrapangarsa.

Bab Pêpatih Dalêm

Turunan

Ôngka 39/497

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, nuwun sumôngga.

Kula nuwun, nalika ing dintên Kêmis sontên tanggal kaping 25/26 Juli 1935 para pangrèh Narpawandawa parêpatan wontên ing Suryaamijayan, kajawi ngrêmbag kabêtahanipun pakêmpalan, ugi angrêmbag swaraning sêrat-sêrat kabar Jawi, Walandi tuwin sanès-sanèsipun, ingkang angêwrat pakabaran bab badhe lèrèhipun pêpatih dalêm sapunika, awarni-warni rêmbagipun. Sanadyan pangrèh Narpawandawa piyambak sayêktosipun dèrèng mirêng bilih pêpatih dalêm sapunika badhe lèrèh, nanging mênggah ing wingkingipun botên sande inggih badhe wontên wisudhan pêpatih dalêm anyar, môngka pêpatih dalêm punika nama pangkat ingkang gawat (gewichtig) dening abdi dalêm ingkang luhur piyambak lênggahipun saha kawontênan awon saening nagari punika prasasat gumantung wontên ngastanipun. Amila pangrèh Narpawandawa lajêng sumêngka pangawak braja kamipurun angaturakên pamrayogi, kanthi dhêdhasar rumêksa murih lastari widadanipun kaluhuran dalêm, saha supados prayogi tumrap adêgipun nagari dalêm ing Surakarta, wondene pamanggihipun pangrèh Narpawandawa kados ing ngandhap punika:

1. Nuwun, mênggahing sasêrêpanipun pangrèh Narpawandawa, kawontênanipun pêpatih dalêm punika nama dados warangkaning panjênêngan nata, nanging miturut prajangjian dalêm nata ugi dados abdinipun kangjêng guprêmèn, sarta kawujudanipun angsal arta balônja saking kangjêng guprêmèn kathahipun 1000 rupiyah sabên wulan, ingkang makatên punika pangraosipun pangrèh Narpawandawa sampun [sampu...]

--- 105 ---

[...n] botên laras, saha malah sagêd angwontênakên kirang murnining anggènipun nama dados warôngka dalêm, amila ing sasagêd-sagêd pêpatih dalêm punika prayogi ingkang maligi dados abdi dalêm, dene manawi kangjêng guprêmèn pakèwêd angewahi, sabab dening sampun kalêbêt ing prajangjian dalêm, inggih arta blônja 1000 rupiyah, punika kemawon prayogi kasuwak, amargi kajawi punika botên kalêbêt ing prajangjian dalêm, ugi tumrapipun ing wêkdal jaman punika, mapan sangêt bilih kangjêng guprêmèn nyuwak balanjanipun pêpatih dalêm ingkang 1000 rupiyah, sabab kangjêng guprêmèn piyambak inggih nama sawêg kêkirangan arta. Makatên malih tumrapipun ingkang nglampahi botên katingal asor, nanging malah katingal kaluhuranipun.

2. Panyumpahipun pêpatih dalêm punika ingkang sampun-sampun wiwit pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat minggah, dados satunggal, inggih punika sumpah kasêtyanipun ing sahandhap sampeyan dalêm saha dhatêng kangjêng guprêmèn, namung sarêng dadosipun pêpatih dalêm sapunika sumpahipun botên dados satunggal, kangjêng tuwan guprêmèn nyumpahi piyambak maligi tumrap kangjêng guprêmèn, punika pamanggihipun pangrèh Narpawandawa sanadyan tamtunipun sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan inggih sagêd lajêng nyumpah piyambak, nanging prayogi kawangsulakên dados satunggal malih, supados runtut kalihan ingkang kaaturakên ing nginggil wau, dados botên nama ngewahi adat ingkang sampun-sampun, tuwin botên katingal pilah-pilah pêpisahan.

3. Kajawi punika sarèhning pêpatih dalêm wau nindakakên pandamêlan ingkang awrat, manawi tanpa watêsan jumênêngipun, punika andamêl rêkaosing anggènipun dados pêpatih dalêm. Ingkang tundonipun andayani kirang saening pandamêlanipun, môngka pandamêlanipun wau nindakakên pusaraning nagari, amila pamanggihipun pangrèh Narpawandawa sarèhning ugi nama abdi dalêm, prayogi sangêt manawi dadosipun pêpatih dalêm punika mawi watêsan, upaminipun 5 taun, utawi dangu-dangunipun dumugi 8 taun, punika nyumanggakakên sakaparênging karsa dalêm, ewadene bilih taksih katingal nyêkapi dhatêng pandamêlan wajibipun, sarta katingal prayogi, tuwin kabêtahakên, dening panggalihanipun taksih [ta...]

--- 106 ---

[...ksih] mapan kangge ing jamanipun, inggih kenging kemawon kaulur malih wêwangênipun wau sapantêsipun, nanging botên prayogi bilih panguluripun punika langkung saking wêwangên 5 utawi 8 taun malih, mênggah pigunanipun manawi dadosipun pêpatih dalêm punika mawi watêsan, kajawi sagêd nyirnakakên èwêd pakèwêd tuwin sabab-sabab ing nginggil, ugi anggampilakên panindak manawi wontên prêlunipun kaparêng dalêm, utawi kaparêngipun kangjêng guprêmèn, sarta mirit para amtênar Wlandi abdinipun kangjêng guprêmèn ingkang pangkat agêng-agêng, inggih sami mawi watêsan pasuwitanipun, punapa malih botên badhe damêl kêmbaning manahipun para abdi dalêm ing sangandhapipun, nanging malah angajêngakên dêrênging manah tumrapipun para abdi dalêm ingkang nindakakên pandamêlan nagari.

4. Ugi pangrèh Narpawandawa amrayogèkakên, bilih pamisudhanipun pêpatih dalêm punika sampun adhêdhasar saking waris kemawon, nanging pamisudhanipun wau namung milih dhêdhasar saening kalakuan, tuwin kacêkapanipun nindakakên pandamêlan, ingkang langkung mapan piyambak kawontênanipun ing wêkdal wau, amila saking makatên punika lupiyanipun ingkang sampun-sampun, pêpatih dalêm wau botên tamtu mêndhêt saking waris, ananging mêndhêt saking salah satunggalipun abdi dalêm bupati nayaka, dados manawi pamisudhanipun pêpatih dalêm wau wêwaton mêsthi mêndhêt saking waris, punika kajawi nyulayani wêwaton kina, ugi adamêl kêmba utawi nyuda dêrênging manahipun para abdi dalêm ing sangandhapipun, dados nama adamêl kamunduran, punapa malih wontên pakèwêdipun, dening nagari sampun andhawuhakên pranatan wawênanging waris ingkang salami-laminipun anggêntosi tilas lênggahing tiyang sêpuhipun (ingkang limrahipun kawastanan pranatan buk biru) sapunika kasuwak. Ewadene manawi badhe ngarsakakên wêwaton waris, pangrèh Narpawandawa inggih manah botên pakèwêd, nanging ugêr nêtêpi wêwaton kados ingkang kaaturakên ing nginggil.

Kula nuwun, mênggah sadaya atur pamanggihipun pangrèh Narpawandawa wau, sarèhning prakawis ingkang prêlu sangêt, saupami wontên kaparêng dalêm amundhut rêmbagipun kagungan dalêm rad-rad, utawi karêmbag punapa kalajêngakên dhatêng kangjêng guprêmèn, pangrèh Narpawandawa namung nyumanggakakên kaparêngipun karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Katur tanggal kaping 31 Agustus 1935.

Panitra Wg. Purwasastra. Pangarsa: Wg. Suryaamijaya.

--- 107 ---

Dongèngipun Dyah Tantri dhatêng Sang Prabu Eswaryapala

Sambêtipun organ Narpa ôngka 8.

Anuju satunggiling dintên pêksi bango punika ngadêg anjêjêr mawi suku satunggal, wontên ing sapinggiring talaga wau, botên ebah-ebah, botên nolah-nolèh, botên pisan-pisan maèlu dhatêng ulam ingkang pating sliwêr wontên ing sacêlakipun. Punika andadosakên gumunipun ulam-ulam wau, lajêng wontên ulam sawatawis ingkang purun sangsaya nyêlak dhatêng panggenanipun bango wau, namatakên dhatêng pun bango. Bango katingal ambrêbês mili, katawis manawi susah. Dipun takèni dhatêng pun ulam, punapa sababipun susah. Pêksi bango mangsuli: ênggèr, wis pirang-pirang taun ênggonku sênêng andêlêng olèhmu pating sliwêr ana ing banyu. Têrkadhang-kadhang aku nucuk kowe salah siji, mung tak anggo cagak urip bae. Kang mangkono iku nganti pirang-pirang taun, aku karo kowe padha sih-sinihan, padha kêpenak uripe. Dumadakan jêbul ana sing arêp anjêjarahi, durung lawas iki aku krungu gunême wong kang gawene padha amèk iwak, liwat ing kene. Jarene talaga iki arêp diêsat, iwake arêp dijupuki kabèh. Dadi sawatara dina êngkas kowe rak bakal padha pating klèpèk, dijupuki ing wong kang padha gunêman iku mau. Kang mangkono iku andadèkake susahe atiku, marga wêlas bangêt marang kowe kabèh, bakal padha mati, ah, jêbul aku arêp manoni prakara kang ngêrês-êrêsi bangêt mangkono. Mulane kêkênthêlane atiku, aku arêp mratapa bae, ora bakal mangan samubarang kang urip, mung arêp mangan bôngsa thêthukulan wae. Dadi wiwit saiki kowe aja wêdi-wêdi sliwar-sliwêr ana ing sandhingku, ora-orane tak cucuk.

Ulam-ulam mirêng wicantêning bango makatên punika sami prihatos sangêt, lajêng sami nêdha rêmbag dhatêng pun bango, kadospundi anggènipun badhe sagêd oncat [onca...]

--- 108 - --

[...t] saking bêbaya agêng punika, pun bango wiwitanipun cariyos bilih kacupêtan rekadaya. Dangu-dangu cariyos, manawi sampun manggih akal, ulam sami bingah mirêngakên pratikêl ingkang kacariyosakên dening pun bango. Makatên cariyosipun: rada adoh saka ing kene aku wêruh ana talaga, dalane rumpil bangêt, yèn manungsa ora bisa têkan ing kono. Yèn kowe padha pracaya marang aku, kowe bakal padha tak êlih siji-siji, tak cucuk alon-alon, banjur tak ibêrake mrana.

Ulam-ulam sami bingah sarta suka panarimah, dene bango gadhah sêdya ingkang makatên. Ing batos sami rumaos badhe oncat saking bilahi. Pun bango kalêksanan sagêd ngusungi ulam wau. Sabên dintên ambêkta ulam ingkang lêma-lêma pintên-pintên, awit saking panêdhanipun ulam piyambak, anamung botên kabêkta dhatêng talaga sanès, kabêkta dhatêng sela agêng sarta inggil, wontên ing ngriku ulam wau dipun têdha sasêkecanipun, botên gadhah kuwatos sarta botên kasêsa. Lami-lami ing sela ngriku kathah êri sarta balungipun ulam, ngantos atumpuk-tumpuk. Anamung ulam ingkang sae-sae ing talaga wau sangsaya nipis sangêt. Taksih wontên sambêtipun.

Pratelan Isining Organ Punika

... Kaca

Sêsorahipun K.R.M.H. Wuryaningrat ... 95 / Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan ... 99 / Yèn wania ing gampang ... 102 / Turunan sêrat paturan bab pêpatih dalêm ... 104 / Dongèngipun Dyah Tantri ... 107 / Pratelan dintên sae ... 109 / Pananggalan ... 110

--- [109] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Kaping Sapisan Oktobêr Dumugi Pungkasaning Wulan Dhesèmbêr 1935

I. Ing salêbêtipun wulan Rêjêb wontên:

Tanggal kaping 8 utawi kaping 6 Oktobêr, Akad Pon, tambir, Hyang Rudra, tulus, tungle, bumi kapêtak, aras kêmbang, kalang kinantang, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugi jam 10.48 Yusup rijêki.

Tanggal kaping 26 utawi kaping 24 Oktobêr, Kêmis Lêgi, maktal, Hyang Kala, tulus, tungle, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 1.10 siyang, dumugi jam 3.26 Yusup slamêt.

II. Ing salêbêtipun wulan Ruwah, wontên:

Tanggal kaping 1 utawi kaping 29 Oktobêr Salasa Lêgi, wuye, Hyang Yama, mawulu, gigis, sri tumurun kandhang, wasesa sagara, lakuning gêni, kalang kinantang, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Tanggal kaping 7 utawi kaping 4 Nopèmbêr, Sênèn Paing, manail, Hyang Endra, mawulu, dadi, bumi kapêtak, lakuning lintang, kalang kinantang, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Ahmad slamêt.

Tanggal kaping 14 utawi kaping 11 Nopèmbêr Sênèn Wage, prangbakat, Dèwi Sri, tulus, tungle, wasesa sagara, lakuning gêni, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing dumugi jam 1.12 siyang, Ahmad rijêki.

Kabar Rêdhaksi

Wêdalipun organ ing wulan Sèptèmbêr punika kasèp, sarta botên mawi tambahan nitik Sultan Agungan, sabab wontên prêlunipun kangge macak turunan sêrat paturan ôngka 39/497 (mirsanana ing kaca 104).

Kajawi punika kasêbut pananggalan ing wulan Sèptèmbêr 1935 (wêdalipun organ ing wulan Agustus kapêngkêr) dintên Sênèn Wage tanggal kaping 2 Jumadilakir Jimakir 1866 (kaping 2 Sèptèmbêr 1935) lêrêsipun botên dhawah dintên naas, mugi andadosna kauningan saha sampun kirang pamêngku.

Rêdhaksi administrasi.

--- [110] ---

Oktobêr 1935

[Grafik]