Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 11, Nopèmbêr 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2362 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Tatêdhakan

Bab Wêwakilipun Putra Santana Dalêm

Ôngka 35/494

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, nalika parêpatan pangrèh Narpawandawa tanggal kaping 25/26 Juli kapêngkêr punika, angrêmbag bab kawontênan kabêtahanipun golongan putra santana dalêm, ingkang gandhèng kalihan karaton saha nagari, punika sami-sami golongan dèrèng wontên ingkang anggalih kabêtahanipun, kados ta upaminipun: bab awrat ènthènging sêsanggènipun paos, tuwin sanès-sanèsipun, beda sangêt kalihan golonganing abdi dalêm amtênar tuwin prajurit, sanadyan sami ugi [u...]

--- 128 ---

[...gi] kawajiban nyanggi bot repoting praja, nanging sadèrèngipun sêsanggèn wau katindakakên, para pangagêngipun sami andhèrèk ngrêmbag wontên ing parêpatan bale arja, dados sadaya sêsanggèn ingkang katumrapakên dhatêng golonganing abdi dalêm amtênar tuwin prajurit wau sampun nama apsah.

Awit saking punika, panuwunipun pangrèh Narpawandawa gandhèngipun kalihan larasaning jaman, mugi wontêna panggalihanipun wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, angrêmbag kalihan pêpatih dalêm, kadospundi sagêdipun golonganing putra santana dalêm wau ugi wontên wêwakilipun andhèrèk ngrêmbag ruwêt rêntênging nagari dalêm ing Surakarta, mênggah punika pangrèh Narpawandawa nyuwun dhawuh.

Katur kaping 31 Agustus 1935.

Panitra: W.g. Purwasastra. Pangarsa: W.g. Suryaamijaya.

Turunan

Golongan sèkrêtari:

Ôngka 1946 A/2/I

Wêwakilipun Putra Santana Dalêm

Sêratipun pêpatih dalêm katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sêrat katitimangsan kaping 16 Sèptèmbêr 1935 ôngka 529/13 K 67/Na, sakanthinipun sampun kula uningani. Mênggah anggènipun pakêmpalan Narpawandawa nyuwun wontêna wêwakilipun ingkang tumut ngrêmbag ruwêt rêntênging nagari dalêm, punika sampun cêkap wontên ing bale agung, amargi pangarsaning Narpawandawa ugi sampun dados warganing rad bale agung. Sarta warganipun rad bale agung ugi sampun kapilih mawi santana, ruwêt rêntênging nagari dalêm saha sadaya pranatan nagari karêmbag wontên rad bale agung, dene parêpatan ing bale arja punika namung ngèstokakên dhawuhing timbalan dalêm, sintên ingkang sami kadhawuhan parêpatan miturut sakaparênging karsa dalêm. Salajêngipun kadhawuhakên dhatêng

--- 129 ---

pakêmpalan Narpawandawa, kula amborongakên.

Kasêrat kaping 27 Sèptèmbêr 1935.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.g. Jayanagara.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan

Sambêtipun organ Narpa ôngka 10

Sadhèrèk, samangke kula gêntos badhe ngandharakên bab têmên, liripun, têmên makatên manawi panjênêngan ngandika punapa- punapa, kêdah ingkang têmên, bilih ngandika pêthak inggih pêthak sayêktos, jêne inggih jêne, langkung malih manawi kagungan kasagahan utawi pranjanjian dhatêng sintêna kemawon, inggih kêdah dipun têmêni, dados nama nêtêpi têmbung bawa lêksana, luwanganipun badhe linuhurakên utawi ingaosan dening sasami, tumrap kita para wandawaning nata wajib sangêt anggêgulang dhatêng katêmênan, amila sadèrèngipun panjênêngan paring kasagahan, punika kêdah dipun galih rumiyin, amargi manawi namung sak ugêr nyagahi (tanpa kagalih rumiyin) punika botên prayogi sangêt, satêmah badhe ngrèmèhakên badanipun piyambak. Awit saking makatên punika agami Islam inggih andhawuhakên, yèn kita kêdah sagêd nutupi margi (bolongan) kêkalih, inggih punika bolonganing tutuk lan prêji. Têgêsipun nutupi bolonganing tutuk wau bilih ngandikan punapa-punapa (muna lan muni) kêdah dipun araha dhumawahing dhatêng liyan ingkang ngatos-atos, sampun ngantos adamêl sêrik, saha pitunaning asanès, ingkang tundonipun adamêl pitnah, samantên ugi dhahara barang-barang inggih kêdah ingkang ngatos-atos, makatên punika cocog lan dhawuh kadis, ungêlipun makatên: sawijining kawula kang gunêman tanpa pinikir iku bisa anjalari kaplèsèt kajêgur ing naraka, kang jêro lan adohe antaraning masrik lan magrib. Wontên malih ungêling kadis suraosipun makatên: apa sira padha wêruh sapa kang aran muplis (bangkrut) muplis iku umat ingsun kang têka besuk dina kiyamat, [kiyama...]

--- 130 ---

[...t,] dhèwèke mau iya nglakoni salat, jakat sarta puwasa, nanging gawene isih mêmisuh, gêlêm mangan bandhaning liyan kang ora khalal, ngilèkake gêtih lan anggêbug wong kang dudu bênêre, ing têmbe sapira kabêcikane mau bakal kanggo nyauri marang wong kang dikaniaya, manawa wis êntèk kabêcikane, môngka dosane mau durung pundhat, iku kaluputane wong-wong kang padha dikaniaya mau bakal katemplokake marang kang nganiaya. Tumuli kacêmplungake ing pasiksan. Dene kadis utawi ayat-ayat Kuran ingkang sami andhawuhakên bab punika, kathah, botên prêlu kula andharakên sadaya, mangke mindhak karoncenên, prayogi para sadhèrèk ingkang kaparêng migatosakên lajêng nyinau piyambak-piyambak kemawon, kados langkung sagêd têrang malih. Wondene prakawis wêwarah supados kita anutup bolonganing prêji, punika liripun kita kaawisan botên kengging anggêgampil kêmpalipun jalêr lan èstri, ingkang sanès wajibipun (tindak jina) amargi tindak jina makatên sagêd anjalari tuwuhing sêsakit warni-warni, tuwin gampil dadosipun cêcongkrahan, satêmah sagêd adamêl pêcahing nagarinipun, amila inggih botên anèh bilih pintên-pintên ayating Kuran andhawuhakên cacêgah ngawisi tindak jina wau, miturut dhawuhipun Kangjêng Nabi S.W. makatên: mungguh kang bisa anjalari luhuring dlajade bôngsa lan nagara iku ana têlung prakara, sapisan manawa ing nagara kono wong- wonge padha atut rukun sih-sinihan lan padha ngadil, kapindho isih padha gêlêm nganggo sandhangan gêgaweane dhewe, lan mangan wulu pamêtune ing nagarane dhewe. Kaping têlune wong-wonge ing kono ora ana kang padha tumindak jina. Dene kang anjalari asoring bôngsa lan rusaking nagara iku uga ana têlung prakara, ya iku manawa kaanane wong-wonge akosokbali karo kang kasêbut ngarêp mau. Dados sampun têrang bilih margi bolongan kêkalih wau kêdah dipun jagi ingkang sayêktos, awit mulya lan asoring bôngsa tuwin nagari

--- 131 ---

punika inggih amung saking margi kêkalih wau (tutuk lan prêji) kauningana sadhèrèk, manawi kita para manungsa sampun sami kaparêng anggulawênthah kados andharan kula kasêbut ing nginggil wau sadaya, punika inggih sampun nama ulah kabatosan, ingkang tundonipun lajêng sagêd taokit (nyawijèkakên) dhatêng Gusti Allah, sasampunipun lajêng nama makripat, liripun: sumêrêp dhatêng Pangeranipun, sok ugi tiyang punika sumêrêp dhatêng Pangeranipun ugi sumêrêp dhatêng ingkang anggêsangi (damêl gêsang) dados inggih lajêng sumêrêp dhatêng gêsangipun (zie Wulang Rèh) pancèn inggih lêrês ugêr tiyang punika botên jumênêng ing gêsangipun, inggih adamêl bibrah sakèhing tata, wondene ingkang dipun wastani tiyang botên jumênêng ing gêsangipun punika inggih tiyang ingkang nilar pathokan kawan prakawis wau, bilih kita para manungsa punika sampun sami tilar pathokan kawan bab wau, ing donya isinipun namung kantun setan lan kewan, wontênipun inggih namung kantun tindak pitnahan lan kamurkan, botên mêrduli dhatêng kasusahan lan kasangsaraning asanès, ugêr badanipun sampun sakeca padharanipun, dados sadaya tindak-tandukipun punika botên dipun wekani, punapa tindakipun wau damêl kasusahan utawi kasangsaran, punika botên kagalih babarpisan, samangke kantun wontên raos pangraos kita piyambak kadospundi gagapanipun, punapa inggih kita sadaya punika sampun sami jumênêng ing gêsangipun, kula nyumanggakakên. Kadis dhawuhipun Kangjêng Nabi s.a.w. makatên: dudu wong kang jênêng utama lan luhur, wong kang ora bisa gawe tata têntrême tôngga têparone, kang marga saka panggawene, dhawuh punika amêngku karsa ingkang wiyar têbanipun, liripun, têtanggan makatên kenging dipun têgêsi têtangganing tiyang sami tiyang, nanging inggih kenging dipun têgêsi têtangganing nagari sami nagari, upaminipun makatên, nagari A lan B (nagari A bôndha-bandhu, B nagari ringkih) môngka nagari B wau amung tansah kuwatir kemawon dhatêng tindak-tandukipun nagari A inggih tindak ingkang makatên punika ingkang dados awisanipun dhawuh kadis kasêbut nginggil, sarta tumrapipun nagari A inggih nama botên kuncara, malah kosokwangsulipun lajêng dhawah asoring asor.

Sadhèrèk, mênggahing sayêktosipun tiyang ulah kêbatosan makatên inggih wontên pêpangkatanipun, kados ta: tiyang ngam, kas, kowasulkas. Pêpangkatan [Pêpang...]

--- 132 ---

[...katan] tigang warni wau manawi klenta- klèntu cakipun, sagêd ambibrahakên bêbrayan umum, bab punika cobi ing têmbe manawi wontên kalamasanipun badhe kula têrangakên dalah katrangan bab sipat-sipat, supados panjênêngan sadaya sami mangrêtos dhatêng dhudhuk sèlèhipun, wasana tutuping atur kula mugi-mugi panjênêngan sami angêgungakên samodra pangaksama, bokmanawi wontên dêksuraning têtêmbungan tuwin patrap kula. Taksih wontên sambêtipun.

[Iklan]

Sêrat Wêwaton Tatakrami Têmbung Kadhaton

Sambêtipun organ Narpa ôngka 10.

Wiyosipun, ing mangke anêdahakên wêwaton saking gaibing Pangeran kados ingkang kasêbut ing nginggil punika wau sadaya. Liring wali punika dipun wastani wiji, wiwit anggayuh kaduryataning putra wayah wingking dados saengga wiji kadhêdhêr ing siti, tuwuhipun manawi sampun mêkar angèbêki jagad, mila kaangge pêpindhan lampahing kawula gusti. Kawula punika abdi dalêm agêng alit ingkang sampun kaparênging darajat, mila manawi botên sarana lêpat saèstu langgêng botên kenging ewah gingsir. Gusti, punika tandhaning wahana, yakti saturunan suda, saturunan suda malih, ngantos dumugi têlas pangkating kusuma.

Mênggah ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika wau sadaya, ingkang pancèn wijining kusuma [ku...]

--- 133 ---

[...suma] sae angèsthia darajating kawula, supados botên ewah wahananing wahyu, dados sagêd katumusan lair batining kawula gusti.

Mênggah kawontênaning wêwênang sadaya punika ingkang kagungan purba wisesa amung tigang prakawis. 1. kangjêng gusti pangeran pati anom, ngawasani salêbêting karaton, têgêsipun wênang anaru sabarang rèh kang botên prayogi, anglêrêsakên patrap ingkang botên sae, dados têtêp pangeran pati punika amurba amisesa sajawi-lêbêting karaton dalêm, 2. pêpati senapati, ingkang dipun kawasani wênang angandhêg parangmuka miwah bêbayaning karaton, mila tinamtokakên jagi rumêksanipun wontên kori ing srimanganti, miwah kamandhungan dumugining kori brajanala. 3. patih, wêwênangipun anunggil misah ingkang dados pangawasanipun. Mila anisihi wontên ing kori srimanganti, awit ingkang dipun jagèni barang rèh rêrumpil miwah bangsaning amarasandi, kados ta: têtêlik sandipayaning para lampah samar ingkang badhe ambêbayani, ananging tigang prakawis wau taksih kalêbêt purbawisesaning pangeran pati sadaya. Utawi sakathahing lêlarangan punika, ingkang ngawasani pangeran pati piyambak, dene anggènipun kalantunakên dhatêng patih miwah pangagênging prajurit punika anurut nalika para jawata. Taksih wontên sambêtipun.

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan Oktobêr Dumugi Pungkasaning Wulan Dhesèmbêr 1935

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 10

III. Ing salêbêtipun wulan Siyam wontên:

Tanggal kaping 2 utawi kaping 28 Nopèmbêr, Kêmis Lêgi, Hyang Endra, mawulu, wogan, sri tumurun lumbung, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 8.24 enjing dumugi jam 10.48 Jabrail rijêki.

Tanggal kaping 29 utawi kaping 25 Dhesèmbêr, Rêbo Pon, watugunung, Hyang Rudra, wurukung, wogan, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12 Ahmat rijêki.

Isining Organ Punika

Têtêdhakan sêrat paturan wêwakilipun putra santana dalêm ... kaca 127 / Turunan sêrat dhawuh ôngka 1946 A/2/I wêwakilipun putra santana dalêm ... kaca 128 / Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan ... kaca 129 / Sêrat wêwaton tatakrami têmbung kadhaton ... kaca 132 / Dintên sae. Pananggalan. Nitik Sultan Agungan.

--- [134] ---

Dhesèmbêr 1935

[Grafik]