Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 10, Oktobêr 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2168 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan Dhawuhing Pangandika Dalêm

Pêthikan saking kabar paprentahan.

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuh marang sira Pangeran Angabèi, wadananing putra santananingsun têngên, Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananingsun kiwa.

Kapindhone, ingsun paring wêruh, ing saiki karsaningsun, bab lalinggihane adhinira Pangeran Arya Adiwijaya, sajrone dadi pangarsane kagungan ingsun rad bale agung, supaya ora sêmang- sêmang kang padha nindakake sarta gêgayutan, têrange lalinggihane mau, angênomi wadananing putra santananingsun sarta pêpatih ingsun, iku dadi nunggal golongan karo lalinggihane wadananing putra santananingsun, ora nunggal golongan lalinggihane pangeran putra kang dudu wadana, sarta [sar...]

--- 112 ---

[...ta] manawa anjajari lumaku ana ngarsaningsun iya banjur dhawuhana nunggal wadananing putra santananingsun, apadene bab wawênange olèh pakurmatan sapêpadhane, padhanên karo wadananing putra santananingsun, iku banjur anggonên wêwaton wiwit miyos ingsun tinangkil dina Kêmis sesuk, sabanjure sajrone adhinira Pangeran Arya Adiwijaya dadi pangarsane kagungan ingsun rad bale agung, dene wargane lumrah bale agung kang pangkate sangisore bocah bupati anom sarta kang partikêlir, kajaba lalinggihane angênomi bocah bupati anom, wêwênange olèh pakurmatan sapêpadhane iya padha karo bocah bupati anom, banjur dhawuhna.

Dhawuhing timbalan dalêm ing dintên Rêbo tanggal kaping 14 wulan Jumadilawal, ing taun Jimakir, angkaning warsa 1866.

Turunan

Bab Dhoktêr Radèn Tumênggung Wedyadiningrat

Ôngka 38/497.

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, sêrat kabar Darmakôndha basa Mlayu ingkang mêdal nalika kaping 21 Agustus 1935 ôngka 191, angabarakên, bilih abdi dalêm Dhoktêr Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, sarèhning sampun sêpuh badhe nyuwun kèndêl saking anggènipun dados abdi dalêm bupati dhoktêr. Manawi kabar wau nyata lêrês, sayêktosipun badhe adamêl pituna agêng tumrapipun para putra santana dalêm, amargi badhe kecalan dhoktêr ingkang sampun têtela tumêmên saha nyêkapi kasagêdanipun kangge anjagi kasarasanipun para putra santana lumèbèripun dhatêng para abdi tuwin kawula dalêm.

Awit saking punika, putusanipun parêpatan pangrèh Narpawandawa nalika tanggal kaping 26/27 Agustus punika, pangrèh Narpawandawa nyuwun ing pêpatih dalêm, mugi sampun kaparêngakên rumiyin kèndêlipun wau, manawi dèrèng wontên gêgêntosipun [gêgê...]

--- 113 ---

[...ntosipun] ingkang sairib kados abdi dalêm Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, mênggah punika pangrèh Narpawandawa nyuwun dhawuh.

Katur kaping 31 Agustus 1935.

Pangarsa: Wg. Suryaamijaya. Panitra: Wg. Purwasastra.

Turunan

Golongan paprentahan praja lan pangadilan

Ôngka 1730/ C 5/I

Bab Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pangrèh Narpawandawa, sêrat paturan katitimasan kaping 31 Agustus 1935 ôngka 38/497, sampun kauningan, sarta kadhawuhan paring sumêrêp, bab anggèning Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, nyuwun kèndêl saking anggèning dados abdi dalêm bupati dhoktêr, punika sampun kalajêng kaunjukakên ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta wêkdal Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat ngaturakên paturan, pêpatih dalêm sampun nyandhêt, ananging aturipun botên sanggêm, kabêkta sakitipun suku kêrêp kimat.

Kantor Kapatihan kaping 10 Sèptèmbêr 1935.

Kondhang: Wg. Kartadipura.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9.

Pangarsa ing mangke kados sampun têrang sasaring sasar punika botên kados tiyang ingkang manêmbah dhatêng sanèsipun Gusti Allah, nanging tiyang pitados dhatêng Gusti Allah makatên punapa cêkap namung wontên ing lathi kemawon, punika botên, dados ajrihipun wau kêdah kanthi pasaksèn utawi bukti, inggih punika kêdah purun nindakakên sadaya [sa...]

--- 114 ---

[...daya] dhêdhawuhan sarta nyingkiri sadaya cêcêgah, tuwin kanthi ajrih, liripun, kita para manungsa kêdah ngèstokakên punapa ingkang sampun kadhawuhakên, lan kita sampun ngantos anrajang cêcêgahipun Gusti Allah. Wondene dhawuhipun Pangeran punika botên kok namung kadhawuhan sêmbahyang kemawon, tuwin kadhawuhan mungkur dhatêng donya, punika babarpisan botên makatên, malah Gusti Allah dhawuh kita kêdah ngupados donya (pangupajiwa) kalayan ing sakiyat -kiyatipun, nanging kêdah mêdal margi ingkang lêrês (khalal) miturut kadis dhawuhipun kangjêng nabi makatên: sira padha golèka donya, kaya-kaya sira urip salawase, lan sira padha golèka akherat, kaya-kaya sira iku sesuk bakal mati. Têgêsipun makatên, kita ngagêsang punika kêdah ngupados sangu sakalih-kalihipun, inggih punika sanguning gêsang lan pêjah, nalikanipun kita ngupados sanguning gêsang gadhaha pangintên bilih kita badhe botên pêjah-pêjah ing salaminipun, kosokwangsul manawi kita ngupados sanguning pêjah, ugi gadhaha pangintên bilih kita benjing enjing badhe pêjah, dados sadaya wau prêlunipun supados kita sagêd dêrêng pangupadosipun, dene ingkang kêdah dipun tindakakên langkung rumiyin punika ngabêkti dhatêng Pangeran, inggih punika sêmbahyang, sabibaripun sêmbahyang lajêng nindakakên dhawuhing Pangeran sanès-sanèsipun, ingkang mumpangati dhatêng badanipun piyambak lan bêbrayan umum, makatên punika cocog kalihan dhawuhing Pangeran ingkang kasêbut Kuran, surat Bakarah ayat 237 suraosipun makatên: he wong mukmin, sira padha ngadêgna sêmbahyangira, apadene sêmbahyang pusta sêmbahyang pilihan, lan sira padha sêmbahyang ngèstokake dhawuhe Allah. Ugi kasêbut ing ayat 267 surasipun makatên: he wong mukmin, sira padha nanjakna saka bêcik-bêcike barang kang sira sambut gawe (pangasilane pagawean) lan saka wulu pamêtune bumi, kang wus ingsun paringake marang sira kabèh, poma aja nanjakake barang kang ala, kang sira dhewe wus ora sudi ngalap (anglakoni dhewe) kajaba kanthi kapêksa (ana sababe) sira padha wêruha satêmêne Allah iku maha sugih tur pinuji, makatên [ma...]

- -- 115 ---

[...katên] salajêngipun, pundi ingkang kadhawuhakên lajêng katindakna, ingkang kacêgah inggih dipun singkiri. Ing ngriki botên kula pratelakakên sadaya mênggah warni-warnining dhawuh tuwin cacêgah, wondene tumrapipun bab cacêgah katranganipun rêringkêsan makatên: sadaya pandamêl punapa kemawon sampun ngantos adamêl kapitunan saha kamlarataning badanipun piyambak, utawi dhatêng tiyang sanès, kados ingkang kasêbut Kuran suraosipun makatên: sira aja padha nibakake awakira marang karusakan, kasêbut ing kadis ugi andhawuhakên makatên: sira aja padha gawe kamlaratanira dhewe utawa gawe kamlarataning liyan. Kajawi punika kêdah kajagi sangêt sampun ngantos kita nrajang pandamêl ingkang kharam, utawi kalêbêtan barang ingkang kharam, amargi manawi ngantosa makatên, upaminipun ngantos anrajang utawi kalêbêtan barang ingkang kharam wau, sagêd anjalari tipising imanipun, têmahan sagêd nênuntun dhatêng tindak musrik.

Sadhèrèk, kala wau kula sampun ngaturakên bab ngadil, têtêp ing janji, mantêp, botên ambalenjani lan botên paracidra, punika mênggahing jerenganipun makatên, manungsa gêsang ing ngalam donya punika kêdah tumindak ngadil, amargi bilih tilar ngadil punika adhakanipun lajêng manggèn (kapanggenan) sipating setan lan kewan, dene sipating setan punika bingah manawi nindakakên pitnah, bingah bilih tangganipun manggih kasusahan, karisakan, kapitunan, lan sapanunggilanipun. Wêwatêkanipun drêngki, srèi, ewan, riya (pamèr) jail sasaminipun. Wondene sipating kewan punika botên prêdulèn dhatêng sintêna kemawon, ugêr badanipun piyambak sampun tuwuk lan sakeca, kapara rêmên nyorok têdhaning tangganipun, kosokwangsulipun, botên rila sangêt manawi ngantosa kacorok têdhanipun, makatên ing sapiturutipun. Ngadil punika têgêsipun jêjêg (timbang padha bobote) ingkang kangge ukuran badaning asanès, dados botên ngukur badanipun piyambak, upaminipun makatên: juru kukum, (tukang ngadili) bilih nuju nindakakên pangadilan, punika botên kenging kanthi kanêpson, nanging kêdah kanthi kawicaksanan lan wêninging panggalih, sarta ing ngriku kêdah ngicali raos sanak kadang putra wayah sasaminipun, liripun, manawi badhe mutus satunggaling prakawis, [praka...]

--- 116 ---

[...wis,] môngka ingkang kaputus wau kalêrês taksih gadhah gêgayutan sanak kadang utawi sanèsipun, manawi pancèn lêrêsing putusanipun kaukum kisas, inggih kêdah kaputus ukum kisas, sampun ngantos kaingar-ingêr supados sagêd ènthèng utawi luwar saking ukuman babarpisan. Manawi mutus prakawisipun sanak kadang ingkang lêlawanan tiyang sanès, môngka warisipun wau kalêrês kawon prakawisipun, juru kukum inggih kêdah mutus kawon, makatên salajêngipun, punika cocog kalihan dhawuh kadis pangandikanipun Kangjêng Nabi S.W. makatên: upama anak ingsun Patimah nindakake kadurjanan, yêkti ingsun tigas tangane. Tur tuladanipun sampun wontên, inggih punika kalipah Sayidina Ngumar angisas putranipun piyambak, kados sampun cêkap samantên anggèn kula ngaturi katrangan bab ngadil, dados para ingkang ngasta cêmpuriting praja punika inggih kêdah kanthi ngadil tumindakipun, sampun ngantos ambaukapine, liripun manawi pancèn wontên karerehanipun ingkang sampun kalêrês angsal ganjaran minggah pangkat, utawi sanès-sanèsipun, inggih kêdah kainggahakên botên kanthi mawang tiyangipun, makatên ugi kosokwangsulipun upami kêdah kapatrapan, sanadyan sanak kadang putra wayah piyambak inggih kêdah katindakakên punapa mêsthinipun, upaminipun malih, juru kêmudhining nagari badhe nindakakên kacêkapipun waragad praja, sarèhning ngingar-ingêr nyuda waragad sanès- sanèsipun sampun botên sagêd, cêpaking pamanggih kapêksa nyuda wêdaling blanjanipun para punggawa sadaya, punika ngadilipun ingkang katindakakên rumiyin kêdah nyuda blanjanipun para punggawa ingkang agêng-agêng (ingkang kathah blanjanipun) nanging manawi badhe ngindhaki kêdah wiwit saking punggawa ingkang alit-alit (sakêdhik balanjanipun) rumiyin, amargi tumrap para punggawa alit-alit wau bilih kataman tindak sudaning blanjanipun langkung rumiyin, badhe saya langkung sangsara ingkang tundonipun namung badhe adamêl rêtuning praja, botên sande inggih para juru pangêmudhining praja wau ingkang badhe kataman rêribêd, mênggahing sayêktosipun, prakawis ngadil punika pancèn sampun kadhawuhakên wontên ing Kuran, kawrat surat Nahli ôngka 90 Anisak 58 Almaidah 44-47 suraosipun makatên: satêmêne Allah iku parentah ngadil sarta agawe bêcik, lan nêkani sanak karabat, apadene nyêgah jêjêmbêr lan piala [pia...]

--- 117 ---

[...la] sarta lacut, Allah paring pitutur supaya sira padha eling, sabênêre Allah iku marentah ing sira kabèh, supaya padha nampakake titip-titipan marang kang kabênêr tômpa, lan nalikane sira ngukum-ukumi ing antarane para manungsa, anggonira ngrampungi kang adil, sing sapa wonge ngadili ora miturut parentah kang wus kadhawuhake dening Allah, wong mau têtêp padha kalimput, nganiaya lan ala lêlakone.

Kados samangke sampun têrang bilih kita sadaya sampun sagêd nêtêpi kados dhawuh ingkang kula aturakên nginggil wau, punika nama sampun adil sayêktos, ingkang wosipun kita punika botên kenging nindakakên lalêrêsan utawi paprentahaning praja, kalayan manut sakarsanipun piyambak, utawi ambujêng bêtahipun salira pribadi, sabab tindak ingkang makatên punika tindak ingkang cinacad, amila ing Kuran andhawuhakên pintên-pintên ingkang suraosipun supados para manungsa punika sami ngadil sarta jêjêg imanipun, tuwin têtêp sêmbahyangipun, pigunanipun amurih para manungsa wau botên gampil kèlu dhatêng tindaking setan lan kewan. Gusti kita Kangjêng Nabi s.a.w amung tansah nênuntun dhatêng para umatipun, supados sami atindak ngadil, tuwin jêjêging iman, punapa malih têtêping sêmbahyangipun, kados ta: manawi wontên pêrang, kangjêng nabi jumênêng senapati, bilih ngrampungi prakawis, jumênêng juru kukum, manawi môngsa pacêklik, anênuntun dhatêng para umat bab tumindaking ngupados pangupajiwa, dêdagangan, têtanèn sapanunggilanipun, ingkang sagêd anjalari kawilujênganipun para umat sadaya, kajawi punika kangjêng nabi namung tansah ngathah-ngathahakên siyam, amrihatosakên dhatêng para umat, sagêda pinaringan têntrêm, lan sênêng ing donya ngakeratipun. Taksih wontên sambêtipun.

--- 118 ---

Sêrat Wêwaton Tatakrami Têmbung Kadhaton

Bêbuka

Ing ngandhap punika amratelakakên wêwaton padataning karaton tanah Jawi, ingkang sampun dados anggêr-anggêraning apatrap, ingkang kangge para luhur saputra wayah dalêm, dumugining abdi dalêm sadaya.

1. Ingkang rumiyin, panjênênganing nata binathara, saupami pêpanggihan sami ratu binathara, wêwatonipun botên imbal wacana piyambak, kêdah mawi lêlantaran patih. Kados ta: nata bumi, têgêsipun ratu ingkang kalêrês kagungan siti dipun angge panggihan wau, kêdah atur panêmbrama rumiyin, wiyosing pangandika dalêm dhatêng pêpatih tamu, dene ingkang mangsuli basukining panêmbrama wau, panjênênganing nata tamu piyambak, wiyosing pangandika dalêm dhatêng pêpatih bumi, wêwatoning pangandika tri prakara, têgêsipun amung kaping tiga: 1. panêmbrama, 2. ngacarani sugata, 3. pamitaning bibaran. Sadaya wau sanadyan jajar lênggah botên wênang ngandikan piyambak, kêdah lumantar dhatêng pêpatih sakalihan, dene wêwatoning palênggahan panjênêngan dalêm nata tamu wontên têngên, kaadhêp dening pêpatih bumi, nata bumi kaadhêp pêpatih tamu.

Mênggah patrap ingkang makatên wau sampun awit kala jaman ing Majapait, kalihan jaman ing nagari Pêngging.

2. Ingkang kaping kalih, pangeran pati, pêpanggihan sami pangeran pati, wêwatonipun kenging imbal wacana piyambak, ananging anggêripun amung kaping gangsal. 1. pambagya, 2. wanci angkatipun, 3. takèn- tinakèn kalangênanipun, 4. angacarani pasugatan, 5. pamitan kondur.

Mênggah patraping palênggahan anurut satataning narendra, dene wêwaton kalih bab ing nginggil punika, botên wajib anyipêng, kêdah tulak wangsul sami sadintên ngriku.

3. Ingkang kaping tiga, wêwaton patih sami patih, saupami pêpanggihan, lênggahipun ajêng-ajêngan, têmbungipun ing apatrap amung taklim, wêwatoning imbal wacana kaping sadasa, 1. atur pambagya, 2. têtakèn wanci angkatipun sangkingkingsaking. [sangking...]

--- 119 ---

[...king] dalêm, 3. kalangênan, 4. yuswa, 5. takèn tatananing praja, 6. ngacarani sugata, 7. takèn kathah sakêdhiking putra, 8. asal-usuling darah, 9. pangalêmbana dhatêng karatonipun sowang-sowang, 10. pamit mantuk, ugi botên wajib anyipêng. Sasaminipun patih kalihan pêpatih, senapati, amung têmbunging wêwaton pêpatih dhatêng patih adhi, sarta botên wênang sêmbah-sinêmbah.

4. Ingkang sakawan, patraping bupati nayaka, pêpanggihan sami bupati nayaka, tatakraminipun amung salam taklim, lênggahipun ajêng-ajêngan, têmbungipun tanduk wikalpa, têgêsipun amung nindakakên dêdugi pamrayogi, mamèt pamantês mêmanising têmbung kemawon, botên mawi watêsan imbaling wacana, nanging botên anindakakên wicara rècèh.

5. Ingkang kaping gangsal, bupati wadana, kados ta: gladhag, kalang, gandhèk, gamêl, panandhon, gadhing mataram, karaton, sasaminipun, ing ngriku dipun wastani têmbung mangekapraya, têgêsipun ingkang sagêd adamêl patrap dora sêmbada, sarta tanggap tanduking wacana ingkang sagêd barès tanpa subasita, nanging kêdah dipun angkah wijiling wicara, rinapêtan patraping têmbung kacampur rêguning apangkat, têgêsipun anêtêpi anggènipun kasinungan wahyuning wadana, sanadyan rècèhing wicara mawi ngangkah sampun ngantos katingal reyoh, dene ingkang amurugakên wadhaging wicara wau, saking kirang wêweka, kados ta: banyol, lucu, saron sikon, sadaya wau sambung rapêting imbal wacana ingkang dhamis, mênggah sadaya wau sasaminipun para wadana, kados ta: kadipatèn, jaksa, mayor, tumênggung dhusun-ngadhusun.

6. Ingkang kaping ênêm, kaliwon sami kaliwon, dipun wastani têmbung mangunggar prana, têgêsipun asmu jumurung sawicaraning tamu tinandukan mêmanising wicara, ananging ingkang botên ngatawisi sambung rapêting pangalêmbana wau. Sarta sinasaban ing mêmanis mamèt driya, têgêsipun supados sami sumêrêp ing pasugatan, tuwin sagêdipun kapadhan karsa.

7. Ingkang kaping pitu, patraping panèwu mantri, sami panèwu mantri, manawi tatakramining pêpanggihan, ingkang kabumèn wajib ananduki pamicara rècèh, bêbasan sanadyan doraning cêcariyosan anggêr botên ngatawisi, têgêsipun amung [a...]

--- 120 ---

[...mung] supados rumêsêpa patraping amaratamu, sarta tanggap tanduking têmbung kêdah tinata ingkang sagêd adamêl suka pirênaning tamu, sarta ingkang botên kaingis ing saenipun piyambak, nanging botên ngapêsakên badan, kêdah nêtêpi salêrêsipun kawantah.

Mênggah ingkang dipun wastani têmbung wantah punika, ingkang balaka kêdaling pamicara, botên angewak-ewakakên sakathahing wiraosan.

Botên gumaib tanduking apatrap.

Botên rêgu tanduking sacara.

Botên mingis dhatêng kasagêdanipun.

Ingkang cucut, nanging sampun ngantos katingal lucu, têgêsipun cucut punika kêdaling wicara anggènipun damêl sambung rapêt, mêmanising têmbung ingkang gadhah asmu anggujêngakên tamu, dene ingkang sampun lucu punika cucutipun wau sampun ngantos kêrêp wêdaling gêgujêngan, enggalipun patrap ingkang cucutipun wau kangge ngandhap nginggil, têgêsipun manawi pancèn kawon wahyu, ingkang ngandhap sagêda adamêl patrap cucut tangkêp tanduking pamicara, awit cucut punika pancèn sampun dados paraboting tanduk katamuan, upaminipun kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang rumiyin, êmpaning para pangeran putra santana dalêm, manawi nuju wontên ngarsa dalêm, lampah satindak, ngandika sakêcap, kêdah mawi patrap cucuting têmbung sarta ingkang botên kadunungan wicara sora saru nyênyêngit, tandhanipun dalah lumampah kemawon manawi majêng ing ngarsa dalêm punika sadaya mawi tinata tindak amêdhapan.

2. Êmpaning para pangeran putra santana dalêm, dumugi para bandara panji, manawi nuju wontên ing ngarsa dalêsdalêm. kangjêng gusti, wêwatoning imbal wacana kêdah ingkang sagêd angunggar panggalih dalêm kangjêng gusti, makatên malih sami anganggea watak èstri, têgêsipun ingkang sagung karya suka pirênaning panggalih dalêm kangjêng gusti wau, sarta kêdaling wicara angangge têmbung cucut juwèh swara sora, mila makatên, awit binasakakên saengga nyaratosi lare ingkang sawêg wanci dumolan, undha-usuk kemawon kalihan anyaratosi ratu, kaupamèkakên lare kumratu-ratu punika pangrisak taman.

--- 121 ---

Mênggah trap-trapaning umarêk panjênêngan dalêm nata, utawi kangjêng gusti pangeran adipati anom, punika botên wajib anyulayani ingkang dados parênging karsa dalêm, ingkang kamanah sampun lêrês lan sae, mila binasakakên, sing sapa bisa dadi wadon iya bisa suwita, têgêsing pasuwitan punika, botên ngamungakên dhatêng ratu kemawon, ing pundi dununging panggêsangan inggih kadosa dhatêng ratu panganggêpipun.

3. Ingkang kaping tiga, grêban pasuwitan, têgêsipun angêtrapakên tatakramaning pangawula, tuwin andhap inggiling apangkat, kados ta: pangkat inggil dhatêng andhap-andhapanipun, ing ngriku tandukipun ingkang dados inggil sampun ngantos anggadhahi patrap dêksura, kêdah mawi pêpantêsan ingkang dados têtêmbunganipun.

Dene ingkang ngandhap sagêda anyalokani inggil-inggilanipun, sarta mawi kasasaban ambêg sura, têgêsipun ingkang kêndêl tatag sampun mawi pakèwêd, ananging sampun kumawani dhatêng inggil-inggilaning apangkat, mila ingkang makatên punika, binasakakên sarojaning barakan, liripun patraping sami kawula wau ingkang sagêd sasami-sami, êmong-ingêmongan, punapadene ingkang sagêd kagungan apura-ingapura, ingkang inggil inggih amikanana ing ngandhap, ingkang gadhah darajat andhap inggih sumêrêpa yen katindhih, sadaya pangarti lan pakarti, tataning para kawula, manawi sagêd tulus panggalih rahayu, kaupamèkakên rumêksa dhatêng prajanipun.

Mênggah tatakramining têmbung kasêbut ing nginggil punika, kala ing kina dèrèng wontên caraning wayah dalêm angsal sêmbah, sarêng dumugi Panjênêngan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih ing Surakarta lajêng kawangun malih, kados makatên.

1. Putra dalêm, punika timuripun sampun sinêbut gusti, saking garwa tuwin saking pangrêmbe sami kemawon patraping sêsêbutan.

2. Wayah dalêm, sêsêbutanipun bêndara rahadèn mas, angsal sêmbah kaping tiga, ananging manawi dados abdi dalêm angicalakên urmating kusuma, têgêsipun patrap tindak-tanduking wayah dalêm ical, kados ta:

1. Nyamping parangrusak, botên kenging.

--- 122 ---

2. Angewal wangkingan ugi botên kenging.

3. Amatrapakên dêgsuraning kusuma inggih botên wajib, mila makatên margi lajêng katindhih ing pêpali nalika Kyagêng Sêsela:

1. Ingkang rumiyin amêdharakên pangandika makatên, kaananing darajat, angêndhih wahananing wahyu, amargi wahyu punika wêwayanganing cahya, tumusipun dhatêng karaton, sawujud andaru lajêng kasêbut wahyaning wahyu nurbuwah.

2. Ingkang kaping kalih, manawi sampun anampèni wahyu nurbuwah, wahananipun anganakakên wahyu kukumah, inggih punika nandhakakên wêwênanging ratu.

3. Ingkang kaping tiga, dununging darajad punika kawula, têgêsipun sipating sawujud, têtêp amurwani sakaliring wahyu, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika wau sadaya, mila ratu kaliyan wali punika kaupamèkakên wiji tuwuh, wujuding wiji bêbadraning para wali, tuwuh punika gumêlaring kaanan ngalam dunya punika sadaya. Taksih wontên sambêtipun.

Dongèngipun Dyah Tantri Dhatêng Sang Prabu Eswaryapala

Sambêtipun organ Narpa ôngka 9

Anuju satunggaling dintên wontên yuyu agêng ing talaga wau ingkang gadhah panêmbung dhatêng pun bango, nêdha dipun ibêrakên dhatêng talaga ingkang kacariyosakên pun bango. Pun bango inggih sagah. Pun yuyu gadhah panêmbung badhe nyapit gulunipun bango alon-alon. Bango inggih nyarujuki. Kalêksanan pun yuyu nyapit gulunipun bango, lajêng kabêkta mibêr. Sarêng anggènipun mabur dumugi ing sacêlaking sela, pun yuyu sumêrêp êri ulam angundhung-undhung wontên ing pucaking sela agêng wau, lajêng anggraita, bilih êri wau êrining ulam ingkang dipun usungi saking talaga, katêdha wontên ing sela ngriku. Pun yuyu anggènipun nyapit gulu ragi dindipun. kêncêngi sarta wicantên dhatêng pun bango makatên:

Bango, pokalmu jêbul ora gênah. Kancaku iwak sapirang-pirang kopangani ana ing kene. Saiki aku enggal ibêrna mulih mênyang talaga. Yèn kowe ora gêlêm, saiki masthi sangsaya tak kêncêngi olèhku nyupit gulumu.

--- 123 ---

Kowe mundhak mati ngênggon, lo.

Pun bango rumaos kawanguran lampahipun, enggal mibêr wangsul dhatêng talaga. Anamung sarêng sampun dumugi ing talaga, panyapitipun pun yuyu, mêksa dipun kêncêngi sangêt, andadosakên pêjahipun pun bango.

Makatên cariyosipun tuma dhatêng tinggi. Pun tuma nglajêngakên wicantênipun makatên: ca, wêling kula dhatêng sampeyan wantos- wantos, sampun ngantos sampeyan kirang prayitna sarta kirang pangatos-atos kados bango punika, kasêsa margi anjurungi hawa napsunipun. Sampeyan kêdah sarèh sarta ngangkah-angkah, yèn sampeyan sagah nglampahi pitutur kula, kula inggih suka sampeyan tumut manggèn ing papan kula ngriki. Tinggi inggih sagah, sarta lajêng manggèn tumut pun tuma. Anamung dilalahipun, pun tinggi botên sagêd mantuni wêwatêkanipun ingkang awon, sang prabu sawêg mapan sare kemawon, tinggi lajêng kasêsa nyakot, sang prabu lajêng dhawuh nalusur pasareanipun, ngupadosi ingkang nyakot sariranipun, para abdi sami tumandang nalusur pasareanipun sang prabu. Wasana ingkang kapanggih rumiyin pun tuma. Punika dados bêbantênipun anggènipun mêlasi pun tinggi. Wondene pun tinggi inggih kêpanggih wontên ing gêdhèg aling-alinging pasarean, inggih lajêng dipun pithês dhatêng abdi ingkang sami nalusur.

Makatên atur dêdongenganipun Sang Dyah Tantri dhatêng Sang Prabu Eswaryapala, sapunika mangsuli dhatêng wajibing wanita supados sagêd adamêl pamarêming priyanipun, cobi kula badhe mêthik saking Sêrat Mahabarata Drupadi Satyaboma Samada, inggih punika wiraosanipun Dèwi Satyaboma garwanipun Sri Krêsna, kalihan Dèwi Drupadi, minôngka têtuladanipun pawèstri dhatêng guru lakinipun, wos-wosipun kemawon kados ing ngandhap punika:

Sabibaring wiraosanipun, para brahmana saha para rêsi, Dèwi Drupadi tuwin Dèwi Satyaboma, lajêng lumêbêt ing palêrêman kalayan sakalangkung rêna, wontên ing lêbêt palêrêman, lajêng sami lalênggahan sakalihan, putri kalih wau sami manis pamicaranipun, awit sampun dangu anggènipun botên pêpanggihan, mila sarêng pinanggih, lajêng juwêd wiraosanipun, gêntos dongèng-dinongèngakên [dongèng-dinongèngakê...]

--- 124 ---

[...n] lêlampahanipun para darah kuru, tuwin para darah yadawa. Dèwi Satyaboma garwanipun Sri Krêsna ingkang sangêt dipun sihi, putrinipun Prabu Sêtyajit, ngandika dhatêng Dèwi Drupadi. Dhuh yayi dèwi, kapriye rekadayanira, dene bisa madhahi karsane para Pandhawa, kang kaanane wus ora beda lan para lokapala. Lan kapriye dene para Pandhawa banjur ora ana suwala, sarta ora tau rêngu marang yayi dèwi, mara yayi si kakang warahên, kayaparan darunane, apa saka sêsanggêmane kudu nglakoni cêcêgah, apa saka japa môntra, apa saka piranti, kang ditindakake sabên sêsuci, apa saka dayaning kawruh, apa saka dayaning kamanisan, apa saka lênga, utawa jêjamu, muga yayi gêlêm mrasajakake marang pun kakang, dadi kadangira Sri Krêsna banjur karsa miturut marang aturku.

Sakèndêling pangandikanipun Dèwi Sêtyaboma, Dèwi Drupadi kêkasihing dewa, lajêng nêmbah sarwi matur: dhuh, kakang bok Sêtyaboma, kadang kula sêpuh, lampah ingkang paduka pangandikakakên wau, lampahing pawèstri ingkang asor ing budi, saèstunipun kula botên priksa dhatêng tindakipun pawèstri ingkang asor wau, pramila paduka sampun andangu dhatêng kula ingkang kados makatên, kakang bok punika putri pinunjul ing jagad, môngka lajêng dados pramèswarinipun Sri Krêsna. Kauningana kakang bok, priya ingkang gadhah semah rêmên nandukakên guna sarana, tuwin japa môntra, tamtu gundam-gundam kados tiyang ingkang sumêrêp patilêmanipun dipun lêkêri sarpa mandi. Taksih wontên sambêtipun.

--- 125 ---

Wêdalipun organ ing wulan punika dèrèng sagêd mawi lêmbaran nitik Sultan Agungan, amargi papanipun sawêg prêlu kangge ngêwrat bab sanès-sanèsipun, mugi sampun dadosakên cuwaning panggalih saha andadosna kawuningan.

Pratelan Isining Organ Punika:

I. Turunan dhawuh pangandika dalêm ... kaca 111 / II. Turunan sêrat paturan ôngka 38/497 ... kaca 112 / III. Turunan dhawuh nagari ôngka 1730 C/5/I ... kaca 113 / IV. Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan ... kaca 113 / V. Wêwaton tatakrama têmbung Kadhaton I ... kaca 118 / VI. Dongèngipun Dyah Tantri ... kaca 122 / VII. Wêwahan saha nglêrêsakên kalêpatan ... kaca 124 / VIII. Pananggalan ... kaca 126

--- [126] ---

Nopèmbêr 1935

[Grafik]